Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-06, #341

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-06, #341. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1926-06, #341. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi
Citra

Ăngka: 6, Juni 1926. Taun V

Pusaka Jawi

Wêdalipun sabên wulan. Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda

Sêrat-sêrat panjurung isinipun sêrat wulanan punika dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta.

--- [0] ---

Isinipun Pusaka Jawi Ăngka 6.

1. Wawasan bab Basa Jawi, 2. Kyai Danauda, 3. Ma. Păncadurta, 4. Mahabarata (sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 5).

[Iklan]

--- 81 ---

Ăngka: 6, Juni 1926. Taun V

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi: Laan Wiechert 13 Weltevreden.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20.- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan asal sudan.

Wawasas[1] Bab Basa Jawi

Kala kina-kinanipun basa Jawi punika dede basa ingkang luhur. Inggih lêrês sawênèh mastani bilih lêlampahan ing alam donya punika kenging kaupamèkakên sêkar. Sêkar punika wiwitanipun alit, saya dangu saya agêng, mêkar lajêng anggègrègi. Ananging mênggah ing basa Jawi pêpindhan punika kirang mathis. Basa Jawi punika kula upamèkakên tiyang lumampah ing tanah parêdèn, wontên kalanipun minggah, saya dangu saya inggil ngantos dumugi ing pucak, lajêng mandhap, sarêng sampun dumugi ing ngandhap lajêng wiwit minggah malih.

Kala saantawisipun taun 100-200 tanah Jawi wiwit kadhatêngan băngsa Hindhu. Mênggah băngsa wau dhatêngipun saking tanah Hindhustan sisih kidul. Nalika samantên băngsa wau kasagêdanipun ing bab punapa kemawon langkung inggil katimbang băngsa Jawi. Langkung malih bab agami. Mila băngsa Jawi inggih lajêng kathah ingkang manut. Botên namung bab agami, tatacara saha kasagêdan ingkang dipun ênut, dalah basanipun pisan ugi dipun tiru. Kathah têmbung-têmbung ingkang sapunika dipun akên dados gadhahanipun, ananging sajatosipun asal saking têmbungipun tiyang Hindhu. Mênggah basanipun tiyang Hindhu wau dipun wastani basa Sangsêkrita. Basa Sangsêkrita wau kathah ingkang kasrambah ing basa Jawi, langkung malih ing sêrat-sêrat ingkang ngangge sêkar.

Dhatêngipun băngsa Hindhu ing tanah Jawi punika kabêkta saking anggènipun lêlayanan dagang kalihan nagari Cina. Tanah Jawi punika minăngka pakèndêlanipun, mila inggih kathah têmbung Sangsêkrita [Sangsê ...]

--- 82 ---

[... krita] ingkang gêgayutan kalihan daga[2] ingkang dados panunggilanipun basa Jawi, kados ta: baita (wahitra), usaha (utsaha).

Ing sarèhning agami Hindhu kala rumiyin dipun ênut dening băngsa Jawi, mila inggih kathah têmbung-têmbung Sangsêkrita ingkang magêpokan kalihan bab agami, ingkang sapunika sampun dados têmbung Jawi, kados ta: rêca (arcca), puja (puja), hyang, brahmana.

Saking băngsa Hindhu tiyang Jawi ugi sinau warni-warni, kados ta: ulah têtanèn, nyêrat sinjang, damêl candhi tuwin sanès-sanèsipun. Dene manawi damêl sinjang ingkang kadamêl pulas biru tarum (tom). Ing tanah Pasundhan nalika samantên dipun tanêmi tom kathah sangêt, ngantos lèpèn ingkang agêng piyambak ing tanah Pasundhan kawastanan Citarum.

Tiyang Hindhu punika botên namung trimah agami, adat saha tatacaranipun kemawon ingkang dipun tiru ing tiyang Jawi, dalah sêrat-sêratipun sawatawis inggih dipun akên gadhahanipun piyambak, sarta lajêng kasantunan têmbung Jawi, saha lajêng kawangun ngantos lêlampahan ingkang kasêbut ing sêrat-sêrat wau kêlampahanipun kados wontên ing tanah Jawi. Pamangunipun wau mawi rêrekan, sakathahing rêdi-rêdi utawi panggenan ing tanah Jawi kanamakakên manut nama-nama ingkang kasêbut ing Mahabarata, kados ta: namaning nêgari: Madura, Ngayogya.

rêdi : Sêmèru, Mahendra, Indrakila.

candhi : Prambanan, Barabudhur.

Namaning lèpèn: Sêrayu.

Băngsa Jawi punika ingkang jamboran botên namung adat tuwin tatacaranipun kemawon, dalah kasusastran tuwin cêcriyosanipun sampun botên Jawi dêlês, sampun kawoworan warni-warni. Bab wêwahan saking dayanipun agami Hindhu kalawau sampun kula aturakên.

Wêwahan ingkang tuwuhipun saking tumangkaripun agami Islam inggih punika sêrat Menak (cariyosipun Amir Hamsah) sêrat Menak wau asli cariyos saking Pèrsi, (Dr.v.Ronkel), sarta mawi katêrangakên pisan lampahing tular-tumularipun cariyos wau dumugi ngantos kadadosanipun kadhapuk kangge lampahan ringgit Menak.

Dêlêgipun cariyos ingkang dêlês Jawi punika prasasat dèrèng dipun udi, ananging wontênipun sampun têtela, inggih punika warni cariyos utawi dêdongengan warni-warni, ingkang samangke sampun ical utawi kantun dados dongèng, salong sampun wontên ingkang kapacak ing sêrat, wontên ingkang kacarub kalihan cariyos asli saking ngamănca, kados ta: cariyos lêlampahanipun Radèn Panji ingkang ngantos warni-warni.

Kala taun 775 sampun wontên pujăngga saha juru nyênyêrati ing basa Jawi, awit băngsa Hindhu botên sagêd ngêsuk basanipun tiyang siti babarpisan, băngsa Hindhu kintên-kintên amung sagêd amêwahi sagêdipun basanipun tiyang siti dados basa ingkang kangge wontên ing sêrat-sêrat. [sêra ...]

--- 83 ---

[... t-sêrat.] Kala taun sewonan basa Jawi sampun katingal adiluhung, amila kenging dipun tamtokakên bilih ing sadèrèngipun tamtu sampun wontên sêrat-sêrat waosan.

Tiyang Jawi inggih sampun sami sumêrêp dhatêng sêrat Mahabarata, saha sêrat Ramayana, sêrat kêkidungan basa Sangsêkrita, malah saking pahamipun dhatêng cêcriyosan wau, lami-lami lajêng kapêndhêt kadamêl cêcriyosan ringgit. Saking pandamêlipun tiyang Hindhu, jamanipun Jawi lajêng kathah sangêt ewahipun. Pranatan silah-silahing golongan, adamêl sangêting pisahipun băngsa. Wontênipun têmbung ngoko kalihan krama ing basa Jawi lajêng pilah, punika botên têrang, punapa inggih saking dayanipun băngsa Hindhu. Sababipun ingkang maton ngantos sapriki dèrèng kasumêrêpan. Prof Kern mastani bilih beda-bedaning têmbung wau saking mindhak-mindhakipun pamali. Ing basa Jawi kina panganggenipun krama lan ngoko kacarub kemawon, pilahipun wiwit taun sèwu gangsal atusan, nanging inggih botên têrang sababipun.

Ing tanah Jawi basa ingkang dipun wastani kina piyambak punika basa Kawi. Kawi têgêsipun pujăngga, sujana. Basa Kawi punika dados kenging dipun têgêsi basanipun pujăngga, kados ingkang tumrap ing têturunanipun sêrat kina-kina, ingkang sapunika taksih wontên, nanging kawruh dhatêng basa Kawi wau ing jaman sapunika prasasat sampun sirna. Ing pawingkingipun nalika tiyang Jawi suda pamarsudinipun dhatêng basa Kawi tulèn, para pujăngga ngangge Kawi tugêlan, ingkang dipun wastani Kawi miring. Mila dipun wastani makatên, dene kathah lèrègipun dhatêng basa Jawi, lan malih ingkang tumrap ing sêrat jarwa ngangge têmbung, ingkang sampun prasasat basa Jawi wantah, punika nelakakên manawi jaman wêkasan punika kawruh dhatêng basa Kawi sampun sirna.

Basa Sangsêkrita punika babonipun Kawi, têgêsipun Sangsêkrita: langkung, rinêngga, sampurna. Dene risakipun têmbung Sangsêkrita kanggenipun ing Kawi lan ing Jawi, têtela saking panandhingipun têmbung tigang prakawis wau, ing sawatawis kasêbut punika:

jêksa (Kw) daksa (Skr) têgêsipun: sujana, wong wicaksana.

dipa (Kw) dipa (Skr) = ddamar

dipa (Kw) dwipa (Skr) = gajah, (dwi = loro, pa= pangombe). Gajah manawi ngombe dipun sêrot ing irung, lajêng dipun lêbêtakên ing cangkêm.

Wiwitipun sêrat-sêrat waosan Jawi mumbul (sêrat Jawi kina utawi Kawi), punika kala ing jamanipun Prabu Èrlangga 1010-1042 saking kêparêngipun sang prabu, sêrat kidungan Hindhu upaminipun Mahabarata, ingkang cariyosipun sawatawis, sampun kasumêrêpan dening tiyang Jawi, lajêng kajawèkakên, pujăngganipun nama Êmpu Kanwa.

Ing salêbêtipun Prabu Jayabaya jumênêng nata, [na ...]

--- 84 ---

[... ta,] kawontênanipun sêrat-sêrat Jawi kina sawêg mumbul-mumbulipun, ing jaman samantên wontên pujăngga nama Êmpu Sêdhah saha Êmpu Panuluh ingkang damêl sêrat Boratayuda,[3] (ing taun 1157) inggih punika prêtalanipun Sangsêkrita nama Mahaborata[4] kapêndhêt namung saperangan. Sêrat wau amratelakakên paprangan ingkang kêlampahan ing tanah Hindhustan. Lêlampahan wau kaembakakên ing tanah Jawi, sarta para prawiranipun băngsa Hindhu kaanggêp tiyang Jawi. Ingkang makatên wau tumrapipun sêrat wau anjalari sangêt anggènipun dipun ajêngi ing tiyang, sarta ing salajêngipun para prawira Hindhu ingkang kocap wontên ing sêrat wau lajêng kaanggêp pancêring lêluhuripun para luhur Jawi.

Sêrat Boratayuda Kawi taksih miturut babonipun ingkang têmbung Sangsêkrita. Namung Sêrat Baratayuda jarwa punika sampun ewah sangêt. Tiyang Jawi punika mênggah ing tatakrama kagolong munjuli. Kabêkta saking tatakrama wau basanipun tiyang Jawi dados langkung alus. Kasugihanipun tiyang Jawi ing bab têmbung ingkang saking bêbantunipun têmbung Sangsêkrita, ing pawingkingipun saya wêwah. Têmbung-têmbung Sangsêkrita ingkang asring kangge ing basa Jawi, kados ta:

suka[5] ing basa Jawi: suka.

dhoeka ing basa Jawi: duka.

manusya, ing basa Jawi: manusa.

stri, ing basa Jawi: èstri.

ksatrya, ing basa Jawi: satriya.

suksma, ing basa Jawi: suksma, tuwin sapanunggilanipun.

Wiwit ngangge têmbungipun băngsa sanès, margi saking sêsrawunganipun lampah dagang, kados ta: băngsa Arab, Pèrsi, Portêgis, Walandi, băngsa Mlayu tuwin băngsa Cina, kasugihanipun tiyang Jawi bab têmbung saya wêwah.

Kala taun 1293 tanah Jawi lêlayanan dagang kalihan băngsa Cina. Nalika samantên ingkang dados kasênênganipun tiyang, barang-barang porsêlin pêthak utawi biru saking nagari Cina, mêrjan, kasturi. Dayanipun băngsa Cina ing tanah Jawi botên patos agêng, mila têmbung-têmbung Cina ingkang lumêbêt ing basa Jawi inggih botên sapintêna kathahipun, kados ta: kongsi, tangkuwèh, lotèng, conto, tauge, congkog, yasin, mêkao, tuwin sapanunggilanipun. Ing taun 1500 katungka lumêbêtipun agami Islam ing tanah Jawi. Pamulangipun dhatêng tiyang Jawi, kuwajibanipun prakawis agami ingkang prêlu: bab anglampahi ngibadah. Juru mêncarakên agami kanamakakên wali (tiyang suci). Têmbung-têmbung ingkang magêpokan kalihan agami upaminipun: masjid, imam, ngimanake, salat, sujud, sarengat, adan, lapal, sêdhêkah, kutbah, namanipun wanci: subuh, luhur, ngasar, magrib, ngisak.

--- 85 ---

Raja-raja Islam sêbutanipun: sultan, dalah namanipun tiyang inggih niru cara Arab, kados ta: katijah, siti maryam, saphiyah, saphingi, bakri, salèh, mursid.

Mênggah têmbung-têmbung Arab sanèsipun ingkang asring kasrambah ing basa Jawi, kados ta: napsu, pêrlu, wahyu, gaib, eklas, pitênah, saha sanès-sanèsipun.

Namanipun dintên: Isnain, Salasa, Arbaa, tuwin salajêngipun.

Namanipun wulan: Mukharam, Shapar sapanunggilanipun.

Manawi kula dolan dhatêng pondhok, ningali kitab ingkang wontên cara Jawinipun, lajêng sumêrêp bilih anggènipun anjawèkakên punika satêmbung-satêmbung kaurutakên, limrahipun ing nginggil têmbungipun Arab, ing ngandhap têmbungipun Jawi. Ingkang makatên wau botên anggumunakên bilih pangroncenipun têmbung-têmbung beda kalihan ing ukara Jawi ingkang lugu. Wangsul sarêng kula maos kitab sanès-sanèsipun ingkang sampun kajawèkakên (têmbungipun Arab botên dipun sêrat) punika têka lajêng gadhah pangraos manawi basanipun Jawi ing ngriku nylênèh. Pangrakiting ukara beda kalihan ukara Jawi ingkang lugu, punapa malih têmbungipun inggih kathah têmbung Arab, upaminipun: ana pun ngawruhi rukune Islam ingkang awal iku ngawruhi ing maknane kalimah roro, iya iku kang dèn arani ilmu usul lan ilmu tokhid.

Saking kathahipun têmbung Arab ingkang lumêbêt ing basa Jawi, ngantos manawi kula kintun sêrat kartu pos kemawon ngangge kula cêmplungi têmbung Arab, kados ta: ing nginggil kula sêrati salam utawi taklim.

Agami Islam punika rumasuk sangêt dhatêng sanubarining băngsa Jawi, ngantos kathah kemawon tiyang ngudang anakipun ingkang taksih alit: dang gêlis gêdhe, dang bisa ngaji.

Tiyang èstri manawi nglela-lela anakipun wontên ingkang sarana dipun kidungi, mênggah maksuding kidungan wau têka inggih tumuju dhatêng agami Islam, upaminipun: umpuk umpang umpuk umpang, ana kodhok bisa sêmbahyang, sêmbahyang nyang mêsjid Lamongan, Lamongane muji-muji, Sadirah lunga ngaji, lunga ngaji nyang Banjarsari, sangune dhuwit sêtali, durung sasasi wis katam surat prêjanji.

Ing taun 1522 tiyang Portêgis dhatêng ing tanah Jawi prêlu bêbrayan kalihan Raja Hindhu ing tanah Pasundhan, awit kathah pamêdalipun mrica. Tiyang Portêgis wontênipun ing tanah Jawi botên dangu, mila têmbung-têmbung Portêgis ingkang lumêbêt ing basa Jawi inggih botên sapintêna, kados ta: antero, lêmari, bandera, greja, Minggu. Kala ing taun 1596 dhatêngipun băngsa Walandi ing tanah Jawi. Nalika samantên sêratan Jawi ingkang kabêkta wangsul dhatêng nêgarinipun taksih wontên ing lontar. Băngsa Walandi dhatêngipun ing tanah Jawi punika prêlu dêdagangan, dangu-dangu sagêd ngêrèh tanah [ta ...]

--- 86 ---

[... nah] Indhia Nèdêrlan. Têmbung Wlandi punika pakêcapanipun tumrap tiyang Jawi angèl, mila tiyang ingkang dèrèng sinau basa Wlandi anggènipun ngucapakên inggih sasêkecanipun kemawon, kados ta: obrus (overste), jendral (Generaal) mêsin, (machine) jas, (jas) dhungkrak of dom kêras =dommekracht sêtolomondong =(Baltazar) Sur Lemonde, mur jangkung =Jan Coen lan sapanunggilanipun.

Kula nate dolan dhatêng palabuhan Surabaya, ing ngriku mirêng têmbung: dhrodhog, kajêngipun: droogdok tiyang nglampahakên baita mungêl: têrèt, kajêngipun: achteruit têmbungipun tiyang tani: mès (mest).

pandhe: mur, sêkorup, tang, amêr, drèi.

saradhadhu: mangkir, patroli, kêmandhah, angkil.

sayang: disodhèr (dipatri).

tukang batu: sêtègêr, pandhêmèn, plêstèr.

grêji: mal, nat.

kusir: bong, lis, ngas.

pulisi: rundha, prosès prêbal, relas, rêpot, dibêslah.

priyantun: sêtor, bênum, disêkorês, mindring, dipun dhèp.

murid: prèi, lès, diêrès, kursus, surtipikat.

Ing sarèhning băngsa Walandi wontênipun ing ngriki punika ngêrèhakên, mila inggih kathah pranatan-pranatan ingkang anjalari rumasukipun têmbung Walandi ing basa Jawi.

Sarêng dumugi ing abad 18 tiyang Jawi sawêg sami purun marsudi babad saha kasusastran malih. Nanging ing salêbêtipun sawatawis abad ingkang kapêngkêr sampun kêkathahên lêlampahan ingkang botên kasumêrêpan, kêkantunaning sêrat-sêrat kina sampun kabangun dening têtiyang Islam.

Kala jamanipun swargi K.G.P.A.A. Mangkunagara IV inggih punika ing taun 1811(?)1881, ing tanah Jawi kathah ingkang marsudi kasusastran Jawi, kados ta: panjênêngan dalêm kangjêng gusti piyambak, tuwan Wintêr, Radèn Ngabèi Rănggawarsita.

Saking dangunipun tiyang Jawi kaprentah ing băngsa Walandi, botên nama anèh bilih tiyang Jawi, langkung malih ing kitha-kitha, tuwin ingkang sêsrawungan kalihan Walandi, basanipun Jawi risak. Mênggah sabab ingkang agêng piyambak inggih punika wontênipun pamulangan Walandi tuwin H.I.S.

Wiwit taun 1907, tiyang Jawi ngudi sangêt supados anakipun sagêda angsal piwulang basa Wlandi. Saya lami saya kathah cacahipun pamulangan ingkang mawi wulangan basa Wlandi. Kala taun 1915 pamulangan ăngka I dipun dadosakên H.I.S. ing ngriku wancinipun pasinaon kathah ingkang kangge sinau basa Wlandi. Mênggah wontênipun wulangan basa Wlandi punika migunani [miguna ...]

--- 87 ---

[... ni] sangêt tumrap băngsa Jawi, prêlu kangge nyinau kawruh kilenan. Milanipun makatên, awit buku-buku ingkang isi kawruh punika, basanipun basa Wlandi, kados ta: kawruh bab kadhoktêran, ngèlmu alam, ngèlmu pamisah, ngèlmu têtanèn, ngèlmu bumi tuwin sapanunggilanipun. Ing sarèhning pangudi dhatêng basa Walandi punika prêlu sangêt, mila inggih botên mokal manawi para mudha Jawi rêmbagan kalihan kănca-kancanipun Jawi, ngangge basa Wlandi, prêlunipun kangge nglanyahakên. Mênggah nyatanipun sapunika wohipun pamulangan H.I.S pancèn sae, murid-murid wêdalan H.I.S. kathah ingkang sami katampèn ing Mulo dene kasagêdanipun bab basa Wlandi inggih sagêd nandhingi murid-murid wêdalan pamulangan Walandi. Ananging kauningana, saking adrêngipun ngudi basa Wlandi, ngantos botên ngèngêti basanipun piyambak. Wontên ing pamulangan H.I.S. basa Jawi dipun sêpèlèkakên sangêt. Dene wontênipun nyêpèlèkakên wau nalaripun warni-warni:

1. Cacahipun jam wulangan basa Jawi ing salêbêtipun saminggu sakêdhik sangêt, dados kenging dipun wastani wulangan Jawi namung kala-kala.

2. Aosipun wulangan basa Jawi kirang, upaminipun wontên murid ingkang bijinipun Jawi angsal 4, Wlandi 6, lare wau sagêd minggah, kosok wangsulipun bijèn Jawi angsal 8, Wlandi 4 lare wau botên minggah.

3. Wontên ing griya. Wontên tiyang sêpuhipun lare ingkang mênging anakipun sinau basa Jawi, kapurih sinau basa Wlandi kemawon, awit punika ingkang prêlu.

Mênggah pamanggih kula iba saenipun wohing H.I.S. bilih murid wêdalan kêlas 7 kasagêdanipun basa Wlandi têtêp kados wontênipun ing sapunika, nanging kasagêdanipun bab basa Jawi langkung katimbang sapunika. Sampun ngantos anglênggahi bêbasan amburu ucêng kelangan dêlêg.

Saking dayanipun basa Wlandi wontênipun basa Jawi sapunika mêmêlas sangêt, têmbung-têmbung Wlandi kathah ingkang dipun êngge ing basa Jawi, malah wontên ingkang dipun rimbag, dipun atêr-atêri utawi dipun panambangi, kados ta:

Têmbung stort dados: nyêtor, disêtor.

Têmbung verlof dados: pêrlopa, dipêrlopake.

Têmbung voorschot dados dakpêrsêkotane.

Dhapukaning ukara kathah ingkang cengkok Walandi, kados ta:

Lêmari iku digawe saka kayu, lêrêsipun: lêmari iku sing digawe kayu.

Kanggone aku ora mupakat, lêrêsipun: yèn aku ora rujuk.

Iki dluwang kanggo aku, ya. Lêrêsipun: dluwang iki dakpèke, ya.

Sapunika Suta sampun botên dados priyantun malih, lêrêsipun: sapunika Suta sampun botên dados priyantun.

Gêlang iki dudu êmas, nanging salaka, lêrêsipun: gêlang iki dudu êmas, salaka.

--- 88 ---

Dalah nama-namanipun nagari inggih tumut nyengkok Walandi, upaminipun:

Solo, lêrêsipun Sala.

Jukja, lêrêsipun: Ngayogya.

Prèhangêr, lêrêsipun: Priyangan.

Sèribon (Cheribon) lêrêsipun: Cirêbon (Crêbon). Langkung malih panyêratipun basa Jawi ngangge aksara Jawi, wah, mêmêlas sangêt.

Margi saking dayanipun basa Walandi, kathah kemawon tiyang, manawi kêpanggih kawanuhanipun badhe nanduki basa Jawi punika ing pangraosipun têka botên sakeca, sajak kirang brêgas, mila inggih lajêng tabikan saha rêmbagan ngangge basa Wlandi.

Wontên ing H.I.S. kula angsal sêbutan mênir, sanadyan kula pinuju mulang basa Jawi, ewasamantên murid-murid basanipun dhatêng kula ingkang adhakan ngangge têmbung mênir. Mênggah sêbutan mênir wau botên sapintêna anggènipun anggujêngakên, awit ing pamulangan H.I.S. punika wontên gurunipun Walandi, dados botên nyalênèh manawi murid lajêng kêpatuh ngundang guru Jawi ngangge têmbung: mênir. Wangsul wontên ing sajawining pamulangan, tiyang ngangge têmbung: mênir punika pancènipun kirang mathuk. Asring kemawon kula mirêng tiyang wicantên: mênir mas bèi kok wis lawas ora mrene. Wontên malih tiyang ngundang ngangge têmbung mênir jalaran lumuh, badhe nêmbungi: dhi, kuwatos manawi pinggêt manahipun, badhe ngangmas makatên ugi, mila inggih lajêng ngangge têmbung: mênir, upaminipun: mênir Jaya mangke dalu punapa mriksani bioscoop.

Sapunika kula badhe ngaturakên tuladha basanipun murid:

Ha: Ayo sèh mêngko nyang bioskup.

Na: Ah, ngrasakne ambioskup.

Ha: Geneya ta, wong malêm Minggu wae, kok.

Na: Malêma Minggu kae, wong suk êmbèn proefwerk jare.

Ha: O, dadi kowe arêp blokên, ngono.

Na: La, marine, wong dhèk rêpêtisi sing dhisik natirkêndhêku vier jare. Nèk sêpisan iki vier manèh rak, beroerd aku. Iya jij wis ayêm, biyèn wis olèh zeven.

Ha: Ya wis ta, blokêna, aku daknonton dhewe. Wah yamêr, lo, sèh, nèk bêngi iki ora nonton filme bagus kok.[6]

--- 89 ---

Wontên malih tuladhanipun basa Jawi nyengkok Walandi, inggih punika:

1 Ing sêrat kintunan, titimangsanipun kasêrat ing nginggil, manawi cara Jawi lugu wontên ing ngandhap.

2. Yèn nyêrat dèrèng rampung, măngka sarai sampun kêbak, ing ngandhap lajêng dipun sêrati z.o.z.

Têmbung-têmbung Wlandi ingkang mangsuk ing basa Jawi upaminipun:

Handdoek - andhuk | spoor - spor | klerk - klèrêk | cursus - kursus | contant - kontan | kliniek - klinik | conducteur - kondhèktur | chef - sèp. Tuwin sapanunggilanipun.

Nalika pamulangan H.I.S taksih dados pamulangan Jawi ăngka 1 ing saèngêt kula dipun wulang têmbang. Milanipun kala rumiyin manawi wontên ing pajagongan inggih lêmês, upaminipun pinuju gadhah damêl utawi jagongan bayi lajêng wontên ingkang maos, prêlunipun kangge cagak êlèk, tur inggih sakeca dipun mirêngakên. Sarêng pamulangan ăngka I dados H.I.S wulangan têmbang lajêng mundur, ngantos wontênipun sapunika botên dipun wulang babarpisan, dipun santuni mênyanyi lagu Walandi, awit wontên prêlunipun kangge anggampilakên anggènipun sinau basa Walandi. Saking agênging dayanipun basa Walandi wau, para mudha sami kêrêmênên dhatêng lagu Walandi, ngantos botên ngopèni têmbangipun piyambak. Lah punapa katêmahanipun ingkang makatên wau. Manawi wontên pajagongan lajêng kêndèl, badhe nêmbang botên sagêd, badhe mênyanyi botên limrah, lajêng kêpêksa nyêpêng krêtu, sanadyan punika dados awisanipun nagari utawi agami, ewasamantên inggih dipun têrak. Margi saking agênging dayanipun basa Walandi, rumasukipun ngantos sumrambah ing dhusun-dhusun. Manawi kula mirêngakên lare dhusun mênyanyi utawi singsot, punika lagunipun têka inggih lagu ngamănca.

Basa Mlayu punika dayanipun ugi agêng tumrap basa Jawi. Ukara Jawi kathah ingkang cengkok Mlayu. Têmbung-têmbung Mlayu ingkang kangge ing basa Jawi inggih botên sakêdhik, kados ta: kamar obat, rumah sakit, kamar bolah, rumah makan, main mata, main, habis bulan, mangsak-mangsak, sampe, pukul, kêmbang api, tuwin sanès-sanèsipun.

Dados sampun têtela bilih basa Jawi punika sampun botên lugu, kathah momoranipun. Sapunika kula badhe ngaturakên kidungan ingkang amot dayanipun basa ngamănca, lagunipun Wien Neerlands Bloed.

Sarjuning tyas saha atur / wilujêng paduka / rawuh wontên bawah ulun / Karangpandhan nami / langkung ing sukur kawula / paduka tumêdhak

--- 90 ---

bêgja kamayangan / saksat katamuan dewa / dewa kang linangkung //

Kidung punika lagunipun lagu Walandi, têtêmbunganipun Jawi, isinipun amot pêpindhan Hindhu, inggih punika kadospundi bingahipun tiyang manawi katamuan dewa.

Kala wau basa Jawi punika kula upamèkakên tiyang lumampah ing tanah parêdèn. Sêmunipun sapunika badhe wiwit minggah, katăndha saking kathahipun pakêmpalan ingkang ngudi ngajêngakên basa Jawi, kados ta: Java Instituut, Mardibasa Volkslectuur. Wontên malih parentah badhe yasa A.M.S. Oostersch kl. Afd. Wontên ing Surakarta. Ing sarèhning sampun têtela bilih basa Jawi wiwit gumregah, kados botên wontên awonipun manawi para mudha Jawi sami karsa urun tuwak supados mumbulipun basa Jawi sagêda inggil, botênipun nyamèni jaman Rănggawarsitan, inggih namung sagêda mèmpêr kemawon.

Kursus guru basa ing Wèltêphrèdhên

Sastraiswaya

Kyai Danauda

Ing têngah patêgilan tuwin pasabinan, sacêlakipun dhusun Lêbak, bawah kalurahan Tawangmangu, kabupatèn Karanganyar, M.N. Surakarta, wontên sêndhangipun alit, kayoman ing wit-witan agêng-agêng ngrêmbuyung, wêdalipun toya kenging winastan agêng tur bêning, asulak biru kados limrahing sêndhang utawi umbul. Sawêdalipun saking wêwêngkon sêndhang toya wau lajêng dados lèpèn sae, toyanipun kaoncorakên dhatêng pasabinan tuwin patêgilan, mila têtanèn ing wêwêngkon ngriku punika sakalangkung sae, sawanganipun katingal asri sangêt, padhusunanipun katingal ayêm, sakiwa têngêning lèpèn sacêlakipun sêndhang, kathah thêthukulanipun kêmadhuh, ngantos kenging winastanan bondhotan kêmadhuh, têmahan botên wontên tiyang ingkang purun nyêlaki mriku, jalaran sami ajrih dhatêng lugudipun kêmadhuh wau. Dene sakiwa têngênipun sêndhang sakalangkung gasik, dados palataraning sêndhang. Sêndhang wau dados pangasonipun têtiyang sadhusun Lêbak.

Kajawi dados pangangson kados ingkang kapratelakakên nginggil, sêndhang wau inggih dados pêpundhènipun tiyang ngriku, sarta namung karan pundhèn Lêbak, mirid piandêlipun tiyang ing ngriku, pundhèn wau padununganipun ingkang cikal bakal, nama Kyai Danauda. Tuprap[7] tiyang ingkang purun nyumêrêpi Kyai Danauda kenging dipun suwuni pangèstu wilujêng. Dipun suwuni pangèstu murih sêmpulur gêsangipun, karêjêkèn, sasaminipun. Kosokwangsulipun manawi botên dipun iji-iji, purun midana. Dene padununganipun Kyai Danauda wau wontên ing wit gayam agêng ingkang ngayomi sêndhang. Awit saking punika sangandhapipun gayam wau kathah sangêt obong-obongan mênyan, [mênya ...]

--- 91 ---

[... n,] tirahanipun ingkang sami nênuwun.

Kyai Danauda gadhah ingah-ingahan ulam wadêr tuwin kotès kathah sangêt wontên ing sêndhang pundhèn, warilipun ulam wau botên kenging dipun pêndhêt, sintên ingkang kamipurun nrajang wêwalêr wau, saèstu badhe nampèni sêsikunipun ingkang cikal bakal, wujudipun sakit sangêt, botên antawis lami pêjah, jiwanipun kaarat kabêkta dhatêng dunungipun Kyai Danauda. Sadumuginipun ing ngriku santun warni awujud ulam wadêr utawi kotès, sanalika tumut kănca-kancanipun alêlangèn wontên sêndhang pundhèn. Piandêlipun têtiyang ing ngriku malih, awisan agêng mastani ulam wau sinêbut namanipun lugu, wadêripun kêdah winastanan: pitik, kotès, jago. Upami wontên ingkang nrajang wêwalêr, kamipurun mastani wadêr tuwin kotès, dadakan tamtu lajêng anggêblag gumledhag dhawah ing bantala, sakit padharanipun, agêngipun dumugi ing pêjah, makatên punika botên dhatêng

têtiyang tabonipun dhusun Lêbak kemawon, sadhengah tiyang ingkang ngambah ing ngriku măngka botên purun nêtêpi cara makatên, têmtu inggih badhe nêmahi kasangsaran. Mila ugêr wontên tiyang dhatêng sêndhang pundhèn, sajak katingal dèrèng nate ngambah, tamtu enggal dipun purugi sadhengah tiyang balabag ingkang pinuju sumêrêp, prêlu mêling supados sampun ngantos mastani wadêr tuwin kotès, sarta poma sampun ngantos kamipurun ganggu damêl dhatêng ulam-ulam wau. Piwêling makatên punika adatipun inggih lajêng dipun èstokakên.

Tatacaranipun dhusun Lêbak makatên punika, manawi namung dipun tingali sadlerengan sajak rèmèh sangêt, lugu mêdal saking gugontuhon walaka, nanging manawi dipun manah panjang, pamanggih kula botên sapele, sagêd ugi punika tilaranipun para sêpuh nalika taksih agami Budha, awit talatah rêdi Lawu ingkang sisih kilèn tuwin wetan punika têtiyangipun taksih kathah ingkang cara-cara tuwin wilujênganipun asli nalika para lêluhuripun taksih agami Budha. Makatên punika sêrat Cênthini ugi sampun nyariyosakên nalika Sèh Amongraga alêlana wontên talatah rêdi Lawu, makatên malih kagathukakên kalihan sêsorah kula kasêbut ing Pusaka Jawi ăngka 7 taun II ingkang kairah-irahan: cariyosipun dhukuh Pancot, tumrap ing dhusun Pancot ingkang têbihipun saking Lêbak namung watawis kawan pal, awisan agêng yèn ta mastani pêpundhènipun ingkang wontên Pringgadani: Radèn Gathutkaca, kêdah kasantunan nama Radèn Kacanagara, utawi Radèn Tumênggung Arya Jayanagara. Utawi Radèn Tumênggung Arya Jayanagara. Sintên kemawon ingkang kamipurun nyêbut Gathutkaca, sampun tamtu badhe tampi pidana agêng, makatên punika sampun tamtu têtilaranipun para sêpuh nalika taksih ngrasuk agami Budha, sarèhne dhusun Lêbak wau kalihan Pancot nama cêlak kemawon, bokmanawi botên lăngka bilih kula

--- 92 ---

gadhah pangintên, manawi adat caranipun dhusun kêkalih wau, gêgayutan, nanging kadospundi mênggah gêgayutanipun wêktu punika kula dèrèng sagêd damêl wawasan, amargi prabot-prabotipun dèrèng wontên. Mila bokbilih wontên salah satunggaling pamaosipun Pusaka Jawi kaparêng madosi sêsangkutan wau, ingkang salajêngipun sagêd madhangakên kawontênan, badhe sapintên bingahing manah kula.[8]

S Suari

Ma: Păncadurta

Purwaka ing nginggil punika namaning sêrat karangan sêsorah, amratelakakên oreaning pandamêl gangsal prakawis, ingkang sami purwa aksara: ma, sarta ingkang botên prayogi ing kadadosanipun. Sêsorah wau sinawung ing sêkar sinom, kadamêl: 20 pada, tamat, kaurut saking dêntaywanjana, sarta pasanganing aksara ing sapadanipun sami apurwakanthi, kados ta: wiwit pada kapisan aksara: Ha, punika purwaning têmbungipun saha dhumawah ing wasana pada lingsa ing sagatra-gatranipun, inggih aksara: Ha, makatên ing salajêngipun dumugi ing aksara: Nga.

Sarèhning: ma: Păncadurta punika kenging winastan sêsorah utami, sarta sagêd lèrèg dhatêng kita sadhengah băngsa, dados nama maedahi ing akathah, mila sanadyan sampun wontên para sarjana dibyadimurti ingkang anggiyarakên sêsorah bab: ma: gangsal, utawi malah wontên ingkang mêwahi dados pitu, ananging kados botên wontên awonipun, sêsorah ingkang sinawung ing sêkar sinom punika kula pisungsungakên sumangsang dumados pêpasrèn, wontên ujunging udyana Pusaka Jawi, sapisan: amurih mimbuhana kêkuwungipun Pusaka Jawi, kaping kalih supados sagêda sumêbar saindênging bawana. Dene orean wau ing ngandhap punika:

Ha. anitèni kang kawruhan / ananing: ma: limang said / ingkang nêmbah nistha maha / awit: ma: madat kang dhihin / antuke makolèhi / ing dasat tanapi kahyun / utawa ceda dahat / ujar lumrah munggwing lair / èstu tumrap ing patrap kang linampahan / /

Na. nêracak kang padha rêna / nadhah madat mêne nguni / naya nis nistha kang warna / noring cipta nangsayani / nênangi modèng uni / nala lit lumuh supênuh / natkala kasêpênan / niring barang dèn rêmêni / nêdya nêmpuh nora nana dèn emana //

--- 93 ---

Ca. cêpaking madat cinacad / cinarita nora bêcik / camah batin yèn wus kocap / cècège ginawe bêcik / campure băngsa bincil / cumèplês sinambi nucup / cagak lèk nalar pêncar / cumêplong tanna kang cicir / cipta moncèr tyas padhang sarira rêncang //

Ra. ragane karasa pêra / rasaning rah rêrêm aris / rumăngsa srandune waras / rênguning amarah aring / rusake saking ririh / rada suwe saya murud / raga saru asarang / rêgêd biru ingkang dhiri / riyak jagra garagodha dadi lara //

Ka. kapindho: ma: madon ingkang / kinidung dirèng kintèki / kang bêcik kalawan mokal / kinawruhan lawan pêkir / kêraskas srêgêp ngingkis / kakênan ing nala sêkung / kumantil angrêreka / kata tinata mèt kingkin / kinulita tanduking sabda ngrumpaka //

Da. darapon asmaradana / daladag sêdya bèrbudi / dasat ulat gung dinandan / dinulu katona adi / dlederan mondar-mandir / datan tanggon barang tanduk / doyanan palacudan / dorane ginawe sandi / dêlap ulat balere sugih rubeda //

Ta.tatale karêm wanita / talendho mring ulah niti / tuhune kêrêp kliwatan / tuman linyok barang warti / tarkadhang tuwuh juti / tundone tinaman rêtu / tumimbul badan rata / tumuli madêg narpati / têkèng muka têngran rajasinga durta //

Sa. sumêrang mangsah mrawasa / sarupane băngsa jisim / sinalinan sipat siksa / saking rajasinga rêsi / saru sipate kongsi / sumêsêk sring nungsung sungsum / supênuh nanah basah / sayêkti gêlis ngêmasi / singkirana aja nêrak raja rusak //

Wa. watake wong minum duwak / waragang tanapi awis / wuryaning tanduk sêmuwa / wani wantêr samukawis / wêdharing wuwus awig / wignya buwang rikuh ewuh / wigar siwêring awak / wadhèh wêwadi tan mawi / winawêran wantuning wuru jinarwa //

La. limpat têtêg barang polah / lalu lumuh lamun lilih / lali ngaraling kawula / lacude tanpa kêkêlir / lir sang kukila angling / lukita katon balilu / lena lir rudrakala / loke saru suka julig / luhur bae asore nora winilang //

Pa. puwara dasate lupa / parusane saya tipis / pugut parabote kaprah / prapta camahe nanggapi / pêndhak janma nyurupi / pêpindha padhaning rapuh / padharan rêmpu rêmpak / pulang rah upami api / papas-pêpês sarira anandhang papa //

Dha. dhêdhêg dhêndhane wus cêdhak / dharodhog kaya kajodhi / dhonge arak lamun [la ...]

--- 94 ---

[... mun] têndhag / dhararaga lir bêdhidhing / dhadhal bêdhêl angêndhil / dhêdhukuh laraning wadhuk / dhadhakan pulang kandhang / dhuh pra mudha kang asandhing / dhêngêrêna : ma: minum dipun kadhadha //

Ja. jêjêring main pinajar / jin lèntrèh ing ujar wajib / jujur mujur ingkang bêgja / jinurung prasasat aji / jugruge lamun rujit / jaruh jugak tanpa tlajung / jungkung mangajap-ajap / jayaning main pinuji / jumênêng ngadêging badan antuk jajan //

Ya. yayah angudi-udia / yèn mênang royal mriyayi / yatrane siniya-siya / yakyuk sasat slawat mayit / yèn kalah poyang-paying / yuyun nguyu-uyu tayuh / yangyanging tyas tangia / yogya wasita kang takyin / yèn wus rohkyat mangsah mungsuh tanpa sayah //

Nya. nyuprih pulih ing kalahnya / nyanane nora malênyik / nyatane linyok tur sonya / nyênyilih ginawe anyir / nyaut angunyik-unyik / nyêngkut nyêngka budi lunyu / nyamah lair batinnya / nyat-nyut tyase monyar-manyir / nyaba tăngga buang dhiri satekadnya //

Ma. murang marganing utama / mung marsudi dènira mrih / mênang main wuwuh mamak / mêjanani marang bumi / miwah tuturing umi / mawut kang ingetung amung / main sire utama / manungsa kaprah sasami / marenana ma: main ambuwang lumrah //

Ga. gantya ma: maling ginagas / ginupita lawan anggit / gunane maling tan wêgah / gogohi omah tan wigih / gusthine nyugih-ugih / goning barang ingkang agung / golèk gunêm jujugan / gêgolonganing wong sugih / ginagapan pagêr lawan kang tinêngga //

Ba. basantuk lèng guru kabar / baranging wong dèn rahabi / binasmi miwah binabah / babarji ginawe kibir / bodhokên sarak nabi / brêngkut anggung bubut-bubut / bandhaning wong binebas / barêng kêcandhak jêbibir / binuwang brung mring sabrang ragane bubrah //

Tha. thèthès èthès saha brastha / thilang-thilung kêthip-kêthip / thok thêle mathok mung dwistha / thukuling pakarti nisthip / thar-thir nadyan sathithik / thik-thik yèn drês pasthi lothung / thustharda mring kanisthan / thik lumisih mêksa ngêthip / thêking cipta dhustha ingentha makutha.

Nga. ngulir wênganing kelingan / ngongka ngukup sabên tangi / ngulatake gon celengan / ngandhut ngarah rina wêngi / ngrêrusak ngêngis-êngis / ngusuti praja winangun / ngampak mêmalaningrat / ngeja angaji ngilangi / ngruwat janma durjana padha ilanga //

titi tataning gupita / pinatut runtuting nami / iyèku ma: păncadurta / minăngka têpa palupi / lêpiyan pantês dadi / darsanèng [darsa ...]

--- 95 ---

[... nèng] sang marsudya yu / nihan wuryèng wasita / ngunya saking wiku Grêsik / winisikkên Puthut Bratajayatmaja //

pinèngêtan duk manitra / nèng sana pracima panti / nujwa ri gara sarkara / ping ro likur ing lèk apit / wuku landhêp marêngi / Hyang Endra paningron tulus / Wawu windu sêngara / sangkala angkaning warsi / ma: lêlima winudhara èsthi tama //[9]

Katandhan, Jayèng panitra

A. Puthut Bratajayatmaja

Mahabarata

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka: 5: Kaca: 80)

7. Sarwadamana

Lêt tigang taun kalihan nalikanipun Prabu Dusanta aprasêtya dhatêng Dèwi Sakuntala, sang dyah ambabar putra kakung sakalangkung pêkik, prabanipun angênguwung, badanipun sae. Warninipun amratandhani bilih trahing kusuma, têdhaking atapa.

Sang Pandhita Kanwa amêmuji miturut saungêling sêrat pranatan suci. Bêbayi mindhak-mindhak agêngipun kalawun-lawun, têmah badanipun gagah prakosa apindha singa, rajahipun cakra, bathukipun jêmbar, kakuwatanipun anggêgirisi. Sarêng sang rajaputra andungkap yuswa nêm taun, sampun kawawa nancang sima tuwin singa, wraha tuwin dipăngga, kacancang angsal uwit-uwitan ing sacêlaking pratapan, wontên ingkang dipun titihi, wontên ingkang kadamêl amêng-amêng, kaajak palajêngan. Pramila lajêng dipun parabi: Sang Sarwadamana, têgêsipun: pangêndhaking kang sarwa kumêlip.

Sarêng sang raja pandhita uninga dhatêng kaprawiranipun sang rajaputra, lajêng ngandika dhatêng sang dèwi, apratela bilih sampun dumugi ing măngsa, sang rajaputra kajumênêngakên prabu anom miturut kasagahanipun sang nata.

Sang pandhita lajêng dhawuh dhatêng cantrik sawatawis, andhèrèkakên Dèwi Sakuntala, ambêkta putranipun, marak dhatêng kadhatonipun Prabu Dusanta. Makatên pangandikanipun: Nini, bêcik samêngko sira maraka marang gusti lakinira, sabab wong wadon iku, yèn wus duwe tatimbangan, ora bêcik, yèn pisah karo bojone, tansah amor karo sanak sadulure bae, mundhak dadi pocapan. Karo manèh mundhak rusak kautamane. Mulane, nini, enggal sira mangkata.

Dèwi Sakuntala tumuntên mangkat, ambêkta putranipun, kadhèrèkakên dhatêng cantrik ingkang sami gagah prakosa, sumêdya marak dhatêng kadhaton ing Astinapura.

Ing samargi-margi sang dyah anggagas bab badhe pêpanggihanipun kalihan sang nata. Saiba badhe sukaning panggalihipun sang nata, ningali putranipun bagus ing warni, tur prawira. Sang dèwi dhasar endah ing warni, sêmu wingit, imbanipun malêngkung [ma ...]

--- 96 ---

[... lêngkung] ananggal sapisan, sariranipun kados prada ingkang binabar, kados widadari kamanungsan, tindak anganthi putranipun.

Sampun lêpas tindakipun, dumugi ing kadhaton ing Astinapura. Tumuntên kaunjukakên ing ngarsanipun sang nata, bilih wontên endhang anama Dyah Sakuntala ambêkta anak, sumêdya marak dhatêng sang nata. Tumuntên katimbalan. Para cantrik lajêng ngaturakên salampahing dinuta, tumuntên sami wangsul dhatêng pratapan.

Sang dèwi nêmbah sarwi sumungkêm ing siti, lajêng matur dhatêng sang nata. Aturipun: Gusti, ratu ingkang mahakawasa, anggèn kawula marak punika ambêkta putra dalêm, sumăngga. Ing samangke sampun wancinipun kawisudha dados prabu anom. Dhuh gusti, punika putra dalêm ingkang mijil saking kawula. Pangajêng-ajêng kawula mugi panjênêngan dalêm karsaa nglêksanani prasêtya dalêm, nalika panjênêngan dalêm mundhut garwa dhatêng badan kawula, wontên ing pratapanipun pun bapa. Tamtunipun panjênêngan dalêm botên kasupèn dhatêng prasêtya dalêm, gusti.

Sang prabu midhangêt aturipun Dèwi Sakuntala makatên wau, inggih lajêng èngêt wêwentehan dhatêng lêlampahanipun ingkang sampun kapêngkêr. Dangu botên angandika, wasana lajêng ngandika sêngak, makatên: He, wong wadon, ingsun ora pisan-pisan rumăngsa nglakoni apa kang sira unjukake iku mau kabèh. Kapriye ênggonira bisa matur, yèn sira dadi garwaningsun, krana panggonanira ana ing alas, ingsun ana ing pura. Ora pisan-pisan ingsun arabi sira, ora karana darma, ora karana arta, ora karana kama. Hèh, wong ala, bêcik sira sumingkira saka ngarsaningsun. Yèn sira ora gêlêm lunga, iya sakarêpira. Mung aja calathu angayawara. Wruhanira wong nênêka, ingsun ora rumăngsa têpung karo sira.

Dèwi Sakuntala sumaput, pêtêng panonipun mirêng pangandika ingkang makatên punika, awit saking wirangipun, pangraosipun, jagad pêtêng sarta ciyut, balung kados dipun lolosi, otot bayu sirna, riwe gumrobyos, têmah anglênggêr kados tugu sinukarta. Dangu-dangu, sarêng sampun wiwit padhang malih paningalipun, lajêng mandêng dhatêng sang prabu, mancêrêng tingalipun, gathik wajanipun, kumêdut padoning lathi. Soroting tingalipun kados ambêsmi-bêsmia dhatêng sariranipun sang nata. Sirna kaajrihanipun. (Taksih wontên sambêtipun)

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---


Wawasan. (kembali)
Wawasan.
dagang. (kembali)
dagang.
Baratayuda (dan di tempat lain). (kembali)
Baratayuda (dan di tempat lain).
Mahabarata (dan di tempat lain). (kembali)
Mahabarata (dan di tempat lain).
§ benjing malih kasêrata mawi aksara Jawi, ing sabrainipun. Red. (kembali)
§ benjing malih kasêrata mawi aksara Jawi, ing sabrainipun. Red.
§ Makatên punika gambaripun Subali malêbêt dhatêngTalaga Sumala. Sarêng mêntas, sanak sadhèrèkipun sami pangling ginêmipun mêre-mêre. Manawi kapurih sila utawi nyêmbah kaho. Nanging lajêng sakti măndraguna. Gadhah aji păncasona, prasasat lêpat ing pêjah. Ewasamantên manawi nyimpang saking ing lêrês, inggih ngalumpruk kadhawahan guwa wijaya. Red. (kembali)
§ Makatên punika gambaripun Subali malêbêt dhatêngTalaga Sumala. Sarêng mêntas, sanak sadhèrèkipun sami pangling ginêmipun mêre-mêre. Manawi kapurih sila utawi nyêmbah kaho. Nanging lajêng sakti măndraguna. Gadhah aji păncasona, prasasat lêpat ing pêjah. Ewasamantên manawi nyimpang saking ing lêrês, inggih ngalumpruk kadhawahan guwa wijaya. Red.
Tumrap. (kembali)
Tumrap.
§ Prakawis, Danauda sarta Pancot, wontên gandhenganipun sawatawis, aluran saking Magêtan, ing têmbe badhe kula cariyosakên, nanging namung lamat-lamat kemawon amargi babonipun inggih botên cêtha. Red. S. (kembali)
§ Prakawis, Danauda sarta Pancot, wontên gandhenganipun sawatawis, aluran saking Magêtan, ing têmbe badhe kula cariyosakên, nanging namung lamat-lamat kemawon amargi babonipun inggih botên cêtha. Red. S.
Sengkalan: ma lêlima winudhara èsthi tama (Selasa Legi, 22 Dulkangidah 1825 A.J., Selasa, 5 Mei 1896 A.D.). (kembali)
Sengkalan: ma lêlima winudhara èsthi tama (Selasa Legi, 22 Dulkangidah 1825 A.J., Selasa, 5 Mei 1896 A.D.).