Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-04, #339

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-04, #339. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-04, #339. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi
Citra

Ăngka: 4, April 1926. Taun V

Pusaka Jawi

Wêdalipun sabên wulan. Ingkang ngêdalakên: pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun sêrat wulanan punika dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta.

--- [0] ---

Isinipun Pusaka Jawi Ăngka: 3.[1]

1. Têtingalan baku, gadhahanipun tiyang Jawi (sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 3), 2. Innalillahi wainnailaihi rajingun, 3. Kultur (Cultuur) suraosipun punapa.

[Iklan]

--- 49 ---

Ăngka 4, April 1926. Taun V

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên: pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi: Laan Wiechert 13 Weltevreden.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f. 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Têtingalan Baku, Gadhahanipun Tiyang Jawi

Anggitanipun Radèn Suyitna Martaatmaja, ing Surakarta

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka: 3)

2. Jaranan ing Kadhiri

Jaranan ing Kadhiri punika ugi kawastanan reyog ing Kadhiri. Reyog ing Kadhiri punika sayêktosipun nunggil misah kemawon kalihan jaranan ing Panaraga. Bedanipun namung sakêdhit,[2] kenging kawastanan adèn-adèn kalihan obrogan. Jaranan Panaraga punika adèn-adèn, reyog Kadhiri obrogan.

Mila obrogan, margi buron wananipun namung mêndhêt saprêlu, kasêbut barongan. Sirahing barongan panjang botên bundêr kados sirahing sima, kaêcèt abrit, mripatipun agêng. Milanipun kadamêl panjang, murih gampil sarta sêru swaranipun bilih kadamêl nyaplok. Yèn kacaplokakên, swaranipun plok-plok sêru sangêt, damêl ajrihing lare ingkang ningali. Jamang kados Panaraga botên mawi, namung ambaluju wujud plonthosan kemawon.

Sanajan lare-lare wau sami ajrih, ewadene tansah anggodha kemawon dhatêng barongan wau, panggodhanipun sarana dipun ungêli makatên: kêcerit, bolmu gêjêpit. Makatên wau ambal-ambalan.

Barongan sarèhne nêtêpi wêwatakaning sima sayêktos manawi panuju dipun rampog [rampo ...]

--- 50 ---

[... g] ing alun-alun, mirêng têmbung makatên punika kados mirêng sumbaring tiyang ngrampog sima makatên ungêlipun: mantèn anyar, borèhana awakku. Sêsumbar makatên wau saking criyosipun tiyang ingkang sami ngrampog, ngajêng-ajêng murih katêmpuha ing sima, dados pun tiyang kapengin badhe namakakên waosipun, sagêd sumêrêp dhatêng katiyasaning waosipun.

Sima ugi lajêng murugi yèn mirêng sumbar makatên punika. Makatên ugi barongan, mirêng lare madani kados ing nginggil wau ugi lajêng ambujêng sarosa, kanthi nyaplok ambal-ambalan. Lare mawut sami lumajêng salang-tunjang, kalihan wicantên madani kados ing nginggil wau ambal-ambalan.

Bujangganong inggih wontên, nanging topèng ingkang kaangge beda sangêt, ing ngriki topèngipun abrit, irung panjang, namanipun juragan Dhampuawang, dêdamêlipun camêthi. Thèthèk mèlèkipun namung satunggil, botên ngangge bronjong, nanging bungkus bagor. Topèngipun topèng Jaka Bluwe, ing panggenan sanès nama topèng Jaka Bodho, dêdamêlipun pêdhang kajêng. Thèthèk mèlèk wau wontên namanipun piyambak, kasêbut Jaka Lodra. Têmbung lodra punika lacutipun dados têmbung ludrug ingkang atêgês badhut. Dados Jaka Lodra inggih kasêbut Jaka Ludrug.

Milanipun Jaka Lodra wau namung mangangge bagor, supados cancingan, sagêd malajêng rikat kadosdene barongan. Margi tumrapipun dhatêng lare, Jaka Lodra wau ugi asring dipun wadani: ludrug, ludrug, utawi: badhut, badhut, makatên. Jaka Lodra ugi lajêng ambujêng kados pambujênging barongan ing nginggil.

Reyog wau ugi ngangge kapalan, kathahipun ugi nênêm kadosdene jaranan Panaraga. Nanging botên mawi rêrênggan kathah-kathah, namung sacêkapipun kemawon, borèh atal botên kantun. Dêdamêlipun ingkang kalih camêthi, ingkang kalih pêdhang kajêng, dene ingkang kalih malih sodor ing nginggil mawi jêmbul sêpêt, tabuhanipun kathah saminipun kalihan jaranan, nanging botên ngangge slomprèt, wêwah angklung kalih utawi tiga. Gêndhingipun Genggong utawi Jathilan, ungêlipun:

Kil kil pak, kil kil nong, kil kil gung, dang gên tak, dang gên gung. Dhung dhung tak, dhung dhung gung. Dhung dhung, dang gên tak gung. Dhung dhung, dang gên tak gung.

Têrkadhang dipun barung ungêling tiyang warni-warni, makatên: jaranan kramaleya, utang gaplèk nyaur tela, utang bêras nyaur lênga. Dhung dhung dang gên tak gung. Wontên malih makatên:

Kil kil buta cakil, ngêmut gula klèru pênthil (mêsthinipun krambil) ning nong, ning gung. Dhung dhung dang gên tak gung. Sanèsipun malih makatên: kil kil bêndha matêng, pakne jawil, bokne mêtêng. Ning nong, ning gung. Dhung dhung, dang gên tak gung. Tuwin tatsih[3] kathah malih. Nalika punika kapalan, [kapa ...]

--- 51 ---

[... lan,] Dhampuawang sarta ludrug sami anjogèd mlêtêr. Samantên wau sadaya manawi nuju kangge ngarak.

Manawi pancèn wêlingan, badhe kangge ngarak têrus katanggap manawi sampun dumugi ing papanipun ingkang dipun arak, rêrangkènipun dipun wêwahi, upaminipun wêwahan topèng saha adêgan, mêndhêt pêpundhèning tiyang ing Kêdhiri ngriku, kasêbut topèng Gunungsari utawi Mlayakusuma. Kanthi abdi nama Regol utawi Patrajaya. Pênthul kalihan Têmbêm ugi botên badhe kantun. Sadaya wau mirit saking arak-arakan sowanipun Arya Gunungsari dhatêng kadhaton ing Kadhiri.

Têtiyang kathah lajêng sagêd angyêktosi, manawi reyog sampun ngangge Gunungsari, mangke masthi badhe lajêng kebar manawi sampun dumugi ing papan panggenanipun ingkang nanggap. Tiyang lajêng sami rêbut dhucung pados papan badhe ningali, malah samăngsa arak-arakan sampun katingal cêlak, têtiyang sarta lare-lare wau sami surak ambal-ambalan, nandhakakên bingahing manah tanpa upami. Makatên ugi reyogipun, manahipun mongkog, nganam-anam ing manah, kadospundi pratingkahipun mangke murih damêl bingahipun para ningali tuwin kalêganipun ingkang gadhah griya.

Manawi sampun dumugi ing plataraning griya, kapalan langkung rumiyin ingkang kebar, akêkitêr sarta pêrangan kalih-kalih ngangge dêdamêlipun piyambak-piyambak. Salêbêtipun pêpêrangan wau, wontên ingkang kanyêngkan tandangipun, utawi pancèn kadamêl nyêngka, supados kalajênga andados. Yèn panuju wontên ingkang andados makatên punika, manahipun tiyang ningali, saya lare, sami giris, margi ing batos sampun ngintên bilih andadosipun wau saking kapanjingan ing dhêmit. Ing ngriku dhukun ingkang sampun pancèn kasadhiyakakên trangginas dhatêng, ambêkta kutug, pun andados kasikêp sarta dipun lolohi mênyan, wusana lajêng èngêt, nanging lêmês kados ical bêbayunipun. Sasampunipun dipun ombèni, sarta kaêmelan japa măntra ing dhukunipun wau, sawêg èngêt wangsul kados wingi uni.

Nuntên gêntos kapal sakawan ingkang kêkitêr. Botên dangu kapanggih kalihan barongan. Prajurit kapal sakawan ugi lajêng tumandang sarêngan mêngsah barongan wau, ngemba balanipun Arya Gunungsari ingkang kabegal ing sima wontên ing satêngahing wana. Barongan kinrubut ing kapal sakawan botên gigrig pisan, mangkrak krura andêkêpi kapal sakawan wau saking satunggal, ngantos têlas sadaya. Dados prajurit kapalan kawon.

Nutên[4] gêntos senapati pangiriding prajurit kapalan dhatêng, nama juragan Dhampuawang. Nalika ajêng-ajêngan kalihan barongan, sora wicantênipun makatên: Hèh, hèh, barang kang malang-malang ana ing têngahing dêdalan, kang nêdya gêndhak sikara, apa tunggak apa ta pancèn [pancè ...]

--- 52 ---

[... n] buron alas. Yèn tunggak mênênga, yèn buron alas obaha.

Barongan ebah kanthi thog thog nyaplok. Juragan Dhampuawang wicantên malih: Buron alas, kowe sumingkira, aku iki andhèrèkake gustimu Arya Mlayakusuma. Barongan gèdhèg, botên purun kesah. Dhampuawang nêpsu sarwi sêsumbar: Yèn kowe ora gêlêm sumingkir, katiban camêthiku kawat, mêsthi lêbur tanpa dadi. Lajêng pêrang, barongan kasabêt ing camêthi pêjah kapisanan.

Juragan Dhampuawang sangêt suka bingahing manah, nuntên badhe nglajêngakên lampah sowan ing ngarsanipun Arya Gunungsari. Nanging sarèhning sayah mêntas păncakara kalihan sima, ing batos badhe mantuk rumiyin, ngenggar-enggar manah ngiras pamit dhatêng bojonipun sadaya.

Bojonipun juragan Dhampuawang punika kathah, ingkang katingalakên ing lêlampahan ing ngriku kemawon sakawan, kasêbut bok pambajêng, panggulu, pandhadha lan waruju utawi wuragil. Nalika juragan wau dhatêng, bojo sadaya sami mêthukakên, kanthi dipun uran-urani Dhandhanggêndhis makatên:

Apyun Rêmbang candunira bèji / bakal kilang wijil sing Samarang / mori alus sêsaringe / bêdutanira pring tutul /[5] wijil saking ardi Wêwilis / garwanira sakawan / pan samya yu-ayu / bok pandhadha nglinting madat / bok panggulu lênthuk-lênthuk angladèni / bok wruju nênun limar //

Uran-uran makatên punika ing Surakarta ugi asring kula pirêngi, nanging radi gèsèh sakêdhik, makatên:

Apyun Rêmbang candunira bèji / bakal kilang wijil sing Samarang / mori alus sêsaringe / bêdutanira pring tutul /[6] wijil saking ardi Marapi / garwanira têtiga / pan samya yu-ayu / bok panêngah nglinting madat / bok wuragil lênthuk-lênthuk angladèni / bok sêpuh nênun limar //[7]

Kula nitik, uran-uran wau uran-uranipun Mangunonêng, nalika jaman Kartasura kabêdhah ing Trunajaya.[8] Mangunonêng wau angêbèki sadaya klangênan ing Kartasura. Dados ingkang lêrês ingkang pundi, kula botên sumêrêp. Nanging salah satunggalipun mêsthi mêthik dhatêng satunggalipun, wosing prêlu namung badhe kangge ngrêngga sênênging tiyang wayuh.[9]

Lajêngipun juragan Dhampuawang wau, sarèhning bok sêpuh botên kocap, sanalika muring-muring, gêdrug-gêdrug nangis anggriyêng. Juragan Dhampuawang dhatêng sarta takèn sababing tangis. [tangi ...]

--- 53 ---

[... s.] Bok sêpuh mangsuli sêngak, têmbungipun: Layak mawon maru kula padha siya-siya têng kula, wong sampeyan êmpun botên sudi têng kula kaya ngotên.

Juragan mangsuli takèn: Siya-siya kapriye. Wangsulanipun bok sêpuh: Napa lumrah, esuk-esuk kula tangi turu têrus têng pakiwan, barêng kula cewok, botên wêruh jêbul banyune diwori dhêplokan lombok rawit. Napa niku botên jênêng siya-siya. Lajêng nangis gêro-gêro, sambatipun: Êmpun, sampeyan bali mrika, kula ajêng golèk bojo liyane mawon.

Juragan Dhampuawang lajêng ngrêrapu, kanthi dipun uran-urani, ngantos bok sêpuh kèndêl anggènipun nangis, lajêng kêkanthenan tangan. Nuntên kamirêngan tangising bok panggulu, kanthi sosot andrêwili, ngundhamana dene sampun sêpuh botên nyêbut.

Juragan murugi, lajêng takèn sababing tangis. Wangsulanipun: Jajal ta napa tumon, kula nuju tata-tata ladèn kanggo sêdhiyan rawuh sampeyan, botên wêruh jêbul kula ditulup nganggo rawe têng si gêrang dhaplok niku, awak kula gatêle botên jamak, nganti pating barintul kaya bidhur. Lajêng bêngok-bêngok, nangis sarta sêsambat. Adhuh biyung, kaya ngene rasane wong momong maru iku. Aluwung aku minggat milu singkèk wae wis karuwan, nuntên dipun lêlipur ing juragan sarwi ura-ura kados ing nginggil wau.

Makatên salajêngipun gêntos-gêntos ingkang anggodha, bibar bok panggulu lajêng bok pandhadha, nuntên bok wuragil. Sarêng sampun bok wuragil, sakawan pisan sêsarêngan nangis, ngundhamana nosot-nosotakên juragan, juragan bingung, lajêng nangis. Nanging mêksa botên dipun tulung, milanipun lajêng nglalu badhe ngêndhat sarana anggantung utawi nyêmplung sumur, bojonipun ngrojongi, juragan wicantên: Yèn aku mati, kowe arêp ngèngèr sapa. Sadaya mangsuli badhe laki sanèsipun malih. Juragan wicantên: Yèn mangkono, iya ora sida ngêndhat bae, eman-eman, bojoku ayu kabèh, mêngko mundhak dipèk ing uwong.

Sarêng sampun wicantên makatên, tabuhan mungêl gêndhing êmplèk-êmplèk kêtêpu, dipun sindhèni ing juragan kalihan bojonipun sadaya, ungêlipun: Plèk-êmplèk kêtêpu, wong lanang golèka kayu... Wala wayah, golèk pisan. Wala wayah, golèk pisan... Lamun golèk wong lanang tak aja mènèk,... wala wayah, mènèk pisan. Wala wayah, mènèk mènèk pisan... Lamun mènèk wong lanang tak aja tiba... Wala wayah, tiba pisan. Wala wayah, tiba tiba pisan... Lamun tiba wong lanang tak aja lara... Wala wayah, lara pisan. Wala wayah, lara lara pisan... Lamun lara wong lanang tak aja [a ...]

--- 54 ---

[... ja] mati... Wala wayah, mati pisan. Olelo, mati pisan,... Olelo, mati pisan... Lamun mati wong lanang tak tinggal laki... Wala wayah, urip manèh... Wala wayah, urip manèh... Lamun urip wong lanang golèka dhuwit.

Dumugi samantên lajêng kèndêl, juragan têrus pamitan badhe sowan gustinipun Radèn Gunungsari.

Santun Radèn Gunungsari utawi Arya Mlayakusuma, putra ing Kadhiri mêdal kadhèrèkakên abdi kêkasih nama Regol utawi Patrajaya. Punika langkung dangu malih, margi wiwitan sami anjogèd gêndhing Gunungsari sarta gêndhing sanès-sanèsipun malih, nuntên nyariyosakên kaandhêg ing para èstri ingkang sami kedanan, lajêng lêlucon kalawanan Patrajaya wau. Bab punika ing ngriki botên badhe kula wijang, margi kapanjangên sangêt. Ing benjing kemawon bok bilih tumbuking prêlu, kula kapêksa ngandharakên ringgit gêdhog ingkang kalampahakên ing topèng, bokmanawi bab punika ugi katut, margi mungguhipun pancèn kagandhèng kalihan cariyos bab topèng.

Bakda Gunungsari, nuntên santun Pênthul lan Têmbêm. Punika ugi lucon ingkang nglangkungi tinimbang Regol utawi Patrajaya wau. Saking sangêting lucu, ngantos tiyang kathah sami kakên wangipun, margi tanpa kèndêl anggènipun gumujêng. Dados wosipun namung kangge mancing manahing tiyang, murih kathaha ingkang purun nanggap. Sayêktosipun cariyos Pênthul Têmbêm wau ugi kagolong dhatêng topèng. Prayoginipun ugi kula sarèhakên kemawon langkung rumiyin, ing benjing manawi tumbuk kalihan wêktunipun kêdah-kêdah kula ngarang topèng, ing ngriku ugi badhe pinanggih.

Pancènipun prakawis lucon punika tumraping Pusaka Jawi badhe ngêbak-êbaki papan, nanging inggih kadospundi malih, tiyang ingkang dipun kajêngakên inggih sadayaning têtingalan Jawi ingkang baku, masthi kemawon prakawis lucon ugi katut. Ewadene kula mêksa nyarantosakên, kadospundi ingkang dados kêrsanipun Pusaka Jawi wau.

3. Emprak ing Blora

Sayêktosipun kula dèrèng têrang dhatêng wontênipun emprak ing Blora punika, liripun emprak ing Blora ingkang salugu ing ngrikanipun. Anggèn kula purun ngandharakên punika namung wêwaton ingkang kula sumêrêpi kemawon, inggih punika emprak Blora barangan ingkang dumugi ing Caruban bawah Madiun.

Emprak wau kawujudakên tlèdhèk èstri, wêwangunan kadosdene tlèdhèk ing dhusun, bangsaning srandhul ing Ngayogyakarta, kajawi tlèdhèk ugi kakanthenan badhut, ingkang măngka dados lêlawananing tlèdhèk wau. Gangsanipun gong gumbêng, sarta angklung sarancak. Manawi dipun ungêlakên, sadaya gêndhing ingkang kasar-kasaran [kasar- ...]

--- 55 ---

[... kasaran] kemawon inggih cêkap ngangge angklung wau.

Emprak wau sanajan nama barangan, ewadene wontên ingkang măngka kangge pêpêthingan. Têgêsipun, manawi namung katanggap panuju ambarang, ingkang katingalakên namung jogèd sarta gêndhinging tlèdhèk kemawon. Trêkadhang dipun sêlani badhut lêlucon, trêkadhang tlèdhèk sêsarêngan kalihan badhutipun. Nanging manawi katanggap sadintên upaminipun, pun emprak ugi lajêng ambêkta sapraboting têtingalan ingkang kangge pêpêthingan wau. Murih sagêd têrang sawatawis badhe kula jèrèng ing ngandhap punika:

Emprak ingkang kula tingali punika ingkang dados têtunggulipun nama ketong, jalêr èstri, ingkang jalêr dados badhut, èstrinipun dados tlèdhèkipun. Sakawit, tlèdhèk ingkang anjogèd rumiyin, solahbawa tuwin pratingkah nêniru lêlampahaning tiyang dhusun, kados ta dhatêng pêkên, bakulan, tanêm pantun ing sabin ngantos ngênèni, ngantos dumugi pacêklik nêdha samukawis ingkang kenging katêdha. Ingkang kacariyosakên ing ngriku patraping andhudhuk gadhung, ngrêsiki, ngolah, nêdha, ngantos dumugi mêndêm gadhung. Gêndhingipun Mandhoplang.

Pun badhut sêsarêngan kalihan tlèdhèk wicantên makatên: Pak Dhoplang, kadipundi solahe wong dhudhug gadhung Pak Dhoplang... Badhut mangsuli: Gih mêkotên, Mak Dhoplang. Gih mêkotên, Mak Dhoplang... Anggènipun wicantên makatên punika kanthi pratingkah kadosdene patraping tiyang nyelog. Punika ugi kalampahakên tiyang kalih badhut kalihan tlèdhèk.

Salajêngipun nuntên wicantên: Pak Dhoplang, kadipundi solahe wong ngumbah gadhung, Pak Dhoplang... Wangsulanipun: Gih mêkotên, Mak Dhoplang. Têrus makatên gêntos-gêntos ingkang dipun takèkakên, urut-urutan kados ta: ngoncèki, ngirisi, ngadoni, ngêpe, adang, nêdha, mêndêm. Nalika mêndêm gadhung wau kajawi solah kadosdene tiyang mêndêm saèstu, ugi mawi sambat ngaruara kados makatên: Dhuh lae, kaya ngene patrape wong ora duwe, sadina-dina mung ramban bae, pangane sarwa sapele.

Bibar mêndêm, lajêng tangi, taksih nglajêngakên pitakèn: Pak Dhoplang, kadipundi solahe munjung maratuwa, Pak Dhoplang... Wangsulanipun: Gih mêkotên, Mak Dhoplang... Lajêng têrus lumampah, bibar.

Sapunika gêntos badhut ingkang ngebarakên kagunanipun. Bakda jêjogedan mawi palêndhungan cangkêm lan padharanipun, nuntên dipun bănda, ngangge tampar ingkang panjang sangêt. Tampar wau kangge nalikung tanganing badhut ngantos mubêt botên kantênan. Lajêng kagubêdakên malih dhatêng badan dumugi suku, ngantos kados dipun srimpung. Pun badhut botên sagêd ebah, margi badanipun sakojur kêbak tangsul. Milanipun lajêng sambat-sambat angaruara. Têmbungipun [Têmbungi ...]

--- 56 ---

[... pun] makatên: Adhuh biyung, lêlakon dene ora pêdhot-pêdhot, tansah sangsara bae sajêge urip.

Botên dangu wontên tiyang dhatêng ambêkta kurungan sawung, sampun dipun lurupi sinjang, kakurungakên ing badhut ingkang sambat wau, kangge ngibaratakên kunjara. Tlèdhèk anjogèd, solah lan gêndhingipun kadamêl mêlas, tansah ngubêngi kurungan sarwi nangis, sambat-sambat makatên: Wong lanang, abot têmên gonmu duwe wajib ngingoni awakku iki, nganti nêmoni kang ora-ora mangkono. Aku ora ujar ora kaul, yèn bisa ucul tak gandhèng saparan-parane. Kados makatên ambal-ambalan.

Sawatawis dangunipun, kurungan mumbul, pun badhut inggih pun Ketong wau mêdal, pulih kados waunipun, tangsul ucul, kantun wontên ing kurungan. Nuntên sami kêkanthenan sêsêndhonan ngatingalakên suka bingahing manah. Ingkang anggumunakên punika ing sasolahbawa têka sagêd têmên damêl trênyuhing manahipun para ningali. Nalika nglampahakên mêmêlas wau, kathah tiyang ingkang tumut nangis, ngantos carocosan êluhipun.

Nuntên santun tingalan malih, inggih punika pun Ketong dipun tindhihi lêsung. Ketong wau mangkurêp, lèmèkipun goni, ngangge bantal satunggil. Ing nginggilipun dipun tindhihi lêsung, lajêng wontên tiyang sakawan ingkang anggêntang ambal-ambalan. Tlèdhèkipun ngubêngi mawi sambat-sambat sarta nangis, têmbungipun: Gèk dosane bae apa wong lanang, kowe kok nganti diukum katutu mangkono iku. O, wong lanang, yèn kowe kabanjur mati, tak belani. Nanging yèn ora dosa, muga-muga puliha kaya kang uwis.

Nalika punika wontên badhut malih ingkang dhatêng, umak-umik kados matêk măntra, makatên ungêlipun: Japa măntra iya japaku, setan lêlêmbut kang ambaurêksa bantunên aku, tulungana sadulurku, aja kabanjur mati ditutu. Angin-angin, banyu-banyu, padha enggala têka, dhongkèlên lêsung iku, byang byang grembyang, Si Ketong ora barang-barang.

Nalika badhe têlas wicantênipun ingkang mindha dhukun wau, têtiyang sakawan ingkang anggêntang sami sumingkir ambêkta alunipun, botên dangu lêsung ambrengkal piyambak, kabrengkal ing badhut pun Ketong wau. Têtiyang kathah sami gumun, ngintên bilih japa măntra ingkang anjalari wêwahing kêkiyatanipun pun Ketong, ngantos kuwawi ambrengkal lêsung.

Nuntên gêntos badhut satunggilipun ingkang ngebarakên kagunan. Kagunanipun wau saèmpêr kadosdene sulapan makatên. Ing sakawit badhut wau mêdal sarwi anjogèd, bêbêdan mawi rasukan kotang, rambut kadhal mènèk, ngangge jungkat singat maesa malêngkung. Sadangunipun anjogèd, jungkatipun dipun pêndhêt, kaêmut, sanalika ical, dha- [dha ...]

--- 57 ---

[... -] [Grafik]

Kapalan ing Kadhiri (Blitar). 1. Barongan, 2. Thèthèk mêlèk ngangge topèng, 3. Celengan (têtironing cèlèng).

[Grafik]

Kapalan ing Kadhiri (Blitar). 1. Kapalan cacah: 6 iji, 2. Gambuh, tukang nyuwun manawi wontên ingkang dados.

[Grafik]

Tabuhan kapalan ing Kadhiri (Blitar). 1. Slomprèt, 2. Kêndhang, 3. Kêthuk, kênong, 4. Gong kêmpul.

--- 58 ---

têng pundi purugipun tiyang botên sumêrêp. Namung kemawon pun badhut lajêng andhawah, bêkah-bêkuh, tanganipun klawe-klawe, kados nêdha dipun sukanana punapa-punapa. Nuntên wontên ingkang dhatêng, ambêkta kêndhi isi toya. Tiyang wau sêmunipun dhukun, katăndha sarêng cêlak, lajêng mamah mênyan, mawi umak-umik ngêmèlakên japa măntra, saking cariyosing tiyang ungêlipun makatên: Sun watak ajiku si sèpi angin, angin-angin prahara anggawa udan, udan sumêntor anggontor kang malang-malang, lêbur luluh kang malang kentas kaya bêbalang, mêtu mrucut lêlêmbut ora ana kang ngarubiru.... Satêlasing êmèl punika, mênyan mamahan lajeng kasêmburakên dhatêng êmbun-êmbunaning tiyang ingkang bêkah-bêkuh sarta galangsaran wau. Nuntên mamah mênyan malih, êmèlipun dipun ambali makatên: Banyu kêndhi asale saka sêndhang pêpitu, sun japani sun mantrani, olèh sawabe kang tunggu sêndhang bisaa dadi lantaran mulyaning kang nandhang papa iki... Mênyan lajêng kasêmburakên ing bolongan sirahing kêndhi, nuntên kaombèkakên.

Pun badhut sasampunipun ngombe kathah sawatawis, lajêng balukekan kados badhe luntak, dumadakan tanganipun sampun nyêpêngi pucuking jungkat, saèmpêr kados andudut jungkat wau saking cangkêm, ngangkah-angkah sangêt sampun ngantos ngrisakakên gurung wangunipun, margi saperanganing jungkat taksih kantun ing salêbêting gurung. Dangu-dangu jungkat kenging kapêndhêt, wilujêng botên mawi ngêdalakên êrah. Lajêng jêjogedan, ing sêmu kados ngenggar-enggar manah, margi saking sampun ical mêmalanipun, sagêd ngicalakên jungkat saking nglêbêting padharan. Sawatawis dangunipun anggèning jêjogedan sinambi ngêlus-êlus padharan sarta gulunipun, lajêng bibaran.

Kados makatên pratingkahing emprak Ketong anggènipun ngebarakên kagunan bangsaning sulap wau. Nanging sanajan sulapa pisan, gumun kula dene tiyang kathah ingkang sami ningali wau, satunggal kemawon botên wontên ingkang sumêrêp bilih punika damêlan.

Prasabênan Saking Administrasi

Administrasi tumuntên badhe ngintunakên tagihan rêginipun Pusaka Jawi lumantar pos (pos, kwitansi):

Ha. Katur para lêngganan lami tagihan 15 wulan, tumănja rêginipun Pusaka Jawi wiwit wulan Oktobêr 1925 dumugi Dhesèmbêr 1926 (taun IV karangkêp kalihan taun V dening katanggêlan namung 3 wulan).

Na. Katur para lêngganan enggal tagihan sataun, tumănja rêginipun Pusaka Jawi taun 1926 (taun V). Kauningana.

Administrasi.

--- 59 ---

[Grafik]

Innalillahi wa inna ilaihi rajingun

Nalika dintên Sênèn Wage kaping 1 Pèbruari 1926, wanci jam 8 enjing, Mas Ngabèi Prajapustaka, panèwu garap kapatihan Surakarta ingkang sampun pènsiun atilar donya, dumugi umur 86 taun (taun Jawi).

Para maos bokmanawi kathah ingkang katambêtan dhatêng Mas Ngabèi Prajapustaka wau. Mas Ngabèi Prajapustaka băngsa Jawi ingkang marsudi kasusastran Jawi, kathah sêrat-sêrat anggitanipun piyambak ing bab kasusastran Jawi, tuwin cariyos gancaran, punapadene sêrat anggitanipun sarjana sujana ingkang kawêdalakên, sarta sumêbar ing ngakathah. Sêrat anggitanipun piyambak: Paramabasa, Urapsari, Warnabasa, Têmbung Bêcik, Rangsang Tuban, Tatacara, Pathibasa, Hariwara, sarta taksih wontên panunggilanipun malih. Ingkang dede karanganipun piyambak: Sêkar-sêkaran, Buratwangi, sarta sapanunggilanipun malih taksih kathah, punika ingkang ngêdalakên Mas Ngabèi Prajapustaka. Nguningani dhatêng sêrat-sêrat punika, panjênêngan bokmanawi lajêng têrang sintên Mas Ngabèi Prajapustaka punika, ing ngajêng nama Mas Ngabèi Wirapustaka, saha nalika taksih mardika nama Ki Padmasusastra.

Nuwun, rêdhaksi angsal pêpêthikan nitikipun Mas Ngabèi Prajapustaka, kados ing ngandhap punika:

Mas Ngabèi Prajapustaka trahing Kartiyasa, dene salasilahipun saking jalêr dumugi Mataram:

Panêmbahan Senapati apêputra:

Nyai Tumênggung Mayang, apêputra:

Kyai Tumênggung Wiraguna (Lara Mêndut), anak-anak:

Kyai Ănggayuda. Kacariyos saking ajrihipun dhatêng băngsa Walandi, kesah saking Mataram, adhêdhukuh ing dhusun Wantil (Klathèn) anak-anak:

Kenthol băngsa truna, anak-anak :[10]

--- 60 ---

Kyai Băngsayuda, panglawe ing dhusun Ngaran, anak-anak:

Kyai Ngabèi Băngsayuda, lajêng nama Ngabèi Sindupraja, panèwu gêdhong kiwa, anak-anak:

Ngabèi Kartadirana, lajêng nama Ngabèi Băngsayuda, anak-anak:

Ki Padmasusastra.

Salasilah Saking Èstri

Kangjêng Pangeran Adiwijaya (seda Kaliabu).

Anakipun Ki Padmasusastra namung kalih jalêr èstri.

Jaman alitanipun Mas Ngabèi Prajapustaka dèrèng jaman pamulangan, nanging wiwit ngumur 6 taun sampun pinardi ing sastra dhatêng bapakipun, dumugi ngumur 9 taun sagêd maos sarta nyêrat Jawi tuwin Malayu (Latin), jaman samantên dados pangeram-eram tuwin adamêl gawoking ngakathah. Umur 9 taun wau dipun sèlèhi kalênggahaning bapa dados mantri gêdhong kiwa nama Ngabèi Kartadirana, dipun parabi: Gus Bèi.[11]

Ngumur 19 taun minggah pangkat dados mantri sadasa (panèwu jaksa nèm), nama Ngabèi Băngsayuda, salajêngipun kapêthik nyambut damêl wontên ing kantor kapatihan. Wasana sarêng sampun sawatawis taun minggah dados panèwu jaksa gêdhong kiwa nama Ngabèi Kartipradata. Watawis ngumur 42 taun, kèndêl anggèning dados abdi dalêm, dados tiyang mardika, nama Ki Padmasusastra.

Samantên Ki Padmasusastra dipun kanthi tuwan van der Pant guru ing pamulangan Gimnasiyum, ing Batawi, kapurih nênuntun tètèhing pakêcapan Jawi, sasaminipun ing bab basa Jawi. Wiwit samantên Ki Padma alihan agêgriya ing Batawi, sarta lajêng sagêd sêsrawungan kalihan para sarjana băngsa Eropah. Awit saking punika katêtangi manahipun marsudi basa Jawi. Brêkating tabêri sarta talatos ing pangudinipun, kasambadan ing sêdya lajêng sumêrêp dhatêng alang ujuring basa Jawi.

Ingkang kaping kalih Ki Padmasusastra dipun kanthi dhatêng tuwan Waalbheem wasana dipun kanthi tuwan de Nooij. Nalika tuwan de Nooij prêlop dhatêng nagari Walandi, Ki Padmasusastra kaajak. Wontên ing nagari Walandi Ki Padmasusastra kirang jodho hawanipun, kasrêpên, lajêng kacandhak ing watuk, mila botên dangu enggal mantuk dhatêng tanah Jawi. Eman sangêt namung sabrèbèt durèn wontên ing nagari Walandi.

Wangsulipun saking nagari Walandi, Ki Padmasusastra lajêng têtêp mantuk dhatêng Surakarta. Wiwit titimasa punika, Ki Padmasusastra lajêng malêbêt dhatêng pabarataning jurnalis, dados juru ngarangipun Sêrat Kabar Jawi Kandha, kala samantên katingal rame jagading sêrat kabar. Kajawi dados juru ngaranging sêrat kabar, inggih ngêdalakên sêrat warni-warni, anggitanipun piyambak, sawênèh

--- 61 ---

anggitanipun sarjana sujana ingkang inganggêp dados dwijawaranipun, kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil. Sêrat-sêrat anggitanipun Ki Padmasusastra piyambak sami gancaran, dening rumaos dhatêng ikêtan kidung kirang, namung tumindak, botên timbang kalihan ikêtanipun gancaran, pancèn ngrumaosi botên kadhasaran dhatêng kidung.

Nalika Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat ingkang kaping IV (sumare ing Imagiri) yasa biblotik[12] winastan Radyapustaka (ing taun 1899) ingkang tinanggênah nyêpêng Ki Padmasusastra, kapangkat mantri. Wiwit samantên Ki Padmasusastra wangsul dados abdi dalêm malih, kapatêdhan nama Ngabèi Wirapustaka. Kajawi nglêmpakakên sêrat, tuwin ngimpun kawruh-kawruh Jawi, samantên awit saking usulipun Mas Ngabèi Wirapustaka, Radyapustaka ngêdalakên tid sêkrip Jawi, ngêwrat kawruh-kawruh Jawi nama: Sasadhara kalihan Căndrakapta,[13] ingkang dados juru ngarang inggih Mas Ngabèi Wirapustaka. Sarta ing pawingkingipun ingkang kawêdalakên piyambak: Waradarma. Sasadhara sêrat kabar wulanan Jawi ingkang rumiyin piyambak, kapetang dados kadang sêpuhipun Pusaka Jawi.

Nalika taun 1920 minggah pangkat dados abdi dalêm panèwu garap, kapatêdhan santun nama: Ngabèi Prajapustaka. Mas Ngabèi Prajapustaka sampun sêpuh yêktos, kêkiyataning badan suda kathah sangêt, nanging katabêrènipun nyêrat botên suda, pamanahipun dhatêng basa Jawi botên kêmba. Awit saking taksih kangge ing damêlipun, măngka kagalih sampun rakaos ing lampah, nagari paring parimarma kalilan botên sowan, kadhawuhan nyambut damêl ing griya. Salêbêtipun taun 1924, Mas Ngabèi Prajapustaka nandhang sakit rêkaos, winimbasara dhatêng putu-putunipun ingkang sami dados dhoktêr. Kabêkta saking sampun lungse ing umur, sarêng sampun saras, sampun botên sagêd tumindak nyambut damêl, saking kaparêngipun nagari lajêng kapènsiun. Dumugi tilar dunyanipun wau botên wontên antawis sangêtipun.

Karangan têtilaranipun Ki Padmasusastra mèh sadaya nuju kabêtahaning ngakathah. Dene ingkang pinèngêtan ingkang dados têtunggulipun:

1. Bausastra Jarwa Kawi, nisihi Bausastra anggitanipun tuwan C.F. Winter (kaudhal sarta kawêwahan saking sêrat Kawi warni-warni).

2. Encyclopedie Jawi kawrêdenan Jawi, kanamakakên: Bauwarna, emanipun sawêg kaêcap 1 jilid, aksara: ha, kaping kalihipun dene dèrèng angsal biyantunipun para sarjana sujana. Ansiklopèdhi dede yasan climèn-climenan, sagêdipun samêkta dados primbon, sarta botên mangsulakên pitakenan, kêdah kaêmbat ing para sarjana awarni-warni golongan.

3. Ucal-ucalan Bausastra Jawi Gericke c.s. kawrêdenan basa Jawi, calon dados Bausastra Jawi-Jawi, ingkang dados pangajêng-ajênging ngakathah. [ngaka ...]

--- 62 ---

[... thah.] Emanipun dèrèng ngantos rampung, sawêg dumugi aksara: nya, nuntên ginanjar sakit, kalajêng botên sagêd anglajêngakên.

Ki Padmasusastra anggèning kapatêdhan santun nama Mas Ngabèi Prajapustaka dèrèng nama lami, anggitanipun sami kalajêng kacirenan nama lami, mila ing wingking aruming nama anggèning dados sêsuluhipun basa Jawi, kaangge sêkar lathinipun para marsudi basa Jawi, kasêbut Ngabèi Wirapustaka, utawi Ki Padmasusastra.

Redhaksi.

Kultur (Cultuur) Suraosipun Punapa

Karangan ing ngandhap punika sêsorah, ingkang kula andharakên nalika parêpatanipun Yapha Insêtitut (Java Instituut), pang ing Ngayogyakarta nalika 15 Dhesèmbêr 1925.

Sadèrèngipun kula nglairakên ingkang dados gagasaning manah kula bab kultur utawi kabudayan, kula ngaturakên gênging panuwun rumiyin dhatêng pangrèh Yapha Insêtitut, pang ing Ngayogyakarta anggènipun ngarsakakên sêsorah kula ing dalu punika. Pancèn ngrêmbag prakawis kultur punika gawat sangêt, ingkang rumiyin dhatêng pakêmpalan Yapha Insêtitut piyambak ingkang maksudipun anggêgêsang tuwin ngajêngakên kultur Jawi. Ing dalu punika ingkang kula tuju namung nêrangakên utawi ngandharakên punapa suraosipun têmbung kultur tuwin sapintên ajinipun dhatêng ing gêsangipun manungsa. Amargi sakathahing kawontênan, sawarnining barang utawi sawarnining pikiran sarta raos ing jagad, ajinipun namung gumantung dhatêng daya sagêdipun ngindhakakên lair tuwin batosing manungsa. Kultur punika yêyasanipun manungsa piyambak, amargi ingkang Murbèng Gêsang punika nitahakên manungsa mawi dipun paringi daya warni-warni, supados manungsa sagêda ngindhakakên kawruhipun sarta kasagêdanipun. Kajawi punika wontên prakawis ingkang agêng malih ingatasipun kultur. Ing alam donya punika sampun têtela sangêt, bilih wontên kultur warni-warni. Botên namung sagêd ambedakakên kultur ing tanah kilenan kalihan ing tanah wetanan. Ing tanah Eropah piyambak upaminipun kultur Inggris kalihan kultur Walandi sampun gèsèh sangêt, sanadyan ta inggih kathah ingkang sami. Pangraos ingkang makatên punika nukulakên gagasan sanèsipun malih, inggih punika kultur warni-warni wau ugi nandhakakên bilih watêkipun băngsa punika warni-warni, ingkang damêl kultur warni-warni punika. Punika dados prakawis ingkang agêng. Sabab punapa. Amargi tiyang punika ing salêbêtipun batos wontên wijinipun ingkang sae lan wontên wijinipun ingkang awon. Wiji-wiji wau lajêng nuwuhakên kultur. Salah satunggal kulturipun băngsa punika kenging kaanggêp kadosdene darsana utawi kacabênggalaning pamanahanipun băngsa wau. Dados liripun anggèn kula ngrêmbag kultur Jawi punika, botên têka namung ngangkah supados ingkang [ing ...]

--- 63 ---

[... kang] sami mirêngakên sagêda sênêng ing galih kemawon. Sêdya kula sadaya wau supados kula sadaya sami angsala manah padhang, waspada dhatêng ingkang sae tuwin dhatêng ingkang awon, punapa malih sagêda nyirnakakên ingkang awon sarta nglêlêma dhatêng ingkang sae.

Pancèn dèrèng lami rêmbag bab prakawis kultur, kalihan kultur Jawi anggènipun dados sêkar lathi. Kirang langkung sawêg sadasa taunan sapriki. Sampun tamtu kemawon punika wontên sababipun, jalaran ing jagad punika: botên wontên ingkang kalampahanipun tanpa sabab, manawi sabab-sababipun ingkang alit-alit botên badhe kula aturakên. Pandugi kula punika wontên sababipun tigang prakawis ingkang agêng. Ingkang sapisan gonjingipun tiyang pribumi (Inlandsche beweging), kirang langkung sawêg kalih dasa taunan sapriki. Rumiyin-rumiyin tiyang Jawi botên ebah, sanajan rumaos apês sarta dhawah ing wingking, namung ngêntosi dumadosing dhumawahipun takdiring Pangeran kemawon, botên tumandang ngupados rekadaya kangge andandosi gêsangipun utawi ambangun enggal ingkang sampun kapanduk karisakan. Sarêng sampun anglilir utawi tangi manahipun lajêng kataman ing pangajêng-ajêng enggal, ingkang nuwuhakên grêgêt sarta adrênging manahipun. Wiwit nalika gonjing punika kathah tiyang Jawi ingkang sami èngêt malih dhatêng ingkang dados wêwatoning gêsangipun, purun sêtiyar supados widada ing gêsangipun. Ewasamantên wiwitanipun bab ngrêmbag kultur punika dèrèng patos rame, ingkang dipun bujêng rumiyin namung bab ingar-ingêring praja sarta bab pangupajiwaning gêsangipun (economisch). Ingkang dipun wastani: Javaansche cultuurbeweging (ngudi dhatêng kabudayan Jawi) dèrèng wontên, taksih sirêp kemawon. Gonjinging tiyang pribumi ingkang wiwitan namung minăngka panggugah, ada-ada marsudi dhatêng kabudayan Jawi. Liripun manawi badhe têtruka inggih kêdah ambabadi rêrumbakan utawi rêrungkudan rumiyin.

Wondene sababipun ingkang kaping kalih, pêrang agêng: Bratayuda ing tanah Eropah. Băngsa Eropah ingkang sami pêpêrangan punika niyatipun badhe ngangkah têluking mêngsahipun sarana dêdamêl ingkang anggêgirisi. Punika botên namung pêpêrangan ngangge dêdamêl ingkang wujud sanjata kemawon, kados ta: mriyêm, gutuk (bom), montor mabur utawi baita silêm, malah ingkang sangêt margi sulayanipun bab pamanggih prakawis kabudayan. Para juru ngarang sarta para sagêd Prancis, Jêrman, Inggris sami damêl sêrat utawi sêrat ibêr-ibêr, suraosipun mratelakakên bilih kadadosanipun prang punika botên saking rêbatan arta utawi panguwasa, sayêktosipun namung margi saking bedanipun kabudayanan. Wontên tiyang ingkang mastani: manawi kabudayan Jêrman punika kabudayan ingkang asor utawi awon, kêdah dipun sirnakakên babarpisan. Makatên ugi kosokwangsulipun. [koso ...]

--- 64 ---

[... kwangsulipun.] Wiwit kala samantên botên namung para sagêd utawi para sarjana kemawon, dalasan tiyang limrah inggih wiwit sami ngraosakên bab kabudayan dalah suraosipun. Têmbung kabudayan (kultur) punika lajêng dados rêmbagipun tiyang kathah. Inggih sumarambah dhatêng praja pundi-pundi ing sajawining tanah Eropah, ngosikakên manahipun tiyang, rumasuk ing batosipun.

Kabêkta saking punika, manahipun tiyang-tiyang ing ngriki inggih ebah, sabab katarik ing gagasan bab kultur utawi kabudayanipun piyambak. Rêmbag ingkang rame wontên ing tanah Eropah punika nuwuhakên pangraos, bilih kultur punika dados musthika minulya utawi sêsotya adi tumrap salah satunggaling băngsa, botên wontên ingkang mapaki utawi nyamèni. Pamanggih ingkang makatên wau sagêd nular dhatêng pundi-pundi, tanah Jawi inggih katularan, ngeblatakên manahipun tiyang dhatêng kultur sarta dhatêng ajinipun kultur.

Ing nginggil wau kula sampun matur, manawi wontên sabab tigang warni ingkang agêng. Dene kaping tiganipun punapa. Para priyantun sampun botên kêkilapan, bilih sampun langkung sèkêt taun sapriki, wontên sarjana Walandi ingkang ngêpêng mrasudi dhatêng sêrat-sêratipun tiyang Jawi, sêrat-sêrat kina tuwin enggal, sarta dhatêng patilasan kina-kina, kados ta: candhi-candhi, rêca-rêca, blebekan têmbagi utawi dhawuhing para ratu ing jaman kina sapanunggilanipun. Sang pinunjul ing jagad punika tuwan Prophesor Kèrên (Kern) kalihan muridipun anama Tuwan Dhoktêr Brandhês (Dr. Brandes). Kabêkta saking pasinaon wau lajêng wontên sêrat Jawi Kina radi kathah ingkang kagiyarakên mawi dipun têrangakên gênah. Dados sapunika sabên tiyang ingkang têmên-têmên badhe ngrêtos dhatêng kasusastran Jawi Kina, marginipun sampun sadhiya.

(Wontên sambêtipun).

H. KRAEMER.

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- 65 ---


4. (kembali)
4.
sakêdhik. (kembali)
sakêdhik.
taksih. (kembali)
taksih.
Nuntên. (kembali)
Nuntên.
Lebih satu suku kata: bêdutannya pring tutul. (kembali)
Lebih satu suku kata: bêdutannya pring tutul.
Lebih satu suku kata: bêdutannya pring tutul. (kembali)
Lebih satu suku kata: bêdutannya pring tutul.
§ Wiwit pada kaping pitu limrahipun makatên: samya ayu-ayu, bok tuwa anênun limar, bok panêngah sêngklèh-sêngklèh angladèni, bok nom glintiri (nyuwili) madat. (kembali)
§ Wiwit pada kaping pitu limrahipun makatên: samya ayu-ayu, bok tuwa anênun limar, bok panêngah sêngklèh-sêngklèh angladèni, bok nom glintiri (nyuwili) madat.
§ Ingkang kabêdhah ing Trunajaya: Mataram, dede Kartasura. (kembali)
§ Ingkang kabêdhah ing Trunajaya: Mataram, dede Kartasura.
§ Uran-uran punika wontên ingkang mastani nyăndra kamuktènipun Radèn Lokajaya, pawingkingipun jumênêng wali jêjuluk Sunan Kalijaga. (kembali)
§ Uran-uran punika wontên ingkang mastani nyăndra kamuktènipun Radèn Lokajaya, pawingkingipun jumênêng wali jêjuluk Sunan Kalijaga.
10 § Kenthol punika sêsêbutanipun trahing băngsa luhur, utawi Kartiyasa ingkang kaplêsit, sapunika ingkang taksih ngangge sêsêbutan wau ing tanah Bagêlèn. (kembali)
§ Kenthol punika sêsêbutanipun trahing băngsa luhur, utawi Kartiyasa ingkang kaplêsit, sapunika ingkang taksih ngangge sêsêbutan wau ing tanah Bagêlèn.
11 § Taksih alit, pantês angsal sêsêbutan bagus, sampun dados ngabèi. (kembali)
§ Taksih alit, pantês angsal sêsêbutan bagus, sampun dados ngabèi.
12 bibliotik. (kembali)
bibliotik.
13 Căndrakanta. (kembali)
Căndrakanta.