Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-03-26, #766

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-03-26, #766. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1932-03-26, #766. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 25, 18 Dulkangidah Je 1862, 26 Marêt 1932, Taun VII.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [385] ---

Ôngka 25, 18 Dulkangidah Je 1862, 26 Marêt 1932, Taun VII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1743 - Bêtawi Sèntrêm.

Tatwawara

Pêthikan saking Sêrat Rama

Dados pasêmon awating panggayuh… (Aturipun Anoman dhatêng satriya Rama).

[Dhandhanggula]

nadyan Si Bathara Surapati / môngsa puruna ring Rêksamuka / paran ta pangupayane / liring pakèwêdipun / Rêksamuka anglêlangkungi / jro jurang-jurang guwa / kwèh raksasanipun / ula gêng banaspatinya / kayu-kayu arungkud kèh ori rumpil / singa warak andaka //

ingkang sami angadhang ing margi / mongira samya krura mamôngsa / sêsêngkan jurang pèrènge / watu-watune lunyu / tur tumawing miring anggawing / tan kêna ingancikan / watune gumlundhung / têla-têla isi ula / idêkana pinggire anyêmbur sami / ulanya galak-galak //

saking ngêndi gonira ngunggahi / ana kêdhik iku ingkang rata / tan kobêr dening gajahe / marang talaga adus / pan atusan kang wira-wiri / pêluk-pêluk pinggirnya / jurang lunyu-lunyu / yèn gocekana wit-witan / wit-witane anggawing tur padha êri / êrine mawa upas //

witing kayu pinggir parang curi / yèn candhakên wite sol kewala / padhas landhêp ngatut bae / tumibèng jurangipun / rasaksine banjur nampani / liyan saking paduka / môngsa praptèng suku / tangèh gununge praptaa / ingsun iki aywa mêtuèng wiyati / nora pisan kaduga //

--- 386 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Tatakrama

I.

Garèng : We, hla, disambêr blanggêm (tape gorèng) sêlosin têmênan, tiwas anggonku macak dak kayang bangêt, nganti ngrumasani cahyaning srêngenge ambalêrêt jalaran saka gêbyaring panganggoku kiyi, jêbulane: olèh tandhing padha bangsane.

[Grafik]

Petruk : Wiyah, nèk ngomong kuwi ambok iya aja nganggo disêlani sênggakan, wong nang kuping rasane rada... liyêr-liyêr. Lo, kok wis lumrah wong ana ing ngalam donya kuwi, pambêkane têka arêp dhuwur, arêp canthas, utawa arêp brêgas dhewe, dupèh macak manganggo sêtelan sarta sêpaton, lakune banjur digawe manthuk-manthuk, rumasane wong sajagad padha nyawang kabèh, jarene wong kaya opsir baris sing lagi disawang pacangane. Ora ngrêtia anggone wong akèh padha nyawang kuwi jalaran saka nylêwênèhe, ingatase wujude kaya bonggol gêdhang mêngkono, têka manganggo sing pating glêbyar pating krêlip, lo, kuwi mathuke nang sêsawangan rak padha bae karo jangan mênir sing wis sayub kang diwadhahi ana ing tuwung porsêlin, wujude iya isih: jangan mênir sing wis sayub bae, ora banjur malih dadi: sop makroni...

Garèng : We, hla, a... sêm, dadi mungguh panêmumu, wong kuwi nèk dilairake saka si biyung ditakdirake kaya clurut upamane, arêpa manganggo sing mêntèrèng dikayangapa, wujude iya isih ajêg anyalurut bae. Ora cocog aku, Truk. Nèk nalikane jaman sadurunge Majapaitan, hla, kuwi aku prêcaya yèn sandhangan ora gawe owahe sing nganggo. [ngang...]

--- 387 ---

[...go.] Kala jaman sêmono nèk wis pancèn jênêng satriya, sanadyan mung manganggo ampok-ampok, kang ibarate mung nutupi... dhuwa lolone, ewasamono iya isih kêtara yèn satriya. Jalaran saka mêncoronging cahyane kang nganti mawa teja, wong kala samono para satriya isih dhêmên tapabrata. Balik jamane saiki, sing sok tapabrata kuwi rak sing kêndhile kapêksa kêrêp mêngkurêb, jalaran ora duwe phulus, hla nèk sing jênêng satriya tulèn, sadina... ping têlu dhahare, sèh. Mulane sanadyana satriya sapupu têkuk, nèk jaman saiki kiyi, cahyane iya mêncorong kaya padhanging... jlupak, wong iya nèk ora kambon sêga wadhang sakesuk banjur murus. Mulane ing kene banjur ora ana bedane antarane siji-sijining wong, nèk ora satriya kabèh, iya wong cilik kabèh. Ing sarèhne rata-rata wonge wis padha kabèh, sing kanggo têngêr satriya - nèk kanggone saiki: tuwan, bêndara, dèn bèi lan sapadhane - kuwi mung mêntèrènging panganggone. Wong aku dhewe wis bola-bali ngalami, nèk kabênêr manganggo kaya saiki kiyi, têgêse nganggo opyas (jas bukakan) dhèsi canthèl, sêtelan, kaose lorèng, sêpatune putih, thik kawuwuhan nganggo pèci Indhonesiah, lo, kuwi para supir, utawa kusir dhokar nyêbut nyang aku mêsthi: tuwan, malah nèk tak copot pèciku Indhonesiah, apês ambalêbês iya isih diundang: sinyo. Kosokbaline nèk aku manganggo sing barès, kuwi bêgja-bêgjane iya mung diundang: abang, kakang, malah ana sing ngalokake sing ora-ora. Hla, apa mèmpêr, ta, dupèh aku mlaku dhewe, diêlokake: sêndhiri, jun...

Petruk : Wayah, kuwi rak gêguyone wong Batawi, ana kok banjur dianggêp kayadene sêsêbutan mêngkono. Ora, Kang Garèng, sanyatane salah yèn kowe ngarani tumrape jaman saiki mung sandhang sing bisa ngunggulake darajating uwong, nanging iya kudu nganggo dikanthèni tatakrama. Awit sanadyan panganggone pating pêncorot, pating pêncèrèt, pating pêncirit prasasat kaya Prabu Samawati, nanging nèk tatakramane kaya Lônda dhidhong, wong-wong iya saêpal anggone padha nyingkiri nyang awakmu. Mulane wong urip kuwi kudu sing wêruh mênyang tatakrama, supaya bisa sênêng lan diajèni ing uwong, ayo, Kang Garèng, timbangane nganggur, saiki padha rêmbugan ing bab kiyi, nèk-nèke ana gunane...

Garèng : Hla, kok anèh kowe kuwi, Truk, lagi anu anggone padha rêmbugan ing bab reklasering rak durung tutug, malah kowe saguh arêp ngunci rêmbugane sapisan manèh, nanging ngaton manèh ngatona, pirang-pirang dina jêbul malah: thir, mungup-mungup bae kathik ora.

Petruk : Lo, kowe aja kaliru tômpa, Kang Garèng, niyatku mono iya arêp ngandharake bab reklasering mau sing nganti katam, nanging para priyayi sing padha mirêngake rêmbugane kowe karo aku kiyi, akèh sing padha garundêlan, pangandikane jarene mangkene: Wiyah, iya bosên bênggala aku, yèn sing dirêmbug mung: iklas, yèn kêparêng bae, wong kenene durung

--- 388 ---

kêpengin dipulasara dening nagara, kok mung ngrêmbug buwan-buwèn bae, iya risi. Mara ta, Kang Garèng, apa iya ora sênêp nang wêtêng. Para sing mirêngake mau, saking jêlèh bosêne, nganti têmbung: reklasèrêng, diêlih dadi: iklas, yèn kêparêng. Hara, apa ora marakake wêgah ambanjurake pangrêmbuge, mulane aku banjur mrayogakake ngrêmbug bab liya bae manèh. Ing sarèhne jamane lagi kaya mêngkene, têgêse: jaman bingung, kaya-kaya prêlu bangêt padha ngrêmbug ing bab tatakrama.

Garèng : O, hla iya wong kowe, Truk, Truk, sajakmu kuwi gilapên bangêt saupama nganti digarundêli lan dirasani ing liyan, seje karo aku, nèk dirasani utawa digrêndhêngi[1] liyan kuwi, malah sênêng, awit jarene banjur suda dosane. Ewasamono ing sarèhning aku kiyi wong nurutan, diajaki mangan enak, iya gêlêm, ditraktir nang resturan, iya nurut, diajak ngêpung tumpêng saingkunge iya andhèrèk, arêp dibayari nonton boskup, iya: môngga, arêp di...

Petruk : Sêtop, sêtop, ana ngakune wong nurutan, sing diturut la kok sing kêpenak-kêpenak bae. Sanadyana sapa bae, nèk diajak sênêng-sênêng, diajak enak-enak kang tanpa ngrogoh kanthonge, iya mêsthi sêmranthale. Wis, wis, rêmbugane padha dilèrèni samene bae dhisik, liya dina bae padha dibanjurake.

Palabuhan ing Banjarmasin.

[Grafik]

Palabuhan ing Banjarmasin, ingkang nuju kakèndêlan ing baita-baita kapal.

--- 389 ---

Pahargyan Komite Rônggawarsitan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 24.

III. Dening R.Ng. Prajasuharta: pamêdhar sabda botên badhe sêsorah, minôngka wakilipun Pakêmpalan Pananggap Surakarta (P.P.S.) namung badhe anglairakên raosing manah. Sampun salêrêsipun manawi sang pujôngga punika dados sarjana ingkang arum asmanipun, nglangkungi kalangkunganipun pujôngga ingkang sampun-sampun, dening saking turun kiwa têngên pancèn asli saking rah kapujanggan. (Bab punika kapratelakakên ing sêrat babad jilid III, Sa- Ta).

IV. Dening R.Ng. Sastraharjendra: pamêdhar sabda ngakêni ing kalangkunganipun sang pujôngga, jêmbar sarta luhuring kawruhipun, sumêbar dados panuntuning para olah kasusastran. Sarta malih mastani yèn sang pujôngga punika tiyang ingkang degelijk sangêt.

Dumugi samantên ingkang sami sêsorah, kasundhul rêmbag saking M.Ng. Yasawidagda, mratelakakên manawi sontên punika wau mêntas maos de Locomotief, mrangguli andharanipun Dhoktor Piso, ingkang andongèngakên lêlampahanipun sang pujôngga. Ingkang punika, rèhning kalêrêsan priyantunipun wontên, usul dhatêng komite, supados nyuwun ing panjênênganipun, kaparênga mêdhar sêsorah. Rêmbag punika katampi dening parêpatan kanthi kêplok mawurahan, ingkang mratandhani panujuning manah. Salajêngipun, andharan wau kajawèkakên dening R.P. Mr. Singgih.

V. R.P. Mr. Singgih: ngandharakên bilih Dhoktor Piso, ugi tumut mahargya Rônggawarsitan, sarana damêl karangan ing sêrat kabar de Locomotief. Ingkang kawrat sêrat kabar wau, nêrangakên kala sugêngipun, barakanipun ingkang ugi kagolong sarjana kasusastran inggih punika Kangjêng Gusti Mangkunagara IV lan swargi L.F. Winter. Kapujanggan dipun têrangakên, botên namung tiyang ingkang kathah karang-karanganipun sêrat kemawon, ugi ingkang mulang sarta nênuntuni kasampurnaning kabatosan saha mulang paugêraning agêsang. Kapratelakakên babad Jawi bedanipun kalihan babad kilenan. Misuwuripun malih, sambêt kalihan buku ingkang anggambarakên jaman (jôngka) sanajan punapa inggih sagêd nocogi, ewadene sagêd tumanêm ing raosipun tiyang kathah.

Wawasan saking Dr. Piso punika, sagêd nambahi aosing pahargyan, dene botên namung bôngsa piyambak kemawon ingkang ngakêni ing kalangkunganipun, sanajan bôngsa sanès ugi wontên ingkang tumut mêmuji kaluhuraning asmanipun ingkang sampun suwargi. Saya malih mirit suraosing andharan, sagêd anggamblangakên prakawis warni-warni ingkang gêgayutan kalihan kawontênanipun sang pujôngga.

Dumugi samantên sampun têlas sêsorahing pahargyan, wanci sampun jam satêngah 12, pêpanggihan katutup kanthi wilujêng.

Enjingipun para komite ngawontênakên darmawisata (excursie) dhatêng pasarean ing Palar, ingkang palapuranipun kados ing ngandhap punika.

--- 390 ---

Pahargyan wontên ing Palar.

Pangkating komite saking Baron jam ½ 9, kalihan priyantun saking Madiun wontên tigang motor. Wontên ing margi sêsarêngan kalihan motoripun Tuwan Minêmah, guru ing A.M.S. sarta ingkang dipun tumpaki kalihan murid-muridipun. Dumuginipun ing Palar watawis jam satêngah sadasa.

[Grafik]

Pasareanipun sang minulya Radèn Ngabèi Rônggawarsita, ing Palar.

Wiwit malêbêt ing kitha Bèji, ing samargi-margi sêlur lampahing têtiyang padhusunan kanan kering ingkang sami dhatêng pasarean. Dumuginipun pasarean, sampun kathah sangêt têtiyang ningali, saya dangu saya kathah. Makatên ugi para priyantun ing Bèji inggih kathah ingkang sampun sami dhatêng ngrumiyini. Motor sadaya wontên gangsal wêlasan, dèrèng kreta pintên-pintên kathahipun.

Tiyang saking têbih-têbih, Madiun, Kêdhiri, Sêmarang, Purwarêja lan sanès-sanèsipun ugi wontên, malah dhatêngipun sampun kalih tigang dintênan, nyipêng wontên ing Palar.

Wakil sêrat kabar ingkang katingal: Darma Kôndha, Kumandhang Rakyat, Sêkar Lathi, Aksi, Sêdyatama lan Kêjawèn.

Priyantun ingkang rawuh R.T. Mangundipura, dene ingkang wadana ing Bèji rawuhipun sampun siyang, amargi nyarêngi parêpatan P.P.B. ing Klathèn.

Watawis jam sadasa, pangarsa ambukani pambikaking pahargyan, sarana ngaturakên panuwun dhatêng ingkang sami rawuh, dhatêng ingkang wadana ing Bèji lan sadaya priyantun ingkang sami ambiyantu adêging bangsal. Pangarsa anggêlarakên mulabukanipun komite, sêdya lan ingkang dipun adani: damêl babad, wilujêngan sarta yasa bangsal. Sadaya wau sampun sagêd kalaksanan awit saking sih pitulunganipun para priyantun ingkang sami paring kadarman. Ingkang makatên wau, amargi saking brêkahipun ingkang sumare. Mila pangajêng-ajêngipun, mugi-mugi sadaya ingkang sampun ngatingalakên cihnaning katrêsnanipun punika, sagêda angsal sawabipun ingkang sampun sumare.

Sasampunipun rampung andharanipun pangarsa, sadhèrèk Wignya Adijaya nyambêti. Nêrangakên sapintên lêlabêtanipun ingkang sampun swargi, numrapi dhatêng kita sadaya, saya malih ingkang gandhèng kalihan basa lan kasusastran Jawi, agêng sangêt aosipun, mirit ing lêlabêtanipun, pahargyan ingkang namung samantên punika, ing raos kirang timbang kalihan ing lêlabêtanipun. Juru sabda ugi mratelakakên [mra...]

--- 391 ---

[...telakakên] andharanipun Dhoktêr Piso, ingkang kawrat wontên ing de Loc. wêdalan tanggal ping 12 wulan punika = (ingkang sampun karêmbag kala malêm Minggu. Sa - Ta).

Panutuping andharan, juru sabda mêmuji dhatêng kalangkunganipun sang pujôngga sarta lêlabêtanipun ingkang agêng aosipun wau, mugi sampun kita tambuhi, ingkang sarananipun kêdah ngatingalakên agênging pambiyantu.

Andharanipun sadhèrèk Wignya Adijaya punika katanggapan dening sadhèrèk Sumadirja, ingkang angakêni katrêsnanipun bôngsa Jawi dhatêng kaluhuranipun sang pujôngga, pancèn sagêd rumasuk ing sanubari. Makatên ugi manawi dipun pirit, kalaksananing sêdyanipun komite, punika kenging kangge titikan sapintên agênging katrêsnanipun ngakathah.

Pangarsa ngaturakên panuwun sarta lajêng anggunting pita gula klapa ingkang tumangsul ing bangsal, lan ingkang sami rawuh dipun suwun lêlênggahan.

Nalika punika têtiyang ingkang sami ningali kathah sangêt, jalêr èstri jêjêl apipit, kathah ingkang sami nyêkar malêbêt dhatêng cungkup. Jam satêngah 11 bibaran, ewadene ingkang kantun inggih kathah.

Juru mèngêti.

Sa- Ta.

Kawruh Sawatawis

Masjid Agêng ing Surakarta

(Sambêtipun Kajawèn nomêr 24)

[Asmaradana]

aku ora susah mêling / lan ninggali kang nèng omah / supaya sêdhêng pangane / sajrone dak tinggal lunga / marang ing masjid Dêmak / nglakoni ayahan ratu / dhèrèk priyayi ngulama //

mangkya dènira lumaris / enggaling kang cinarita / wus prapta ing alun-lun lèr / nêkuk ngilèn lampahira / lajêng anjog gapura / gapuraning masjid Agung / ugi masjid Surakarta //

tandhu lon-lonan lumaris / mlêbêt korining gapura / mangkya wau winiraos / sarêng malêbèng gapura / jlêg salin sêsipatan / sirna sêsipatanipun / masjid Gêng ing Surakarta //

Mêsjid Dêmak kang kaèksi / kyai tumulya ngandika / dhatêng bau sadayane / kônca bau waspadakna / pun têkan masjid Dêmak / kèndêl nyawang sakanipun / kula têng masjid sêmbahyang //

sampeyan kèndêla ngriki / angêntèni antuk kula / lan êngga kula sung prêsèn / rong ringgit akèhing arta / mang êdum kang warata / mring kônca bau sadarum / luwung-luwung kangge jajan //

lan niki dhuwit sarispis / mang wèhke dhatêng sing jaga / Mad Dali juru têbahe / niku juru kunci rehan / masjid Gêdhe ing Dêmak / kèn golèkke angsul-angsul / ajêng konjuk jêng sang nata //

pace sukun glagah wangi / sarta kêmbang parijatha / widara putih kapate / tanêman lèr pasarean / astana masjid Dêmak / kabuntêla kang barukut / ampun kècèr ontên marga //

kyai sigra malbèng masjid / manggèn wontên salèr mimbar / gya jèrèng pasujudane / saksana salat [sa...]

--- 392 ---

[...lat] takiyat / kalih rêkangat salam / gya salat tasbèh anjukung / atanapi salat kajat //

lajêng tapakur mêmuji / watawis pukul sawêlas / andulur sêlur praptane / para muslimin ing Dêmak / sêdya salat Jumungah / gantya wau kang kawuwus / kapala bau galadhag //

manabda mring rowangnèki / dhuh kônca bau galadhag / lakon iki luwih anèh / duk lumaku anèng dalan / cêtha ing Surakarta / saiki salin pandulu / jêbul salin masjid Dêmak //

sanyata Kyai Jamsari / waliyullah kang minulya / pratandhane wus katonton / Surakarta karo Dêmak / iku rak ora cêdhak / samêngko kêna ginulung / Dêmak lawan Surakarta //

ginulung wus dadi siji / mula kônca bau gladhag / ora rêkasa lakune / sarta kyai enak-enak / nèng tandhu lêledhangan / lan mêmuji mring Hyang Agung / sanyata iku karamat //

cêtha pasêksène maning / iku kang padha Jumngahan / harak wong ing Dêmak kabèh / awit panganggone beda / karo wong Surakarta / ywa sêmbrana kônca bau / kang saka tatal kawuryan //

lurah bau gya ngulari / ring Amad Dali wus panggya / winartanan saliring rèh / miwah kasukanan arta / kathahe sarupiyah / Amad Dali matur nuwun / sigra-sigra angupaya //

tan dangu gènnya ngupadi / sadaya wau wus angsal / tan kuciwa wêwêlinge / binuntêl pininta-pinta / yun kangge angsal-angsal / lajêng kamot dening tandhu / badhe konjuk sri narendra //

sarêng jam dwi wêlas wanci / kanang bêdhug gya tinatab / jumêgur agêng swarane / pra janma saya kèh prapta / datan kenging winical / jro masjid jêjêl supênuh / surambi kèbêkan janma //

sami ngibadah mring Widhi / wontên ingkang ngaos Kuran / maos salawat lan tasbèh / istihpar miwah dadonga / gumuruh kang suwara / sarêng sampun kèndêl bêdhug / para muadin saksana //

maos ayat ganti-nti /[2] nèng lotèng masjid ring lèrnya / gya adan sarêng swarane / ing sarampungipun adan / sadaya lajêng salat / sunah kobliyah ranipun / sasampuning sami salat //

muadin amung sawiji / sigra maos mangasêral / satamating pamacane / kiyai khatib saksana / minggah dhumatêng ing mimbar /[3] kutbah swara nganyut-anyut / karya trênyuh kang miyarsa //

andêdonga dèn amini / satamating andêdonga / muadin kamat ge-age / lajêng ngadêg salat Jumngah / kalih ingkang rêkangat / sasampuning salat parlu / wajibing dintên Jumungah //

saksana salat ngawatib / sunat bakdiyatal Jumngah / warna-warna wiridane / sawatawis gya bibaran / sami asêsalaman / Kyai Jamsari winuwus / kagolong kantun priyôngga //

dumugi satêngah kalih / kiyai lon-lonan mêdal / saking jro mêsjid Dêmake / botên dangu wus pinanggya / lawan bau kapala / Ki Jamsari ngandika rum / dhuh sanak bau kapala //

punapa wau pun olih / kang minôngka angsal-angsal / badhe konjuk sang akatong / kapala bau turira / sadaya sampun angsal / punika kamot jro tandhu / kyai langkung trusthèng driya //

dadya angandika aris / sukur-sukur yèn pun angsal / têngga mantuk alon-alon / dhatêng nagri Surakarta / munjuk jêng sri narendra / kyai sigra nitih tandhu / bau kapala manabda // Badhe kasambêtan.

Pr. P.

--- 393 ---

Jagading Wanita

Têtandhingan Endahing Warni

Pinanggihipun wontên ing tanah Eropah, Amerikah tuwin Asiah, kêrêp wontên têtandhingan ing bab endahing warninipun para wanita.

Ing bab têtandhingan punika warni-warni, botên ngêmungakên ing bab warni kemawon, wontên ingkang ngêbên bab swara, tuwin sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Tamtunipun ing bab têtandhingan warni punika pinanggihipun inggih kêdah nocogi kalihan raosing kabangsan, awit ingkang sagêd nocogi yêktos dhatêng kawontênan wau limrahipun namung pinanggih dhatêng ingkang nunggil bôngsa, dene marojolipun saking raos ingkang kados makatên wau, jalaran saking sampun pasrawungan. Upaminipun bôngsa Walandi ingkang sagêd mastani ayu bagusing tiyang Jawi, inggih jalaran saking sampun kulina nyawang tuwin nyumêrêpi wujud kawontênanipun tiyang Jawi. Nanging sanadyan mathuking raos tumrap kabangsan wau nama sampun limrah, ugi taksih dipun pêcah malih dhatêng cocogipun manahipun piyambak. Upaminipun bôngsa Jawi, punika sagêd mastani dhatêng saening warnipun[4] sanès bôngsa, nanging raosipun mêksa botên srêg kalihan nyawang warnining bangsanipun piyambak, ewadene manawi nyawang dhatêng saening warninipun bôngsa piyambak wau taksih gadhah pamilih kalihan cocoging manahipun. Mênggah tôndha yêktinipun, tiyang ingkang sagêd mastani saening warninipun pun anu, taksih mawi dipun kanthèni ungêl: nanging malandèni.

Manawi dipun manah sayêktos, têtandhingan warni punika limrahipun namung pinanggih wontên ing tiyang ingkang sarwa kasêmbadan, awit gêgandhenganipun inggih kêdah sarana ngadi busana, ingkang botên sakêdhik waragadipun. Ing bab punika kados para maos sagêd miridakên kalihan cara panyandhangipun wanita bôngsa Eropah, awising pangangge botên saking mas sêsotya, namung lugu saking bangsaning barang sêmbêt, nanging sanadyan barang sêmbêt, waragadipun [waraga...]

--- 394 ---

[...dipun] ugi botên sakêdhik, malah ing bab caraning nyandhang ngangge wau kalêbêt satunggiling kaborosan.

Kajawi bab pangangge tumrapipun tiyang ngrêrêngga badan, inggih mawi wêdhak pupur tuwin sanès-sanèsipun, ingkang sarwa sae tuwin anggadhahi daya, punika inggih botên gampil dipun tindakakên ing sabên tiyang, jalaran saking botên sakêdhik waragadipun.

Cobi para maos kula aturi mriksani gambar sawalik punika, punika gambaripun para wanita ing Eropah ingkang sami têtandhingan ing bab endahing warni. Ing sadèrèngipun kacariyosakên pundi ingkang kapilih dados têtunggul endahing warni, kapriksaa pundi pantês-pantêsipun ingkang pinunjul, nanging samantên wau kintên-kintên inggih botên tilar nalar. Ing sadèrèngipun, prayogi mriksanana sandhang panganggenipun rumiyin, awit sandhang pangangge punika ugi anggayut ngendahakên warni. Mila tumraping sandhang pangangge, pinanggihing wangun, corak tuwin sanès-sanèsipun, ugi wontên kawruhipun, sintên ingkang sagêd matrapakên, pinanggihipun sagêd angindhakakên sêmu.

[Grafik]

Para wanita ingkang sami ngêdali dhatêng kalangan wau saking nagari pundi-pundi, ingkang wontên ing nagarinipun sampun pilihan, dene papaning têtandhingan wontên ing Paris, satunggiling nagari ingkang sampun misuwur dados papan kabiraèn. Dados mênggahing nalar, para ingkang malêbêt ing papan têtandhingan wau sami botên kuciwa ing warni. Nanging sarèhning wontênipun ing papan ngriku lajêng amor têtunggilan kalihan para sulistya ing warni, punjuling warni wontên ing nagarinipun piyambak, dèrèng tamtu punjul wontên ing ngriku.

Ing ngriki kapratelakakên rumiyin, wanita-wanita ingkang têtandhingan wau asli saking praja môncanagari, gambar ing ngajêng saking sisih kiwa: Ruslan, Jêrman, Inggris, Bèlgi, Dhènêmarkên, Sêpanyol, tuwin Pèru. Wingking saking sisih kiwa: Argèntinê, Prancis, Honggari, Itali, Rominiah tuwin Yugèslapiah. Dene ingkang dipun pilih dados têtunggul, saking Dhènêmarkên. Lajêng angsal sêsêbutan mis Eropah.

Mirid ingkang kapilih wau tamtunipun sampun mawi panimbanging para ahli dhatêng bab saening warni.

Manawi mirid kawontênan, bôngsa Jawi punika sawanganipun kathah mathukipun dhatêng sawangan wetanan, amargi kathah titik ingkang ngiribi. Upaminipun bab kulit, ingkang sagêd anocogi: ambêngle keris, nêmu giring tuwin mrada binabar, namung pakulitan wetanan, makatên ugi ing bab rambut. Dene ingkang ngiribi mênggahing sawangan, pinanggihing wanita Jêpang. Ingkang sumandhing punika têtungguling kasulistyan tumrap wanita Jêpan, nama Nonah Tonuneko Tawara, ing praja Tokoejama.

Dene mênggahing bab kasulistyaning warni, tumrapipun wontên ing tanah ngriki, dèrèng wontên ingkang nindakakên abên-abênan, amargi taksih kapakèwêdakên dening tatakrama.

--- 395 ---

Pawartos Wigatos

Pitêdah tuwin Pamrayogi Sawatawis Kangge Jêmaah Haji

Sambêtipun Kajawèn nomêr 23.

Sadaya jêmaah saking tanah Igiptê ingkang dhumawah ing kasangsaran kawênangakên nyuwun pitulunganipun, ingkang mêsthi awujud têtêdhan sawênèh awarni pangangge. Kawartosakên adêging kabudidayan punika mêdal saking kêkiyatan tuwin ada-adaning pribumi piyambak.

Manawi kagalih ingkang sayêktos, upami pangarsaning pakêmpalan-pakêmpalan agami tuwin para ulama lajêng ngrêsakakên anggalih bab punika, sarta lajêng adamêl ada-ada anulat bôngsa Mêsri wau, têmtunipun sakalangkung agêng pigunanipun, pinanggihipun badhe sagêd mayarakên sawatawis mênggahing kasangsaranipun para jêmaah.

Wontêning atur makatên punika, amargi botên sakêdhik cacahing tiyang ing tanah ngriki ingkang nyuwun pitulunganing takiyah Mêsri wau, kadugi jalaran saking kapêksanipun kemawon. Punapa punika botên nama mêmêlas.

Mutawatosi kanggening umum, bilih jêmaah ingkang sami kacingkrangan wau, lajêng adamêl tindak ingkang kirang prayogi dhatêng sasamining jêmaah.

Malah sawênèhing bôngsa mukim, inggih punika ingkang sampun lami wontên ing tanah Arab wau, wontên ingkang adamêl pitênah utawi apus-apus dhatêng bôngsanipun[5] ingkang nêmbe dhatêng, ethok-ethokipun têtulung, trêkadhang wontên ugi ingkang purun anjêlomprongakên mawi ngajrih-ajrihi supados nindakakên punapa kemawon, ingkang anjalari dados kauntunganipun.

Eraming manah punika, anggèning matrapakên tindak makatên wau ingkang kathah-kathah têka ngêmungakên dhatêng bangsanipun kemawon. Punapa punika kabêkta saking êmpuk, êmpuking tiyang tanah ngriki utawi saking sabab sanès, punika namung nyarahakên dhatêng para maos.

Sayêktosipun bilih katandhing kalihan jêmaah saking sanès nagari, para haji saking tanah ngriki punika katingalipun sakalangkung êmpuk-êmpuk, tur malih bilih kawaspadakakên kados-kados botên anggadhahi daya kêkiyatan, bilih dhatêngipun ing tanah Arab punika kanthi angêdalakên waragad saking kanthongipun piyambak, kanthi adus kringêt.

Sadaya tiyang ingkang sampun nate wontên ing tanah Arab têmtu sampun nate mirêng têmbung: bagar: inggih punika atêgês: lêmbu.

Saking tansah kèndêlipun, jalaran botên wontên suwantênipun, punapa malih nurutan, enggal sangêt ngandêlipun, kawêwahan gampil-gampil uculing artanipun, pramila lajêng kaparaban kados bagar wau. Dados sampun kathah wêdaling artanipun wêwah-wêwah kasêbut kados lêmbu. Badhe kasambêtan.

Kula pun Nik.

--- 396 ---

NGOBROL ING DINTÊN SABTU

Bab dagang lintonan.

Saya dangu têka saya angèl pamilihipun bab-bab ingkang mathuk kangge obrolan ing dintên Saptu punika. Pancènipun makatên inggih kathah prakawis-prakawis ingkang ragi gandêm saupami karêmbaga minangka kangge obrolan wontên ing Kajawèn ngriki, nanging... lo, mênika angèlipun, manawi botên kirang pangatos-atosipun, sok lajêng wontên ingkang kêlintu panampinipun. Dumèh ngrêmbag karukunanipun bangsa Tionghoa kalihan bangsa Jêpan kemawon, lajêng sampun wontên ingkang nglairakên gagasanipun kanthi ha-ngê-la-ngut, ingkang botên-botên. Amila sajatosipun makatên kula sampun ragi jimbit damêl obrolan wontên ing dintên Saptu, nanging, e, dilalah, ujug-ujug kula têka kèmutan cariyosipun dhalang, ingkang kados-kados sae saupami kangge bêbukaning obrolan ing dintên punika. Mênggah cariyosipun kyai dhalang ingkang kula èngêti wau, kirang langkung makatên:

dhrog, dhog, dhog, dhog. Saking kontab prabawaning sang prabu, para mancanagara sami suyud sumungkêm, nungkul datan saking pinukul ing prang, namung saking kasok pêpoyaning kautaman, bêbasan ingkang cêlak manglung, kang adoh tumiyung, sami atur bulubêkti, glondhong pangarêng-arêng, gurubakal gurudadi.

Namung samantên cariyosipun kyai dhalang ingkang kula èngêti. Dene ingkang badhe kula rêmbag wontên ingriki namung ungêl-ungêlan ingkang wontên ing wingking, inggih punika ingkang mungêl: "... sami atur bulubêkti, glondhong pangarêng-arêng, gurubakal gurudadi."

Ungêl-ungêlan makatên punika nuwuhakên gagasan kula warni-warni. Mênggah ingkang tansah dados pitakenan ing salêbêting sanubari kula, punika mênggah pikajênging têmbung: bulubêkti. Manawi nitik wontênipun barang-barang ingkang dipun bulubêktèkakên, inggih punika: "glondhong pangarêng-arêng, gurubakal gurudadi", sajakipun têmbung bulubêkti punika tunggil chèh kalihan: pisungsung utawi punjungan. Nanging kados-kados ingkang nama pisungsung utawi punjungan punika cakipun namung ing kalamangsa kemawon, dados inggih botên ajêg. Upaminipun kemawon priyantun ngandhap nyaosi gramèh utawi tambra dhatêng pangagêngipun, punika kenging dipun wastani: misungsung utawi munjung. Anggènipun nyênyaosi wau namung ing kalamangsa kemawon, manawi nuju manahipun kalêgan, utawi manawi kêpengin... dipun trêsnani upaminipun. Ing sarèhning misungsung utawi munjung punika namung dhawah ing kalamangsa kemawon, dados botên ajêg, inggih lajêng botên prêlu dipun pèngêti. Sarêng bulubêkti punika sajakipun pisungsung ingkang ajêg, tandha yêktinipun tansah dipun sêbut-sêbut, dados tansah inggih dipun pèngêti. Amila pêpuntoning gagasan kula, atur bulubêkti punika pikajêngipun botên sanès, kajawi: asok pajêg.

Para maos têmtunipun wontên ingkang lajêng anjêngèk: "Wèh, kok le mayar. Ana bayar pajêg têka kêna mung nganggo barang bae. Apa kala samana nagara durung doyan dhuwit?"

Wah, la punika angèl anggèn kula badhe ngaturi wangsulan. Jalaran ingkang nama bulubêkti ingkang kaandharakên inginggil, punika namung saking cariyosipun kyai dhalang, lan punapa ing kala samantên sampun wontên "fulus", punika inggih dèrèng sagêd katêmtokakên. Ewasamantên cara bayar pajêg ingkang tanpa arta, nanging mawi barang, punika botên kalêbêt ing dêdongengan kemawon, ing tanahipun piyambak ngriki kala rumiyin inggih sok katindakakên.

Para maos kados taksih wontên ingkang sami ngalami, kala jaman 1900-san ing tanah Kajawèn (Sala-Ngayogya), para abdi dalêm minggahipun para luhur, sami kagadhuhan siti minangka têdha utawi dhaharipun. Mênggah paos ingkang kasanggi ing bêbêkêlipun dhusun-dhusun wau sadaya prasasat awujud wulu pamêdalipun siti ngriku tuwin ubarampe sanès-sanèsipun kabêtahaning lurah patuhipun sawatawis, kados ta: tangsul duk, lisah, lawe lan sasaminipun. Dene ingkang wujud arta botên sapintêna, inggih punika namung kangge lêlintuning barang ingkang botên sagêd ngawontênakên tuwin panêbasing padamêlan.

Dados lampahing lurah patuh kalihan bêkêlipun dhusun wau dèrèng katingal ngrêkaos kados jaman samangke, ingkang barang-barang kêdah awujud arta. Mila sarêng awis arta, lurah patuh dalah bêbêkêlipun sami rêkaosipun, jalaran lurah inggih bêtah arta, bêkêl inggih bêtah arta. Lurah taksih ragi sakeca, sabab namung saprentah, nanging tiyang dhusun satêngah pêjah, dening andadak kêdah nyadèni wulu pamêdaling siti, ingkang rêkaos pêpajênganipun, bilih botên kasade dhatêng liyan bangsa, tur ingkang wusananipun "amakan tuwan" wangsul dipun tumbas gêntos dhatêng sadhèrèk dhusun kalayan rêgi awis.

Inggih kala samantên kenging dipun wastani dèrèng sapintêna rêkaosipun tiyang, awit taksih ragi ènthèng

--- 397 ---

sanggènipun. Sarêng samangke dhusun sampun lêlawanan piyambak kalihan praja, botên kalihan lurah patuh, wadhuh, kados punapa rêkaosipun, botên prêlu kula andharakên ingriki, tiyang kasat mripat.

Sayêktosipun saupami têtiyang dhusun punika botên kapêksa kêdah ngawontên-wontênakên arta, jalaran kêdah ambayar paos ingkang wujud arta wau, kados-kados rêkaosipun inggih botên badhe sangêt-sangêt kados ing jaman samangke punika. Awit miturut kabar, pawêdalipun siti umumipun sae. Têgêsipun: ingkang dipun têdha sabên dintên anyêkapi. Malah miturut pawartos ing sêrat-sêrat kabar, kabêtahan padintênanipun sanès-sanès, kados ta: lisah, sata, kopi, gêndhis, tèh lan sasaminipun inggih botên kapintên. Jalaran têtiyang dhusun wau kathah ingkang sami nindakakên: dagang lintonan. Inggih punika tiyang ingkang gadhah wos, ing mangka bêtah dhatêng gêndhis, wosipun wau lajêng kalintokakên dhatêng tiyang ingkang gadhah gêndhis. Manawi bêtah tèh, gêgadhahanipun wau lajêng kalintokakên tèh, makatên sapiturutipun. Dados saupami botên lajêng kapêksa kêdah ambayar pajêg ingkang awujud arta, pancènipun tiyang dhusun inggih kathah ingkang sami ayêm lan leha-leha sayêktos.

Maos andharan kula inginggil, para maos têmtunipun lajêng wontên ingkang alok makatên: "Jarene nagara kuwi sing diudi kêslamêtan, katêntrêman lan kasênêngane para kawula. saiki apa ora tiba wêktune ambuktèkake pambudidayane sing utama bangêt mau, yaiku sarana amarêngake para kawulane, kang pancèn ora bisa bayar pajêg sing awujud dhuwit, ambayar pajêge mau sarana barang utawi wulu wêtuning lêmahe. Awit bêras, jagung, kêtela lan sapêpadhane, kaya-kaya nagara sabên dinane pancèn butuh, yaiku kanggo ngrangsum para saradhadhu, prajurit kapal, prantean lan sapiturute."

Panyaruwe ingkang makatên punika pancèn inggih lêrês sangêt. Malah kenging dipun wêwahi rêmbag, supados para punggawaning nagari samia kablanja saperangan mawi: wos upaminipun, awit sanadyan ndara-ndara priyantun rak ugi ambêtahakên uwos ing sabên dintênipun. Punika inggih lêrês malih. Nanging badhe sapintên ing têmbe repotipun, kados-kados angèl gagapanipun. Kaparênga kula mratelakakên sawatawis mênggah ingkang dados karepotanipun nagari, manawi para priyantun saperangan saking blanjanipun kabayar mawi wos upaminipun.

Para maos kêdah angèngêti, bilih satunggal-satunggaling priyantun punika beda-beda kathahing bêtihipun.[6] Dados manawi nagari badhe anyumpi dhatêng para priyantunipun, inggih kêdah angèngêti dhatêng batihipun satunggal-satunggalipun priyantun wau. Jalaran manawi panyumpinipun kêsêkêdhikên, têmtu botên anyêkapi; kosokwangsulipun manawi kêkathahên, sagêd ugi kêlampahan wontên priyantun dados... juragan uwos. Kajawi punika gèk sapintên rèbyèging pakaryan administratie ingkang wajib ngurus bab prakawis punika. Botên kenging botên têmtu badhe mêwahi kathahing priyantun ingkang sami dipun piji nindakakên padamêlan punika.

Wondene tumrap usul anyêkapi têdhanipun para militèr, prajurit kapal, pasakitan lan sasaminipun, punika pancèn wontên saenipun, saupami satunggal-satunggaling panggenan dèrèng wontên ingkang nyanggi uwos wau kalihan prajanjian kontrak, ingkang ngantos 5 dumugi 10 taun laminipun, saha bilih dipun pêdhot badhe nuwuhakên karugian agêng tumrap nagari. Dados bab punika inggih angèl sangêt tumindakipun.

Wusana angsal-angsalaning pamanggih kados botên wontên pakèwêdipun, saupami nagari kaparêng anampèni paos saking para kawula awujud wulu pawêdalipun anggèning sami têtanèn, kados ta ingkang awarni uwos, palawija lan sapanunggilanipun. Lah badhe kadospundi tumindak tuwin tatananipun, mbokmanawi langkung prayogi nagari lajêng ngawontênakên gudhang-gudhang kangge wadhahing wulu pamêdal saking para kawula tani, gêgêntosing paosipun wau.

Samangke bilih sagêd kalêksanan, pawêdal wau kêdah lajêng kadhapur kadosdene lampahing Cooperatie, têgêsipun pambage utawi panyadenipun dhatêng para priyantun mawi katamtokakên tumbas dhatêng gudhang nagari, punika ingkang dados kabêtahanipun tuwin ingkang sampun kasadhiyakakên wontên ingriku, miturut pêpetangan saha bêtahipun piyambak-piyambak.

Makatên punika taksih petang kotoran, sawêg nama namung kangge ancêr-ancêring lampah kemawon, murih saening panindak têmtu wontên rêmbag malih ingkang langkung panjang tuwin kêdah wontên juru panaliti ingkang nyatitèkakên bab punika.

Dados ingriki sajatosipun namung gatra rancangan, ingkang wosipun murih sagêda salaras kalihan kawontênaning jaman mêlasasih punika. Ewasamantên sanadyan bab punika têmtu sampun wontên panggalihipun para pangêmbat praja, ingkang kenging dipun jagèkakên badhe murakabi dhatêng kawula alit sadaya.

Botên langkung sarèhning bab punika babagan prakawis praja ingkang langkung gawat, dados ingriki namung tansah angajêng-ajêng runtuting sêsambêtanipun pamarentah kalihan ingkang pinarentah.

Makatên aturipun pun PÊNTHUL.

--- 398 ---

KABAR WARNI-WARNI

PÊTHIKAN SAKING SÊRAT-SÊRAT KABAR SANÈS.

TANAH NGRIKI.

Korban fonds P.P.P.H. Kawartosakên, korban fonds P.P.P.H. ingkang dipun tindakakên dening Dr. Sukiman sampun sagêd ngêdalakên arta f 5000.- kangge ambiyantu dhatêng para punggawa pagadean ingkang sami dipun kèndêli.

Pinuji widadaning tindak kados makatên punika mugi sagêda nyarambahi dhatêng ingkang sami angsal pitulungan.

[Grafik]

Kapal Mariposa. Ing Tanjungpriok mêntas wontên kapal labuh asli saking Amerika, nama Mariposa, gadhahanipun Matson Navigation Company, ingkang nindakakên layaran saking San Francisco (Amerik) dhatêng Sydney (Australie) sabên 17 dintên. Kapal wau panjangipun 632 kaki, wiyaripun 79 kaki, namung isi klas 1 tuwin 2, cacah 704. Ing sabên kamar mawi tilpun, pirantos nampèni utawi kintun radio dipun wontênakên sabên zaal, gambar idhup wicantên, papan lêlangèn, papan main tènis tuwin sanès-sanèsipun sami kawontênakên.

Baita wau kenging dipun wastani nagari ngambang. Bangsa ngriki sawêg sagêd gumun.

Guru wanita dipun prajaya. Wontên pawartos, guru H.I.S. ing Salatiga nama Nyonyah Joa, dipun prajaya mawi lading dening jongos pamulangan, guru wau nandhang tatu rêkaos.

Mênggah sabab-sababipun ngantos pinanggih lêlampahan kados makatên, dèrèng kasumêrêpan, mila dèrèng sagêd mastani dhodhok sèlèhing lêrês lêpat. Nanging tumraping tiyang jalêr mrajaya tiyang èstri, punika sampun katingal bilih anêmpuh tiyang pangawak ringkih.

Gara-garanipun pasulayan Al Irsyaad kalihan golongan Ba'alwi. Gêgayutan kalihan pasulayan Al Irsyaad kalihan Ba'alwi ing Bêtawi, kawartosakên golongan Ba'alwi badhe gadhah paturan dhatêng parentah, supados Tuwan Sech Ahmad Soorkatie dipun singkirakên saking tanah ngriki.

Sêrênging pasulayan golongan kalih wau ngantos katingal sangêt, tur punika kenging dipun wastani tunggil bangsa. Samantên wohipun tiyang badhe ngudi bêbênêran.

Mriksa tiyang angguran. Wontên pawartos, Arbeidsinspectie ing tanah Jawi tuwin Madura badhe nindakakên papriksan ing bab kawontênanipun tiyang angguran. Anggènipun mriksa badhe kawiwitan benjing tanggal 1 April. Ing sadèrèngipun pangagênging pakaryan wau badhe musawaratan wontên ing Surabaya rumiyin.

Tindak wau sanajan dèrèng katingal wohipun, nanging sampun damêl ayêm. Sukur pangetang wau dipun sarêngi kalihan tumindaking pitulungan, nama cekad-cèkêd.

Wosipun nêdya ngirit. Pangadilan Landgerecht ing Ngayogya mêntas ngrampungi prakawis wontên ing kadistrikan Playèn, cacah 50 prakawis langkung. Sadaya ingkang karampungan ukum dhêndha sami botên sagêd bayar, sanadyan namung f 0.50 ugi trimah anglampahi paukuman.

Tiyang punika manawi sampun kapèpèt tuwin kecalan pambudidaya, kawontênanipun ngantos pinanggih kados makatên. Inggih tiyang manawi sawêg rêkaos, sanadyan arta namung sasèn kalih sèn, mêksa rêkaos anggènipun pados.

Suara Umum basa Jawi botên kawêdalakên malih. Benjing tanggal 1 April ngajêng punika, sêrat kabar Suara Umum basa Jawi botên kawêdalakên malih, kakantunakên ingkang basa Malayu kemawon. Têmtu kemawon kèndêlipun wau ugi anggayut angèndêli redacteuripun. Nanging lajêng wontên usul, supados sêrat kabar wau kawêdalakên dados kalawarti ingkang isi kawruh-kawruh wigatos.

Samantên pakèwêdipun ngêdalakên sêrat kabar, sanadyan wêdalipun sêrat kabar kêkalih punika saking tangan satunggal, ugi kapêksa ngawonakên sêratipun ingkang kawon daya. Margi manawi mirit wêdalipun Suara Umum basa Jawi sakawit, ing pangintên tumuntên sagêd saya agêng, awit kabaripun dipun rêmêni dening sawaranining[7] golongan, dumugi ingkang tataran andhap pisan. Manawi mirit kamajênganipun sakawit, kèndêlipun S.O. basa Jawi wau sagêd ugi botên jalaran dupèh kajejeran S.O. basa Melayu, nanging jalaran saking jaman malèsèt, tumrap tataran ngandhap kapêksa ngirit bêtah. Pinuji S.O. basa Jawi wau sagêda gêsang malih.

Waragad paboyongan. Directeur B.B. tampi palilah ngangge arta f 20.000 kangge waragad-waragad ingkang gêgayutan kalihan bab lampahing têtiyang saking tanah Jawi ingkang boyong dhatêng Sumatra sisih kidul.

Tindakipun parentah anggèning ngobètakên panggêsanganing kawula mugi sagêda nyarambahi dhatêng para kasangsara.

Botên saèstu mindhah papan pambucalan. Ing bab milih papan pambucalan enggal, ingkang kangge lêlintu pambucalan Digul, ing sapunika sampun wontên karampunganing parentah, botên saèstu.

Punika satunggiling panênggak kaborosan.

Sudan balanja ing Kasultanan Ngayogya. Kawartosakên para abdi dalêm ing Kasultanan Ngayogya sampun kalampahan kasuda blanjanipun 10%, wiwit tanggal 1 wulan Maart punika.

Bab punika tumrap ing Surakarta ugi sampun tumindak. Dados botên damêl kamèrèn.

--- 399 ---

Angsal-angsalaning panyadean ulam ing Bêtawi suda. Miturut pèngêtan, angsal-angsalaning lelangan ulam ing wulan Januari kapêngkêr namung f 126.094.20.- mangka ing wulan Januari taun ingkang kêpêngkêr f 126.256.10.- ing taun 1930 wontên f 250.910. Dados pinanggihipun sabên taun saya mundur.

Inggih panggaotan punapa ingkang ing jaman punika botên mandhap.

Ambêk nyumantana. Pasakitan bangsa Bulgari prakawis ngakên prof. ingkang katahan wontên pakunjaran ing Bêtawi mêntas sakit untu. Nalika dipun priksa dening doktêr gadhah panêdha supados untunipun dipun santuni êmas. Sarêng dipun takèni ingkang badhe mbayar sintên, wangsulanipun parentah. Doktêr lajêng klepat kesah.

Samantên ambêging tiyang ingkang mlampah-mlampah dipun akên dados santananing parentah.

Panyêgah minuman kêras badhe parêpatan umum. Pakêmpalan panyêgah bêbaya minuman kêras ing tanah ngriki, benjing tanggal 27-28 wulan punika badhe ngawontênakên parêpatan umum.

Têmtunipun parêpatan wau ugi badhe mratelakakên cacahing tiyang mêndêm, lan kintên-kintên ugi ngraosi indhaking pabrik bir.

Gunggunging pragatan rajakaya ing Bêtawi. ing salêbêtipun wulan Januari kapêngkêr, wontênipun pragatan rajakaya ing Bêtawi: lêmbu 534, maesa 412, menda 7817 tuwin babi 4083.

Sawulan samantên, sataun lajêng pintên. Salajêngipun rajakaya samantên wau lajêng dipun kubur wontên wêtênging tiyang, tujunipun wêtênging tiyang punika kuburan growong, dados inggih botên nate kêbak-kêbak.

Pabrik bir ing Bêtawi. Ing Bêtawi badhe wontên pabrik bir enggal, dipun adani dening firma Geo Wehry.

Bab indhaking bir ing tanah ngriki ing mangsa punika, kados botên kakuwatosakên badhe kathah tiyang siti sami trom-troman, amargi artanipun sawêg prêlu kangge tumbas uwos. Namung bab pakêmpalan panyêgah M, inggih punika "Goede Tempelieren" kapêksa mindhak padamêlanipun.

Arta kêrtas palsu. Sawênèhing bangsa Bombay ing Pasar Baru, Bandung, mêntas ambayarakên arta dhatêng Faktory, kasumêrêpan wontên artanipun nyadasa rupiyah palsu. Ciri R. No. 04762 tanggal 12 October 1927. Arta wau katêtêpakên palsu dening Javasche Bank.

Prayogi sami ngatos-atos.

Salingkuh f 35000.- Satunggiling firma wacucal ing Kali Besar (Bêtawi) kecalan wacucal rêgi f 35000.- ingkang kintên-kintên dipun salingkuhakên dening punggawa bangsa Walandi. Sapunika sawêg dados papriksan.

Wacucal rêrêgèn samantên punika rak botên sakêdhik. Kintên-kintên tumindaking kadurjanan lumintu jêg-jêgan. Punika satunggiling sêtiyar ing jaman malèsèt.

Kasangsaran agêng ing sêgantên. Wontên baita saking Surabaya dipun tumpaki tiyang 49, sarêng dumugi ing Sêmampir baita wau katêmpuh ing angin, baita kêbalik.

Rahayu kasangsaran wau kasumêrêpan dening kapal Bêngkulên, gadhahanipun K.P.M. lajêng nindakakên pitulungan, sagêd mitulungi tiyang 26 sampun sami lêmês. Baita pulisi ugi lajêng têtulung, sagêd manggihakên bangke 4, tiyang ingkang 16 sami ical.

Samantên araling kawula.

Pêjah jalaran nêdha tempe. Ing dhusun Kêdondong, Sêmakan, Bara Paras tuwin Karangarja, wêwêngkon Kulompraga, wontên tiyang cacah 51 sami pêjah jalaran mêntas nêdha tempe ampas. Sakawit sakitipun ngêgèt, sasampunipun 3-4 jam lajêng sami pêjah. Bab punika lajêng dados papriksan doktêr, sawêg kapriksa êrahipun, jalaraning pêjah saking punapa. Raosing sakit sakawit badan lêmês, wêtêng kakên, lajêng kados ngorok lajêng botên kenging dipun takèni, sasampunipun 1 jam lajêng pêjah.

Tiyang pêjah utawi sakit, ingkang jalaran mêntas nêdha tempe ampas, punika kêrêp wontênipun, bokmanawi têtêdhan ingkang kados makatên wau pantês dados awisan. Dene ingkang dipun wastani ampas wau, ampas tahu, inggih punika têtêdhan ingkang limrahipun namung dados pakan babi, sampun botên gadhah sari punapa-punapa.

EROPAH.

[Grafik]

Nêmpuh pangeran-pati Itali. Wontên pawartos, wontên tiyang nama De Rosa ingkang nêmpuh Pangeranpati Italie, Pangeran Umberto, angsal pangapuntên saking panjênêngan nata. De Rosa wau rumiyinipun tampi paukuman 5 taun, sampun dipun lampahi 2 1/2 taun.

Ngabên rikat-rikatan lampah. Ing Jerman mêntas wontên têtandhingan rikat-rikatan lampah, ingkang dipun bên wau sêpedhah motor, auto tuwin mêsin mabur.

Tindak makatên wau raosipun kados umuk-umukan.

--- 400 ---

Wêwaosan

Kêlêm ing Katrêsnan

1. Tuwuhing katrêsnan

3.

Pancèn ing kala punika Nonah Dhorah macak barès nanging ngayang batin, katingal ngalela kados rêmbulan manggèn ing langit biru, ngangge rasukan wol abrit sêpuh, têmbingipun angengisakên pakulitan jêne ambêngle keris, sêsinom ingkang mruwun kasilir angin, saya ngrêrêngga sumulaking rai, sadaya wau kalêmpakipun amujudakên wêwarnèn ingkang damêl tiwasing kakung. Ing sanalika ngriku Radèn Sumarta kados kalap wontên ing kêdhung kabingungan. Sasampunipun mandêng dhatêng Nonah Dhorah sawatawis, tanganipun Nonah Dhorah ingkang nuju nyêpêng tanganipun Radèn Sumarta, lajêng dipun candhak cêg, kurêbing èpèk-èpèk dipun tèmpèlakên ing irung.

Nonah Dhorah sakalangkung tumratab ing manah, tanganipun dipun sêndhal, ngantos uwal saking gêgêman, kanthi nilari ulat manis nyawang ngiwa nêngên.

Radèn Sumarta ugi nututi nyawang ngiwa nêngên, manahipun lajêng ngalokro, dening sumêrêp tuwan tuwin Nyonyah Blok, pangagênging bang ingkang sêsarêngan murugi dhatêng papan ngriku.

Nyonyah Blok wau saking katêbihan sampun gumujêng kalihan ngacung-ngacungakên rakètipun tumuju dhatêng sang kêkalih tuwin wicantên: Adhuh, kaya manuk sajodho. O, inggih, anèm sami anèm.

Wusana sasampunipun têtabikan, lajêng sami rêrêmbagan anggêgarap, ingkang dipun garap Nonah Dhorah kalihan Radèn Sumarta. Botên dangu katungka dhatênging kônca-kônca main sanès-sanèsipun sami gêgandhengan. Nonah Dhorah lajêng manggihi prawan Jawi ingkang gêgandhengan kalihan Nyonyah Hèphêl, guru sêkolah. Anggènipun murugi kalihan lumajêng, minôngka panylamur anggènipun nêdya ngesahi dhatêng patrap gêgujêngan ingkang ambêbayani punika. Ing ngriku lajêng wiwit main, tataning main atêtandhingan.

Tumrapipun têtandhingan, tamtu kemawon Nonah Dhorah milih mêngsah Radèn Sumarta, awit kintên-kintên namung Radèn Sumarta ingkang sagêd dados mêngsah gogot. Nanging mênggahing lair, anggènipun têtandhingan wau botên kok gadhah pangangkah murih sagêd tansah sêsawangan, pancèn ngudi dhatêng kasagêdan main tênis yêktos, awit Radèn Sumarta sampun misuwur kasagêdanipun ing bab main tênis. Dene pinanggihipun, Radèn Sumarta botên katingal mêmpêng, pambucaling bal namung dipun angkah sasakecanipun, murih Nonah Dhorah sagêd gampil anggènipun nampèni, lan malih salêbêtipun main sarèh makatên punika sagêd matrapakên ginêm ririh, ingkang sagêd kamirêngan cêtha.

Radèn Sumarta wicantên: Dhorah, aku ora têga ngalahake kowe.

Nonah Dhorah mangsuli asêmu grêgêtên, nanging taksih linut ing èsêm: Umukmu. Satêmêne kowe iya pancèn kalah têmênan.

Sabên bibaring main, Radèn Sumarta ajêg ngêtêrakên mantuk Nonah Dhorah, dumugi sangajênging griya. Nanging Radèn Sumarta botên nate purun malêbêt dhatêng griya, sanadyan dipun acarani bapakipun Nonah Dhorah pisan, ugi botên purun, awit Radèn Sumarta mangrêtos, bilih anggènipun ngacarani tiyang sêpuhipun Nonah Dhorah wau botên têrus ing manah, sagêd kêtitik saking sêmuning polatanipun. Dados anggènipun ngampirakên wau namung lêlamisan kemawon.

Makatên ugi ing dintên wau, Radèn Sumarta ngêtêrakên Nonah Dhorah ngantos dumugi ing ngajêng kori, atêtabikan araos gumèndhêl.

Ing ngriku manahipun Radèn Sumarta rumaos mangu-mangu. Manawi mirid ing pasang pasrawungan, Nonah Dhorah kintên-kintên anglanggati trêsnanipun. Nanging ing bab tindak anggèrèt tangan kados kala wau punika, katingalipun botên adamêl kadugi, mila lajêng andadosakên mangu-mangu ing manah.

Ing ngriku Radèn Sumarta ambatos: Ing kene kawêkasane, dadi saupama ora kasêmbadan saiki, ya uwis.

Radèn Sumarta ing sadèrèngipun pêpisahan, wicantên dhatêng Nonah Dhorah makatên: Liburmu kari limang dina êngkas ya, Dhorah. Nganti saprene kowe durung kalakon niliki gambar-gambaranku kang lagi mêntas tak gawe. Apa kowe sesuk sore wayah jam lima gêlêm mênyang omahku. Kajaba nonton gambar, isih ana gunêm liya-liyane.

Ngantos sawatawis pandurat, Nonah Dhorah tanpa ngucap, namung tumungkul kemawon, kados anggagas-gagas.

Radèn Sumarta angambali wicantên kalihan anggrayangi tanganipun Nonah Dhorah: Apa alane yèn kowe mênyang ing omahku ta, Dhorah. (Badhe kasambêtan)

--- 45 ---

Nomêr 12, Taun III.

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn, kawêdalakên sabên Sabtu.

Pitakèn dhatêng Rama Sêbul

Bab Sulapan

Sadèrèngipun kula matur pitakèn, langkung rumiyin kula nyuwun sih gunging pangapuntên. Jalaran kula lare parêdèn, ingkang sapunikanipun taksih dados murid, sinau ing pamulangan dhusun Rawajali, Kêjajar. Dados inggih sampun têmtu dèrèng sagêd mathuk, nama undha-usuking ukara, ewasamantên kula kamipurun, ngaturakên sêrat ing ngarsanipun Rama Sêbul, adhapur pitakèn. Bokbilih karsa paring wangsulan, lumayan kangge imbêt-imbêt sêsêrêpan kula.

Ing sabên dintên Rêbo, lan dintên Sêtu, kula tansah dipun paringi sêrat waosan saking guru kula. Mênggah sêrat wau namanipun: Kajawèn. Dhawuhipun guru, kula kapurih maos ing griya, kanggea indhaking sêsêrêpan kula.

Sarêng buku punika sampun kula tampi, ugi kula waos. Ingkang kula rêmêni ing bagean Taman Bocah, jalaran ing ngriku waosanipun anyênêngakên, lucu tur anggumujêngakên. Punapadene wontên kawruhipun: sulap. Saya anggèn kula ngudi anggènipun maos, migatosakên sulap. Kala-kala kula cobi, kula pamèrakên dhatêng kônca kula dolan. Mila inggih sami gumun ningali kasagêdan kula, tiru-tiru sulap.

Anuju satunggiling dintên, kula wontên ing pamulangan, pinuju ngaso, kula dolanan kalihan kônca-kônca kula. Dangu-dangu guru kula nyêlak, sarta dhawuh: Mara, Sis, olèhmu sinau sulap pamèrna kancamu. Sarêng kula mirêng dhawuhing guru, kula inggih lajêng tumandang nyulap. Saking sênêng kula marsudi dhatêng sulap, kula inggih tansah sêdhia. Ing ngriku salêbêtipun kula nyulap, dipun tonton dening kônca-kônca kula, lan saking sênêngipun anggènipun ningalti,[8] sami surak-surak. Tiyang-tiyang ingkang sami langkung ing margi, inggih sami kèndêl, mrêlokakên ningali. Ing ngriku kêtingal rêna sangêt, guru kula anggènipun mriksani. Jalaran saking anggèn kula moas Kajawèn.

Satêlasipun anggèn kula nyulap, guru kula inggih lajêng mamèrakên kasagêdanipun nyulap. Mênggah guru kula anggènipun nyulap wau, ing Taman Bocah ngriki, kados-kados dèrèng wontên ingkang paring pitêdah. Mila kula inggih tansah lajêng gumun [gumu...]

--- 46 ---

[...n] malih. Kula matur dhatêng guru kula, supados karsaa anjarwani wadosipun. Namung guru kula botên karsa anjarwani. Ing batos kula kêpengin sangêt mangrêtos wadosipun. Dangu-dangu guru kula dhawuh: Sis, yèn kowe kêpengin wêruh wadine anggonku nyulap, mara takona bae mênyang Rama Sêbul, mêngko rak banjur diwangsuli ana ing Taman Bocah kono.

Mila kula prêlu pitakèn dhatêng rama, mugi karsaa anjarwani, sulapipun guru kula wau.

1e. Guru kula nyuwèk-nyuwèk krêtas abrit, biru, pêthak, dipun têdahakên dhatêng kônca-kônca kula, kalihan ngêndika: Bocah-bocah, dêlêngên, iki rak krêtas wis tak suwèk-suwèk ta. Iki arêp tak pangan, mêngko mêsthi bisa dadi krêtas glintiran kaya cêmêthi.

Èstu, krêtas punika dipun mamah, lajêng dipun êlêg, sarêng sampun dipun lêg, lajêng dipun utahakên malih, dipun lorod saking sakêdhik, dados krêtas glintiran urut-urutan. Abrit, biru, pêthak, ngantos panjang sangêt.

2e. Guru kula mundhut bênang pêthak pêngaos sak sèn. Dilalah wontên lare kônca kula ingkang gadhah, lajêng dipun aturakên. Sarêng bênang wau sampun dipun tampi, lajêng dipun pêdhot-pêdhot, ngantos dados sakilan-sakilan. Bênang wau inggih lajêng dipun mamah, kêtingalipun inggih lajêng dipun lêg. Sarêng sampun inggih lajêng dipun utahakên malih, dipun lorod saking sakêdhik, dipun ulur saking cangkêm. Ingkang ngulur inggih lare ingkang gadhah bênang wau. Wusana bênangipun taksih wêtah, tur inggih botên têlês. Malah bênang wau lajêng kasukakakên wangsul malih dhatêng ingkang gadhah.

Taksih kathah malih tunggilipun. Namung sarèhning kula sayah anggènipun nyêrati, benjang malih kemawon kula pitakèn sanèsipun.

Wusana mugi tumuntêna Rama Sêbul paring katrangan, sulapipun guru kula ingkang kasbat ing nginggil.

Saking kula. Murid dhusun Rawajali, Kêjajar, Siswa.

Iki patute nak Sucitra king Banyudana, sing bisa nêrangake.

Pak Sêbul.

Trêsna Bapa

II. Olèh Kônca

[Mijil]

kang mangkono Wêlas ora mikir / plaur wêtêng kothong / ing wusana Wêlas suwe-suwe / lakune wis anyêdhaki bêngi / thêmêk-thêmêk rindhik / mripate rawat luh //

wise surup ketok kêlip-kêlip / diyan isih adoh / diparani ing sakapenake / kira-kira wis jam wolu bêngi / nuli anyêdhaki / masjid cilik munggul //

saka jaba Wêlas milang-miling / dhèhèm watuk oh-oh / nganti suwe angantarakake / jêron masjid ketoke mung sêpi / Wêlas banjur muni / salam ngalaekum //

ora suwe ana wong marani / malakune alon / ing sêmune sajak nyamarake / awit ana [a...]

--- 47 ---

[...na] uwong têka bêngi / Wêlas alon muni: / Mas, mas kula nuwun //

mugi wontên mirahing panggalih / sadalu kemawon / kula badhe sipêng yèn marêngke / kula tiyang asli saking têbih / kadalon ing margi / dèrèng sêrêp purug //

uwong mau iya amangsuli / nanging sajak songol / kenging mawon môngga sakarsane / uwong mau nuli mlêbu bali / Wêlas nuli linggih / lan ngêlus-lus dhêngkul //

barêng uwis rada wayah bêngi / Wêlas mapan lêson / ora ana wong ambagèkake / dikira yèn kono pancèn sêpi / ora diênggoni / yèn ing bêngi suwung //

barêng kira uwis têngah bêngi / ana uwong alok / angêbaki masjid suwarane / nuli krungu uwong digêbugi / sambate ngrêrintih / lan anjaluk maklum //

saya sêru wong sing anggêbugi / bag-bug ora pêdhot / ora tahan Wêlas suwe-suwe / nuli mara arêp anakoni / barêng cêdhak muni: / Ontên napa niku //

têka sangêt tega amisakit / anggêr purun mawon / êmbok mawi dipun têpakake / saupami gêntos pun gêbagi / punapa ta inggih / botên tulung-tulung //

wong sing krungu pitakonan kuwi / mripate malolo / lan mangsuli bangêt ing nêpsune / dika mênêng ampun cêcariwis / napa dika ngrêti / têng uwiting luput //

Wêlas sarèh anggone mangsuli / kang sabar kemawon / tiyang sabar agêng ganjarane / kaparênga kula takèn inggih / punapa kang dadi / jalaraning luput //

rada sarèh wong kang ditakoni / wangsulane alon / ingkang dados ing mulabukane / rumiyine niki utang dhuwit / sampun sangêt lami / botên purun nyaur //

yèn ditagih mubêng mrika-mriki / botên nate maton / wangsulane êmung esuk sore / hara sintên sing botên manasi / mula pantêse ming / ditagih ing pênthung //

pun kajênge kula ing saniki / ajêng adol bandhol / nadyan dadi prakara ing têmbe / nanging êmpun lêga krasa ngati / mulane saniki / ajêng kula êjur //

Wêlas mèsêm karo mituturi / mangke alon-alon / kang panggalih sae pun sarèhke / sampun namung nguja muring-muring / botên mikantuki / tiwas ngêndhêm luput //

saupami anguja panggalih / anggêbagi katog / kalampahan dados lan patine / punapa ta kang pun kukup wingking / malah bokmanawi / nyaur ukum gantung //

wontênipun tiyang anyidrani / dèrèng tamtu awon / sagêd ugi saking malarate / saupami gadhah: napa inggih / badhe anyidrani / prêlu pados luput //

ing samangke kula anêngahi / badhe atêtakon / pratelaa pintên sambutane / saupami sagêd kula niki / purun anambêli / anyauri krupyuk //

barêng krungu wong sing anggêbugi / atine krasa plong / banjur ngira yèn bali dhuwite / mula banjur amangsuli lirih / gih sadasa ringgit / kriyin mulung krupyuk //

wise ngono Wêlas angulungi / karo clathu alon / lah punika rupiyah salawe / katampèna minôngka nêbusi / kula mung sadarmi / lugu atêtulung //

uwong mau anampani dhuwit / salawe mêlorok / nganti ketok andhrêdhêg tangane / wong sing utang banjur diluwari / anggêblas nglungani / nyang pêtêngan angslup // (Bakal disambung)

--- 48 ---

Anèh-anehan

Dhèk Sêtu kêpungkur ing Taman Bocah mêntas ngandhakake bab anèh-anehan, ya kuwi pongpongan sing gawene nyolong piyik manuk ana susuh, dadi ya mènèk barang. Ing saiki arêp ngandhakake anèh-anehan manèh, nanging sadurunge ngandhakake anèh-anehan mau, ing kene arêp ngobrol dhisik, prêlune mung supaya cêtha, yèn anèh-anehan sing arêp dikandhakake iki têmênan.

Dhèk biyèn ana wong dhêmên ngobrol, olèh tandhing padha wong ngobrol, sijine karan obrol gêdhe, sijine karan obrol cilik, mungguh karane mau, karêpe ora kok sing siji ngobrol bangêt, ya kuwi gêdhe, utawa sijine ora pati ngobrol, ya kuwi cilik, nyatane padha obrol kabèh. Dongèngane mangkene:

Ana wong ngobrol, unine: Wah dhèk cilikanku, bapak yèn anggawèkake layangan nganti ora mêkakat, la wong layangan kok ragangane pring pêtung wutuhan, dluwange lulang kêbo, taline dhadhung mênilah, nganggo didokoki sawangan, suwarane ambêngung nganti kaya pabrik.

Saka anèhe mau, nganti ora ana wong sing wani ngungkuli obrole, la wong ya barang gêdhe kok samono. Iya jalaran saka anggone ngobrolake gêdhening layangan mau, uwong mau banjur diparabi si ngobrol gêdhe.

[Grafik]

Nanging jêbule uwong mau olèh tandhing uga wong ngobrol. Wong ngobrol sing kapindho, barêng krungu ana sing ngobrol kaya ngono mau banjur nyambungi: Kuwi kosokbali karo bapakku, dhèk aku isih cilik tau ditukokake manuk êmprit cilik, saka cilike nganti tak arani dhêle, la wong ya yèn tak pakani bêras, sabên lagi dithothol, durung nganti kolu, bêrase wis jujul mêtu silit. Manuk mau barêng wis bisa ngocèh, nganyêlake bangêt, ketoke wis anggantêr ngocèh, nanging ora krungu suwarane. Barêng anu aku akal, êmprit mau sabên ngocèh tak lêbokake kuping, wah suwarane lamat-lamat kaya piyul.

Wose kabèh mau obrol. Ing saiki arêp ngandhakake anèh-anehan têmênan, ing nagara Bêrlin, ana jaran cilik bangêt, ing sajagad, jaran mau sing cilik dhewe, dhuwure mung 60 cm, wujude kaya ing gambar. Ta, anèh ora.

Saupama anèh-anehan mau ora ana wujude, mêsthi dipaido bocah akèh.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---


digrênêngi. (kembali)
digrênêngi.
Kurang satu suku kata: maos ayat ganti-ganti. (kembali)
Kurang satu suku kata: maos ayat ganti-ganti.
Lebih satu suku kata: minggah dhatêng ing mimbar. (kembali)
Lebih satu suku kata: minggah dhatêng ing mimbar.
warninipun. (kembali)
warninipun.
bangsanipun. (kembali)
bangsanipun.
batihipun. (kembali)
batihipun.
sawarnining. (kembali)
sawarnining.
ningali. (kembali)
ningali.