Mardi Siwi, Soenarja, 1941-09, #1812

Judul
Sambungan
1. Mardi Siwi, Soenarja, 1941-01, #1812. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Mardi Siwi.
2. Mardi Siwi, Soenarja, 1941-02, #1812. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Mardi Siwi.
3. Mardi Siwi, Soenarja, 1941-03, #1812. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Mardi Siwi.
4. Mardi Siwi, Soenarja, 1941-04, #1812. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Mardi Siwi.
5. Mardi Siwi, Soenarja, 1941-05, #1812. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Mardi Siwi.
6. Mardi Siwi, Soenarja, 1941-06, #1812. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Mardi Siwi.
7. Mardi Siwi, Soenarja, 1941-07, #1812. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Mardi Siwi.
8. Mardi Siwi, Soenarja, 1941-08, #1812. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Mardi Siwi.
9. Mardi Siwi, Soenarja, 1941-09, #1812. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Mardi Siwi.
10. Mardi Siwi, Soenarja, 1941-10, #1812. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Mardi Siwi.
11. Mardi Siwi, Soenarja, 1941-11, #1812. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Mardi Siwi.
Citra
Terakhir diubah: 23-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

No. 9 20 Sèptèmbêr 1941 Th. VIII.

MARDI-SIWI

Juru pangripta: Literair Paedagogische Club Surakarta | p/a SOENARJA | Manahan M.N. Surakarta | Administratie: | S. SASTRAATMADJA | Badran Surakarta.

Rêgining lêngganan: Mardi Siwi sabên 6 wulan f 0,75, kêdah kabayar rumiyin. Kasade eceran Mardi Siwi 1 buku f 0,15. Prabeya advertentie: 1 kaca f 6,- ½ kaca f 3,- ¼ f 1,50 lêngganan pikantuk sudan.

Kalawarti wulanan, ngrêmbag babagan panggulawênthah tumraping: kanalaran, kabatosan, kaendahan, kasusilan, kaeconomian, kaprajan, kaadilan, kasarasan, l.s.p.

WARA-WARA SAKING PARA PAMONG

Nuwun, gêgandhengan kalihan indhaking sadaya rêrêgèn, waragadipun pangêcap Mardi-Siwi ugi tumut mindhak, tur botên sakêdhik. Murih sampun ngantos ngindhakakên rêgining lêngganan, jalaran para pamong ugi ngèngêti dhatêng wêwahing sêsanggènipun para maos, pramila ing ngriki rêrigênipun namung: 1e. nyuda isinipun; ingkang suwau 24 kaca, wiwit No. 9 punika Mardi-Siwi nêmung[1] isi 20 kaca; 2e. nyuda saenipun kêrtas, inggih punika trimah ngangge ingkang radi awon sawatawis.

Sadaya rêrigên wau namung saking kapêksa ing kawontênan, ingkang atêgês botên kangge sadangunipun. Samangsa kawontênanipun sampun radi sae, Mardi-Siwi ugi nututi wangsul kados ingkang sampun. Pangèsthinipun ingkang sami kapokok: inggih saugi taksih lêstantun gêsang kemawon, sawujud-wujudipun Mardi-Siwi taksih badhe sowan ing ngarsa panjênêngan. Botên langkung namung nyuwun pangèstu kemawon, mugi-mugi Mardi-Siwi lêstantun widada wilujêng ing gêsangipun, sagêda mênangi jaman anyar, ingkang kalampahanipun botên namung saking rêrigênipun ingkang sami kajibah ngupakara, nanging - sabagean agêng - ugi saking katrêsnan panjênêngan sadaya.

Mugi-mugi kabula, amin !!!

--- 194 ---

Katrangan Bab Basanipun Mardi-Siwi

Miturut kawontênanipun wangsulan-wangsulan ingkang sampun katampi dening redactie:

1e. Ingkang sabagean agêng botên mupakat, manawi basanipun Mardi-Siwi dipun santuni basa Indhonesia (Mlayu). | 2e. Ingkang sapara sakawan mupakat dipun santuni basa Indhonesia sabagean (sapalih). | 3e. Ingkang mupakat dipun santuni basa Indhonesia sadaya namung saperangan alit. | Ingkang punika miturut angsal-angsalanipun pêpetangan, Mardi-Siwi mêdalipun lêstantun mawi basa Jawi sadaya.

Mugi andadosna ing pamirsa.

Para-Pamong.

Bab Jumêdhulipun Jaman Anyar, Sirnanipun Jaman Kawak

Jaman, ing ngriki atêgês waktu (tijdperk) kalihan kamodhelanipun gêsang, dados pikajêngipun gagrag lami badhe santun gagrag anyar.

Sapunika-punika, kalih-kalihipun dèrèng cêtha. Gagrag lami taksih wontên, gagrag anyar sawêg thingil-thingil badhe jumêdhul. Amila katingal pêtêng dhêdhêt alimêngan, kathah ingkang bingung, punapa-punapa ingkang kinintên sampun lêrês, jêbul lêpat. Dipun anggêp sampun sae, malah awon. Judhêg lampahing pamikir.

Jagad gara-gara, gègèr raosing manah, sami punyêngan ngungsèkakên gêsang. Dahuruning jagad saya ngrêbda, pêpêrangan ngantos damêl miris, tiyang sajagad sami tintrim manahipun, mêmuji tumuntêna sirêp gara-gara punika.

Sirêping gara-gara punika tandha sampun mangsanipun lair sang gagrag anyar. Pundi ingkang lami lan pundi ingkang anyar?

--- 195 ---

Sayêktosipun ingkang lami lan ingkang anyar punika caranipun anggènipun sami gêsang. Ingkang modhèl lami, dhasaripun gêsang: pados bêgjanipun piyambak. Wilujêngipun piyambak, ecanipun piyambak, botên mraduli ing sanès, malah yèn pêrlu inggih mawi kurbaning sanès, kadamêl ngecakakên awakipun piyambak. Dhêdhasar kados makatên punika, ngoyod wontên ing dhasaring manahipun sabên tiyang amila kawastanan jamanipun kados makatên kawastanan kamurkan utawi egoist.

Waunipun kamurkan punika, wontên pêrlunipun, inggih punika kangge nênuntun kamajênganipun titah ingkang gêsang mawi roh lan badan. Pancèn punika kadosdene Opvopediripun badan. Pun roh dèrèng dipun opvoeden. Sarêng tiyang-tiyang sampun sagêd mangrèh badan, têgêsipun badan sampun kenging dipun tata, dipun atur prayogi, pun murka kêdah dipun pènsiun. Botên kok têrus-têrusan nyambut damêl kados ingkang sampun, malah sajak saya sêngkut. La salah kêdadèn, lajêng gara-gara pêrang gêgêmpuran, sadaya ingkang gadhah kamurkan sami bingung piyambak. Dene ingkang botên murka, botên bingung botên barang, anglêr kewala.

Pundi ingkang kula aturakên kamurkan saya sêngkut wau ? inggih ing jaman pêtêng punika (nu). Saking mêmpêngipun anggènipun taksih badhe makolèhakên awakipun piyambak, lajêng ngangge ajinipun pênggorohan. Punapa-punapa dipun angge reka utawi sarana, murih awakipun pakantuka. Ngantos Opvoeding (pêndhidhikan umum) kêplasipun inggih dipun angge ngraosakên egoistipun. Wetenchap inggih dipun angge ngakali, murih awakipun wontên larikan kursi ngajêng. Kunst utawi kagunan inggih dipun angge gêgaran pados aruming asmanipun. Piwulang suci inggih dipun enggokakên kagêm kabêtahanipun piyambak. La, yèn dipun tamatakên, rak cêtha anggènipun sami misbruik maken. Dados botên dipun lugokakên kados samêsthinipun. Sarèhning tiyang sajagad sampun mratah kados makatên, malah dipun têtêpakên yèn sampun lêrês. Inggih kêdah makatên punika. La, sarêng wontên gara-gara bingung. Mangka gara-gara punika totaalipun urik-urikan wau. Kenging punapa dipun têtêpakên yèn sampun lêrês. Malah dipun dadosakên ideaal (gêgayuhaning ngagêsang).

Amila kula wau matur, ingkang kinintên sampun lêrês, jêbul lêpat, enz. Dene wêwatonipun anggènipun nglêpatakên, punika nitik kêdadosanipun. Botên wontên barang sae, kok kêdadosan botên sakeca, kok bingung. Punika nelakakên yèn bibitipun dèrèng sae, nanging katingal kados sampun sae. Sarèhning sapunika sampun nama pantog, dumugi pêtêng lan botên sakeca, wiwit santun lampah, santun gagrag. Rêmak

--- 196 ---

rêmpunipun dipun pikul, pakarti anyar santun modhèl. Inggih punika ingkang kula namakakên jaman kawak sirna. Jaman anyar jumêdhul.

La, samangke ngrêmbag jaman anyar, punika badhe babaranipun kadospundi?

Mangga, sami dipun laras, inggih mawi wêwaton ingkang gumêlar nyata kemawon.

Tiyang punika botên bêtah (tahan) ênggêng-ênggêngan nglampahi sangsara; mêsthi badhe ngonangi sabab-sababipun dados kados makatên. Yèn sampun sagêd ngonangi, inggih lajêng ngrêtos ingkang andadosakên sabab, amila lajêng ngewahi dhasaring sabab. Upaminipun:

1. Botên wontên watak gêgêthingan.

Sabab gêgêthingan punika panjalmanipun egoist, kêpengin luhur, kajèn mênang, kuwasa, mawi lampah: ngêsorakên sanès, ngawon-awon, ngrèmèhakên l.s.s

Dene santunipun: sumanak, wêlas, asih, koma-koma, sami-sami, dumugi trêsna; watak-watak punika tanpa bêbaya, ngantos dumugi jaman punika kemawon.

2. Botên wontên manah munapèk.

Ngrèmèhakên agami utawi maibên piwulang kasucian. Sabab ngrêtos, bilih kasucian punika tuking kawilujêngan, murka punika tuking kasangsaran.

Amila lajêng hormat lan ngajèni sadaya piwulang ingkang nênuntun dhatêng kasucian, botên badhe ambedakakên agami, bedakakên kapracayan. Prakawis rêricikan botên dados nalar ingkang agêng-agêngan. Kados ing jaman nalika pêtêng. Gèsèh sakêdhik kemawon lajêng kuwawa gêgêthingan.

3. Botên wontên opvoeding ingkang têgêsipun namung pados bêgjanipun piyambak.

Lair batin sami dipun tuntun gotong-royong, rukun, ngrêtos dhatêng jêjêring bêbrayan, tulung-tinulung, l.s.s. punika kaanggêp kuwajibaning gêsang ingkang prêlu piyambak.

4. Kawruh wetenschap.

Sami dipun angge sarana, anggènipun nyêkapi kabêtahaning bêbrayan, botên kadamêl pados suwur utawi pangaji-aji.

--- 197 ---

5. Kagunan (kunst).

Sami dipun angge kurban dhatêng umum, awit lajêng dados sarana nênangi aanleg-ipun asanès, dhatêng luhuring kaendahan. Botên gadhah sêdya pados luhuripun ingkang gadhah kagunan, nanging kagunanipun thok, tiyangipun botên katut.

6. Lakirabi.

Manut jodhonipun. Botên mawang bangsa utawi darajadipun, amargi sadaya manungsa, sampun sami dipun hurmati lan dipun trêsnani. Bangsa lan drajad asor punapa luhur, sampun botên nancang manahipun tiyang.

7. Ingkang dipun rêgèni utawi dipun luhurakên.

Namung lêlabuhan utawi jasanipun tiyang, botên patos ngraosakên dhatêng: titêl, adhèl, sugih, miskin, luhur, asor, bodho, pintêr, kulit cêmêng, pêthak, jêne, sampun kawuri. Botên kados jaman wingi, namung tansah ambudidaya pamanggih kalairan, tanpa mawi ideaal luhur, ngantos kathah pamanggih ingkang dipun angge nyirnakakên sasaminipun manungsa. Malah mêsthinipun opvoeding (panggulawênthah) ingkang dipun angge mitulungi milujêngakên bêbrayan, inggih tumut ngraosakên dadosipun naraka donya.

8. Sadaya bangsa.

Kulit ingkang mawarni-warni, badhe rukun lan sêsami-sami, carub wor, damêl pranatan satunggal, botên wontên ambedakakên, malah lajêng nglairakên bangsa anyar, amargi saking anggènipun carub wor wau.

9. Opvoeding.

Badhe nyantosakakên anggènipun sami gêsang bêbrayan, pantog dumugi ing puncak. Têgêsipun tiyang ngucap awon rumaos isin, gadhah watak murka, rumaos nistha, melikan kraos asor, botên purun têtulung ing sanès, kraos piyambak yèn saru. Dados awakipun piyambak badhe rumaos piyambak, manawi gadhah watak utawi kandhutan egoist.

10. Sarawungan.

Baba srawungan badhe mardika, jalêr èstri sakeca kemawon mêmahanipun sami barès lan lugu, prasaja, ngêblak. Tiyang jalêr lan èstri, sanajan sampun rabi utawi laki, têrus dipun undang namanipun alit. Botên namanipun sêpuh utawi namanipun familie. Lare-lare ugi namung sami dipun sêbut namanipun, kampung, dhusun utawi nêgarinipun kemawon.

--- 198 ---

Saking kawontênan kados makatên wau, darêdah, cêcingilan pabên, pitênah, ngrêbat panggêsangan, sampun sasat sirna. Ing pundi-pundi ingkang wontên namung têntrêm, sae, rukun, gotong-royong, tiyang sami nglampahi wajib. Inggih punika jaman kancana, waradin rahayu lan têntrêm.

Kita ingkang sami gêsang samangke punika, botên mokal upami sagêd mênangi jaman anyar wau. Amila prayogi siyaga nglaras awakipun piyambak-piyambak runtutipun kalihan gêsang modhèl anyar.

Amin. Amin. Amin.

Ananggapi Panuwunipun Sadhèrèk S. Wontên ing Mardisiwi Nomêr Pitu

(Sambêtipun M.S. No. 8 Th. VIII)

Ing ngajêng sampun kula aturakên, bilih lare punika ing satindak-tandukipun tansah gadhah pamrih, tansah wontên ingkang dipun kajêngakên, yèn wontên sabab ingkang ngalang-alangi, ingkang badhe adamêl botên kadumugènipun sêdyanipun, lajêng ngêcakakên lampah sanès ingkang botên katawis. Inggih lampah makatên punika ingkang asring damêl judhêgipun tiyang sêpuhipun. La punapa ingkang dipun kajêngakên wau lêpat utawi awon, pun lare botên sumêrêp, amargi lare punika dèrèng sagêd ambedak-bedakakên.

Ênêring gêsangipun lare (de levensstijl) kaudia murih saenipun. Têgêsipun pandhidhikipun wiwit alit mila katujokna dhatêng kawilujênganipun gêsang bêbrayan. Tiyang punika

--- 199 ---

botên badhe sagêd gêsang miyambak, mila ugi kêdah ngèngêti dhatêng samukawis ingkang dados kapêrluanipun tiyang sanès.

Ênêr ingkang sae namung sagêd tuwuh wontên ing papan ingkang sae, inggih punika wontên ing griya sarana tuntunan lan têtuladan ingkang laras, ingkang sagêd nuwuhakên raos sênêng dhatêng gêsang lung-tinulung, saha sih-sinihan kalihan sasaminipun.

Tindak lan caranipun tiyang sêpuh nyêpêng lare kathah ingkang klèntu, sagêd adamêl lare gadhah watak kogung. Inggih watak kogung punika ingkang asring dados jalaranipun lare dados angèl, anisahakên utawi anjudhêgakên tiyang sêpuhipun. Măngka ingkang asring ngugung lare punika botên namung tiyang ingkang kacêkapan thok. Ingkang limrah malah tiyang ingkang rupêk ing kawruh, lan ingkang rêkaos gêsangipun. Tiyang ingkang botên gadhah utawi namung sakêdhik kawruhipun punika ing satindak-tandukipun (ingkang tumuju dhatêng anakipun) botên dipun alang-alangi ing pangêrtosan bab panggulawênthah, tiyang ingkang rêkaos gêsangipun, sadumuginipun ing griya sampun kêsêl. Sasagêd-sagêd lajêng nuruti panêdhanipun lare, supados anggènipun ngasokakên badanipun botên wontên ingkang ngridhoni.

Lare kogung (ing kalanganipun băngsa kula kathah sangêt) inggih punika lare ingkang tansah dipun êmban utawi dipun [dipu...]

--- 200 ---

[...n] gendhong, dipun êla-êla, cêkakipun sabên dintên tansah rumaos dipun trêsnani sangêt. Lare makatên punika lajêng kulina dhatêng pangêla-êla. Yèn wontên sabab ingkang murugakên piyambakipun botên sagêd angsal pangugung saking ibunipun, lajêng ngajêng-ajêng angsala saking tiyang sanès. Bilih kalêbêtakên sakolah, botên sagêd anggolongakên gagasanipun dhatêng wulangan. Purugipun gagasanipun tansah dhatêng ibunipun kemawon. Wusananipun botên sagêd linggih antêng, botên purun mirêngakên wulangan, tansah damêl rêridhu (hinderlijk). Manawi dipun srêngêni utawi dipun ukum gurunipun, sangsaya sangêt anggènipun kapengin wangsul dhatêng ibunipun (De drang naar de moeder wordt des te sterker). Lare-lare makatên punika sagêdipun sae sinaunipun (angsal biji sae) yèn wontên ing pamulangan manggih kawontênan ingkang cocog (sami) kalihan wontên ing griya. Inggih punika yèn angsal guru ingkang sagêd ngèmpêri ibunipun. Nanging ing têmbe, samăngsa kaêculakên wontên ing madyaning gêsang bêbrayan, enggal nglokro. Amargi ing ngriku piyambakipun botên tansah kadumugèn kajêngipun, wêkasan botên kaconggah nandangi punapa-punapa (presteert niets). Yèn botên makatên, inggih purun atindak ingkang botên laras kalihan anggêripun gêsang bêbrayan.

--- 201 ---

(doet onsociale handelingen).

(Para maos, punapa bab punika botên cocog kalihan kawontênan ing ngriki. Neneman Jawi ingkang sampun tamat sakolahipun, sampun gadhah dhiploma, kathah ingkang purun kalanthungan, saya yèn tiyang sêpuhipun kasêmbadan. Botên purun tumandang ing damêl, yèn sampun ngupados padamêlan - limrahipun padamêlan ing kantor, sarana rêkès - nanging botên angsal, lajêng aluwung nganggur ngêthêkur wontên ing griya. Purunipun namung sênêng-sênêng. Ing ngriki lajêng cêtha sangêt, yèn ngugung lare punika atêgês mêjahi dêrêngipun lae, mêjahi pangaji-ajinipun dhatêng badanipun piyambak, botên adamêl samêktanipun lare wontên ing gêsang bêbrayan).

Kosokwangsulipun tuntunan ingkang awêwaton: anggêr dikêrêngi, ugi botên kenging katamtokakên sae kadadosanipun. Amargi yèn tansah kanggêg, tansah dipun alang-alangi anggènipun badhe ngupados kamarêman (steeds belemmerd in't zoeken naar succesmogelijkheid) yèn botên lajêng mangkêrêd, inggih lajêng alampah silib. Ingkang rumaosipun ugi murugakên angsal kêmarêman.

Ing ngajêng kula sampun matur, bilih lare kogung punika sasagêd-sagêd tansah angudi, sampun ngantos kaoncatan pangugung, [pangu...]

--- 202 ---

[...gung,] utawi supados tiyang sêpuhipun utawi sintêna kemawon ingkang kanggenan, tansah migatosakên piyambakipun (Om de belangstelling van de ouders op zich te vestigen) mawi lampah warni-warni.

Upaminipun: 1. Waunipun, sadèrèngipun gadhah adhi, andêmênakakên, tansah manut miturut. Sarêng gadhah adhi, rumaosipun angsal mêngsah ingkang ngrêbat katrêsnanipun ibunipun. Lare wau lajêng awatak nyênyêngit, rêmên anakali adhinipun.

2. Waunipun nalika wontên ing panggenanipun êmbahipun lan wontên ing ngriku dipun ugung, dipun trêsnani sangêt (ing ngriki katrêsnan ingkang klèntu) sinaunipun sae, bijinipun marêmakên. Sarêng manggèn ing griyanipun tiyang sêpuhipun piyambak, lajêng kêsèd, bijinipun awon, bodho. Sababipun punapa. Têrkadhang saking kêsangêtên anggènipun mêrdi, tansah angêncêngi lan angêrêngi lare, amargi kuwatos yèn mlorod bijinipun. Wusana pun lare malah malih babarpisan, malihipun wau tumrapipun pun lare ugi satunggaling sarana murih sagêda angsal kamarêman. Tiyang sêpuhipun tansah migatosakên piyambakipun, punika ingkang adamêl marêmipun.

3. Yèn tiyang sêpuhipun sangêt anggènipun mardi dhatêng rêsikan, [rê...]

--- 203 ---

[...sikan,] pun lare malah asring ngompol. Damêl bingungipun tiyang sêpuhipun. Inggih punika ingkang dipun anggêp karêman.

Wawasan kula, kula punggêl dumugi samantên rumiyin. Kula kuwatos bilih tuladha-tuladha ingkang kula aturakên ing nginggil punika malah ambingungakên para maos. Murih têrangipun malih ing M.S. candhakipun punika, kula badhe ngaturakên pangalaman-pangalaman sawatawis, ingkang sampun dipun cariyosakên Dr. Adlar piyambak.

Wasana borong.

Kula pun: S.S.

Bedanipun Pikir Kalihan Raos (Kalbu)

(Sambêtipun M.S. No. 8 Th. VIII.)

Ing mangke kula badhe nêrangakên ing kakiyataning manungsa ingkang ăngka 3 ingkang sami dumunung wontên ing salêbêting dhadha (jantung). Cacahipun inggih gangsal, sadaya wau kadosdene warga pangrèhing kakiyatan sadasa ingkang dumunung ing utêk, lan păncadriya kasêbut ing nginggil wau, jalaran kados sampun kinodrat, bilih kakiyatan sadasa punika wau saugi dipun kèn, utawi dipun cêgah dening salah satunggal saking warga pangrèh ingkang dumunung ing salêbêting dhadha wau,

--- 204 ---

mêsthi nurutipun. Mila lajêng wontên pocapan: lair iku minăngka utusaning batin. Dene wujudipun warga pangrèh gangsal, inggih punika: 1. Napsu, karêp, utawi arda, 2. Golob (kuwanèn), 3. Was-was (setan), 4. Mulhim (malaekat), lan 5. Kalbu (budi ingkang suci).

Sadaya wau kenging ginambarakên kadosdene para pangêmbat praja, amung kaotipun dene satunggal lan satunggalipun wau sami gadhah pangawasa ngêrèh piyambak-piyambak, dados tumindakipun adhapur kongkirèn, rêbat kawasa. Mênggah papindhanipun makatên: manungsa (alusing manusa. Manungsa sajati. Aku. Ingsun, sajatining manungsa). Punika minăngka ratunipun, ingkang kagungan pangawasa sadaya wau. 2. Budi suci, minăngka pêpatihipun, 3. Mulhim, minăngka adpisir utawi paranparanipun, 4. Wawas, minăngka pokrulipun, 5. Golob, minăngka prajuritipun, 6. Napsu, minăngka pinansiênipun (tukang dados asil nagari).

Upami para warga pangrèh (pangurus) wau kagambarakên kadosdene rad nagari, punika papêthanipun makatên:

1. Pamanggihipun napsu (arda), nagari punika kêdah kacêkapan sabarang-barangipun, sampun ngantos wontên nagari ingkang ngêmbari ing kasugihanipun. Mila kêdah ngêncêngakên [ngêncêngakê...]

--- 205 ---

[...n] ing babagan kabudidayanipun kemawon, botên praduli nalisiring lampah waton sagêd sinêmbadan.

2. Pamanggihipun golob (kuwanèn) praja kêdah ngiyatakên ing kaprajuritan, sagêda mênangan piyambak, nagari sajagad punika sagêda têluk sadaya, puluh sugiha, manawi tanpa pangawasa, taksih kirang jêmpolipun.

3. Pamanggihipun was-was, sadaya tindak punika sagêdipun sinêmbadan kalihan gampil, mêsthi kêdah ngangge tindak pulitik (ambawur tingal) bêbasan: sing kêna iwake, aja nganti buthêg banyune. Mila murih enggal santosaning praja, kêdah olah pulitik.

4. Pamanggihipun Dulhim: ngagêngakên (migunakakên) ing kadonyan punika botên parlu ginayuh, dene ingkang parlu punika namung anggayuh ing kasucian sarana anjungkung ngibadah (lêladi) ing Gusti thok. Prakawis kadonyan, cêkap pasrah ing Gusti, botên susah dipun sêtiyari.

5. Sadaya pamanggih-pamanggih wau. Ingkang nglaras, sarta ingkang mutus, kêdah budi suci, inggih punika minăngka kadosdene pangarsaning rad nagari. Dene putusanipun makatên: ha. pamanggihing napsu kêdah ambudi ing kacêkapan babagan [ba...]

--- 206 ---

[...bagan] kadonyan (kabêtahaning gêsang) punika inggih lêrês, awit gêsang ing donya mêsthi ambêtahakên ing rijêki, manawi kêlatan ing rêjêki, sagêd pêjah kalirên. Nanging pambudinipun wau kêdah mawi ukuran mêndhêt sacêkapanipun kemawon, sampun ngantos lêlangkungên[2] ngantos adamêl ing rêkaosing liyan, jêr donya dalah saisinipun punika hakipun para manungsa sajagad, lan malih pambudidayanipun inggih kêdah mawi margi ingkang lêrês, miturut wèt kamanungsan: na. Pamanggihing golob, punika inggih lêrês, gêsang ing donya kêdah gadhah kwanèn lan rumagang damêl, nulak para ingkang nêdya nindakakên panganiaya, lamun gêsang tanpa kuwanèn, yêkti badhe risak dening panganiayaning liyan. Nanging anggèning nindakakên ing kwanèn wau, ugi mawi ukuran dugi lan prayogi, sampun kok bêbasan kaduk wani tanpa dêduga, lan ingkang kêdah dipun lawan punika, namung ingkang nêdya tindak nganiaya thok, botên niyat pados indhaking pangawasa, utawi kawibawan sarana lampah ngrêbat ing haking liyan, ca. Pamanggihing was-was, olah pulitik, punika inggih parlu dipun tindakakên, nanging pulitik ingkang mahanani kautamèn, utawi sumingkir saking kacilakan (panganiayaning liyan) botên kenging nindakakên pulitik ingkang murih ing

--- 207 ---

kapitunaning liyan, ing bandhaning liyan, ra. Pamanggihing mulhim, punika pancèn kêdah dipun tindakakên, nanging sampun ngantos nêngsêmakên ing raos, lajêng kasupèn ing bagean kita saking kadonyan.

Ing mangke: sang nata ingsun (sajatining manusa) ugêr ngagêm ing pamanggihing budi suci kadosdene putusanipun wau, sampun masthi prajanipun sagêd karta raharja, lan tata têntrêm salami-laminipun.

Makatên ugi kita manungsa, bilih sagêd mranata ing praja kamanungsanipun, ngêplêki kados pamanggihing budinipun ingkang suci, kados papêthan wau, sampun masthi gêsangipun inggih sagêd ayêm, têntrêm, lan wilujêng ing donya lan ing akiripun. Saya malih manawi sabagean agêng saking manungsa sajagad punika, sami nêtêpi kados makatên wau, kawontênanipun jagad bêbrayan, inggih sagêd tata têntrêm, kêrtaraharja, sêpên saking kara-kara. Nanging uming[3] para manungsa sami botên sagêd nêtêpi. Ingkang dipun turut (uja) namung ubaling arda was-was, lan kuwanènipun. Mila kawontênanipun jagad, kêbak isi pêrang ekonomi, pêrang rêbat pangawasa, lan pêrang kapulitikan ingkang tujuanipun murih sugih, singgih, lan agênging pangawasanipun piyambak-piyambak, botên praduli kasangsaran, lan kacilakaning sanès, waton katutuga

--- 208 ---

pikajênganipun, kadosdene ingkang sami kita alami ing jaman samangke punika.

Upami wontên ingkang ambantah makatên, wontênipun papêrangan punika, arak botên ing jaman samangke kemawon, nanging ing jaman kina-kina ugi tansah wontên papêrangan. Wangsulanipun: mirid sêrat bab donya, ing jagad botên nate sêpên saking papêrangan, nanging papêranganipun têtiyang jaman kina, botên rêbat băndha, lan pangawasa kadosdene ing jaman sapunika, wangsul arêbat kalêrêsaning agama, nyirnakakên para ambêg duraka. (Badhe kasambêt)

DÊDONGENGANIPUN NABI MUSA

Wiwit Miyos Ngantos Sedanipun

(Panjurungipun Ihsanudin)

Kacariyos rikala jaman Nabi Yusuf jumênêng raja mudha ing nagari Mêsir (Kairo), ingkang rama (Nabi Yakub sakalihan) tuwin para sadhèrèkipun cacah 11 sami kaboyong saking Kanangan dhatêng Mêsir sadaya, lajêng têtêp sami pidalêm ing Mêsir ngriku, ngantos turun-maturun, sinêbut Bani Israil, têgêsipun darah Israil, jalaran Nabi Yakub punika ugi jêjuluk Israil. Ing salêbêtipun pintên abad? darah Israil wau, sagêd ngrêda, lan ing ngriku kaanggêp darah ingkang minulya. Nanging saya lami kabêkta saking cakra manggilinganing jagad, darah Israil malih dados golongan ingkang apês, sarta katindhês dening nata ing nagari ngriku inggih punika darah Firngon, saya malih nalika badhe miyosipun K. Nabi Musa darah Israil dhawah apês sangêt, ngantos bêbasan mbotên pikantuk papan babarpisan, jêr darah Israil sami ngrasuk agama suci, nanging Sang Raja Firngon lan têtiyang (rakyat) ing ngriku, sami ngangge agami kabrahalan, sarta ingkang jumênêng ratu

--- 209 ---

katingal nglêrêsi tiyang ingkang ambêg siya sangêt, saking kumaluhuripun, ngantos kadugi ngakên Pangeraning jagad ingkang maha luhur piyambak.

Ing wêkdal samantên Sang Raja Firngon nampi atur wêcanipun satunggiling pandhita, bilih tumpêsing sang nata dalah wadyabalanipun (bêdhahing karaton) punika amargi saking dening satunggiling darah Israil jalêr, ingkang lair ing taun punika.

Awit saking wêca ingkang kados makatên wau, sang raja lajêng mbudidaya (stiyar) nyacahakên sadaya pawèstri darah Israil ingkang sami wawrat, sarta andhawuhakên kêncêng manawi wontên jabang bayi lair jalêr, mêsthi kêdah dipun pêjahi. Malah ngantos wontên pawèstri pintên-pintên atus dipun bêdhèli wêwatonipun, sampun ngantos lêstari lair. Ing mangsa punika maèwu-èwu bayi jalêr ingkang dados kurban (pinêjahan) ngantos damêl kêkês sarta mirising darah Israil saumumipun.

Kocapa ing wêktu punika Nyai Ngimron (ibunipun Nabi Musa) nglêrêsi ambobotakên Nabi Musa, sampun mêsthi kemawon klangkung sangêt prihatosipun, awit manawi bobotanipun wau lair jalêr, mbotên sande mêsthi pinêjahan dening sang raja. Pêpuntoning panggalih, Kyai lan Nyai Ngimron rintên dalu tansah ngrêdatos, kanthi nyênyadhang ing Gusti Allah mugi-mugi kinalisna saking panganiayaning nata ingkang ambêg siya. Wasana ing wanci lingsir dalu, tiyang sakalihan sêsarêngan sami nampi wisik saking gaib, suraos paring wêling, manawi kandhutanipun Nyai Ngimron punika lair jalêr, murih wilujêng saking panganiaya, enggal-enggal winadhahana gêndhaga, lajêng kalarunga ing bêngawan Nil, ingkang mili malêbêt ing salêbêting èrêp karaton.

Kiyai lan Nyai Ngimron tampi wisik ingkang kados makatên punika wau, sangêt kodhênging manahipun, jalaran nyuwun wilujêng saking bêbaya panganiayaning Sang Firngon, jêbul malah pinurih murugakên anakipun dhatêng bêbaya. Ewadene saking mantêping kapitadosanipun dhatêng têmêning wisik wau, sarêng ing wanci dalu, sang jabang lair jalêr, têrus dipun rukti kalêbêtakên ing gêndhaga, ing wanci bangun enjing, linarung ing bêngawan Nil, nêtêpi sasuraosing wisik ingkang sami katampi wau.

Kacariyos Sang Raja Firngon punika mbotên kagungan putra kakung, namung kagungan putra satunggal tur putri. Ing dalu miyosipun K.N. Musa punika wau, sang putri pinuju gêrah rêkaos sangêt, kados-kados sampun mbotên badhe mêningi enjing, mila Sang Firngon sangêt prihatosipun,

--- 210 ---

wasana wontên satunggiling pandhita ingkang tuguran ing ngriku, ngaturakên supênan, bilih usadanipun sang putri punika, sarah (barang ingkang kèli) ing bangawan Nil, ingkang lumêbêt ing èrêp karaton ing wanci enjing punika. Sami sanalika sang raja dhawuh supados matah abdi ngadhangi ing sarah wau. Wasana mbotên wontên malih ingkang pinanggih ing ngriku, kajawi namung wujud gandhaga. Sampun lajêng kunjuk sang nata. sarêng kabikak jêbul isi jabang bayi jalêr ingkang abagus warninipun. Jabang lajêng kacêlakakên ing pasareanipun sang putri. Kocapa sarêng sang putri mriksani ing jabang bayi wau, lajêng saras sami sanalika, sarta rêmên sangêt panggalihipun. Sampun dilalah, jalaran saking kawontênan kados makatên wau, Sang Nata Firngon inggih lajêng katut trisna dhatêng sang jabang. Ing dintên punika ugi, jabang wau, kakêpyakakên pinundhut putra., kaparingan nama Musya (Mu=kayu, sya= toya). Awit pinanggihin jabang wau wujud: kajêng kèli ing toya.

Saking kasêngsêming sang nata dhatêng jabang jalêr wau, ngantos kasupèn babarpisan, ing wêcaning pujangga kasêbut ngajêng. (Badhe kalajêngakên).

Sanès Dongèng

(Sambêtipun M.S. ăngka 8 Th. VIII.).

Dèn Karya. O, o, inggih kyai, kok pèni sangêt dhêdhasaripun wulangan agami punika. Dados agami punapa-punapa, dhasaripun inggih makatên punika, pracaya dhatêng Pangeran, ngênêr mriku puruging ancas lan gêgayuhanipun.

Kyai Nur. Inggih, gèr. Amila kula wau matur: kêdah mawi dhêdhasar agami, botên: satunggiling agami. Manawi kula matur: satunggiling namung badhe milih kulitipun, têgêsipun namung namaning agami. Dene isinipun [isi...]

--- 211 ---

[...nipun] sadaya wau inggih Pangeran. Dene katrangan-katrangan sarta panjèrèngipun ingkang katingal beda-beda, manut êmpan papan lan jaman-jamanipun, dumugi sapintên gaduking pikiripun para manusa nalika samantên (tumuruning agami) dados para andika Nabi ingkang ngampil agami, punika sadaya sampun prigêl mulang muruk manungsa. Ewadene danguning dangu, inggih lajêng katingal pating plethot malih, malah tarkadhang botên mriku puruging pikiripun. Dene sababipun ingkang agêng wontên warni kalih:

I. Tiyang umum, anggènipun marsudi botên ngantos kandhas dumugi dhasaripun, ingkang ngantos bêblês punika prêsenanipun sakêdhik sangêt, ingkang kathah namung nyakup kulitipun.

II. Pikiripun tiyang umum sampun mindhak kamajênganipun, modhèlipun nampèni katrangan utawi nyukani katrangan sampun beda caranipun, amila sarêng nampi katrangan cara ingkang sampun-sampun, sajak namung kambang-kambang, botên antêp raosipun, sarèhning wongsal-wangsul tansah makatên kemawon, dangu-dangu kêmba.

--- 212 ---

Dèn Karya. Mangke rumiyin kyai: la, makatên punika, lajêng sintên ingkang dipun lêpatakên.

Kyai Nur. Inggih botên wontên ingkang lêpat. Ingkang mulang muruk bab agami, sarèhning pawitanipun botên kandhas dumugi ing nyatanipun (kulit) inggih namung sagadukipun, dene modhèlipun, inggih ngangge modhèl kados nalika piyambakipun nampèni wulangan wau, têrkadhang dipun wêwahi tuladha-tuladha ingkang katingal ing jaman sapunika. Makatên wau saking anggènipun ngangkah saya cêthanipun. Hla, punapa makatên wau nama lêpat? Rak botên, malah rumaos nêtêpi wajib, ngajak emut dhatêng tiyang ingkang dèrèng emut (nglampahi agami). Badhe kasambêtan.

ISINIPUN M.S. No. 9 Th. VIII.

Wara-wara saking para pamong - Badhe jumêdhulipun jaman anyar, sirnanipun jaman kawak - Ananggapi panuwunipun sadhèrèk S ing Mardisiwi No. 7 - Bedanipun pikir kalihan raos - Dêdongenganipun K.N. Musa - Sanès dongèng.[4]

 


namung. (kembali)
kêlangkungên. (kembali)
umuming. (kembali)
Seharusnya [213] dan seterusnya. (kembali)