Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-03-14, #595

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-03-14, #595. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1931-03-14, #595. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 22-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 21, 23 Sawal Taun Jimawal 1861, 14 Marêt Taun 1931, VI

Kajawèn

[Iklan]

--- [329] ---

Ăngka 21, 23 Sawal Taun Jimawal 1861, 14 Marêt 1931, Taun VI.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Bêtawi Sèntrêm.

Ostênrik

[Grafik]

Kalaning măngsa padhidhing, sadaya griya tuwin rêdi sami katutupan ing salju.

--- 330 ---

Bab Ringgit

Prabu Hastimurti

Prabu Hastimurti punika putranipun Prabu Basumurti, kala sinatriya nama Radèn Basusena. Prabu Hastimurti punika wontênipun ing padhalangan botên kocap, nanging ing ngriki prêlu kapratelakakên, awit Prabu Hastimurti wau, nata ingkang miwiti jumênêng ing nagari ing Gajahoya.

Nalika jaman jumênêngipun Prabu Basumurti, dhawuh dhatêng putra Radèn Basusena, kadhawuhan bêbadhe praja wontên ing dhusun Gajahoya, awit ing ngriku punika patilasanipun ingkang eyang putri Radèn Basusena nalika dipun godha ing gajah pêthak nama Gajahoya. Sang putri lajêng kagungan pêpanggil kadamêlna griya kancana jajar sanga, sagêd kasêmbadan, nanging sang putri lajêng angoncati, wusana lajêng dhaup kalihan ingkang rama Prabu Basumurti.

Radèn Basusena ngèstokakên dhawuhipun ingkang rama, lajêng kajunjung prabu anom wontên ing Gajahoya, pinaringan jêjuluk Prabu Hastimurti. Ingkang jinunjung dados pêpatih, ipe piyambak, nama Arya Basudara.

Anggènipun bêbadhe praja botên dangu dados, sakalangkung gêmah raharja, nagarinipun lêstantun nama Gajahoya. Sajatosipun mênggahing pagêdhongan, Prabu Hastimurti punika namung kajumênêngakên prabu anom, dados inggih ginadhang sumilih kaprabon Wiratha. Nanging rayi nata ugi sampun jumênêng prabu anom, jêjuluk Arya Prabu Basukèsthi, inggih rayi nata punika ingkang sumilih kaprabon ing Wiratha, dados Prabu Hastimurti botên sumilih.

Sasedaning rama, kaprabon Wiratha dhawah ingkang paman Prabu Basukèsthi. Sarêng Prabu Hastimurti kaparingan sumêrêp ing bab sedaning rama, saha ingkang paman sampun jumênêng nata Wiratha, sakalangkung anglês ing galih, kanthi rumaos lingsêm sangêt, mila botên karsa sowan, nanging ugi botên andadosakên dukanipun ingkang paman.

Prabu Hastimurti kalajêng-lajêng anggènipun puguh, botên karsa têluk dhatêng praja Wiratha, awit ngrumaosi anggènipun jumênêng nata saking anggènipun bêbadhe piyambak, wah ing Gajahoya punika patilasan têtilaranipun ingkang eyang piyambak.

Puguhing panggalihipun Prabu Hastimurti botên kenging dipun lukakên ing para sêpuh. Pêpatih nata botên kêndhat angaturakên pamrayogi, supados sang prabu sowan dhatêng Wiratha, nanging botên pisan-pisan kadhahar aturipun. Ingkang makatên punika anuwuhakên kirang sakecaning panggalihanipun para sêpuh ingkang wontên ing Gajahoya.

Kacariyos sawênèhing dintên, Prabu Hastimurti mirêng wartos, wontên dewa nama Bathara Dhanendra tumurun saking Suralaya arêraton wontên tanah Mêdhangkamulan, ajêjuluk Prabu Daneswara, kagungan wadya bacingah tuwin wadya sato wana. Sarêng anggènipun bêbadhe nagari sampun rampung, lajêng wiwit ngêngirup têtiyang kanan keringipun praja Mêdhangkamulan, [Mêdhangkamu...]

--- 331 ---

[...lan,] ngantos marèmbèt ngirup têtiyang laladan praja Gajahoya.

Ing bab punika uningan[1] ing Prabu Hastimurti, lajêng dhêdhawuh anglurugi dhatêng praja Mêdhangkamulan. Patih Basudara sarêng tampi dhawuhing gustinipun lajêng tata-tata, milih punggawa ingkang pêng-pêngan, sasampunipun mirantos lajêng bidhal, sang prabu kaparêng miyos dhatêng paprangan.

Sarêng lampahing wadya Gajahoya sampun dumugi kikis, wiwit katingal wontên barisaning mêngsah, awarni manungsa, raksasa tuwin sato galak, lajêng campuh pêrang, gêntos unggul gêntos kalindhih, nanging dangu-dangu wadya ing Gajahoya kasoran. Saunduring wadya ing Gajahoya, kagêntosan mêngsahing wadya pêpilihan, nanging inggih mêksa kasoran.

Prabu Hastimurti wiwit karaos ing panggalih, ngintên bilih paprangan punika awrat sanggènipun, ngrumaosi manawi praja Gajahoya botên sapintêna kêkiyatanipun, saupami sang prabu botên kalajêng mutungi ingkang paman, tamtu sagêd nyuwun bêbantu saking Wiratha, nanging sarèhning sampun kalajêng, dados sang prabu ngantêpi ing prang.

Prabu Hastimurti lajêng ngêdali pêrang, awis ingkang kuwawi nandhingi. Nanging wusananipun sang prabu kasoran, seda wontên ing paprangan. Prabu Daneswara anglud dhatêng Gajahoya.

Wadya ing Gajahoya sasedaning gustinipun, sami ngungsi gêsang, sêsêpuhing Gajahoya, nama Rêsi Basunanda lajêng ngungsi sowan dhatêng Wiratha, ngaturakên punapa kawontênanipun sadaya.

Prabu Basukèsthi lajêng dhawuh nglurugi mêngsah.

Kawruh Sawatawis

Ambêbêdhag

Manawi tiyang mawas kawontênan ing sajawining tanah Indhonesiah, kados ta: ing tanah Aprikah, Amerikah, Eropah sisih lèr tuwin sanès-sanèsipun, ing ngriku katingal, bilih ambêbêdhag punika dados panggaotan agêng. Ambêbêdhag ing ngriku botên atêgês melik dhatêng daginging bêbujêngan wana, ananging ingkang dipun prêlokakên sangêt inggih punika wacucaling bêbujêngan wau, lajêng kasade dhatêng para among dagang wacucal. Mênggah pigunanipun wacucal wau warni-warni, kados ta: wontên ingkang mligi kangge pasrèn salêbêting griya kemawon, wontên ingkang dipun angge kadosdene sandhangan limrah, lan wontên ugi ingkang lajêng kangge dandosan warni-warni, kados ta: pèt, kupluk, sêpatu, dhompèt lan sapanunggilanipun.

Băngsa Èskimo sampun nama limrah mangangge sandhangan wacucal wau, amargi kajawi gêgayutan kalihan asrêping hawa ing ngriku, gêrma-gêrma ugi prêlu migunakakên sandhangan wacucal, minăngka pikat supados dipun kêmpali utawi sampun ngantos adamêl ajrihing bêbujêngan ingkang badhe dipun padosi.

Ing tanah Indhonesiah ngriki, panggaotan [panggaota...]

--- 332 ---

[...n] ambêbêdhag punika ingkang kathah namung katindakakên dening têtiyang ing pulo Niu Geneah, dene ingkang dipun padosi ngêmungakên pêksi kemawon, inggih punika ingkang dipun wastani pêksi dewata (paradijsvogel).

[Grafik]

Gajah wanan ing Aprikah.

Ing tanah Jawi ngriki ambêbêdhag punika botên mathuk manawi dipun wastani panggaotan, awit tiyang ingkang ambêbêdhag wau, ingkang kathah panggêsanganipun botên maligi saking anggènipun ambêbêdhag.

Mathukipun ambêbêdhag punika, manawi wontên ing ngriki lajêng kasêbutakên salah satunggaling kasênêngan. Limrahipun ingkang gadhah kasênêngan makatên punika, para pènsiunan militèr.

Sasumêrêp kula, ingkang asring ambêbêdhag punika, tiyang ingkang sami botên nyirik daging andhapan, jêr ing tanah Jawi punika bêbujênganipun ingkang kathah inggih namung andhapan. Sima utawi kewan sanès-sanèsipun ugi wontên, ananging lăngka.

Sawênèhing tiyang wontên ingkang mastani, bilih ambêbêdhag punika, kalêbêt golonganing olah raga, tumuju dhatêng kasarasaning badan. Wondene mênggah lêrês utawi lêpating pamanggih wau, wêkdal punika kula sumanggakakên dhatêng para maos, awit bab punika sanès ingkang dados kajênging karangan kula, prayogi kula rêmbag sanès dintên kemawon, sapunika prêlu nglajêngakên wawasan ing nginggil.

Ing jaman rumiyin, saderangipun[2] băngsa Indhonesiah [Indhone...]

--- 333 ---

[...siah] inggil sêsêrêpanipun bab têtanèn utawi dagang, ambêbêdhag punika dados salah satunggaling panggaotan ingkang baku, pramila inggih botên anggumunakên, bilih tiyang jalêr ing kala samantên, racakipun sami anêngênakên sangêt dhatêng ambêbêdhag wau.

Ing ngriku katingal, mênggah awrating sêsanggènipun tiyang jalêr, kados ta: madosakên rêjêki anak sêmahipun, awit kajawi ambêbêdhag punika satunggaling pakaryan ingkang ambêbayani, ugi gayutan kalihan wontênipun dêdamêl ing wêkdal samantên.

Ing sarèhning kala santên,[3] băngsa Indhonesiah dèrèng ngrêtos dhatêng tosan, pramila dêdamêlipun inggih namung trimah migunakakên pênthung tuwin bandhil kemawon. Wiwit alit mila, lare-lare jalêr sampun sami dipun sinau ngolahakên dêdamêl kalih warni wau. Mênggah wujud saha pangolahing pênthung tuwin bandhil wau, têmtunipun para maos ugi botên badhe kêkilapan, langkung-langkung tumrap para ahli pêncak.

Sasampunipun băngsa Indhia (Indhu) angêjawi, pakaryan ambêbêdhag wau lajêng mindhak ènthèng, awit băngsa Indhia wau sampun sami mangrêtos bab tosan. Băngsa Indhonesiah lajêng sami dipun sukani sumêrêp bab paedahipun, lan kadospundi panggarapipun tosan punika wau. Ananging sarêng kathah dêdamêl tosan, kados ta: dhuwung, pêdhang, bêndho, arit, pacul lan sapanunggilanipun, pakaryan ambêbêdhag lajêng botên saya majêng nanging malah saya mundur, awit dhatêngipun băngsa Indhia ing tanah Indhonesiah punika, botên namung ambêkta angsal-angsal kawruh bab tosan kemawon, nanging ugi ngajêngakên bab têtanèn, tuwin ngupakara rajakaya. Badhe kasambêtan.

Susantri.

Cariyos Kina

Pasarean Têgalarum

Ingkang sumare ing Têgalarum punika Kangjêng Sunan Mangkurat I narendra sudibya ing Mataram ingkang wêkasan. Manawi mirid babad Mataram lolosipun saking praja nalika gègèran (kraman) Trunajaya, linggaripun mangilèn. Tindakipun ingkang sinuhun saya mangilèn, sarêng dumugi ing sakilènipun Purwakêrta sapunika Noord Banyumas, kataman gêrah ngantos dados lan sedanipun. Layon kapêtak ing Têgalarum, bawah Têgal ing sapunika, ing salêbêting dhusun Lêmahdhuwur kabawah Adiwarna.

Sapunika badhe nyariyosakên patilasan-patilasan [patilasan-pa...]

--- 334 ---

[...tilasan] ingkang wontên ing bawah Banyumas, jalaran têmtu botên kocap ing sêrat babad, punika kajêng kula namung kangge pangèngêt-èngêt, sukur yèn wontên ingkang maedahi. Mirid sajarahipun sadhèrèk Banyumas, wontênipun dhusun pardikan Pasiraman, kacariyos ing ngriku panggenanipun nucèni layon. Miturut pitêdahipun tiyang ngriku wontên sapinggiring lèpèn Pasiraman, ing ngriku wontên sela ngampar dumunung wontên pinggir lèpèn. Dados nama Pasiraman mêndhêt saking anggènipun nyirami layon wontên ngriku wau. Dene sedanipun têbih saking ngriku, taksih ngidul ngetan watawis 3 pal, sapunika nama dhusun Royom, inggih ing ngriku nalika ingkang sinuhun dipun rêroyom, amargi sampun seda. Dhusun Siroyom botên pardikan, kintên kula ing suwau taksih suwung utawi taksih wana. Botên têbih saking Royom wontên dhusun nama: Lêsmana, punika ing ngriku nalika ingkang sinuhun kraos lês-lêsan, sajatosipun sumaput. Lajêng sakidulipun malih wontên dhusun nama Pancasan, punika ing ngriku nalika ingkang sinuhun mundhut ngunjuk toya dêgan, dados Pancasan mêndhêt nama saking pamancasing dêgan kagêm ingkang sinuhun, kacariyos bibar ngunjuk dêgan gêrahipun saya sangêt lan lajêng dumugi seda wau.

Nyêlani atur sakêdhik, dhusun Pancasan punika rêja, awit ing ngriku wontên êtuk ingkang lajêng kangge pasiraman, dados pasiyaranipun tiyang kathah, ananging mawi prabeya. Arta angsal-angsalanipun dados meliking dhusun, pramila katanjakakên dhatêng prêlu-prêluning dhusun, upami: pamiyaran rajakaya, krêtêg-krêtêg, sêkolahan lan lumbung dhusun, utawi sanès-sanèsipun.

Sapunika wangsul dhatêng rêmbag bab pasarean malih, punika mirit wartos ing jawi misuwuripun elok, layon namung kacapuri, tinutupan kaca leregan, lan wontên cêcariyosanipun ingkang anèh-anèh malih.

Yèn saking gagasan rula[4] wartos cêcariyosan wau botên gathuk, margi jaman samantên sampun jaman Islam. Rimatan ingkang kados makatên dados awisaning sarak.

Sumadi, Pangarasan.

Bab Tanêman

Têtêdhan Rèmèh Nanging Sok Dados Idham-idhaman

Mumpung nuju wontên sêlaning padamêlan, tinimbang anggagas ingkang ngayawara, prayogi urak-urêk damêl karangan, ngiras sinau, idhêp-idhêp anggêgêsang basanipun piyambak, sukur bage kenging laurunakên[5] minăngka slundhingan isining taman Kajawèn ingkang sangêt kula trêsnani punika.

Nanging ing sadèrèngipun kula suwun mugi sampun paring duka, awit ingkang badhe kula udhokakên [udhokakê...]

--- 335 ---

[...n] ing ngriki punika namung prakawis rèmèh kemawon, jêr kula punika tiyang dhusun, dados sêsêrêpan kula inggih cêtha botên misra sangêt. Ewasamantên kula inggih mêksa pitados bilih rara Kajawèn ugi botên badhe kawratan anyalundhingakên sêratan kula punika wontên ing angganipun.

Punapa ta ingkang badhe kula udhokakên wau ... elih tobil, jêbul namung angglèthèk: bab gundha. Kados ing ngandhap punika:

[Grafik]

Gundha utawi gènjèr.

Inggih lêrês gundha punika băngsa têtêdhan rèmèh, nanging sok dados idham-idhaman, awit wontênipun mawi mangsan, pêndhak rêndhêng sapisan, inggih punika sami thukul wontên ing sasêla-sêlaning tanêman pantun, panunggilanipun wewehan, kados para maos inggih sampun sami uninga. Wit-witanipun kados saladhah toya, nanging awis ingkang kêrsa, godhongipun ijêm sulak pêthak, wangunipun mèmpêr godhong lumbu sêkaripun amarêntul saèmpêr sêkar bawang, inggil-inggilipun nyakilan, gêsangipun awor lan sukêt.

Ing wanci wisan damêl, antawisipun 11-12 siyang, mangsanipun nyai juru tani sami mantuk saking sabin, sabibar sami matun, limrahipun sami ambêbêkta, inggih punika awarni gundha wau, dipun bêngkêki kacangking, godhongipun katingal sêgêr, oyodipun ublak pêthak, labêt saking dèrèng dipun kêthoki, nanging sampun kakumbah rêsik, makatên punika têka pantês sangêt. Sawêg dipun cangking kemawon kawontênanipun gundha wau sampun menginakên.

Bokmanawi botên namung kula piyambak angèl badhe angungkiri, bilih sawarnining têtêdhan punika, dumuginipun ingkang nama rèmèh pisan, nanging yèn awis-awis kêprangkul, adhakan lajêng dados kêtêngên, punapa malih ingkang nama lêlawuhan nêdha, yèn kasringên, sanadyan aslinipun băngsa adi tur kathah pangajinipun, inggih lajêng dados kêkiwa.

Pramila sanadyan gundha wau băngsa têtêdhan rèmèh, nanging èstunipun pancèn sok dados idham-idhaman, kabêkta saking mawi kalamăngsa wontênipun, kuciwanipun sakêdhik dene nyai juru tani wau sok kirang lêrês pangolahipun, mila sanadyan namung kadamêl lalaban inggih sok [so...]

--- 336 ---

[...k] araos pait, awit anggèning ngratêngi sarana kaêngi, măngka lêrêsipun makatên:

Sasampunipun gundha kabucal oyodipun tuwin dipun kumbah ngantos rêsik, nuntên kacêmplungna ing manci punapa kêndhil, kasukanan toya tawa tuwin gêndhis sakêdhik lajêng dipun latoni, samatêngipun kaêntas, punika miraos sangêt kangge kuluban nêdha, sêdhêp tur lêmês, kalethokakên ing sambêl kêmiri, pêtis punapa sambêl jêram pêcêl, inggih tansah mathuk kemawon, raosipun ngungkuli kuluban sladhah toya.

Dene upami badhe kakêla, kêdah mawi dipun kêthoki sawatawis, mathukipun ngangge bumbu padha mara, sêgêr minăngka uyub-uyuban nêdha. Ulamipun cêkap gêrèh kemawon inggih sampun miraos ... lo, samantên wau tumrapipun tiyang manggèn wontên ing papan padhusunan kados kula, suwawi kula aturi nyobi, mangke êmpalipun rak lajêng kontit. Wasana sumăngga.

Biyang Gumbrêg, ing Kêpanjèn.

Kasênêngan ing Măngsa Padhidhing ing Eropah

Tumrapipun băngsa Jawi, ingkang nama kasênêngan punika, ingkang kathah namung lèrèg dhatêng kasukan, nanging tumrapipun ing jaman sapunika, ugi sampun kathah ingkang nindakakên sênêng-sênêng sarana darmawisata tuwin sanès-sanèsipun.

[Grafik]

Nanging tumrapipun ing tanah Eropah, kasênêngan ingkang bangsaning lêlangên punika warni-warni, malah mawi ngênut dhatêng lampahing măngsa, kados ta măngsa bêntèr lêlangên ing pasisir, măngsa asrêp lêlangên wontên ing pasaljon, sawênèh wontên lêlangên ngambah ing parêdèn ingkang papanipun nguwatosi. Sadaya wau têtêp namung manjing kasênêngan.

Ing karangan punika ngêwrat satunggiling lêlangên măngsa asrêp, ingkang dipun wastani lêlangên ski, dene lampahipun ingkang sami lêlangên, prêlu anginggahi rêdi.

Sayêktosipun tumraping băngsa Jawi, bab ngambah parêdèn punika ugi sampun nama kêlimrah, nanging sèlèhipun dhatêng tirakat, botên kasênêngan.

Bab raos tirakat wau, kados para maos botên kakilapan, awit ing pundi-pundi, sabên wontên tiyang minggah rêdi, limrahipun jalaran saking kêpêtêngan manah.

--- 337 ---

Panglipur Manah

Brahmana Gêmblung

III. Wontên ing pangadilan dhusun

[Pocung]

Datan dunung kang samya winastan gêmblung | samya pêpandêngan | nanging ing tyas anggung mikir | tan tarima kalamun kongsi kalaha ||

ingkang sêpuh sêrêng ngucap sêmu saguh | nah saiki nyata | sun kari angguyu hik, hik | awit sira masthi tan bisa nusula ||

ingsun tanggung iki mêsthi mênang gêmblung | dènira angucap | kanthi dhadha dèn dhodhogi | nganti mak dhug tanpa kandhêg lawan kăndha ||

nuli sambung kang miji sru andêlarung | sarwi jêjojogedan |[6] ing sêmu angisin-isin | wani ngina kabèh măngsa madhanana ||

dènnya muwus: wis, sira iku tan pêcus | apa kang koucap | luwung cêp aja cariwis | tiwas ngucap kêcapmu nora sakeca ||

watuk-watuk wong kang katêlu angguguk | wong patrap akiwa | wêwangsone nguciwani | mungguh ingwang wong mangkono mung wèh ewa ||

nora rikuh dèn gêguyu sanak karuh | yèn dèn ruh-ruhana | sêrênge rinasa sêrik | bok dèn sirik aywa rêmên ngreka-reka ||

nulya mlêmbung | kang kapisan adol gêndhung | wis mênênga padha | kowe padha tak kandhani | aja dhêmên adol umuk madha-madha ||

wruhanamu lêlakon kang wus tinêmu | iku tampanana | dadi wulang luwih bêcik | dadi sira têtêp ingaran brahmana ||

munggêl tutur kang siji muni: bok susur | karêpmu katara | rekane angarih-arih | nanging ngarah mung arsa gêmblung priyăngga ||

wong katêlu ngucap sarwi linut guyu | wong yèn rekadaya | liyan kinon angiyani | yak yèn ngono enake ora kaliha ||

janma sagung kang anon samya gumrunggung | sarêng rêraosan | kumrêsêk pating kalêsik | wênèh ana kang wani angucap sora ||

nyata punjul lagi sapisan kapranggul | aran rada lăngka | brahmana têka pradongdi | bêbasane madu balung tanpa rasa ||

ora nyêbut yèn didulu ora patut | tur yèn dèn gêmblungna | ing batine mêsthi sêrik | kêbangêtên janma kang kaya mangkana ||

barêng ngrungu brahmana kang siji mlaku | marani kang kăndha | nuli mêndhêg[7] anakoni | sampun rikuh mastani gêmblung mring kula ||

măngga ta nun nuntên mastanana sampun | tinimbang kang liya | kula gêmblung nomêr siji | padosana sajagad kula kang nglela ||

asru nrambul brahmana kang kalih kumpul | sêsarêngan ngucap: | kula gêmblung langkung mêncit | wusing ngucap anêdha dèn wastanana ||

klepat mundur wong kang ngucap nywara galur | wah botên sêmbrana | dene samya ngêsuk wani | mawèh samar maring janma kang miyarsa ||

nulya umyung pra janma kang samya rubung | têmah kang brahmana | tiga pisan samya nisih | rêrêmbagan sarèh tan katara liya ||

ingkang sêpuh muwus aris: adhuh-adhuh | ingsun wong têtiga | kêbacut tan wêruh isin | tinonton ing wong akèh dianggêp apa ||

panêmuku

--- 338 ---

kabèh bae ayo mlaku | golèk bêbênêran | aywa mung tansah pradondi | êndi wose mundhak tan antuk wasana ||

manthuk-manthuk wong kang kapindho wus mathuk | dènira angucap: | iku bênêr bisa mathis | dadya aran janma wêruh ing dêduga ||

kang katêlu ngucap kang arasa nglulu | nyanga swarga pisan | ingsun datan nêdya kari | mati barêng linakon ing wong têtiga ||

dyan sinaru kongsi anyabawa sêru | sira iku apa | iki aran rêmbug bêcik | sira têka kadi ngungasakên jaja ||

datan luput rêmbug ingsun urut patut | kaya wong tan wikan | mring tataning tindak ngadil | kang wus têtêp tinata dening nagara ||

kadi kang wus kêlumrah kêrêp winuwus | tatane ing desa | sanadyan adoh nagari | wus inganan[8] aran pangadilan desa ||

kang pakantuk mrih aywa ingaran cubluk | payo wong têtiga | padha umarêk patinggi | kang winênang mariksa marang prakara ||

wong têtêlu sarêngan samya lumaku | mung alon-alonan | ananging katon wigati | marma tinut janma kang samya uninga ||

duk ing wau nyarêngi ing dhusun nuju | parêpatan desa | kang winênang angrampungi | prakara kang alit-alitan kewala ||

lan ing ngriku ugi jinênêngan baku | brahmana têtuwa | kang nênimbang kukum ngadil | mrih ywa kongsi tuwuh rasa tan narima ||

kang tinêmu sawarnaning parapadu | kang tuwuh ing desa | tanapi piutang alit | cêkap amung rukun samya anarima ||

lamun nuju amariksa parapadu | umyunging patanyan | cocog lan kang dèn takoni | kaduk samya tan wigih micara sora ||

marma lamun madêg pangadilanipun | janma ingkang prapta | andilir kadya ningali | tontonan kang mawèh rênaning pra janma ||

tan adangu katungka brahmana têlu | sêsarêngan prapta | gumrudug kathah kang ngiring | kongsi mawèh cingaking kang samya mulat ||

wontên muwus: wis ambacuta bae wus | lah iku sapa ta | dene gumrudug dèn iring | dene kongsi katon bangêt gawe gita ||

dyan kadulu lamun brahmana têtêlu | ginrubyug ing kathah | lumaku rikatan sami | têmah mawèh gitèng pangadilan desa ||

katon sêmu kang dahat anawung laku | nulya pra pituwa | umapag măngka ngurmati | pinrênah nèng palinggihan kang prayoga ||

wusing lungguh têtanya kang pinisêpuh | lah wontên punapa | andika brahmana katri | sajarwaa sampun mawi taha-taha ||

sêmu rikuh brahmana kang prênah sêpuh | alon nolih ngungak | pangadilan wus atampi | nulya nyapa mring janma sadayanira ||

kabèh iku paran kang dadya sêdyamu | dene barêng prapta | apa ta sira umiring | maring para brahmana kang lagi prapta ||

yèn ing sêmu kabèh bae sira iku | akaduk sêmbrana | datan nganggo sira pikir | mlêbu maring bale desa tanpa sêdya ||

ayo mundur ywa padha gawe bêlawur | tatèng pangadilan | wusana sadaya sami | kalincutan undurira ngrasa gêla ||

wusing samun tinanyan kamulanipun | praptèng bale desa | priniha[9] jarwa sajati | nulya murwèng atur mahyakkên prakara ||

--- 339 ---

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kawontênan ing Indramayu

I.

Garèng: Ora Truk, aku krungu têmbang rawat-rawat, nalika dina Minggu kang kapungkur kiyi kowe jarene mêntas ngiring pangantèn mênyang Indramayu, lo sing dadi pangantèn kuwi sapa, ana wong lunga kondangan têka ora ajak-ajak utawa cawe-cawe, apa kok kira aku ora bakal bisa matrapake awakku ana ing panggonane wong duwe gawe, anggonmu aku ora kok ajak kuwi. Cêkake nèk kakangmu sing mlètèng kaya leo kiyi, yèn mung dikon jagong bae, sanadyana nyang dalême priyayi gêdhe pisan, iya ora-orane bakal nguciwani utawa ngisin-isini, awit aku kiyi nèk bab tatacarane wong kondangan kuwi pancèn iya wis olèh dhêklomah têmênan, têgêse: anggonku matrapake awakku nyang sing kagungan gawe utawa manèh nyang dhayoh-dhayoh liya-liyane, iya wis undhig, apa manèh ing bab ambagi apadene panyangkinging brêkat, iya pancèn wis kampi ...

[Grafik]

Petruk: Hara, apa mèmpêr kuwi, ana bisa ambagi sarta nyangking brêkat, rumasane kok sawijine kautamaning wong jagong, sêtun-sêtun diwuwuhi pintêr andonga, hla, yèn mêngkono iya pantês saupama diaranana: jêmpolaning ... kêndhurèn. Ora Kang Garèng, mungguh pangantèn sing tak iringake ing dina Minggu kang kapungkur kiyi ora liya iya sadulurku sinarawèdi Bambang Saerun, up rêdhakturing layang kabar Siang Po ing Batawi, kang nambut silaning akrama, lamaking pramada, dhaup lan wanodya ing Indramayu.

Garèng: Wadhuh, Truk, sapisan kiyi anggonmu ngomong kawine kathik rentengan, nganti kaya wayang thithi (wayang golèk Tyonghwa). Wah, Truk, mêsthine iya rame bangêt, hla wong sing dadi pangantèn bae bangsaning redhaktuwir. Ambok iya jajal caritakna apa sing kok tongton ana ing Indramayu kuwi.

Petruk: Kang Garèng, sanyatane mono kanggone saiki aku rada ora kobêr yèn ta arêp crita akèh-akèh, awit sesuk aku kudu budhal nyang Karanganyar, Surabaya, Prabalingga, Băndawasa lan sapiturute, lawase [lawa...]

--- 340 ---

[...se] kira-kira rong minggu, dadi saikine aku ribut bangêt ngêpak-êpaki barang-barang sing arêp tak gawa lêlungan.

Garèng: Wèthèthithèh, kathik le a ... ngê ... la ... ngut mêngkono. Lungamu kuwi têmtune rak iya gêgayutan karo pagaweyan ta, dadi lakumu mêsthine iya: on gêprangkir, alias lèkkêr kosondêr ongkos, têgêse: lêlungan, kang tanpa kelangan, nèk kabênêran, malah olèh turahan.

Petruk: Wiyah, bok aja mêlèhake mêngkono, kuwi rak nyuda kabrêgasanaku. Mêngko wong sing tak têkani utawa sing kêtêmu karo aku, rak banjur padha duwe gagasan mêngkene: Yak, arêpa pêtentang-pêtèntèng kae, wong ora ongkos dhewe, upamane wong kondangan mono, iya sing sandhangane kêmrompyong, ning barang silihan kabèh, dadi sanadyan panganggone brêgasa dikaya ngapa, sabên-sabên iya tansah lingak-linguk, nèk-nèke sing duwe barang milu jagong ana ing kono.

Garèng: Hara ta kono, kok banjur omong sing-sing mêngkono, wis, tumuli critaa bae ba[10] apa kang kosumurupi ana ing Indramayu.

Petruk: Kang Garèng, amrih aja kêdawan caritaku, tak jujug bae kalane pangantèn lanang, aku lan adhimu Makne Kamprèt, têkan ing Indramayu. Sing digawe jujugan dalêm kajêksan, wah, Kang Garèng, sanadyan aku durung tau têpung lan durung tau sumurup marang sing kagungan dalêm mau, ewasamono sadhela bae ana ing kono, atiku wis rumasa sênêng lan krasan, iya jalaran saka le urmat lan andêmênakake tangkêpe sing kagungan dalêm mau, nganti ora măntra-măntraa yèn lagi têpung bae.

Garèng: Mêngko sik, Truk, aku tak nyêlani. Mungguh sing kagungan dalêm kuwi apa watak santri, apa watak satriya. Lo, anggonku duwe pitakonan mangkono kuwi, awit watak santri lan satriya kuwi tumraping dhayoh ana gèsèhe sathithik, iya iku mangkene: tumrap santri kuwi wis jênêng wajib kudu nyubya-nyubya dhayoh sajêroning têlung dina, dene yèn wis liwat têlung dina dhayohe kok banjur malah kêpenakên jalaran kabèh-kabèh olèh gratis, lo, kuwi sing kagungan dalêm duwe wêwênang, dadi ora diwajibake, ngusir dhayohe mau, nanging pangusire iya kalayan dhêngên ormat, upamane bae mêngkene: Kalilana matur dhatêng nampeyang, dèn bèi tamu, benjing enjing kula badhe katamuan kalih pemahan, têmtunipun ing griya punika inggih badhe sêsak. Lo, kuwi nèk bangsaning dhayoh sing ora kagungan rai gêdhèg, nanging landhêp panggraitane, iya banjur ngrêti bae Jawane, sarta iya banjur: matur klilan, nèk wataking satriya, dhayoh kêna sakrêsa-krêsanya, mung gumantung ngêndi sing bêtah bae.

Petruk: Mungguh wawasanaku, tumrape sing kagungan dalêm sing tak pondhoki salawase aku lan Makne Kamprèt ana ing Indramayu mau, watak loro-lorone sajake padha kandêle. Jalaran, watak santri kuwi nyang dhayoh: 1e. kudu krama, têgêse: tondak-tanduke kudu rumakêt [ruma...]

--- 341 ---

[...kêt] lan gawe sênênging dhayohe, 2e. kudu boja, karêpe: sanadyan pasugatane ora sapiraa, nanging anggone ngacarakake kanthi lêga rila, kang agawe rahabe dhayohe, lan 3e. kudu ngrêsêpake anggone mrênahake dhayohe, karêpe ing kene paturone dhayoh uga dipikir kanthi têmênan, lo, têlu-têlune sing kagungan dalêm mau, ngênggoni kabèh, mulane aku wani ngomong yèn kagungan watak santri. Dene nèk nitik anggone diguyubi sarta dirukuni ing sadhengahing wong, kiraku nyang dhayoh ora tau kagungan bosên, mulane iya tak arani, yèn uga ngagêm wataking satriya. Blake bae rak iya wis cêtha, kuwajibaning kaislamane, anggone nindakake tanpa ana gothange, nanging nèk pancèn ana prêlune saupama diaturi Gambirsawit, kiraku iya tanpa nganggo ditarik-tarik barang dhisik.

Garèng: Iya sing kaya ngono kuwi sing diarani: priyayi tus, têgêse: ing sarèhning umume wong Jawa kuwi agamane Islam, iya ora lali anggone nindakake kuwajibane dadi wong muslimin, ing sarèhning isih jumênêng priyayi, iya ora kêna yèn banjur arêp ninggal prajane babarpisan, sanadyana diajak rame-rame angrenggong buyut upamane, iya kudu mênyat. Saya kompêlit manèh, yèn lêbar blanjan banjur têrus nyang kamar bolah ...

Petruk: Wiyah, wiyah, kok banjur kêdlarung-dlarung mêngkono omongane. Saiki aku tak ambanjurake critaku kalane ana ing Indramayu, nanging sadurunge padha lèrèn dhisik wedangan. Badhe kasambêtan.

Ulah Raga Mutawatosi

[Grafik]

Ing sisih punika gambaripun băngsa Prancis ulah raga sarana ambeda banthèng. Tumrap ingkang botên anglampahi tamtu samar ing manah, nanging tumrap ingkang nglampahi namung sarwa sênêng.

Kados makatên mênggah kawontênaning tatacara satunggal-satunggaling nagari.

--- 342 ---

Pêthikan saking Sêrat-sêrat Kabar Sanès

Indhonesiah.

Pèrês pribumi.

Kawartos, benjing pungkasanipun wulan Marêt ngajêng punika sêrat kabar Pewarta Deli ing Medhan (ingkang mandhegani Tuwan Jamaluddin alias Adinagara) badhe ngêdalakên kalawarti satêngah wulanan, anama Abad ke XX, badhe ngêwrat bab sosiologi, kasarasan, wawasan umum saha kamajêngan rakyat. Kajawi punika ugi mawi kursus basa Inggris, basa Walandi saha basa Jêrman.

Wiwit benjing tanggal 15 Marêt punika ing Bêtawi wontên sêrat kabar enggal, anama Soeara Merdeka, ngêwrat bab kopêrasi saha bab sanèsipun ingkang gêgayutan kalihan kabêtahan kabangsan.

Tuwan Mr. Sujana.

Tuwan Mr. Sujana kawisudha dados adpokat saha pokrul wontên ing Hooggerechtshof.

Toko sèkêt nêm kêbêsmi.

Miturut pawartos Aneta saking Medhan, ing Pêtumbukan wontên toko sèkêt kêbêsmi. Kapitunan kathah sangêt.

Ing Siantar wontên toko nêm kêbêsmi, kapitunan wontên 35.000 rupiyah.

Siti jugrug.

Miturut A.I.D. ing dhusun Indragiri, ondêr dhistrik Panawangan, Kabupatèn Ciamis kala dintên Ngahad ingkang kapêngkêr, bokmanawi jalaran saking kathahing jawah, wontên siti jugrug. Wontên tiyang 6 kêjugrugan, mayitipun ingkang satunggal sampun pinanggih.

Hèrlaut dhatêng Paris.

Kintên-kintên benjing tanggal 2 Mèi, Hèrlaut kanthi ringgit tuwin niyaga cacah 25 badhe bidhal dhatêng Paris, prêlu mitongtonakên kagunan Jawi wontên ing tèptunsêtèlêng.[11] Ing sanèrèngipun[12] miwit tèntunsêtèlêng, Hèrlaut badhe mitongtonakên kasagêdanipun wontên ing sanès panggenan, inggih punika mitongtonakên bêndhing-gêndhing[13] ing Indhonesiah.

Alihan dhatêng Bêngkulên.

Dèrèng dangu wontên malih tiyang sagolongan, inggih punika tiyang ingkang sami kecalan siti saha balegriya awit saking panjêblugipun rêdi Mêrapi, cacah tiyang 280, pangkat dhatêng Bêngkulên numpak kapal Tasman. Wontên tiyang 13 brayat saking Bagêlèn tumut ingkang sami alihan wau, nanging mawi waragadipun piyambak. Kajawi punika ugi wontên tiyang tani 4 tumut badhe nitipriksa kawontênanipun siti ing Bêngkulên.

Ing wêwêngkon Bagêlèn wontên kirang langkung tiyang 200 brayat ingkang manawi dipun waragadi, ugi purun alihan dhatêng Bêngkulên. Miturut H.N. komite Mêrapi sampun nampèni darma arta satêngah yuta rupiyah, saha miturut palapuranipun Gupêrnur Jawi Têngah, arta ingkang sampun dipun pasokakên kangge mitulungi para ingkang sami nêmahi kasangsaran awit saking panjêblugipun rêdi Mêrapi, ing tanggal 2 Pèbruari wontên 300.000 rupiyah.

Bupati Brêbês.

Radèn Sutirta Pringga Aditirta, samangke patih ing Brêbês, kawisudha dados bupati ing Brêbês, apdhèling Têgal. Panjênênganipun wau kapatêdhan sêsêbutan tumênggung.

Konggrès Indhonesia Raja.

Kawartos, konggrès Indonesia Raja ingkang pancènipun badhe dipun wontênakên ing Bêtawi, badhe dipun wontênakên ing Surabaya benjing pungkasanipun wulan Mèi ngajêng punika.

Stovia.

Tuwan A. Aniphah (Padhangpanjang) angsal iksamênipun perangan ingkang sapisan. Tuwan Radèn Karmawan (Bandhung) saha Tuwan J.C. Kapitan (Ambon) katêtêpakên dados Indisch Arts.

Baita Madura kakintunakên dhatêng Paris.

Wontên satunggalipun baita Madura kakintunakên dhatêng Paris, badhe kapitongtonakên benjing tèntunsêtèlêng. Agênging baita cêkapan. Baita wau wontênipun ing Paris tamtu badhe kathah ingkang ningali, awit kawontênanipun, tumrap băngsa Eropah, kalêbêt nganèh-anèhi.

Talaga Cisaruah ambrol.

Kala malêm Rêbo kapêngkêr talaga Cisaruah, Cipanas, Priyangan, ambrol, toyaning talaga ngantos êsat babarpisan, ngantos angêlêbi margi ingkang panjangipun 70 mètêr, krêtêk lèpèn Ciwalèn larut katut toya, margi dhatêng puncak kaalang-alangan toya. Wontên tiyang ingkang tiwawas[14] sawatawis.

Griya pagantosan gupêrmèn enggal.

Wiwit benjing tanggal 1 Mèi ngajêng punika, ing Pontianak, Singkawang, Mêmpawah tuwin Sambas, badhe wontên bikakan griya pagantosan gupêrmèn enggal. Para punggawanipun kabidhalakên wontên ing wêkasaning wulan punika, kajawi pagantosan ing Pontianak, ingkang tiga sami dipun pangagêngi bêhirdhêr tiyang siti.

--- 343 ---

Tamu agung.

Badhe rawuhipun gupêrnur jendral ing Manila, tatananing lampah agêng, mawi ngawontênakên pakurmatan ing kapal-kapal pêrang ing Tanjungpriuk, tuwin baita sanès-sanèsipun, makatên ugi tumrapipun wontên ing dharat.

Asiah.

Pitakenan dhatêng Sang Gandi.

Ahmedabad 10 Marêt, (Aneta-Nipa). Nalika Sang Gandi ngayati damêl bidhal dhatêng Pandhi ing taun 1930, aprasêtya botên badhe wangsul dhatêng asrama ing Ahmedabad ing sadèrèngipun manggih kamardikan. Ing bab punika nuwuhakên pitakenanipun para juru kabar, punapa ing sapunika botên wangsul dhatêng asrama. Wangsulanipun, sagêd ugi wangsul bilih gronwèt sampun pinanggih wohipun wontên ing parêpatan. Ing sapunika narimah manggèn ing pundi kemawon, waton angsal têdha. Wontên pitakenan malih, kadospundi bilih parêpatan, al Indhiya konggrès ing Karasi botên dipun sambadani rêmbagipun dening Irwin. Wangsulanipun, bilih makatên, botên wontên tiyang badhe gadhah panêdha murih piyambakipun dhatêng ing parêpatan.

Mapag dhatêngipun Sang Gandi

Ahmedabad 10 Marêt (Aneta-Nipa). Ing dintên wau Sang Gandi wangsul saking Dhèlhi dhatêng Ahmedabad, wangsulipun wau gêgayutan kalihan wigatosing lampah kala wulan Marêt 1930 dhatêng Gandhi, nalika panjênênganipun mangagêngi prajurit manasuka tuwin panêrak ingka[15] bab undhang-undhang sarêm.

Para ingkang ngêtutakên sami bêbarisan urut ril sêpur mawi nyêbari sêkar tuwin arta dhatêng Sang Gandi, ingkang manggèn wontên ing klas tiga. Wontên satunggaling wanita Inggris misuwur nama Miss Slade ngêntosi dhatêngipun Sang Gandi, kados ngêntosi rawuhing ratu. Ombyaking tiyang botên kantên-tantênan,[16] nanging wilujêng.

Nyuwak awisan.

Bombai 9 Marêt (Aneta-Nipa). Pakêmpalaning para sudagar yêyasan barang ing nagarinipun piyambak, nyuwak awisan ingkang tumindak salêbêtipun wolung wulan, ing bab panyadening barang warni sêmbagi ngamănca ing pêkên among dagang Muljijetha, inggih punika satunggiling pêkên ngamănca ingkang atêng[17] piyambak ing Bombai. Prêlu kangge ngêdalakên tandhon barang ingkang taksih kandhêg.

Eropah.

Nata ing Albani, ingkang nuju gêrah.

Weenen 3 Marêt (Spec. B.N.). Prabu Ahmed Zogu, nata ing Albani, ingkang sapunika nuju wontên ing Ostênrik, badhe bidhal dhatêng Itali, prêlu badhe nêntrêmakên sarira, manggèn ing dalêm sadhiyan saking Sang Mussolini.

Para dhoktêr ahli sêsakit lêbêt, anyampuni anggènipun mariksa gêrahipun êlêt-êlêt sang prabu, nanging punapa pikantuking papriksan, botên kagiyarakên.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 2323 ing Munèng. Kajawèn tansah ajêg dipun kintun. Manawi botên dhatêng, têmtu wontên ingkang angganggu. Dhuplikat nomêr 13 saha 14/15 sampun kakintun. Nomêr 1 têlas.

Lêngganan nomêr 1628 ing Gunungsari. Inggih prayogi.

Lêngganan nomêr 4146 ing Susuhan (Jatinom), sêrat-sêrat dalah yatra f 1.45+f 0.05 = f 1.50 tumrap kuwartal punika sampun katampi. Wosipun, administrasi ingkang lêpat, jêr kintunan panjênêngan kalêbêt dhatêng bayaranipun tiyang sanès ingkang nunggil asma kalihan panjênêngan. Asarêng punika ngaturakên Kajawèn nomêr 14 dumugi 19.

Pawartos saking Rêdhaksi

Lêngganan nomêr 2027 ing Magêlang. Ngahad Lêgi 28 Bêsar Jimakir 1850 dhawah 12 Sèptèmbêr 1920 măngsa katiga tumindak 19 dintên, wuku Langkir. Sênèn Pon, 8 Sapar Dal 1855 (lêrêsipun dintên Salasa Wage), dhawah tanggal 9 Sèptèmbêr 1924 măngsa katiga 14 dintên, wuku Galungan.

Lêngganan nomêr 732 ing Ngayogya. Sêtu Pon 26 Jumadilakir Wawu 1793 dhawah tanggal 26 Nopèmbêr 1864 măngsa Kanêm 19 dintên, wuku Galungan.

Tuwan A.K. ing Binje. Karangan bab lêbaran botên kapacak, amargi botên sapintêna bedanipun.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni buku kawruh padpindêr 1 iji karanganipun Tuwan A.M. Kartasudirja, ingkang dipun wêdalakên saha kasade dening toko buku M. Diwarna ing Kuthagêdhe.

Buku wau isi kawruh bab padpindêr, basanipun Jawi, sastra Latin, ukuran alit, kenging dipun kanthongi. Cacah 70 kaca, rêgi f 0.55.

Buku wau migunani tumrap para ingkang ambêtahakên.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên panuwun.

--- 344 ---

Wêwaosan

Sêrat Badhakacayana

32

XV. Sasampunipun Prabu Tisa seda

[Asmaradana]

Apan wus kawarnèng ngarsi | wusing Prabu Tisa seda | ingkang gumantyèng pamase | ri nata Pangran Otiya | dènnya jumênêng nata | Sri Otiya laminipun | pinetang sadasa warsa ||

salami jumênêng aji | kalangkung ambudidaya | marang ajênging prajane | nyantosani para wadya | myang mêmangun nagara | tanapi santosèng laku | maring para ulah kisma ||

awit kang tigang prakawis | dadya baku mêngku praja | kadi kang raka tan pae | nanging mênggah jatinira | Mahaprabu Otiya | tan umirib raka prabu | ing bab tatananing praja ||

dadya labêting narpati | kalokira tan sapira | mung kang nyata misuwure | sri nata dahat karênan | maring ulah agama | pantês kalamun sinêbut | nata ambêg pinandhita ||

tan liya ingkang dèn udi | amung babagan agama | marma kathah yêyasane | candhi-candhi langkung endah | pinrênah angalela | amrih cêthaa dinulu | maring sanggyaning kawula ||

tanapi wong măncanagri | lamun praptèng prajanira | nulya wruh mring kaanane | sanyata yèn praja Langka | ingkang jumênêng nata | ratu ing agama punjul | munjuli sasamèng nata ||

lawan wus misuwur yêkti | ambêgira sri narendra | murah asih sêsamane | suka payung kapanasan | têkên kalunyon marga | paring sandhang kawlasayun | mawèh suka wong duhkita ||

nênggih yasanira candhi | kang wus misuwur sapraja | ran Amustalê tunggule | datan ana kang mêmadha | dene ta dunungira | anèng Mihintila gunung | dinulu katon malela ||

mangkya cinêkak ing tulis | amung pinèt gancarira | kang wus kocap sadayane | yèku kadangira nata | cacahira sadasa | sadaya umiyos jalu | kawratan jumênêng nata ||

ananging sadaya sami | salami jumênêng nata | tan manggalih mring anane | ing bab paprentahan praja | wajibirèng narendra | kang dèn udi salami mung | ngudi lakuning agama ||

yasa griya-griya suci | sabên papan kawaratan | marma sanggyèng kawulane | mung rumungkêb mring agama | têmah adêging praja | kêndho kasantosanipun | sinawang mawèh kuciwa ||

sri nata kongsi kêlingsir | kêtungkul ulah agama | têmah pinangguh tan sae | awit wus kalêbèng tata | kalamun nama nata | mung nêru agamanipun | datan ngraharjani praja ||

miwah kang kawula alit | anggung awayang-wuyungan | koncatan kasantosane | lan suda piandêlira | mring panjênêngan nata | dening tan nate kêpêthuk | kêsrambah kawasanira ||

kang mangkana iku yêkti | pinangguh nèng praja Langka | sadaya pra kawulane | samya tindak andaleya | datan wruh tatèng praja | kang ulah dêdamêl lumuh | among dagang datan arsa ||

amung kêtungkul ngrungkêbi | maring tataning agama | mung kadi wong tani bae | têntrêm tanpa kasantosan | gêsanging pasrawungan | tan pisan-pisan ginilut | tan wanuh mring tăngga desa ||

sabên ari mung ngayati | ayasa bale agama | mung mangkana salamine | datan pisan amêmanah | maring diwasanira | yèn antuk ewuh pakewuh | tinêmpuh mêngsah prawira ||

dupi kang praja kêtitik | ringkih tanpa kasantosan | têmah tuwuh tindak dede | kawula ingkang kaduga | kang nguni wadya nata | dupi samya cêtha wêruh | mring kaanan kang mangkana ||

samya umadêg pribadi | nindakakên pangawasa | dadya ratu alit mangke | ngirup sakawasanira | marma ing praja Langka | dangu-dangu kathah ratu | ingkang umadêg priyăngga ||

riwusing ngrasa kadugi | samya lumuh binawahna | dening nata kamulane | têmah narendra samangkya | iyèku Nara Tisa | kadang Sri Tisa ing dangu | kalangkung duhkitanira ||

ing galih wus tan kadugi | mangrèh maring para nata | kang umadêg dhewe-dhewe | ing satêmah minta sraya | mring janma liyan praja | băngsa Tamil samya punjul | kêkalih mrih têtulunga ||

nyirnakna pra ratu alit | kang samya madêg priyăngga | mrih ywa dadya kalilipe | nanging tindak kang mangkana | sajatinira tuna | awit janma kalihipun | samya mumpuni ing guna ||

uning salwiring wêwadi | datan samar jatinira | marang ing atèn-atène | para kang umadêg raja | datan pisan santosa | mila ing sapraptanipun | tinêmpuh tan măngga sesa ||

tan antara têluk sami | riwusing mêngsah kasoran | ing mangkya santun ambêge | arsa anglut sri narendra | ingkang minta saraya | pinarjaya pisan rampung | rinêbat praja ing Langka ||

risang prawira kêkalih | nulya umadêg narendra | ing Langka winêngku kabèh | umadêg kêmbang sapasang | têtêp nèng praja Langka | kongsi kalih likur taun | lulus tanpa sambekala ||

dene pra kawula sami | duk kang jumênêng narendra | băngsa Tamil kêkalihe | ing tyas kalangkung sungkawa | dening winêngku nata | kasar paprentahanipun | murka datanpa ngapura ||

măngka pra kawula sami | kang asli janma ing Langka | alus-alus dhêdhasare | myang ngrasuk agama Budha | lambaran kautaman | marma nalăngsa kalangkung | rinèh janma kang mangkana || (Badhe kasambêtan)

--- 93 ---

Nomêr 23 taun I.

Taman Bocah

Lampiran Kajawèn kawêdalakên sabên Sabtu

Marang adhi: Sutasman

Aku bungah bangêt wêruh batanganmu kang kamot ing Kajawèn nomêr 13, saiba gêdhene atiku, dene têka ana bocah kang gêlêm anggatèkake lan mikir cangkriman kanggo ngasah budi kang kamot ing Kajawèn nomêr 7, dadi gênah sumurupku yèn Kajawèn iku ora ngêmungake disênêngi dening para wong tuwa-tuwa bae, malah bocah uga ora gêlêm kari amigatèkake kang kamot ing Kajawèn.

Kêjaba saka iku, rada suwe olèhku mangsuli marang si adhi, awit nalika aku ngirimake cangkriman kang kamot ing Kajawèn nomêr 7, wis dak kanthèni batangane pisan. Sarèhne wis tita ora diêmot, dadi aku kêpêksa mangsuli marang si adhi.

Bangêt bungah lan narima marang si adhi Sutasman kang gêlêm migatèkake cangkrimanku, ananging rada gêla sathithik, awit si adhi rada sêling surup ing panampane unèn-unèn kang ana ing Kajawèn nomêr 7, saupama ora kêliru, kiraku iya bisa bênêr pambatange. Ewadene yèn dak pikir manut panêmune si adhi, iya ana bênêre uga. Ananging kawruhana adhi: yèn pamacamu kurang satiti sathithik, ing Kajawèn nomêr 7 unine cangkriman mangkene: roti kang dak tutupi mangkok iki kêna kopangan, nanging aja kobukak tutupe. Ora: roti kang dak tutupi mangkok iki, kêna kok pangan ora kêna ambukak tutupe. Malah ênggone ambalèni Si Suwignya luwih têrang manèh, mangkene: Mul, kowe kêna mangan roti iki, nanging ora kêna kobukak tutupe.

Ing cangkriman mau ana bocah têlu: Suwignya, Sabar, lan Mulya, yèn nitik calathune Suwignya kang kapindhone: têrang sumurupmu, yèn sing dicêlathoni dening Suwignya: Si Mulya. Dadi Mulya kêna mangan, nanging ora kêna ambukak tutupe. Măngka Mulya duwe rewang Si Sabar. Dadi saupama Si Sabar sing ambukak tutupe, lan Si Mulya sing mangan, kêna apa ora. Kêna bae, awit Si Mulya ora nglakoni ambukak, nanging sing ambukak Si Sabar. Dadi têrange: Sing kêna ambukak kudu wong liya, sing mangan, sing dicêlathoni.

Ing wasana pangarêp-arêpku, wangsulan sathithik iki muga gawea marême si adhi.

Kakangmu: Ra.

--- 94 ---

Anggèr: Ra, batanganmu kang dhisik pancèn durung dipacak, awit karêpku ngêntèni atuse sing padha ambadhe. Satêmêne kang ambadhe akèh, nanging saupama dipacak kabèh agawe bosêne sing maca, awit surasane padha bae. Mula tumrap para kaponakanku kabèh, sumurupa, bênêring batangan kala[18] ing dhuwur mau.

Pakmu Sêbul.

Kodhok Gêmblung

Candhake Kajawèn nomêr 19.

Iki dongèng kodhok gêmblung sambungane Kajawèn dina Sêtu kêpungkur. Cêkake kodhok atine mantêp, ora wêdi manèh mênyang bango, malah anggone ana sajêroning banyu kêrêp nyenggoli sikile bango.

[Grafik]

Sawise lèrèn sawatara, kodhok calathu: Aku sida wulangên têmbangan lo, bah.

Bango: Yèn aku mulang kowe kuwi ran[19] digêguyu uwong, awit suwaraku iki èlèk, gêdhe nanging sêbah, kêrêp bae yèn aku nuju ura-ura dielikake tăngga. Seje karo kowe, suwaramu lantas bêning, yèn bêngi cêtha, kumandhange nganti kaya sundhul langit. Saka bêcike suwaraning kodhok, manungsa nganti gawe gêndhing sing diarani kodhok ngorèk, kanggo nabuhi pangantèn têmu.

Kodhok krungu têmbung mangkono mau, atine gêdhe bangêt, rumasa dhadhane nganti kaya jêbol-jêbola, ora ngrêti yèn uni mangkono mau têmbung pangonggrong, malah kodhok banjur muni: kung, anggone nyuwara dikayang.

Bango reka-reka anjumbul karo nyuwara: kagèt, aku. Wah, ana suwara athik sasat mriyêm, ning kapenak dirungokake.

Barêng kodhok nyuwara: kung sêru, akèh iwak padha têka, kaya ta: lele, wadêr pari, kutuk lan liya-liyane, kabèh banjur padha takon mênyang kodhok, ana gawe apa awan-awan nabuh gamêlan.

Kodhok mangsuli: Aku iki rak ngurmati simbah, gilo iki sikile. Kene padha namatna.

Wadêr pari: Iki rak sikil bango, manuk gêdhe amaning para bêburon ing banyu. Aja padha nyêdhak lo ca, mêngko kowe sida diuntut têmênan.

Kodhok: O, sing duwe pokal kaya ngono kuwi rak bango dudu bangsane simbah, yèn simbahku iki rak bango pandhita, kacèk mung durung nganggo kêthu bae.

Kutuk nyêlani: Kodhok, sanadyan kowe iku karo aku seje băngsa, nanging jênêng tunggal kampung, aku wajib ngelikake, kowe aja bangêt-bangêt ngandêl mênyang bango, bêcike kuwi rak [ra...]

--- 95 ---

[...k] mung lair bae. Yèn kêduwung lo.

Bango rada krasa atine, tansah disujanani, nanging atine têtêg bae, reka-reka ora ngrungokake mênyang gunême kutuk, banjur clathu mênyang kodhok: Mas putu, wong urip iku wajib anjajah mênyang sêsurupan, aja dupèh kowe kodhok, sêsurupanmu mung ing bab kaanan sajêron banyu bae.

Kodhok: Êmbah, yèn aku iki rak wis kêna diarani wong anjajah, yèn sore plêsir-plêsir ana dharatan, nyawang omahe wong-wong akèh, nonton angsluping srêngenge.

Bango: Apa yèn kowe nuju plêsir, atimu ya sênêng, mas putu.

Kodhok: Wah, sênêng bangêt, bah. Saka sênêngku, aku yèn malaku nganti nyirig-nyirig.

Bango: Lagi ngono bae kowe wis sênêng, iba saupama kowe bisa plêsir ana ngawang-awang.

Kodhok: Kapriye bisaku plêsir ana ngawang-awang, wong aku ora duwe wulu.

Bango: Kowe kuwi ngilang-ilangake anggonmu duwe êmbah aku.

Kodhok: Apa kowe bisa anggawa mibêr aku, bah.

Bango: Bisa bangêt. Wah, cêkake sênêng kowe. Wis, anggêguyua aku, pratikêlku mangkene: anjupuka sukêt sing dawa-dawa, ubêd-ubêdna sikilku loro, mêngko ênggonên palinggihan.

Kodhok tanpa mangsuli banjur golèk sukêt, lan ditampar nganti kaya dhadhung, atine gêdhe bangêt, sajak pamèr karo para iwak, unine: Saiki aku dadi Radèn Ăntarêja, manggon ana sajêroning banyu, sadhela êngkas dadi Radèn Gathutkaca, mabur ana dirgantara.

Kutuk calathu: We lah, katiwasan kodhok, kowe.

Bango: Wis durung, kodhok. Ayo êndang mapana.

Bango anggone calathu mangkono mau sêlak kuwatir yèn si kodhok anggugu mênyang gunême kutuk.

Kodhok mangsuli: Mêngko sik, bah, tak anjukuk règênyas karo têkên dhisik.

Jothakan

Bêja karo Jirih iku padha bocah tunggal sadesa, iya dadi kancane dolan, nanging bocah loro mau lagi ora rukun, awit mêntas grêjêgan, mungguh jalarane, Bêja karo Jirih mau tau kêrêngan, Si Bêja kalah. Iya wiwit dhèk samana banjur padha nêng-nêngan.

Satêmêne tumrape Si Jirih ora niyat arêp ngênêngake Bêja, awit Jirih iku bocah lumuhan. Malah tau, Jirih kêpêthuk Bêja banjur ngaruh-aruhi: Mênyang ngêndi, Ja.

Bêja diruhruhi mangkono mau mênêng bae, dadi Jirih banjur ngrasa yèn diênêngake. Sauwise mangkono, Jirih banjur kêtêmu Saeran, kăndha mangkene: Ran, aku dijothak Si Bêja.

--- 96 ---

Saeran: Apa iya. Coba tak takonane. La kae kabênêran, bocahe liwat. Ja, Ja, kowe anjothak Si Jirih.

Bêja ora mangsuli, mung malaku karo anjêkutrut.

Saeran banjur muni manèh: Bêcik. Saiki kowe dadi mungsuhku.

Wiwit dhèk mau Jirih ditêtêpake jothakan karo Bêja, bocah loro mau salah siji, sabên kêpêthukan bocah liya, banjur kăndha, upamane Si Bêja takon mênyang bocah: aku jothakan karo Jirih, kowe milu sapa. Pitakonan mangkono mau banjur diwangsuli milu salah sijine. Sawise ngono, êndi sing tunggal golongan, ya banjur ora aruh-aruh mênyang golongan liyane. Dene sing diênggo jêjêr adêging pasulayan mau Si Bêja karo Jirih.

Bêja sabên dina tansah midêr-midêr golèk kănca. Sawijining dina Bêja lagi angon wêdhus, kêtêmu karo kancane angon, jênêng Jênthot. Bocah mau dêdêge ipêl-ipêl, sikile suku mlêbu, nandhakake yèn rosa. Bocah loro sawise ngumbar wêdhuse ana pangonan, banjur padha linggihan ana ngisor wit asêm. Jênthot calathu: Aku krungu jare kowe jothakan, Ja. Karo sapa.

Bêja: Karo Jirih. Anu ta, Thot, kowe milua aku.

Jênthot: Sapa ta panggêdhene Si Jirih.

Bêja: Si Saeran.

Jênthot: Babo. Kuwi pancèn mungsuhku.

Bêja atine gêdhe bangêt, rumasa dipanggêdhèni bocah pêng-pêngan. Banjur mundhak gêmaibe, yèn malaku diagawe-gawe. Nanging Bêja kuwi satêmêne yèn kêrêngan jirih.

Kocapa, gênti Si Jirih. Dheweke iya golèk kănca, wis olèh, nanging sing akèh mung bocah cilik.

Wis dadi adate wong jothakan, anggêr nuju kêpêthuk jothakane banjur padha mlêruk, yèn sing rumasa mênang, wani andhèhèmi, têgêse ngajak kêrêngan. Saka mantêpe anggone padha nganggêp mungsuh, nalikane jothakan mau, siji-sijining bocah nganti ora gêlêm nyêbut jênênge, mung ngarani si anu bae, orane iya ngarani wadanane.

Satêmêne jothakan kuwi ora ana bêcike, pakolèhe mung ngrênggangake karukunaning bocah. Nanging kapriye manèh, wêwatakaning bocah kuwi wis mangkono. Wiwit isih cilik, yèn kumpul lan padha bocah cilik arang rukune, lagi kumpul sadhela bae wis ana sing jêlèh-jêlèh utawa nangis. Mêngko yèn gêdhe sathithik, grêjêge wiwit nganggo pikiran, saya yèn wis sak Si Bêja utawa Si Jirih, kuwi panganggêpe anggone mungsuhan nganti kaya wong arêp pêrangan, nganggo bala barang. Sing diarani bala iku, kancane sing tunggal golongan.

Dongèng iki lagi têkan têtêping Jirih karo Bêja lagi jothakan. Suk Sêtu ngarêp disambungi.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


kauningan. (kembali)
sadèrèngipun. (kembali)
samantên. (kembali)
kula. (kembali)
kula urunakên. (kembali)
Lebih satu suku kata: sarwi jêjogedan. (kembali)
mandhêg. (kembali)
ingaran. (kembali)
pinriha. (kembali)
10 bab. (kembali)
11 tèntunsêtèlêng. (kembali)
12 sadèrèngipun. (kembali)
13 gêndhing-gêndhing. (kembali)
14 tiwas. (kembali)
15 ingkang. (kembali)
16 kantên-kantênan. (kembali)
17 agêng. (kembali)
18 kaya. (kembali)
19 rak. (kembali)