Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-09-01, #33

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-09-01, #33. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-09-01, #33. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
Image

Ôngka 35, 4 Mulud Taun Jimakir 1858, 1 Sèptèmbêr 1927, Taun II.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [601] ---

Ôngka 35, 4 Mulud Taun Jimakir 1858, 1 AgustusSèptèmbêr. 1927, Taun II.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Kêmis.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Gêdhong Gêmintê Rad ing Surabaya.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar gêdhong gêmintê rad ing Surabaya. Ing ngriki para maos sagêd anêksèni piyambak agêng saha asrining griya gêmintê punika.

--- 602 ---

Wawasan Tumrap Sêrat-sêrat Anggitan Dalêm Swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV.

Minôngka Pêpèngêt. (Miturut karanganipun Dr. Th. Pigeaud).

Candhakipun Kajawèn ôngka 34.

[Sêrat pitutur punika wontên pintên-pintên bab, kaperang-perang manut golong-golonganing tiyang ingkang katuju (santana, punggawa, para upsir lan sanès-sanèsipun), isinipun pitutur wau ingkang kathah-kathah awarni pamrayogi dhatêng kautamèn, ingkang gêgayutan kalihan gêsanging tiyang ing sadintên-dintên, sarta kathah ingkang katêrangakên ngangge upami utawi têtuladan mirit dhatêng kawontênaning kodrat. Satunggal-tunggaling anggitan isi piwulang têmbunging guru (ing ngriki: kangjêng gusti piyambak) dhatêng para muridipun, ananging warni pitutur lugu, botên wontên ingkang anjalèntrèhakên pamanggih.

Anggit-anggitan ingkang langkung sêpuh tinimbang karanganipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV inggih sampun wontên ingkang dhapur pitutur. Kados ta Sêrat Wulangrèh. Mênggah suraos ingkang dados isinipun sêrat pitutur karanganipun Kangjêng Gusti Mangkunagara wau kenging kawastanan sami kemawon kalihan Sêrat Wulangrèh, jalaran sami dene ngugêm-ugêmi dhêdhasaring kautaman miturut pamanggih Islam Jawi. Namung kemawon manawi dipun titik-titik, karanganipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV kados-kados radi ngantêpakên têtanggêlaning para agêng anggènipun ngrêksa karaharjaning tiyang alit. Sêrat pitutur anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara wau namung sami tumrap pasrawunganing gêsang sêsarêngan. Sêrat isi kawruh batos ingkang kacariyosakên anggitan Mangkunagaran IV inggih wontên, ananging sêmunipun kalintu.

Sêrat-sêrat pitutur wau basanipun kalêbêt prasaja, botên niyat kangge ngebarakên kasagêdan ing bab panganggening têmbung, mila têmbung-têmbungipun Kawi inggih botên kathah, beda sangêt kalihan ingkang sêrat-sêrat rêrumpakan.

Sêrat-sêrat karanganipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV ingkang sanès golongan, nanging kathah èmpêripun kalihan sêrat pitutur wau, inggih punika ingkang awarni sêrat kintunan mawi sinawung ing sêkar, ingkang kathah tumuju dhatêng para putra utawi santana. Sêrat-sêrat kintunan punika limrahipun ugi sami isi pitutur, botênipun inggih isi wawasaning panggalih, ananging mêsthi wontên salah satunggiling bab ingkang dados lantaran, mila lajêng wontên èmpêripun sawatawis kalihan anggitan ingkang pandamêlipun namung manawi kêlêrêsan kalamangsanipun. Basanipun sêrat-sêrat kintunan wau kathah èmpêripun kalihan ingkang kaangge wontên ing pitutur, ananging wontên ugi sêrat kintunan ingkang rinakit wangsalan, dados mirib kalihan anggitan ingkang ngebarakên pambusananing basa. Sêrat kintunan sinawung ing sêkar wau kenging kawastanan ada-adanipun Kangjêng

--- 603 ---

Gusti Mangkunagara IV piyambak. Inggih lêrês ing sadèrèngipun wontên ada-ada wau ugi sampun wontên sêrat kintunan mawi sêkar, ananging namung manawi pancèn dados saperanganing sêrat-sêrat cariyos ingkang kasêkarakên.

Anggit-anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV ingkang sagolongan malih babagan busananing basa, inggih punika sadayaning anggitan, ingkang pangrakitipun mawi rinêngga-rêngga. Anggitan punika wontên ingkang babar pisan awujud wangsalan, sarta kêtitik bilih pandamêlipun kanthi pangatos-atos murih runtuting sadayanipun.

Kajawi anggit-anggitan ingkang awarni sêkar Macapat, anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV ugi wontên ingkang sinawung ing sêkar Têngahan sarta sêkar Agêng, ingkang salêrêsipun sampun botên kêlimrah. Malah kangjêng gusti ugi yasa têmbang enggal, sawênèh mirib têmbang ingkang sampun wontên, sawênèh malih awujud têmbang sungsun, kaestha kados pitakèn lan wangsulan.

Anggit-anggitan ingkang makatên punika mathukipun manawi kalagokakên, malah kathah ingkang bakunipun pancèn kangge gerongan. Gêndhing ingkang dados jodhonipun gerongan anggitan Mangkunagaran wau wontên ingkang gêndhing lami wontên ingkang pancèn yasan enggal, ugi anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV piyambak, botênipun inggih mêksa kanthi pitêdahipun kangjêng gusti.

Suraosing gerongan wau mawi sêdyaning panggalih nalika panganggitipun, ingkang kathah-kathah awujud wêdharing raosipun manah gandrung dhatêng wanita, ananging wontên ugi ingkang namung ngrumpaka wit-witan, têtuwuhan, sêsêkaran lan sanès-sanèsipun, mawi kasêmpètakên dhatêng raos utawi kayungyuning manah.

Ing anggit-anggitan punika kêtingal sangêt kathahing sêsêrêpan sarta sêngsêmipun swargi Kangjêng Gusti Mangkunagara IV dhatêng kodrating alam.

Sadangunipun Kangjêng Gusti kaping IV nganggit-anggit, wiwit kawitan mila sampun nganggit-anggit rêrumpakan makatên wau, ananging ingkang kathah-kathah sami anggitan ing sabakdanipun taun Jawi 1800 utawi taun Walandi 1871. Anggitan ingkang kangge gerongan wau radi wontên èmpêripun kalihan ingkang dados rêrumpakaning lampah, beda sangêt kalihan ingkang isi pitutur.

Gêgerongan wau kenging kawastanan anggitanipun Kangjêng LustiGusti. Mangkunagara IV ingkang pêthingan sarta murni sayêktos. Ing ngriku kêtingal luhuring panggalih, alus lan lêmbating raosipun kangjêng gusti punapadene sugihipun anggit, sampun mathuk sangêt tumraping kagunan kraton ing Surakarta, ingkang kala samantên radi mumbul malih ing sawatawis. Gêgerongan sarta gêndhing anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV wau kenging kawastanan wêdharing raosipun nagari Surakarta ing bab kagunan ingkang sakêlangkung alus, ngantos sagêd anjalari kèrêm lan koruping manah. Kajawi punika anggit-anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV wau têrah-tumêrah lajêng dados ancêr-ancêr tumraping pangudi dhatêng têmbang sarta gêndhing. Kadosdene pangudinipun Kangjêng Gusti Mangkunagara V punika inggih napak tilas anggitanipun Kangjêng Gusti kaping IV.

Ing nginggil dèrèng kacariyosakên, bilih

--- 604 ---

wontên karang-karangan sawatawis ingkang kaakênakên anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV, nanging kintên-kintên sanès tapak astanipun kangjêng gusti ingkang salugu, jalaran bokmanawi kemawon kangjêng gusti namung urun-urun sawatawis. Karangan ingkang makatên punika ugi botên wontên pêthinganipun ingkang pancèn kenging kangge titikan kalangkunganing kasagêdanipun kangjêng gusti ing bab nganggit-anggit.

Mênggah ingkang dados kalangkunganipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV wau botên ing sawarnining bab nganggit-anggit, kados ta: ing bab nganggit cariyos sarta ngarang babad sinawung ing sêkar, botên wontên titiking kalangkunganipun. Ing bab nganggit sêrat pitutur inggih botên nama linangkung. Sêrat-sêrat pitutur ingkang dêlês anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV piyambak, punika inggih lêrês dipun aji-aji ing akathah, ananging pangaji-ajinipun punika bakunipun jalaran ngèngêti yèn yasaning priyagung luhur.

Sêrat-sêrat anggitan dalêm swargi Kangjêng Gusti Mangkunagara IV ingkang pantês dipun aji-aji sangêt inggih punika ingkang nelakakên pinunjuling dhêdhasar dhatêng gêndhing sarta lêlagon, lêmbating raos dhatêng swara sarta wirama punapadene kawêgiganing nganggit-anggit mawi rinêngga ing busananing basa. Kalangkunganing anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV punika bakunipun ing prakawis mardawalagu sarta busananing basa. Tumrap ing jaman enggal Kangjêng Gusti Mangkunagara IV wau pancèn kenging kawastanan ahli rumpakan kratonan ingkang pinunjul piyambak, anggit-anggitanipun nama dados têtunggul tumraping babadipun kasusastan Jawi, têtêp ngantos dumugi ing titimôngsa punika taksih dados tuladan.

Badhe kadadosanipun ing têmbe dèrèng kenging kakintên-kintên, anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV wau punapa lêstantun dados paugêran, punapa ingkang badhe saya ngrêbda punika trajang enggal, ingkang wiwit nêbihi raos pangraosing trah ngaluhur ingkang kalusên.

Pambikakipun Pamulangan Dhoktêr Luhur.

Candhakipun Kajawèn ôngka 34.

Sêsorahipun Tuwan Prof. Boeke.

Ing sadèrèngipun anglairakên pigunaning pamulangan dhoktêr inggil, pamêdhar sabda ngaturakên gênging panuwun dhatêng para tuwan-tuwan ingkang sami mirêkaos nindakakên ing damêl, ingkang ngantos kasêmbadan sagêd [sa...]

--- 605 ---

[...gêd] ngêdêgakên pamulangan luhur punika. Panuwun wau katur dhumatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral D. Fock tuwin kangjêng tuwan ingkang wicaksana ingkang jumênêng sapunika, makatên malih dhatêng ingkang sami gêgayutan bab wau.

[Grafik]

Nginggil punika gambaripun Paduka Tuwan Prof. Dr. J. Boeke.

Pigunaning pamulangan luhur.

Adêging pamulangan luhur punika saèstu adamêl gambiraning manah, dening botên prêlu ngawontênakên dhêdhasar kathah, awit sampun wontên, inggih punika Stovia ingkang sampun tumindak 76 taun.

Wontênipun Stovia kalihan Nias punika migunani agêng sangêt tumrap kawilujênganing rakyat.

Bab rumêksaning kasarasan, kados ingkang sampun dipun tindakakên dening Stovia tuwin Nias, punika wontênipun ing pamulangan luhur wau inggih katindakakên, malah kapara dipun ajêngakên.

Pamulangan luhur punika kangge ing ngakathah, kalihan Stovia wontên bedanipun, tuwin Stovia kapetang namung pangajaran têngahan. Dene tumrapipun pamulangan luhur punika, sanadyan tiyang ingkang calon dhoktêr nagari Walandi, ugi sagêd katampèn ing ngriku, awit pangajaranipun sami kemawon.

Pamulangan dhoktêr luhur punika dados têlênging kawruh, mila sêsanggenipun awrat. Kawontênaning samukawis damêl ing bab sêsakit, bab panulaking sêsakit, bab ngèlmu badaning manungsa, serum tuwin baktèri, punika sampun dipun anggêp langkung dening para bijaksana ing nagari Walandi. Makatên ugi mênggahing panganggêpipun Sir Andrew Balfour bijaksana bôngsa Inggris, ingkang misuwur ing asma, ugi mastani langkung dhatêng bab kadhoktêran ing India ngriki. Nanging èwêd-pakèwêd tuwin rêkaos wau, badhe sagêd ènthèng manawi dipun êcakakên kanthi nyambutdamêl sêsarêngan.

Kuwajibaning dhoktêr.

Tuwan Prof. J. Boeke lajêng ngandharakên bab tindaking guru agêng kalihan sêtudhèn, wosipun mênggah ing dhoktêr, kêdah kadunungan trêsna ing sasami.

Wêdalipun Kajawèn benjing ing dintên Kêmis ngajêng, badhe ngêwrat sêsorah dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral.

--- 606 ---

Para Guru Agêng ing Pamulangan Dhoktêr Luhur.

[Grafik]

Prof. Dr. C. Bakker.

[Grafik]

Prof. Dr. W.A. Mijsberg.

[Grafik]

Prof. Dr. W.M. Docters van Leeuwen.

[Grafik]

Prof. Dr. N.J.A.F. Boerma.

[Grafik]

Prof. Dr. H.C. Delsman.

[Grafik]

Prof. Dr. C. Bonne.

[Grafik]

Prof. Dr. Otten.

[Grafik]

Prof. Dr. J. Boerema.

--- 607 ---

Bandera Kabangsan Jêpang.

Para maos tamtunipun sampun sami anguningani piyambak, sabên-sabên wontên karamean agêng, ingkang gêgayutan kalihan ing tanah Jêpang, para têtiyang Jêpang ingkang sami bikak toko wontên ing jajahan nagari ngriki, sami tumut angurmati ambèbèr banderanipun, inggih punika ingkang adhasar pêthak ing têngah mawi bundêran abrit. Bundêran abrit ing têngah-têngahing bandera wau, dados pasêmon palêthèking surya. Wontênipun karajan Jêpang ngangge bandera ciri palêthèking surya, punika miturut sêrat kalawarti ''The Young East'' kintên-kintên makatên:

[Grafik]

Nginggil punika gambaring bandera kabangsan Jêpang.

Nagari Jêpang punika sami-sami nagari, sabên taun-taunipun kathah têrangipun katimbang jawahipun, amila inggih mèmpêr manawi dipun wastanana: nagari panggenan surya. Miturut cariyosipun Sang Putri Amatêrasu, inggih ingkang kasuwur kawastanan dèwining srêngenge, punika kaanggêp ingkang nurunakên warga karajan Jêpang pancêr saking èstri. Ing babad nyariyosakên, miturut piandêling bôngsa Jêpang, kala sang putri umpêtan wontên ing korining langit, ing donya lajêng pêtêng andhêdhêt. Raja Jêpang punika ugi dipun anggêp têdhaking srêngenge, lan wisesanipun dipun samèkakên kados soroting srêngenge amadhangi jagad botên mawi pilih papan. Kala jaman kinanipun têtiyang bôngsa Cina, manawi mastani Jêpang: Sipon, mênggah têgêsipun: aslining srêngenge, dene nagarinipun: nagari panggenanipun srêngenge mlêthèk. Nama Sipon wau, dening para ingkang sami ngumbara ing jaman kina, kados ta: Marco Polo lan sanès-sanèsipun, dipun sêbut: Sipangu, danguning dangu lajêng dipun wastani Jêpang. Dados Jêpang utawi Sipon inggih punika miturut sêsêbutanipun têtiyang Jêpang piyambak, punika anggadhahi têgês: asalipun srêngenge. Dumugining dintên samangke, têtiyang Jêpang ing padhusunan taksih kathah anyêmbahyangi srêngenge. Ingkang punika amila inggih botên anggumunakên, bilih pamlêthèking srêngenge punika salajêngipun nuntên dados gambar pasêmoning kabangsan.

Kala ing taun 1056: tiyang nama Abe Yoritoki asli saking salèr wetaning tanah Jêpang, ambalela dhatêng Sang Raja Gorezei. Ingkang dados têtungguling prajuriting narendra amangsah kraman wau, nama Minamoto Yoryoshi, sapêjahipun Abe Youtoki kraman wau kalajêngakên dening anakipun kêkalih nama: Sadato tuwin Muneto, dene ingkang kajibah

--- 608 ---

angawonakên kraman ingkang kantun punika: Jendral Yosiihye inggih kalêbêt brayatipun Minamoto kasbut nginggil. Danguning kraman punika kirang langkung 9 taun, amila ing babad Jêpang pêrang sabôngsa wau, dipun wastani paprangan sangang taun, namung punika kangge ambedakakên kalihan wontênipun paprangan tigang taun, ingkang wiwitipun ing taun 1088, inggih punika kala sadhèrèk kêkalih: Kiyohara Takehira lan Iyehira ambalela dhatêng sang raja, dene ingkang ambengkasakên kraman wau, inggih Jendral Yoshiiye nginggil wau.

Jalaran saking agênging lêlabêtanipun bêbrayataning Minamoto dhatêng raja, wusana sang raja lajêng amaringi dhatêng Jendral Yoriyoshi bandera lakên kêkalih, ingkang satunggal sinulam ing bênang êmas apêtha srêngenge, satunggalipun sinulam ing bênang salaka apêtha rêmbulan. Sabibaripun paprangan sangang taun tuwin paprangan tigang taun wau, bandera kêkalih lajêng kaparingakên dhatêng Minamoto Yoshikuni inggih punika putranipun Jendral Yohiiye ingkang ôngka tiga, salajêngipun Yoshikuni adamêl bandera kalih ingkang wujudipun kadosdene bandera paringipun sang nata, saha lajêng kaparingakên putranipun jalêr kêkalih. Bandera ingkang satunggal ingkang mawi ciri srêngenge, saha ingkang wontên bundêranipun kanthi garis kêncêng satunggal [Grafik] kaparingakên dhatêng Minamoto Yoshishige, inggih punika ingkang lajêng nurunakên darah Nitta, dene bandera satunggilipun ingkang aciri rêmbulan saha wontên bundêranipun mawi garis kêncêng kêkalih [Grafik] kaparingakên dhatêng Yoshiyasu inggih punika ingkang nurunakên Ashikaga ingkang jumênêng pangagêng ing nagari Jêpang kala taun 1338 dumugi taun 1573. Dene darah Shimatsu ingkang dêdunung wontên ing sakidulipun Kijushu (Jêpang), punika dede bangsaning darah Minamoto sarta anggadhahi bandera piyambak, aciri bundêranipun garis mrapat [Grafik].

Jendral Yoshishige kasbut nginggil, inggih punika ingkang nurunakên darah Nitta, ugi anurunakên darah Tokugawa kalihan darah Sakai. Para darah Tokugawa punika kathah ingkang sami dados adipati anguwasani tanah Jêpang (1603-1868), dene darahipun Sakai punika kala alamipun para adipati darah Tokugawa kathah ingkang sami dados bôngsa luhur. Darah kêkalih wau sami anggadhahi bandera ingkang aciri srêngenge kapulas abrit dipun dhasari pêthak, dados wujudipun kadosdene bandera Jêpang kabangsan samangke punika. Bandera ingkang wujud makatên wau, tuwuhipun kala ing abad 15, dados wontênipun bandera ingkang aciri palêthèking surya punika, inggih sampun wiwit kala abad 15 wau.

Ing taun 1854 pamarentah Jêpang andhawuhakên dhatêng para kawulanipun sadaya, bilih bandera ingkang aciri palêthèking surya, dados banderanipun sadaya baita ing tanah Jêpang, saha salajêngipun para darah-darah wau sadaya dipun icali, ing wusana bandera kasbut nginggil katêtêpakên dados banderaning kabangsan.

--- 609 ---

Babadipun Tiyang Tani Pribumi.

(Sambêtipun Kajawèn ôngka 34)

Dangu-dangu kawontênanipun ing Awu-awu inggih kasumêrêpan ing sanès, malah Tuwan Arjadipura lajêng asring katamuwan tiyang ingkang lajêng dados mitra, tuwin trêkadhang katamuwan priyantun.

Ing taun 1923 Tuwan Arjadipura dipun pilih dados pangarsa pakêmpalan Tani Kopi ing kawêdanan Gêntèng. Ing ngriku lajêng têpang kalihan Tuwan Ottolander. Tuwan Arjadipura angsal piwulang kathah ing bab têtanèn, malah lajêng nganggêp guru dhatêng Tuwan Ottolander, wusana pitêpanganipun wau lajêng ngindhakakên kathahing pitêpangan dhatêng têtiyang ahli tuwin para priyantun.

[Grafik]

Sasêlaning wajib, sênêng-sênêng andrawina wontên ing pakêbonan.

[Grafik]

Para tuwan-tuwan pitêpanganipun Tuwan Arjadipura. Tuwan Arjadipura ingkang ngadêg ing sisih kiwa.

Ing wêkasaning taun 1924 Tuwan Arjadipura dipun pilih dados Widpolêk kredhit bang ing Banyuwangi tuwin dados bêstir komite "Pertoeloengan Among Tani".

Ing taun 1925 adêging kabudidayan wau angsal pambiyantunipun kulawarganipun Tuwan Arjadipura, ngantos sagêd ngawontênakên pabrik kangge kaprêluwaning wulu pamêdal, tuwin sitinipun dados 475 bau, ingkang 100 bau pakopèn, ingkang 225 bau sabin, dene sanèsipun calon pakopèn. [pa...]

--- 610 ---

[...kopèn.] Cêkakipun kawontênanipun ing kabudidayan wau sarwa mikantuki dhatêng panggêsanganing tiyang.

Ing sapunika sêdyanipun Tuwan Arjadipura anggènipun badhe anjêmbarakên kawruh bab têtanèn dhatêng tanah Eropah kasêmbadan, sêsarêngan kalihan Tuwan Ottolander. Ingkang badhe dipun ambah saking genua dhatêng Rome, ing ngriku wontên internationale landsbouw vereeniging. Saking Rome dhatêng pasitèn waradin ing po, ing ngriku papan têtanèn ing Eropah sisih kidul. Saking Po dhatêng Berlijn nglangkungi Zwitserland, wontên ing ngriku badhe sowan Tuwan Dr. Zimmerman, rumiyin dhirèktur Proefstation. Saking Berlijn dhatêng Boskoop wontên ing ngriku badhe sinau ing bab ngèlmi wowohan. Salajêngipun dhatêng panggenan sanèsipun malih ingkang dipun manah prêlu. Ugi badhe mampir dhatêng Mêsir ningali pasitèn ing Nil ingkang misuwur loh, tuwin ningali bêndungan ing Asoean, ingkang sajagad agêng piyambak.

Wusana Kajawèn mêmuji, mugi tindakipun Tuwan Arjadipura wau sampun kirang satunggal punapa, tuwin sagêda ngundhuh wohipun.

Kêthoprak ing Ngayogyakarta.

Wiwitipun ing Ngayogyakarta wontên têtingalan kêthoprak, punika wontên ing têngah-têngahing taun 1926, kabaripun asli saking Surakarta, dene dumuginipun ing Ngayogyakarta, ingkang dipun jujug ing kampung Dêmangan, salèr Balapan, dipun pitongtonakên. Sakawit ingkang ningali inggih botên sapintêna, nanging dangu-dangu saya kathah, malah ngantos mangsulakên ingkang ningali, saking katêlasan panggenan.

[Grafik]

Nginggil punika gambaripun kêthoprak, ing kampung Natatarunan, Pakualaman, ingkang sampun nate katimbalan wontên ing kraton Surakarta, sabagean lampahan Mad Salim.

Têtabuhanipun kêthoprak punika: lêsung, suling, trêbang lan kêndhang. Sandhang panganggenipun limrah kados pangangge padintênan. Sindhènipun mawi têmbang PucungPocung (dan di tempat lain). lan Mijil.

Sabibaripun kêthoprak ing nginggil wau, lajêng wontên kêthoprak barangan ingkang ambarang dhatêng pakampungan, ugi kathah ingkang nanggap. Sasampunipun punika lajêng ngêmbrah,

--- 611 ---

mèh sabên pakampungan wontên ingkang damêl pakêmpalan kêthoprak. Ingkang nyuwun palilah dhatêng pamarentah kemawon sampun 260 pakêmpalan, malah kapara langkung, punika dèrèng sajawining kitha.

[Grafik]

Kêthoprak, Natatarunan, Pakualaman, sabagean lampahan Jakasuraya.

Kêthoprak pakampungan wau sakawit têtabuhan tuwin panganggenipun inggih kados ingkang dipun tulad, nanging lajêng dipun wêwahi gitar, mandholin tuwin piyul, panganggenipun kados bangsawan, punapa malih têtêmbanganipun inggih dipun wêwahi. Dene lêlampahanipun mêndhêt saking sêrat-sêrat kina utawi suluk, kados ta: Jaka Tarub, Yusup, Suksma Nglêmbara, Jaka Kusnun tuwin sanès-sanèsipun.

Kawontênaning kêthoprak ing Ngayogyakarta punika pancèn ngeram-eramakên, paribasan ngantos dados kêmbang lambenipun tiyang sanagari, ngantos sagêd ngawonakên têtingalan sanèsipun, sanadyan para luhur pisan ugi sami karênan dhatêng kêthoprak.

Sintên ingkang dhatêng ing Ngayogya tamtu lajêng sagêd sumêrêp dhatêng nyataning wartos wau, awit ing samargi-margi lajêng mirêng suwaraning tiyang rêngêng-rêngêng lagu kêthoprak, tuwin sabên dalu tamtu mirêng bilih ing kampung anu wontên kêthoprak.

Salêbêtipun Jaarmarkt ing Ngayogyakarta ugi wontên têtingalanipun kêthoprak, tuwin sanès-sanèsipun. Ing ngriku kathahipun tiyang ningali, botên wontên ingkang nyamèni kados ingkang ningali kêthoprak.

Dalah jèsbènipun rèsturan Yap, punika manawi sampun ngancik têngah dalu, sasêlaning dhansah ugi mungêl lagu Pucung utawi Mijil kêthoprak. Tumrap tiyang ingkang kêsêngsêm, sagêd nyôndra: bilih ungêling jèsbèn lagu kêthoprak ing wanci têngah dalu wau, kados kumandhanging Jaarmarkt ingkang sami ngajak ngaso, wusana kumênyuting manahipun ingkang sami mirêng ngantos nabêt dipun bêkta dhatêng jaman pasupênan.

[Iklan]

--- 612 ---

Ingkang Bupati Enggal ing Batawi Radèn Tumênggung Ahmad

Kala tanggal kaping 25 Agustus ingkang kapêngkêr punika, ing Batawi sampun angêpyakakên Radèn Ahmad, patih Kabupatèn Batawi têtêp jumênêng bupati ing Batawi. Kala punika ingkang sami anjênêngi bôngsa luhur Walandi lan priyayi pribumi kathah sangêt. Jam 9.30 enjing, Paduka Tuwan Gupêrnur Jawi Kilèn sakalihan ingkang bupati enggal rawuh, mangagêm busana pameran. Ing ngriki botên pêrlu kacariyosakên malih anggènipun ngêpyakakên utawi amasrahakên sêrat kêkancinganipun dhatêng ingkang jumênêng bupati, jalaran sampun kawrat wontên ing sêrat-sêrat kabar sanèsipun, ing ngriki namung badhe mêthik saking sêrat kabar ind.crt mênggah kawontênanipun Radèn Ahmad sadèrèngipun jumênêng bupati kados ing ngandhap punika:

Radèn Tumênggung Ahmad

Radèn Tumênggung Ahmad.

Radèn Ahmad anggènipun dados patih tigang taun. Miturut katranganipun Radèn Ahmad piyambak, salêbêbtipun dados patih saha sadangunipun wontên ing Jawi Kilèn wau, sagêd uninga mênggah watak-watak utawi kawontênanipun têtiyang ing Jawi Kilèn ingkang beda sangêt kalihan wêwatêkan utawi kawontênanipun têtiyang ing Jawi Têngah. Kala samantên Radèn Ahmad namung numpak baita utawi tindak dharat kemawon. Pangandikanipun kanthi gumujêng: bokmanawi namung saking anggèn kula mlampah kemawon punika, wontênipun kentol kula katingal kêncêng. Inggih jalaran saking makatên wau, Radèn Ahmad lajêng sagêd tamat dhatêng kawontên utawi wêwatêkanipun têtiyang pribumi ing Jawi Kilèn. Sanadyan Radèn Ahmad punika priyantun Jawi dêlês, miturut katranganipun, trêsna lan asih sangêt dhatêng têtiyang Batawi, amargi anggènipun gadhah watêk blaka suta sarta prasaja.

Radèn Ahmad punika dede golonganing kaum pulitik, saha botên tumut-tumut kalihan pakêmpalan punapa kemawon. Sapêngkêripun saking Surabaya, Radèn Ahmad lajêng mêngkêr dhatêng golonganing pakêmpalan. Punapa malih saking pangandikanipun, tiyang dados bupati punika panggalihanipun kêdah mardika (nêtêpi kuwajibanipun) botên kenging tumut gêgayutan kalihan pakêmpalan. Sanadyan makatêna, Radèn Ahmad botên awatak kina, inggih anjamani. Sintên tiyang ingkang sampun nate awawan sabda kalihan ingkang bupati wau, tamtu lajêng mangêrtos bilih Radèn Ahmad punika panggalihanipun jêmbar, saha anguningani dhatêng kabêtahanipun têtiyang Jawi, ananging tumindaking kamajêngan miturut pangandikanipun kêdah dipun saranani [sa...]

--- 613 ---

[...ranani] saking lampah kautaman, botên saking cara okol-okolan, awit punika namung badhe adamêl sangsaraning kawula kemawon. Wosing pamawasipun Radèn Ahmad: pulitiking pagêrakanipun têtiyang pribumi punika badhe tanpa aji babarpisan, bilih kamajênganing bab panggayuhing panggêsanganipun kècèr.

Têmênipun bilih Radèn Ahmad punika sanès kaum kina, sagêd kasumêrêpan saking sadaya kuwajiban utawi padamêlanipun ingkang gêgayutan kalihan têtiyang pribumi.

Radèn Ahmad sampun botên cocog kalihan bab lampahing pakurmatan dhodhok lan sêmbah. Dene ingkang dados jalaranipun makatên:

Nalika panjênênganipun pinuju tindakan nitih kapal pêrlu ngupados anggrèk wulan, sarêng sampun cêlak, mèh dumugi panggenaning anggrèk wulan, dilalah kapalipun Radèn Ahmad lajêng nglumba ngadêg, ngantos Radèn Ahmad dhawah ing siti sacêlakipun wit ingkang wontên anggrèk wulanipun wau. Sarêng katitipriksa mênggah sabab-sababipun dene kapal ingkang dipun titihi wau anglumba, botên sabab punapa, jêbul wontên tiyang èstri têtiga ingkang kapêthuk saha lajêng urmat andhodhok. Inggih wiwit saking anggènipun Radèn Ahmad botên rêmên dhatêng pakurmatan dhodhok lan sêmbah wau.

Rêmbagipun Petruk lan Garèng.

Bab Sata Murugakên Kunthing.

Petruk : Wadhuh Rèng, andharanmu bab ngingu gramèh biyang lagi anu kae, sajake mula nyamlêng têmênan, besuk manawa aku wis olèh ujuran saka tanggaku anggone mênang lotre, mêsthi banjur enggal dak adani bae.

Garèng : Hêm, caturan karo wong gêmblung, lha iya angèl tangguhe. Wong arêp ada-ada, pawitane kathik anjagakake ujurane tanggane manawa olèh. Iya nèk tanggane tuku lotre, lan manèh apa tanggane wis mêsthi gêlêm awèh ujuran.

Petruk : Bab anggone arêp awèh ujuran kuwi wis mêsthi, amarga wis rêrasan besuk arêp ngêpèk mantu prunanmu sang bagus Kamprèt. Dadi sabanjure duwèke kana duwèkku, duwèkku ya duwèkku dhewe.

Garèng : Lha, nèk kaya ngono kuwi arane rak ngèlmu mênang-mênangan. Wis, wis, tinimbang gêguyon sing ora bakal mupangati, ayo padha banjurake rêmbugane lagi anu kae.

Petruk : Bagus, saiki têrus tak wiwiti bae, kapriye mungguh pangingune iwak sing…

Garèng : Yah, iya ora jangji, biyèn jangjine sing arêp dirêmbug rak digonta-ganti, ya prakara ngingu iwak, liya dina manèh prakara bako.

Petruk : Yak, nèk omong bab bako kuwi, durung-durung wus nêg rasaning wudêlku, lha kapriye manèh wong aku kiyi wis kabanjur doyan udud. [u...]

--- 614 ---

[...dud.] Sabênêre bae aku aluwung ora dikon mangan gorengan sêpur, tinimbang ora udud, môngka rêmbugmu bab udud kuwi ora ana sing ngêpenakake pikiran pisan-pisan.

Garèng: Lho, wong urip kuwi aja tungkul mikir awake dhewe bae, yèn tumrap awakmu dhewe wis kasèp, kênaa kanggo mêmulang anak putumu ing besuk, dene sing arêp tak andharake saiki, yakuwi sabab-sababe dene bako marakake kunthing.

[Grafik]

Petruk : Hara, apa kuwi ora jênêng ambubrah agama, bako marakake lara ampêg, marakake lara jantung, saiki banjur marakake kunthing. Sêtun-sêtun bako marakake bisa dadi gêdhêle polêksrad, utawa dêlèr, lha, rada ayêm nang ati.

Garèng : Yah, wong jênênge gêdhelêgidhêr (Gedelegeerde) lan èdhêlhir, kok dilih sagêlême bae. Wis, wis, aja dibanjur-banjurake anggone kêntholangan, rungokna tak kandhani. Mungguh badan kuwi bisane gêdhe, mung gumantung saka pangane, têgêse: manawa arangbarang. sing dipangan mau akèh sarine kang maedahi nyang badan, badane bisa mundhak gêdhe, ananging manawa kurang sarine, ya ora bisa migunani.

Petruk : Hêm, omongmu kiyi ya bênêr ora nganggo basa yangko-yangko, nanging aku kok rada judhêg dhing. Jajal têrusna dhisik omongmu kuwi, bokmanawa mêngkone bisa cumêmplong ing atiku sing rada bunjêt kiye.

Garèng : Sadurunge pêpanganan kajupuk sarine kang numrapi ing badan, pêrlu kudu dilêmbutake dhisik, dene papan pangluluhe mau ana ing wadhuk sarta ing usus.

Petruk : Sêmadan ngrêti aku saiki kang dadi karêpmu, karêpmu rak jalaran saka dayaning bako, piranti pangluluhan mau bisa rusak, iya apa ora, wong aku wis mêsthi banjur nyandhak bae.

Garèng : Iya mula mangkono, mung bae aku arêp pitakon, sêmadan kuwi bêburon apa, dene aku lagi krungu saiki kiyi.

Petruk : Sêmadan kuwi, nèk kowe arêp ngrêti, bangsane: u…nthu…lo…wuk ajêmbuwal, mungguh têgêse: rada.

Garèng : Hêm, ana-ana bae Si Petruk kiyi. Dadi yèn piranti pangluluhan mau rusak, panggarape ya ora sampurna, dadi kabèh sing dipangan ora bisa ajur têmênan. Satêmah sarining pêpanganan kang bisa numrapi marang jasating badan dadine ya kurang, mulane sanajan ora kêkurangan pangan, ananging saranduning badan ora bisa olèh sari kang nyukupi. Mulane wong kang wus nadhah marang bako, undhaking peranganing badan ora sapiraa, satêmah ajêg cilik utawa kunthing.

Petruk : Iyah, gagasanamu kuwi wong

--- [615] ---

kêjêron, mêsthi bae ora ngêpenakake awak ajêgan.

Garèng : E, lha, dikandhani têmênan, kathik dianggêp gagasan bae. Kunthinging badan kang jalaran saka bako kuwi, kayadene kêkayon kang oyode didèkèki ès, jalaran saka adhême, ora bisa subur uripe, sanadyan bisa urip, ananging tansah gêring, mêngkrak-mêngkrik.

Ingkang Minulya Tuwan Prof. Dr.R. Tagore.

[Grafik]

Ing sisih kiwa, gambaripun sang minulya Prof. Dr. Tagore wontên salêbêting kapal Plancius sadumugining Tanjungpriuk. Ing têngên, panjênênganipun nitih oto ingkang sarwa prasaja, botên karsa nitihi oto ingkang rinêrêngga ing sêkar pêthukan saking bôngsa Hindhu ing Batawi, kêbêkta saking lurusing panggalih, lumuh sinungga-sungga ing sasami.

[Grafik]

Nalika Sang Minulya sinugata ing buja andrawina dening para linangkung ing India wontên ing Batawi, manggèn ing hotèl Des Indes. Kathah para luhur ingkang rawuh, satêngênipun sang minulya: Tuwan Crosby, Kunsul Jendral Inggris, tuwin panjênênganipun Prof. Dr. R. H. Husin Jayadiningrat.

--- 616 ---

Jagading Wanita.

Kasêtyanipun Wanita Jêpang.

(Candhakipun Kajawèn ôngka 34)

Samantên sangsaranipun Nyonyah Sadhako kala ing jaman punika, ananging sarèhning sêdyaning nyonyah mau badhe angêngirangi wêdaling arta, amila inggih botên amarduli babar pisan dhatêng pangolok-olok ingkang dipun lairakên dhatêng piyambakipun saha ingkang jalêr. Ewadene sanadyan anggènipun angêngirangi wau langkung saking mêsthi, ananging inggih mêksa taksih kirang kemawon. Jalaran batihipun sadaya wontên tiyang 6, ing môngka pènsiunipun ingkang jalêr namung f 198.- ing dalêm sataunipun. Inggih lêrês kala punika rêrêgining têtêdhan langkung mirah tinimbang samangke, ananging inggih mêksa awrat angrêngga têdhanipun tiyang 6, sarana padamêl namung f 16.50 sabên wulanipun, punapa malih arta samantên punika wontên ingkang kêdah kasisihakên kangge tumbas jampi-jampinipun ingkang jalêr. Sarêng gêsangipun saya dangu saya rêkaos, ibunipun marasêpuh malah saya sangêt anggènipun anguring-uring, kêrêp sangêt Nyonyah Sadhako dipun ungêl-ungêlakên ingkang botên sakeca, wicantênipun marasêpuh èstri wau, mila Nyonyah Sadhako botên kesah saking ngriku punika, jalaran namung saking anggènipun nênggani pènsiunipun ingkang jalêr kemawon. Tarkadhang ibu marasêpuh wau sok ngusir Nyonyah Sadhako supados kesah saking ngriku. Nyonyah Sadhako ing batos lajêng anggagas makatên: yèn aku nganti lunga saka kene, sapa kang bakal anjaga bojoku. Kang iku wis dadi wajibku aku ana ing kene bae angopèni lakiku. Murih adamêl bingahing marasêpuhipun èstri, Nyonyah Sadhako lajêng anglampahi nyambut damêl wontên ing salah satunggiling sêkolahan. Lan ngantos langkung saking 30 taun laminipun, Nyonyah Sadhako tansah amulasara lakinipun ingkang lumpuh wau, tanpa angangluh, punapa malih botên nate anglairakên têtêmbungan ingkang botên sakeca. Salêbêtipun gêsang kados makatên punika, Nyonyah Sadhako sagêd amragadi kapenakanipun ingkang jalêr lumêbêt ing pamulangan opsir saha anakipun èstri kêkalih dhatêng pamulangan wanita ing Shiruoka. Samangke kapenakan jalêr wau sampun dados opsir pangkat inggil, anakipun èstri ingkang sêpuh semah angsal satunggiling punggawa maskape agêng ing Jêpang, dene anakipun èstri ingkang ênèm, dèrèng dangu punika sampun lulus eksamênipun wontên ing pamulangan èstri ing Karya. Samangke nyonyah Sadhako umuripun kirang langkung 56 taun, gêsangipun kalihan ingkang jalêr tansah sênêng lan têntrêm. Padamêlanipun ingkang jalêr sabên dintênipun numpak grobagan kasurung dening ingkang èstri dhatêng lèpèn sumêdya amancing. Têtiyang ing kitha Kariya ingkang sami kêpêthuk, sadaya sami tumênga aningali, anganggêp Nyonyah

--- 617 ---

Sadhako kadosdene satunggiling barang adi ingkang gêsang ing panggenan ngriku (ngantos dumugi samangke Nyonyah Sadhako wau taksih gêsang).

Dèrèng dangu punika juru ngarang Tuwan K. Yamamoto ingkang nyariyosakên bab punika, mêntas apêpanggihan kalihan Nyonyah Keiko Hattori, satunggiling juru ngarang wanita ingkang kawitan ing tanah Jêpang, lan samangke abikak toko agêng wontên ing sacêcakipun statsiun Ohmori, pêrlu pitakèn bab kawontênanipun Nyonyah Sadhako, amargi Nyonyah Hattori wau kalêrês adhinipun. Wangsulanipun Nyonyah Hattori makatên: Kula botên mangêrtos babarpisan dene bakyu kula sagêd anglampahi gêsang ingkang sangsara makatên, amila inggih elok sangêt, ingatasipun satunggiling tiyang èstri ingkang badanipun ringkih lan kêra, têka tansah kuwawi anggendhong ingkang jalêr dhatêng griya sakit ngantos mataun-taun laminipun. Dene anggènipun angsal kamulyan wau, botên jalaran saking kakiyataning badanipun, ananging têtela saking gênging katrêsnaning manahipun.

KRONIEK

Kabar Warni-warni.

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

Pakêmpalan, Islamiyah ing Ngayogyakarta, sawatawis dintên malih badhe ambikak pamulangan H.I.S. partikêlir wontên ing dhusun Bawang, dhistrik Bandhul. Manggèn ing griyanipun kapala dhusun ngriku. Sakawit namung ambikak klas 1 lan 2, nanging sabên taun badhe dipun indhaki klasipun.

Dèrèng dangu ing Bandhung kathah lare-lare sami ical. Ingkang sampun kalapurakên ing pulisi, 1 Janus, ing kampung Pledhang. Wagiman umur 10 taun, ing kampung Sanintên. Karna, umur 13 taun, ing kampung Prajurit. Mukhamad Tahir, umur 8 taun, ing kampung Sanintên tuwin Sahri, kintên-kintên umur 12 taun, ing kampung Cimênyan.

Ing dintên Jumuwah kapêngkêr, wontên tiyang kathah ingkang kaangkatakên saking Batawi numpak sêpur dhatêng Surabaya, benjing tanggal 2 Sèptèmbêr kabidhalakên dhatêng Dhigul numpak kapal Sirius.

Kawrataning paos para têtiyang ing Sumatra sisih kilèn sampun kapriksa rampung, pikantuking papriksan tumuntên badhe angaturakên ing parentah.

Wontên wartos, bilih Tuwan H.A. Salim sapunsampun. bidhal saking Mêkah dhatêng India. Kintên-kintên badhe kampir ing Bombai. Golongan P.S.I. sampun wiwit tatatatata-tata. badhe ngurmati benjing dhatêngipun Tuwan Salim. Saking golonging rêmbagipun para pakêmpalan Islam Tuwan Salim badhe dipun aturi sêsorah ing bab lampahipun, tuwin bab anggènipun sowan Prabu Ibnu Saod, punapadene bab suwaking muktamar ing taun punika.

Ing tanggal 19 Agustus landrad ing Brêbês andhawahakên karampungan dhatêng pasakitan Walkam, kaukum 15 taun, Yakim 12 taun, Muwit 10 taun, sami kalêpatan ngoyok ing griyanipun Kaji Ambari ing Yuwungragi. Wontên pasakitan 5 ingkang luwar.

Ing kantor Jav.Bank ing Crêbon, pinanggih wontên arta f 8.900.- ingkang dipun slingkuhakên ing tiyang. Arta wau awarni arta krêtas ingkang badhe dipun sirnakakên, nanging dèrèng dipun cirèni. Kasir kêkalih ingkang kenging dakwa, sapunika dipun tahan.

Saking panimbanging kumisi kolonisasi ing Kota Agung, bilih pamarentah marêngakên nyadhiyani wragad kangge yasa ilèn-ilèn toya [to...]

--- 618 ---

[...ya] tuwin ngudi kasarasan ing ngriku, kolonisasi wau badhe kalajêngakên. Dene prêlu tuwin botênipun kolonisasi wau kawiyarakên, dèrèng karêmbag.

Winisudha dados residhèn ing Jambi Tuwan H.E.K. Ezerman, asistèn residhèn ingkang kabantokakên ing residhèn Palembang.

Bab kadurjanan arta ing mobil pos ing Mêrbao, ing sapunika tuwan kontrolir ing Mêrbao sampun angsal katrangan malih manggih butamal arta f 5.500.- dipun pêndhêm ing siti, ugi wontên ing Mêrbao, dados dumugi sapunika, ingkang pinanggih sampun wontên f 18.000.-.

Kasêbut ing bêslit guprêmèn, nêtêpakên wontên tiyang kuminis 33 ingkang kasingkirakên dhatêng Dhigul. Ingkang kathah asli saking Têrnate.

Kawontênaning arta ingkang kangge mitulungi kasangsaran bêbaya angin agêng ing nagari Walandi, Sêmèrupon tampi arta darma f 13.892.71. Ingkang sampun dipun tampèni wontên f 91.544.45 dados sadaya wontên f 105.447.16.

Aneta martosakên: samangke wontên ordhonansi enggal ingkang ngêwratakên paukumanipun para pangagêng ingkang sami misakit kalèrèhanipun, sanajan ta namung sapele.

Kaangkat dados mudha pangarsa (ondervoorzitter) landrad ing Magêlang sarta Têmanggung: Radèn Suparta, ingkang suwau lid landrad. Kaangkat dados mudha pangarsa (ondervoorzitter) landrad ing Bangkalan (Madura): Radèn Sugiyana, lid landrad ing Rêmbang.

Wontên pawartos, bilih ingkang wicaksana guprênur jendral, andhawuhakên waradin sarta dhawuh wau ugi badhe kapacak ing sêtatsêblat, kados ing ngandhap punika:

Ingkang wicaksana asring mirêng pawartos sarta ugi anguningani saking rêmbag-rêmbag parêpatan pangrèh praja, bilih kathah sawênèhing amtênar ingkang kajibah nindakakên kawajiban piyambak, ingkang lajêng lêlayanan kalihan kawula botên kanthi sarêmbag kalihan priyantun pangrèh praja Eropah utawi pribumi rumiyin. Jalaran saking punika sarèhning pangrèh praja punika sampun tamtu langkung sumêrêp dhatêng kawontênaning bawahipun, mila lampahing padamêlan ingkang nilar pangrèh praja wau botên kenging dipun wastani sae, tuwin panggalih dalêm ingkang wicaksana, tindak ingkang makatên punika kajawi nama nyuda darajading pangrèh praja, ugi nama nêrak wawênanging liyan. Amila samangke paperanganing padamêlan nagari ingkang angsal dhawuh nindakakên papriksan piyambak, kêdah suka sumêrêp rumiyin dhatêng pangagênging paprentahan, kanthi katrangan benjing punapa anggènipun nindakakên papriksan, supados sagêd ambêkta liyan pangrèh praja pribumi. Tumrap ing tanah sabrang, sarèhning beda kalihan kawontênanipun ing ngriki, kêdah nêdha pitulung lumantar pangrèh praja bôngsa Eropah, supados kinanthenan amtênar utawi pangagênging tiyang pribumi.

Gêgayutan kalihan bab punika, kangjêng tuwan ingkang wicaksana ugi kêpengin paring pêpèngêt, manawi pranatan ingkang anjalari pangrèh praja kêdah tumut ngurusakên, botên kenging kalêbêtakên usul, utawi nyadhiyani pangagêng piyambak, sadèrèngipun pangagênging gêwès anglairakên suraosing manah tumrap pranatan wau.

Parentah sampun anganggêp absah sarta ngidèni undhang-undhang damêlanipun rad kitha Majakêrta kangge nyuda wêwahan (Opcenten) paos nagari, inggih punika kasuda 20 dumugi 15 prêsèn.

[Grafik]

Para suradhadhu India ingkang sami wontên ing nagari Walandi, nalika pamitipun dhatêng para mitranipun bôngsa Walandi.

--- 619 ---

FEUILLETON

Lêlampahanipun Prabu Tristan lan Putri Isolde.

16

Wangsulanipun Sang Corneval: Punika pêdhang paduka, satriya, kula bêktakakên saking ing karaton.

Pangandikanipun Prabu Tristan: Sakalangkung nuwun, guru, sapunika kula botên ajrih dhatêng sintên kemawon, kajawi dhatêng Pangeran Ingkang Maha Wêlas sarta Maha Asih.

Wicantênipun Corneval: Dhuh, satriya, ing sangandhaping rasukan kawula wontên rasukanipun kêre, sumôngga sampeyan agêm manawi wontên pêrlunipun.

Prabu Tristan amangsuli: Sampeyan bêkta mriki, guru, sapunika ugi kula badhe mitulungi Isolde.

Corneval wicantên malih: O, sampun kasêsa, satriya, sanajan paduka tansah rinêksa ing Pangeran, sarta kajurungakên kangge malês dhatêng têtiyang wau, nanging sapintên kiyatipun tiyang satunggal mêngsah tiyang samantên kathahipun. Paduka saèstu botên badhe sagêd nyêlaki papan pangobongan ingkang dipun jagi ing tiyang kathah, ingkang sami ajrih dhatêng ing sang prabu. Sanajan kathah tiyang ingkang kapengin mitulungi dhatêng sampeyan, nanging sadaya wau badhe amrêjaya sampeyan, pramila sae dipun êntosi kemawon sawatawis dangunipun. Sayaktosipun lêrês cariyosing tiyang makatên: Bèring kawanèn ingkang kirang dugi prayogi punika, dene wataking satriya ingkang limpad ing budi.

Kacariyos, kala Prabu Tristan mlumpat saking ing jandhelaning gareja wau, wontên satunggiling tiyang miskin ingkang nyumêrêpi dhawahipun saha anggènipun lumajêng anyingkiri bêbaya. Tiyang wau enggal dhatêng ing kitha gêgancangan sarta lajêng lumêbêt ing karaton dhêdhêmitan, amanggihi sang putri, aturipun: Sang pramèswari, mugi sampun muwun kemawon, mitra paduka sagêd angoncati bêbaya.

Sang putri angandika: Sakalangkung panuwun kula dhatêng ing Pangeran, sanajan kula dipun bônda utawi dipun uculi bandan kula punika, makatên ugi sanajan kula dipun gêsangi utawi dipun pêjahi, sapunika tumraping jasad kula sami kemawon. Saking singsêtipun anggèning anangsuli astanipun sang putri, astanipun ngantos mêdal rahipun. Sang putri ngandika sarwi mèsêm: Saupami kula nangis samargi nandhang sakit punika, saèstunipun kula kenging kawastanan kirang panarimah kula dhatêng ing Pangeran saking anggènipun sampun aparing kawêlasan dhatêng mitra kula wau, ngantos sagêd angoncati bêbaya pêjah.

Sarêng Sang Prabu Marc midhangêt wartos bilih Prabu Tristan sagêd uwal saking tanganing para abdi ingkang angirid saha oncat saking bêbaya, sakalangkung sangêt dukanipun, nuntên dhawuh: Sang putri kawêdalna saking ing karaton. Sang putri lajêng kabêkta sowan ing ngarsanipun sang prabu, dumugi ing sangajênging griya papan palênggahanipun sang nata, sang putri angacungakên astanipun ingkang mêdal rahipun wau. Ing margi kathah tiyang ingkang anjêrit sêsakit: O, Pangeran, mugi aparinga piwêlas dhatêng sang putri, dhuh, Putri Isolde, ratu ingkang kamulyakakên ing ngakathah. Saèstunipun têtiyang ingkang awon manahipun, ingkang anjalari paduka dhumawah ing panguwasaning pangadilan punika, badhe ngawontênakên kasisahan agêng. Mugi-mugi têtiyang wau sami pikantuka bêbênduning Pangeran. Sang putri lajêng kabêkta dhatêng ing sacêlaking pangobongan. Kala samantên Baron Dinas ing Lidan nuntên angrungkêbi sampeyanipun sang prabu, aturipun: Gusti, mugi paduka karsa amidhangêtakên atur kawula. Sampun lami anggèn kawula suwita wontên ngarsa paduka, dados mantri pangajênging karaton kalayan sêtyaning manah, têmên sarta botên angajêng-ajêng kauntungan. Minôngka ganjaran paduka dhatêng kawula, mugi paduka karsa amaring pangapuntên dhatêng sang putri. Paduka badhe ambêsmi sang putri, botên ngangge ngawontênakên pangadilaning Pangeran. Ingkang makatên punika kirang adil sangêt, margi sang putri botên ngakêni dhatêng pandakwa paduka. Kajawi punika paduka mugi karsa angèngêti bilih Tristan sampun oncat saking panguwasa paduka, sarta wontên ing nagari Cornwallis ngriki jajah sangêt, piyambakipun sumêrêp kawontênaning sadaya ara-ara, wana-wana, lèpèn-lèpèn, tuwin sadaya margi-margi ing parêdèn, wêwah-wêwah bèr ing kawanèn. Saupami sang putri saèstu dipun bêsmi, nagari Cornwallis saèstu dados wêrit sangêt, para baron tuwin kalerehan paduka sadaya badhe botên sagêd têntrêm gêsangipun, awit sanajan Tristan botên badhe malês awon dhatêng paduka, têmtu badhe malês mêjahi dhatêng sadaya tiyang ingkang pinanggih ing piyambakipun ingkang kaanggêp dados satrunipun.

Mirêng aturipun Baron Dinas ing Lidan makatên punika, baron sakawan ingkang awon manahipun wau sami pucêt, amargi rumaos giris manahipun, pangraosipun Tristan sampun tansah ngulat-ulatakên piyambakipun.

Baron Dinas matur malih: Gusti, salaminipun kawula suwita ing ngarsa paduka tansah sêtya saha têmên, mila mugi karsaa amaringakên sang putri dhatêng kawula, kawula sagah anjagi, saha sagah nanggêl kasaenanipun. Nanging sang nata botên karsa andhahar aturipun Baron Dinas wau. Lajêng angasta astanipun Baron Dinas sarwi prasêtya bilih sang putri badhe enggal kapatrapan paukuman.

--- 620 ---

Baron Dinas nuntên matur malih: Sang prabu, manawi makatên kawula badhe wangsul dhatêng ing Lidan, saha kawula botên sagah dados mantri pangajêng ing karaton. Sang putri mèsêm amriksani Baron Dinas sarwi nalôngsa. Baron Dinas nuntên numpaki kapalipun, kasandêrakên wangsul dhatêng ing Lidan kalayan susahing manah.

Kacariyos, sang putri ngadêg ing sacêlaking pangobongan, para têtiyang ingkang wontên ing sacêlakipun sang putri sadaya sami nyupatani sang nata tuwin têtiyang ingkang sami awon manahipun wau. Sang putri tansah muwun, waspanipun daleweran, anêlêsi pangarasanipun. Agêm-agêmanipun kalèt, warninipun klawu, sinulam ing bênang êmas. Remanipun panjang ngantos dumugi ing sangandhap jêngku, dipun kalabang. Sintên tiyangipun ingkang botên wêlas ningali sang putri ingkang sakalangkung endah ing warni punika saèstu tiyang awon manahipun. Astanipun kalih pisan binônda singsêt sangêt.

Kala samantên lajêng wontên kere satus anyêlaki papan pangobongan, sarta sowan ing ngarsanipun sang prabu. Kere-kere wau sami gadhah sêsakit leprah, badanipun botên wontên ingkang wêtah, tur sami têkênan sadaya, margi sukunipun sami pincang. Pangajênging kere nama Yvain matur dhatêng sang prabu: Gusti, paduka karsa ambêsmi sang pramèswari, punika sayaktosipun ukuman ingkang awrat sangêt, nanging tumanjanipun namung sakêdhap. Samôngsa latuning pangobongan pêjah sang putri inggih sampun botên ngraosakên sakit malih. Kawula sumêrêp ukuman ingkang langkung awrat tinimbang lan ukuman dipun bêsmi. Sang putri botên badhe anggalenggal. seda, nanging badhe anandhang sangsara ing salaminipun, tur sabên dintên badhe ngajêng-ajêng pêjah.

Sang prabu ngandika: Isolde bakal ingsun uripi, nanging uripe kudu sangsara bangêt nganti angungkuli pati. Sing sapa bisa nyêbut ukuman kang kaya mangkono iku, ingsun tarima bangêt.

Yvain lajêng matur: Gusti, mugi kauningana, rencang kawula sadaya wontên satus, bilih paduka karsa amaringakên sang putri dhatêng kawula sadaya, badhe sami kawula kangge semah. Sayaktosipun ukuman punika anglangkungi ukuman pêjah. Gusti, mugi paduka karsa amariksani mêmala ingkang wontên ing badan kawula sadaya, tuwin pangangge gombal ingkang nèmplèk ing mêmala punika, gandanipun botên amrik wangi. Sang putri ingkang sampun kulina dados pramèswarining nata, agêm-agêmanipun sarwa sae, sarta angrênggani karaton ingkang endah sangêt punika, manawi lajêng manggèn ing karatoning kere, sarta kêmpal kalihan kawula sadaya, sabên dintên saèstu badhe tansah èngêt dhatêng papan pangobongan punika.

Sarêng sang nata midhangêt aturipun Yvain makatên wau, lajêng jumênêng saking papan palênggahanipun, nanging dangu kèndêl kemawon, wusana lajêng têdhak marêpêki sang pramèswari sarta angasta astanipun. Sang putri anjêrit: Dhuh, sang nata, mugi karsa paring kawêlasan dhatêng jasat kawula. Tinimbang kaparingakên dhatêng kere-kere punika langkung sae kawula pêjah wontên ing pangobongan. Nanging sang nata botên karsa midhangêtakên sêsambatipun sang putri, sang putri lajêng kaparingakên dhatêng kere-kere punika. Kere-kere wau sadaya inggih nuntên sami nyêlaki sang putri kanthi bingahing manah. Sadaya tiyang ingkang ningali sami wêlas dhatêng sang putri. Nanging Yvain bingahipun tanpa upami, dene manggih kabêgjan samantên agêngipun. Sang putri lajêng kairid kesah, kairingakên ing kônca-kancanipun. Botên antawis dangu lampahipun dumugi ing sajawining kitha, mêdal ing margi ingkang nglangkungi garumbul panggenanipun sêsingidan Prabu Tristan wau. Sang Corneval lajêng wicantên sêru: Anggèr, punika mitra sampeyan dhatêng, kairid ing kere-kere ingkang katariman sang putri dening sang nata. Prabu Tristan lajêng nitihi titihanipun, mêdal saking ing garumbul, marêpêki Yvain sakancanipun wau. Pangandikanipun: Uwis suwe anggonira ngêtutake sang putri, manawa sira kêpengin urip, sang putri enggal uculna. Yvain nêpsu sangêt, lajêng angajak kancanipun angrubut Prabu Tristan. Kacariyos Prabu Tristan botên mêntala amrêjaya kere-kere wau sarana pêdhangipun. Sawênèhing kaol anyariyosakên bilih Yvain pinêjahan dening Prabu Tristan, nanging sayêktosipun ingkang mêjahi Yvain wau Corneval inggih punika dipun êbruki kajêng agêng, êndhasipun ngantos rêmuk. Sang putri lajêng dipun uculi bêbandanipun, sarta kabêkta kesah dening Prabu Tristan anilar ara-ara ngriku lumêbêt wana agêng ing Morois kadhèrèkakên dening Sang Corneval. Wiwit kala samantên para luhur ingkang tansah sih-sinisihan punika botên ngraosakên malih kasusahan tuwin sakiting sariranipun. Ing wanci sêrap surya lampahipun priyantun têtiga wau sampun ngancik ing sukuning rêdi, nuntên sami lêrêp ing ngriku. Saking sangêting sayahipun, sang putri enggal sare.

Enjingipun Corneval nyolong jêmparing ing griyanipun punggawa ingkang anjagi wana kaaturakên dhatêng Prabu Tristan gandhewanipun kiyat, panahipun kalih. Prabu Tristan lajêng anjêmparing kidang jalêr, Corneval adados latu kangge ngratêngi daginging kidang wau. Sasampunipun sami nêdha, nuntên sami damêl bubuggubug. alit dipun payoni ron-ronan. Makatên mula bukanipun priyantun têtiga wau manggèn wontên ing salêbêting wana agêng, sarta nandhang kakirangan. Nanging lêstantun anggèning sami sih-sinisihan.

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]