Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-10-06, #35

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-10-06, #35. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1927-10-06, #35. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 22-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 40, 9 Rabingulakir Taun Jimakir 1858, 6 Oktobêr 1927, Taun II.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [701] ---

Ăngka 40, 9 Rabingulakir Taun Jimakir 1858, 6 Oktobêr 1927, Taun II.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Kêmis

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Kitha Lais Bêngkulên

[Grafik]

Wawasan ing satunggiling margi agêng ing kitha Lais. Sanadyan kitha Lais punika kalêbêt kitha alit, ananging tumpakan ing ngriku mawarni-warni. Mirsanana arak-arakan pangantèn ingkang tumut ngarak sami numpak motor.

--- 702 ---

Dr. RABINDRANATH TAGORE

Nalika ing dintên Sênèn surya kaping 12 Sèptèmbêr taun 1927, Dr. Rabindranath Tagore dalah pandhèrèkipun băngsa Indhu tiyang tiga saking Surabaya sampun dhatêng ing Surakarta, mondhok wontên ing dalêm Prangwadanan (Mangkunagaran) salêbêtipun wontên Surakarta, Tuwan Dr. R. Tagore mêrtamu dhatêng karesidhenan, kraton, Mangkunagaran, tuwin dhatêng Kusumayudan, punapadene angwontênakên lèsêng wontên ing Kuntskring tuwin wontên ing Susitèit Mangkunagaran. Tuwan Prof. Chatterjee (pandhèrèkipun Tuwan Dr. R. Tagore) angwontênakên lèsêng wontên ing Christelijke Kweekschool ing Margayudan, anyariyosakên kawontênanipun pamulangan iyasanipun Tuwan Dr. R. Tagore ingkang dipun wastani Shanti Niketan tuwin lèsêng mawi gambar sorot manggèn ing pandhapi Prangwadanan, anyariyosakên kagunanipun tiyang Indhu bab anggambar, wiwit jaman kina dumuginipun jaman sapunika.

[Grafik]

Margi ingkang badhe kabikak.

Salêbêtipun Tuwan Dr. R. Tagore wontên pondhokan ing dalêm Prangwadanan, saking kaparêng dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, mawi kawontênakên lêlangên kalênengan tuwin bêksan warni-warni, ing ngriku panjênênganipun Tuwan Dr. R. Tagore katingal rêna sangêt, ngantos kawêdhar bilih anggènipun mirêngakên kalênengan tuwin nyumêrêpi bêksan warni-warni wau rumaos sangêt kapranan saha katuju ing panggalih, punapadene karaos kagigah ing panggalihipun gêgandhengan kalayan kawontênan ing nagari Indhu.

Ing dintên Akat surya kaping 18 Sèptèmbêr 1927 wanci enjing panjênênganipun Tuwan Dr. R. Tagore dalah para pandhèrèkipun anglajêngakên lampah bidhal saking Surakarta dhatêng Ngayogyakarta mawi mampir mariksani candhi ing Prambanan. Kalêrêsan ing dintên Akat wau wontên kaparêng dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara badhe ambikak yasan margi enggal dalah karêtêgipun ingkang dumunung ing kampung Gumunggung anjog ing sawetan papan balapan kapal, (margi ingkang măngka watês kitha [ki...]

--- 703 ---

[...tha]

Surakarta ingkang sisih kilèn) saha ing sacêlakipun papan balapan wau badhe dunungipun pamulangan A.M.S. ingkang badhe dipun wiwiti panggarapipun benjing taun 1928 ngajêng punika, mila bidhalipun Tuwan Dr. R. Tagore saking Surakarta dhatêng Ngayogyakarta wau ngiras dipun aturi ambikak margi dalah karêtêg ingkang kasêbut ing nginggil, saha kaparêng dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, margi wau lajêng dipun paringi nama margi Dr. Rabindranath Tagore.

Ngaturi Wangsulan

Ing Kajawèn kaping 22 wulan Sèptèmbêr, ăngka 38, wontên sadhèrèk mundhut katrangan prakawis panjurung kula bab dhuwung. Ing ngandhap punika kula ngaturi wangsulan utawi katrangan pandangon utawi pamundhut wau, namung atur wangsulan kula namung kula damêl cêkak amurih sampun angêbaki papan. Dene lêrês lêpatipun kula sumanggakakên dhatêng sadhèrèk ingkang mundhut katrangan tuwin para maos sanèsipun.

Pandangon, I. Ingkang dipun ukur sami kalihan wilahing dhuwung punika inggih janur wau.

II. Ing ngajêng atur kula wontên lêpatipun sakêdhik, lêrêsipun ingkang kawastanan wilahing dhuwung punika, inggih punika wilah dalah ganjanipun. Bageyan wilah ing bongkot kawastanan gănja, dados ukuran ingkang kapisan janur wau kaukurakên ing wilah, inggih punika wilah dalah ganjanipun.

III. Ing ngriku sampun kula sêbutakên yèn janur kaukurakên ing wilah, dalah saganjanipun, sapintên pikantuking ukuran wau, lajêng janur punika katêkuk-têkuk dados tigang têkuk ingkang sami lajêng kabucal ingkang satêkuk. Ingkang makatên punika, ingkang sapratiganing janur wau dados sampun cêtha yèn kêdah kabucal. Ingkang kaulurakên malih inggih ingkang kalih pratigan (kakantunanipun) [(kakantunanipu...]

--- 704 ---

[...n)] botên sadaya.

Anjawi saking punika, saking pamundhutipun sadhèrèk supados kula anglajêngakên nyambêt cariyos bab dhuwung dumugi ing dhapur tuwin tangguhipun, ing ngandhap punika kula ngaturi sambêtan cariyos wau.

Bab Dhapuring Dhuwung

Mênggah dhapuring dhuwung punika beda-beda, dene ingkang kawastanan dhapur inggih punika wujudipun, saking beda-bedaning dhapur wau lajêng gadhah nami piyambak-piyambak, mirsanana katrangan ing ngandhap punika.

Dhuwung ingkang wilahipun êluk sarta sacêlaking gănja ngangke[1] clakunthêngan utawi cingik (kêmbang kacang) sarta mawi ringih-ringih, punika kawastanan dhapur sangkêlat.

Dhuwung ingkang lêncêng wilahipun sarta mawi clakunthêngan utawi cingik (kêmbang kacang) sarta mawi ringih-ringih, kawastanan dhapur tilam upih.

Dhuwung ingkang lêncêng wilahipun, sarta tanpa kêmbang kacang sarta botên ringih-ringih, punika kawastanan dhapur brojol.

Dhuwung ingkang lêncêng wilahipun, sarta papak radi wiyar, punapa malih botên ringih-ringih, punika kawastanan dhapur kêboan.

Dhuwung ingkang wilahipun êluk 5 sarta tanpa kêmbang kacang, sarta botên mawi ringih, punika kawastanan dhapur sangkêlat.

Bab Tangguhing Dhuwung

Mênggah prakawis tangguhing dhuwung punika kula botên sagêd ngaturi katrangan ingkang cêtha, amargi prakawis tangguh wau saking pamanggih kula manut panggenanipun ingkang damêl, măngka pamirêng kula para êmpu ingkang sami damêl dhuwung punika kathah sangêt. Dados bab tangguh wau kenging kawastanan tanpa watês. Dene sagêdipun mastani dhatêng satunggil-satunggiling tangguh, punika namung nitèni dhatêng wujuding dhuwung, ingkang dipun titèni sanès wujud kadosdene ingkang kasêbut ing nginggil wau (wujud dhapur), nanging ciri-cirinipun awit satunggil-tunggiling êmpu anggènipun damêl dhuwung mawi ciri piyambak-piyambak, măngka kula matur prasaja dhatêng ciri-ciri wau taksih kathah kakilapanipun, pramila ing ngandhap punika kula ngaturakên nami-nami tangguhing dhuwung ingkang sampun misuwur ing akathah, tuwin ingkang kula sumêrêpi, inggih punika: 1. Tangguh Pêjajaran. 2. Tangguh Majapait. 3. Tangguh Tuban. 4. Tangguh Kasah (damêlan Madura). 5. Tangguh Mataram.

Wusana sumăngga mênggah lêrês lêpatipun.

Sal.

--- 705 ---

[Grafik]

Sisih kiwa nginggil, griya kangge mariksa kawontênan isining sagantên. Sisih têngên nginggil aquarium, inggih punika panggenan dununging ulam sagantên ingkang taksih gêsang. Ing ngandhap tiga pisan, punika toya sagantên ingkang kaaling-alingan ing gêdhah, ulamipun sami kêtingal, dene ingkang mawi gambar winêngkonan, punika gambaring ulam ingkang mawi cinirenan namanipun, dados tiyang ingkang ningali sagêd nocogakên kalihan kawontênanipun ingkang salugu.

--- 706 ---

Katrangan

Kawrat ing Kajawèn ăngka: 38, panjênênganipun sadhèrèk Wa, andangu bab têgêsipun paribasan. Panjênênganipun sampun dangu anggènipun nyimpên paribasan wau: Nanging dèrèng ngrêtos têgêsipun.

Kalêrêsan sarta kapasang-yogya sangêt, dene kula inggih gadhah pèngêtan ingkang isi paribasan wau, jangkêp sakatranganipun pisan, mila ing riki kula aturakên punapa wontênipun.

1. Ambali muka amigantaka.

Têgêsing têmbung: amalik rai anyingkiri pêjah. Kajêngipun: anyelaki janji badhe nyênyukani. Dados botên saèstu nyukani.

2. Anggupita sabda.

Têgêsing têmbung: nganggit ginêm (anggupita=nganggit, ngrumpaka). Kajêngipun: tiyang damêl-damêl utawi ngathik-athik ujar.

3. Căndra kalamukan buda.

Têgêsing têmbung: Căndra=rêmbulan, kalamukan=kaalingan pêdhut, buda=wuda (budi), kajêngipun: tiyang katarka botên lêrês: têrangipun: tiyang botên rêgêd dipun tarka.

4. Catur manggala.

Têgêsing têmbung: Catur=sakawan, manggala=pangagêng, pangajêng, utawi urang. Ing riki ingkang dipun kajêngakên catur manggala, pangagêng sakawan, inggih punika: patih, pangulu, jêksa, pujăngga.

5. Sara prana pandhita murcita.

Sanajan ing Kajawèn mungêl: Saraprada pandhita murcita, ewadene bokmanawi lêpat pangêsètipun.

Têgêsing têmbung: Sara=lêlandhêp: jêmparing, prana=manah: budi: watêk, murcita=musna: klêngêr: dhawah. Kajêngipun: Pandhita dhumawah ing tiwas, amargi saking mulang ngèlmu kadurjanan (nyukani sarat dhatêng durjana).

Sara prana kajêngipun nyukani dêdamêling manah. (Pambudi utawi pratikêl).

Namung samantên atur kula, mugi andadosna pariksa. Kajawi punika, kathah panunggilanipun paribasan ingkang kados makatên wau, ingkang samangke sampun awis ingkang mangêrtos, malah mirêng kemawon inggih botên nate. Dene limrahipun, inggih namung dhatêng paribasan ingkang asring kasrambah wontên ing ginêm utawi ing sêrat-sêrat.

K.M. Sasrasumarta.

--- 707 ---

Cariyos Sawatawis Bab Kawontênanipun Yuga, ingkang Pinanggih Wontên ing Primbon.

Candhakipun Kajawèn ăngka 39.

Miturut primbon-primbon ingkang sampun kacariyosakên sawatawis ing Kajawèn, ăngka 39, ing sasampunipun donya gumêlar, Pangeran lajêng anitahakên: Nabi Adam. Sapêngkêripun Nabi Adam: alam kêrta. Inggih ing alam kêrta punika tumitahipun Nabi Idris, tuwin Nabi Nuh. Sasampunipun alam punika, lajêng alam dupara, tumitahipun Nabi Brahim, lan Nabi Musa. Sabibaripun lajêng alam kaliyuga. Ing jaman punika wontênipun Nabi Isa lan Nabi Muhamad, punapa malih alamipun para ratu ing tanah Jawi, ing Pajajaran, tuwin ing Karta, saha para Walisanga.

Punapadene ing primbon nyariyosakên, ing salajêngipun ing tanah Jawi nuntên tansah dahuru, kathah karisakan lan pêpêjah. Wusana ratu pêpitu ing tanah Jawi dalah sawadyabalanipun ingkang sami angsal iman, warninipun lajêng sami dados bagus-bagus sadaya, saha lajêng sami sêkti măndraguna. Para ratu ingkang sami angsal iman wau, lajêng sami têluk dhatêng satunggiling nata, ingkang ajêjuluk: Kangjêng Pangeran Kudratullah, saha ingkang mêntas atapa wontên ing rêdi Sirmala. Rawuhipun Sang Kudratullah wau, prêlu badhe misah dhatêng ingkang sami tansah abăndayuda. Inggih Sang Kudratullah punika ingka[2] angratoni ing tanah Jawi saha lajêng angadhaton wontên ing Mêdhangkamulan. Ing sarêhning pangrèhipun ing tanah Jawi wau pancèn namung kangge amitulungi karisakan kemawon, dados panindaking paprentahanipun ratu wau sampun tamtu adil paramarta. Dene para ratu ingkang sami têluk wau, ingkang alim katêtêpakên dados pangulu, ingkang momot kadadosakên jaksa, ingkang adil kadadosakên patih, saha sami kadunungakên wontên ing Cirêbon, Bantên lan ing Mataram.

Paribasanipun, ing jaman punika jaman êmas, pikajêngipun: saking tata raharjaning praja, mirah sandhang lan têdha, ngantos botên wontên tiyang ingkang sami lampah durjana juti. Sadhengah pranatan utawi paprentahan dipun tindakakên kalihan adil sayêktos. Mênggah sajatosipun ingkang jumênêng Ratu Adil wau, kacariyos: Nabi Isa, sarta anggènipun ngasta paprentahan ingkang adil wau 607 taun laminipun, salajêngipun sadaya sêrat-sêratan dipun lêbur dening ingkang Maha Kawasa, wiwitipun dipun risak ing dintên Sabtu tanggal kaping 1 wulan Sura. Ing primbon katranganing taunipun botên kasêbutakên. Nalika badhe panglêburipun sêrat-sêrat wau, ngawontênakên gara-gara: jawah dêrês, gêlap angampar-ampar ngantos 3 taun laminipun, jawah latu 3 taun, lindhu 7 taun 7 wulan 7 dintên.

Wawasan tumrap cacriyosan Islam bab wontênipun [wontê...]

--- 708 ---

[...nipun] yuga sakawan, punika dipun carub kemawon kalihan cacriyosan badhe wontênipun Ratu Adil, nanging mênggah daya, tumrap kapitadosanipun dhatêng Iman Mahdi, ing ngriki botên sagêd ical.

Ing primbon nyariyosakên dhatêngipun Ratu Adil, ing sakawit inggih botên dipun anggêp, bilih ratu punika: Imam Mahdi, nanging awit saking corab-carubing panganggêp wontênipun Ratu Adil, lan Imam Mahdi, ratu wau salajêngipun kaanggêp Ratu Adil Imam Mahdi.

Cariyos punika manawi dipun laras-laras, sagêd ambingungakên, jalaran wontênipun Imam Mahdi, sampun karumiyinan jumênêngipun Ratu Adil sanès, punapa malih dipun cariyosakên, bilih Ratu Adil wau têka lajêng dipun têtêpakên dados patih wontên ing Mataram, lan malih sampun sami kasumêrêpan, bilih para nata ing Cirêbon, punika sadaya sami alim, wusana ing primbon kacariyosakên, bilih ingkang kadunungakên wontên ing Cirêbon, têka inggih ratu ingkang alim.

Pancènipun murih botên adamêl kodhênging para panyuraos, ing primbon dipun cêthakna pilah-pilahing cariyosipun, pundi ingkang gêgayutan kalihan Islam, pundi ingkang gêgayutan kalihan Jawi Kina, ing măngka ngriku têka dipun campur kemawon, kados ta: Imam Mahdi, ingkang sajatosipun Nabi Ngisa, têka dipun cariyosakên angadhaton wontên ing Mêdhangkamulan. Mila lajêng angicalakên dhatêng sêsipatan. Punapadene ing primbon punika ugi, inggih nyariyosakên bab wontênipun Imam Mahdi piyambak, ingkang cariyosipun botên dipun corab-carub, punika beda sangêt. Ing ngriku dipun cariyosakên jumênêngipun Imam Mahdi, punika wontên ingkang mastani 30 taun, sawênèh 31 taun, wontên malih ingkang mastani ngantos 40 taun. Kala ing jaman punika kacariyosakên nama: jaman santosa. Miturut cariyosipun ing jaman punika: sima sagêd mêmitran sae kalihan menda, lare alit sagêd dolanan sawêr tuwin kalajêngking tanpa bêbaya. Jaman punika kacariyosakên jaman ingkang loh jinawi, wiji ingkang sami dipun tanêm, punika wohipun tikêl kaping 70. Sadaya lampah cidra botên wontên, paprentahanipun Imam Mahdi wau, kadosdene paprentahanipun Sang Iskandar Dulkarnèn utawi kadosdene Nabi Suleman, jalaran saking adiling paprentahanipun, kacariyosakên babar pisan botên nate wontên rah ingkang wutah.

[Iklan]

--- 709 ---

Pamulangan Tani ing Ondêr Dhistrik Maja, Dhistrik Majalêngka, Paresidhenan Indramayu.

(Kintunan saking ajung lanbo konsulèn ing Maja)

Bokmanawi kathah para ingkang dèrèng sami anguningani, bilih ing dhusun Maja, dhistrik Majalêngka, wontên satunggiling sêkolahan tani ingkang kanamakakên: Karang Usaha Têtanèn, inggih punika tumrap mulang para lare ingkang sami badhe sinau kawruh têtanèn. Dene ingkang kenging lumêbêt ing pamulangan wau, inggih punika lare anakipun tiyang tani, ingkang sampun tamat pasinaonipun wontên ing pamulangan guprêmèn klas II utawi pamulangan dhusun. Dununging sêkolahan punika wontên ing lêmpènging rêdi Crême ingkang sisih kilèn, inggilipun panggenan kapetang saking sagantên wontên ± 2000 kaki.

[Grafik]

Para murid sami sinau anggarap sabin.

Têtiyang tani ing ngriku rêmên sangêt ulah têtanèn ananêm têtanêman warni-warni ingkang ambajaji. Kajawi nanêm pantun, ing măngsa kêtiga têtiyang sami ananêm: kênthang, bawang, kacang susuk, (kacang cina) jagung lan sasaminipun. Manawi ulah têtanènipun tiyang ngriku katitipriksa sayêktos, têtela inggiling kawruhipun bab ulah têtanèn. Dene wontênipun pamulangan tani wontên ing ngriku, punika sagêda anuntun dhatêng anaking

--- 710 ---

para tani murih langkung inggil malih dhatêng kawruhipun têtanèn.

Mênggah adêging pamulangan kasbut nginggil, punika kala wulan Mèi 1916, lan dumuginipun samangke, sabên kalih taun sapisan sagêd ngêdalakên murid cacahipun 50. Ing taun 1920 pasinaon ing pamulangan wau têtela dèrèng wontên wohipun babarpisan, amargi para murid ingkang sami lulus pasinaonipun, sami lajêng nyambut damêl dhatêng guprêmèn saha sanès-sanèsipun. Ingkang makatên wau sayêktosipun botên kenging kalêpatakên, jalaran lare-lare wau sami botên anggadhahi pawitan kangge ulah têtanèn piyambak, punapa malih têtiyang sêpuhipun ugi botên sagêd mawiti, amargi namung anggadhahi sabin sawatawis, namung cêkap kangge têdha sadintên-dintênipun. Wontên ugi tilas murid ingkang nuntên ulah têtanèn gadhahanipun piyambak, ing sarèhning angsal pangajaran bab têtanèn, angsal-angsalaning tanêmanipun sampun têmtu inggih langkung kathah tinimbang têtiyang tani limrah.

Ing taun 1920 ing pamulangan ngriku dipun wontênakên pranatan enggal, sabin gadhahanipun pamulangan, ingkang wiyaripun 5 bau, kaparingakên dhatêng murid 10 supados dipun tanêmi piyambak kanthi katuntun dening gurunipun. Kasilipun rêsik dipun simpên ing bang, prêlunipun ing têmbe, manawi para murid wau sampun rampung pasinaonipun, arta wau kenging kangge nyewa siti, sarta kangge wragad pangolahipun. Dene ingkang kenging lumêbêt ing pamulangan, lare-lare ingkang umuripun sampun langkung saking 15 taun, saha sampun angrencangi anggarap sabin tiyang sêpuhipun. Jalaran wontênipun pranatan enggal wau, sampun tamtu lajêng kathah lare anakipun tiyang tani ingkang kêpengin lumêbêt ing pamulangan punika. Ing pamulangan tuwin ing pasabinan para lare wau katingal sami mêmpêng anggènipun sinau.

Para murid wau salêbêtipun kalih taun satunggil-satunggilipun sagêd ngêmpalakên arta radin-radin f 150-, arta samantên punika anyêkapi kangge anggarap sabin wiyaripun 1½ bau. Dene manawi kakirangan pawitan, kenging sami nyambut arta utawi wiji pantun dhatêng sêkolahan. Antawisipun para murid ingkang mêdal saking sêkolahan wau sadèrèngipun taun 1920, punika ugi wontên ingkang dipun sambuti pawitan, saha anggènipun amangsulakên kacicil sabên taun. Dumugining samangke tilas murid pamulangan tani ing Maja sampun wontên 26 ingkang sami nglampahakên têtanèn piyambak, sarana dipun tuntun dening gurunipun, inggih punika: satunggiling ajung lanbo konsulèn. Mênggah wontênipun têtiyang ingkang sami anglampahakên têtanèn piyambak samantên wau, saya dangu sampun têmtu saya wêwah kathah, amargi sabên taunipun, wontên tilas murid kalih utawi tiga wêdalan ing ngriku, ingkang katuntun dening guru pamulangn[3] Maja wau saha kawêwahan sabên kalih taun sapisan, murid 10 ingkang sawêg tamat pasinaonipun.

Pranatan enggal wau sayêktos kenging kaajêng-ajêng mênggah ing kamajênganipun, amargi antawisipun para murid ingkang sampun tamat pasinaonipun ing pamulangan tani ing Maja, sampun wontên 3

--- 711 ---

utawi 4 ingkang sampun anggadhahi griya piyambak, jalaran saking angsal-angsalaning anggènipun sami têtanèn, lan wontên ugi ingkang sampun anggadhahi rajakaya, maesa tuwin menda.

Tanêmanipun para tilas murid wau tansah dipun awat-awati dening ajung lanbo konsulèn ing Maja, murih sêsrawunganing guru lan murid sampun ngantos ical. Ing sarèhning sabin-sabin ingkang kagarap wau, saya dangu saya wêwah kathah, guru ingkang kajibah angawat-awati lajêng kabantu dening murid lami, ingkang sampun anggadhahi sabin piyambak, lan sabên wulan sapisan dipun gêntosi dening kancanipun. Tindak ingkang makatên punika prêlunipun supados para tilas murid wau satunggal lan satunggalipun tansah sêsrawungan saha rêrêmbagan punapa ingkang dados kaprêluwanipun.

Wiwit ing taun 1924 pambayaraning arta ingkang kasambutakên, punika lajêng katumbasakên pantun, saha ing wancinipun badhe jawah lajêng kasambutakên dhatêng para tilas murid. Dene panyauripun sasampunipun panèn pantun, kanthi kawêwahan 18%, pantun 18% wau kangge ngawontênakên andhil badhe adêgipun kopêrasi lumbung. Andhil pantun wau badhe kasade ing masa awis pantun, lan arta pêpajênganipun badhe katumbasakên pantun malih ing măngsa mirah pantun. Sampun tamtu sabêhun[4] pantunipun saya wêwah kathah, ngantos kathahing pantun wau sagêd anyêkapi tumrap sadaya kaprêluwanipun têtanèn para tilas murid-murid wau. Manawi pawitanipun pantun wau sampun agêng sayêktos, tamtu anakaning nyambut pantun wau badhe dipun kirangi, anggêr tumindakipun sagêd lumintu kemawon. Tuntunan ingkang makatên wau, sayêktos agêng sangêt gunanipun tumrap para kawula. Amila iba saenipun, upami nagari karsa mêwahi ngawontênakên pamulangan ingkang makatên wau malih.

Mugi Kawigatosna dhatêng Para Maos tuwin Para ingkang Sami Mundhut Polêksalmênak taun 1928

Ing sarèhning ing bab pranatan pènsiyun ingkang kasêbut ing Polêksalmênak Jawi, Mlayu tuwin Sundha wontên ingkang kècèr pamrêtalipun saking basa Walandi, amila Bale Pustaka nusuli katrangan kangge nglêrêsakên kalêpatan wau wontên ing Kajawèn tuwin Panji Pustaka.

Dene kalêpatan wau ingkang tumrap Polêksalmênak Jawi, kasêbut ing kaca 163-164 aksara: na, lêrêsipun kados ing ngandhap punika:

na, pènsiyun alit, manawi: 1 dhinêsipun kirang 5 taun saking dhinês ingkang kasêbut ing aksara: ha, tumrap satunggil-satunggiling golongan, măngka umuripun tumrap satunggil-satunggiling golongan wau sampun anyêkapi, 2 manawi kirangipun langkung saking 5 taun (nanging kirangipun punika botên kenging langkung saking 10 taun) umuring punggawa wau kêdah sampun langkung saking ingkang katamtokakên ing aksara: ha. Langkunging umur apêsipun kêdah sami kalihan kiranging dhinêsipun ingkang jangkêp, kasuda 5 taun. Upaminipun: satunggiling mantri pulisi dhinêsipun taksih kirang 8 taun saking ingkang katamtokakên ing aksara: ha, murih sagêdipun angsal pènsiyun alit, priyantun wau kêdah sampun ngumur 50 + 8 - 5 taun, inggih punika 53 taun.

Bale Pustaka.

--- 712 ---

Pamungu Supados Rêmên dhatêng Pandamêlan

Saking pamanggih kula, nyambut damêl punika inggih kalêbêt kalimrahan. Tăndha saksinipun manawi wontên tiyang sarwa waras wiris tur taksih nèm, măngka botên nyambut damêl, punika mêsthi dados pocapan, malah manawi ingkang botên nyambut damêl wau tiyang malarat, asring kenging panggrayangan[5] ingkang botên prayogi. Kajawi punika, nyambut damêl pudika[6] inggih ugi kalêbêt kasarasan, amargi ilining rah, nêdha utawi tilêm sami sagêd ajêg. Punapadene paedahipun malih, kenging kangge nylamur manah sungkawa sapanunggilanipun, dados sanadyan tiyang nyambut damêl punika ngêdalakên karosan ingkang mêsthinipun luwe, sagêd kaslamur botên karaos luwe. Wangsul tiyang nganggur sanadyan namung thênguk-thênguk thok, nanging kathah sangêt godhanipun, mila inggih malah boros, amargi sajatosipun ingkang nganggur punika namung badanipun, nanging kagunganipun padharan utawi pêpenginan asring botên purun nganggur. Awit saking punika, nyambut damêl punika botên ngêmungakên wontên tiyang malarat, sanadyan tiyang ingkang sampun sugih inggih prayogi.

Kacariyos anggèning tiyang sami nyambut damêl punika, prêlunipun pados arta kangge nyandhang nêdha, lumèbèripun kangge ngingahi dhatêng anak bojo. Dados manawi makatên, tiyang nyambut damêl punika nama kapêksa, amargi kangge nyandhang nêdha wau. Manawi tiyang nyambut damêl punika dipun tampi ing manah: kapêksa, utawi kaanggêp lugu namung pados arta thok, pamanggih kula botên prayogi, amargi anggèning nyambut damêl sisip-sêmbiripun sagêd dados: mata dhuwitên, panindakipun namung ambujêng enggala angsal arta, pandamêlanipun sampun tamtu lajêng groboh, wusana pangajêng-ajêngipun sagêda angsal arta, angsal-angsalanipun inggih sakêdhik, amargi barang garapanipun awon.

Mênggah prayoginipun nyambut damêl punika, ingkang sapisan mawi kadhasarana manah sênêng. Kaping kalih anggadhahana niyat pados nama, agêngipun ngantos angsal pratăndha panarimah, awit saking awiging garapanipun. Ingkang kaping tiga pados kawruh, wondene têrangipun makatên: tiyang nyambut damêl punika bilih sênêng manahipun, têmtu sagêd sae garapanipun, punapa malih panyambut damêlipun mugên, sae botên gadhah raos wêgah tuwin sayah. Dene bab anggènipun dipun dhasari pados nama, punika wigatosipun supados tinrêsnanan ing tiyang kathah, ingkang awit saking kalêgan manahipun utawi kalêrêsan anggèning sami anggarapakên barangipun. Tumrap bab kaping tiga: pados kawruh, punika supados kathah sêsêrêpanipun, ingkang lêlajênganipun kenging kangge sarana minggahing pangkat pandamêlan ing panginggilanipun. Mênggah nyambut damêl dhinasaran kados kasêbut nginggil, punika agêng sangêt pangajêng-ajêngipun kathahing angsal-angsalanipun arta.

Wondene witing sênêng punika, saking nocogi kalihan dhêdhasar karêmênaning manahipun. Upami tiyang ingkang anggadhahi dhêdhasar bab bangsaning laras, punika [pu...]

--- 713 ---

[...nika] mêmpanipun nyambut damêl dados niyaga, makatên sapiturutipun. Wontênipun tiyang nyambut damêl sampun angsal balănja kathah lajêng mêdal, punika bokmanawi inggih saking botên nocogi kalihan dhêdhasaring manahipun. Kajawi punika manawi dipun manah-manah, nyambut damêl punika botên wontên awratipun, dene ingkang mastani awrat punika namung ingkang nyawang, dados sampun tamtu manawi ingkang nyawang punika mastani awrat, amargi sagêd ugi ingkang dipun sawang punika botên nocogi kalihan dhêdhasaring manahipun ingkang nyawang. Upaminipun ingkang nyawang sarwa ringkih badanipun, măngka nyumêrêpi pandamêlanipun pandhe tosan, tiyang wau mêsthi wêgah, jalaran dipun têpakakên kalihan badanipun piyambak ingkang sarwa ringkih, tamtu botên tèyèng utawi sakit kangge nyambut damêl ngêdalakên karosan kados tukang pandhe. Kosokwangsulipun ingkang nglampahi, inggih punika tukang pandhe, tamtu botên wêgah ingatasing pandamêlan ingkang katindakakên, amargi sampun kulina utawi sampun dados padamêlanipun. Punapa malih pandamêlan ingkang mêgahakên utawi rêkaos, punika ugi botên dumunung wontên pandamêl ingkang sarwa ngêdalakên karosan, nanging anggèning mêgahakên utawi rêkaos wau, namung kabêkta saking botên sagêdipun ingkang nindakakên. Têrangipun, saupami tukang pandhe wau kapurih nindakakên pandamêlan bangsaning kalungidan utawi karawitan, kados ta: kapurih damêl kidung rêrêpèn, andhalang, nyungging, gambar, inggih rêkaos sayêktos, amargi sanès pandamêlanipun saha botên gadhah dhasar.

Sadèrèngipun nyambut damêl, prayogi amanaha rumiyin pandamêlan punapa ingkang dipun sênêngi, manawi sampun salaras kalihan manahipun, lajêng kalampahana, sampun mawi malang tumolih, (awang-awangên), dene bab kawruh mangke sagêd katuntun wontên salêbêting pandamêlan. Kajawi punika sampun ngantos gadhah raos lingsêm, dupèh pandamêlanipun kaanggêp asor. Ngadatipun tiyang anglampahi pandamêlan gadhah raos lingsêm, punika pinanggih wontên tiyang ingkang sampun nate mukti utawi ingkang rumaos inggil darajatipun, dhumawahing apês kapêksa anglampahi pandamêlan ingkang kaanggêp asor wau. Pancènipun jaragan sampun dipun niyati nyambut damêl punika kêdah botên lingsêm, amargi nyambut damêl punika mêsthi sêsrawungan kalihan tiyang, dados dipun rekaa kados punapa, mêsthi kawanguran ing tiyang saha tanpa damêl. Cêkakipun, tiyang ingkang makatên wau badhe rêkaos ing samudayanipun, rêkaos dhatêng manah, rêkaos panindakipun nyambut damêl, saha rêkaos angsal-angsalanipun arta.

Utaminipun tiyang punika malah kapara angluhurakên dhatêng pandamêlanipun, sampun ngantos nyapèlèkakên, saha anggadhahana rumaos bilih pandamêlanipun punika, nama mitulungi dhatêng adêging gêsangipun tiyang ing ngalam donya, kados ta: wontênipun tiyang sagêd nêdha sêkul, punika saking pitulunganipun tiyang tani, wontênipun tiyang sagêd damêl griya saking pitulunganipun tukang kajêng, makatên sapiturutipun. (Badhe kasambêtan)

--- 714 ---

Rêmbagipun Sêmar, Petruk lan Garèng Bab Wèt ingkang Amêrangi Tindaking para Lintah Dharat.

(Sambêtipun Kajawèn ăngka 39)

Garèng : Pangadilan ora kêna ngidinake panagihe, ananging uga ora kêna nêtêpake, yèn layange panagihan mau ora ana buktine babar pisan. Wayah, rama, yèn ana prakara kang kaya mangkono kuwi, dara sidhèn sajake kaya wong sing cêkine mati siji, arêp diowahi cêkine kuwatir nèk mêtu, ora diowahi wong gênah wis mati siji.

[Grafik]

Sêmar : E, kurang ajar, la wong papriksan pangadilan, kathik dianggêp kayadene wong kowah. Wis, wis, rungokna. Yèn sing motangake dhuwit nyang Petruk duwe bukti liyane, sanajan bukti liyane mau ora sapiraa, sanajan ta mung rupa layang pasêksèn bae, kuwi Petruk bisa dikalahake prakarane.

Petruk : Ma, Ma, ing sarèhning aku kiyi sawijining priyayi, sabaku dina-dina mung nyang kamar bolah bae, tamtune iya duwèni kaprawiran, yèn nganti utang dhuwit, ora bakal ana titahing ngabathara sing bakal wêruh.

Sêmar : Mêngko dhisik, wong bagus, wong dlongèr, aku arêp nyêlani pitakon. Kowe mau ngomong, yèn dina-dina sok saba nyang kamar bolah, kuwi kowe apa wis lumêbu dadi lid.

Garèng : Yah, ma, ature Petruk kuwi aja sok digalih bênêr-bênêr. Aja manèh dadi lid, munggah rolak kamar bolah bae rak durung tau. Mungguh karêpe saba nyang kamar bolah kuwi mangkene, yèn para dara-dara lagi kabênêr lênggahan dhomino utawa sêlikuran ana ing kamar bolah, ing măngka ora ana wêktune kanggo kondur dhahar, kuwi banjur nimbali Petruk, amarga Petruk wis pirang-pirang dina kiyi dadi bakul saoto.

Sêmar : E, trèmbèlane, anggone ora urus Petruk kuwi kathik kabanjur-banjur, mungguh calathune Petruk, ora ana titahing ngabathara sing bakal wêruh, kuwi yèn aku ora kliru, karêpe Petruk arêp pitakon mangkene: kapriye upamane sing motangake ora duwe bukti liyane babar pisan. Apa ya mangkono, Truk.

Petruk : Mula ya mangkono, ma. Sabisa-bisa wong utang kuwi aja nganti kêwruhan ing liyan, amarga yèn nganti konangan kamlaratanmu, sok banjur disingkiri ing akèh. Mulane yèn ing ngomah kêndhile kabênêr mêngkurêp, aku malah banjur palêsir-palêsir mubêng kotah, jasku siji tak ênggoni kabèh.

--- 715 ---

Sêmar : Panêmumu kang mangkono kuwi, aku mula anggêsin bangêt. Mungguh pitakonmu: kapriye upamane sing motangake ora duwe bukti liyane babar pisan, kuwi pangarsaning pangadilan bisa mutus sarana nyumpah salah siji, apa sing motangake, apa sing utang. Pamilihe sapa sing kudu disumpah kuwi, gumantung marang karsaning pangarsaning pangadilan. Wis têmtu sing disumpah kuwi salah siji sing kira-kira kêna dipitaya. Lumrahe sing disumpah kuwi wong sing anggugat prakara. Ing têmbe yèn kasumurupan, manawa sing disumpah mau sumpahe palsu, miturut artikêl 159, 161 lan artikêl 162 ing anggêr pribumi (Ind. Regl.) wong mau kêna diukumake.

Garèng : Lha, yèn mangkono larase, rama, sing utang, upamane ing kene Si Petruk, apa ora bisa nyuwun marang pangarsaning pangadilan landrad, supaya sing motangake mau disumpah.

Sêmar : Lho, aku mau wis ngomong, sing disumpah kuwi sing akèh-akèh sing gugat prakara, dadi lumrahe ya sing motangake.

Garèng : Bênêr, ma, ananging panyumpahe mau kudu mangkene: mula ya sabênêr-bênêre, yèn Si Suta motangake dhuwit marang Si Petruk f. 100.-.

Sêmar : Lha kuwi êmbuh ora wêruh, apa sing utang dhuwik kêna duwèni panuwunan kang mangkono kuwi, kiraku kêna, ananging aku ora bisa nêmtokake, amarga yèn dadi presidhèning pakumpulan ajar jogèd aku ya wis tau, ananging presidhèning pangadilan landrad, durung. Lho kapriye karêpmu kuwi ta Rèng, sajake kok ana buntute.

Garèng : Lho, kuwi mangkene. Rama mau wis ngandikake, sing sapa sumpah palsu, miturut artikêl-artikêl 159, 161 lan 162 ing anggêr pribumi, kuwi kêna diukumake. Ing măngka tindaking lintah dharat kuwi lumrahe yèn nyang layang panagihane disêbutake motangake dhuwit f. 100.-, lumrahe sing utang mung nampa f.50.- utawa f. 60.- Saiki yèn sing motangake dhuwit wis kalakon sumpah angakoni motangake dhuwit f. 100.-, ing măngka sabênêre mung motangake f. 50.- utawa f. 60.-, kuwi sing utang apa ora bisa kêlah, yèn sing motangake dhuwit mau, wis kasalahan sumpah palsu.

Sêmar : E, sambêr tempe, kathik amokrul bambu. Kiraku yèn sing utang mau anduwèni sêksi cukup, pantês-pantêse iya kêna, ananging bab kuwi aku ora bisa amêsthèkake. Wis, samene dhisik, besuk manèh bae padha dibanjurake anggone padha rêrêmbugan bab pranataning utang-piutang.

--- 716 ---

KRONIEK

Kabar warni-warni

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Wontên pawartos, bilih têtiyang ing dhusun Kawat, sacêlakipun Watês, anyênjata sima ngantos pêjah, sima wau sampun sawatawis lami angrêridhu katêntrêmanipun dhusun.

Kabaripun, rayi dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta: Bandara Radèn Mas Sujanadi, ingkang suwaunipun ngasta padamêlan wontên ing kantor agrarisêsakên, samangke katêtêpakên dados ondêr up ing kantor inlansêkadhastêr ing Ngayogya.

Ngarsa dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun ing Ngayogya sampun amarêngakên, sarta sampun maringi nawala kêkancingan dhatêng panuwunipun Radèn Wadana Dwijasewaya, bab nyuwun kèndêl anggènipun dados abdi dalêm sekrêtaris ing kadipatèn.

Saking Surakarta kawartosakên, bilih benjing wulan Ruwah taun punika, kaparênging karsa dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, putri dalêm Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton badhe katêtêsakên.

Sêdyatama amartosakên, konggrès Muhamadiyah benjing Ruwah punika, kabaripun badhe nyuruhi para sarjana Islam saking mănca praja, kados ta: saking Mêsir, Indhu, Turki, Arab sasaminipun, punapa malih ing Indiya ngriki, mêsthi kasuruhan. Dene ingkang badhe karêmbag wontên ing konggrès ngriku samangke dèrèng sagêd anêmtokakên.

Saking Surabaya kawartosakên, Tuwan Marsudi, redhaktur Sinar Indonesia sarta ingkang dèrèng dangu punika ngêdêgakên pakêmpalan enggal nama: Parte Rayat Indhonesiah, dipun cêpêng jalaran damêl karangan ingkang suraosipun ngojok-ojoki.

Salêbêtipun wulan Sèptèmbêr punika, têtiyang sakit ingkang dipun pulasara kanthi lêlahanan wontên ing griya sakit Tyonghwa ing Sêmarang, inggih punika: băngsa Tiyonghwa 243, têtiyang èstri băngsa Tyonghwa 33, lare-lare Tyonghwa 154, tiyang pribumi 62, tiyang èstri pribumi 45. Dene têtiyang sakit ingkang sami bayar wontên 89. Dados ing salêbêtipun wulan Sèptèmbêr punika, gunggungipun têtiyang ingkang sami dipun pulasara wontên ing griya sakit ngriku wontên: 626.

Wontên kabar, bilih ing Jêmbêr tansah wontên jawah awu. Malah ing ngrika kala-kala kapirêngan swara gumuruh saking rêdi Raung, tuwin kukusing kawah rêdi wau tansah kêtingal gumulung sundhul ngawiyat.

Kala tanggal 19 Sèptèmbêr ingkang kapêngkêr punika, pangadilan landrad ing Grêsik, andhawahakên ukuman kunjara dhatêng para komunis, Sutiknya lan Muhamad Tam, ingkang satunggal laminipun 4½ taun, satunggalipun malih 3 taun, amargi kalêpatan badhe adamêl risakipun katêntrêmaning praja.

Saking Ngawi kawartosakên: satunggiling jêndhuling komunis nama: Suratmaji alias Ratman, asli saking Kêdhunggalar, ingkang dados buroning pulisi, amargi kalêpatan tumut-tumut adamêl gegeran dèrèng dangu punika, dèrèng watawis lami punika kacêpêng pulisi wontên ing Batawi, saha lajêng kakintunakên dhatêng Ngawi. Sadumuginipun ing Ngawi sanalika punika lajêng kapriksa prakawisipun.

Katêtêpakên dados wadana algêmènê pulisi ing paresidhenan Sêmarang: Radèn Sukarman, ingkang suwau asistèn wadana pulisi klas I ing Sêmarang. Wiwit tanggal 3 Oktobêr punika, kawisudha dados wadana pulisi ing Surabaya: Mas Wirawêrdaya, ing suwau asistèn wadana klas I ing Brondong, kabupatèn Lamongan.

Sêrat kabar A.I.D. martosakên, bilih kopral băngsa pribumi lan saradhadhu Mênadho, kalih-kalihipun sami golongan ing batalyun 15 ing Bandhung, dèrèng dangu punika kacêpêng ing pulisi, amargi kalêpatan anggènipun gêgayutan kalihan para komunis.

Saking Têgal kawartosakên: kala dintên Jumuwah sontên ingkang kapêngkêr punika, kintên-kintên jam satêngah sakawan, ing krêtêg sajawining kitha Têgal, wontên ing margi antawisipun têgalan Brêbês, wontên bêbaya oto ingkang adamêl tiwasipun tiyang èstri pribumi satunggal. Kala kapriksa prakawisipun têtela, bilih supiring oto wau, kala anglampahakên otonipun ngantuk. Ingkang punika supir wau inggih lajêng kacêpêng ing pulisi. Tiyang èstri wau sanalika punika pêjah.

Saking Pakalongan kawartosakên, bilih pandamêlipun watêrlèdhêng (toya plêmpêng) ing Têgal, kapasrahakên dhatêng firma Snuyff ing Surabaya. Wragadipun f 156.000.-.

--- 717 ---

Kabar saking Bogor amartosakên: dèrèng dangu punika sampun wontên sêrat kêkancingan ingkang dipun tapakastani, ingkang nyêbutakên wontên tiyang komunis kalih malih ingkang badhe dipun singkirakên dhatêng Dhigul, ingkang satunggal asli saking Madiyun, satunggalipun malih asli saking Surabaya.

Katêtêpakên dados patih ing kabupatèn Garut, Mas Sastrawiguna, ing suwau wadana algêmènê pulisi ing Serang. Patih ing Cianjur: Mas Sunartadirja, wadana ing Serang. Patih ing Batawi: Radèn Kandhuruan Wira Adikusumah, sèkrêtaris rad kabupatèn ăngka I ing Sukabumi.

Kabaripun Mr. Radèn Ahmad adpokat saha pokrul ing Surabaya, nyuwun kèndêl saking kalênggahanipun, sumêdya nyuwun padamêlan wontên ing gupêrmèn. Kabaripun Mr. Radèn Ahmad wau, samangke katêtêpakên dados amtênar ingkang kabantokakên ing pangadilan justisi ing Sêmarang.

Aneta martosakên saking Makasar, bilih pangadilan justisi andhawahakên ukuman kunjara laminipun 3 wulan dhatêng tuwan asistèn residhèn Emmeloort Stein, amargi kalêpatan sampun anahan saha anganiaya tiyang ngantos dumugi ing tiwasipun.

Para ingkang sami lulus èksamênipun notaris bagiyan pungkasan, (bagiyan III): Tuwan-tuwan mas Sujak (Cirêbon) lan Radèn Kadiman (Bandhung).

Wontên pawartos, Ingkang angsal pris f 70.000.- saking lotre agêng Surabaya, inggih punika Tuwan S.Z. Bahsin ing Palembang.

Wontên kabar: Pulisi ing Batawi dèrèng dangu punika anyêpêng satunggiling tiyang pribumi nama: Amad punggawa baita kapal Bacan, ingkang mêntas punika labuh wontên ing Tanjung Priyuk. Amad wau konangan anggènipun badhe anglêbêtakên sênjata pêtêng, dening pangadilan landrad pun Amad kadhawahan ukuman kunjara laminipun 2 wulan.

Kala dintên Sêtu ingkang kapêngkêr punika, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun ing Surakarta saking Surabaya têdhak dhatêng kabupatèn Bangkalan, siyangipun kondur malih dhatêng Surabaya.

Wontên pawartos Tuwan Tan Eng Goan, ingkang anggadhahi kantor pangêcapan Siang Po ing Bandhung tuwin Tuwan Tan Tong Kie, guru pamulangan T.H.H.K. ing Têgal, botên dangu malih badhe kapriksa dening pangadilan landrad ing Bandhung, amargi kadakwa sampun nyêbar pêngojok-ojok wontên ing sêrat kabar Siang Po.

Dèrèng dangu punika Gusti Daradatun, putra dalêm pambayun Ingkang Sinuhun ing Ngayogya saha calon pangeran adipati anom, kadhèrèkakên dening para abdi dalêm sawatawis, rawuh ing Surabaya prêlu badhe mriksani yarmarêk ing ngrika. Karsaniupun Gusti Daradatun wau badhe anitipriksa kawontênanipun barang-barang damêlanipun têtiyang pribumi ing panggenan sanès-sanès ingkang kadhasarakên wontên ing yarmarêk ngriku, saha kintên-kintên têtiyang Ngayogya punapa sagêd tiru-tiru adamêl barang-barang wau, ingkang sagêd anjalari indhaking pangasilanipun.

Aneta martosakên saking Surakarta, bilih kala malêm Minggu ingkang kapêngkêr punika, griyanipun Tuwan Veen kabêsmi, jalaran saking kiranging toya angèl anggènipun amêjahi latu wau. Tujunipun, griya wau katanggêlakên ing asuransi, mênggah sabab-sababipun griya wau kabêsmi, samangke dèrèng kasumêrêpan, tiyang ngintên bilih kabêsminipun wau mila dipun jarag.

Aneta martosakên, bilih ingkang wadana ing Soreang, Radèn Muhamad Musakarta Lêgawa, kabantokakên dhatêng paduka tuwan residhèn ing Priyangan Têngah, supados amakili pangkat patih ing Bandhung, sadangunipun ingkang Bupati Bandhung tindak pêrlop dhatêng nagari Walandi.

Jalaran tuwuhipun prakawis-prakawis ingkang ngèngingi ingkang bupati ing Brêbês, samangke tuwan kontrolir saha bandara patih anindakakên panaliti ing dhusun-dhusun saha ing ondêr dhistrik-ondêr dhistrik. Ing wulan punika kabaripun, ingkang bupati piyambak badhe kapriksa prakawisipun wontên ing pasanggrahan Bumiayu utawi wontên ing Sêmarang.

Saking Dhênhah (nagari Walandi) kawartosakên, bilih kala tanggal 28 Sèptèmbêr ingkang kapêngkêr punika, pangadilan justisi andhawuhakên nyêpêng sêtudhèn kêkalih, inggih punika: Tuwan Mometoe Wilson ingkang samangke wontên ing kitha Bèrlin (Jêrman) lan Tuwan Ahmad Subarja, ingkang sapunika pangkat wangsul dhatêng tanah Indiya.

Dèrèng dangu punika Tuwan Sastra Amijaya, sêtudhèn ingkang dipun tahan won[7] ing griya pakunjaran ing Dhênhah (nagari Walandi) kaparingan palilah tumut èksamên ilmu ukum Indiya. Mangkatipun dhatêng kitha Lèidhên sarana kairit dening pulisi. Ingkang kawajiban suka èksamên dhatêng sêtudhèn wau: Para guru agêng: Tuwan Dr. G.A.J. Hazeu, Tuwan C. van Vollenhoven, Tuwan Dr. N.J. Krom tuwin Tuwan G. Andre de la Porte, wusana èksamênipun Tuwan Sastra wau pikantuk, saha sasampunipun lajêng kawangsulakên lumêbêt ing griya pakunjaran malih.

--- 718 ---

FEUILLETON

Lêlampahanipun Prabu Tristan lan Putri Isolde

21

Ananging manawi kawula unggul ing jurit, tuwin paduka karsa nampi sang pramèswari malih, kawula badhe suwita malih ing paduka, saha badhe ambelani angluhurakên asma tuwin nagari paduka, anglangkungi saking belanipun para baron sanèsipun. Dene manawi paduka botên karsa saha ngabdèkakên malih dhatêng jasat kawula, kawula badhe kesah saking ngriki, badhe suwita dhatêng sang prabu ing Gavoie utawi sang prabu ing Friesland. Kawula botên badhe wangsul dhatêng ing Cornwallis malih. Sang prabu, manawi paduka botên karsa nampi sang pramèswari, panjênênganipun badhe kawula bêkta wangsul dhatêng ing Irlan, ing ngrika panjênênganipun sagêd jumênêng nata, angratoni nagarinipun piyambak.

Sarêng para baron mirêng aturipun Prabu Tristan anantang prang tandhing, lajêng sami matur: Gusti, mugi paduka karsaa nampi sang pramèswari malih, saèstunipun tiyang ewah ingkang angawon-awon sang putri punika. Prakawis Tristan, mugi kadhawahana nilar nagari Cornwallis, asuwita dhatêng sang prabu ing Gavoie utawi sang prabu ing Friesland kados ingkang kasêbatakên ing salêbêting sêrat wau. Mugi paduka karsaa paring dhawuh timbalan dhatêng Tristan, sang putri supados enggal dipun aturakên ing dintên ingkang paduka tamtokakên.

Sang prabu nuntên ngandika: Hèh, para satriya, sapa kang isih anduwèni pandakwa ala marang Tristan, muga mênyata saka ing palinggihane. Para baron tuwin para satriya sanèsipun sami kèndêl kemawon. Wusana sang nata lajêng ngandika dhatêng ngulama: Hèh, ngulama, sira enggal gawea wangsulaning layang iku, surasane miturut kang wis karêmbug iki. Dienggal jalaran wis lawas Isolde anglakoni lara-lapa ana ing satêngahing alas. Kajaba iku muga caritakna uga yèn ingsun kirim pandonga slamêt marang sakarone. Sontênipun sêrat wangsulan wau kacancang ing palanging Roode Kruis ingkang dumunung ing margi dhatêng ing salêbêting wana Morois.

Ing wanci têngah dalu Prabu Tristan anilar padhepokanipun Kyai Ogrin, mêdal saking wana Morois lajêng anjog ing ara-ara anjujug panggenaning Roode Kruis, sêrat wangsulanipun sang nata ingkang cinancang ing palanging Roode Kruis nuntên kapundhut, kabêkta dhatêng padhepokanipun Kyai Ogrin saha lajêng kasukakakên Kyai Ogrin ambikak sêrat wangsulan wau nuntên dipun waos: sarana mupakatipun para baron kalerehanipun, sang prabu karsa nampi sang pramèswari malih, nanging botên karsa angabdèkakên Tristan. Tigang dintên malih Tristan dipun êntosi ing sang nata saabdinipun wontên ing ara-ara sapinggiring wana Morois. Sasampunipun angaturakên sang putri, Prabu Tristan kadhawahan enggal kesah saking ing Cornwallis. Sasampunipun mirêngakên ungêling sêrat wangsulan punika Prabu Tristan sêsambat, pangandikanipun: dhuh, sang putri, kêkasih kula, sayaktosipun awrat sangêt pêpisahan kula nilar sampeyan. Ewasamantên kêdah kalampahan, jalaran namung punika marginipun sagêd kula angluwari paduka saking kasangsaran ingkang sampeyan lampahi, margi anggèn sampeyan ambelani dhatêng kula. Manawi sampun dumugi ing mangsanipun pêpisahan kula badhe ngaturi tăndha pangèngêt-èngêt dhatêng sampeyan. Saking ing nagari padunungan kula samăngsa-măngsa kula badhe kèngkènan tiyang dhatêng ing Cornwallis sowan ing sampeyan. Sampeyan sagêd dhawuh punapa kemawon dhatêng kèngkènan wau. Manawi kula sampeyan undang, kula inggih badhe enggal dhatêng. Sang putri analăngsa sangêt mirêng sêsambatipun sang kinasih makatên punika, pangandikanipun: dhuh, Tristan mitra kula, mugi karsa amaringakên pun Husdent kemawon. Manawi kula ningali dhatêng sagawon punika, kula têmtu èngêt dhatêng ing sampeyan. Dhuh, mitra, kula gadhah sêsupe amripat sêsotya ijêm, mugi sampeyan karsa nampi sêsupe punika minăngka tandhaning katrêsnan sampeyan dhatêng kula. Sêsupe punika sampeyan agêm. Manawi ing têmbe wontên utusan sampeyan, kula pitados manawi utusan wau ngatingalakên sêsupe punika. Manawi utusan wau botên sagêd ngatingalakên sêsupe punika, sanajan cariyos punapa kemawon botên badhe kula pitados bilih piyambakipun punika utusan sampeyan. Manawi kula sampun ningali sêsupe punika, kula badhe enggal anglampahi sapanêdha sampeyan sarta botên badhe wontên alangan ingkang sagêd anyêgah niyat kula wau.

Wangsulanipun Prabu Tristan: Mitra, pun Husdent kula sukakakên ing sampeyan. Sang putri lajêng ngaturakên sêsupenipun, sarta lajêng arêrangkulan.

Enjingipun Kyai Ogrin kesah dhatêng ing kitha, pêrlu tumbas agêm-agêmanipun sang pramèswari, tuwin tumbas kapal ingkang tutut sangêt minăngka titihanipun, saha abah-abahanipun pisan, dene ingkang kangge têtumbas barang-barang ingkang èdi pèni ingkang sarwa sutra tuwin ingkang kangge tumbas kapal wau yatra sêsimpênanipun piyambak. Têtiyang ingkang ningali lêkasipun Kyai Ogrin sami anggêgujêng, nanging têtiyang ingkang sami anggêgujêng wau botên dipun [di...]

--- 719 ---

[...pun] paèlu. Barang-barang têtumbasanipun lajêng katumpakakên ing kapal, nuntên wangsul dhatêng ing padhepokanipun. Sadumugining padhepokanipun lajêng manggihi Sang Putri Isolde, aturipun: dhuh, sang pramèswari, agêm-agêman paduka sampun sami luwas sadaya. Paduka mugi karsa anampi agêm-agêman awon punika, kagêm santun benjing êmbèn manawi paduka pangkat amanggihi sang nata. Saèstunipun kula kuwatos bilih botên andadosakên panujuning panggalih dhatêng agêm-agêman punika, margi kula botên kulina amilih agêm-agêmaning para putri.

Kacariyos ing dintên punika Sang Prabu Marc paring sumêrêp dhatêng sadaya tiyang ing Cornwallis bilih tigang dintên malih sang prabu badhe anampi sang pramèswari wontên ing ara-ara sacêlaking wana Morois. Sarêng dumugi ing dintên mangsanipun sang prabu badhe pêpanggihan kalihan Prabu Tristan, saha badhe ngaturakên sang pramèswari wau, ara-ara wau kêbak tiyang, kathah para satriya tuwin para putri băngsa luhur ingkang sami rawuh ing ara-ara punika. Sadaya sami kêpengin sumêrêp malih dhatêng sang pramèswari, margi kajawi baron têtiga ingkang sami awon manahipun wau, sadaya sami wêlas saha trêsna dhatêng sang pramèswari. Ing ara-ara kaadêgan pasanggrahan-pasanggrahan ingkang rinêngga sae. Ing wanci enjing Prabu Tristan kalihan Sang Putri Isolde sami anitih titihan, anilar padhepokanipun Kyai Ogrin, mêdal satêngahing wana. Ing sarèhne Prabu Tristan kuwatos bilih wontên bêbaya ingkang andhatêngi, agêm-agêmanipun kasatriyan, inggih punika agêmipun kêre dipun rasuk lan pêdangipun[8] ugi dipun anggar lajêng dipun tutupi pangagêmanipun ingkang sampun awon, botên antawis dangu dumugi ing sapinggiring wana. Saking katêbihan Sang Prabu Marc katingal rinubung ing para baron. Pangandikanipun Prabu Tristan: Isolde, kêkasih kula, sang prabu sawadyabalanipun amapagakên dhatêng kula lan sampeyan wontên ing satêngahing ara-ara ngajêng punika, sakêdhap malih kula lan sampeyan botên sagêd rêrêmbagan malih. Mugi Gusti Allah karsaa anêksèni, sampeyan kula sumpah, ing têmbe samăngsa kula ngintunakên tiyang sowan dhatêng sampeyan, mugi sampeyan karsaa anglampahi ingkang dados panêdha kula. Wangsulanipun sang putri: dhuh, Tristan kêkasih kula, samăngsa kula ningali sêsupe ingkang amripat ijêm punika, kula botên badhe anyidrani jangji. Tembok ingkang santosa utawi karaton ingkang kinubêng ing bètèng kukuh, botên badhe sagêd angalang-alangi sêdya kula, kula tamtu anglaksanani punapa sapanêdha sampeyan. Prabu Tristan angandika malih: o, Isolde, mugi-mugi ingkang Maha Kawasa angijabahana sêdya sampeyan ingkang nandhakakên kasêtyan sampeyan punika.

Lampahing kapalipun jèjèr cakêt. Sang putri lajêng katarik rapêt sangêt lajêng rêrangkulan. Sang putri ngandika: sadhèrèk, panuwun kula sampeyan sampun enggal-enggal anilar nagari Cornwallis. Sampeyan êntosi sawatawis dintên malih, supados sampeyan anyumêrêpi kadospundi pangrêngkuhipun sang nata dhatêng kula. Wontên ing ngriki kula piyambakan, kula ajrih dhatêng têtiyang ingkang awon manahipun punika. Manawi sampeyan enggal-enggal kesah, sintên ingkang badhe mitulungi kula, manawi kula manggih bêbaya. Mantri wana Orri tamtu purun kanggenan sampeyan ing griyanipun, sarta anyukani papan pandhêlikan, mangke dalu sampeyan rawuh ing gudhang suwung ingkang sampun risak, kula badhe kèngkènan pun Pirinis ngaturi sumêrêp, punasa[9] wontên tiyang ingkang awon pangrêngkuhipun dhatêng kula punapa botên. Pangandikanipun Prabu Tristan: mitra, pandugi kula badhe botên wontên tiyang ingkang wani sumêja awon dhatêng sampeyan, manawi wontêna, tiyang wau tamtu badhe enggal nampèni pituwasing kalakuanipun, pramila kula sagah sêsingidan ing griyanipun Orri sawatawis dintên laminipun. Sarêng lampahipun Prabu Marc sawadya balanipun ingkang amapagakên dhatêngipun Prabu Tristan tuwin sang pramèswari wau sampun cakêt, lajêng sami suka urmat. Prabu Tristan lan Putri Isolde inggih lajêng mangsuli urmat. Lampahing titihanipun sang nata angrumiyini lampahing tumpakanipun para baron, watawis sapambandhil. Namung kadhèrèkakên dening baron Dinas ing Lidan. Sarêng para baron sampun anyakêti panggenanipun Prabu Tristan, Prabu Tristan nuntên angurmati sang prabu. Kalayan anyêpêngi lising titihanipun sang putri Prabu Tristan nuntên matur ing sang nata: sang prabu, kawula ngaturakên sang pramèswari. Dipun saksènana dening para baron tuwin para satriya ing Cornwallis sadaya, kawula nyuwun idi paduka, ambelani kaluhuraning karaton paduka, amargi prakawis pandakwa awon dhatêng kawula ingkang magêpokan kalihan isèning karaton paduka punika, manawi botên kalêrêsan pamariksanipun, karaton paduka badhe pikantuk nama awon. Kangge angicalakên pandakwa awon wau kawula nyuwun dipun abên prang tandhing, manawi kawula kawon kawula sumarah ing karsa dipun bêsmi, manawi kawula unggul ing jurit mugi paduka karsa angabdèkakên malih dhatêng kawula. Manawi paduka botên karsa ngabdèkakên malih dhatêng kawula, kawula badhe kesah dhatêng nagari sanès.

Kacariyos botên wontên baron satunggil-tunggila ingkang wani angladosi panantangipun Prabu Tristan wau. Sang nata lajêng nyandhak apusing titihanipun sang putri, nuntên kapasrahakên dhatêng baron Dinas ing Lidhan, supados dipun jagi sarta dipun ladosi sapêrlunipun. Dene sang nata anyakêti baron-baron kalerehanipun, pêrlu badhami katampi utawi botênipun Prabu Tristan badhe suwita malih dhatêng sang nata punika. Sang pramèswari dipun urmati dening baron Dinas kalayan bingah ing manah. Pangrêngkuhipun botên ewah kados ingkang sampun-sampun. Makatên ugi para baron sanèsipun tuwin para putrining băngsa luhur ing Cornwallis. Sarêng sang pramèswari lukar mantêl sangsaya katingal langkung

--- 720 ---

endah warninipun. Sang putri mèsêm, èngêt dhatêng Kyai Ogrin ingkang sampun anumbasakên agêm-agêmanipun punika. Sarêng baron-baron ingkang awon manahipun wau sumêrêp bilih sang putri dipun urmati sarta dipun trêsnani dening tiyang kathah kados ingkang sampun-sampun, sami sakalangkung nêpsu sangêt sarta sakit manahipun, lajêng nyakêti dhatêng sang prabu. Kala samantên sang prabu sawêg imbal wacana kalihan baron Andre ing Nicole. Baron Andre matur: Gusti, mugi paduka karsa angabdèkakên malih dhatêng Tristan. Manawi Tristan têtêp asuwita ing paduka, karaton paduka badhe dipun ajrihi dening para raja sanèsipun. Waunipun sang prabu badhe karsa mituruti aturipun baron Andre wau. Nanging lajêng dipun ojok-ojoki dening baron-baron ingkang awon manahipun punika, aturipun: Sang prabu, paduka mugi karsaa andhahar atur kawula. Lêrês cacriyosan ingkang angawon-awon tumrap sang putri rumiyin punika cariyos ngayawara, ananging manawi sang pramèswari tuwin Tristan kêmpal malih wontên ing karaton, saèstu badhe wontên cacriyosan awon malih. Pramila langkung sae Tristan botên paduka abdèkakên, supados enggal kesah saking nagari ngriki. Ing têmbe manawi pêrlu paduka sagêd nimbali malih dhatêng piyambakipun. Satêmah sang nata anglaksanani panuwunipun baron têtiga ingkang awon manahipun punika, nuntên dhawuh dhatêng para baron supados Tristan kadhawuhan enggal kesah. Prabu Tristan lajêng nyakêti sang pramèswari, apamitan, sasampunipun lajêng kadangu dening sang nata, margi sang nata wêlas dhatêng panjênênganipun, pangandikanipun: Tristan, sira bakal lunga marang ngêndi. Panganggonira wis padha luwas bangêt, mulane sadurunge mangkat anjupuka salin panganggo dhisik mênyang ing karaton ingsun, sarta anggawaa êmas lan perak sakarêpmu, ginawe sangu. Prabu Tristan amangsuli: Sang prabu, kawula botên badhe mêndhêt punapa-punapa saking ing gêdhong raja barana paduka. Kalayan pangangge tuwin barang-barang gadhahan kawula piyambak sawontênipun kawula badhe kesah dhatêng Friesland. Sasampunipun matur makatên Prabu Tristan angingêrakên titihanipun lajêng kasandêrakên dhatêng pasisir. Sang pramèswari anggènipun amriksani dhatêng Prabu Tristan botên nolih-nolih, ngantos Prabu Tristan botên katingal. Ing nginggil sampun kacariyosakên bilih ing dintên punika ing ara-ara wau kêbak tiyang, jalaran sadaya tiyang ing salêbêting kitha, jalêr èstri, sêpuh anèm, sami mêrlokakên mapag rawuhipun sang pramèswari kanthi bingah-bingah. Ananging bingahipun wau kaworan sisah, margi Prabu Tristan botên dipun tampi panuwunanipun ngabdi malih dening sang nata. Sang nata sawadya balanipun lajêng kondur dhatêng ing kitha. Loncèng-loncèng ing gareja dipun tabuh botên kêndhat-kêndhat minăngka pakurmatan. Margi-margi ingkang dipun langkungi sang nata tuwin sang pramèswari, sawadya balanipun wau sami rinêngga-rêngga sae, sarta sinawuran ing sêkar. Sadaya tiyang jalêr èstri, sêpuh anèm, sugih miskin, kaparêng lumêbêt ing karaton, andhèrèk sukan-sukan. Ing dintên punika sang nata amardikakakên abdi tumbasan satus, tuwin anjunjung băngsa nènèman para putraning satriya kalih dasa. Kadadosakên satriya, saha kaparingan pêdhang tuwin pangangge kasatriyan.

Kacariyos dalunipun Prabu Tristan rawuh ing griyanipun mantri wana Orri sarana dhêdhêmitan, sarta dipun aturi singidan ing salêbêting gudhang suwung, ingkang sampun botên dipun angge. Mugi-mugi para baron ingkang awon manahipun sami angatos-atos anjagi kawilujênganing sariranipun.

12. Sang pramèswari dipun sumpah

Kacariyos, Baron Denoalen, Andret tuwin Gondoine sampun sami botên kuwatos dhatêng pamalêsipun Prabu Tristan, margi para baron wau sami ngintên bilih Prabu Tristan sampun kesah saking nagari Cornwallis. Anuju satunggiling dintên Sang Prabu Marc tindak ambêbêdhag dhatêng ing wana, baron têtiga wau inggih andhèrèk, sarta sarêng sang prabu kalêrêsan pinuju kèndêl amirêngakên jugugipun sagawon pambujêngan, lajêng sami anyêlaki sang prabu sarwi matur makatên: Gusti, kala rumiyin paduka andhawahakên ukuman dhatêng sang pramèswari botên ngangge dipun titipariksa rumiyin prakawisipun. Ingkang makatên punika saèstunipun kirang adil sarta siya-siya sangêt. Samangke paduka paring pangapuntên dhatêng sang pramèswari inggih botên ngangge dipun titipariksa rumiyin, punapa sang putri têmên botên anggadhahi dosa utawi têmên dosanipun. Punapa ingkang makatên punika inggih nama adil. Pramila mugi wontêna karsa paduka paring dhawuh dhatêng sang pramèswari, supados karsaa sumpah dhatêng balung-balungipun băngsa kramat ingkang malati punika, sarta angasta tosan ingkang mêngangah. Manawi sang pramèswari saèstu botên dosa, sanajan ngastaa tosan ingkang mêngangah inggih botên badhe kraos punapa-punapa. Namung sumpah punika ingkang sagêd ngicalakên pandakwa dhatêng sang pramèswari wau.

Sang prabu duka sangêt mirêngakên aturipun para baron makatên punika, pangandikanipun: Hèh, wong ala, muga-muga Pangeran anglêbura marang sira kabèh. Salawase sira tansah ambudidaya amêmirang marang panjênêngan ingsun. Ingsun wis anglaksanani panuwunira supaya Tristan ingsun tundhung saka nagara Cornwallis, saiki sira padha duwe panjaluk manèh kang angluwihi saka mêsthi. Apa Isolde kudu diulihake marang ing Irlan. Apa dosane lan apa kaluputane marang sira kabèh. Dhèk anu iku Tristan kêpenging diêdu pêrang tandhing minăngka tăndhayêkti, manawa dhèwèke utawa Isolde ora duwe dosa, nanging sira padha mênêng bae, ora ana kang wani angladèni panantange.

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


ngangge. (kembali)
ingkang. (kembali)
pamulangan. (kembali)
sabên taun. (kembali)
panggrayang. (kembali)
punika. (kembali)
wontên. (kembali)
pêdhangipun. (kembali)
punapa. (kembali)