Mardi Siwi, Soenarja, 1941-11, #1812

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Mardi Siwi, Soenarja, 1941-01, #1812. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Mardi Siwi
  2. Mardi Siwi, Soenarja, 1941-02, #1812. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Mardi Siwi
  3. Mardi Siwi, Soenarja, 1941-03, #1812. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Mardi Siwi
  4. Mardi Siwi, Soenarja, 1941-04, #1812. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Mardi Siwi
  5. Mardi Siwi, Soenarja, 1941-05, #1812. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Mardi Siwi
  6. Mardi Siwi, Soenarja, 1941-06, #1812. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Mardi Siwi
  7. Mardi Siwi, Soenarja, 1941-07, #1812. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Mardi Siwi
  8. Mardi Siwi, Soenarja, 1941-08, #1812. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Mardi Siwi
  9. Mardi Siwi, Soenarja, 1941-09, #1812. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Mardi Siwi
  10. Mardi Siwi, Soenarja, 1941-10, #1812. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Mardi Siwi
  11. Mardi Siwi, Soenarja, 1941-11, #1812. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Mardi Siwi
Image

No. 11 20 November 1941 Th. VIII.

MARDI SIWI

Juru pangripta: Literair Paedagogische Club Surakarta. p/a SOENARJA, Manahan M.N. Surakarta. Administratie: S. SASTRAATMADJA, Badran Surakarta.

Rêgining lêngganan: Mardi Siwi sabên 6 wulan f 0,75, kêdah kabayar rumiyin. Kasade eceran Mardi Siwi 1 buku f 0,15. Prabeya advertentie: 1 kaca f 6,- ½ kaca f 3,- ¼ f 1,50 lêngganan pikantuk sudan.

Kalawarti wulanan, ngrêmbag babagan panggulawênthah tumraping: kanalaran, kabatosan, kaendahan, kasusilan, kaeconomian, kaprajan, kaadilan, kasarasan, l.s.p.

PÊPÈNGÊT

Nuwun, awrat raosing manahipun para pamonging Mardi-Siwi kapêksa ing wajib ngaturi pêpèngêt dhatêng para maosing Mardi-Siwi ingkang dangu sami botên karsa maringi pratandha anggènipun sami karsa dados lênggananipun Mardi-Siwi.

Ingkang punika rèhning kawontênan ingkang makatên wau têmtu andadosakên kapitunan ing sadayanipun tuwin amracihnani ing sêpêning katrêsnan dhatêng pun Mardi-Siwi, pramila wiwit wêdalipun M.S. wulan ngajêng (December) punika sintên ingkang kêsangêtên tunggakanipun botên badhe kasowanan Mardi-Siwi malih.

Mugi-mugi pêpèngêt punika dadosa sarananipun wangsuling èngêt panggalihipun para ingkang sami kagungan tunggakan wau, tuwin lajêng karsaa ngintunakên kêkiranganipun sarana kacicil utawi brês, punika langkung utami.

Para-Pamong.

--- 234 ---

SÊRAT MAKUTHA RAMA

Motto: ajining manungsa dumunung wontên ing luhuring bêbudènipun. De mensch heeft maar een waarde, zijn geestelijk waarde.

Ing wêkdal samangke ing kitha Surakarta wontên ada-ada ingkang sêdhiyanipun anjagi supados basa Jawi sampun ngantos dados basa risak. Kaping kalihipun anyinau kasusastran Jawi. Ing pangajêng-ajêng sagêda gigah raosipun bangsa dhatêng raos kapujanggan. Ada-ada ingkang makatên wau sampun sapantêsipun angsal pangayubagia. Amargi kasusastran Jawi punika kathah isinipun ngèlmu utawi kawruh ingkang maedahi dhatêng lampahing gêsang. Botên namung ingkang gêgandhengan kalihan kalairan kemawon, nanging ugi ingkang gandhèng kalihan lampahing kabatosan. Manawi badhe nyumêrêpi kabudayanipun bangsa Jawi kêdah nyumêrêpi kasusastranipun. Amargi ing ngriku tiyang badhe sumêrêp kridhaning cipta lan karsanipun bangsa.

Kula badhe miwiti damêl wawasan bab kasusastran Jawi mawi mêndhêt Sêrat Makutha Rama utawi Partawigêna. Sêrat Makutha Rama punika ingkang yasa suwargi K.P.H. Kusumadiningrat. Dene babonipun dhapukan pakêm padhalangan lajêng dipun sêkarakên. Pakêm wau pêndhêtan saking Sêrat Ramayana, inggih punika mêndhêt wulanganipun Prabu Ramawijaya dhatêng Wibisana.

Wontên ing padhalangan lampahan makutha Rama punika asring dipun gêbyagakên, awit saking saening isinipun tuwin lêbêting kawruhipun. Wosing rêmbag Sêrat Makutha Rama punika nggêlar wulang Hastha Brata anggambarakên kuwajibanipun ratu anggènipun ngêrèh prajanipun tuwin anjagi kawilujênganipun. Wontên ing padhalangan sampun têmtu kemawon mawi dipun tambahi adêgan warni-warni, prêlunipun kangge nggigah raosipun para ingkang sami ningali. Adêgan-adêgan wau badhe kula pêthiki ingkang wigatos-wigatos ingkang lèrègipun dhatêng babagan panggulawênthah, panggulawênthahing batos ingkang tumuju dhatêng luhuring bêbudèn.

Saking pamanggih kula wulang bab luhuring bêbudèn punika wau prêlu dipun gêlar wontên ing pundi-pundi, amargi wêkdal samangke jagad sawêg pêtêng. Manungsa sami ical kamanungsanipun lajêng kadunungan watak kewan.

--- 235 ---

Rêtuning bawana ing wêkdal sapunika jalaranipun awit saking manungsa sampun kasupèn dhatêng ajinipun piyambak. Kados ingkang sampun kula pratelakakên wontên ing motto ajining manungsa punika dumunung wontên ing luhuring bêbudènipun. Mila pangintên kula jagad botên badhe oncad saking pêpêtêng manawi manungsa botên sami èngêt dhatêng kamanungsanipun, ing basa Walandi kapratelakakên mawi têmbung: botên sami anggadhahi geestelijke waarde.

Samangke kula lajêng badhe gêlarakên wulang-wulang ingkang kawrat wontên ing sêrat utawi lampahan Makutha Rama. Kados sampun kula pratelakakên ing nginggil wulangipun Prabu Rama dhatêng Wibisana wontên 8 bab, dipun wastani Hastha Brata. Wosipun wêlingipun Prabu Ramawijaya dhatêng Wibisana ing benjing manawi jumênêng ratu sagêda anglênggahi watak 8 prakawis. Jerenganipun kados ing ngandhap punika.

1. Ratu punika kêdah gadhah watak kados wataking Bathara Endra. Inggih punika ngudanakên wêwangi, botên pilih kasih. Têtêmbungan makatên wau kajêngipun para ratu botên kenging ambedak-bedakakên tiyang satunggal lan satunggalipun. Kajawi punika ratu wajib anjagi supados tansah arum asmanipun.

2. Kêdah anggadhahi watak kadosdene watakipun Bathara Yama. Têgêsipun ratu punika kawênangakên midana utawi matrapi paukuman dhatêng sadaya ingkang lêpat. Ananging anggènipun ngêcakakên pidana wau kêdah anglênggahi kaadilan tanpa pilih. Ing paribasan cara Jawi katêmbungakên ora mbaukapine. Utawi ora êmban cindhe êmban siladan. Têntrêming praja punika manawi ingkang ngasta pusaraning praja sagêd anglênggahi adil. Salah satunggaling srana sagêd anglênggahi kaadilan wau kêdah gadhah kawicaksanan.

3. Kêdah gadhah watakipun Bathara Surya. Inggih punika ambêg paramarta, sagêd angrêsêpi dhatêng sadaya tiyang. Saking pamanggih kula wontên ing ngriki lênggahing democratie, nanging geestelijke democratie, amargi manungsa punika manawi sagêd angrêsêpi tiyang sanès têmtu badhe nuwuhakên supêkêtipun kawontênan.

4. Kêdah gadhah watak kadosdene wataking Bathara Candra, inggih punika watak angapura. Milanipun sadaya ratu punika kagungan wêwênang maringi pangapuntên dhatêng tiyang ingkang nandhang lêpat. Cara jaman samangke dipun têmbungakên gratie. Anggènipun maringi pangapuntên wau mêdal saking raos ingkang luhur. Kadosdene pratelanipun Mahatma Gandhi wontên ing sêratipun ingkang nama De Ethische Religie.

--- 236 ---

5. Kêdah gadhah watak kadosdene watakipun Bathara Bayu. Têgêsipun ratu punika kêdah nyumêrêpi sadaya kawontênaning praja lan kawulanipun. Punika manawi kalaras kalihan jaman samangke sampun cocog. Amargi para ratu ing jaman samangke punika kêdah nyumêrêpi dhatêng sadaya kawontênan supados anggènipun anata prajanipun sagêd pratitis. Mila para ratu punika têmtu kagungan nayaka ingkang kajibah ngaturi pirsa thêk kliwêring nagari, lan ingkang dipun pundhuti timbangan manawi badhe ngawontênakên tatanan ing prajanipun.

6. Kêdah gadhah watak kadosdene watakipun Bathara Kuwera. Inggih punika sagêd damêl sakecaning manahipun sintên kemawon. Dados inggih para kawula, para narapraja tuwin para pitêpanganipun.

7. Kêdah gadhah watak kadosdene watakipun Bathara Baruna. Inggih punika kagungan saliring kagunan (mila wontên têtêmbungan sêkti mandraguna) lan sagêd nandukakên kagunan wau kangge damêl tata têntrêm, tuwin karaharjaning prajanipun.

8. Kêdah gadhah watak kadosdene wataking Bathara Rama. Têgêsipun ngupa boga. Kajêngipun wulangan punika para ratu anjagia supados para kawulanipun sagêd ngupa boga pados rêjêki kangge cagak gêsangipun tuwin tata têntrêming prajanipun. Ing basa Jawi wontên têtêmbungan ingkang mratelakakên bilih para sudagar punika minangka dados busananing praja. Dene para tani dados bujaning praja. Manawi kagathukakên kalihan kawontênanipun jaman samangke kuwajibanipun para nata inggih punika ingkang ngasta pusaraning praja kêdah tansah mindêng dhatêng kawontênaning para kawula sagêdipun sami gadhah pakaryan kangge gêsangipun. Sampun ngantos wontên para kawula ingkang sami botên gadhah padamêlan awit punika ingkang badhe ndadosakên ruwêting kawontênaning praja.

Wontên ing Sêrat Makutha Rama Hastha Brata wau kawulangakên dening Bagawan Kesawasidhi dhatêng Radèn Arjuna, nalika sowan ing pratapan Kutha Runggu.

Pancènipun ing adêgan pratapan Kutha Runggu taksih wontên rêmbag sanèsipun ingkang ugi maedahi dhatêng lampahing kamajênganing bangsa kula, ananging badhe kula pratelakakên ngandhap mangke.

Hastha Brata punika manawi dipun manah ingkang lêbêt mila pancèn isi Staatkundig ideaal ingkang jêmbar têbanipun. Dados sanajan kangge ing jaman samangke Hastha Brata punika taksih agêng paedahipun tumrap para tiyang ingkang olah praja utawi lêlumban wontên ing kalangan politiek. Amargi

--- 237 ---

lajêng sumêrêp punapa ingkang kêdah dipun tindakakên murih sagêd urun kangge raharjaning utawi kamulyaning bêbrayan. Sampun mêsthi kemawon jerenganipun kenging dipun panjangakên, nanging pokokipun sampun kacêpêng. Kawruh-kawruh ingkang sami kaimpun saking kilenan sagêd kangge bumbonipun Hastha Brata, wulangipun Sêrat Makutha Rama.

Sasampunipun kula mratelakakên wulang Hastha Brata lajêng badhe angrêmbag adêgan sanès rumiyin, ingkang ugi wigatos sangêt tumrap kula sadaya ingkang gadhah sêdiya manggulawênthah dhiri pribadi utawi manggulawênthah putra. Kajawi punika kangge tiyang ingkang nêdya tumut angêntas bangsanipun saking anggènipun papacintraka, sagêda luhur drajatipun prêlu angèngêti wulang-wulang ingkang sumimpên wontên ing lampahan Makutha Rama. Murih cêthanipun kula urutakên kados ngandhap punika:

1. Pêrangipun Adipati Karna kalihan Anoman. Inggih punika nalika Adipati Karna badhe lumêbêt dhatêng pratapan Kutha Runggu. Adipati Karna punika senapati ingkang linangkung kadibyanipun. Tuwin kagungan dêdamêl Wijayadanu ingkang angedab-edabi ampuhipun. Nalika kautus dening Prabu Ngastina nuwèni pratapan Kutha Runggu, aturipun dhatêng sang prabu namung sarwa sandika. Mêsthi badhe kalampahan sêdiyanipun. Nanging sarêng dumugi ing gapuraning pratapan kawangsulakên dening Anoman botên kenging lumêbêt ing pratapan. Sanalika Adipati Karna duka, jajabang mawinga-winga, wêkasan lajêng pêrang kalihan Anoman. Sarêng kasoran pêrangipun lajêng nglêpasakên jêmparing Wijayadanu, namung botên sagêd namani Anoman, malah kacêpêng dening Anoman kabêkta dhatêng pratapan. Adipati Karna sanalika lajêng ngalimpruk, pangajabipun namung enggal pêjaha. Dene kêcalan sanjatanipun Wijayadanu. Saking putêking panggalih nyênyuwun dhatêng para dewa sagêda enggal pejah, lajêng karawuhan Bathara Surya ingkang mratelakakên dhatêng Adipati karna manawi tandukipun Adipati Karna lêpat, amargi rak sampun sumêrêp manawi sanjatanipun Wijayadanu dèrèng mangsanipun kalêpasakên. Awit saking kadrênging karsa kasupèn dhatêng pratitising lampah. Senapati ingkang makatên wau nama kalêpatan agêng. Manawi kacundhukakên kalihan jaman samangke têrang manawi Adipati Karna punika namung anuruti ardaning panggalih. Namung èngêt sagêda enggal kalampahan sêdiyanipun. Nanging botên wêning ing panggalih botên sumêrêp dhatêng psychologisch moment. Para panuntun sajatosipun kêdah awas dhatêng wahyaning mangsakala. Sampun namung anuruti ardaning panggalih. Awit sisiping karsa sagêd andrawasi.

--- 238 ---

2. Adêgan Rêsi Wibisana lan patihipun. Wibisana ingkang sampun jumênêng rêsi pamitan kalihan patihipun badhe musna, têgêsipun ngoncati kadonyan. Patihipun nyuwun kalayan sangêt badhe dhèrèk musnanipun Rêsi Wibisana nanging lajêng dipun pênggak, amargi gadhah kuwajiban nêngga prajanipun. Salêbêtipun rêrêmbagan Rêsi Wibisana ngambah jagad alus, kadhèrèkakên patihipun. Wontên ing jagad alus ngriku Wibisana sagêd pinanggih yitmanipun Kumbakarna ingkang taksih nglambrang, dèrèng manggih kasampurnan. Rêsi Wibisana mratelakakên dhatêng Kumbakarna manawi anggènipun ngrungkêpi dhatêng prajanipun punika sampun anêtêpi darmaning satriya. Ananging taksih kabanda dening trêsnaning dhatêng nêgarinipun piyambak. Mila yitmanipun dèrèng sagêd manggih kasampurnan. Awit sanajan katrêsnan punika raos ingkang luhur, ewasamantên rèhning taksih mawi bedakakên satunggal lan satunggalipun, mila inggih taksih mbanda dhatêng kabatosanipun manungsa. Mila wêlingipun Rêsi Wibisana manawi badhe jangka dhatêng kasampurnan kêdah sagêd ambirat: durgamaning tyas. Ing Sêrat Dewaruci ugi wontên pratelan, yèn durgamaning tyas punika dados pamurunging laku. Mila wajibing para satriya namung sak nêtêpi wajib, botên mawi angèngêti dhatêng katrêsnaning sanak sadhèrèk, utawi bangsanipun. Wontên ing ngriku lampahing satriya badhe sagêd sampurna. Manawi karaosakên mila pakèwêd anggènipun nampèni. Ananging manawi dipun bablasakên pamawasipun, wulangipun Rêsi Wibisana wau sampun lêrês. Amargi manawi raos trêsna taksih mawi watêsan punika dede sajatosing katrêsnan. Ing jaman samangke sampun wontên manungsa ingkang sêmantên inggiling drajatipun, inggih punika Mahatma Gandhi. Panjênênganipun sampun nate pratela bontosing panjangka botên namung dhatêng kamardikaning bangsanipun, malah dhatêng kamardikaning batos utawi geestelijke vrijheid. Dhêdhasaranipun lampahipun Sang Mahatma Gandhi inggih katrêsnan, nanging tumuju dhatêng sak tiyanga. Mila botên langka manawi Sang Mahatma Gandhi dipun wastani panuntuning jagad. Wulangipun wontên ing sêrat de Ethische Religie ingkang ngrêmbag gandhèngipun kasusilan kalihan kasampurnan ugi sampun kapratelakakên manawi pêntoging kajêng kasampurnanipun manungsa.

3. Adêgan Anoman kalihan Bagawan Kesawasidhi. Anoman sowan dhatêng Bagawan Kesawasidhi, prêlu ngaturi katrangan anggènipun kadhawuhan jagi pratapan. Sowanipun wau mawi bêkta Wijayadanu panahipun Adipati Karna. Sang bêgawan ndangu panah punika wau badhe dipun angge punapa. Wangsulanipun Anoman panah wau anggènipun ngrêbat saking Adipati Karna nalika badhe ngrudapêksa lumêbêt dhatêng pratapan. Sêdiyaning manahipun Anoman Wijayadanu badhe

--- 239 ---

kasukakakên dhatêng Arjuna, kenginga dipun angge dêdamêl benjing manawi badhe pêrang Bratayuda. Sagêda angrampungi karya dadosa kamulyanipun para Pandhawa.

Sang pandhita, Bêgawan Kesawasidhi lajêng duka dhatêng Anoman, dene gadhah lampah ingkang nistha makatên. Dhawuhipun Anoman punika sampun nate dados senapati. Botên pantês manawi ngrêbata dêdamêling mêngsah kangge kawilujênganipun sadhèrèkipun piyambak, awit Anoman ugi sampun sumêrêp manawi botên wontên tiyang ingkang sagêd mangsulakên jêmparing Wijayadanu.

Anoman rumaos lêpatipun dene satunggaling senapati ngrêbat dêdamêling mêngsah kangge mitulungi sadhèrèkipun piyambak. Nanging Anoman botên purun mangsulakên jêmparing wau dhatêng Adipati Karna. Rumaos wirang dene senapati nglampahi lêpat ingkang sangêt. Namung dhawuhipun sang bêgawan Wijayadanu kadhawuhan masrahakên dhatêng Arjuna. Manawi kula raosakên dhawuhipun Bêgawan Kesawasidhi punika lêrês sangêt. Têgêsipun manawi kula sadaya badhe amulyakakên kulawarga utawi bangsa piyambak, punika kêdah mawi srana ngêtog kakiyatanipun piyambak, sampun ngantos jagèkakên pitulunganipun sanès, amargi namung badhe kangge kawilujênganipun badan piyambak.

4. Adêgan Arjuna wontên ing pratapan Kutha Runggu. Sowanipun Arjuna wontên ing ngarsanipun Bagawan Kesawasidhi wosipun badhe nyuwun wulang kaprajan. Mila lajêng kadhawuhan mirêngakên wulang Hastha Brata. Sasampunipun kacakup sadaya wulangipun sang pandhita lajêng kadangu Arjuna ngalami punapa nalika badhe sowan dhatêng Kutha Runggu, aturipun Arjuna ing samargi-margi tansah mrangguli godha-godha, ananging awit saking antêpipun sadaya godha wau botên sagêd namani. Awit saking punika Arjuna ugi lajêng sagêd pinaringan wêjangan Hastha Brata. Namung kemawon sang pandhita mratelakakên manawi Arjuna dèrèng pinarêng nampèni kamulyanipun ratu. Ingkang badhe sagêd jumênêng nata dhawah ing wayah inggih punika Parikêsit. Manawi karaosakên pangandikanipun sang bêgawan wau cocog kalihan lêlampahanipun bangsa kula. Para ingkang sami gadhah sêdya mêmayu hayuning praja, têmtu manggih alangan mawarni-warni. Ananging sadaya lêlampahan ingkang rêkaos wau botên kenging utawi botên sagêd angêndhakakên sêdiya ingkang tumuju dhatêng kamulyaning bêbrayan, utawi bangsa. Mila wajib kula sadaya kêdah tawêkal. Kêjawi punika kula sadaya ugi kêdah mangrêtos tuwin sumêrêp manawi kula sadaya punika namung minangka dados lantaraning kamulyanipun bêbrayan. Ingkang manggih wohipun sadaya rekadaya ingkang sami

--- 240 ---

kula lampahi punika anak putu. Mila sampun lêrês pangandikanipun para ingkang wontên ngajêng. Kula sadaya punika kêdah rila ing manah kurban. Kula botên gadhah wênang angajab-ajab wohing pêndamêl kula, amargi punika ugi badhe damêl rêndhêting lêlampahan. Ugi kalêbêt durgamaning tyas. Sadaya kurban kêdah namung dipun anggêp kadosdene nglampahi wajib. Paribasan Jawi mungêl: nandur pari jêro.

Nitik andharan nginggil punika sampun têrang manawi kasusastran Jawi isi wulang-wulang ingkang maedahi sangêt dhatêng lampahipun ebah-ebahaning bangsa, amargi suka sumêrêp utawi nêdahakên margi ingkang pratitis. Wajib kula sadaya sampun ngantos nyupèkakên tilaranipun para lêluhur ingkang samantên inggiling ajinipun.

SOETEDJA.

Sanès Dongèng

(Sambêtipun M.S. No. 10 Th. VIII.).

Dèn Karya. E, e, sawêg sapunika kyai, kula mirêng katrangan ngantos anggalur, tur mêntês sadaya. Layak panjênêngan dhawuh: opvoeding punika prêlu mawi dhêdhasar agami, jêbul makatên ingkang dipun karsakakên. Gilo, ibune, kowe domblong bae kuwi, apa iya nyandhak surasane sing dipangandikake kyai.

Dèn Karya èstri. Ya, cat-catan, gèk ngrêti gèk ora, hla wong muluk ngono, olèhku madhahi nèng pamikir, nganti rada tumpang-suh. Hla sawêg sapunika ta, kyai, mirêng katrangan kados makatên.

--- 241 ---

Dèn Karya. Hla, mulane kuwi, tak jak sowan nyang ngêndi-êndi, dalême para ahli, kuwi prêlune supaya wuwuha kawruhmu, kêna digawe nglimbang-nglimbang.

Kyai Nur. Panjênêngan sakalihan punika sampun lêrês, rêmên ngangsu kawruh dhatêng sintên kemawon ingkang gadhah kawruh. Inggih makatên punika nama nêtêpi wajibing agêsang. Marsudi kawruh, inggih anggiyarakên kawruh.

Dèn Karya èstri. Inggih kyai, pangèstu panjênêngan kemawon ingkang kula suwun. Pak, iki rak wis suwe ta, le ngadhêp kyai, liya dina bae, sowan manèh, nyuwun gamblange mau kae, wong mau lagi ringkêsane, cêthane rak durung, saiki nyuwun pamit dhisik.

Dèn Karya. Iya, ta, ayo. Sampun kyai, kaparêng nyuwun mundur, sanès dintên sowan malih.

Kyai Nur. Inggih, gèr, andhèrèkakên wilujêng.

Dèn Karya sakalihan. Inggih, nuwun, sampun.

Botên kacariyos ing margi, lampahipun sampun dumugi ing griyanipun. Sawêg mak blêng, dèrèng cucul-cucul, mirêng swara: kula nuwun. Sarêng dipun anguk Dèn Karya, jêbul têpanganipun [têpanga...]

--- 242 ---

[...nipun] lami, Radèn Dwijapracaya. Lajêng dipun acarani.

Dèn Karyadarsana. E, kangmas, môngga, môngga, lênggah rumiyin. Ibune, gilo kangmas Pracaya rawuh.

Dèn Karya èstri. O, o, môngga kangmas, klêrêsan, punika sawêg dhog kemawon, saking sowan Kyai Nur, nyuwun barkah sêsêrêpan bab panggulawênthah.

Dèn Pracaya. We, hla, klêrêsan, panjênênganipun pancèn priyantun sêpuh yêktos, sugih kawruh, tur maton, kula kêrêp sowan mirêngakên dhawuh pangandikanipun.

Dèn Karyadarsana. Bune, sarèhne iki wis mangsane dhahar, bok saana-anane, kangmas diaturi dhahar kene bae, dhasar iya wis suwe, lagi saiki rawuh mrene.

Dèn Karya èstri. Hla, iya kêbênêran ta mas, wong ya wis tata kae. Môngga, kangmas, kula aturi dhahar ngriki, sawontên-wontênipun.

Dèn Pracaya. E, hla inggih ta, dhi, kaya nangguh.

Dèn Karya jalêr èstri. E, inggih botên makatên. Nangguh kalihan botên punika rak botên parlu dados panggalihan.

--- 243 ---

Sadaya lajêng sami tata lênggah, dhahar sinambi kalihan rêrêmbagan bab panggulawênthah.

Dèn Pracaya. Kula piyambak punika dados guru, nanging dhatêng babagan panggulawênthah mêksa botên patitis, awit salêbêting manah wontên bab-bab ingkang sajakipun taksih: duwa-dinuwa, taksih conflikt punika ingkang lajêng ambingungakên ancasing panggulawênthah.

Dèn Karya èstri. Hla, hla, mas. Apa ora kaya aku karo sampeyan, olèhe durung bisa mapanake ati. Milih êndi, sing satêmêne bênêr.

Dèn Karya jalêr. Mêngko ta dhisik. Sanadyan kowe karo aku iki, durung bisa nibakake pilihan, nanging bingunge karo kangmas Pracaya, kiraku kaanane gèsèh: bingungku karo bingungmu, rak arêp milih. Balik bingunge kangmas Pracaya, rak duwa-dinuwa, têgêse, ana barang loro, sing rêbut bênêr. Dadi karsane kangmas kuwi, rak arêp ngêntèni êndi sing katrangane luwih bênêr, ya kuwi sing arêp diagêm.

Dèn Pracaya. Lêrês, dhi, inggih dhasar makatên. Awit kula sampun gadhah kawruh: panggulawênthah, wangsul adhi [a...]

--- 244 ---

[...dhi] dèrèng, sawêg pados, badhe kapilih. Salêbêtipun kula sampun gadhah, lajêng tuwuh pangudaraos ing salêbêting manah, ingkang adhasar kapracayan, anekadakên, bilih lêlampahan bêgja cilakaning manusa, awon lan saenipun, punika botên mrêngkang saking wiji ingkang sumimpên ing batosipun piyambak-piyambak. Kaprêcayan kula makatên wau, lajêng katingal cêngkah kalihan opvoeding sabab opvoeding wau, lajêng nama gagap-gagap, tarkadhang nyulayani wiji-wiji ingkang sumimpên ing batosipun wau, têmahan badhe anjalari kadadosan-kadadosan sanès, botên kados pangajêng-ajêngipun Opvoeding, punapa makatên wau botên ngêcèh-êcèh wêktu sarta kangelan ingkang muspra.

Dèn Karya jalêr. Mangke rumiyin kangmas. We, hla, gawat bangêt. Kowe ngrêti ibune, sing dikarsakake kangmas Pracaya kuwi.

Dèn Karya èstri. Ora, wong katrangane sajak alus. Mak lap, lakuning pikirku kêtilapan, mung kari krungu gunêm, ning ora dhong.

--- 245 ---

Dèn Pracaya. Lêrês, dhi, tiyang pancèn angèl, sanajan kêng raka kintên kula ugi dèrèng plong.

Dèn Karya jalêr. Coba. Panampi kula, kangmas bae anggandhuli dhasar, tinimbang: ajar. Sabab katitik ngagêm têmbung: kangelan ingkang muspra tuwin ngêcèh-êcèh wanci barang. Dadi iki sual, dhasar karo ajar kae, ibune. We, angèl-angelan manèh.

Dèn Pracaya. Inggih ragi mèmpêr, nanging sanès malih. Bab ajar kalihan dhasar, punika sual lami, tur botên nate rampung, amargi, jêjêripun rêmbag taksih pêtêng, anggènipun ngudhari inggih mawi kawruh ingkang wêwaton kira-kira, amila layak kemawon upami botêna rampung. Dene ingkang kula kajêngakên wau, makatên: sadaya ingkang kasandhang dening manusa, punika pinangkanipun pancèn saking batosipun manusa piyambak, yèn dipun wêdharakên malih, sadaya ingkang kêlampahan ing satunggiling dhusun, punika asalipun inggih saking dhusun ngriku piyambak, yèn dipun bablasakên malih murih cêtha, punapa-punapa ingkang kêlampahan ing jagad ngriki, [ngri...]

--- 246 ---

[...ki,] punika asalipun inggih saking jagad piyambak, sanès saking lintang rêmbulan utawi planit ngrika-ngrika. Dados sanès bab, ajar kalihan dhasar, ingkang kêrêp dados rêmbag rame punika. (Badhe kalajêngakên).

Warni-warnining Manungsa Ingkang Sambêt Kalihan Bab Pandhidhikan

a. Lare (bayi) ingkang dèrèng diwasa, punika mênggaha awujud barang makatên taksih badhe, mênggaha tanêman taksih nêmbe thukul, mila taksih gampil dipun êlak-êluk, dhatêng punapa kemawon, miturut sakajêngipun pêndhidhikanipun, ingkang kamanah maedahi tumrap lare wau, ing têmbe wingkingipun.

b. Tiyang sêpuh, ingkang mbotên jujur adat kêlakuanipun, margi saking kabodhoanipun, dados anggèning tindak awon wau, margi saking dèrèng sagêd milah-milahakên awon lan sae. Tiyang ingkang kados makatên kawontênanipun punika taksih gampil kadhidhik murih saening babudènipun sarana kawulang ing beda-bedaning awon lan sae, lajêng katuntun murih sagêdipun nindakakên ing kasaenan lan kalêrêsan, yèn dipun tlatosi panuntunipun, kenging dipun ajêng-ajêng dados lan saenipun.

c. Tiyang sêpuh sampun jêmbar sêsêrêpanipun, mangêrtos awon lan sae, nanging kabêkta saking mbotên kuwawi nanggulangi ing ubaling hawa nafsunipun mbotên sagêd nêtêpi ing ngèlmunipun (nindakakên kautamèn) malah tansah anindakakên ing tindak awon nanging taksih ngrumaosi ing kalêpatanipun. Tiyang ingkang kados makatên lêkasipun, punika taksih radi gampil kadhidhik murih sagêdipun sae bêbudènipun, sarana dipun tuntun lampah mujahadah (mêrangi) ing hawa nafsunipun, lan dipun èngêtakên ing bêbayaning ngumbar ing hawa nafsu, mawi pasêksèn ingkang gumathok, yèn sagêd èngêt, kathah ingkang lajêng dados sae.

--- 247 ---

d. Tiyang ingkang kirang jêmbar sêsêrêpanipun, wiwit alit manggèn kêmpal kalihan golongan ingkang sampun risak tatacaranipun (para ahli lampah maksiyatan) sampun tamtu kemawon tiyang wau gadhah raos bilih sadaya tindak ingkang kaanggêp lêrês (sae) dening golongan ngriku, lajêng ugi kaanggêp lêrês (sae) najan tindak wau sajatosipun tindak lêpat (awon) bêbasan salah kaprah, têmahan lajêng karêm ing babudèn awon, nêbih dhatêng kautamèn ingkang sajati, margi saking rumaos wirang upami mbotên nêtêpi kalimrahan tumrap ing papan ngriku. Lêlampahan kados makatên punika, bangsa kita ngriki kathah ingkang ngalami. Tiyang ingkang kados makatên wau, angèl sangêt kadhidhik murih saenipun, kajawi manawi pindhah dhatêng papan sanès, utawi mênangi ing jaman enggal, ingkang wujudipun akosokwangsul kalihan papan, lan jaman ingkang dipun alami wau, yèn sagêd makatên, sagêd ugi malih dados sae, saking kajêngipun piyambak, margi katarik dening tatacara enggal.

e. Tiyang ingkang bodho, tur namung anggêga sasênênging manahipun piyambak, margi saking bodho lan wangkotipun, ngantos bêbasan kuwalik imanipun, tindak sasar kaanggêp utami, bêbasan buwana balik, ngantos sabên mindhak anggèning tumindak maksiyatan, rumaos mindhak inggil drajat lan pangkatipun, amila ing rintên dalu ingkang dipun ipi-ipi namung indhaking anggènipun badhe lampah duraka. Jêmbar-jêmbaring jagad, mbotên kirang-kirang tiyang umuk-umukan ing kêrêping kaukum, margi saking anggèning lampah kadurjanan, utawi katahan anggènipun sampun mêrjaya tiyang.

Tiyang ingkang kados makatên sipatipun punika, mênggaha tiyang sakit makatên, sampun madal jampi, bêbasan iblis mangejawantah, mêdal saking golonganing manungsa umum. Sagêdipun mantuni ing tindakipun dur wau, mbotên wontên malih, kêjawi kêdah dipun prithili tangan lan sukunipun.§ Noot. Kintên kula punika namung bêbasanipun. Redactie.

Ing mangke para pamardi siwi mugi karsaa maspadakakên ing kawontênanipun para putra wayahipun, kacocogakên kalihan karangan kula ing nginggil wau, dhawah ing aksara punapa, ing ngriku lajêng sagêd ngêcakakên ancêr-ancêring pandhidhikipun.

Wassalam, IHSANOEDIN.

--- 248 ---

Pamanggih Sapala

Saking pamanggih kula piyambak, tumrapipun ing agêsang ing dalêm donya punika, ingkang kasinungan budi sae utawi budi awon, sampun têtela manawi saking pakulinan tuwin saking momoranipun, mênggah ingkang kula wastani pakulinan wau makatên:

Manawi wiwit alit tansah dipun pardi dhatêng kridhaning tindak-tanduk ingkang sae, dumuginipun dados tiyang sêpuh inggih mêsthi gadhah kalakuan ingkang sae, kosokwangsulipun manawi wiwit alit botên dipun wulang wuruk, botên dipun têdahakên dhatêng pandamêl sae, inggih mêsthi kêlajêng-lajêng anggènipun botên gadhah kalakuan sae.

Para sêpuh kêdah ingkang waspada sayêktos dhatêng para putra utawi anakipun, manawi wontên ingkang nakal botên wêlasan dhatêng sasamining gêsang, prayogi dipun emutakên, kados ta: kathah kemawon lare-lare ingkang rêmên ngêncup dok iyik utawi kêndhêla, ingkang sukunipun lajêng dipun prithili, utawi mripatipun dipun tuncêpi ing êri kalih pisan, lajêng dipun iburakên. Ingkang sukunipun dipun prithili wau, prêlunipun supados mibêr têrus-têrusan, sampun ngantos sagêd mencok. Ingkang mripatipun dipun tuncêpi ing êri wau, supados [supa...]

--- 249 ---

[...dos] ibêripun numbuk bêntus, dening sampun botên sumêrêp punapa-punapa. Wontên malih lare-lare ingkang rêmên amlinthêngi pêksi, amlinthêngi cêcak wontên ing tembok utawi wontên ing gêdhèg sasaminipun. Patrapipun lare-lare ingkang kados makatên wau, cêtha botên anggadhahi wêlas asih dhatêng sasamining gêsang, kêdah dipun emutakên kanthi kasêrêp-sêrêpakên ingkang alus ingkang sarèh. Aja sok dhêmên niksa marang sapadhaning urip (sipat nyawa) aja dupèh ora bisa sambat sêbut, kuwi larane rak iya mêsthi satêngah mati, upami sikilmu dikêthoki, mripatmu dituncêpi barang landhêp, kêpriye, lara apa ora, gonmu nangis angglolo niba tangi bae bokmanawa sêsasi muput durung uwis, mulane têpa-têpaa, aja duwe patrap siya-siya milara marang sipat nyawa, iku ora bêcik bangêt. Lan manèh mlinthêngi manuk utawa cêcak, iku iya ora bêcik, yèn kêna rak iya lara malah ana kang mati kêna diplinthêng mau, kuwi jênêng nganiaya, wose bae aja sok dhêmên nakal ugal-ugalan milara marang sapadhaning urip (sipat nyawa mau), duwea ambêg wêlasan marang sapadha-padhaning urip, sanadyan marang bangsaning gêgrêmêtan pisan, aja kopilara.

Manawi para sêpuh tansah mindêng marsudi dhatêng para putra utawi anak-anakipun wiwit alit, supados sami gadhah kalakuan [kala...]

--- 250 ---

[...kuan] sae, ing pangintên dumuginipun akil balèg sarta dumuginipun dados tiyang sêpuh, inggih lajêng sagêd gadhah ambêg sae, dening kulina tansah dipun dhêdhêri wiji sae wau.

Tumrap momoranipun, kula kêrêp sangêt nyumêrêpi: larea, tiyanga sêpuh, ingkang suwaunipun tindak-tandukipun jatmika, alus, botên rêmên mêmisuh, botên rêmên anjajani, manawi sampun nêdha (= madhang) inggih sampun marêm. Wusana sarêng momoran kalihan lare ingkang kurang ajar, rêmên misuh-misuh, rêmên anjajani. E hla dalah, botên gantalan taun, lajêng kêtularan rêmên mungêl awon mêmisuh waton sagêd mungêl kemawon, sarta lajêng anjajani sakatogipun, botên gadhah tuwuk, mêgah-mêgahakên sayêktos.

Sêrat Wulangrèh (anggitan dalêm suwarga Sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun P.B. IV ing Surakarta. Awon saening tindak-tandukipun tiyang punika awit saking kêmpalanipun, amila para sêpuh manawi mariksa utawi sumêrêp para putra utawi anak-anakipun ingkang kêkêmpalan kalihan lare ingkang ugal-ugalan, prayogi dipun emutakên ingkang kêncêng sangêt, supados botên katularan.

Ka-da.

Noot.

Supados lare anggadhahi watak wêlasan dhatêng kewan-kewan, kajawi dipun pênging utawi dipun cariyosi, kados ugi prayogi dipun tuntuni ngopèni ingah-ingahan, ayam, pêksi, ulam sapanunggilanipun, dipun têdahakên saenipun lan pigunanipun.

Red.

--- 251 ---

Lare Ngantukan

(Sambêtipun M.S. No. 10 Taun. VIII).

Lare ingkang kula aturakên ing nginggil punika sanès lare nakal, utawi ambêling (ambêlis) nanging burus, sae manahipun, barès, rêmên têtulung, lan mlampah nalaripun, manawi dipun kèngkèn utawi anindakakên ing damêl asring mrantasi. Pramila inggih kathah ingkang rêmên.

Ing sapunikanipun piyambakipun sampun diwasa, sarta sampun cêpêng damêl, inggih botên apangkat inggil, nanging inggih sampun lumayan sarta murwat, kangge gêsang bawa piyambak.

Wasana namung samantên andharan kula, kanthi pamuji, mugi-mugi wontêna para kawogan sanès-sanèsipun ingkang karsa paring sêsuluh ing bab wau.

Pun N.

Pawartos saking Redhaksi

Nuwun, gandhèng lan kawontênanipun lare-lare ingkang sami sinau ing pamulangan ingkang badhe anglajêngakên pasinaonipun, tuwin wontênipun pandadaran-pandadaran (iksamên) ingkang sabên taun dipun wontênakên, kathah para tiyang sêpuhipun murid ingkang taksih kirang dhamang dhatêng lampah-lampahipun, pramila rèhning punika sampun wiwit wancinipun amanah bab wau, ambokmanawi wontên paedahipun, [paedahipu...]

--- 252 ---

[...n,] benjing wiwit mêdalipun Mardisiwi No. 12 punika badhe angêwrat pitêdah-pitêdah sawatawis ingkang gêgandhengan kalihan kabêtahan wau. Mugi-mugi sagêda kasêmbadan tuwin murakabana dhatêng para maos, sumarambahipun dhatêng umum.

Correspondentie

Katur Sdr trah kaping tiga. Panjurung panjênêngan karangan gandhèng lan sèwu dintên saking surud dalêm sampeyan dalêm ingkang sinuhun suwarga, botên sagêd kapacak, kajawi botên gandhèng kalihan pandhidhikan, wêkdalipun ugi sampun radi lungse.

WAWASAN BUKU

Volksalmanah Jawi 1942, wêdalan Bale Pustaka.

Isinipun: kajawi pananggalan kados adat sabên, ugi ngêwrat sêsêrêpan tuwin kawruh warni-warni ingkang maedahi dhatêng umum, sarta kangge golongan nèm sêpuh, jalêr èstri. Ingkang kacêtha ing pratelan isi upaminipun: primbon mratelakakên kawontênaning mangsa lan taun, manut petangan cakrawarti, pranatan nyèlèngi ing Postspaarbank, wontênipun sêkolahan-sêkolahan. Paprentahan agung, wadyabala India-Nederland, têtanèn lan ekonomie, kagunaning wanita, waosan lare lan sapanunggilanipun.

Gambar-gambaripun amêpêki, ugi gambar-gambaripun priyantun luhur pribumi ingkang sami ngasta panguwaos salong dipun kanthèni cariyos lêlampahanipun sawatawis.

Rêgi f 0,60 mirid isinipun kalêbêt mirah.

ISINIPUN MARDI-SIWI No.11.

Pêpèngêt - Sêrat Makutha Rama - Sanès dongèng - Warni-warnining manungsa ingkang sambêt kalihan bab pandhidhikan - Pamanggih sapala - Lare ngantuk - Pawartos saking redhaksi - Correspondentie - Wawasan buku.

--- [0] ---

Stb. No.: 238, NAMA: T. Saparin, Panggenan: Djokja, Kathahing arta: f 0,70
Stb. No.: -, NAMA: T. Martohardjono, Panggenan: Semarang, Kathahing arta: f 0,70
Stb. No.: 100, NAMA: T. Soepardi, Panggenan: Djokja, Kathahing arta: f 0,70
Stb. No.: 373, NAMA: M. Margono, Panggenan: Poerworedjo, Kathahing arta: f 0,70
Stb. No.: 97, NAMA: R.A. Praticto, Panggenan: Malang, Kathahing arta: f 0,70
Stb. No.: -, NAMA: T. Martosoedarmo, Panggenan: Madioen, Kathahing arta: f 0,70
Stb. No.: 458, NAMA: R. Wirjoreksoko, Panggenan: Sragen, Kathahing arta: f 1,20
Stb. No.: 8, NAMA: R.A. Soedarmo, Panggenan: Keboemen, Kathahing arta: f 1,20
Stb. No.: 527, NAMA: Mevr. Aboejamin, Panggenan: Patjitan, Kathahing arta: f 1,20
Stb. No.: -, NAMA: (Amongwanito), Panggenan: -, Kathahing arta: -
Stb. No.: 309, NAMA: T. Kardjono, Panggenan: Gondang, Kathahing arta: f 1,20
Stb. No.: -, NAMA: M.W. Dwidjowarsito, Panggenan: Modjokerto, Kathahing arta: f 1,20
Stb. No.: 528, NAMA: T. Soewardi, Panggenan: Poerwodadi, Kathahing arta: f 1,20
Stb. No.: 438, NAMA: T. Amad Hadisoemarno, Panggenan: Garoet, Kathahing arta: f 1,40
Stb. No.: -, NAMA: S. Sastroatmodjo, Panggenan: Probolinggo, Kathahing arta: f 1,20
Stb. No.: -, NAMA: R. Roeslani, Panggenan: Mr. Cornelis, Kathahing arta: f 1,20
Stb. No.: 317, NAMA: T. Samsoedi Soemodihardjo, Panggenan: Sragen, Kathahing arta: f 1,40
Stb. No.: 293, NAMA: T. Soemarno, Panggenan: Sragen, Kathahing arta: f 1,40
Stb. No.: -, NAMA: R. Soegeng Winotosastro, Panggenan: Poerwokerto, Kathahing arta: f 1,40
Stb. No.: 300, NAMA: T. Djojokartiko, Panggenan: Sragen, Kathahing arta: f 1,40
Stb. No.: -, NAMA: T. Sarino, Panggenan: Pemalang, Kathahing arta: f 1,-
Stb. No.: 420, NAMA: T. Soemitro, Panggenan: Batang, Kathahing arta: f 2,80
Stb. No.: 183, NAMA: T. Soeharto, Panggenan: Salatiga, Kathahing arta: f 0,60
Stb. No.: 38, NAMA: R.M. Soepomo, Panggenan: Keboemen, Kathahing arta: f 0,70
Stb. No.: 526, NAMA: T. Soerachman, Panggenan: Soerabaja, Kathahing arta: f 0,70
Stb. No.: 288, NAMA: T. Ragoe, Panggenan: Djenar, Kathahing arta: f 0,70
Stb. No.: 133, NAMA: T. Kardi Kartosoedirdjo, Panggenan: Djokja, Kathahing arta: f 0,70
Stb. No.: 32, NAMA: M.S. Ronoatmodjo, Panggenan: Mr. Cornelis, Kathahing arta: f 1,40
Stb. No.: -, NAMA: R. Wijono, Panggenan: Bandoeng, Kathahing arta: f 0,60
Stb. No.: -, NAMA: Mevr. R. Soepardi, Panggenan: Batang, Kathahing arta: f 0,60
Stb. No.: -, NAMA: Adisoewignjo, Panggenan: Batang, Kathahing arta: f 0,70
Stb. No.: -, NAMA: M.G. Kandeman, Panggenan:, Kathahing arta:
Stb. No.: 43, NAMA: Boerojo Moeljosoesastro, Panggenan: Brosot, Kathahing arta: f 0,70
Stb. No.: 384, NAMA: T.W. Poerwosoediro, Panggenan: Semarang, Kathahing arta: f 1,40
Stb. No.: 54, NAMA: Siswohartojo, Panggenan: Wonogiri, Kathahing arta: f 1,20
Stb. No.: 204, NAMA: K.P.P. Singosari, Panggenan: Solo, Kathahing arta: f 1,20
Stb. No.: 321, NAMA: T.S. Darmosoedirdjo, Panggenan: Bandoeng, Kathahing arta: f 1,20
Stb. No.: 23, NAMA: S. Soetanto, Panggenan: Bandoeng, Kathahing arta: f 0,70
Stb. No.: 232, NAMA: T. Pinandojo, Panggenan: Rangkasbitoeng, Kathahing arta: f 1,40
Stb. No.: 450, NAMA: S. Wardiman, Panggenan: Tjepoe, Kathahing arta: f 1,40
Stb. No.: 393, NAMA: R. Soeworo, Panggenan: Tjiamis, Kathahing arta: f 0,70
Stb. No.: 103, NAMA: R.S. Hadisapoetro, Panggenan: Ambarawa, Kathahing arta: f 0,60
Stb. No.: 372, NAMA: R. Atmosapoetro, Panggenan: Poerbalingga, Kathahing arta: f 1,20.