Narpawandawa, Persatuan, 1937-07, #407

Judul
Sambungan
1. Narpawandawa, Persatuan, 1937-01, #407. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
2. Narpawandawa, Persatuan, 1937-02, #407. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
3. Narpawandawa, Persatuan, 1937-03, #407. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
4. Narpawandawa, Persatuan, 1937-04, #407. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
5. Narpawandawa, Persatuan, 1937-05, #407. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
6. Narpawandawa, Persatuan, 1937-06, #407. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
7. Narpawandawa, Persatuan, 1937-07, #407. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
8. Narpawandawa, Persatuan, 1937-09, #407. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
9. Narpawandawa, Persatuan, 1937-10, #407. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
10. Narpawandawa, Persatuan, 1937-11, #407. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
11. Narpawandawa, Persatuan, 1937-12, #407. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Narpawandawa.
Citra
Terakhir diubah: 15-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 7 Juli 1937

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya Saha Wicaksana Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 1463 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '37. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Wara-wara

(Rukun Santana Dalêm, tumrap ing gupêrnêmèn Surakarta)

Miturut putusaning parêpatan agêng Narpawandawa, wontên ing Wuryaningratan, nalika ing dintên malêm Sêtu kaping 9 April 1937 ngrêmbag pralenan Narpawandawa, ingkang sampun kasuwak kaputus ing parêpatan agêng taunan (ngiras alal bihalal) wontên ing pandhapi Ngadiwijayan kala taun kapêngkêr.

Awit saking punika, Narpawandawa adamêl ada-ada malih kanamakakên Rukun Santana Dalêm, dene ingkang kapatah nindakakên amanah kawontênan wau kapasrahakên dhatêng kumisi (minăngka bêbadan adêgipun: Rukun Santana Dalêm).

--- 82 ---

Kumisi Rukun Santana Dalêm, sampun adamêl parêpatan, nalika kaping 2/5-'37 wontên ing dalêm Natadilagan, adamêl pangrèh adêgan wau, putusanipun, ingkang minăngka pangarsa, Radèn Mas Arya Natadilaga, mudha pangarsa: Radèn Tumênggung Tăndhawadana, artaka: Radèn Mas Ngabèi Kartaastana, panitra: Radèn Mas Dêmang Tatadarmaja, panitya Radèn Mas Ngabèi Puspapranata, Radèn Mas Ngabèi Căndrapranata, Radèn Mas Ngabèi Cakrapangarsa, Radèn Mas Sudarya Cakrasiswara, sarta Mas Èsmubrata.

Tujunipun Rukun Santana Dalêm: amitulungi sarta ambiyantu samăngsa wontên santana dalêm ingkang seda (tilar donya). Măngka kawontênanipun: cingkrang, angsal pitulungan saking Rukun Santana Dalêm wau kathahipun f 15,- (gangsal wêlas rupiyah) anamung kangge sacêkaping layon. Dene arta pitulungan wau rêrigênipun panitya nyuwunakên kadarmanipun putra santana dalêm.

Murih sagêdipun prigêl panindakipun, têbanipun kabage sakawan golongan, golongan sisih lèr: bawah Jèbrès, dados kuwajibanipun panitya Radèn Mas Ngabèi Puspapranata, kalêbêt lèr lèpèn Pepe M.N., golongan wetan, Pasarkliwon, dados kuwajibanipun panitya Radèn Mas Ngabèi Căndrapranata, golongan kidul, bawah Sêrêngan, dados kuwajibanipun Radèn Mas Dêmang Tatadarmaja, ngrangkêp panitra, golongan kilèn, bawah Lawiyan, dados kuwajibanipun Radèn Mas Ngabèi Kartaastana, ngrangkêp artaka, sarta sakidul lèpèn Pepe M.N.

Ingkang angsal pitulungan wau sadaya santana dalêm, sanadyan dèrèng dados warganing Narpawandawa, dalah bojo ingkang apsah, ingkang sumêdya nyuwun utawi nêdha pitulungan, ingkang sampun katitisakên ing panitya pantês angsal pitulungan, dene tumindakipun ingkang nanjakakên arta pitulungan wau: para waris kêdah manut pamrayoginipun panitya.

Lampahipun: manawi wontên prêlunipun lajêng prasabêna dhatêng panitya ingkang wajib ambawahakên pitulunganipun golong-golongan kasbut, samăngsa wontên prêlu amragadi layonipun santana dalêm, panitya lajêng kengkenan angidêrakên wara-wara kanthi celengan darma: kaaturakên dhatêng para putra santana dalêm [da...]

--- 83 ---

[...lêm] agêng alit sadaya, kasuwunan kadarman sakaparêngipun. Celengan ingkang kabêkta wau murih sampun kalèntu mawi ciri cap, sarta tăndha namanipun pangarsa: Rukun Santana Dalêm. Sapintên angsal-angsalanipun arta darma lajêng kalêbêtakên ing kasipun Rukun Santana Dalêm.

Manawi namung prasabên mundhut pitulungan, nglampahakên ulêm layadan: mawi ragad f 2 (kalih rupiyah).

Ingkang punika mugi andadosna kauninganipun para putra santana dalêm sadaya.

Kasêrat kaping 9 Juni 1937.

Panitya Rukun Santana Dalêm

Panitra: Tatadarmaja, Pangarsa: Natadilaga

Pèngêtan Parêpatan Agêng Mirunggan, Kala Jumungah Sontên Kaping 9 April 1937

Sambêtipun organ ăngka 6

Satêlasing rêmbag-rêmbag bab sêsêbutan, pangarsa lajêng ngandika: samangke nglajêngakên rêmbag kawrat ing agendha ăngka 2 inggih punika bab pralenan, ingkang kapatah amêdhar sabda R.M. Sudarya Cakrasiswara, lajêng majêng amurwakani rêmbag bab pralenan wau, kados ing ngandhap punika:

Pangarsa, sadhèrèk.

Ingkang rumiyin kula ngaturakên panuwun dhatêng pangrèh, anggènipun sampun mitadosakên bab punika dhatêng kula, damêl andharan kadospundi prayoginipun, murih pirukunan pralenan sagêd dipun gêsangakên malih.

Nuwun, sajatosipun rêmbag bab pralenan punika botên laras kalihan ancasipun pakêmpalan, Narpawandawa punika pakêmpalan tunggil damêl. Bakunipun malah ngrêmbag politik, inggih punika politik ingkang gandhèng kalihan adêgipun karaton dalêm. Pakêmpalan ingkang gatranipun kados Narpawandawa punika, nama rèmèh manawi ngrêmbag bab pralenan, amargi manawi kabontosakên pamanahipun, botên susah dadak mawi pirukunan pralenan, manawi wontên santana [sa...]

--- 84 ---

[...ntana] dalêm sèkèng ingkang seda utawi tilar donya sarta kasripahan, kula sadaya kêdah lajêng tumandang ing damêl, paring utawi suka pitulungan arta utawi bau suku.

Têka nalăngsa sangêt, wontênipun pitulungan babagan ingkang botên sagêd dipun oncati punika, andadak mawi dipun pacaki pranatan tharik-tharik, ingkang tundonipun malah sok botên sagêd dipun têtêpi kabêkta saking kawontênan.

Karukunan, saya ing bab satunggal punika, wijinipun kêdah sampun tuwuh wontên ing watakipun santana, ingkang gadhah kawajiban batin ngayomi dhatêng para kasrakat, santana dalêm ingkang sèkèng. Sintên baya ingkang mrihatosakên kajawi para santana dalêm piyambak.

Inggih awit saking punika, rêmbag dalu punika santun sipat. Ing ngriki ingkang karêmbag sanès bab pralenan, nanging bab pirukunan mitulungi santana dalêm ingkang mêsakat. Pamanahipun ingkang tinanggênah nyinau bab punika, pirukunan ingkang cangkoronganipun kasamantakakên ing parêpatan punika, sagêd dados sarana panggulawênthahing wêwatakan. Panyawang sarta pangraos kula, gêsangipun santana dalêm ing wêkdal punika dèrèng sagêd dipun wastani rukun saèstu, dening taksih wontên golong-golongan ingkang rumaos langkung cêlak. Sarèhning bakuning ancasipun pakêmpalan kula punika sami anjagi kaluhuran sarta nyantosakakên adêgipun karaton dalêm, măngka gêgayuhan wau sagêdipun kasêmbadan amung sarana kasantosan, mila parlu sangêt wontênipun karukunan, ingkang salajêngipun kêdah tansah dipun pêpêtri, dipun angkah murih santosanipun.

Wontênipun pralenan ingkang sampun nate katindakakên, punika sêpên ing tabêting karukunan, jalaran anggènipun dados warganing pralenan manasuka. Botên sadaya warganing Narpawandawa mlêbêt dados warganing pralenan. Ingkang makatên wau sulaya kalihan pikajênganipun pakêmpalan mangun karukunan, sanadyan botên dipun têmaha, nanging mêksa nuwuhakên raos pêpisahan. Kagigahing manah malêbêt dados warganing pralenan, botên saking kabukaning manah sumêdya gotong- royom,[1]

nanging kadayan wontênipun sumbangan sarta layadan, măngka ingatasipun santana ingkang gadhah kawajiban ngayomi kawula, sarta dados têpa palupi, kêdah paring tuladha dhatêng kawula ing bab kaluhuraning wêwatakan. Karukunan makatên babaring [babar...]

--- 85 ---

[...ing] watak utami, mila manawi karaosakên, sawêg ing bab paring utawi suka pitulungan băndha-bau tumrap kasripahan kemawon, mawi dipun tata, kawêngku ing pranatan tharik-tharik, gêgayuhan ingkang luhur lajêng katingal nyamut-nyamut. Botên prêlu wontên pralenan, botên prêlu dipun tata, manawi wontên satunggaling sadhèrèk sèkèng ingkang kasripahan, botên susah dipun atag, kula sadaya kêdah têtulung, ingkang kasêmbadan urun wragad samurwatipun, ingkang botên gadhah inggih trimah dados kengkenan.

Pralenan Narpawandawa punika adêgipun kala ing taun 1926. Sarèhning kawontênanipun botên saya ngrêmbaka, nanging malah saya kêra, bab pralenan wau karêmbag wontên ing parêpatan agêng taunan ing taun 1929. Karampunganing rêmbag, pralenan dipun pêthal saking Narpawandawa, sarta kenging dipun lêbêti warga saking jawi. Ing suwau ingkang kenging dados warga amung warganipun Narpawandawa. Sanadyan sampun dipun ihtiyari makatên, kawusananipun inggih malah saya mlêthês, ngantos kalampahan dipun bibarakên rumiyin, kados ingkang sampun kaputus wontên ing parêpatan agêng taunan ngiras pasamuwan alal bahalal wontên ing pandhapi dalêm Adiwijayan ing taun 1935.

Kala samantên parêpatan milih panitya, dipun purih nyinau, pirukunan pralenan punika taksih parlu dipun wontêni malih punapa botên.

Pangarsa, sadhèrèk, panitya sampun nglapurakên pamanggihipun katur pangrèh, golonging rêmbag, panitya sampun sarujuk kalihan pangrèh, nawèkakên rêmbag punika wontên ing parêpatan dalu punika. Paprincènipun pamanggih makatên:

1. Pralenan madêg piyambak, pêthal saking Narpawandawa, botên prayogi. Mênggah sabab-sababipun sampun kula aturakên kala wau, inggih punika botên laras kalihan adêgipun pakêmpalan sarta sulaya kalihan kawajibanipun para santana dalêm anggènipun kêdah gêsang rukun.

2. Saya manawi pêthalipun saking Narpawandawa wau lajêng nampi warga saking jawi, tumrap Narpawandawa makèwêdi, amargi lajêng botên kantênan sêsambêtanipun. Măngka manawi dipun limbang, jumbuhipun kalihan kawontênan, santana dalêm ingkang dèrèng dados [da...]

--- 86 ---

[...dos] warganing Narpawandawa, langkung kathah tinimbang ingkang sampun dados warga. Badhe kadospundi kawontênanipun, bilih ngantos kalampahan pralenan warganipun langkung kathah ingkang saking jawi (sanès warganing Narpawandawa).

3. Kosokwangsulipun manawi pralenan wau dipun satunggalakên kalihan Narpawandawa, kathah èwêd-pakèwêdipun. Dipun kuwatosakên Narpawandawa lajêng musna gagraging pakêmpalan tunggil damêl ingkang manah politik, santun gagrag dados pakêmpalan pralenan. Adhakanipun pakêmpalan pralenan punika langkung kathah wêdalipun arta, tinimbang ingkang mlêbêt. Măngka ingkang dipun manah kathah sangêt. Mila pamanggih nyatunggalakên pralenan wontên Narpawandawa, botên sagêd katindakakên, amargi sisip-sêmbiripun sagêd salah kadadèn.

4. Manawi botên dipun wontêni pirukunan pralenan malih, eman-eman ingkang sampun kalampahan. Kajawi punika manawi ngantos wontên santana dalêm tilar utawi kasripahan, jalaran kapintên lajêng dipun kukup ing sanès, saèstu damêl kucêm.

5. Wosipun para sadhèrèk ambêtahakên sangêt dhatêng wontênipun pirukunan pralenan punika, kangge ngatingalakên dhatêng jawi, bilih para santana dalêm sumêrêp dhatêng prêluning karukunan. Pancènipun, nitik swara ingkang kula pirêngi, ingkang sami ambêtahakên pralenan wau botên kok kadayan saking kamelikan angsal sumbangan sarta layadan, nanging saèstu mijil saking srêmpêng ngudi sarta badhe ngatingalakên karukunan.

Awit saking punika, sarèhning èwêd-pakèwêdipun sampun kaandharakên, măngka wontênipun dipun bêtahakên sangêt, mila golonging rêmbagipun panitya ingkang manah bab punika kalihan pangrèh, pirukunan pralenan wau botên dipun têmbungakên pralenan. Sumăngga ingkang karsa mastani, pamanggih ingkang sapunika kasuwunakên rêmbagipun sadhèrèk sadaya, inggih punika damêl tatanan anyar, ingkang tumindakipun kapasrahakên dhatêng satunggaling panitya ingkang mangke sagêd kapilih. Tatanan punika botên parlu mawi pangrèh, punapadene sami bêbadan anyar,

--- 87 ---

ingkang mujudakên kadosdene pangipun. Wosipun tatanan wau kanamakakên "Roekoen Santono Dalem". Panitya R.S.D. ingkang tinanggênah nindakakên. Taksih wontên sambêtipun.

Narpawandawa lan Politik

I

Kula nuwun, saètunipun para warga sampun sami uninga, bilih sabibaripun parêpatan agêng mirunggan kapêngkêr punika, lajêng tuwuh rêmbag- rêmbag ing jawi awarni-warni, wontên ing sêrat-sêrat kabar, utawi rêmbag ijêman wontên ing pajagongan sasaminipun, sami angraosi punapa ngraosakên dhatêng rêmbag-rêmbag ingkang sampun kawêdharakên wontên ing parêpatan mirunggan wau, rêmbagipun, wontên ingkang condhong sarwi sêsanti kasidaning sêdya, nanging kosokwangsulipun inggih wontên ingkang botên rujuk dhatêng tindakipun Narpawandawa, anggèning tansah nindakakên politik. Namung kuciwanipun ingkang kagungan pamanggih makatên punika botên ambabarpisani lajêng paring sêsuluh, liripun: lajêng dipun santuni tindak kadospundi ingatasipun Narpawandawa punika pakêmpalanipun para putra santana dalêm, tur sampun dangu adêgipun, dados sampun kalajêng kathah ingkang katindakakên, wah kalayan mapan, dados saupami badhe dipun ewahi santun tuju, kados botên gampil, malah sisip-sêmbiripun manawi botên kalêrêsan sagêd anjalari lan pêjahipun, ingkang atêgês mutung woding kawula lan gusti, wêkasan adamêl pitunaning akathah. Samangke pitakènipun, punapa ta kuwatosipun bilih Narpawandawa punika nindakakên politik, ingkang gandhèng lan prajanipun, manawi pamanah kula nindakakên makatên punika malah nama tumindak dhatêng pandamêl utami, sabab tiyang ingkang purun manah prêluning praja punika atêgês purun manah bêtahing akathah. Mênggah tuwuhing rêmbag utawi pamanggih supados Narpawandawa botên campur politik, punika tumrap kula botên nama pamanggih anyar, nanging sayêktosipun sampun lami, inggih punika èngêt-èngêtan kala sadèrèngipun taun 1929 (dados wontên ing salêbêtipun taun 1928) sanadyan kala samantên pamanggih ing nginggil wau sampun kabengkas dening putusanipun parêpatan agêng taunan, ing taun 1929

--- 88 ---

amung sarèhning sampun sawindu sapriki, sagêd ugi para warga sampun kathah ingkang kalepyan, amila pamanah kula prêlu kadhorèngakên sawatawis, mêndhêt baku-bakunipun kemawon, ingkang supados para warga botên sami rangu-rangu ing panggalih, miturut purwakanipun pangarsa Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, kados ing ngandhap punika:

Kauningana pulitik punika têmbung Latin, atêgês kawruh nitipraja, Walandipun staatkunde utawi staatswetenschap dede kawruh pangapus krama, lêlacutan utawi abalondrongan kados limrahing panampinipun tiyang ingkang dèrèng mangrêtos, dados dede barang ingkang awon ingkang nistha utawi mokal, mila inggih kathah sangêt para luhur sarta para sarjana ing Eropah ingkang nyinau utawi nindakakên pulitik, tiyang makatên punika Walandi mastani politicus utawi staatsman.

Băngsa pulitikus makatên punika asring anggolong adamêl pakêmpalan kangge angrêmbag sarta ngiyatakên panindaking sêdyanipun bab pangolahing praja, amargi manawi kajăngka tiyang kathah, kamanah langkung rosa sarta langkung sampurna, mila inggih langkung rikat kadumugèning sêdyanipun, katandhing akalihan manawi katindakakên piyambak. Pakêmpalan ingkang makatên tujunipun, punika winastan pakêmpalan pulitik, manawi ing tanah Jawi ngriki kados ta: B.O.; P.N.I.; N.I.V.B.; I.S.D.P.; lan sanès- sanèsipun, dene pakêmpalan sanès-sanèsipun ingkang botên manah politik, punika winastan pakêmpalan phak, namung mligi manah kabêtahaning warganipun piyambak, kados ta: P.G.H.B.; S.P.O.R.T.; Mardiguna; N.I.O.G.; Narpawandawa lan sanès-sanèsipun, cacahipun tanpa wicalan, dening têbaning phak pêrèniging punika tanpa watêsan, nanging punapa pakêmpalan pulitik inggih namung ingkang kula pratelakakên kala wau kemawon, botên, sanadyan tamtunipun kawon kathah kalihan pak pêrèniging, ewadene cacahipun inggih sampun kathah, amargi sajatosipun jaman kita punika jaman pulitik, sadhengah manungsa, sadhengah băngsa sami ngrêmbag pulitik sakadaripun piyambak-piyambak, mila ngantos wontên ungêl-ungêlan Walandi "Indien U zich niet met de politiek bemoeit, bemoeit de politiek zich met u" Jawinipun kirang langkung makatên: yèn sira lumuh campur marang pulitik, ora wurung malah kridhaning pulitik kang mangolah [mango...]

--- 89 ---

[...lah] sira, ungêl-ungêlan makatên punika martandhani bilih donya kita samangke winêngku ing pulitik, ngantos kados pêpindhanipun kadi swasana anglimputi bawana, nanging punapa makatên punika anèh? Botên, punika labêt saking dayaning pait gêtiripun paprangan agêng ingkang sawêg kapêngkêr, wujudipun samangke pintên-pintên nagari agêng-agêng mungkrêt bawahipun, kados ta: Dhitslan, Turki, Ostênrik lan sanès-sanèsipun, kosokwangsulipun ingkang alit-alit dados agêng utawi ingkang sampun agêng mindhak têbanipun, kados ta: Sèrbi, Inggris, Prasman, Jêpan, lan sanès- sanèsipun, wontên malih ingkang sagêd wudhar saking wêwêngkon, kados ta: Polên, Lètlan, Bohèmên, Mêsir lan sanès-sanèsipun, wontên ingkang namung ngêndhokakên pangrêgêming liyan kemawon, kados ta: Kanadhah, Ostraliyah lan sanès-sanèsipun, mila punapa anèh manawi kawontênan makatên punika lajêng anuwuhakên pakêmpalan-pakêmpalan pulitik ingkang tujunipun namung murih widadanipun prajanipun miturut panglaras sarta pamanggihipun piyambak?

Dêrêng makatên punika sampun tamtunipun botên sagêd maligi kèndêl wontên ing Eropah kemawon, dalasan ing tanah wutah rah kita inggih sampun kaleban dayaning pulitik, makatên punika jalaran tanah Jawi samangke sampun botên nyêlip kados jaman sèkêtan taun minggah, sabab saking dayaning dagang agêng tuwin sanès-sanèsipun, mila wujudipun tanah Jawi samangke inggih kathah pakêmpalan pulitik warni-warni, wontên ingkang bantêr pikajênganipun, wontên ingkang salintiripun kemawon, manut bakuning wêwatonipun piyambak-piyambak, punika parentah luhur ing Batawi inggih sampun wuninga sarta botên damêl pakèwêd, kajawi tumrap dhatêng pakêmpalan pulitik ingkang têtela ambêk paripaksa badhe damêl karisakaning praja, kados ta: pakêmpalan P.K.I. sarta S.R. kala samantên, dene ingkang minăngka pasêksèn manawi parentah luhur botên ganggu damêl dhatêng pakêmpalan pulitik ingkang botên sumêdya badhe adamêl risaking tata raharja. Walandinipun verstoring van rust en orde punika ungêling mêmori wangsulanipun parentah dhatêng rad kawula nalika ingkang kapêngkêr punika makatên: De Regeering staat welwillend tegenover iedere nationalistische vereeniging, waarvan de openbare en huishoudelijke werkzaamheden, duidelijk en geheel, binnen de door Haar gestelde grenzen van rust en orde blijven,

--- 90 ---

Zij wenscht, dat vereenigingen, welke aan deze voorwaarden behoorlijk voldoen, van de zijde der politie geen bijzondere inmenging of controle ondervinden. Ieder ambtenaar kan van zoodanige vereenigingen lid zijn. De Regeering is van oodeel dat Boedi Oetomo tot deze soort vereenigingen behoort. Jawinipun kirang langkung makatên: pamarentah luhur punika tandukipun dhatêng pakêmpalan nasionalis ingkang tindakipun jawi lêbêt cêtha manawi botên badhe adamêl risaking tata têntrêm, manis (welwillend) dhawuhipun, pakêmpalan-pakêmpalan ingkang makatên lampahipun, sampun ngantos dipun aru-biru dening pulisi, sadhengah narapraja (amtênar) kalilan lumêbêt dados warganing pakêmpalan ingkang makatên punika, dene pakêmpalan Budi Utama punika kalêbêt pakêmpalan ingkang tujunipun kados kasêbut nginggil.

Miturut ungêl- ungêlan makatên punika, sampun têtela bilih parentah luhur punika botên ngalang-alangi dhatêng pakêmpalan nasionalis. Dene minăngka ngrosakakên malih cariyos kula punika tancêp kaparêngipun parentah luhur ingkang nêmbe kadhawuhakên "Het is een bepaalde wensch der Regeering dat door de overheid een tolerante houding tegenover de nationalistische beweging wordt aangenomen. Jawinipun kirang langkung makatên: kaparêngipun parentah supados tandukipun pangrèh praja dhatêng pakêmpalan nasionalis ingkang longgar, miturut ungêl-ungêlan makatên punika, sampun têtela malih bilih parentah luhur Indhiya Nèdêrlan dhatêng para nasionalis botên barang -barang.

Kawuningana, wontênipun pakêmpalan pulitik, punika miturut kawruh nitipraja enggal, tumrapipun nagari parlu sangêt, sapisan, wontên bêbadan ingkang tansah ngulat-ulatakên panindaking praja, sarta cawe-cawe bokmanawi wontên kalèntuning tindakipun (kritik) dados botên sagêd kalajêng kalèntu, punapadene asring ngaturi ancêr-ancêr kadospundi saening panindak murih widadanipun, kaping kalihipun, minăngka tăndha gêsanging kawula, amargi ugêr praja dèrèng wontên pakêmpalan pulitik, punika têgêsipun tiyangipun siti dèrèng tangi pamanahanipun tumrap anggènipun tumut ngraosakên ebah osiking nagarinipun, kosokwangsulipun, manawi nagari ngawisi pakêmpalan pulitik, janji sampun ingkang adamêl risaking tata têntrêm, lo! Têgêsipun nagari ingkang dèrèng tinarbuka pamanahipun bilih kawulanipun punika inggih wajib rumêksa dhatêng prajanipun piyambak, makatên teorinipun jaman samangke, mila ing pundipundia [pundi...]

--- 91 ---

[...pundia] kemawon, pakêmpalan pulitik punika malah kathah ingkang dados kanthinipun parentah, manawi cara Eropah kalêbêt nagari Walandi, para ministêr punika limrahipun kapêndhêtakên panganjuring pakêmpalan pulitik warni-warni ingkang salaras tujunipun kalihan parlêmèn. Mila drajading para ministêr wau winastan drajad pulitik, dening kenging dipun gayuh sarana pakêmpalan pulitik, botên kumêdah dados narapraja rumiyin kadosdene pangkat residhèn, mayor, utawi bupati.

Tumrapipun Narpawandawa samangke kadospundi? Narpawandawa punika inggih sampun dangu kadayan ombaking pulitik, nalika kula dados pangarsa ingkang rumiyin, watawis taun 1918 inggih sampun kadayan, tur sangêt, inggih punika nalika jamanipun pakêmpalan Insulindhê ambarèh-barèhi, kala samnatên panduwanipun Narpawandawa dhatêng trajangipun Insulindhê, ingkang suraos badhe ngrèmèhakên kraton dalêm, sangêt, ngantos ngaturakên telegram dhatêng polêkrad, twèdhê kamêr lan sasaminipun, bêgja panduwanipun Narpawandawa wau kabiyantu dening B.O.S.I. darah M.N. lan sanès-sanèsipun, mila inggih agêng dayanipun, ingkang ngantos mupangati dhatêng sadayanipun.

Sadhèrèk, pangrèh matah kula angambali cariyos kula nalika pakêmpalan ingkang kapêngkêr punika, inggih punika mratelakakên bilih Narpawandawa punika dede pakêmpalan pulitik, pakêmpalanipun para santana, dados pakêmpalan phak, nanging purun campur pulitik, manawi pulitik wau gandhèng kalihan praja utawi kraton dalêm, punika Narpawandawa botên namung trimah purun kemawon, nanging malah kuwajiban, dening sajatosipun wontêning santana punika inggih namung jalaran saking wontênipun kraton, dados sampun anglênggahi lêrêsipun para santana ingkang sampun sami katangsulan dados satunggal wontên ing Narpawandawa, angrêksa wilujêngipun karaton dalêm, malah manawi paribasanipun tiyang kina: sanadyan akuthah ludira atakêr marus inggih kêdah linampahan sarta ingandhêman, kauningana, gumêlaripun donya punika kinanthèn kodrat kalih warni ingkang botên nate pisah sarta botên kenging dipun selaki, inggih punika: wajib lan wênang recht en plicht wêwênanging santana kenging nyuwun dipun luhurakên, nyuwun dipun mulyakakên dhatêng

--- 92 ---

ingkang mêngku kraton, nanging wajibipun rumêksa lan anjagi rahayu sarta widadaning kratonipun sarta ingkang jumênêng. Taksih wontên sambêtipun.

Tanggêlanipun Bapa Dhatêng Anak (Turun)

Kula katarik dhatêng andharan Ănggapradatan bab asor luhur sarta bêgja cilakaning anak.

Katariking manah kula lajêng nuwuhakên kajêng kula urun pamanggih bab awrating têtanggêlanipun para tiyang sêpuh dhatêng anak ingkang botên kenging dipun selaki. Awit inggih kados andharan Ănggapradatan punika weyaning tiyang sêpuh adamêl kasangsaranipun anak turun ingkang botên makarti dosa, punapa makatên punika botên mêmêlas.

Daya ingkang badhe tumanduk dhatêng gêsangipun turun punika ing ngriki kula aturakên sasêrêpan kula, wontên kalih prakawis.

Ingkang sapisan daya warisanipun tiyang sêpuh, ingkang badhe kasandhang dhatêng turunipun, pasaksènipun sampun kacêtha, wêwatakan saha sêsipataning wujudipun anak turun, punika kathah utawi mêsthi kathah sakêdhik katabêtan watak utawi (saha) sêsipataning tiyang sêpuhipun. Kula nate mrangguli sêtatistik ingkang kasiyarakên ing karangan ingkang mratelakakên, ing Inggris kala taun 1703 wontên kalairan, ingkang ing têmbe diwasanipun dados ahli pangadilan sarta watakipun adil lan utami, pinanggihing panaliti turun-turunipun kasawaban sipat watakipun, turunipun ingkang 100 dados ahli musik sarta ahli kabatinan, ingkang 100 dados apokat, ingkang 300 dados ahli pangadilan. Cacah 230 punika perangan saking cacah turun 881 dados kirang langkung 25% tampi warisan watak sipating dhasaripun ingkang nurunakên. Ingkang 75% racak-racakipun kawarisan kawêgiganipun. Têtandhinganipun, satunggiling kalairan ing taun 1720 ingkang ing diwasanipun dados durjana, turunipun 400 cacad anggotaning badanipun krepo, 50 turunipun èstri dados tiyang awon (palanyahan?), 7 nindakakên pakarti mêjahi tiyang, 60 dados pandung, 510 punika perangan saking cacah 2257 dados kirang langkung

--- 93 ---

45% dados kurban nampèni warisan watak sipating dhasaripun ingkang nurunakên. Wontên ugi ingkang brojol saking sipat ingkang sae saha awon saking cathêtan ing nginggil punika, bokmanawi kadayan kakiyatanipun pun biyung, utawi sagêd kanugrahan nêbusi sarana pakartinipun piyambak. Utawi malih sagêd sangking nampèni panggulawênthah ingkang sagêd anduwa sawatawis sangking sipat wataking turunanipun. Makatên pasaksènipun yèn tiyang sêpuh punika inggih anggantungi daya sae utawi awon dhatêng anak turunipun. Lajêng ingkang ăngka kalih gandhèng kalihan panggulawênthah, punika inggih taksih gandhèng kalihan pandamêling tiyang sêpuh ingkang nurunakên, katranganipun: para tiyang sêpuh bapa biyung, punika dados juru panggulawênthahipun anak-anakipun, manawi panggulawênthahing bapa biyung, utawi lêlampahan watakipun tiyang sêpuh ingkang badhe tinulad ing anak-anakipun botên sae, wohipun watak sipatipun anak adhakan sangêt dados botên sae.

Nitik punika punapa botên gawat dados tiyang sêpuh ingkang pinasthi gadhah turun punika, wohing sipat watak saha pakartinipun punika badhe andayani dhatêng pêpasthèning anak turunipun saha badhe andayani ugi dhatêng bêbrayan.

Gêgandhengan kalihan punika, pangangkah saening turun, para lêluhur kita ingkang kina-kina, inggih wigatos sangêt pamanahipun dhatêng prakawis turun, punika sagêd dipun titik sangking ihtiyar-ihtiyar lair batin ingkang dumugi dintên punika sanadyan sampun botên pêpak jangkêp, sabab katarik kajêng anyar (mode) nanging tilas-tilasipun taksih cêtha, kados ta: bab anjodhokakên jalêr èstri ingkang badhe nuwuhakên turun, punika sarat masrutipun botên sagampilipun, nanging manawi dipun manah yêktosan lair batin, inggih punika wêwatoning anjodhokakên jalêr èstri punika 1 bèbèt, 2 bibit, 3 bobot, wêwaton punika mêrtasamèni sangêt dhatêng prêlunipun nyaèkakên turun, amargi jerenganipun:

1. Bèbèt, punika pikajêngipun, naluri ingkang nurunakên, dados anjodhokakên punika prêlu nyumêrêpi nalurinipun, punapa sampun mungguh, botên kuciwa, sapiturutipun.

2. Bibit, punika têgês kajêngipun, rupa, dados badhe anjodhokakên [anjodhokakê...]

--- 94 ---

[...n] punika nyumêrêpi rupa, punapa sampun mungguh botên kuciwa sapiturutipun.

3. Bobot, punika pikajêngipun, kabandhan, punapa inggih sampun mungguh botên kuciwa, sapiturutipun.

I. Tundha-tundhaning panitikan punika, urut kasugihan sanadyan baku prêlu, nanging dhawah ăngka tiga, rupi ăngka satunggal, punika gandhèng kuciwaning jêjowan,[2] samăngsa botên kuciwa, botên badhe anjalari cuwa kuciwa, amargi cuwa kuciwa punika inggih anjalari cuwa kuciwa badhe atut runtuting jêjodhoan, manawi nurunakên kirang atut runtut punika inggih kuciwa dhatêng sêsêrêpanipun anak sêmbiranipun nuladhani dhatêng botên prayogi, gandhèng kalihan panggulawênthah.

II. Turun naluri, ing ngriki botên prêlu dipun ambali awit ing nginggil sampun pratela paedah lan bêbayanipun.

III. Kêbandhan, punika prêlu kangge sarana têntrêming rêrayatan. Samăngsa botên kacomprengan adhakan anjalari runtut têntrêm, kosokwangsulipun manawi kacomprengan punika adhakan nuwuhakên karibêtan salajêngipun nyuda têntrêming rêrayatan.

Sanadyan anggèn kula nêrangakên botên panjang nanging kula pitados para maos sampun sagêd nakwili ingkang langkung jêmbar, jêr bab punika adat kita ingkang sampun umum kauningan saha kacanthèl ing panggalih. Sapunika ingkang gandhèng kalihan kabatinan (pamawas sawarni nujumi punika kula golongakên bab kabatinan) dene ingkang kasbut ing nginggil punika sabagean agêng gandhèng kalihan kalairan. Wondene bab kabatinan inggih punika adat kita ingkang gandhèng kalihan prakawis wêdal lan petang sapanunggilanipun. Bab punika sagêd ugi sok dipun galih gugontuhon. Punika sagêd lêrês kasinggihan, nanging ing ngriki mangke badhe kula têrangakên kanthi pasêksèn kawruh (wetenschappelijk) amargi kula radi nyinau bab punika, sarta kula laras -laras, sagêbyaran pancèn gugontuhon, nanging manawi dipun titik kalihan kawruh kabatinan,[3] pamanggih kula botên gugontuhon, awit sagêd [sagê...]

--- 95 ---

[...d] dipun têrangakên mawi kawruh (wetenschap) ingkang gathuk kalihan kawruh ingkang dipun ajêngi kamanungsan (intêrnasional).

Sadèrèngipun kula nglajêngakên rêmbag bab pasatuwan petang gandhèngipun kalihan anjodhokakên jalêr èstri, sapunika kula badhe nêrangakên sawatawis, petang pasatuwan punika punapa, prêlunipun punapa, nalaripun kadospundi. Taksih wontên sambêtipun.

Sumarta.

Kabar Rêdhaksi

Sadhèrèk S saha sadhèrèk unyik Cakrapangarsa, kasuwun sami sabar ing galih, panjurung panjênêngan dèrèng sagêd angêwrat ing organ ngriki, amargi anggènipun ngintunakên sampun kalajêng kupi-kupi kapasrahakên dhatêng pangêcapan. Makatên ugi sêrat katrangan saking R.M.H. Padmawinata, ngandharakên usulipun kala wontên parêpatan agêng kapêngkêr, ugi dèrèng sagêd macak, amargi kêkirangan papan.

Sadhèrèk Ănggapradata, panjurung pamrayogi panjênêngan dhatêng Narpawandawa, kula pakèwêd macak ing organ ngriki, prayogi kausulakên dhatêng pangrèh kemawon. Red.

Isinipun Organ Punika:

1. Wara-wara (Rukun Santana Dalêm, tumrap ing gupêrnêmèn Surakarta) ... kaca 81 | 2. Pèngêtan parêpatan agêng mirunggan ... kaca 83 | 3. Narpawandawa lan politik ... kaca 87 | 4. Tanggêlanipun bapa dhatêng anak (turun) ... kaca 92 | 5. Pananggalan

 


gotong-royong. (kembali)
jêjodhoan. (kembali)
§ Kawruh kabatinan, anggèn kula nêgêsi botên namung gandhèng kalihan tuju sampurna lan mulyaning jiwa (pati) nanging gandhèng kalihan bab kadunyan (gêsang). (kembali)