Pusaka Jawi, Java Instituut, 1928-03/04, #380

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1928-03/04, #380. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1928-03/04, #380. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi
Citra

Ăngka: 3-4, Marêt-April 1928. Taun VII

Pusaka Jawi

Wêdalipun sabên wulan. Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA INSTUTUT).[1] Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Isinipun Pusaka Jawi ăngka: 3-4.

1. Pasang Giri Mangkunagaran, 2. Pêkan Taunan, 3. Kêthoprak, 4. Sêrat Enggal, 5. Ratapratala, 6. Sêrat Wrêtasanjaya,[2] 7. Mahabarata, 8. Adpêrtènsi.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun sêrat wulanan punika dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

Ăngka: 3-4, Marêt-April 1928. Taun VII.

Pusaka Jawi.

Ingkang ngêdalakên pakêmpalan: Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT.) Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi: Pusaka Jawi, Kadipala, Surakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20.- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Pasanggiri Saking Mangkunagaran

Awit saking karsanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping VII pangrèhing Yapha Insêtitut damêl masalah.

Pêpanggilipun makatên:

Damêl karangan bab tatakrama Jawi utawi Sundha utawi Madura utawi tiga-tiganipun, ingkang nglêluri cara kina, kawawas-wawas mawi katanting-tanting awêwaton panganggêp sarta têtimbanganing pêpangkatanipun tiyang ing jaman sapunika. Ing karangan ngriku kêdah mawi kasêbutakên, manawi wontên caraning tatakrama ingkang kaanggêp prêlu kasuwak, utawi kaewahan, utawi kasantunan. Manawi prêlu dipun ewahi, kêdah kadospundi ewahipun. Dene manawi prêlu dipun santuni, kadospundi santunipun.

Pêparingipun ganjaran Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, makatên:

Ganjaran ingkang inggil piyambak f 150,-

Ganjaran ingkang ăngka kalih f 75,-

Ganjaran ingkang ăngka tiga f 35,-

Ingkang badhe nimbang awon saening karangan wau:

1. Propesor Dhoktor Radèn Arya Husèn Jayadiningrat.@2. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya.@3. Radèn Mas Adipati Arya Kusumahutaya.@4. Dhoktêr Radèn Sutama.@5. Mas Suriyadiraja.@6. Radèn Adipati Arya Cakraningrat.@7. Radèn Ahmad Wăngsasewaya.@8. Radèn Arya Wiratanuningrat.

Karangan wau kenging kasêrat ing têmbung Jawi, utawi Sundha, utawi Madura, utawi cara Walandi. [Wala ...]

--- 34 ---

[... ndi.] Panyêrating karangan, utawi pangêtikipun, salêmbar-lêmbaripun botên kenging molak-malik (= kêdah namung sasisih kemawon) mawi ari motto utawi nama sandi, mawi dipun kanthèni soroganing moto utawi nama sandi wau wontên ing salêbêting buntêl utawi ulês kêrtas ingkang dipun tutup mawi êlak kanthi cap. Punika wau sadaya sagêda dipun tampèni dhatêng juru citraning Yapha Insêtitut ing Kadipala, Surakarta, ing sadèrèngipun pungkasaning wulan Sèptèmbêr taun 1928.

Karangan ingkang sampun kakintunakên wau sadaya lajêng dados gadhahanipun Yapha Insêtitut. Karangan ingkang angsal ganjaran utawi ingkang botên, Yapha Insêtitut gadhah wêwênang nglêbêtakên ing sêrat Jawa, utawi Pusaka Jawi utawi Pusaka Sundha, utawi kadadosakên sêrat piyambak. Dene anggènipun macak wau punapa sadaya punapa namung sawatawis, punapa kakêmpal-kêmpalakên adhapur karangan enggal, punika badhe miturut sapikajênganipun Yapha Insêtitut.

Karangan ingkang kaêcapakên sanajan ingkang ngarang sampun angsal ganjaran, inggih badhe kasukanan pituwasing tukang ngarang. Kathah kêdhikipun miturut pranatanipun Yapha Insêtitut ingkang sampun tumindak lami.

Pêkên Taunan Ingkang Kaping Kalih Ing Ngayogyakarta

Rêdhaksi mêntas tampi pawartos cara Malayu saking sèkrêtarisipun pakêmpalan pêkên taunan ing Ngayogyakarta, suraosipun makatên:

Ing salêbêting taun 1928 punika wiwit dintên Sabtu tanggal 14 Juli dumugi dintên Sabtu malih tanggal 28 Juli, ing Ngayogyakarta badhe wontên pêkên taunan malih. Ing ngriku dhepartêmèn têtanèn, dêdamêlan tuwin dêdagangan (ingkang bagean dêdamêlan) badhe mitongtonakên barang-barang sêratan (bathikan) wêdalan tanah Jawi sarta Madura. Tumrap barang sêratan kemawon, kangjêng guprêmèn nyadhiyani yatra f 2000,- punika salong kangge ganjaran dhatêng ingkang sami ngintunakên sinjang, ingkang pancèn pantês tampi ganjaran. Salong kangge pasumbang wragading têtingalan punika.

Sarèhne wontên pasumbang makatên, mèmpêripun inggih kathah kintunan barang sêratan saking nagari-nagari ingkang pancèn dados panggenanipun tiyang nyêrat sinjang, kados ta: Bêtawi, Tasikmalaya, Cirêbon, Pakalongan, Banyumas, Surakarta, Ngayogyakarta, Sêmarang, Lasêm, Trênggalèk, Surabaya, Grêsik, Madura, Basuki.

--- 35 ---

Barang-barang sêratan punika badhe kadadosakên 4 golongan.

I. Barang-barang sêratan praosan.@II. Sinjang sêratan lugas (tanpa praos).@III. Sinjang cap alus.@IV. Sinjang cap kodhèn.

Kajawi punika têtingalan pêkên taunan ing Ngayogyakarta punika badhe kadadosakên golong-golongan makatên:

I. Barang nam-naman, barang tênunan (renda-renda, barang sulaman, barang pasmèn, barang mote, sapanunggilanipun inggih katut).

II. Barang sêratan (bathikan) (plangi, tritik, sinjang Bali ingkang mawi rêrênggan corekan tangan, inggih katut).

III. Barang mas sarta salaka, têmbaga, kuningan, timah sari, blèk, tosan, sapanunggilanipun (pandamêlipun pamor inggih katut).

IV. Barang kajêng, dêling, wacucal, singat, balung, pênyu, gadhing, giwang sapanunggilanipun.

V. Barang lêmpung, grabah, sapanunggilanipun.

VI. Băngsa lisah, sêtrup, acar, sapanunggilanipun.

Ing pêkên taunan ngriku inggih badhe dipun sukani papan barang-barang, dêdamêlanipun tiyang bumi ing tanah Cina - Indho - bawah Prancis. Punapa malih papan kangge barang-barang dêdamêlanipun lare sêkolah. Papan kangge barang-barang dêdamêlanipun tiyang bumi ing tanah ngriki, ingkang babagan damêl griya tuwin pirantosing griya. Bab têtanèn anggarap sabin patêgilan, tuwin pakêbonan. Punapa malih bab ulam toya.

Bab barang-barang saking tanah Cina - Indho - bawah Prancis, Tuwan Bodhar, kunsul jendral tanah Prancis ingkang manggèn ing Batawi sampun suka pitulungan. Kalihan malih tuwan wau inggih badhe ihtiyar, supados sagêd angsal kintunan barang-barang saking Saigon, Anam, Kamboja, Tongkin.

Barang-barang dêdamêlanipun lare-lare sêkolah, kathahipun badhe ngungkuli ingkang rumiyin. Sarta malih badhe dipun ihtiyari, murih sagêd angsal kintunan barang dêdamêlanipun lare sêkolah ing sajawinipun tanah Jawi tuwin Madura, ingkang dêdamêlanipun pancèn sampun sae, kados ta: ing Moloko. Ing ngriku pasinaonipun lare-lare kanthi tuntunanipun Tuwan A. pan Dhèlên, insêpèktur pamulanganipun tiyang bumi, manggèn ing Ambon.

Bab dêdamêlanipun tiyang bumi, babagan damêl griya, ing ngriku badhe dipun wontêni gambar-gambar utawi pêpêthan, ingkang mratelakakên dhapuring griya-griya utawi pirantos griya, tuwin [tu ...]

--- 36 ---

[... win] rêrêngganing griya sarta sapanunggilanipun. Ingkang kadamêl: kajêng utawi dêling. Ingkang kangge ing jaman kina utawi ing jaman sapunika, (kados ta: tandhu, jodhang, grobag, lêmari, bêrsihan, botheklan,[3] clupak, jodhog, blencong, untir-untiran kori, sapanunggilanipun) punika sadaya ingkang nuntuni mranata: Nyonyah Resing kalihan Tuwan Sitsên ing Ngayogyakarta.

Bab têtanèn ing sabin têgil, tuwin ing pakêbonanipun tiyang bumi, ingkang badhe mranata: Tuwan Lanbao konsulèn, Tuwan Gut pan Dhêrpèt, Mas Umar Sanusi, punika ingkang badhe nêrang-nêrangakên prakawis têtanèn. Dene ingkang bab ulam toya, mawi wadhah kaca, punika pranatanipun badhe kapasrahakên dhatêng Tuwan Rèncês, priyantun bab kawruh ngingah ulam ing Surabaya.

Sampun angsal kasagahan saking Tuwan B. Dhêhan insupèktur ing pakaryan bab barang kina: ing salêbêting wontên pêkên taunan punika, para ingkang sami ningali badhe dipun jak ningali candhi Prambanan. Dintênipun badhe kapratelakakên ing têmbe. Wontên ing candhi ngriku badhe dipun cariyosi kajênging candhi tuwin rêca-rêca ing ngritu.[4] Ingkang anggênah-gênahakên, sarjana ingkang ahli yêktos dhatêng prakawis punika.

Sa.

Kêthoprak

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 2)

Pucung (kêthoprak)

Bapak pucung badhenên cangkriman ingsun / kidul kono ana / wit-witan kang sarwa pèni / gondhongira kaya asêm wohe mirah //

Bapak pucung badhenên cangkriman ingsun / ana dhayoh têka / sandhangane gombal lami / lamun lunga si pucung dadi tangisan //

Bapak pucung cangkêmmu marêp mandhuwur / sabamu mring sêndhang / pencokanmu lambung kering / praptèng wisma si pucung mutah kuwaya //

Bapak pucung êmoh-êmoh aku mèlu / kowe dudu rama / rama kudu santa aji / wis kapenak mèlu ibu nèng pratapan //

Bapak pucung dudu watu dudu gunung / satriya sing Plembang / dêdêgira agêng inggil / yèn lumampah si pucung lembehan grana //

Liring pucung jron bètèng namburan kampung / kumpulan kathoprak / mudha kacuwa kang nami / gih punika cabanging wasmaya kata //

Ngèlmu iku kalakone kanthi laku / lêkase lawan kas / têgêse kas nyantosani / satya budya pangêkêse dur angkara //

Bapak pucung isih ênom klambi gadhung / yèn satêngah tuwa / si pucung klambine kuning / yèn wis jêmpo si pucung aklambi abang //

Bapak pucung pasar mlathi kidul dhênggung / kricak lor nagara / pasar gêdhe loring loji / menggok ngetan kêsasar nyang Găndamanan //

--- 37 ---

Bambu panu kidang alit tanpa sungu / yèn kapêncil sira / sun tutuli padha siji / kêthèk langking nora etung mulih wuda //

Jêbulipun wontên klêmbak kang kampiyun / raosnya mirasa / sêdhêp arum dhasar manis / gih punika klêmbak tulèn saking Kroya //

Hèh lêlêmbut sira iku ora nyêbut / dêgsura tan tata / enggal minggata si eblis / lamun lena sida krasa tangan ingwang //

Dupi sampun muwus mangkana wong agung / alon aturira / maring yayah rena kalih / dhuh têtiyang sêpuh kawula priyăngga //

Ing panuwun kula mugi-mugi sampun / sami darbe manah / kang rikuh kewraning budi / salêbêting wontên pasamuan arja //

Para tamu kang lênggah ngriki sadarum / wus pinèt wong tuwa / marma ingkang mugi-mugi / ngandikana sampun mawi taha-taha //

Bapak pucung ngudi kawruh ngèlmu umum / nulis etung maca / anglantih klakuan bêcik / ora omong ngêcêmong kang tanpa karya //

Peling jantung pan iku peling satuhu / datan darbe karsa / akarya doraning lathi / amung arsa ngucap sêca myang prasaja //

Warninipun nadyan kadi bapak pucung / yêkti tanpa beda / asor luhuring dumadi / awit saking karsaning Hyang kang Misesa //

Sigra mabur ing awiyat nyamut-nyamut / eram kang tumingal / pan rupamu kaya anjing / patih dhayak bisa ngambah jumantara //

Labah sungguh mèrêk rokok modhèl baru / baru saja kluwar / dhari kita punya pabrik / mari sobat minum buwat pêrcobakan //

Lêkas minum dhari dhuwa satu-satu / rasa sama saja / biru merah tidhak lain / enak sêdhap sêmua arum baunya //

Bapak pucung mirêng suwaraning lêsung / suling lawan têrbang / kêndhang lir guntur kapyarsi / iyêk samya pra mitra ayun uninga //

Bapak pucung dudu mega dudu gunung / dawa kaya ula / ancik-ancik wêsi miring / lunga têka si pucung ngumbar suwara //

Gambuh

La lela lela ledhung / cêp mênênga anakku si kuncung / êmbokira lagi lunga mênyang kali / ngumbah popok nyangking bêruk / cêp mênênga ana uwong //

ga pênak iwak duduh / sambêl gorèng tur pêtene wutuh / gudhêg manggar sinantênan santên kanil / iwak êmpal abon rêmus / tur brongkose iwak congor //

lah niki wong kampiyun / kampiyune dede băngsa gêlut / dede konto boksên pêncak lan kumidhi / kula kampiyun misuwur / misuwur ngêbaki gênthong //

Mêgatruh

Sigra milir kang gèthèk sinăngga bajul / kawan dasa kang jagèni / ing ngarsa miwah ing pungkur / tanapi ing kanan kering / kang gèthèk lampahnya [la ...]

--- 38 ---

[... mpahnya] alon //

...

Gandrung ing Banyuwangi

Têmbung gandrung anggènipun nêgêsi Tuwan Sêkoltê, saking cariyosipun, miturut Bausastra Kawang - Jawi anggitanipun paduka Tuwan Wintêr, ragi mlèsèd. Ungêl-ungêlaning katrangan cara Walandi makatên:

De Blambangers kennen de beteekenis van het woord "gandroeng " niet. Volgens het Kawi-Javaansch woodenboek van Winter beteekent Gandroeng = tontonan = "kijk er naar" of "verliefd, ontroerd".

Sanajan bausastra ingkang kasêbut ing nginggil punika dèrèng patos dipun ajêngi dhatêng para pinunjul ing kawruh, manah kula mêksa sêmang-sêmang dhatêng katrangan ing nginggil punika. Têgêsipun, manah kula ragi maibên manawi anggènipun nêgêsi gandrung ngantos kalintu makatên. Sarêng kula cocogakên kalihan Bausastra Wintêr punika ungêlipun makatên:

Gandrung - tongtonên, sêngsêm.

Ewah

Tuwan Sêkoltê anggènipun nyuraos têgêsipun tongtonên, ragi klintu. Dipun kintên têmbung pakèn utawi agnya, tur anggènipun mêthik (utawi ngêcap) inggih klintu dados tontonan. Lêrêsipun tongtonen utawi tontonen. Ing ngriki bab lêrêsing têgês, botên kula sêbutakên, sabab tumrapipun tiyang Jawi têmbung tongtonên, ingkang kangge nêgêsi têmbung gandrung, sampun têrang. Mindhak anjuwarèhi manawi kula têrangakên. Tumrapipun para tuwan-tuwan ingkang dèrèng patos têbih kawruhipun bab têmbung Jawi, têmbung mawi panambang ên, punika ingkang cêpak, lajêng kagolongakên dhatêng rimbag agnya kemawon.

Sapunika nglajêngakên bab têtingalan, gandrung miturut katranganipun Tuwan Sêkoltê.

Gandrung punika rumiyin-rumiyin ingkang dados lare jalêr. Yèn umuripun sampun watawis nêm bêlas taun, lajêng mantun dados gandrung, sabab sampun kagêngên. Ewasamantên lare jalêr ingkang kantun piyambak anggènipun dados gandrung, punika ngantos dados tiyang umur kawandasa taun, taksih lêstantun dados, margi taksih pantês kemawon, namanipun pun Marsan. Sarêng Marsan wau tilar donya, lajêng botên wontên-wontên gandrung malih ngantos dumugi taun 1895.

Ing nalika taun 1895 punika wiwit wontên gandrung èstri, namanipun Sêmi. Anggènipun wiwit dados gandrung sarêng umuripun watawis sadasa taun.

Lare èstri dados gandrung punika botên kados tlèdhèk. Sanajan mawi dipun jogèdi, nanging botên dipun grayang dhatêng ingkang anjogèdi. Lare èstri dados gandrung botên dados palanyahan. Yèn sampun wancinipun imah-imah inggih lajêng imah-imah, sarta mantun anggènipun dados gandrung.

--- 39 ---

Dene manawi lajêng răndha, măngka taksih ênèm, inggih wontên ingkang wangsul dados gandrung malih.

Sa.

Sêrat Enggal

I. Kula mêntas tampi sêrat enggal saking toko buku: S.M. Diwarna ing Kutha Gêdhe Ngayogyakarta, karanganipun Radèn Bratakesawa. Namaning Sêrat Uran-uran, inggih ugi kawastanan Rêrêpèn. Ugi ngêwrat lagu kêthoprak: sarta Pucung Mijil. Isinipun sadasa kaca. Panjang wiyaring sêrat 21 cM X 15, saening dlancangipun cêkapan, dede dlancang koran, aksaranipun jêjêg, cêtha.

Ikêtan sarta têtêmbunganipun mapan, suraosipun nyariyosakên gandrungipun priya dhatêng pawèstri. Panyandranipun tiyang gandrung dhatêng ingkang dipun gandrungi kêlangkung-langkung. Yèn ingkang dipun gandrungi maos sêrat punika tamtu inggih mongkog sangêt manahipun. Sampun malih tiyang ingkang pancèn endah warninipun, la tiyang ingkang kados limbuk kemawon, pangraosipun inggih ayu.

II. Tampi saking Tuwan pan Dhèk, Sêrat Kêmbang Sêtaman jilid 1 cap-capan kaping tiga, anggitanipun Tuwan Dhènik kalihan Tuwan pan Dhèk. Têmbungipun Jawi, aksaranipun Latin. Urut-urutanipun sampun ewah babarpisan kalihan ingkang cap-capan kapisan. Ukaranipun cêkak-cêkak, gambar wontên ingkang dipun santuni. Namung taksih wontên ingkang kirang cocog. Kados ta gambar ing kaca 21 (wit katès kalihan lare anama Sakri). Têtêmbungan ingkang cara Madiun sampun kathah ingkang dipun bucali. Kilap sampun ical sadaya kilap dèrèng. Manawi wontên sadhèrèk guru ingkang priksa: wontên ingkang kirang mapan, wontêna karsanipun angrêmbag ing Pusaka Jawi, supados ing têmbe sagêd mindhak saenipun. Makatên panêdhanipun ingkang sami ngarang.

III. Kawi, sêrat wulanan, prawolonan kêbèt isi 32 kaca. Ingkang ngêdalakên: Dhoktor Radèn Ngabèi Purbacaraka, Mas Ngabèi Dwijawiyata, Mas Ngabèi Jayasugita, Radèn Sastrawirya, H. Sutadi. Ngiras dados kumisi rêdhaksi.

Isining sêrat bab basa Jawi, langkung-langkung basa Jawi kina, ingkang limrahipun kawastanan basa Kawi. Tumrapipun para sadhèrèk ingkang pancèn mrasudi dhatêng basa, sêrat wau maedahi sangêt. Radèn Ngabèi Dhoktor Purbacaraka mapan sangêt pamanggènipun, nêtêpi pangajêng-ajêngipun para neneman ingkang kêpengin sumêrêp dhatêng trontonging basa Jawi kina, manawi wontên ingkang kêpengin lêngganan, prasabênipun dhatêng sadhèrèk H. Sutadi, Kawatan, Sala.

Sa.

--- 40 ---

Mrêcakathika Utawi: Ratapratala

Wontên sêrat ing tanah Indhu anama: Mrêcakathika, kadhapur tonil. Wondene Jawinipun Mrêcakathika punika: kretan-kretanan lêmpung. Dadosipun sêrat cara Jawi anama: Ratapratala. Babonipun ingkang asli: anggitanipun Prabu Sudraka, têmbungipun basa Prakrit, sarta Sangsêkrit. Kajarwakakên ing têmbung Walandi dhatêng paduka Tuwan Propesor Phogêl ing nagari Lèidhên, nalika andadar kawruhipun badhe angsal sêsêbutan dhoktor.

Ingkang dados jêjêring cariyos ing sêrat punika: juragan băngsa brahmana taksih neneman, anama: Carudata, kalihan pawèstri băngsa priyayi endah ing warni, nanging ragi ucul. Damêlipun sok dados tonil (nonil).

Brahmana Carudata punika, waunipun sugih sangêt, rêmên têtulung dhatêng tiyang ingkang kasusahan utawi kamlaratan. Wasana sang brahmana lajêng dhumawah ing kamlaratan, ngantos bandhanipun larut babarpisan. Ewadene anggènipun rêmên têtulung botên ewah, inggih namung ing sasagêd-sagêdipun kemawon. Sadaya tiyang ing salêbêting nagarinipun sarta ing sajawining nagari sami sumêrêp dhatêng saening pambêkan sarta kalakuanipun. Makatên ugi kawêkêlanipun inggih kawêntar ing ngrika-ngrika.

Wondene pawèstri punika anama: Dyah Wasantasena. Anuju satunggaling dintên, Wasantasena lêledhang dhatêng patamananing nagari (yèn jaman sapunika: upaminipun kêbon raja: Sriwêdari ing Surakarta). Sumêrêp dhatêng warninipun Sang Carudata lajêng kasmaran. Sang Carudata inggih samantên ugi.

Wontên malih tiyang. Waunipun băngsa alit, manggih kamulyan jalaran lajêng dados ipenipun ratu ing nagari ngriku, awit sadhèrèkipun èstri kapundhut garwa dhatêng sang ratu. Tiyang wau anama: Samstanaka. Saking sawabing sang prabu, Samstanaka punika lajêng sugih rajabrana. Ananging sarèhne pancèn bèbètipun tiyang alit, tur botên patos kopèn pasinaonipun, dados inggih botên ical jugulipun. Kasênênganipun ugal-ugalan, sadaya patrapipun kao sarta ngewak-ewakakên. Warninipun kasar botên bagus, ewadene pangraosipun piyambak inggih bagus. Sangêt anggènipun angêndêl-êndêlakên dhatêng kasugihanipun sarta dhatêng anggènipun dados ipening ratu. Samstanaka punika kedanan dhatêng Wasantasena, nanging pun Wasantasena botên ajêng dhatêng piyambakipun. Wasana saking jujuling angên-angênipun, Wasantasena dipun têkak ngantos pêdhot napasipun, lajêng dipun sasabi ing êpang-êpanging kêkajêngan. Kadurjananipun wau dipun lèrègakên dhatêng Brahmana Carudata. Saking apêsipun sang brahmana, sarta [sar ...]

--- 41 ---

[... ta] margi kasarêngan ing lêlampahan ingkang adamêl mèmpêr dhatêng pandakwa, Sang Carudata kalampahan kaputus kisas. Sarêng paukuman badhe katindakakên, dilalah pun Wasantasena marak dhatêng pangadilan. Wasantasena ing wau, nalika katêkak sarta dipun urugi ing êpang-êpanging kajêng punika katingalipun pancèn kados sampun pêjah saèstu. Anamung sarêng dipun upakara dhatêng biksu ingkang kalêrêsan sumêrêp dhatêng badanipun pun Wasantasena, sagêd gêsang malih. Sarêng mirêng pawartos bilih Sang Carudata badhe kaukum kisas, amargi kadakwa mêjahi badanipun, enggal-enggal marak dhatêng ngarsaning pangadilan. (Dados, ing jaman samantên, sêmunipun prakawis botên kathah kados ing jaman sapunika. Yèn wontên tiyang ngladosakên prakawis, lajêng kapriksa sanalika. Sarta putusanipun inggih lajêng katindakakên sanalika, botên ngantos wêwulanan).

Wontên ing ngarsaning pangadilan, Wasantasena matur bilih ingkang nêdya mêjahi badanipun punika: pun Samstanaka, dede Carudata. Nalika samantên nyarêngi lêlampahan agêng: ratu ipenipun Samstanaka punika kalungsur saking kaprabonipun (namanipun Prabu Palaka), kasantunan ratu enggal anama Prabu Aryaka. Prabu Aryaka punika, waunipun namung pangèn lêmbu kemawon, kalêbêt dados mitranipun Sang Carudata.

Sarêng paturanipun Wasantasena kapriksa, cocog kalihan nyatanipun, putusan lajêng kasumanggakakên dhatêng ratu enggal. Miturut ungêling anggêr-anggêr, Samstanaka kalêrês kêdah nampèni paukumanman[5] kadosdene ingkang sampun kadhawahakên dhatêng Sang Carudata. Saking trêsnanipun ratu enggal dhatêng Carudata, Samstanaka lajêng kapasrahakên dhatêng Sang Carudata, kapurih malês utawi ngukum ing sapikajênganipun. Namung Sang Carudata, saking saening pamanahanipun, mêngsahipun dipun luwari, kamulyanin[6] sarta kadrajatanipun inggih kawangsulakên kados ingkang wau-wau. Jalaran saking pamanahipun: piawon punika sagêdipun têluk babarpisan, kêdah kakawonakên sarana kasaenan.

Wondene bab Ratapratala, ing sêrat ngriku namung kacariyosakên sakêdhik sangêt, makatên: anakipun Sang Carudata anama Rohasena nangis, jalaran kêpengin kretan-kretanan kancana gadhahaning lare tangganipun, anakipun sudagar sugih. Sarèhne Sang Carudata sampun mlarat, namung dipun damêlakên kretan-kretanan lêmpung kemawon dhatêng êmbanipun. Bab Ratapratala punika kacriyosipun wontên ing têngah-têngah, nalika Sang Carudata taksih sih-sinihan kalihan Wasantasena, dèrèng manggih pitênah.

Cariyos ing nginggil punika pawicantênanipun, wontên ingkang pawicantênan limrah, wontên ingkang kadhapur lêlagon. Tumrapipun kula, [ku ...]

--- 42 ---

[... la,] cara Wlandinipun, angèl sangêt. Ewasamantên saking kadêrênging manah kula, mêksa kula ayati, kanthi pitulunganing têtêpangan kula sawatawis. Kula sampun angsal palilahipun paduka Tuwan Dhoktor Phogêl, angêdalakên jarwanin[7] wau ing sasagêd-sagêd kula. Sêrat palilah kasêrat tanggal 16 Sèptèmbêr 1925.

Dhapuring cariyos.

Cariyos Ratapratala punika kadhapur kados lampahan ringgit mawi pocapan. Pocapanipun wontên ingkang têmbang, wontên ingkang ginêman lugu, dados kadosdene caranipun kêthoprak, botên kados caranipun Langêndriyan utawi Langên wanara. Limrahipun tonil ing tanah Indhu jaman samantên, ingkang dados undêraning lampahan, pawèstri. Cariyos Sapanti Sakuntala, ingkang dados undêraning lampahan, Dèwi Sakuntala, pawèstri pinunjul ing kasusilan, tur tonilipun inggih sae sangêt. Punika kalêbêt tonil pinunjul. Sampun kajarwakakên ing têmbung Walandi dhatêng paduka Tuwan Propesor Kèrên, sarta kajawèkakên dhatêng Radèn Mas Kartadirja ing Ngayoja.

Tonil Ratapratala, ingkang dados undêraning lampahan pawèstri ucul-uculan. Punika ing bab pêpangkatanipun, kalêbêt tonil ăngka kalih, kawon inggil kalihan Sakuntala. Kula mirêng saking têtêpangan kula, bilih tonil Ratapratala punika wontên ing nagari Walandi sampun kêrêp dipun mainakên. Wontên ing Ngayoja pawartosipun, dèrèng nate kamainakên wontên ing kêthoprakan, malah Sapanti Sakuntala, wontên ingkang sampun miwiti. Anamung kalih-kalihipun punika pancèn kalêbêt awrat, awrat sangêt. Ingkang kwawi ngêdêgakên utawi yasa, pantêsipun namung pakêmpalan ingkang kiyat, utawi băngsa luhur ingkang sugih.

Princèning tiyang ingkang sami main.

W. 1. Tiyang ingkang ambukani utawi ambikak têtingalan.

W.K. 2. Tiyang èstri ingkang entra-entranipun dados semahipun tiyang ingkang ambukani tonil wau.

Tj=Tjr. 3. Carudata, băngsa brahmana, waunipun juragan agêng.

M =Wid. 4. Mètreya (=Widusaka), kanthinipun Carudata.

Ward. 5. Wardamanaka, rencangipun Carudata.

Roh. 6. Rohasena anakipun jalêr Carudata, taksih alit.

Samst. 7. Samstanaka, ipenipun Prabu Palaka = I.

E. 8. Êmban jalêr, abdi ing kraton.

--- 43 ---

8t. 9. Swawaraka, rencangipun Samstanaka.

Sarw. 10. Sarwilaka, băngsa brahmana bedhanganipun Madanika.

Ar. 11. Aryaka, pangèn lêmbu, tiyang neneman. Ing pawingkipun dados ratu, anggêntosi Prabu Palaka.

Doek. Oer.12. Dhukun urut, pawingkingipun dados biksu.

M. 13. Matura, tiyang ingkang ngadêgakên patopan.

Bot. m. 14. Botoh main, gonjonganipun Matura.

Dard. 15. Darduraka.

Was. 16. Wasantasena, wanita endah, ucul-uculan.

Kr. 17. Karnapuraka,Km. 18. Kumbilaka, kalih-kalihipun rencangipun Wasantasena.

B. 19. Bandula, pawèstri kathah, dados kanthinipun Wasantasena.

Wir. 20. Wiraka, Tjn. 21. Candhanaka, priyantun sami dados pangagênging pulisi.

P.P. 22. Pangagênging priyantun ingkang nyêpêng pangadilan.

P.K. 23. Pangagênging para kriya.

Tj. P. 24. Cariking priyantun ingkang nyêpêng pangadilan.

B.P. 25. Bêbauning priyantun ingkang nyêpêng pangadilan (= upas).

26. Tiyang kalih: băngsa candhala, dados Singanagara.

B. Tjr. 27. Semahipun Carudata.

Rad. 28. Radanika, rencangipun èstri Carudata.

Mad. 29. Madanika, rencangipun èstri Wasantasena.

P=Pr. 30. Rencang èstri utawi para nyai sanèsipun, gadhahanipun Wasantasena.

Ingkang kacariyosakên punika papanipun ing nagari Ujawini.

Cêkakan mawi aksara Latin punika cêkakanipun têmbung ngoko. Kados ta: tiyang dados W. têgêsipun Wong.

Sadèrèngipun wontên ingkang malêbêt dhatêng kalangan papaning têtingalan, dhalangipun suluk rumiyin. Suraosing suluk, mêmuja sarta ngluhurakên Sang Nilakăntha inggih Sang Hyang Sambu, garwanipun Dèwi Parwati. Sakèndêling suluk, lajêng wiwit wontên ingkang mêdali ing kalangan. Punika ingkang anggênahakên sawatawis dhatêng larah-larahing cariyos, ananging patrapipun inggih kadosdene tiyang ingkang main tonil, kadamêl amurwani utawi ambikak tonil. Sasampunipun rampung

--- 44 ---

saadêgan punika lajêng nyandhak wiwitaning tonil ingkang saèstu.

Murih ragi cêkap panyêrat kula, satunggal-tunggaling tiyang ingkang mêdali ing kalangan, namanipun utawi sêsêbutanipun, ing wingking-wingking wontên ingkang kula pratelakakên mawi sastra Latin cêkakan.

W. Wong kang ambukani.

Ora apik kakehan gunêm, mundhak marakake panganja-anjane wong kang kêpengin wêruh. Karo manèh aku tak anoraga, ngaturi priksa marang para bêndara, para kulawăngsa, yèn aku arêp ambukani tontonan aran Ratapratala. Sing nganggit ajêjuluk Prabu Sudraka, gêgunungane para dwija. Yèn tindak, lêndhah asarèh kaya ratuning dipăngga. Pasuryane mancorong pindha Sang Hyang Căndra. Socane angrêsêpake kaya mripate manuk Cakora. Pasarirane pidêksa, kaluwihane ora kêna kinayangapa. Kasagêdane marang kapujanggan kawêntar ngèbêki buwana. Putus marang surasane Rêkweda, sarta Samaweda. Pragad marang sarupaning petung. Miwah marang pangrèhing dipăngga. Sang nata antuk sihing Hyang Sarwa, pinaringan paningal têrus waspada. Barêng putrane wus jumênêng nata, sarta wus bujana wajimeda, banjur seda lêbu tumangan. Yuswane satus taun punjul sapuluh dina. Karo manèh sang prabu prawira ing yuda, tur ora tau tilar wêweka. Gêntur tapane, dadi pangayomane para ahli Weda. Dadi pangaubaning jagad, nyênyadhang pêrang andhadha. Sanajan mungsuha gajah iya ora suminggah.

Kang kacrita ing lakon iki: juragan băngsa brahmana ing nagara Awanti aran, Sang Carudata, bangêt kawêlas asih. Saking bêciking atèn-atène, miwah pinunjuling kalakuane, dikedani marang wanita endah băngsa priyayi nanging ucul-uculan, aran Wasantasena. Sarta manèh nyaritakake panganggoning nalar lan rekadaya ana ing sajroning ngunggar-unggar ardaning păncadriya kang ambênêri pinulêt ing sih. Apadene nyaritakake kliruning tibane bêbênêran kang sasar, sarta wêwatêkane wong ala, lan têtêpe samubarang kang wus ginaris. Iku mau kabèh Prabu Sudraka anggancarake kaanane dhewe-dhewe. (Wong kang ambukani nuli lumaku mubêng-mubêng ing kalangan karo nolèh-nolèh ngingêtake ngiwa nêngên, banjur calathu manèh).

Êllo kalangan kene iki kok jêbul sêpi têmên. Mênyang êndi, ta, sing arêp padha mêtoni. (Nuli mikir-mikir) e, iya, dhing, ana bêbasan mêngkene unine:

Omah, yèn ora ana putra: sêpi.

Wong urip, yèn ora duwe mitra sajati, krasa sêpi nyênyêt.

--- 45 ---

Wong buyan, pangrasane, jagad iki sêpi amamring.

Wong urip, yèn kaoncatan ing băndha tumênga sêpa, tumungkul sêpi.

Saiki olèhku nguyu-uyu wis mandhêg. Pancèn rada kêsuwèn, olèhku nguyu-uyu iki mau, nganti mripatku[8] luwene ngintir-intir, mêndolo kaya isining woh trate kang kêna ing panas ing măngsa srisma (=măngsa panas). Coba, êmbokne thole tak undange, tak takonane, ana sarapan apa ora. Saiki murih cocoge karo niyatku, sarta murih cocoge karo tatakrama, aku tak gunêman cara Prakrit. Tobil, tobil, kêsuwèn têmênan olèhku nguyu-uyu iki mau. Saking luweku: awakku nganti peloh kaya wit tunjung kang alum. Coba, aku tak mulih, tak niliki êmbokne thole, apa wis olah-olah apa durung. (Banjur mlaku mubêng-mubêng ing kalangan karo ngingêtake ngiwa nêngên). Saiki aku wis têkan ngomah. Coba tak mlêbu. (Banjur mlêbu karo ngingêtake ngiwa nêngên). E, Ca, iki ana apa, ta, dene dalane kok kêbanjiran lêri mêngkene iki. La sing pating glalêr irêng-irêng iki kok kaya tilas silit kêndhil, rupane kaya putri cêlakan. La ambune kok sêgêr têmên, ta, iki. Luweku banjur malah kaya disêngkakake. Apa mêntas nêmu pêndhêman rajabrana, ta, iki mau. Apa saking ngintir-intire wêtêngku. Kabèh-kabèh kok katon jênang baro-baro bae. Tak kira ngomah ora ana sarapan. Ah, luweku kok ora kêna dibêtahake. Kabèh-kabèh mratandhani yèn ana gawe parigawe. Wong-wong wadon ana sing mipis borèh, ana sing ngronce kêmbang. (mikir-mikir). Gèk ana apa ya iki. Coba, êmbokne thole tak undange, tak takonane, ana apa. (Banjur ngungak saburining gêbêr): Radèn ayu, coba sampeyan mriki.

Wong wadon kancuhane. W.K.

Wontên punapa, ta, dèn bèi.

W. Radèn ayu, kasugêngan.

W.K. Dèn bèi karsa dhawuh punapa.

W. Radèn ayu, anggèn kula nguyu-uyu radi kêdangon, wêtêng kula luwe sangêt, punapa radèn ayu kagungan punapa-punapa. Kula kêpengin nêdha.

W.K. O, lah, pêpak, dèn bèi. Samukawis wontên.

W. Punapa, ta, ingkang wontên.

--- 46 ---

W.K. Wontên jênang baro-baro mawi gêndhis, mili martega sarta puhan. Sêkul dalah duduh-duduh inggih wontên.

W. We, lah, kok kadingarèn. Punika wau sadaya mênapa wontên ing griya ngriki sayêktos, punapa namung gêgujêngan kemawon.

W.K. (Ing batin): Mêngko, tak gawene gêguyon. (banjur calathu), sami wontên ing pêkên, dèn bèi.

W. Ah, kok ngono. Dèn ayu pulasan, ane. Yèn mêkatên sampeyan kula pujèk-pujèkakên awon, lo: pêpenginan sampeyan sampun ngantos wontên ingkang kadumugèn, sabab kula sampeyan junjung-junjung, lajêng sampeyan êntêbakên kados êbrug.

W.K. Ingkang agêng pangapuntên sampeyan, dèn bèi, mênika wau namung gujêngan kemawon.

W. Sayêktosipun ing ngriki punika wontên punapa, ta, kok wontên ingkang andamêl borèh, wontên ingkang ngronce sêkar. Ing jogan kok kêbak sêkar măncawarni.

W.K. O, lah, mênika badhe wiwit siyam.

W. Siyam mênapa namanipun.

W.K. Namanipun: siyam kangge ngupados jodho ingkang sajati.

W. Jodho ing paramean ngriki, punapa ing dêlahan.

W.K. Ing dêlahan.

W. La, la, la, sumăngga, ta, para priyantun, sami kagaliha. Tiyang mêsthinipun kula ingkang nêdha, kok jêbul dipun angge riyayan, prêlu kangge ngupados jodho ing dêlahan.

W.K. O, dèn bèi, anggèn kula siyam punika prêlunipun, supados sampeyan, ing ngrikanipun taksiha dados jodho kula.

W. Sintên, ta, ingkang ngakèn siyam mênika.

W.K. Mitra sampeyan: Curnawrêda.

W. E, la, Curnawrêda, Curnawrêda, bèbèting wong asor. Iya: kowe tak suwun-suwun, kowe ditigasa gulumu marang Prabu Palaka, dirajang-rajanga kaya kêmbang, dikêthok-kêthoka kaya lombok.

--- 47 ---

W.K. (Ngrungkêbi sikil): Nyuwun pangapuntên dèn bèi, anggèn kula siyam punika rak ngangsal-angsalakên salira sampeyan, ta.

W. Dèn ayu, sumăngga sampeyan jumênêng. Kula aturi ngêndika, sintên pantêsipun ingkang badhe dipun ulêm-ulêmi kangge miwiti siyam punika.

W.K. Ingkang prêlu dipun ulêmi, supados anjênêngi, kêdah wontên brahmananipun, ingkang sagêd cundhuk kalihan tiyang sak kula: sak sampeyan.

W. Dèn ayu, sampeyan lajêngakên anggèn sampeyan nyambut damêl, kula badhe kesah ngupados brahmana, ingkang cundhuk kalihan pêpangkatan kula.

W.K. Inggih, dèn bèi. (Bali mênyang kobongan).

W. (Mlaku-mlaku ing kalangan): E, ca, pripun olèh kula golèk brahmana ing nagara Ujayini niki, sing cundhuk kalih pêpangkatan kula (nolèh ngiwa nêngên), e, la, kae Mètreya, mitrane brahmana Carudata, kêtebang-kêtebang arêp mrene. Coba tak ulêmane. O, Sang Brahmana Mètreya, manawi dhangan, sampeyan kula aturi rawuh ing griya kula, prêlu mêmuja anggèn kula badhe riyayan.

(Wangsulan saka saburining gêbêr).

Ngundanga brahmana seje bae, dina iki aku ora bisa.

W. Sang brahmana, dhaharanipun eca-eca, sampeyan badhe miyambaki, botên wontên brahmana sanèsipun. Sarta malih sampeyan badhe kula aturi wêjani.

(Wangsulan saka saburining kêbêr[9] manèh)

Wong wis diêmohi ngono kok mêksa wae.

W. E, la, ora gêlêm. Ya wis, aku tak golèk brahmana liyane bae, nèk ngono.

Mètreya (mêtu mênyang sajroning kalangan karo anggawa krudhuk)= Mait.

Ngundanga brahmana seje bae, dina iki aku ora bisa. La wong aku kok jêbul dipurih mangan pawèwèhing wong liyan brayan. Nèk tak rasak-rasakake kaananku saiki-iki karo dhèk biyèn, gèsèhe kok ora karuwan. Biyèn, nalika mitraku: Carudata, isih abandhu-băndha, rina wêngi aku diwènèhi mangan sing enak-enak, sing mirasa. Pangolahe [Pangolah ...]

--- 48 ---

[... e] dikikriki, ambune sêdhêp. Yèn ambênêri aku lungguh ana ing jogan, rampadane: yèn satus piring bae ora kurang, kapara luwih. Panjupukku salin-sumalin, prasasat mung tak duliti bae, kaya tukang cèt, yèn anduliti cète rupa-rupa kae. Olèhku anggayêmi kaya sapi ana ing plegungan. Saiki mitraku tumiba ing kamlaratan, mrana-mrana udhang-udhêng, tibane: ya bali mrene manèh, kayadene manuk dara sing cumbu kae, bola-bali mênyang pagupone. Aku iki lagi dikongkon marang Curnawrêda, mitrane Sang Carudata, mènèhake krudhuk sing ambune amrik awangi iki marang Sang Carudata. Olèhe ngakon nampakake, yèn Sang Carudata wis lêbar ênggone mêmuja. Mêngko tak tilikane Sang Carudata. (Mlaku mubêng-mubêng ana ing kalangan, karo ngingêtake ngiwa nêngên). E, la, kae Sang Carudata kêtebang-kêtebang mrene. Wis lêbar ênggone nungku puja.

(Carudata Tjar. mêtu mênyang sajroning kalangan, karo bature wadon aran Radanika).

Tjr. (Tumênga ing akasa karo ngêsah). Dhèk biyèn ing ngarêping lawangku, yèn tak sêdhiyani sajèn, banyak sarta kuntul padha kumrubut têka, nucuki. Saikine kêthukulan sukêt angrêmbuyung. Sing tumiba ing kono mung wiji-wiji sajimpit. Cacing bae istingarah ora sudi ngambus.

Widusaka: W (Iya Mètreya = M utawa Mait). La kae Sang Carudata. Coba tak paranane. (Nyêdhak) kapasangyogi sumitra.

Tjar. Bagya satêkamu. Mara lungguha.

W. Nun inggih. (Banjur linggih), sumitra, dhatêng kula mriki punika dipun kèngkèn dhatêng mitra sampeyan, Sang Curnawrêdha, ngaturakên krudhuk punika, ambêtipun amrik angambar mambêt gandaning sêkar gambir. Wêlingipun makatên: krudhuk iki wènèhna Sang Carudata. Tampakna yèn wis lêbar ênggone nungku puja. (Krudhuk nuli ditampakake. Carudata nampani karo mikir-mikir). Ingkang sampeyan manah-manah punika punapa.

Tjar. Sumitra, saiba gêdhening kabungahane wong kang nêmu kabungahan ana sajroning kasusahan. Mêsthine kaya yèn pinuju pêtêng dhêdhêt, banjur ana damar. Balik wong kang kulina tinunggu ing kabêgjan, banjur tumiba ing kamlaratan, rasane rak prasasat mati ana ing sajroning urip. Mung awake bae sing urip. Nanging uripe iku prasasat mati.

--- 49 ---

W. Sumitra, yèn mênggahing sampeyan, pilih pundi: pêjah kalihan mlarat.

Tjar. Sumitra, yèn aku dikon milih, tak pilih matine, sabab kasangsaraning mati iku mung sadhela, balik kasangsaraning kamlaratan, tanpa wangênan.

W. Sumitra, sampun kathah-kathah ingkang kagalih, arta sampeyan sampun sampeyan êsokakên dhatêng tiyang ingkang sampeyan trêsnani. Dados anggèn sayan[10] kaoncatan ing arta wau rak karaos lêga, ta, karaos sakeca, kadosdene rêmbulan ingkang mindhak-mindhak agêngipun, karana mêntas kaunjuk ing para dewa.

Tjar. Sumitra, olèhku susah iki ora kok marga saka laruting artaku. Sing andadèkake susahku, dene dhayoh ora ana sing sudi ngambah omahku, kang jalaran wis kothong, ora ana rajabranane, dadi kaya tawon, pating salêbar angoncati dipăngga, ing salêbaring mangsane dipăngga padha laki, awit, banyu kang ana ing pilinganing dipăngga wis êntèk disêsêp.

W. Sumitra, yèn tiyang-tiyang anak jalang punika dhasar asor bêbudènipun, sami kluyuran ing sapurug-purug, dhatêng panggenan ingkang dipun sênêngi, kadosdene lare angèn ingkang ajrih dhatêng tawon.

Tjar. Sumitra, olèhku thêngêr-thêngêr iki ora kok marga ênggonku koncatan ing băndha, sabab arta iku têkane sarta lungane pancèn nurut ing lakuning pêpasthèn. Sing andadèkake ngunguning atiku iki mêngkene: wong mêmitran iku, yèn wêruh mitrane wis larut kasugihane, kok banjur ngrênggangi, awit banjur duwe pangira, yèn bakal ora olèh pitulungan saka ing kono.@Karo manèh, wong iku yèn kamlaratan, banjur sarwa-sarwi rikuh, sugih isin, sugih wirang. Kawirangane kuwi anjalari ora kajèn. Sirnaning ajine banjur marakake kaèsi-èsi. Pangèsi-èsi mau marakake nglokroning pikire. Yèn ora têtêp-têtêp atine, banjur kalindhih ing kasusahan, têmahan banjur ilang idhêpe. Wêkasan sangsaya katlêku-tlêku, tumiba ing kasangsaran gêdhe. O, sumitra, kamlaratan iku dadi tuking sawarnaning bilai.

W. Sumitra, sampun kathah-kathah panggalih sampeyan dhatêng barang kadonyan, sabab, donya punika sajatosipun sapele.

Tjar. Sumitra, kamlaratan iku tumrape marang manungsa rak dadi guwaning kasangsaran, miwah pangèsi-èsi. Malah dadi padunungane: si gêthing, [gê ...]

--- 50 ---

[... thing,] anjalari sinarang ing mitra, tuking ginêthing marang sanak sadulur, malah-malah anjalari disawiyah marang somah, banjur kalambrangan manggon ing alas. Pancèn kamlaratan iku anggêsêngake ati, ora agawe kobonging ati.

Sumitra, aku wis sêsaji marang ki dhanyang. Kowe iya sêsajia, mênyanga ing prapatan, sêsajia ing kono.

W. Kula sungkan mrika.

Tjar. Genea kathik sungkan.

W. Jalaran, para dewa pinuja-puja makatên, inggih mêksa botên andhawahakên sih kawêlasan. Punapa, ta, damêlipun anêmbah dewa.

Tjar. Sumitra, aja ngucap mangkono. Tumrape wong lanang kang mêngku anak bojo, prêlu eling marang pêpacak iki: Sing sapa nêmbah marang dewa, nganggo nyirnakake sakèhing pakarêman, sarta atapabrata, miwah manthêng angên-angêne, lan bêcik panêmbramane marang dewa, iku kinasihan ing dewa. Apa ta jalarane, dene kowe isih mandhêg mangu. Mara, ta, enggal sêsajia.

W. Ah botên, kula botên purun, sampeyan kengkenan tiyang sanès kemawon, kula punika băngsa brahmana, sarwa-sarwi botên kalêrêsan. Kiwa dados têngên, têngên dados kiwa, kadosdene wêwayangan ingkang katingal wontên ing salêbêting pangilon. Kalihan malih ing kitha ngriki punika yèn sontên kathah tiyang èstri awon, tuwin kathah abdi ing kraton pating tlungsung urut margi agêng. Lah kula rak kadosdene tikus ingkang dhumawah ing sangajênging cangkêmipun sawêr dumung, yèn badhe angancab kodhok punika. Lah sampeyan kok lênggah wontên ing ngriki kemawon punika badhe punapa.

Tjar. Yèn mêngkono iya uwis, ta, tak lakonane dhewe, ênggonku arêp mêmuja.

Swara saka saburining gêbêr.

E, Wasantasena, mandhêga, mandhêga. (Wasantasena mêtu mênyang kalangan, diburu ing abdi êmban ing kraton, sarta ipene sang prabu, miwah panakawan utawa batur tukon).

Êmban lanang. E. E, Wasantasena, mandhêga, mandhêga, olèhmu mlayu kok ora kêjamak-jamak, tututmu malih dadi giras, marga kagèt, kayadene kidang kang miris marang grêma. Sikilmu lakune cukat trangginas. Kagawa saka [sa ...]

--- 51 ---

[... ka] trampilmu angigêl. Kathik mandhêg mangu karo mlerok.

Ipene sang prabu. I. Mandhêga, Wasantasena, mandhêga. Olèhmu mlayu tansah kêsandhung-sandhung. Mandhêga, wong ayu, aja pugal. Kowe ora mati, ora. Atiku gosong pêrêng ajur rontang-ranting marga kandhuhan brăngta, kaya iwak kang tumiba ing gêni mawa.

Batur tukon. Bt. Radèn ajêng sampeyan kèndêl, sêmunipun anggèn sampeyan malajêng angoncati kula margi ajrih, kadosdene mêrak angêkrokakên êlaring buntutipun ing măngsa katiga. Gusti bêndara kula anggènipun kaponthal-ponthal nututi sampeyan, kadosdene sawung lancuran, ingkang botên kaopan, margi manggèn ing wana.

E. Wasantasena, mandhêga, mandhêga. Olèhmu mlayu kok ora mandhêg-mandhêg, kumitir kaya (godhonging) wit gêdhang (katêmpuh ing angin), panganggomu abang, gembyake arembyak-rembyak. Kudhuping kêmbangmu cêpaka sumawur mawut-mawut kêceceran, kayadene warangan kang katrajang ing tatah.

I. Mandhêga, Wasantasena, mandhêga, kowe agawe gambiraning atiku lan kasmaranku sarta kasêngsêmku. Yèn bêngi aku ora bisa-bisa turu. Sanajan ênggonmu mlayu nunjang palang, kang marga saka wêdimu, kayadene wêdine Dèwi Kunthi marang Prabu Rawana[11] măngsa wurunga kêcandhak.

E. Wasantasena, playumu kaya playune taksaka kang miris marga kagaraja, nêdya angoncati. Sanajan lakumu sumrapat, nglancangi angin, ewadene aku ora niyat nututi utawa nyêkêl kowe, wong ayu, wong pinunjul.

I. Panêmbahan, panêmbahan, Wasantasena punika camêthinipun Sang Kamadewa, inggih pandung yatra, tukang nêdha ulam toya, ringgit tiyang tanpa sirah, tukang ngrisak tiyang jêjodhoan, tiyang ucul, kranjanging: rêmên, palanyahan, tiyang manggèn ing panjonan, tiyang panjonan, têpangan ing panjonan. Sampun kula ungêl-ungêli sadasa warni makatên, kok mêksa botên ajêng dhatêng kula.

E. Olèhmu mlayu kok kêpati-pati, kaya manuk kuntul sing wêdi gludhug. Gondhal-gandhèle anting-antingmu: muni kumrincing, ambabakake pipimu. Kowe iku upamane calêmpung kang diunèkake marang abdi dalêm krawitan ing kraton.

I. Apa, ta, gawene kowe mlayu kêpati-pati, [kêpa ...]

--- 52 ---

[... ti-pati,] kaya Dèwi Drupati[12] wêdi marang Sang Bathara Ramawijaya, la wong panganggomu muni kumrincing. Măngsa wurunga, sadhela êngkas, kowe iya kacêkêl ing aku, kaya jamane Anoman anyêkêl Dèwi Subadra, adhine Bathara Wisnu.

Bt. Ambok sampeyan rêmên dhatêng kêkasihing sang prabu, tamtu sampeyan dipun paringi dhahar ulam toya, ulam ingkang eca. Yèn sagawon mambêt ulam punika, lajêng nampik bêbathang ingkang dipun adhêpakên.

E. O, Wasantasena, sabukmu kowingkis, nglumbruk, murub mubyar kaya sêsotya, mung sumangsang ana ing manguling cêthikmu. Wêdhakmu kabur-kabur ambalêdug saka ing raimu. Olèhmu mlayu kok sumrapat têmên.

I. Olèhmu mlayu arêp oncat marga dak buru, kok kêpati-pati têmên, kaya asu ajag diburu ing asu. Kathik karo anggawa atiku karo sêrbanku barang.

Wasantasena, Was. Palawaka, Parabrêtika, Parabrêtika.

I. (Wêdi). Panêmbahan, panêmbahan, wontên tiyang. Wontên tiyang jalêr.

E. Aja wêdi, aja wêdi.

Was. Madawika, Madawika.

E. (Anggêguyu). O, la, kuwi rak anggolèki sing ngatêrake, ane.

I. Panêmbahan, ingkang dipun padosi punapa tiyang èstri.

E. Iya.

I. Yèn tiyang èstri kemawon, ambok satus kula inggih kadugi mêjahi, kula prajurit prawira.

Was. (Tumênga ing akasa). O, la, blai aku, blai. Sing ngatêrake aku iki mau kok ilang. La: aku iki rak kijenan.

E. Mara, padha golèkana.

I. Wasantasena, sanajan bangêt ênggonmu kêpêjêng anggolèki Parabrêtika utawa Palawaka, utawa sakabèhe araning sasi ing măngsa labuh, sapa, ta, sing bisa nulungi kowe.

Sanajan Bimasena, anake Bagawan Jamadagni, utawa anake Dèwi Kunthi, utawa bumi nata Ngalêngka, măngsa bisaa ngukuhi awakmu. Aku: sing tak telad, Dusasana. Kowe tak jambak rambutmu.

--- 53 ---

Mara, ta, dêlêngên, pêdhang amingis-mingis, sirah wis gumlundhung. E, e. pocokên êndhase, patènana. Ambok aja mlayu, ta, măngsa anaa gawene: ora. Sing sapa pinasthi mati, andak bisa urip, ta.

Was. Dèn mas, kula punika rak namung tiyang èstri kemawon.

E. Iya kuwi, mulane kowe iya: bakal diuripi.

Was (ing batin). Ah, la wong olèhe gunêman, sumèh mêngkono, kok mêksa agawe giris. Iya, tak tekad-tekadan (calathu) dèn mas, anggèn sampeyan ambujêng kula punika punapa margi melik dhatêng pangangge kula.

E. Ora pisan-pisan, adoh pitung bêdahab. He, Wasantasena, kêkêmbangan kang rumambat iku, rak ora dibrindhili, ta, kêmbange. Mulane kowe aja ngucapake prakara panganggomu.

Was. La: punapa, ta, ingkang sampeyan kajêngakên.

I. Panjalukku, kowe dhêmêna marang aku, aku iki dewa ngejawantah, prajurit sajati, iya Wisnu katon.

Was (Nêpsu bangêt). Piawon punika mugi tinêbihna saking badan kula. Pangandika sampeyan punika botên urus. Sampeyan kesah.

I. (Bungah akêplok-kêplok, karo angguyu). Panêmbahan, panêmbahan, coba ta, sampeyan priksani, punika lo, anggènipun angrêsêpakên pawèstri palanyahan punika. Wicantênipun dhatêng kula makatên: sampeyan mriki, sampeyan punika katêbihên anggèn sampeyan mlampah. Sampeyan punika kok alon têmên, sampeyan punika lêsah. Lah kula rak botên dhatêng pundi-pundi ta, botên dhatêng dhusun, botên dhatêng nagari sanès. Dèwi, aku prasêtya mungguhing mustakane Sang Buda, olèhku sayah, olèhku lêsah iki, marga sikilku dak anggo nututi kowe.

E. (Ing batin). Ta, padha rungokna, kuwi, lo, olèhe ora nyêbut. Wong ing kana kăndha: awon, jarene: alon, nuli calathu, Wasantasena, gunêmmu kuwi sulaya karo olèhmu manggon ana ing panjonan, mara, ta, pikirên.

Wong kang manggon ana ing panjonan iku tansah diêtut buri marang para nonoman.

--- 54 ---

Karo manèh timbang-timbangên, ta. Kowe kuwi dadi palanyahan, kayadene oyod-oyodan kang thukul ing pinggir dalan. Awakmu kuwi, janji uwong bisa ambayar bae, bisa olèh. Dadi kaya barang dagangan. Mulane sapa-sapaa, êmbuh kowe dhêmên, êmbah[13] ora, iya ladènana padha bae, aja kogèsèh.

Karo manèh para brahmana sarta băngsa candhala sing bodho-bodho kae, yèn adus rak nunggal sablumbang bae, ta.

Êlung-êlungan sing diencoki ing gagak, karo sing diencoki ing mêrak, tumêlunge rak iya padha bae, ta.

Para brahmana, satriya, wesiya, sarta liya-liyane, yèn nyabrang kali, iya tunggal saprau. Lah kowe iku kang măngka lung-lungan, utawa praune. Kowe kuwi wong băngsa palanyahan, mulane mênyang sapa-sapaa, iya dhêmêna.

Was. Ingkang nukulakên katrêsnan punika rak kasusilan, botên margi rinodapaksa.

I. Panêmbahan, panêmbahan, pun anak jalang punika wiwt nalika sumêrêp dhatêng pun anu punika wontên ing patamanan cakrakêmbang, lajêng kedanan. (Măngka tiyangipun mlarat) mila dhatêng kula lajêng botên rêmên. Griyanipun ing kiwa ngriku. Panêmbahan, ngatos-atos, Wasantasena sampun ngantos mrucut, lo.

E. (Ing batin). O, o, yèn wong gêmblung iku, apa-apa sing pancène digawe wadi, malah dikandhak-kandhakake mrana-mrana.

Êlo, Wasantasena kok dadi kedanan marang Carudata, sang pinunjul. Dadi têmên bêbasane wong-wong mêngkene kae: mutyara iku bisane laki iya karo mutyara. Wis karêbèn lunga Si Wasantasena. Apa ta pakolèhe, aku ngladèni wong buyan mêngkono kuwi. (Sêru) omahe juragane apa ing kiwa kono kuwi.

I. Inggih, ing kiwa punika griyanipun.

Was (Ing batin). Priye kandhane kuwi. Jare omahe ana ing kiwa ? Ah, bajingan kuwi sing dadi jalarane wong padha arêp sih-sinihan.

I. Panêmbahan, panêmbahan, kok pêtêng têmên ta punika, kados pidih ingkang tumèmplèk ing dhêle. Wasantasena sakêdhap wau taksih katingal, sapunika kok sampun ical.

E. Pancèn ya pêtêng bangêt, aku iki wong awas-awas mêngkene, kêtangkêban ing pêpêtêng iya banjur mak pêt. Sanajan mripatku mêlèk, [mê ...]

--- 55 ---

[... lèk,] ananging rasane kaya disikêp ing pêpêtêng.

Pêpêtêng kuwi kayadene cêlak kang tumurun saka ing langit, nutupi tlapukan. Mripat banjur tanpa gawe, kayadene pitulung kang tumiba marang wong kang ora wêruh ing kabêcikan.

I. Panêmbahan, panêmbahan, kula madosi Wasantasena.

E. E, gêblêg, apa ana sing koanggo ancêr-ancêr panêngêran, ênggonmu anggolèki kuwi.

I. Punapa, ta, panêngêranipun.

E. Kumricninging panganggone, utawa amriking kêmbange.

I. Amriking sêkaripun, kula inggih mirêng, ananging sarèhning irung kula kapêpêtan ing pêpêtêng, dados botên sagêd têrang sumêrêp kula dhatêng kumrincinging panganggenipun.

E. He, Wasantasena, sanajan kowe ora katon, marga kalimput ing pêpêtêng, kayadene gêlap kang andhêlik ana ing wiron-wironing mêndhung, ewadene amriking kêmbang kang koênggo, anuduhake panggonanamu, mêngkono uga kumrincinging bêbinggêlmu. Krungu, kowe, Wasantasena.

Was (Ing batin). Krungu, sarta iya bênêr. (Nuli ngrucati binggêle lan cundhuke kêmbang, nuli mlaku karo grayahan).@Lah dalah, la iki temboke, tak grayahane. Saiki aku wêruh, yèn iki lawang butulan. Karo manèh aku wêruh, yèn iki ambênêri minêb.

Tjar. Sumitra, olèhku mêmuja wis rampung, saiki kowe sêsajia.

Widusaka. Wid. Ah, botên, kula botên purun.

Tjar. O, cilaka têmên. Awit kagawa saka mlarate, gunême wong iku ora digatèkake marang sanak sadulure. Mitra-mitrane kang kulita[14] padha mengo. Sangsarane matumpa-tumpa. Grêngsênge marang samubarang: larut. Sumèhing pasêmone alum. Piala kang dilakoni ing wong liya, dibrukake marang awake.

Karo manèh: wong kang kêkumpulan karo wong mlarat, ênggone ngaruh-uruhi mung gêlêm ora-ora bae, ora ana sing rumêsêp. Yèn ambênêri jagong mênyang omahe wong sugih, wong-wong sing padha ngawasake, sêmune nyênyampahi. Olèhe manggon misah adoh karo sing akèh-akèh, [a ...]

--- 56 ---

[... kèh-akèh,] sabab panganggone ora mèmpêr. Saka panêmuku, kêmlaratan iku kêna dilêbokake marang piala kang nomêr nênêm.

Karo manèh: O, kêmlaratan, kowe iya dak mêsakake. Dene kowe kok manggon ana ing awakku. Sing dak pikir-pikir kuwi, ing besuk, yèn aku wis ora kêlar nyăngga, olèhmu manggon ana ing ngêndi.

Wid (Rikuh). Sampun, ta, sumitra, yèn pancèn kula prêlu kesah, kaparênga pun Radanika ngatêrakên kula.

Tjar. He, Radanika, mèlua Mètreya.

Rad. Inggih.

Wid. E, Radanika, sajène karo damare gawanên, aku tak ngêngakake lawang butulan.

Was. We, lah, kok plêk, têmên, kaya ana wong sing pancèn arêp mitulungi aku, dene lawange butulan kok diwêngakake. Coba, tak mlêbu. (Wêruh damar). O, la, ana damar. (Banjur dikêbut ing slendhange, damare mati. Wasantasena banjur mlêbu).

Tjar. He, Mètreya, ana apa.

Wid. Damaripun pêjah kanginan, margi korinipun dipun wêngakakên punika wau. Radanika, kowe mêtua ing lawang butulan iki. Sadhela aku bali, yèn wis nyumêd damar iki ing jêro kana.

I. Panêmbahan, kula madosi Wasantasena.

E. Iya ta, golèkana, golèkana.

I. Panêmbahan, panêmbahan, sampun kêcandhak.

E. Gêmblung, wong aku, jare.

I. Sampeyan nêbih mrika, ta, panêmbahan, sampun momor-momor, (Banjur anggolèki manèh, nuli nyandhak panakawane) panêmbahan, panêmbahan, sapunika sampun kacandhak saèstu.

Panakawan. P.k. Bêndara... kula, abdi sampeyan.

I. We, la, iki panêmbahan, kuwi panakawan. Panêmbahan, panakawan. Panakawan, panêmbahan. Rada ngadoha, ta.

--- 57 ---

(Banjur anggolèki manèh, banjur nyandhak Radanika, kêna rambute), panêmbahan, panêmbahan:

Wasantasena badhe ngoncati kula wontên salêbêting pêpêtêng, sapunika kêcandhak sayêktos, margi katitik saking amriking gandaning sêkaripun, sapunika kêcandhak rambutipun, kadosdene Dèwi Drupadi kacandhak dhatêng Sang Canakya.

E. Kowe, awit saking kumawanimu, anggodhag wong lanang trahing awirya, rambutmu kang kêbak kêmbang, kang pantêse dijungkati, saiki kêna dijambak, lan diglandhang.

I. Gêndhuk, saiki kowe kêna dak jambak, kêcandhak sinommu, gêlungmu, rambutmu. Mara anjaluka tulung, jêlih-jêliha, sambata marang Sang Iswara, marang Sang Kara, Siwah, Sambu.

Radanika. Rad (Wêdi). Sampeyan punika badhe punapa.

E. Anak jalang, swarane kathik seje.

I. Panêmbahan, panêmbahan, mènjèng punika swaranipun dipun damêl-damêl, kadosdene kucing, yèn kêpengin dhatêng puhan punika.

E. Êlo digawe-gawe, kok anèh têmên, anèh têmênan.

Saking kulinane dadi wayang, saking gambuhe marang kagunane, lan saking pintêre apus-apus, banjur ngêndêlake marang swarane, bisane molah-malih.

Wid. Ah, damare kumitir marga kêna ing angin sore, kaya atine wêdhus kang digawa mênyang pambêlehan (Lakune saya cêdhak, wêruh yèn Radanika diwiyungyung). E, Radanika.

I. Panêmbahan, panêmbahan, tiyang jalêr, tiyang jalêr.

Wid. Êlo, punapa pantês, punapa mèmpêr, awit saking kamlaratanipun Sang Carudata, tiyang-tiyang sami kamipurun kumlungkung lumêbêt ing griyanipun tanpa kering makatên.

Rad. O, Sang Mètreya. Ta, sampeyan priksani, punika, lo, kula dipun cêcamah ing tiyang.

Wid. Sing dicamah apa mung kowe, apa iya aku barang.

Rad. Sampeyan inggih.

Wid. Ana apa, apa ana wong sing kumawani clangkrakan.

Rad. O, botên kadosa.

--- 58 ---

Wid. Ya têmênan, apa.

Rad. Yêktos.

Wid. Aja padha kaya mêngkono, ta. Aja sing manungsa băngsa brahmana kaya saaku iki, sanajan asu pisan, ta, yèn omahe dilêboni, iya nêpsu. Mêngko êndhasmu padha dak gêdhig, dak pênthung nganggo têkênku sing bengkong kaya ati uwong iki, dak gêpuk kaya êpring sing wis gapuk, lo.

E. O, sang brahmana, nyuwun pangapuntên, nyuwun pangapuntên.

Wid. (Wêruh marang E). Sing luput dudu iki. (Nolèh marang I), kae sing luput. E, ipene sang prabu, bangsat, apa patut patrapmu mangkono iku. Sanajan Sang Carudata wis tumiba ing kamlaratan, nagara Ujawini apa ora kaèbêkan ing kabêcikane, dene kowe kok wani-wani clangkrakan malêbu ing omahe, nyênyamah bature mêngkono.@Yèn ana wong kăndha: Si anu kae mlarat, kuwi rak ora aran nistha. Ah, ah, pêpasthèn kuwi dhasar ora tampik wong mlarat. Wong iku sanajan sugiha dikayangapa, yèn ora kadunungan ing kalakuan bêcik, iya aran mlarat.

E. (Rikuh). O, sang brahmana, nyuwun pangapuntên, nyuwun pangapuntên, pawèstri punika dipun kintên pawèstri sanès, pramila dipun makatênakên. Botên margi saking kamipurunipun. Kula sami ngupadosi pawèstri palanyahan.

Wid. Ya iki: apa.

E. O, dede. Wontên pawèstri anèm, sapunika sampun ucul, kula kecalan lari. Sarêng sami sumêrêp dhatêng pawèstri punika, sami dipun kintên pawèstri ingkang sami kula upadosi.@Sadasa-dasa kalêpatan kula, kula nyuwun pangapuntên mugi karsaa anggalih dhatêng atur kula punika. (Pêdhange nuli disèlèhake, sarta nyungkêmi sikile Widusaka).

Wid. He, tiyang wêkêl, sampeyan ngadêg, sampeyan ngadêg, sarèhne kula botên sumêrêp mulabukaning prakawis, mila kula nêpsu dhatêng sampeyan. Sapunika kula sampun sumêrêp, kula nêdha ngapura.

E. Ingkang pantês dipun suwuni pangapuntên punika rak sampeyan. Pramila kula inggih purun ngadêg, yèn sampeyan karsa andhangani atur kula.

--- 59 ---

Wid. Atur punapa, ta, coba sampeyan wêcakakên.

E. Panyuwun kula, prakawis ingkang sampun kalampahan ing ngriki punika, sampun ngantos kaandharakên dhatêng Sang Carudata.

Wid. O, botên, botên-botênipun, yèn badhe kula criyosakên.

E. Kasagahan sampeyan punika sangêt pamundhi kula, sang brahmana. Kula sami ngranggêp dêdamêl, ewadene kasor dening sampeyan, namung margi sampeyan asikêp dêdamêl kasaenan.

I (Grêgêtên). Panêmbahan, punapa, ta, sababipun, dene sampeyan angrukêbi[15] sukunipun kacung brahmana punika, sarta nêdha kawêlasan angasih-asih.

E. Aku wêdi.

I. Sintên ingkang sampeyan ajrihi.

E. Kabêcikane Sang Carudata.

I. Punapa, ta, kasaenanipun. Dene wontên tiyang dhatêng ing griyanipun, kok botên dipun sukani nêdha.[16]

E. Aja mêngkono gunêmmu. Ênggone tumiba ing kamlaratan iku marga saka ênggone mêmitran karo wong-wong sing kaya aku-aku ngene iki. Sang Carudata biyèn, sanajan sugih, ora tau agawe êsak-sêriking uwong. Ênggone ngenaki atine uwong-uwong, sanajan bêbasane nganti aking, ananging isih kaya talaga. Sanajan katrajang ing katiga ngêrak, mêksa isih akèh banyune, bisa agawe mari marang ngêlaking uwong-uwong.

I. (Muring-muring). Sintên, ta, anak jalang punika. Punapa prajurit prawira. Punapa Swetakètu, Pandhuputra. Punapa têdhakipun Sang Rada, punapa Rawana, putranipun Sang Hyang Endra. Punapa putranipun Sang Bathara Rama ingkang patutan saking Dèwi Kunthi. Punapa Aswatama. Punapa Sang Jathayu, putranipun Sang Darma. (Taksih wontên sambêtipun)[17]

Sa.

--- 60 ---

Sêrat Wrêtasancaya

Kapêthik saking verspreide geshriften nipun Prof. H. Kern jilid IX wiwit kaca 67 salajêngipun. Mawi kajarwakakên tuwin kanthi katrangan ing saparlunipun.

Purwaka

Pusaka Jawi taun 1924 ăngka 10, tuwin taun 1925 ăngka 6, ngêwrat Sêrat Mardawalagu, ingkang isi kawruh bab sêkar. Tumrap para sadhèrèk ingkang karsa ngudi kawruh bab sêkar, kados botên wontên awonipun, manawi kita ing ngriki amêthik Sêrat Wrêtasancaya, ingkang sampun kawêdalakên dening paduka Prophesor Kèrn, kawrat ing verspreide geschriften jilid IX wiwit kaca 67 salajêngipun.

Mênggah Sêrat Wrêtasancaya punika, sêrat ingkang ngêwrat kawruh bab sêkar Kawi, kadhapuk awujud dongèng. Ingkang ngarang Êmpu Tanakung, nalika jamanipun Prabu Kusumawicitra ing Kadhiri, sampun mèh pindhah dhatêng ing Pêngging. Sêrat punika pinanggihipun wontên ing Bali dening paduka Tuwan R. Friederich. Ing ngriku kasêbut, manawi rampunging panêdhakipun sêrat punika, nalika taun Saka 1741, mênggah ringkêsaning isinipun dongèng, ingkang ugi nama: Cakrawakaduta, anyariyosakên lêlampahanipun Dèwi Daruki, nalika gandrung-gandrung tinilar ingkang raka, lajêng kesah angupadosi tanpa pamit rama ibu. Namung amurih sampun damêl kêmbanipun para maos, bab punika namung kula cêkak samantên kemawon. Ing wingking badhe anglela piyambak.

Sêrat Wrêtasancaya angêwrat tuladha-tuladhanipun sêkar agêng (Kawi) sawatawis kathah (96). Mênggah namaning sêkar ingkang kathah-kathah kasêbut wontên ing pungkasaning pada agêng. Punika ugi badhe kacêtha ing wingking.

Purwaka punika kados botên prêlu kula panjang-panjangakên, namung kemawon kathah namaning sêkar agêng sapunika, ingkang sami mlèsèd dados kalintu, amargi saking botên mangrêtos dhatêng têgêsing namanipun. Ing ngriki namung badhe kula pratelakakên sawatawis. Prawiralalita, saking: Prawaralalita.

Sapartitala, saking Prêswitala.

Swaladara, saking Sragdhara.

Kuswalalita, saking Aswalalita.

Mênggah panyêrat kula ing sastra Jawi, ingkang kula damêl pêpiridan Sêrat Wrêtasancaya ing museum Radyapustaka ing Surakarta, ingkang miturut katrangan, sampun kaêsahakên dening paduka Dr. R. Ng. Purbacaraka (nalika dèrèng jumênêng Dr.) nanging sarèhning kula piyambak kirang paham dhatêng kasusastran Jawi kina, sagêd ugi kathah lêpatipun panêdhak kula. Ingkang punika panyuwun kula ing paduka Dr. R. Ng. Purbacaraka, manawi wontên kalintunipun, mugi karsaa anglêrêsakên sarta paring katrangan ing saparlunipun. Kajawi punika ing sarèhning kula ugi kirang paham dhatêng basa Jawi kina tuwin botên mangrêtos [mangrê ...]

--- 61 ---

[... tos] basa Sanskrita, panyuwun kula ing panjênênganipun Dr. R. Ng. Purbacaraka, mugi-mugi karsaa anglêrêsakên ingkang lêpat utawi taksih kirang lêrês.

Ing wasana sadèrèng sasampunipun kula matur sèwu nuwun ing panjênênganipun Dr. R. Ng. Purbacaraka, anggènipun badhe karsa aminangkani panyuwun kula.

Sapunika lajêng badhe kula wiwiti anggèn kula nêdhak sêrat kasêbut ing nginggil, kanthi katrangan ing saparlunipun.

Awignamastu

Katrangan:

Awignamastu = A + wignam + astu.

A = botên = tanpa (a, an, on, niet)

Wigna = alangan

Astu = wontêna = dadosa (is, zy)

Kajêngipun:

Mugi tanpa pambêngan = mugi sampun wontên pambênganipun.

a. Sang Hyang Wagiswarindah lihati satata baktingkwijêng dhatrê dèwi.

b. Pinrih ring cita munggwing sarasija ri dalêm twas lanenastawangku.

c. nityawèhang waranugraha kaluputa ring duhka sangsarawigna.

d. lawantastu wruhèng sastra sakala gunaning janma tapwan anèwêh.

Katrangan:

a. Wagya = têmbung = swara.

Iswari = iswara èstri (godin).

Wagiswari = garwanipun Sang Hyang Brahma (Dèwi Saraswati).

Baktingkwijêng = bakti + ngku + i + jêng.

Dhatrê = dhatar = ingkang nitahakên.

b. Cita = manah.

Sarasija = saras + i + ja.

Saras = talaga.

Sarasi = ing talaga.

Ja = tuwuh.

Sarasija = tuwuh ing talaga = sêkar padma.

Lanenastawangku = lana + inastawa + ngku.

Lana = tansah.

Inastawa = dipun luhurakên.

c. Nityawèhang = nitya + awèhang.

Nitya = tansah.

Waranugraha = wara + anugraha.

Wara = asih (gunst).

Duhka = kasusahan.

d. Lawantastu = lawan + ta + astu.

Sakala = sadaya (segala Mal).

Tapwan = botên = tanpa.

Anèwêh = ana + iwêh.

Iwêh = pakèwêd.

Jarwanipun:

a. Dhuh, dèwining pamicara (Saraswati) mugi tansah mirsanana dhatêng kula ingkang tansah mêmundhi ing paduka garwanipun ingkang anitahakên.

--- 62 ---

b. Èsthining manah kula badhe mangastawa (ngalêmbana) ing salaminipun.

c. Mugi tansaha paring pangèstu amurih linêpatna ing kasusahan, kasangsaran saha pambêngan.

d. Tuwin sagêda nyumêrêpi kawruh sarta kasagêdaning manusa tanpa pakèwêd. Taksih wontên sambêtipun.

Karangan saking Radèn Subana, bab basa Jawi, badhe kapacak ing ăngka candhakipun. Makatên ugi karangan bab ênut, manawi tanpa pakèwêd, inggih badhe kapacak tunggil ăngka.

Mahabarata

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka VII)

Nalika kula taksih alit, dipun juju kados pêksi, dipun kêmpit kados wade, dipun pangku, dipun liling-liling. Badan kula taksih gupak lêbu dipun gendhong, dipun pondhong, botên ngetang adamêl rêgêding sariranipun piyambak. Manawi kula aturi: bapak, lajêng dhawuh makatên: aku iki dudu bapakmu, bapake bapakmu. Kadospundi kaka prabu, anggèn kula badhe măngga nyedani sariranipun. Manawi kula kadhawuhan pêrang mêngsah eyang Rêsi Bisma, kula nyuwun mopo, kula pilalah lêbur tumpur sawadyabala kula sadaya, kalihan anglampahi ingkang nistha makatên.

Sri Krêsna lajêng mangsuli pangandika: Yayi Arjuna, kowe aja wigih mungsuh Rêsi Bisma. Ganggaputra kudu ora: kokalahake, supaya jaya pêrangmu. Patine Rêsi Bisma wis pinasthi ing jawata linuwih ana ing tanganmu. Kang mangkono iku ora kêna koselaki. Ora kêna kopopo. Karo manèh ênggonmu mangsah pêrang mungsuh Rêsi Bisma iku kalêbu dadi wajibing satriya, ora kêna kosinggahi.

Sarêng andungkap ing sadasa dintênipun, wanci enjing umun-umun, wadyabala Pandhawa nabuh têngara apasang gêlar. Swaraning têtêg barung kalihan kalasăngka tuwin gong bèri kados ambêlahna buntala. Ingkang dados cucuking jurit Sang Sikandhini kaapit-apit dhatêng Bima sarta Arjuna nitih rata. Para putra Pandhawa sarta Dèwi Dropadi sami anggarêbêg angurung-urung. Ajêng-ajêngan kalihan wadyabala Korawa, dipun senapatèni Rêsi Bisma. Sang rêsi wontên ing ngajêng sakalangkung anggêgirisi, kados Hyang Brahma tumurun. Para Kurawa anggarêbêg sang rêsi.

Sarêng sampun campuh pêrang, botên dangu kathah ingkang nêmahi pêjah, sami kairid dhatêng Sang Yamadewa dhatêng kayanganipun. Para Pandhawa pangamukipun kados banthèng kataton, adamêl risaking barisipun para Kurawa.

Rêsi Bisma saklangkung duka, lajêng ngandika dhatêng Mahaprabu Duryodana: Duryodana, wis akèh ênggonku kapotangan marang kowe, sabab aku kopêpundhi ana ing kadhatonmu.

--- 63 ---

Ing dina iki aku arêp malês kabêcikan marang kowe angêtohake nyawaku. Yèn ing dina iki aku ora bisa ngasorake para Pandhawa, aluwung muliha aran.

Sang Bisma lajêng ngamuk punggung, nirbaya nirwikara, malêbêt dhatêng pabarisaning mêngsah nglêpasakên jêmparing Naracabala, kumêbul angampak-ampak, andhawahi pabarisanipun para Pandhawa, adamêl gègèring para prajurit. Gandhewanipun botên kèndêl-kèndêl gumêrèt, malêngkung kados cakra. Dhawahing jêmparing adamêl laruting balanipun Sang Sikandhini.

Sikandhini lajêng nglêpasakên jêmparing têtiga ngengingi jajanipun Rêsi Bisma. Sang rêsi priksa yèn Sikandhini ingkang anjêmparing lajêng gumujêng latah sarwi ngandika: Sikandhini, katêgna ênggonmu nglêpasi panah marang aku, aku suthik malês. Aku sungkan pêrang karo kowe, sabab kowe Sikandhini biyèn kae. Aku wêruh marang jatining awakmu.

Sikandhini sakalangkung nêpsu, kados ambalêdhos-ambalêdhosa manahipun, wicantên makatên: Bisma, aja kakehan ujar. Katogên kadibyanmu, ora-orane aku ulap marang bathangmu. Tumungkula ing pratiwi, tumêngaa ing ngakasa, sambata ing wong tuwamu karo, mung kari sadina iki kowe wêruh gêbyaring diwangkara. Ora wurung kowe mati dening aku.

Sang Arjuna lajêng pêtak kados gêlap ngampar sarwi nglêpasakên jêmparing Naracabala, dhawahipun kados jawah dêrês. Baris Kurawa ngandhêlong kados katrajang ing singa lodra. Kathah ingkang kapupu ing rana. Sasesaning kang pêjah sami larut kagegeran ngungsi gêsang, kagum-kagum kados kabujêng dhatêng Bathara Kala. Sang Arjuna lajêng nguwuh dhatêng Sikandhini: Mara, eyang Bisma enggal trajangên, aja nganggo wigih-wigih.

Sarêng bala Kurawa sumêrêp manawi bala Pandhawa sangsaya ngangsêg badhe ngêpang Sang Bisma, lajêng tuwuh kaprawiranipun malih, gumulung rumêksa dhatêng senapatinipun, ngamuk punggung adamêl pêpêjah kathah dhatêng bala Pandhawa. Sang Arjuna kenging ing jêmparing pintên-pintên bathukipun, êrahipun daleweran, anggubrasi rai sarta badan, kados wit-witan ingkang panuju mêdal sêkaripun abrit ambranang.

Rêsi Bisma wontên ing satêngah-têngahing para prajurit ingkang sami pêrang rukêt, ratanipun kadosdene ardi pawaka. Gêndhewanipun ingkang măngka urubipun. Pêdhang, candrasa tuwin bindinipun ingkang măngka urub-urubipun. Jêmparingipun ingkang măngka cloroting dahana andhawahi tuwin anyirnakakên mêngsahipun. Sang Bisma kados tansah andamu murih agênging latu, têmah akantar-kantar. Bala Pandhawa larut kados alang-alang garing kenging latu agêng. Botên wontên ingkang purun anyêlaki kajawi Sang Arjuna kalihan Sikandhini. Putranipun Prabu Drupada.

Sikandhini lajêng nglêpasakên jêmparing sadasa andhawahi jajanipun Sang Bisma. Nanging Sang Bisma

--- 64 ---

botên karsa malês, jalaran priksa dhatêng aluraning asal kamulanipun, namung tingalipun andik kados ambêsmi-bêsmia dhatêng Sang Sikandhini. Sikandhini botên pisan maèlu dhatêng pasuryanipun Sang Bisma, tansah andhawahakên warastra botên mawi kèndêl-kèndêl. Sang Bisma botên karsa malês dhatêng Sikandhini. Jêmparingipun kalêpasakên dhatêng Sang Arjuna. Namung sabên-sabên jêmparingipun tikêl kabuncang margi kasipat dhatêng Sang Arjuna. Saklangkung rame anggènipun pêpêrangan. Makatên ugi para Pandhawa sanèsipun inggih lajêng sami pêrang malih kalihan para Kurawa, ngangkah risaking mêngsah, adamêl pêpêjah sakalangkung kathah.

Pêrangipun Sang Bisma kalihan Sang Arjuna sarta Sikandhini dados ulêkaning pabaratan. Wasana gêndhewanipun Sang Bisma pêcah kenging jêmparing, sariranipun kabranan, kenging jêmparingipun Sikandhini. Lajêng santun gandhewa dibya. Sawêg badhe kapênthang sampun dipun dhawahi jêmparing dhatêng Sang Arjuna, têmah tikêl dados kalih. Wali-wali anggènipun santun gandhewa, nanging sadèrèngipun kapênthang sampun kadhawahan jêmparing dhatêng Arjuna, ngantos kakên panggalihipun. Kumêdut padoning lathi, waja gathik akêrot-kêrot, idêp mangada-ada, lajêng nyandhak candrasa, katlorongakên dhatêng Sang Arjuna. Sumiyuting candrasa ngebat-ebati. Yèn ta ngengingana rêdi saèstu jugrug.

Ewadene kapapagakên jêmparing gangsal dhatêng Sang Arjuna, sumyur dados gangsal, kumrutug dhawah ing siti, pating pancurat, pating kalêpyur kados kilat thathit, ingkang cumlorot mêdal saking mêndhung ingkang ngêndhanu.

Sang Bisma lajêng rumaos yèn badhe kasoran juritipun, satêmah nglokro, amasrahakên sariranipun dhatêng ingkang murbèng tuwuh. Ing pabaratan lajêng wontên siliran samirana amrik gandanipun. Para jawata ngungêlakên têtabuhan anganyut-anyut, sarta anurunakên jawah sêkar dhatêng mustakanipun Sang Bisma.

Sang rêsi lajêng nyandhak pêdhang sarta tamèng kancana, rinêngga ing sêsotya murub, karsa badhe tumurun saking rata. Namung tamèng lajêng kajêmparing dhatêng Sang Arjuna sumyur dados sawalang-walang. Sang Yudhisthira lajêng dhawuh dhatêng para Pandhawa angrubut dhatêng sang rêsi. Para Kurawa lajêng sami tumandang nadhahi pangroyokipun para Pandhawa, angrencangi Sang Bisma. Têmpuking pêrang ulêng-ulêngan, kadidene ulêkaning lèpèn Gangga ingkang wutah ing sagantên. Wasana para Kurawa kaplajêng, Sang Bisma kantun ijèn, kesisan bala kinêpang dhatêng bala Pandhawa. Sariranipun tatu arang kranjang kêbak jêmparing. Sarêng ngajêngakên sêrap surya dhawah saking rata, mustakanipun wontên ing wetan. Saking kathahing jêmparing ingkang tumancêb ing sarira, ngantos sariranipun botên kagêpok ing siti, margi kasanggi ing jêmparing, kados sare wontên ing kasur jêmparing. Taksih wontên sambêtipun.

Sasrasugănda.

--- [0] ---


INSTITUUT (dan di tempat lain). (kembali)
INSTITUUT (dan di tempat lain).
Wrêtasancaya. (kembali)
Wrêtasancaya.
bothekan. (kembali)
bothekan.
ngriku. (kembali)
ngriku.
paukuman. (kembali)
paukuman.
kamulyanipun. (kembali)
kamulyanipun.
jarwanipun. (kembali)
jarwanipun.
§ Punika kajêngipun ambanyol. (kembali)
§ Punika kajêngipun ambanyol.
gêbêr. (kembali)
gêbêr.
10 sampeyan. (kembali)
sampeyan.
11 § Sampun wiwit katingal jugulipun. (kembali)
§ Sampun wiwit katingal jugulipun.
12 Drupadi. (kembali)
Drupadi.
13 êmbuh. (kembali)
êmbuh.
14 kulina. (kembali)
kulina.
15 angrungkêbi. (kembali)
angrungkêbi.
16 têdha. (kembali)
têdha.
17 § Sabên sabên inggih katingal jugulipun makatên. (kembali)
§ Sabên sabên inggih katingal jugulipun makatên.