Narpawandawa, Persatuan, 1934-02, #411

Judul
Sambungan
1. Narpawandawa, Persatuan, 1934-01, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
2. Narpawandawa, Persatuan, 1934-02, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
3. Narpawandawa, Persatuan, 1934-03/04, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
4. Narpawandawa, Persatuan, 1934-05, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
5. Narpawandawa, Persatuan, 1934-06, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
6. Narpawandawa, Persatuan, 1934-07, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
7. Narpawandawa, Persatuan, 1934-08, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
8. Narpawandawa, Persatuan, 1934-09, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
9. Narpawandawa, Persatuan, 1934-10, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
10. Narpawandawa, Persatuan, 1934-11, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
11. Narpawandawa, Persatuan, 1934-12, #411. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
Citra
Terakhir diubah: 14-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 2, Pèbruari 1934

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Têpasanan, Sriwêdari - Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Têpasanan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.T. Gitadipura, ing Natadiningratan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Kêkancingan Ăngka 7 C/2/I

Têrang ing Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Manira pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, anusuli layang dhawuh manira kêkancingan katitimasan kaping 7 Rêjêb Be 1864, utawa kaping 27 Oktobêr 1933 ăngka 6 C/2/I bab pêpacak sakabèhe abdi dalêm sapêpadhane, padha ora kalilan malêbu dadi lid, ambiyantu utawa têtulung marang pakumpulan P.N.I., P.I., Permi sarta P.S.I.I. sapiturute, pêpacak mau uga katumrapake marang pakumpulan P.B.K.I. Pêrsatuan Buruh Kêreta Api Indhonesiah.

Kêkancingan iki kadhawuhake marang para panggêdhe, kawadanan sapanunggalane, [sapanunggala...]

--- 18 ---

[...ne,] supaya andhawuhake lan angulat-ulatake karerehane dhewe-dhewe, sarta kapacak ing layang kabar paprentahan, supaya ora ana kang ngaku ora sumurup ing unine.

Dhawuhing kêkancingan tanggal kaping 24 Ruwah Be 1864.

Utawa kaping 13 Dhesèmbêr 1933.

Pêpatih dalêm, Kangjêng Pangeran Arya Adipati Jayanagara.

Tiyang Gajahmati lan Tiyang Pinggir

Ing organ Narpawandawa ăngka 2 taun 1929 sampun angêwrat asal-usulipun tiyang Gajahmati ing Surakarta, pêthikan saking kalawarti: Jawa, kajawèkakên dhatêng R.M. Apsara, samangke badhe kaandharakên malih bab asal-usulipun tiyang Gajahmati wau kalihan tiyang Pinggir, miturut sêsorahipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, wontên ing pahêman Radyapustaka, nalika kaping 18/19 April 1929, pêthikan saking kalawarti Pusaka Jawi ăngka 6 ing taun VIII kados ing ngandhap punika:

Kados ingkang sampun kula prasabênakên nalika kula murwakani sêsorahipun Ismu Subrata, amarêngi dintên malêm Sênèn kaping 17 Marêt kapêngkêr punika, awit saking putusanipun parêpatan pangrèhing Radyapustaka nalika kaping 22 Pèbruari 1929, dalu punika kula katêtêpakên damêl sêsorah bab asal-usulipun tiyang Gajahmati lan tiyang Pinggir, kangge nyambêti sêsorahipun Ismu Subrata bab tiyang Kalang kala samantên, amargi tiga pisan wau sanadyan samangke wontênipun ing ngriki sampun carub wor babarpisan kalihan tiyang Jawi, ngantos sirna tabêt tilasipun asaling ngamănca, nanging sajatosipun dede tiyang Jawi walaka kados kita sadaya punika. Sarèhne bab wontênipun tiyang Gajahmati sarta tiyang Pinggir punika nama kawruh sayêktos, murih sampun tuna dungkap wancinipun, pamrayoginipun saudara dr. Pigeaud, andharan kula punika supados kasêrata kemawon. Wasana ambokmanawi andharan kula mangko[1] wontên kuciwanipun, dene kêkirangan [kêki...]

--- 19 ---

[...rangan] prabot-prabot punapadene saking kêkirangan sêsêrêpan kula, mugi sami ngêgungna ing pamêngku.

Kauningana, tuwuhipun anggèn kula tumandang marsudi bab asal-usulipun tiyang Gajahmati tuwin tiyang Pinggir, punika kala taun 1921 nalika kula kadhawuhan nyathêti pusaka dalêm: nama, wujud, sumimpên, kagêm sarta asal-usulipun miturut pratelanipun ingkang gadhah kawajiban ngrêksa utawi nyêpêng, pinuju nyêrati asal-usulipun pusaka dalêm carak Kyai Nangkula Sadewa, ingkang kala samantên kula manah têmtu wontên nalurinipun, cariyosipun cêkakan makatên:

Nalika jaman Majapait wontên tiyang èstri anggarap sabin manggih carak[2] ingkang sakalangkung endah, dhasaripun singat banthèng kalapis ing salaka pinatik kancana tinatah lung patran angrawit, tiyang èstri wau saking ajrihipun kanggenan barang ingkang sakalangkung adi, panggihanipun carak wau kaunjukakên sang nata, lajêng kagêm nyaraki titihan dalêm turăngga, dene ingkang manggih kaganjar pangkat lurah, kawajibanipun namung nyaraki titihan dalêm kemawon, namung sarèhne tiyang èstri, kadhawuhan ngawontênakên wakil ingkang ngêmbani nyanggi damêl ingkang dados wajibipun.

Nalika jaman kraton Dêmak ugi wontên lêlampahan ingkang ngêplêki kalihan jaman Majapait ingkang kula cariyosakên wau, namung lajêng katêtêpakên pisan, bilih kalênggahanipun lurah ingkang ngaturakên panggihan carak, kaparingakên run-tumurun dhatêng waris èstri, botên kalilan dhatêng waris jalêr, anggèning makatên punika minăngka pangèngêt-èngêt dening ingkang kaparingan drajad sakawit tiyang èstri, dene carak sarèhne wujudipun sakêmbaran, kaparingan nama Kyai Nangkula Sadewa, sarta kajawi kangge nyaraki titihan kapal, ugi ingandikakên ngangge nyaraki titihan dalêm liman, amargi kacariyos bilih Sinuhun Sultan Dêmak, punika kaparêng sangêt nitih liman, awis-awis sangêt nitih titihan. Sawêg kaenggalan kangge nyaraki liman sapisan, limanipun wau sanalika ambruk pêjah, botên kasumêrêpan darunanipun. Awit dening kala samantên abdi dalêm tukang nyaraki kêkalih wau golonganipun dèrèng gadhah nama, mila sabab saking pêjahipun titihan [titiha...]

--- 20 ---

[...n] dalêm liman wau, kaparêng dalêm lajêng kanamakakên golongan Gajahmati, ngiras kangge mèngêti pêjahipun titihan dalêm liman. Kajawi punika wontên malih, tilasipun naluri, ingkang dados cihnanipun bilih ingkang dados sapisan wau tiyang èstri, inggih punika anggèning manawi mangangge agêng dodotipun sêmbagi, saha pangampilipun carak sarana dipun êmban cindhe, punapadene manawi nyaraki pangigêlipun mawi ulatan èstri, sarta linggihipun timpuh, makatên punika lastari ngantos sapriki. Namung bab waris èstri sampun kasuwak nalika jumênêngipun patih swargi Radèn Adipati Sasranagara, murih sagêda sami kalihan tatananipun para abdi dalêm sadaya. Wondene kuwajibanipun, kajawi nyaraki botên ngarung, amargi punika wajibipun gamêl, wangsul iyasa cumêthi, sambuk tuwin sadaya tamparan ingkang dados kabêtahanipun titihan dalêm.

Sadhèrèk, ingkang nênangi manah kula botên pitados dhatêng andharan ingkang tharik-tharik wau, punika sajatosipun wontênipun tatanan waris èstri amargi pamanah kula punika têmbung kêkantunanipun tatacaranipun tiyang Gajahmati, naluri dhatêng tatacaraning lêluhuripun, Walandi mastani: matriarchaat, inggih punika tatacara ingkang pancêring waris wontên èstri, măngka sasumêrêp kula tiyang Jawi punika, kala jaman punapa kemawon ngangge cara patriarchaat, inggih punika pancêring waris wontên jalêr, dados kasêlak mokal manawi tataning waris èstri tumrapipun tiyang Gajahmati wau, namung ajalaran agênging ganjaran manggih carak, têka kathah têmên malèncèngipun ganjaran dalêm piyambak, inggih punika cara patriarchaat, lajêng paring ganjaran ingkang anuwuhakên cara matriarchaat, mila ing sakadar kula lajêng ngudi, kintên-kintên punapa darunanipun, dene tiyang Gajahmati gadhah cara matriarchaat wau. Pambudi kula lajêng angsal sêsêrêpan kados ing ngandhap punika.

1. Karanganipun Tuwan Rauffaer, wosipun cariyos bilih tiyang Gajahmati punika têlukanipun ingkang Sinuhun Sultan Agung ing Mataram, saking nagari Sêngguruh talatah Pasuruhan, rumiyinipun nama nagari Gajahmada, sarêng bêdhah kasantunan nama Gajahmati dening prajurit Mataram, minăngka pangerang-erang dhatêng têtiyangipun ingkang sami kadamêl tawananipun, dados têgêsipun Gajahmati punika dede namaning golonganing abdi dalêm, namaning băngsa kados upaminipun, Cina,

--- 21 ---

Arab, Walandi, Indhu lan sasaminipun.

2. Karanganipun Tuwan Altona nyariyosakên dhusun ing tanah Bojanagara ingkang samangke taksih dipun dunungi tiyang Gajahmati, nanging sampun sami botên wontên ingkang sumêrêp asal-usulipun, pamanggihipun Tuwan Altona, tiyang Gajahmati punika asli saking sabrang, kuciwanipun botên mratelakakên punapa sababipun dene darbe pamanggih makatên.

3. Ing Ind. Gids taun 1884 jilid 1 wontên karanganipun Tuwan E. Rudolph. ing Salatiga, nyariyosakên bilih tiyang Gajahmati punika kala rumiyin ugi karan Windusara, sarta gadhah pangintên bilih kinanipun gadhah cara matriarchaat, kados pamanggih kula anggèn kula ngrêmbag tiyang Gajahmati kula punggêl samantên rumiyin, samangke santun ngrêmbag bab tiyang Pinggir.

Kauningana, anggèn kula madosi aluranipun tiyang Pinggir, punika angsal-angsalan kula gotèk langkung kathah katandhing kalihan bab tiyang Gajahmati, sanadyan cêcriyosanipun tamtunipun warni-warni, namung dhongipun satunggal, inggih punika:

Tiyang tawanan saking Blambangan nalika nagarinipun dipun gêpuk kadadosakên karang abang dening Sinuhun Sultan Agung, ingkang jalêr kangge coban manawi kraton iyasa dêdamêl, ingkang èstri kagêm inya samăngsa ingkang sinuhun kagungan putra. Wontênipun nama Pinggir kabêkta saking prênahing nagarinipun. Para sadhèrèk sampun nguningani piyambak Balambangan wontên poncot wetan sapinggiring sagantên. Ewadene kula manah prêlu ngandharakên gotèk bab aluranipun tiyang Pinggir ingkang mawarni-warni wau, ing pangangkah supados sampun ngantos anjalari adamêl kagèt sarta kirang dhamang, manawi anggèn kula sêsorah punika mangke ing wêkasan adamêl putusan (conclusie) inggih namung sagaduking pamanggih kula.

Satunggiling kaol: nagari Blambangan punika dipun bêdhah dening Kangjêng Panêmbahan Senapati ing Mataram. Sarêng sampun têtela panungkulipun sang ratu kalêstarèkakên jumênêngipun mêngku kawibawan kados ingkang sampun, namung sabên kalamăngsa kemawon kadhawuhan sowan asok bulubêkti dhatêng Mataram. Sasedanipun sang ratu wau tilar putra kêmbar, ingkang sêpuh nama Pangeran Cindheamoh, ingkang ênèm Pangeran Kêmbar. Dhawuh saking Mataram putra kalih wau kinèn sami jumênêng mêngkoni [mêngko...]

--- 22 ---

[...ni] Blambangan, sarta lêstari dados talatahipun nagari Mataram. Sarêng jumênêngipun Ingkang Sinuhun Sultan Agung, pangeran kêkalih wau sami mirong kampuh jingga, têmahan nagarinipun dipun gêpuk, rajabrana jinarah, sang pangeran kêkalih pisan dalasan kawulanipun sadaya kabêkta dados tawanan dhatêng Mataram, namung labêt saking Sinuhun Sultan Agung gêng kapranan dhatêng kadigdayan sarta kalimpadanipun dhatêng pangulahing ayuda, tiyang Blambangan wau kadadosakên prajurit sinêlir nama prajurit Balambangan, dipun pangagêngi dening Pangeran Cindheamoh sarta Pangeran Kêmbar wau. Kajawi punika manawi ingkang sinuhun iyasa dêdamêl, mawi kacobakakên tiyang Blambangan rumiyin, supados angsal sawab têguh timbulipun, wêkasan anglêpatakên aji jaya kawijayan, sintên ingkang kataman sagêd lonyoh lêbur tanpa kukupan.

Sajêngkaripun karaton Mataram pindhah dhatêng Surakarta, tiyang Pinggir wau lêstari kadamêl coban manawi kraton iyasa tosan aji, măngka têtiyangipun sami botên kêdhotan kados lêluhuripun nalika jaman Mataram, mila inggih kathah ingkang dados tiwasipun, wêkasan kathah ingkang minggat dhatêng Ngayogya ngungsi tumut dêdunung sanak sadhèrèkipun, ingkang kapasrahakên dhatêng kraton Ngayogya marêngi nalika palihan nagari, amargi kacariyos nalika nagari kasigar sêmăngka, kawula dalêm tiyang Pinggir ugi katut kapalih kados abdi dalêm sanès-sanèsipun, mila dumugi sapriki ing Ngayogya taksih kathah tiyang Pinggir.

Kangjêng Gusti Mangkubumi (putra dalêm kaping III) nguningani icalipun wulu cumbu dalêm tiyang Pinggir makatên andadosakên sungkawaning panggalihipun, mila botên talompe dhawuh nimbali dhatêng Ngayogya, nimbali wangsulipun dhatêng Surakarta, tiyang Pinggir wau matur sandika, dhatêngipun Surakarta kairit pinisêpuhipun nama: Jathasura, Surapikatha, Surawilarsa tuwin Bêndung. Kaparêngipun Kangjêng Gusti Mangkubumi kaparingan siti 400 pangkon ing Kartasura ingkang samangke dados kalurahan Kartasura lan Ngadirêja, supados sami ngêmpal dhêdhukuh ngriku. Panyuwunipun dhatêng ingkang rama kaparênga anggêsangakên prajurit Balambangan malih. Nanging murih sagêd lêstari tiyangipun, sampun ngantos minggat malih kasuwaka anggènipun dados coban, dene minăngka lêlintu anggèning kapundhut sawabipun, bojonipun kemawon kapundhuta nginyani putra

--- 23 ---

dalêm ingkang dipun sêsêpi tiyang Pinggir wau, sagêda kasawaban têguh yuwana kados lêluhuripun tiyang Pinggir ing nguni. Panyuwunan makatên punika kaparêngakên sadaya, malah tiyang Pinggir lajêng karangkul kados jaman Sultan Agungan, sarta malih sarèhne dados sami nunggil sêsêpan kalihan putra-putra dalêm, tiyang Pinggir wau kaanggêp putra dalêm piyambak wujudipun, manawi salakirabi sampeyan dalêm kaparêng malèni piyambak, namung kêdah mawi ngunjukakên tindhih arupi: suruh sagulung, jambe samayang. Makatên punika mulabukanipun tiyang Pinggir dados inya sarta adhêdhukuh ing Kartasura.

Wontên kaol malih, ingkang andorakakên bilih tiyang Pinggir rumiyin nate minggat jalaran saking tintrimipun anggèning kawajibakên dados coban, punika têbih sangêt, tiyang Pinggir botên nate minggat, wontênipun namung kantun dados coban, punika sawêg jamanipun Sampeyan Dalêm kaping VII kemawon, jalaran sampun botên wontên paprangan, dados inggih mèh sampun botên nate iyasa dêdamêl, dene ingkang dados inya sapisan kaparingan pangkat lurah, kawênangakên udhêt abrit, ngêrèhakên sadaya inya. Nama inya bugêl, run-tumurun dhatêng anak putu ngantos dumugi kasuwakipun, wondene tandhanipun inya ingkang tiyang Pinggir sayêktos punika toyanipun sêsêpan sêmu wulung. Ananging sanajan tiyang Pinggir punika danguning dangu jalaran saking kadhêsuk ing jaman, sampun purun salakirabi kalihan băngsa sanèsipun, kinanipun ngangge adat endogamie, ewadene saking saening jinisipun, (edele van het ras) ngantos dumugining akiripun jaman, mêksa taksih sagêd kasumêrêpan tulèn lan botênipun saking wujuding daya sêsêpan. Kajawi wulunging toya sêsêpan wau taksih wontên titikipun malih, ingkang nêmênakên tulèning asal, inggih punika ingkang turunanipun Pangeran Cindheamoh kukunipun jêmpolan tangan, têmtu suwèk, turunipun Pangeran Kêmbar rajahipun èpèk-èpèk, wontên pusêripun. Wasana lêlajênganipun kadospundi lêlampahanipun pangeran kêkalih wau sarta ing pundi sumarenipun, botên wontên ingkang sagêd nyariyosakên, wondene ingkang nama tiyang Pinggir punika namung ingkang èstri, jalêripun limrah nama tiyang tani. Sêsêrêpan kula piyambak ing dhusun Candhiraga saêlèripun Pracimaharja, wontên gumuk nama rêdi Wijil, punika

--- 24 ---

ingkang sumare karan Kyai Cindheamoh putra Majapait. Punapa punika inggih Cindheamohipun tiyang Pinggir punapa sanès, kula botên têrang, kajawi punika tumrapipun sêsorah kula dalu punika botên prêlu dados prabot, mila dados inggih sampun botên prêlu karêmbag. Taksih wontên sambêtipun.

Wahyuning Pangeran Adipati Anom

Ing jaman ingkang sampun sêpuh kados wêkdal punika, wahyuning Pangeran Adipati Anom botên sagêd namung dipun gayuh saking lampah: tapabrata kemawon, ananging kêdah dipun kanthèni kawicaksanan ing pamawas dhatêng kridhanipun ulah praja. Tumindaking pamawas wau botên sagêd namung dipun gagapi mawi păncadriya, nanging kêdah dipun alami piyambak pait gêtiring sêsambêtanipun para kawula ingkang sangsara lan nandhang papa.

Sok ugêr ingkang badhe kalêbêtan wahyu, sampun sagêd runtuh waspanipun kangge ngrêsiki manahipun para kawula ingkang sawêg angrêdatos, sampun kenging dipun pêsthèkakên, manawi wahyuning Pangeran Adipati Anom badhe sumusup ing saliraning bakal ratu kalayan sakêclaping kilat thathit.

(Kumandhang Rakyat)

Dongèngipun Sang Bagawan Wasusarma Dhatêng Radèn Kijing Wahana Sasadhèrèk

Pêthikan saking Sêrat Lampahan Wedhasiswaya.

[Sinom]

dongèng kang kêna kinarya | darsanèng tindak utami | lêlampahaning pra nata | kang wus kocap nguni-uni | nihan ta kang winarni | sang bagawan aturipun | mring sagung para putra | dhuh anggèr sang rajasiwi | kang satuhu trahing nata wirotama ||

kang bawani sabuwana | binathara nuswa Jawi | mugi sami kaparênga | miyarsakkên atur mami | sukur bage manawi | karsa nyathêt jroning kalbu | pundi ingkang prayoga | lêlabêtan nguni-uni | pambêganing pra nata ing kina-kina ||

margi tuladan utama | sampun malih [ma...]

--- 25 ---

[...lih] ingkang mijil | saking sasami manuswa | cacak umêdala saking | sato kewan wanadri | lamun tingkah lampahipun | prayoga myang utama | pantês kalamun ginalih | jêr punika ugi nama sudarsana ||

pramila pun bapa dahat | cumanthaka kumawani | cumêngka[3] pangawak braja | matur mring pra narpasiwi | ujêr paduka sami | putraning narendra agung | sayêkti jroning cipta | botên badhe ngangkah maring | mung dadosa satriya miwah punggawa ||

yêktine galih paduka | yèn sagêd anggayuh maring | jumênênga naradipa | sowang-sowang mêngku nagri | makatên kang sayêkti | mila anggèr yèn panuju | sadaya tur kawula | prayogi lamun ginalih | jêr paduka kang wajib brata asmara ||

[Asmaradana]

kèndêl ature sang yogi | Sang Bagawan Wasusarma | sang rajaputra nulya ge | Rahadyan Kijing Wahana | alon ing sabdanira | hèh bapa dhasar sawastu | mungguhing jăngka manira ||

yèn bisaa lan para ri | bisa bawani bawana | mêngku praja dhewe-dhewe | marmanta aywa sumêlang | bapa maring manira | lan para ari sadarum | mêsthi bakal lumaksana ||

sarèhira kang prayogi | sayêktinira kalakyan | apa pituduhmu bae | sun èstokkên trusing manah | ya ta risang bagawan | myarsa sabdèng narpasunu | dahat êntyarsaning driya ||

tandya sang bagawan wiwit | ngaturakên dêdongengan | nihan mangkana ature | dhuh rajaputra sotama | nguni wontên brahmana | têdhaking Bathara Sambu | nama Sang Brahmana Mrica ||

misuwur asmanirèki | wismanipun tanah sabrang | ing Awu-awu namane | kathah para siswanira | karême sang brahmana | lêlana sapurug-purug | jajah nasak wanawasa ||

tuwin ingkang dèsi-dèsi | para siswane tut wuntat | urut marga asêsambèn | mêmulang mring para siswa | mangkana sang brahmana | alon pangandikanipun | maring para siwanira ||

hèh sanggyaning siswa mami | yèn sira ayun waspada | myang lêpas lantip budine | yogya padha nitènana | sakridhaning bawana | kang gumlar saisinipun | sajroning ing alam dunya ||

iku kabèh amadhani | lan osik jroning tyasira | mangkono kalamun kowe | gêgulang lêpasing cipta | ya ta wontên sajuga | murid pun Kridha ranipun | nêrangkên mring gurunira ||

makatên aturing murid | dhuh pukulun sang brahmana | mugi dipun têbihake | sêsangkêr myang kalêpatan | de amba kumawawa | purun-purun saos atur | nêrangkên dhawuh paduka ||

kang wus kawahya kariyin | sayogi kajarwanana | murih amba lan sanggyane | para kănca ulun siswa | sagêd nêpa tuladha [tula...]

--- 26 ---

[...dha] | mêmirid wulang pukulun | ya ta wau sang brahmana ||

myarsa ature kang murid | langkung suka jroning driya | tandya alon ing sabdane | hèh ta Kridha wruhanira | kabèhing têtuwuhan | lan kewan sato wana gung | uga padha dadya wulang ||

myang uga kêni pinirid | saka wujud solah tingkah | tanapi muna-munine | lagi samêngko remehan | wujuding cêcukulan | witing kayu jati iku | dene têka warna-warna ||

tur ta padha witing jati | pagene ta beda-beda | ana lurus ana bengkong | dene kang bengkong punika | datan kanggo ngabahan | mung dèn obong kanggenipun | nanging nadyan dèn bakara ||

maksih nganggo dèn pêcèli | tan kêni lamun lajuran | karana dening bengkonge | beda kang lurus punika | kêni lamun kinarya | dandanan kang bagus-bagus | dadya wismaning manuswa ||

nadyan padha dèn pêcèli | nanging tan sawênang-wênang | dèn wangun ing pamêcèle | lan patrape ngarah-arah | mangkono nora beda | atine manuswa iku | yèn bengkong dadya cilaka ||

mung karêm marang duskarti | têtêp pangawak drubiksa | tan wus sangsara tundone | pae kang lurus ing driya | karêm mring pujabrata | sêtya bêkti mring dewa gung | sayêkti dadya dandanan ||

marma kabèh siswa mami | yogya dèn ngati-atia | ywa kadi si kayu bengkong | kèndêl wau sabdanira | Risang Brahmana Mrica | ya ta Kridha duk angrungu | mring sabdaning gurunira ||

sakancane suka sami | nêdya nglampahi sadaya | nulad pêpiridan sae | ya ta Sang Brahmana Mrica | nglajêngkên lumaksana | para siswa atut pungkur | saparaning gurunira ||

kèndêl dongènge sang rêsi | pujăngga Sang Wasusarma | nulya alon ing ature | mring sagung pra narpatmaja | dhuh anggèr gih punika | pêpiridan kang pikantuk | saking băngsa têtuwuhan ||

ewa makatên prayogi | yèn arsa marsudi sêdya | mrih utami budayane | anggèr sampun mawi taha | nampik milih sabarang | nadyan nistha asalipun | yèn titikane prayoga ||

yogya dèn agêma gusti | kèndêl ture sang bagawan | ya ta dyan putra sanggyane | Rahadyan Kijing Wahana | lan para arinira | samya suka jroning kalbu | myarsa dongèng kang mangkana ||

samya sabdane kang mijil | yèn ayun angèstokêna | mring piridan ingkang sae | Sang Bagawan Wasusarma | sarta kinèn nglajêngna | dongèng sang brahmana iku | sang bagawan tur sandika ||

kanthi êntyarsaning galih | Sang Bagawan Wasusarma | tandya crita nglajêngake | lakyan lêlampahanira | Sang Brahmana Marica | makatên ing aturipun [aturi...]

--- 27 ---

[...pun] | mring sagung pra atmajendra ||

dhuh anggèr sang rajasiwi | ing nguni caritanira | Brahmana Mrica lampahe | kongsia kalunta-lunta | prapta ing tanah Jawa | purwane ingkang jinujug | bawah Gilingwêsi praja ||

duk malampah jro wanadri | para siswane tut wuntat | ya ta brahmana duk anon | wontên rasêksi rasêksa | lagya among asmara | brahmana sasiswanipun | kanggêg nêdya sêsingidan ||

ling-alingan grumbul sami | ngintip ing sasolahira | rasêksa lan rasêksine | ingkang lagya sacumbana | mangkana pun rasêksa | sabda maring rabinipun | hèh wong wadon rabiningwang ||

batangên pitakon mami | wong urip ing marcapada | apa kang luwih bungahe | ngungkuli wong sacumbana | kang wadon pasrangkara | yèn mungguh panêmuningsun | yèku wong kang drêman suta ||

kang mulus mulusing pikir | iku ana èmpêrira | mawèh sênêng jro atine | rasêksa gumuyu nabda | ya bênêr ujarira | nanging ta sajatinipun | yèn ngatase kabungahan ||

kaya tan ana ngungkuli | kaya jroning sacumbana | kasoking tyas ing bungahe | amung bae cacadira | bungahe wong mangkana | yêkti tan bisa lêstantun | sabubaring mong asmara ||

sathithik wus tan nglabêti | suka bungah tumplak êbyak | sirna kabèh lêlabête | mangkono manèh wong suka | umyat drêmaning suta | uga nora bisa lulus | kang mêsthi bakal kacuwan ||

dadi kalamun pinikir | tan ana bungah kang lana | lulus salawas-lawase | mung siji ingkang widada | kabungahan manungswa | wong kang antuk nugraha gung | prapta wêwangsitèng dewa ||

mung iku ingkang lêstari | liya-liyane tan ana | rasêksi tanggap saure | bênêr wong lanang sabdanta | riwusira mangkana | bubaran kang among lulut | risang rasêksi rasêksa ||

Sang Brahmana Mrica nuli | linggar saking pasênêdan | nulya budhal sasiswane | nêdya dugèkakên lampah | sawusnya ragi têbah | sang brahama lampahipun | saking dhangkaning rasêksa ||

nulya kawruhira saking | rasêksi lawan rasêksa | duk sami cumbana karo | gunême kinarya mulang | maring kang para siswa | mangkana wijiling wuwus | sira Sang Brahmana Mrica ||

lah kabèhe siswa mami | padha sira kawruhana | duk ing mau wicarane | rasêksi lawan rasêksa | lah iku èngêtana | cacak rasêksa puniku | tur nêdhênge sacumbana ||

prandene sinungan eling | maksih bisa duga-duga | datan ngêtog kasukane | para siswa kang miyarsa | mring wulang kang mangkana | sami suka jroning kalbu | sarta sagah ngèstokêna ||

--- 28 ---

ya ta wau sang maharsi | Sang Bagawan Wasusarma | tandya alon ing ature | mring sagung pra atmajendra | makatên aturira | dhuh anggèr inggih puniku | pambukaning ciptatama ||

amargi kenging kinardi | pêpiridan sudarsana | makatên anggèr têgêse | sakalangkung tan sayogya | lamun para narendra | utawi pra narpasunu | yèn ngumbar ardaning driya ||

margi tan wontên palupi | tiyang nglampahi tyas arda | ingkang manggih raharjane | sintêna kang tingkah arda | yêkti manggih ardaya | mila anggèr kula nuwun | mugi sami anggatosna ||

ywa tilar dugi prayogi | kanthi èngêt lan waspada | ingkang makatên artose | ing sarintên dalunira | lênggah lan lumaksana | myang ngandika dipun emut | anggèr adat kang mangkana ||

sagêd mulus lan lêstari | tumaruntun kang kinarsan | tur widada salamine | têlas ture sang pujăngga | Bagawan Wasusarma | ya ta wau narpasunu | Rahadyan Kijing Wahana ||

tuwin ingkang para ari | pra sami suka ing driya | tandya sang bagawan age | dhinawuhan nglajêngêna | carita kang prayoga | kang ana suraosipun | kêni kinarya lêpihan ||

sang bagawan sukèng galih | lawan umatur sandika | tandya lêkas nglajêngake | makatên wijiling sabda | dhuh anggèr rajaputra | kala samantên pukulun | kadi pucung lampahira ||

[Pocung]

duk ing wau Brahmana Mrica puniku | lampahe wus prapta | ngancik manjing jro wanadri | wana iku jajahan nagri Wiratha ||

wontên ngriku sang brahmana tandya dulu | tiyang bujung sangsam | ingkang langkung gung myang inggil | Sang Brahmana Marica sasiswanira ||

samya tulung tumandang tumut ambujung | awit jroning driya | sang brahmana gadhah melik | yèn ing mangke sangsame wigya kacandhak ||

nêdya ayun aminta ing singatipun | wau ta samana | dupi sangsam wus kacêpit | mèh kapikut dening wus kinêpung kathah || Taksih wontên sambêtipun.

Bab Warăngka

Sambêtipun organ ăngka 12

Kaca 134

... Mênggah panunggilanipun ingkang kalêbêt awisan, ukup tanpa sorot, ukup pita, clana kubêgan, sabuk bathik, dhuwung sambilan,

--- 29 ---

epok kajêng lugas, ikêt modang, ikêt bangun tulak têpèn, pangangge sarwa wulung, asabuk cindhe abrit.

Katrangan Dhuwung Sambilan

Ingkang dipun wastani dhuwung sambilan punika, răngka dhuwung tanpa kandêlan, namung katingal gandar kajêng kemawon, wontên ingkang kagaris utawi dipun indhakakên kapêtha angkup, trêkadhang lus-lusan kemawon.

Panunggilanipun saking anggèning kumawula, manawi răngka mawi kandêlan, blewah, punika manjingipun kandêlan, rangkanipun ingkang dipun antup, panjangipun namung watawis satêbah, saking gambaring răngka. Ing ngandhapipun namung slobokan (tanpa antup) botên dipun antup sapanjanging blewahan kandêl punika, panganggêpipun kawula, mindhak nyamèni agêmipun para luhur.

Sarungan Sunggingan

Răngka agêmipun para luhur punika, dumugi samangke taksih mawi: ingkang kasungging, wiwitipun nalika jaman punapa, dèrèng manggih pèngêtanipun, dene manggènipun tatanan kados ing ngandhap punika:

1. Agêmipun panjênêngan dalêm nata, sungging alas-alasan, dhasar kajêng (kayu). 2. Agêmipun putra dalêm, sungging alas-alasan dhasar praos. 3. Agêmipun santana dalêm, sungging alas-alasan dhasar pêthak. 4. Agêmipun priyagung bupati,[4] sungging alas-alasan dhasar pêthak, kandêlanipun sami kêmalon abrit, (kasunggingan, kandêlan kêmalon abrit, mungguhipun jêjêran mawi sêlut sêling mirah).

Sungging alas-alasan punika makatên: gambar ingkang warni kurung, pikajêngipun rêdi, inggih punika bumi. Angkup saha kêmamang sirah kala[5] pikajêngipun latu. [la...]

--- 30 ---

[...tu.] Sisik punika pikajêngipun toya. Sawat utawi lar, pikajêngipun angin.

Isining kurung, buron wana, ibêr-ibêran, buron rumangkang, buron toya.

Para sagêd wontên ingkang nêgêsi, sungging alas-alasan punika, asal kadadeyaning manungsa, bumi, gêni, banyu, angin.

Nalika taun Jawi 1835, wontên wiyosing dhawuh timbalan dalêm, abdi dalêm panèwu mantri sasaminipun, manawi sumêdya ngangge răngka sunggingan, kalilan.

Panèwu mantri, dhasar biru.

Golongan prajurit, dhasar ijêm.

Sungging alas-alasan, modang, sawênèh sêkar-sêkaran. Manawi ngangge kandêlan kamalon, dhasaripun ijêm, utawi cêmêng.

Botên watawis dangu wontên pranatan malih.

Tumrap abdi dalêm ngulama, dhasaripun sungging wungu cubung.

Tumrap abdi dalêm pangrèh praja, dhasaripun sungging abrit nèm (jambon).

Namanipun Patrap Panganggening Dhuwung (Răngka) Dalah Tatakraminipun Kados Ingkang Badhe Kula Aturakên Punika

Patrap panganggenipun dhuwung punika, warni kalih: 1. Dipun sangkêlit, 2. Dipun anggar.

Ingkang dipun sangkêlit

1. Klabang pipitan. Nyothe ing têngên, răngka gathuk paningsêt. Lênggahipun agêm para luhur tuwin senapati. Manawi abdi dalêm alit kirang trapsila.

2. Ngoglèng. Nyothe mêthit kapara manêngên, agêm para luhur.

3. Ngoglèng tanggung. Nyothe tanggung ragi manêngah, anggenipun kawula.

4. Nyothe ngiwa. Anggenipun abdi.

5. Nyothe ngiwa anggithing. Agêmipun para luhur.

6. Kurêban, anggèn prajuritan.

7. Nyothe ngajêng. Anggèn para ngulami manawi ngangge rasukan jubah.

--- 31 ---

8. Kurêban ngajêng. Anggèn para ngulami manawi ngangge rasukan jubah.

9. Kurêban têngên, kirang susila.

10. Ngadêg nêtêp turut ula -ula, anggenipun abdi manawi nuju nyambut damêl, (pados prigêl).

11. Kewalan kurêban ananging dipun walik, antuping kandêlan (rai) dhawah mlêbêt. Manawi ing nagari Surakarta, kewalan punika ingkang ngangge: klana topèng utawi danawa nyarèng ringgit tiyang.[6]

Ingkang dipun anggar.

1. Curigan. Dhuwung răngka gayaman dipun anggar punika manawi nyangkêlit dhuwung răngka ladrang. Mangangge prajuritan.

Dene manawi botên prajuritan, punika dhuwung răngka gayaman, saha ladrang kenging dipun anggar, namung sawarni supados mayar, kados ta: kêkesahan numpak sêpur sasaminipun, punika ingkang prayogi dipun anggar.

Dhuwung răngka gayaman, punika kala kinanipun, anggènipun ngangge opisil, namung manawi dipun anggar (curigan), dados sanajan botên mangangge kulukan, ananging sabên opisil inggih ngangge dhuwung răngka ladrang.

Wiwit kaparênging karsa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping X, abdi dalêm ingkang andhèrèk pêpara ing pasanggrahan sapanunggilanipun, kadhawuhan ngangge dhuwung gayaman, sanadyan sowanipun wontên pasanggrahan mangangge kulukan, ugêr rasukanipun botên sikêpan agêng kalilan makatên, punika kalanturipun botêna andhèrèk ingkang sinuhun, inggih lajêng sami ngangge dhuwung răngka gayaman. Nalika dèrèng kêrêp nyawang inggih kirang mungguh. Sarêng sampun kulina nyawang, wah sagêd anglampahi ngangge, rêmbagipun, ngangge dhuwung răngka gayaman wau ngupados ringkês. Saya sarêng sampun kalimrah, lajêng sae kemawon.

Sapunika kula badhe ngaturakên peranganing răngka, awit pamanggih kula parlu,

--- 32 ---

jalaran sanajan prikănca mranggi dèrèng tamtu pratitis, măngka sami-sami mirsa, manawi mastani perangan răngka wau, sanadyan botên wontên rangkanipun, sagêd patitis gampil mangrêtosipun.

Ingkang kula cêpêng punika răngka ladrang dhapur ladrang kuwung,[7] saking wingking punika êmbat, ing ngajêng angkup, wingking godhong, wingking mangandhap nama seredan, ri pandhan, idak-idakan, lajêng gandar, ngandhap angkup janggut. Ing rai nama lambar ingkang anggligir têngah nama dagingan, ingkang lêdhok kruwingan, têngah punika ri cangkring, ngajêngipun lathi, ingkang nyinggêd perangan satunggal kalihan satunggalipun punika nama pêkakan, kados ta: antawisipun godhong kalihan ri cangkring nama pêkakan godhong, antawisipun angkup kalihan ri cangkring: punika pêkakan angkup. Antawisipun janggut kalihan angkup (ngajêng) punika nama pêkakan janggut, peranganing gandar. Ing rai têngah blewahan kandêlan punika nama antup. Pucukipun nama bontos, lingiripun nama diring. Kandêling gandar winastanan gêblèg.

Namung dumugi samantên anggèn kula ngaturakên bab kawruh răngka, kula ngajêng-ajêng manawi wontên sadhèrèk ingkang mêwahi, sarta andangu kêkiranganipun atur kula, badhe kula caosi katrangan sagaduk kula.

[Iklan]

 


mangke. (kembali)
§ Carak = singat banthèng kangge wadhah toya, pirantos ngumbah cangkêming kapal. (kembali)
sumêngka. (kembali)
§ Watawis nalika taun Jawi 1832, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan têdhak dhatêng Surabaya, priyagung wadana kliwon (bupati sarta bupati anom) ingkang andhèrèk sami kadhawuhan ngangge dhuwung răngka gayaman sunggingan corèk modang, kandêlan kêmalon abrit. Sasumêrêp kula titimăngsa punika wontên sunggingan modang. (kembali)
§ Samangke kaparêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping X, angkup kamamang saha sawat punika, santun wapên karaton Surakarta. (kembali)
§ Wondene patrap anggenipun nyangkêlitakên, manawi para luhur wontên paningsêt ubêt ingkang kaping kalih. Dene tumrap kawula, lênggahing tatakrama wontên sêtagèn, tuladha Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat IV (ingkang sasampuning pènsiyun dalêm ing Ngendraprastha) punika pangagêmipun wangkingan wontên ing agêm sêtagèn. (kembali)
§ Nalika sêsorah mawi nyêpêng warăngka. (kembali)