Pusaka Jawi, Java Instituut, 1928-05/06, #381

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1928-05/06, #381. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1928-05/06, #381. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 01-09-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 5-6, Mèi - Juni 1928. Taun VII.

Pusaka Jawi

Wêdalipun sabên wulan. Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA INSTUTUT)[1] Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Isinipun Pusaka Jawi ăngka 5-6.

1. Têtandhingan agêng sae-saenan, bab sinjang sêratan, 2. Sêrat Wrêtasancaya, 3. Pamarsudinipun para sarjana băngsa Eropah dhatêng basa Jawi, 4. Topèng, 5. Ênut, 6. Sêrat enggal, 7. Rata Pratala, 8. Mahabarata, 9. Adpêrtènsi.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun sêrat wulanan punika dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta.

--- [0] ---

[Iklan]

--- 65 ---

Ăngka 5-6, Mèi-Juni 1928. Taun VII.

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên Pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA-INSTITUUT). Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Radèn Sasrasugănda, Yasawidagda.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi dipun ngalamatana dhatêng: sèkrêtaris redhaksi, Ngadikusuman, Surakarta. Sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi Pusaka Jawi, Kadipala, Surakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Têtandhingan Agêng Sae-saenan, Bab Sinjang Sêratan, Mawi Ganjaran Awujud Yatra.

Benjing pêkên taunan ingkang kaping kalih ing Ngayogyakarta, dhawah kaping 14 Juli, ngantos dumugi 28 Juli 1958, dhepartêmèn têtanèn, katabêrèn, sarta dagang, ingkang bagean katabêrèn badhe ngawontênakên têtandhingan sae-saenan bab kagunan damêl sinjang sêratan, tumraping sakapuloan Indhiya Nèdêrlan.

Sadaya tukang damêl sinjang ingkang agêng-agêng utawi ingkang alit-alit, kenging tumut ngêdali, nanging mawi watêsan makatên. Para tukang-tukang wau kathah-kathahipun, namung kenging ngintuni 4 lêmbar, damêlan enggal. Dados, sagolong-golonganipun, namung salêmbar. Kêdah damêlanipun piyambak. Yèn dede damêlanipun piyambak, botên badhe tumut katandhing.

Ingkang kenging kalêbêtakên têtandhingan wau namung ingkang montênipun awangun sinjang utawi tapih kangge tiyang (sêpuh), polanipun pola asli (botên tiron saking mănca).

Sintên ingkang kêpengin tumut, nglêbêti, sinjangipun kêdah kakintunakên sarta kaprangko, dhatêng kantor apdhèling katabêrèn, grotêwèh nomêr 3 Bogor (ten kantore der afdeeling Nijverheid, Grootenweg No.3 Buitenzorg). Lungse-lungsenipun, pungkasaning wulan Juni ngajêng punika sampuna katampèn ing ngrika, mawi pratelan ingkang cêtha bab nama tuwin padununganipun ingkang damêl, sarta namaning pola, punapa malih golongan ingkang pundi ingkang dipun lêbêti punika.

--- 66 ---

Kawontênanipun ganjaran ingkang badhe kaparingakên, makatên:

Golongan ăngka 1, sinjang praosan. | Ganjaran ăngka 1 f 175. mawi dhiplomah. | Ganjaran ăngka 2 f 150. mawi dhiplomah. | Ganjaran ăngka 3 f 125. mawi dhiplomah. | Ganjaran ăngka 4 f 100. mawi dhiplomah. | Golongan ăngka 2, sinjang sêratan. | Ganjaran ăngka 1 f 150. mawi dhiplomah. | Ganjaran ăngka 2 f 125. mawi dhiplomah. | Ganjaran ăngka 3 f 100. mawi dhiplomah. | Ganjaran ăngka 4 f 75. mawi dhiplomah. | Golongan ăngka 3, cap alus. | Ganjaran ăngka 1 f 125. mawi dhiplomah. | Ganjaran ăngka 2 f 100. mawi dhiplomah. | Ganjaran ăngka 3 f 75. mawi dhiplomah. | Ganjaran ăngka 4 f 50. mawi dhiplomah. | Golongan ăngka 4, cap kodhèn. | Ganjaran ăngka 1 f 50. mawi dhiplomah. | Ganjaran ăngka 2 f 40. mawi dhiplomah. | Ganjaran ăngka 3 f 30. mawi dhiplomah. | Ganjaran ăngka 4 f 20. mawi dhiplomah.

Manawi wontên lêbêtan sinjang ingkang sae, măngka mêksa botên sagêd angsal ganjaran, punika juri sagêd nyukani dhiplomah pratăndha sae. Kanthi mêdhali utawi botên, miturut karampunganing timbangan.

Sinjang ingkang angsal ganjaran, yèn ganjaran sampun katampèkakên, lajêng dados gadhahanipun apdhèling katabêrèn, supados kenging karimatan, kadamêl pratăndha.

Yatra ganjaran punika kathahipun sampun kakintên-kintên, angungkuli rêgining sinjangipun. Ewasamantên, manawi wontên sinjang ingkang rêginipun ngungkuli kathahipun yatra ganjaran, rêginipun wau badhe kamurwat dhatêng juri, mawi bêdhamèn kalihan ingkang ngintunakên sinjang wau.

Ingkang dados pakêmpalanipun juri:

1. Kangjêng Tuwan Residhèn Ngayogyakarta, Tuwan Y.E. Yaspêr.

2. Pangagêngipun apdhèling katabêrèn. Mawi kawêwahan para tukang damêl sinjang sawatawis. Ingkang mêwahi inggih para pangagêng ingkang kasêbut ing nginggil wau.

Sinjang ingkang botên angsal ganjaran, inggih kenging kasade wontên salêbêting têtandhingan wau, samantên wau manawi ingkang ngintunakên sinjang wau gadhah sêdya nyade. Ananging anggènipun ngêculakên kêdah ing sabibaring têtandhingan. Pramila ingkang ngintunakên sinjang prayogi pratela sapintên kathahing rêgi, purunipun ngêculakên. Sapintên pêpajênganipun, badhe kacowok 10% minăngka lêlintuning wragad-wragad ingkang sampun kawêdalakên ing pêkên taunan wau tumrapipun prakawis têtandhingan punika.

Apdhèling katabêrèn gadhah wêwênang ngintunakên sinjang-sinjang ingkang katampenan wau dhatêng pêkên-pêkên taunan ing tanah Jawi sanèsipun Ngayoja, prêlu kalêbêtakên têtandhingan.

--- 67 ---

Manawi sinjang wau botên angsal ganjaran, utawi botên sagêd pajêng, badhe enggal-enggal kakintunakên wangsul dhatêng ingkang kintun, nanging botên badhe dipun prangko.

Manawi wontên ingkang kêpengin angsal katrangan bab sanès-sanèsipun, kenging nêdha katrangan dhatêng apdhèling katabêrèn, sarta inggih badhe dipun sukani katrangan.

Bogor, Pèbruari 1928.

Wakiling pangagêngipun bagean katabêrèn.

(W.G.) K.J. Holtappel.

Ingkang anjawèkakên, lid rêdhaksi Pusaka Jawi.

Sêrat Wrêttasancaya

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 3-4)

2

a. Nahandonkwajapangarccana ri sira kêdê mrakrêtang candasastra

b. Mangle tingkahnya wistonakêna gumawayang wrêddhyaning calabuddhi

c. Sangkyaning warnna munggwing sapada ta nginaran, canda ling sang kawindra

d. Patupangkyanyang pada byakta dadi sakakawin monumunggwing palambang

Katrangan

a. Nahandonkwajapangarccana= nahan+donku+ajapa+angarccana

nahan= mangkana (sampun kalampahan)

nihan= mangkene (dèrèng kalampahan)

ajapa= ajap+a= nyênyuwun

angarccana= mêmundhi

mrakrêtang= mrakrêta+ng

mrakrêta= damêl

canda= kawruh (kawruh ngikêt sêkar)

candasastra= sêrat ingkang ngêwrat kawruh ngikêt sêkar

b. Pintonakên= mitongtonakên

wrêddhyaning= wrêddhi+a+ning= ngudining

wrêddhi= wêwah, ing ngriki: wêwahing kawruh, dados: pamarsudi

wala= lare

walabuddhi= ingkang taksih kados lare, dèrèng tangi manahipun (kawruhipun), dados dèrèng sumêrêp (mangrêtos)= bodho.

c. Sangkyanyang= sangkya+nya+ng. Sangkya= cacah

warnna= swara= wanda= warna

kawindra= kawi+indra, ingkang putus dhatêng pangikêting sêkar

d. Byakta= wyakta= wyakti= yêkti

mon= kados= lamun

Jarwanipun:

a. Ing sasampunipun kula nênuwun saha mêmundhi ing panjênênganipun, tuwin kumêdah-kêdah adamêl [a ...]

--- 68 ---

[... damêl] wêwaton ngikêt sêkar.

b. Samangke kula ngandharakên mênggahing patrapipun, murih ingkang dèrèng mangrêtos samia ngudi

c. Miturut para putus angikêt sêkar, cacahing wandaning dalêm sapada winastan wanda

d. Sabên kawan pada dados sakakawin (sasêkar) kadosdene ingkang wontên ing cariyos (dongèng) punika.

3

a. Tunggalusangkyaningaksare sapada huktaradya tapwankalèn

b. Yan rwatyukta ngaranya yantiga tikang warnna ngaranmadyama

c. Yapwanpatmangaran pratistha milu tekang supratisthanlima

d. Nayatri nêmangaksaran, uningan, syusnik ngaranyapitu

Katrangan:

a. aksare= aksara+i

tapwankalèn= botên sanès

tapwan= tan+pwan

b. rwatyukta= rwa+a+tyukta= roatyukta

c. supratisthanlima= supratistha+an+lima, an= yan= yèn

d. nêmangaksaranya= nêmmang aksaranya

uningan= uninga+ên

syusnik= si+usnik

Jarwanipun:

Manawi wicalaning aksara ing dalêm sapada: satunggal, namanipun botên sanès: ukta.

b. Manawi kalih: namaatyakta, manawi tiga namanipun: madyama

c. Manawi sakawan nama: pratistha, lajêng: supratistha, manawi gangsal

d. Nayatri, nêm aksaranipun, kauningana. Siusnik, pitung wanda.

4

a. Byaktèki wwalungaksaranya sapadanusthup ngaranyatêhêr

b. Nda yapwanupangangaksaranya wrêhahi namanya kapwapagêh

c. manggêh yanupapuluh si pangkti sawêlas tristha name riya

d. yapwan dwadasa yekyanama jagati ngle ramasarmmenucap

Katrangan

a. têhêr= lajêng

b. nda= nanging= lajêng

pagêh= têtêp, ajêg

c. manggêh= ma+anggêh= têtês, têmtu

nameriya= nama+iriya

iriya= punika

d. yekyanama= yeki+anama

ramasarmmenucap= ramasarman, inucap

ramasarman= namanipun sawênèhing kawindra

Jarwanipun:

a. Manawi wolu aksaranipun ing sabên sapadanipun têtêp nama: anusthup

--- 69 ---

b. Lajêng manawi sangang wanda: wrêhati (brêhati) namanipun, punika nama ingkang sampun têtêp.

c. Manawi sadasa: pakti, sawêlas, tristhapa, namanipun punika (tristhub, Skr.)

d. Manawi kalih wêlas punika nama: jagati, makatên anggèning mastani Sang Ramasarman

5

a. yan warnna tridasa pwayatijagati yanpadbêlas sakwari

b. gangupal wlas ya tikatisakwari masangjnyasthipwayan sodhasa

c. atyasthiki ngaran yanpituwêlas yapwanya wwaluwlasdhrêti

d. byaktatidhrêti yadwilang sangawêlas krêtyahyaning wingsati

Katrangan:

a. yatijagati= ya+atijagati

b. tikatisakwari= tika+atisakwari

masangjnyasthi= ma+sangjnya+asthi

sangjnya= nama. Masangjnya= anama

c. atyasthiki= atyasthi+iki

atyasthi= ati+asthi

d. krêtyahyaning= krêti+ahya+ning

ahya= a+hya

hya= bêngok, surak

ahya= bêngok-bêngok, surak-surak, giyak-giyak

ahyaning= panguwuhipun= namanipun

Jarwanipun:

a. Dene manawi wicalan tiga wêlas inggih punika: atijagati, manawi kawan wêlas: sakwari

b. Gangsal wêlas punika: atisakwari, namanipun: asthi, punika manawi nêmbêlas

c. atyasthi punika namanipun manawi pitulas, dene manawi wolulas: dhrêti

d. atidhrêti manawi wicalcanipun[2] sangalas, krêti manawi wicalanipun kalih dasa.

6

a. yanupangkya nikangaksaranya salikuryekangaran prakrêti

b. dwawingsatpwa wilang nikèng sapada warnnanya ngaranyakwati

c. yèki wikrêtinama yantigalikuryan padlikursangskrêti

d. kapwabikrêti yanwilanglimalikuryanênêmlikurwyutkrêti

Katrangan:

a. nikangaksaranya= nikangaksaranya

yeka= ya+ika

b. ngaranyakrêti= ngaranya+akrêti

c. yèki= ya+iki

d. kapwa= sami

Jarwanipun:

a. Manawi wicalaning aksara salikur punika nama: prakrêti

b. Manawi wicalanipun wanda ing sapadanipun kalih likur namanipun: akrêti

--- 70 ---

c. Manawi tiga likur inggih punika: wikrêti, bilih kawan likur: sangskrêti

d. Sami nama: bikrêti, manawi wicalanipun salawe, manawi nêmlikur: wyutkrêti

7

a. hanghing sangkyaningaksarèng sapada yeka canda koktengaji

b. yapwanlintanga dhêndhakangaranikima: lawa lèngadyaka

c. wrêttanyèki muwah yatajarakênanglun kokta ring pinggala

d. tingkahing guru lènparunggunilagunyekapadudwanaran

Katrangan:

a. hanghing= anging= namung

koktengaji= ka+ukta+i+ngaji

kokta= kocap

aji= wulang= sêrat ingkang ngêwrat piwulang

b. lintanga= langkunga

lèn= lan

c. wrêtta= ubêng= cakran, warta, wilêt, sêkar

muwah= malih

pinggala= sawêr

pinggalasastra= namaning sêrat piwulang bab sêkar

d. guru= panjang, awrat, antêb

lagu= cêlak, ènthèng

panunggu= papan, dunung (lingganipun: unggu)

padudwan= padudon= gèsèh, beda

Jarwanipun:

a. Namung wicalanipun ing dalêm sapada ingkang makatên punika (wiwit 1 wanda dumugi 26 wanda) ing kawruh dipun wastani canda

b. Manawi langkung namanipun: dhêndhaka, malawa, sarta gadyaka[3]

c. Ingkang badhe kula wulangakên malih namung sêkar ingkang kasêbut ing sêrat piwulang sêkar (pinggala)

d. Beda-bedanipun anggèning mapanakên guru tuwin lagu (panjang cêlak, utawi abot ènthènging swara).

8

a. yadyastunpadasangkyaning yatilamun gurulagu nika beda ring tata

b. yawatmangkana tang prayoganikanang gurulagu patatanyakawruhi

c. tawatbeda ngaran ring sapada yèki inikêtakênantatanupalah

d. wyaktinyèki nihan rêngênkaracanan hyuningnikêtakining palambanga

Katrangan:

a. yadyastun= sanadyan

(kalanturipun sapunika dados: dêstun)

yati= pêdhotan

--- 71 ---

b. yawat= anu-kados makatên

prayoga= kangge, limrah

c. tawat= makatên ugi... (anu)

d. wyaktinyèki= wyaktinya+iki

rêngên= rêngê+ên= rungokna

racanan= gêgubahan= rumpakan

hyuninikêtakêning= hyun+inikêtakên+ing

palambanga= palambang ingkang badhe kasêbut ing wingking

Jarwanipun:

a. Botên namung cacahing pêdhotan, sanadyan guru lagunipun inggih beda-beda panatanipun.

b. Panataning guru lagu ingkang limrah kangge, kasumêrêpana,

c. Makatên ugi bedaning namanipun ing dalêm sapada badhe kaikêt, tanpa lêpat

d. Mugi kapirêngna, punika cêthanipun urut-urutanipun, gêgubahan ingkang badhe kula ikêt ing dongèng (ingkang badhe kasêbut ing wingking).

Pamarsudinipun Para Sarjana Băngsa Eropah Dhatêng Basa Jawi.

Mênggah tiyang sinau basa mănca punika prêlunipun warni-warni, wontên ingkang kangge srana srawungan, wontên ingkang kangge srana pados panggêsangan ingkang langkung sae tinimbang ngangge basanipun piyambak, wontên ingkang kangge srana mêndhêt kawruhipun utawi nyumêrêpi adat lan tatacaranipun băngsa ingkang andarbèni basa wau, wontên ingkang namung kangke[4] kawruh kemawon, lan sanès-sanèsipun.

Ngèngêti prêlu warni-warni wau, kados sampun botên anggumunakên manawi kathah para sarjana băngsa Eropah ingkang marsudi kawruh basa-basa Indhonesiah, langkung-langkung basa Jawi, amargi băngsa Jawi sami-sami băngsa Indhonesiah pancèn kathah piyambak jiwanipun, sarta manggèn ing pulo ingkang saindhonesiah èdi piyambak.

Ing jagad Jawi kados botên wontên sarjana băngsa Eropah marsudi basa Jawi ingkang misuwuring namanipun ngungkuli tuwan C.F. Winter. Ing ngriki botên prêlu kula aturakên sintên tuwan Wintêr punika, bab punika sampun kajlèntrèhakên wontên ing Pusaka Jawi ăngka 4 dumugi 7 taun 1, cêkap kapratelakakên bilih tumrap samukawis babagan basa Jawi tuwan Wintêr wau nalika sugêngipun dados papan pitakenanipun sarjana sanès, ugi pamarsudi basa Jawi, ingkang nalika samantên dados uhlerar wontên pamulangan luhur ing kitha Delft, inggih punika tuwan Toco Roorda sarta tuwan Wintêr wau kenging dipun wastani dados sumbêripun kawruh basa Jawi tumrapipun pamulangan luhur wau.

Tuwan T. Roorda[5] ingkang waunipun dados guru wontên pamulangan luhur ing Amstêrdham,

--- 72 ---

wontên ing parêpatan ing taun 1841 ingkang dipun jênêngi Sang Nata Willem II, damêl sêsorah, mratelakakên bilih para priyantun ingkang badhe kakintunakên dhatêng Indhiya Wetan prêlu sangêt gadhah kêsagêdan basa Jawi. Kêlampahan, nalika bikakipun akadhemi ing Delft tuwan Roorda kadadosakên uhlerar wontên ngriku, kabêbahan wulangan basa Jawi, sarta kenging dipun wastani dados nyawanipun akadhemi bagean Indhiya.

Bakuning padamêlanipun tuwan Roorda marsudi basa Jawi, ingkang wohipun sagêd dados dhêdhasaring pasinaonipun basa Jawi para sarjana ingkang kathah-kathah.

Wel genoot hij het voorrecht, de voorlichting te hebben van mannen als Gericke en Winter, die goede kenners van die taal waren, maar het is de verdienste uitsluitend van Roorda geweest, de studie van het Javaansch op zulk een vasten, wetenschappelijken grondslag gevestigd te hebben, dat dit spraakeigen ook thans nog de meest grondig beoefende taal van den Indischen archipel is. Jawinipun saking panampi kula kirang langkung makatên: inggih lêrês piyambakipun (tuwan Roorda) tampi pitêdah utawi katrangan saking tuwan-tuwan Gericke kalihan Winter, para ahli basa Jawi, nanging wontênipun basa Jawi ngantos dumugi sapunika sami-sami basa kapuloan Indhiya kalêbêt salêsih piyambak ing pamarsudinipun, punika botên sanès kabêkta saking lêlabêtanipun tuwan Roorda anggènipun sampun andhasari pasinaon basa Jawi sarana dhêdhasar utawi pandhêmèn ingkang têtêp sarta mawi katrangan ingkang maton.

Ing bab wawasan basa Professor Roorda angsal tandhing sarjana ingkang alitanipun wontên ing tanah Jawi, salajêngipun tampi pangajaran wontên ing tanah Eropah, sarta mumpuni ing kawruh bab basa-basa Indhonesiah, langkung-langkung basa Batak, inggih punika tuwan Hermanus Neubronner van der Tuuk. Kacariyos, gêgayutan kalihan pamanggihipun tuwan Roorda kasêbut wontên ing sêratipun Paramasastra Jawi (1855) kaca 86, bilih têmbung Mlajêng rumah, punika asalipun saking têmbung Jawi omah utawi umah, têmbung Mlajêng ratus, saking têmbung Jawi atus, sami angsal atêr-atêr rê, tuwan v.d. Tuuk damêl sêrat sêbaran (brochure) nêdahakên lêpating pamanggihipun tuwan Roorda wau, mawi katrangan ingkang agêng sangêt paedahipun tumrap kawruh têtandhinganing basa-basa Malèis Polinesis,[6] inggih punika bab anggêring pakêcapan (klankwetten). Sarta inggih vd. Tuuk (kalihan Pro. Kern) ingkang masang pandhêmènipun kawruh enggal wau.[7] Anggêring pakêcapan ingkang kasumêrêpan

--- 73 ---

Dr. v.d. Tuuk wau wontên ingkang dipun têrangakên dening tuwan J.L.A. Brandes ngantos panjang sarta gêmêt sangêt wontên ing Brijdrage tot de vergelijkende Klankleer der Westersche afdeeling van de Maleisch-Polynesische Taal-familie."[8] Cara gampilanipun suraosipun makatên:

I. r ing têmbung Mlajêng punika tumrap sawênèhing basa, wontênipun ing têmbung ingkang nunggil asal tarkadhang awujud g, tumrap sawênèhing basa malih tarkadhang awujud h, tumrap basa Jawi kalihan Bali tarkadhang ical babarpisan. Upami:

1. roemah (Ml.)= goeroe (Formosa)= hoema (Dajak)= oemah (Bali, Dj. kina)= omah (Dj.).

2. taroem (Ml.)= tagom (Bisaja= basa ing Philipinah)= tahoem (Dajak)= taoem (Bali)= tom (Dj.).

3. datar (Ml.)= datag (Bisaja)= datah (Madoera)= rata (Dj.k.)= rata (Dj.).

II. r ing têmbung Jawi punika tumrap sawênèhing basa, wontênipun ing têmbung ingkang nunggil asal tarkadhang awujud l tumrap sawênèhing basa malih tarkadhang awujud d, tumrap basa Batak tarkadhang awujud g, upami:

1. iroeng (Dj.)= ilong (Bisaja, Tagalog= basa ing Philipinah)= elong (Madoera)= hidoeng (Mel.)= igoeng (Batak).

2. pari (Dj.)= palang (Tagalog)= pad (Mel.)= padih (Mad.)= pagé (Batak).

3. walira (Dj.)= balila (Tagalog)= walida (Boegis)= baliga (Batak).

Bab linta-lintunipun ra, la, dha, ing basa Jawi piyambak para maos têmtu sampun sami priksa, upaminipun:

roro= loro

ari= adhi

cêrak= cêdhak= cêlak (kr.)

Sanajan ra ingkang linton kalihan ga inggih wontên, upami:

durung (urung)= ugung (dialect)

ora (k)= ogak (dialect)

Wontên ing "Bijdragen tot de T.L. en Vk. van Ned. Indie Dl. XIII sang kalokèng rat Prof. Dr. Kern mratelakakên pamanggihipun, bilih wontênipun perang-peranganing basa kadosdene krama utawi krama inggil punika bokmanawi gêgayutan kalihan kapitadosanipun băngsa Jawi ing jaman rumiyin prakawis dayanipun têmbung-têmbung ingkang dipun ucapakên. Katranganipun mirid kawontênanipun sawênèhing basa Indhonesiah ing jaman sapunika. Sawênèhing băngsa Dhayak upaminipun, gadhah awisan botên kenging ngucapakên namaning tiyang sêpuhipun, utawi namanipun piyambak. Saking kapitadosanipun băngsa wau, sintên ingkang nêrak awisan wau badhe manggih kasangsaran. Sarèhning namaning tiyang punika tarkadhang ugi dados namaning barang [ba ...]

--- 74 ---

[... rang] utawi kewan, măngka wontên tiyang ingkang kêpêksa mastani barang utawi kewan wau, punika tiyang wau lajêng ngupados têmbung utawi têtêmbungan kangge nyantuni nama wau, utawi namaning barang utawi kewan wau namung dipun ewahi sakêdhik, upaminipun: oendang (= urang, utawi namanipun tiyang èstri), kaewahan dados oendik; pati (= pêthi, utawi namanipun tiyang jalêr), kasantunan tabala. Makatên lami-lami wontên têmbung-têmbung enggal, ingkang sami têgêsipun kalihan têmbung-têmbung ingkang lami, nanging sagêd ugi têmbung-têmbungipun ingkang lami lajêng kêsilêp, botên kangge. Makatên ugi manawi pinuju lêlayaran, ambêbujêng, pados ulam, pinuju panèn lan sapanunggilanipun, wontên têmbung-têmbung ingkang dados awisan, ingkang kêdah dipun ewahi utawi dipun santuni têtêmbungan sanès. Awisan nindakakên sawênèhing pandamêlan utawi ngucapakên sawênèhing têmbung kados ingkang kasêbut wau, băngsa Dhayak mastani pali, băngsa Malajêng limrahipun mastani pamali, inggih punika têmbung Bugis, ingkang sami têgêsipun kalihan têmbung Dhayak, pali wau.

Pamalinipun sawênèhing băngsa ing Sèlèbês: botên kenging ngucapakên namaning marasêpuhipun. Tarkadhang ngantos kêsangêtên anggènipun ajrih dhatêng pamali wau, amargi botên namung nyêbutakên namaning marasêpuhipun kemawon ingkang dipun sirik, dalasan ngucapakên têmbung ingkang mèmpêr kalihan nama wau, ugi botên purun. Upami namaning marasêpuhipun Waworoentoe, têmtu botên purun ngucapakên têmbung wawo (= nginggil), manawi namanipun Kalalo, têmtu botên purun mungêl kawalo (= jaran).

Makatên ugi ing Madhagaskar, ing kapuloan Melanesiah lan sanès-sanèsipun malih, inggih wontên sirikan utawi awisan ngucapakên sawênèhing têmbung. Nitik kawontênan ingkang makatên wau, kados kenging dipun têmtokakên (makatên pamanggihipun Prof. Kern) bilih wontênipun pamali punika sampun wiwit nalika basa-basa Maleis Polinesiah taksih dados satunggal, dados pamali wau bêktan saking tanah Indhiya wingking (Achter-Indie). Sawêga nitik têmbungipun, sampun kêtawis manawi nunggil asal, inggih punika: pali (Dhayak)= pamali (Bugis)= kasipali (Makasar)= saali (Galelah, ing Halmaherah)= kêmali (Batak)= phadhi (Malagasi, ing Madhagaskar)= pêpali (Jawi). Sanajan têgêsipun têmbung-têmbung wau botên sami plêg, nanging bakuning têgês sami.

Băngsa Jawi inggih botên kasêpênan pamali saèmpêr ingkang kasêbut ing ngajêng, upaminipun manawi tiyang mungêl: oyod, ing wanci dalu, kajêngipun: sawêr. Yèn wontên ing wana: kyaine (sima). Makatên ugi manawi mungêl: sakit ayu (cacar), dèn bagus (tikus). Manawi badhe kangge jampi [ja ...]

--- 75 ---

[... mpi] utawi sarat: têlèk manuk (apu), godhong sabrang (lombog), godhong baladewa (randhu), godhong blêdhèg (jarak), godhong tawa (dhadhapsrêp), godhong brobot (kara), godhong tundhung (pareayam), godhong sapujagad (rêmpêlas) lan sanès-sanèsipun.

Makatên ugi manawi tiyang wicantênan kalihan panginggilan, utawi manawi ngraosi panginggilan, inggih kathah têmbung ingkang kêdah dipun santuni têmbung sanès utawi dipun ewahi ungêlipun, kados caranipun tiyang Dhayak anggènipun nyantuni utawi ngewahi têmbung-têmbung ingkang dados palinipun. Upami: mangan, dipun santuni: dhahar, nêdha. Pari, kaewahan dados: pantun. Wêsi, dipun têrangakên dados: tosan, sapanunggilanipun. Bedanipun, manawi tiyang Dhayak anggènipun nyantuni utawi ngewahi wau kabêkta saking sabab ingkang namung tumrap badanipun piyambak, sarêng tiyang Jawi kajêngipun, sampun ngantos damêl saksêrikipun tiyang sanès.

Ing sajawinipun tanah Jawi tur inggih têbih saking tanah Jawi ugi wontên basa ingkang gadhah krama sarta krama inggil saèmpêr basa Jawi, upaminipun basa Mowa (ing kapuloan Polinesiah). Ing ngriku tumrapipun para pangagêng mèh sadaya peranganing badanipun, tindak tandukipun lan barang darbèkipun wontên têmbungipun piyambak, beda kalihan ingkang tumrap tiyang ingkang kathah-kathah, kenging dipun wastani wontên kramanipun utawi kramanipun inggil. Kangge mastani prakawis satunggal tarkadhang têmbungipun ngantos warni tiga utawi sakawan, ingkang undha-usuk unggah-ungguhipun sarta beda-beda panganggenipun, mawi-mawi ingkang dipun ajak wicantênan.

Kajawi ingkang sampun kasêbut ing ngajêng, taksih kathah tunggilipun para mardi basa Jawi băngsa Eropah ingkang kathah lêlabêtanipun dhatêng băngsa Jawi, amargi para sarjana wau sami nganggit utawi ngêdalakên sêrat warni-warni ingkang isi kawruh basa Jawi. Sêrat Bausastra Jawi-Walandi (Gericke en Roorda), Sêrat Bausastra Jawi Kina-Walandi (Dr. Juynboll), Sêrat Pawicantênan Jawi II ingkang isi pintên-pintên bêbasan lan saloka (C.F. Winter) sanajan sami dèrèng nama sampurna, tumrap para mardi basa agêng sangêt paedahipun. Sêrat-sêrat Jawi Kina ingkang sampun botên dipun mangrêtosi dening băngsa Jawi sapunika, sagêd sumêbar (sanajan botên waradin) sarta kasumêrêpan isinipun, inggih saking pangudinipun para sarjana wau. Băngsa Jawi ing jaman sapunika manawi badhe nyinau basanipun ingkang ngantos lêbêt, kêdah ngangge pitulunganipun băngsa Eropah, liripun, ingkang kangge panutan sêrat-sêrat damêlanipun băngsa Eropah. Sarta panggenanipun bokmanawi inggih botên cêkap wontên ing tanah Jawi kemawon. Punapa ingkang makatên punika botên nama sungsang buwana balik. Pramila anggèn kula damêl andharan [a ...]

--- 76 ---

[... ndharan] punika kanthi pangajêng-ajêng, mugi-mugi băngsa kita Jawi saya kathah ingkang marsudi basa Jawi, ingkang ngantos wohipun sagêda ngungkuli punapa ingkang sampun dipun raosakên ing para sarjana băngsa Eropah ing wêkdal punika.

Wusana satêlasing panyêrat kula punika, dumadakan mak jêdhul, sêrat wulanan, Kawi ingkang sampun lami dipun bayawarakakên badhe lairipun, saèstu sampun mêdal. Bingahing manah kula kados tiyang kasatan manggih sumbêr ingkang wêning toyanipun, pindha tiyang manggih sêsuluh ing salêbêting pêpêtêng. Bokmanawi punika ingkang badhe anjêmbarakên têbaning para ingkang marsudi basa Jawi ingkang wetenschappelijk. Pramila kula andhèrèk mêmuji, mugi-mugi pun Kawi sagêda widada gêsangipun, sami kalihan pangajêng-ajêngipun Mas Ngabèi Dwijawiyata kasêbut wontên ing panjurungipun ingkang mawi irah-irahan: pangayubagya.

Madiun, Marêt 1928.

Subana

Topèng

Nalika konggrès Yapha Insêtitit ing Surabaya ing taun 1926, ing ngriku kathah kintunan topèng saking nagari-nagari ing tanah Jawi. Topèng-topèng wau lajêng kapurih motrèt dhatêng sèkrêtaris Yapha Insêtitit. Sasampunipun konggrès, tuwan sèkrêtaris wau taksih sagêd angsal malih potrètipun topèng saking karaton Surakarta tuwin Ngayogyakarta, ingkang awit saking paringipun pitulung para pangeran sawatawis. Ing sapunika Yapha Insêtitit gadhah kajêng badhe nangkarakên potrèt-potrèt wau sarta badhe kalêbêtakên ing sêrat kabar Jawa. Dene cariyosipun topèng wau, paduka tuwan Dhoktor Piso ingkang badhe ngarang. Tuwan dhoktor wau băngsa ahli sastra, ingkang manggèn ing Surakarta, kadhawuhan ing nagari, anjangkêpi isinipun Bausastra Rurdhah, sarta nglêrêsakên, manawi wontên lêpatipun ing cap-capan ingkang rumiyin.

Tuwan dhoktor punika badhe ngarang bab sadaya warni-warnining topèng ing tanah Jawi. (Kados ta ingkang kangge ing lampahan ringgit purwa, lampahan Panji, tuwin Amir Ambyah) badhe kapratelakakên dhapur utawi wêwangunanipun topèng ingkang aslinipun saking nagari warni-warni (Sundha, Jawi Têngah, Jawi Wetan, Madura). Sarta kapratelakakên caranipun manawi kalampahakên, tuwin mangsanipun (punapa yèn mantu, punapa yèn ngluwari ujar, sapanunggilanipun). Punapa malih bab tabuhanipun, jogèdipun, dhalangipun, pawicantênanipun, sapanunggilanipun.

Sarèhne ing samangke sangsaya dangu kagunan Jawi sangsaya suda utawi ewah (kados ta bab ringgit, topèng sapanunggilanipun) para sadhèrèk Jawi tamtunipun inggih sami mangayubagya dhatêng sêdyanipun paduka tuwan Piso wau. [wa ...]

--- 77 ---

[... u.] Pramila ing sapunika, mupung dèrèng kasèp sangêt-sangêt, prayogi yèn kagunan-kagunan wau dipun damêlakên pakêm. Manawi bab ringgit wacucal, sampun kathah sarta warni-warni pakêmipun, sanajan ta dèrèng pêpak sayêktos pakêm wau. Anamung prakawis topèng, kenging kawastanan dèrèng wontên babar pisan. Pramila ing sapunika prêlu sangêt tumuntên dipun damêlakên, sampun ngantos sirna tanpa lari.

Pangrèh agêngipun Yapha Insêtitit, inggih sumêrêp ingkang makatên wau, pramila lajêng ngaturi sêrat dhatêng para bupati ing tanah Jawi sarta Madura, gadhah panyuwun, ing sasagêd-sagêd karsaa paring katrangan prakawis topèng wau sarta samukawis ingkang wontên gêgayutanipun kalihan topèng punika. Pangrèhipun Yapha Insêtitit nyuwun katrangan nama-namaning panggenan ing salêbêting kabupatènipun utawi ing sajawinipun, ing pundi ingkang mrêlokakên dhatêng topèng tuwin têtingalan sanèsipun ingkang wontên ambêt-ambêtipun topèng, kados ta: barongan, kapal kepang, sapanunggilanipun. Langkung-langkung manawi ing panggenan ngriku taksih wontên ingkang nglampahakên topèng, taksih wontên tukang jogèdipun tuwin dhalangipun ingkang pintêr, sarta taksih wontên ingkang gadhah topèng piyambak sarta prabot-prabotipun, kados ta: pêpakêming lampahan, têtabuhanipun, tuwin sanès-sanèsipun.

Ingkang langkung prêlu dipun sumêrêpi: lampahanipun punika mêndhêt saking cariyos punapa. Punapa Pandhawa, Rama, Panji, Damarwulan, Amir Ambyah, sapanunggilanipun. Sarta lampahan punapa ingkang dipun sênêngi piyambak, dhalangipun punika ngucapakên wicantêning topèng kados dhalang ringgit purwa, punapa topèngipun ingkang wicantên piyambak. Punapa bêbahaning padamêlanipun dhalang. Pananggapipun topèng yèn anglêrêsi rame-rame punapa (mantu, ngruwat, brêsih dhusun). Ingkang kapilih, punapa lampahanipun. Punapa wontên dêdongengan ingkang nyariyosakên wiwit-wiwitipun wontên topèng. Punapa wontên tatacara ingkang mranata sarat-saratipun manawi nglêrêsi topengan (sajèn, dintên mangsaning nanggap punapa wontên pramastheanipun, kados ta: Anggara Kasih, sapanunggilanipun). Sarta punapa wontên topèng utawi prangkatan topèng ingkang dipun mêmule utawi dipun aji-aji dhatêng tiyang-tiyang, kaanggêp malati.

Wontên bupati sawatawis ingkang sampun anglaksanani panyuwunipun Yapha Insêtitit, paring katrangan kados ingkang kasêbut ing nginggil. Para bupati sanèsipun dèrèng maringi wangsulan, taksih kaajêng-ajêng dhatêng pangrèhing Yapha Insêtitit. Manawi wontên sadhèrèk sanèsipun, băngsa partikêlir utawi dede, kasdu suka katrangan prakawis punika wau, sanajan namung sakêdhik sangêt, tamtu badhe katampenan kanthi bingah sarta panuwun. Katrangan punika sanajan katingalipun kados [ka ...]

--- 78 ---

[... dos] sapele sangêt, tarkadhang sok sagêd dados sarana madhangakên kawontênanipun topèng ing bab anggènipun sagêd sumêbar utawi ing bab mindhak-mindhaking cengkok.

Kula wangsuli malih: pangrèh agêng Yapha Insêtitit (adrès: sèkrêtaris ing Kadipala, Surakarta) ngajêng-ajêng sangêt paringipun katrangan para sadhèrèk bab topèng wau sarta sadaya-sadaya ingkang wontên gêgayutanipun kalihan topèng, bab punapa kemawon. Sarta ngajêng-ajêng pambiyantunipun para sadhèrèk ingkang rêmên mrasudi kawruh bab kagunan tuwin kasusilanipun tiyang bumi.

Ingkang anjawèkakên,

warga rêdhaksi

Sa.

Ênut

Para maos mêsthi sampun sami nguningani bilih gêndhing punika kalêbêt ewoning kabudayan. Ingkang kalêbêt ing golongan gêndhing punika, sêkar (têmbang) wêwijanganipun gêndhing punika lêlagon tumraping găngsa, dene sêkar punika lêlagon swaraning tiyang.

Gêndhing tuwin sêkar punika têngkar-tumêngkaripun dhatêng anak putu turun-tumurun, lantaran kawulangakên dhatêng para wrêdanipun utawi barakanipun ingkang sêpuh. Tumrap gêndhing inggih lajêng kawulang nabuh găngsa, lakar minakakên kawulang, trêkadhang indhakipun dening tumut nalika nabuh, sayêktos, dede kalanipun ajar-ajaran. Tumrap nyêkar inggih lajêng kawulang klongkongipun. Dene sumarambahipun dhatêng sanès nagari punika lantaran tiyang. Upaminipun têtabuhan ing Surakarta katulad ing sanès nagari, punika samăngsa nuju wontên kănca niyaga ingkang nabuh ing sanès nagari wau. Kosokwangsulipun ing Surakarta sagêdipun angsal gêndhing sanès nagari, saking angsal-angsalipun kănca niyaga ingkang nuju nabuh dhatêng sanès nagari, utawi kabêkta ing niyaga sanès nagari ingkang ambarang dhatêng Surakarta. Awit saking caranipun nyinau ngèngêt-èngêt dhatêng gêndhing namung makatên, amila tumurun-tumurun dhatêng anak putu wontên ingkang cicir.

Sumarambahipun gêndhing-gêndhing musik punapa makatên. Eropah, Amerika, kalihan ing ngriki kaêlêtan ing samudra, lêlayaran pintên-pintên dintên. Manawi tumularipun gêndhing-gêndhing enggal asarana tiyang, saiba băndha beyanipun. Kauningana, sagêdipun sumrambah dhatêng ing pundi-pundi punika asarana ênut. Ênut punika ingkang minăngka dados aksaraning gêndhing.

Awit saking manah agênging prêlu ngwontênakên, Pahêman Radyapustaka lajêng ngadêgakên pasinaon nabuh, mawi dipun sukani ênut, wujuding ênut gêgambaraning swara ăngka Walandi dados cirining wilahan găngsa. Prabotêpun[9] ngangge prabot ênut musik.

--- 79 ---

Tumrap slênthêm utawi dêmung slendro,

ăngka 1 wilahan barang | ăngka 2 wilahan gulu | ăngka 3 wilahan têngah | ăngka 5 wilahan gangsal | ăngka 6 wilahan nêm

Tumrap slênthêm utawi dêmung pelog,

ăngka 1 wilahan panunggul | ăngka 2 wilahan gulu | ăngka 3 wilahan têngah | ăngka 4 wilahan pelog | ăngka 5 wilahan gangsal | ăngka 6 wilahan ênêm | ăngka 7 wilahan barang

Cirining gêmbyangan punika cêcêg ing sangandhap tuwin sanginggilipun ăngka, gêmbyangan agêng dumunung sangandhap ăngka, gêmbyangan alit dumunung sanginggil ăngka.

Buku ingkang kangge wêwaton mulang sawêg wontên kalih jilid. Jilid satunggal akalihan kalih, punika sawêg ing bab têtabuhan wingking, dene jilid tiga sawêg rampung pangarangipun, wiwit ing bab têtabuhan ngajêng.

Nuwun, kula ngaturakên panjurung wontên ing Pusaka Jawi ngriki pinton wujudipun ênut wau, kaangge ngênuti sêkar bawanipun gêndhing, dumugi dhawahing gêndhing, dalah geronganipun, katrangan ciri-ciri ingkang kangge ênut kapratelakakên ing ngandhap punika.

Surakarta... Marêt 1927.

Sutasukarya

Katrangan ciri-ciri ênut

Ăngka wilahaning găngsa sarta gêmbyangan sampun kapratelakakên ing nginggil.

[Grafik] nut lampah sakawan

[Grafik] matsêtrip, ing dalêm saguthêk panindakipun mawi petangan sakawan (satunggal dumugi sakawan)

[Grafik] tăndha kèndêl sawatawis

[Grafik] dumunung sanginggil ăngka têngêr, dados nut prawolon

[Grafik] dumunung sanginggil ăngka têngêr, dados nut pranêmbêlas

[Grafik] cêcêg satunggal sangajêngipun ăngka, dados nut têngahan, panjangipun ngantos dumugi petang kalih

[Grafik] cêcêg kalih sangajêngipun ăngka, dados nut tigang prapat, panjangipun dumugi petang tiga

[Grafik] cêcêg tiga sangajênging ăngka, dados nut wêtah, panjangipun dumugi petang sakawan

[Grafik] tumumpang ăngka, ungêlipun panjang ngantos sawatawis napas

[Grafik] gong

[Grafik] kênong

Langzr Langzamer saya rindhik

Snellr Sneller saya rikat

[Grafik][10] manawi gêndhing badhe kainggahakên

--- 80 ---

dumuginipun têngêr [Grafik] lajêng mlangkah kasambêtakên têngêr [Grafik] ngandhapipun

§ manawi badhe suwuk, dumugi têngêr § lajêng mlangkah kasambêtakên têngêr § ngandhapipun

[Grafik] panabuhipun wongsal-wangsul, wiwit saking têngêr [Grafik] dumuginipun têngêr [Grafik] lajêng wangsul dhatêng têngêr [Grafik]

[Grafik] ugi têngêr wangsul, nanging wangsulipun wau dumuginipun ngajênging kurung ingkang mawi ciri ăngka 1 lajêng mlangkah nyambêt kurung ingkang mawi ciri ăngka: 2.

Bawa Sêkar Lêbdajiwa

Dhawah gêndhing Puspawarna, salendro pathêt manyura:[11]

[Notasi]

--- 81 ---

[Notasi]

Bawa Sêkar Palugon

Dhawah gêndhing Puspanjala, pelog pathêt nêm

[Notasi]

--- 82 ---

[Notasi]

Katrangan

Manawi badhe sinau nêmbang tuwin gerong nut ing nginggil punika, nyadhiyakna gêndèr, manawi sêkar salendro inggih gêndèr salendro, manawi pelog inggih pelog. (Taksih wontên sambêtipun)

--- 83 ---

Sêrat Enggal

Rêdhaksi mêntas tampi sêrat cap-capan enggal

1. Sêrat cara Mlayu karanganipun Dhoktêr Sitanala, namanipun Pertolongan kalau dapat ketjilakaan, kabantu ing pangarang pun dhatêng Mohamad Iljas băngsa jornalis. Agênging sêrat prawolon kêbetan 160 kaca. Mawi gambar agêng têtiga, gambar alit-alit 144. Ingkang ngêcap pirmah G.B. van Goor zonen ing Gouda nagari Walandi. Isinipun bab suka pitulungan dhatêng têtiyang ingkang manggih bilai, kados ta: kacêmplung ing toya, putung balungipun margi dhawah sapanunggilanipun. Bab rekaning pamblêbêd. Panjunjung utawi pangusungipun. Pamblêbêd wau warni-warni dunungipun, kados ta: ing suku, tangan, driji, sirah, badan, bau. Sadaya mawi kagambar. Cara Mlayunipun gampil mangrêtosakên. Prayogi dados cêcêpênganipun para parentah nagari utawi para punggawa ingkang gadhah rèh-rehan tiyang nyambut damêl kasar.

2. Kêmbang sêtaman, jilid II cap-capan ingkang kaping kalih. Aksaranipun Latin. Urut-urutan sarta lampahing ukara sampun sami ewah. Ukaranipun cêkak-cêkak. Gambaripun inggih wontên ingkang dipun santuni. Namung inggih wontên ingkang dèrèng cocog, kados ta gambaripun sêkar pacarbanyu, kalihan gambaripun randhu. Benjing manawi sampun kasêbar dhatêng pamulangan guprêmèn, manawi wontên para sadhèrèk guru ingkang karsa ngrêmbag isinipun wontên ing salêbêtipun sêrat kabar Pusaka Jawi, badhe andadosakên dhanganipun para tuwan-tuwan ingkang nganggit utawi ingkang anjawèkakên. Supados ing têmbe sêrat wau sagêda suda cacadipun.

3. Sêrat cara Mlayu aksara Latin, namanipun pêmimpin aji, wangunipun prawolon kêbetan 90 kaca. Dlancangipun pêthak, namung dlancang koran ragi alus. Kathah pêthikanipun saking kitab-kitab, kasêrat mawi aksara Arab, têmbung Arab, katêgêsakên têmbung Malayu. Ingkang ngarang Mas Khaji Muhammad Sujak, warga pangrèh agêng Muhammadiyah, Ngayogyakarta. Kabantu dhatêng Mas Kartasudarma, sêsêpuhipun pang Muhammadiyah ing Batawi. Isinipun mratelakakên sadaya kawontênan tuwin pakèwêdipun tiyang minggah kaji wontên salêbêting baita kapal. Tuwin pranataning nagari ingkang ngayomi dhatêng tiyang-tiyang wau, amurih sagêdipun kopèn. Sêrat wau sae dados cêcêpênganipun para sadhèrèk ingkang sami badhe minggah kaji, murih sagêdipun mapanakên badan, lêlandhêsan pranataning nagari.

--- 84 ---

4. Sêrat cara Mlayu aksara Latin, namanipun Perkawinan dan perkawinan anak-anak, anggitanipun Dhoktêr Radèn Sutama. Wangunipun prawolon 58 kaca, dlancang sarta samakipun sae, wêdalan Bale Pustaka, sèri nomêr 701. Isinipun bab lakirabi, alêlandhêsan kawruh agami, sarta kawruh kadhoktêran, punapa malih kawruh pranatan praja. Kathah pêpêthikanipun saking Koran suci, kadis sakhèh, tuwin sêrat-sêrat anggitanipun para ahli budi băngsa kilenan. Pantês sangêt dados waosanipun para sadhèrèk ing wetanan ngriki.

5. Sêrat cara Jawi aksara Jawi anama: Sanasunu, anggitanipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura II, pujăngga ing Surakarta. Wangunipun prawolon 87 kaca. Dlancang sarta lèmèkipun sae, aksaranipun jêjêg, cêtha. Ikêtanipun têmbang sakeca. Isi wêwulang sae-sae dhatêng para neneman, murih sae tapsilanipun, sae panggêsanganipun, wiwit ing donya dumugi ing dêlahan, awêwaton pranataning panjênêngan ratu sarta pranatanipun Gusti Allah. Sae dados waosanipun sadhèrèk Jawi. Ingkang angwêdalakên: Mandrasastra ing Surakarta, ingkang sade toko buku: S.M. Diwarna, ing Kuthagêdhe (Yoja) sarta ing Ngayogyakarta.

Sa

Rata Pratala

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 3-4)

E. Wong gêmblung, Carudata iku rak pangaubane wong kang padha nandhang kacingkrangan, prasasat wit-witan kang mantêlung, kabotan uwoh, uwohe arupa kabêcikan marang wong kang padha nênêka. Iya dadi pangiloning wong kang sugih guna, panglèlèraning tindak kasusilan. Prasasat sagara: gumulung-gulung lan angombak-ombak kaprawirane, loma ora sumangkeyan, iya dadi pêthining kadarman. Luhur budine, sumanak.

Kang kadunungan urip sajati iku iya mung dhèwèke iku. Kabêcikane misuwur angèbêki jagad. Dene wong liya-liya iku mung kadunungan ing ambêkan thok-thok. Ayo ta, padha sumingkir saka ing kene.

I. Tanpa ambêkta Wasantasena

E. Wasantasena wong wis ilang, ta.

I. Kadospundi kok ngantos sagêd ical.

E. Iya, ilang, kaya pandêlênge wong picak, kaya nalare wong buyan, kaya kasarasane wong lara, kaya kabêgjane wong sing kêsèd, kaya elingane wong sing lalèn, [la ...]

--- 85 ---

[... lèn,] kaya duga-dugane wong kang kèrêm ing pakarêman, kaya kasmaraning wong kang gêthing. Mêngkono kuwi ilange Wasantasena.

I. Yèn botên ambêkta Wasantasena, kula botên purun kesah.

E. Kowe apa durung tau krungu ucap-ucapan mêngkene:

Gajah iku mandhêge krana cinancang ing wantilan, yèn jaran, krana kacandhak kêndhaline, yèn wong wadon, krana kacêkêl atine. Yèn ora mangkono, wis mêsthi lunga.

I. Yèn sampeyan badhe kesah, inggih sampeyan kesah. Kula botên purun kesah.

E. Iya uwis, sakarêpmu, aku tak lunga. (Banjur lunga)

I. E, lah, Panêmbahan Sidalunga, kasor tanpa karana. (Marang Wid) e, kowe, cakar gagak cumplung, brahmana kêna ing sibat, mêndhêk, mêndhêk.

Wid. Aku wis disorsorake

I. Sapa sing ngêsorake

Wid. Pêpêsthèn

I. Mara ngadêga, ngadêg

Wid. Aku iya pancèn arêp ngadêg

I. Besuk kapan

Wid. Yèn pêpêsthène awakku wis mundhak apik

I. Yèn mangkono nangisa bae, nangis

Wid. Aku wis padha ditêtangis

I. Sapa sing nênangis

Wid. Kamlaratan

I. Yèn mangkono: angguyua, angguyu

Wid. Iya, aku iya bakal angguyu

I. Besuk kapan

Wid. Yèn Sang Carudata wis mulya manèh

I. E, brahmana gêmblung, gunêmku iki mêngko têkakna marang si mlarat, Carudata, mêngkene :

--- 86 ---

Wong wadon palanyahan, sing manganggo mas intên sarwa gumêbyar kaya bojone wong kang ambukani tontonan iku, ambênêri macak ngayang batin, arêp mêtoni dadi wayang, jênênge Wasantasena, kedanan marang kowe, wiwite kedanan, dhèk wêruh kowe ana ing patamanane Sang Kamadewa. Kuwi mlêbu mênyang omahmu, măngka pancène arêp tak cêkêl, tak prosa. Kang iku yèn koulungake marang aku, aku karo kowe bakal dadi mitra, sok uga enggal ênggonmu ngulungake iku, tur ora nganggo matur marang parentah. Ananging yèn kowe ora gêlêm ngulungake, aku karo kowe bakal dadi mungsuh nganti tumêkaning pati.

Karo manèh elinga:

Mulwa iku yèn gantilane diblonyoh ing tlethong sapi, iwak yèn diêdang, janganan yèn digaringake, sêga yèn pangliwête ing măngsa badhidhing, utang dhuwit sarta sêsatron, iku kabèh ora bisa bosok.

Olèhmu gunêman sing apik, sing sêru, ya, karêbèn aku ana ing paguponing gêdhongku, bisa krungu. Yèn olèhmu gunêman ora kaya mangkono, êndhasmu tak pêcah, kaya pêcahe kawista kang kacêpit ing lawang.

Wid. Iya, tak kandhakne.

I (Marang bature). E, bocah, sang panêmbahan apa wis lunga têmênan.

Panakawan, Pk. Nun, sampun

I. Yèn mêngkono ayo padha lunga, enggal.

Pk. Pêdhangipun mugi kaastaa, bêndara

I. Ah, orak, cêkêlana dhewe bae.

Pk. Punika bêndara, pêdhangipun, sumăngga kaastaa.

I (Olèhe nyandhak pêdhang malik). Pêdhang ligan sing manggon ana ing wrăngka ...

Ah, olèhku mlayu golèk pandhêlikan, kaya asu ajag sing dijêgoki asu lanang wadon

Wid. Radanika, olèhmu dicêcamah iku mau: aja kokandhakake marang Sang Carudata, ya. Sang Carudata iku olèhe kapêtêk ing kasusahan marga kamlaratane: wis bangêt. Yèn nganti krungu prakara iki, tak kira susahe banjur sangsaya numpa-numpa.

Rad. O, Sang Metreya, sampeyan rak inggih

--- 87 ---

priksa, yèn pun Radanika sagêd anyandhêt ginêm.

Wid. Iya

Tjar. Radanika, sore-sore angine sumribit bangêt. Rohasena rak adhêm, gawanên, mlêbu mênyang omah, ta, kêmulana krudhuk iki, lo.

Was (ing batin). We, la, aku diarani bature. (Krudhuke ditampani sarta diambu, sangsaya bangêt kasmarane, atine) we, krudhuke ambune amrik, mulêk gandane kêmbang gambir. Pantês wong nonoman, ora ngilang-ilangake ênome. (Banjur dikêmulake ing awake. Carudata ora wêruh).

Tjar. Radanika, Rohasena enggal gawanên, mlêbu ngomah.

Was (ing batin). Pancènipun, kula punika rak botên kenging mlêbêt ing griya sampeyan, ta.

Tjar. O, Radanika, kowe kuwi mangsuli bae kok ya ora gêlêm, ta. Apês têmên awakku.

Yèn wong nandhang papêsthèn kang sangsara, tininggal ing kabêgjan, uripe banjur sarwa ora kêpenak, mitra-mitra banjur dadi satru. Sih kang wus mancêb lawas banjur dadi kêmba.

(Radanika karo Widusaka padha têka)

Wid. Lah punika pun Radanika

Tjar. Êlo, mula kuwi, ta, Radanika. La kae mau, sing tak kêmuli krudhukku kae mau sapa. Harak siya-siya arane.

Was (ing batin). O, botên. Botên siya-siya, malah kula rumaos sumêngka.

Tjar. Ah, endah têmên, cumlèrèt kaya rêmbulan tanggal sapisan kakêmul mega. Ananging... ora patut, wong ngawasake bojone wong liya.

Wid. O, sampeyan sampun kuwatos manggih kalêpatan, ingkang jalaran ngawasakên semahipun tiyang sanès. Kula punika pun Wasantasena. Sarêng sumêrêp dhatêng sampeyan wontên ing patamananipun Sang Kamadewa, lajêng kasmaran.

Tjar. We, lah, dadi kuwi Wasantasena. (Ing batin), kuwi agawe kasmaraning atiku. Nanging grêngsênging atiku kacêpit ing sajroning awakku, kayadene nêpsune wong kang jirih. (Sabab kasugihanaku wis larut).

Wid. Sumitra, sampeyan mirêngakên, punika wau ipenipun sang prabu wicantên makatên.

--- 88 ---

Tjar. Kapriye calathune.

Wid. Mêkatên: wong wadon palanyahan sing manganggo êmas intên murub mubyar kaya bojone wong kang ambukani tontonan iku, ambênêri macak ngayang batin, arêp mêtoni dadi wayang. Kuwi kedanan mênyang kowe, wiwitane: nalika wêruh kowe ana ing patamanane Sang Kamadewa. Saiki mlêbu ing omahmu. Măngka pancène arêp dak cêkêl, dak prosa, murih dhêmêne marang aku.

Was (ing batin). We, la, arêp diprosa, murih dhêmêne, jare. Awakku rak mundhak ajine.

Wid. Yèn Wasantasena ko kon lunga bêcik-bêcikan, sarta koulungake marang aku, lan enggal olèhmu mènèhake marang aku, lan yèn ora ngago[12] pratela marang pangadilan, aku karo kowe dadi mitra. Dene yèn ora mangkono, bakal dadi mungsuh nganti tumêka ing pati.

Tjar. Ah, wong gêmblung. (Ing batin) bocah wadon iki pantês diajèni kaya dewa. Mulane mangkono awit, wong wayah mangkene, tak tuturi: mlêbua mênyang omahku, kok ora obah-obah. Lah măngka pancène, sarèhne wis wêruh marang atèn-atène wong lanang, gunême rak rèntès. Lah iki kok mênêng bae. Olèhe mênêng kuwi rak ana surasane. (Nyuwara) he, Wasantasena, sarèhne sampeyan wau kula anggêp rencang kula, kang margi kula botên sumêrêp, dados kula nama nyawiyah sampeyan, mila kula tumungkul nêdha pangapura.

Was. Sarèhne kula mlêbêt ing griya sampeyan tanpa tatakrama, dados kula: nama nyawiyah sampeyan, pramila kula tumungkul nyuwun pangapuntên.

Wid. O, o, o, sampeyan tiyang kalih kok sami pating plêngkêr, kados pantun ingkang aos. Yèn mêkatên, kula inggih tumut nêkuk gulu kula, kados dhêngkuling unta. Sarta malih panêdha kula, sampeyan lajêng samia anjêngèngèk.

Tjar. Yèn makatên, prayogi sami mêmitran.

Was (ing batin). Rêmbug iki mathuk sarta bêcik. Têkaku ing kene kaya mêngkene lakuku. Ora patut, yèn aku kêsuwèn ana ing kene. Coba aku tak gunêman (nywara) dhuh sang minulya, manawi sampeyan karsa paring pitulung dhatêng kula, panyuwun kula mugi karsaa angrimati pangangge kula gêlang kalung punika ing

--- 89 ---

dalêm sampeyan. Anggèn kula binujêng punika wau margi saking pangangge kula punika.

Tjar. Griya punika botên prayogi kangge ngrimati pangangge punika.

Was. Sang minulya, pangandika sampeyan punika klèntu. Barang-barang punika kula pitajêngakên dhatêng tiyang, botên dhatêng griya.

Tjar. Metreya, tampanana panganggo kuwi.

Was. Sangêt panuwun kula. (Panganggone ditampakake).

Wid (nampani). Sangêt panuwun kula.

Tjar. Ah, gêmblung, kuwi rak barang titipan...

Wid (nolèh). O, lah, yèn makatên, dipun colonga ing tiyang, kula inggih bingah kemawon.

Tjar. ... ora lawas...

Wid. ... dados gadhahan kula tiyang kêkalih.

Tjar. ... bakal dibalèkake.

Metreya, radèn rara iki atêrna mulih.

Wid. Radèn rara punika lampahipun kados pêksi amsa. Yèn sampeyan ingkang ngiringakên, kados kairingakên ing pêksi bango. Wangsul yèn kula ingkang ngiringakên, brahmana cilaka, tamtu kula kapêjahan ing tiyang, kabucal ing prapatan, katêdha ing sêgawon, kadosdene sajèn.

Tjar. Iya wis, ta, yèn mêngkono radèn rara iki tak atêrne dhewe, lênterane konên nyumêdi, supaya aja disănggarunggèni marang wong-wong kang padha ana ing dalan.

Wid. Wardamanaka, lênterane sumêdana.

Wardamanaka. War. Dilah, yèn botên wontên lisahipun, kadospundi anggènipun nyumêd.

Wid (lirih). Iya, dimar yèn ora ana lêngane, ya ora bisa murub, kaya atine palanyahan, sing ngêmohi marang wong kang ora duwe dhuwit.

Tjar. Metreya, wis, ora susah nganggo damar. La kae rêmbulane wis andadari, pinagêran ing lintang-lintang, cêlom kaya pipine wong kang kandhuhan ing brăngta. Dene lêntera ing dalan, sunare tumiba ing pêpêtêng, kayadene puhan sing tumètès ing êndhut garing. (Patrape nuli dipacak, calathu mêmalad-sih) Wasantasena, [Wasantase ...]

--- 90 ---

[... na,] punika griya sampeyan. Sampun, sampeyan malêbêt.

Tjar. Sumitra, Wasantasena wis mlêbu, ayo padha bali, sabab dalane sêpi nyênyêd. Wong nganglang padha pating kluyur, aja nganti aku padha dinyana-nyana sing ora-ora, sabab, wayah bêngi iku kêbak piala.

(Mlaku ana ing kalangan)

Dene pêthi sing isi panganggo kuwi mau, yèn bêngi, kowe sing ngrêksa, yèn awan, Wardamanaka.

Wid. Inggih sandika (banjur padha lunga)

Iki pungkasane perangan kang kaping sapisan, aran: panganggo kang dititipake.

N.B. Tonil punika kula pêdhot samantên kemawon rumiyin. Benjing manawi Mahabarata sampun rampung babarpisan, badhe kula sambêt.

Sa

Mahabarata

(Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 3-4)

Sarêng Sang Bisma dhawah wau ing jagad otêr patêr, bumi gonjing.

Sang Bisma sêmunipun ayêm anggènipun sarean wontên ing kasur jêmparing. Sarèhne priksa yèn surya taksih wontên ing sisih kidul, botên karsa seda, sabab priksa: yèn anglêrêsi makatên punika, botên prayogi murud ing dêlahan. Pangunandikanipun makatên: mungguh pati uripku iki katêkêm ana ing tanganku dhewe. Mulane aku ngêntèni, yèn srêngenge wis tumiba ing sisih êlor.[13]

Sarêng Sang Bisma katingal dhawah saking rata, bala Pandhawa asurak-surak mawurahan. Dene bala Kurawa sami nangis asambat-sambat.

Wadyabala ingkang ayun-ayunan lajêng sami sèlèh dêdamêl, para raja sami ngrucati dêdamêlipun, lajêng sowan angrubung Sang Bisma ingkang sarean wontên ing kasur jêmparing. Sang Bisma paring pambage, lajêng ngandika makatên: Sirahku ora ana ganjêle, gumandhul, nglênggak, aku anjaluk bantal.

Ingkang sami ngrubung enggal-enggal lumajêng pating balêbêr ngupados bantal ingkang endah, ingkang êmpuk, dipun saosakên. Ananging Sang Bisma botên karsa. Angandika sêmu mèsêm, makatên: bantal mêngkene iki ora mathuk karo kasur iki. Lajêng nolèh dhatêng [dha ...]

--- 91 ---

[... têng] Sang Arjuna kalihan ngandika: Dananjaya, sirahku nglênggak, aku anjaluk bantal sing mungguh.

Sang Arjuna barêbêl tingalipun mêdal êluhipun, lajêng nyandhak gandhewa sarta jêmparing tiga kapanahakên dhatêng siti ing sangandhaping mustakanipun Sang Bisma, satêmah mustakanipun Sang Bisma sagêd tumumpang ing jêmparing wau. Sang Rêsi lajêng dhawuh: Arjuna, kowe bisa awèh bantal marang aku kang cundhuk karo kasurku. Pantêse prajurit prawira iku ênggone turu ana ing pabaratan iya ana ing kasur panah mangkene iki. Olèhku turon mangkene iki arêp dak têkakake nganti sak pangglewange srêngenge mêngalor. Ing kono ênggonku mati bakal kanthi lêgawaning ati. Olèhku ngêculake nyawaku kayadene wong kang pisah karo mitradarma. Dene kowe para ratu kang padha pêpêrangan, andhêgna ênggonmu padha pêpêrangan, aja mêmungsuhan mangkono, padha rukuna.

Botên dangu wontên pandhita dhukun pinunjul dhatêng badhe nglolosi jêmparing wau saking sariranipun, namung sang rêsi botên marêngakên, pangandikanipun dhatêng ingkang sami ngrubung makatên: dhukun iku wènèhana wêjani, nuli konên lunga bae. Panjalukku, besuk yèn kunarpaku diobong, panah-panah iki karêbèn tumancêb bae ana ing awakku.

Para raja lajêng matah tiyang ingkang nênggani, lajêng sami wangsul dhatêng pasanggrahan, sariranipun kathah ingkang kataton, gêgubras êrah. Nalika samantên sampun sêrap surya. Sang Bisma kantun wontên ing pabaratan.

Enjingipun para raja sami wangsul nuwèni sang rêsi. Para Pandhawa tuwin para Kurawa sami ngrubung dhatêng Rêsi Bisma, sami aginêm raos, kakang-kakangan, tuwin yayèn-yayenan kados nalika sadèrèngipun pêrang, bobên[14] wontên antawisipun manawi wontên ing salêbêting pêrang agêng. Sang Bisma anggènipun ngraosakên sakiting tatu sakalangkung rêkaos, sasagêd-sagêd, dipun ampêt, ngangkah sampun ngantos kalajêng murud ing kasonyan. Sakêdhap-sakêdhap angêsah utawi ambêkuh. Lajêng mundhut ngunjuk. Sarêng dipun caosi unjuk-unjukan utawi sêsêgêran, botên krêsa. Angandika makatên dhatêng Sang Arjuna: Arjuna, aku anjaluk banyu.

Sang Arjuna lajêng nyandhak gandhewa kapênthang, nuntên anglêpasakên jêmparing dhatêng buntala, cêlak kalihan daganipun Sang Bisma. Satêmah ing ngriku lajêng wontên toya saklangkung wêning mancurat manginggil. Sadaya sami kagawokan. Para Kurawa badanipun gumêtêr kados dipun sambêr ing gêlap lêpat. Sang Bisma sarêng sampun ngunjuk lajêng ngandika: Duryodana,[15] rungokna rêmbugku. Kowe karo adhi-adhimu Pandhawa iku rak sadulur, ta. Ambok aja kobanjur-banjurake olèhmu arêp pêpêrangan. Mara, iki lo dêlêngên, kaluwihane adhimu Si Arjuna, prasasat jawata ngejawantah.

--- 92 ---

Sapa sing bisa nandhingi. Mulane saiki banjur rukuna. Nagara Ngantina[16] sing saparo wènèhna marang adhi-adhimu Pandhawa. Yèn kowe ora anggatèkake aku, ing têmbe mundhak kêduwung, nanging kêduwungmu banjur kasèp, wis ora ana gawene.

Mahaprabu Duryodana mirêng pangandikanipun ingkang eyang makatên punika kèndêl kemawon, ing batos niyak[17] badhe botên anggatosakên, namung anjurungi angkaraning budinipun. Anggènipun êmoh kados tiyang nglalu anggènipun ngêmohi dhatêng sadayaning bêbolèh, kados tiyang sampun lêlampah ngêmohi sawarnining jampi.

XXXII. Drona kapupu ing yuda

Sarèhne Mahaprabu Duryodana botên karsa anggatosakên dhawuhipun Rêsi Bisma, pêrang Baratayuda tamtu kalajêngakên. Ingkang kagêntosakên dados sepanatining wadyabala Kurawa: Rêsi Drona. Sang rêsi sagah badhe nyêpêng Prabu Yudhisthira gêsang-gêsangan. Wadyabala Korawa inggih asring mênang pêrangipun, nanging Drona botên sagêd-sagêd anêtêpi kasagahanipun. Yudhisthira botên sagêd kacêpêng. Pramila sabên dintên, manawi badhe wiwit pêrang, Duryodana tansah anguring-uring dhatêng Rêsi Drona, dene tansah mlèsèd kasagahanipun.

Wadyabala Padhawa manahipun bêntèr dene asring kawon, lajêng ngêtog kadibyan, nêdya nyêpêng dhatêng Rêsi Drona, utawi mêjahi. Nanging sang rêsi pangamukipun kados singa lodra, botên kenging dipun cêlaki. Singa cêlak tamtu larut. Makatên wau ngantos tigang dintên. Prabu Duryodana panggalihipun adaya-daya tumuntêna rampung pêrang, unggul juritipun. Lajêng ngundhamana dhatêng Rêsi Drona, kawastanan botên têmên-têmên anggènipun pêrang, kabêkta saking trêsnanipun dhatêng para Pandhawa.

Drona sakit manahipun lajêng mangsuli sêngat:[18] Anak prabu, kula punika sampun sêpuh, ewadene saking kumêdah-kêdah kula labêt dhatêng anak prabu, botên ketang rêkaos, inggih kula lampahi, awratipun badhe malês kasaenan, sabab punika kalêbêt wajib. Botên kêkirangan anggèn kula ngêtog kadibyan, ananging pun Arjuna saklangkung sakti, botên kenging dipun sadèni kaprawiran, utawi kasêktèn, ing ngrika sugih kaprawiran, sugih kasêktèn.

Duryodana panggalihipun sangsaya muring-muring, dene Drona anggunggung kasaktènipun mêngsah, lajêng ngandika: Panêmbahan, kula wirang sangêt, manawi pun Arjuna dintên punika botên kacêpêng utawi kapupu.

Drona amangsuli sarwi anggêgujêng: Anak Prabu, manawi anak prabu ngangkah kacêmêngipun[19] pun Arjuna, sumăngga kula aturi nyarirani pêrang. Kula tiyang sampun sêpuh, sagêd punapa, narimah urun puja măntra.

Enjingipun sadèrèngipun malêthèk surya, bala Pandhawa kalihan bala Kurawa sampun [sampu ...]

--- 93 ---

[... n] sami ajêng-ajêngan apacak baris nata gêlaring pêrang. Lajêng campuh sakalangkung rame, ngangkah ngasorakên mêngsahipun. Rêsi Drona pangamukipun taksih panggah anggêgirisi, pundi ingkang katrajang bibar, ingkang katêmpuh larut, kados banjir bandhang anrajang dhawuhan. Prabu Dropada, kancanipun puruhita nalika taksih sami neneman, inggih kapupu ing yuda. Wayah-wayahipun kathah ingkang katut kapupu.

Radèn, Drêsthadyumna sarêng sumêrêp, yèn ingkang rama sarta ingkang putra-putra dipun sedani dhatêng Rêsi Drona, duka yayah sinipi, muntab krodhanipun, punapa malih sarêng dipun gêgasah dhatêng Sang Bima, sangsaya waringutên dukanipun, botên sarănta nêmpuh Rêsi Drona, dados pêrang senapati kalihan senapati. Balanipun sami ngêbyuki, ngrencangi têtindhihipun piyambak-piyambak. Têmpukipun kados aluning sagantên agêgulungan, swaraning surak gumuruh kados sundhul-sundhula ing langit, dêdamêl bênthik pating carêngkling, kapal pating brêngingèh. Barung kalihan gêriting rata tuwin pangêmprèting dirada mêta. Sangsaya dangu sangsaya sangêt ramenipun. Sambating para prajurit utawi panggêrênging kewan ingkang sami kabran[20]

adamêl ngêrêsing manah. Ilining êrahing manungsa tuwin kapal sarta liman andalêdêg, asarah bangke. Ingkang minăngka grujuging banjir: pasambating tiyang ingkang sami kabranan.[21] Lampahing rata botên sagêd lajêng, rodhanipun kalêrêp ing êndhut êrah, satêmah amingkêg-mingkêg. Para prajurit ingkang pêrang sami singunên aningali kathahing êrah tuwin bangke, manahipun kadung-kadung, namung Rêsi Drona kalihan Sang Arjuna ingkang botên gingsir manahipun, botên suda kasuranipun. Sarêng kêkalihipun sami ayun-ayunan, sanès-sanèsipun sami kèndêl anggènipun pêrang, ngawasakên anggènipun pêrang tandhing prawira kalih. Kêkalihipun trampil trêngginas, lêbda olah dêdamêl. Tandangipun kados alap-alap sêsambêran arêbat daging. Kados sikatan nyambêr walang, kados prênjak tinaji. Rêsi Drona sangêt karênan, aningali cukat trêngginasing mêngsahipun, jalaran punika muridipun. Ing batos angalêmbana badanipun piyambak, dene wulanganipun sagêd samantên kagunanipun.

Sang Arjuna rumaos botên sagêd ngawonakên gurunipun, sadaya dêdamêlipun botên wontên ingkang sagêd tumama. Sri Krêsna lajêng ngandika: Yayi, yèn Rêsi Drona isih nyêkêl gêgaman, kowe măngsa bisaa mênang. Mulane ngêmpakna rekadaya, murih kana bisaa kalah. Janji krungu yèn Aswatama kapupu ing pêrang, rak banjur sèlèh gêgaman. Mara, ta, konên padha alok-alok, yèn anake mati kapupu.

Arjuna botên purun angrujuki. Yudhisthira inggih makatên. Nanging sarêng sampun dipun rêmbagi kathah-kathah lajêng purun, nanging botên patos srêg panggalihipun.

--- 94 ---

Sang Bima lajêng nyandhak gada. Wontên liman anam[22] Aswatama, tumpakanipun bala Pandhawa: kagada, pêjah sanalika. Lajêng ngengkag murugi panggenanipun Rêsi Drona. Sarêng sampun cêlak, lajêng mungêl makatên: Aswatama mati. Anggènipun mungêl wau, ing batos raosipun sêmu isin, sabab sumêrêp, manawi punika kalêbêt pangapus krama.

Sang Drona sarêng mirêng panguwuhipun Bima makatên wau badanipun marlupa, kados wêdhi ingkang kenging ing toya. Ananging sarêng kèngêtan, yèn putranipun punjul ing kaprawiran, prajurit linangkung, wudhu ing tandhing, panggalihipun sagêd sarèh, lajêng maibên dhatêng pawartos wau. Tumuntên ngamuk malih anggêgirisi.

Ing salêbêting ngamuk wau Sang Drona mirêng swara saking akasa. Makatên ungêling swara: Drona, kêpriye sira kok jêbul pêrang mangkono. Sira iku rak brahmana. Brahmana iku wajibe rak mung anggilut kawruh sarta sêmèdi. Dadi ênggonira pêrang iku nyimpang saka pranataning brahmana. Wus mangsane sira bali marang endraloka. Gêgamanmu enggal sèlèhna.

Sarêng Sang Drona mirêng swara makatên wau manahipun anglês, lajêng kèngêtan dhatêng panguwuhipun Sang Bima wau, satêmah manahipun gonjing akanthi was-was, lajêng murugi Sang Yudhisthira, badhe nyidikakên pawartos ingkang kapirêng saking Sang Bima wau, jalaran Sang Yudhisthira sampun kawêntar, bilih botên nate dora, têmên ing salami-laminipun. Makatên pitakènipun: Yudhisthira, apa nyata anakku Aswatama kapupu ing yuda.

Prabu Yudhisthira pancèn nyata botên nate dora ing salaminipun gêsang. Pramila inggih badhe matur punapa salêrêsipun. Ananging lajêng dipun bisiki dhatêng Prabu Krêsna makatên: Yayi, yèn Dhanghyang Drona isih banjur olèhe pêrang, bala Pandhawa amasthi êntèk ludhês. Mungguh calathu goroh iku, yèn niyate arêp mitulungi uwong, ngluwari saka ing bêbaya pati, ora ana dosane. Mangkono uga yèn goroh marang wong wadon, ing bab lakirabi, marga arêp mitulungi sapi utawa agawe oncating brahmana saka ing bêbaya pati, iya kêna.

Yudhisthira ing panggalih sakalangkung sungkan anglampahi dora, ewadene kapêksa mangsuli dhatêng Rêsi Drona nyimpang saking kanyataanipun, margi kapengin unggul juritipun. Makatên aturipun: Asti Aswatama pêjah. Anggènipun mungêl asti, dipun samar tur lirih.

Ing waunipun, rata titihanipun Prabu Yudhisthira rodhanipun botên ngambah ing siti, êlêt satêbah saking siti. Nanging sarêng sampun ngêculakên pangandika ingkang nalisir saking kanyataan, ratanipun lajêng anjlog, tumèmpèl ing siti kadosdene rata sanès-sanèsipun.

--- 95 ---

Sarêng Rêsi Drona sampun mirêng aturipun Prabu Yudhisthira wau manahipun anjlog sangêt, sirna gambiranipun, tumungkul ing pratiwi. Sarêng tumênga malih, Radèn Drêsthadyumna sampun wontên ing ngajêngipun nêdya lumawan ing yuda. Radèn Drêsthadyumna punika putranipun Prabu Drupada, ingkang kasuwun-suwun ing dewa sagêda malês ukum dhatêng Rêsi Drona. Sang rêsi thukul malih kaprawiranipun, ayun-ayunan kalihan Radèn Drêsthadyumna. Namung anggènipun namakakên dêdamêl sampun botên anggêgirisi kados ingkang wau-wau. Ewadene Radèn Drêsthadyumna mêksa katingal karepotan anggènipun tumandhing ing yuda. Sang Drona inggih sampun labêt ing dhadha, margi kenging jêmparingipun Radèn Drêsthadyumna, ananging taksih sagêd nikêlakên gandhewanipun Radèn Drêsthadyumna wola-wali. Rata dalah kuda tuwin wurukipun Radèn Drêsthadyumna sami ajur kenging warastranipun Rêsi Drona. Sang rajaputra lajêng pêrang dharat, ngasta gada, sumêdya angrukêt. Ananging gadanipun inggih tikêl kabuncang margi kenging warastranipun sang rêsi. Lajêng anyandhak pêdhang, kangge lumawan ing yuda. Pêdhang inggih sumyur, botên sagêd ngengingi dhatêng sang rêsi. Bima lajêng enggal amurugi sang rajaputra, kajunjung kainggahakên dhatêng ratanipun, sarta kauwuh makatên: Drêsthadyumna, Rêsi Drona iku ora ana liya sing bisa nguwisi, kajaba mung kowe. Mulane enggal, ta, sirnakna. Sang rajaputra lajêng nglêpasakên jêmparing ambrubul kados pêdhut, ananging sadaya wau kenging katulak dhatêng sang rêsi, malah Radèn Drêsthadmna[23] labêt kathah, rahipun daleweran ing sariranipun, abrit pating sêmburat, kadosdene surya ingkang asurat-surat abrit.

Sang Bima manahipun sangsaya botên sagêd sarèh, lajêng nyêlaki ratanipun Rêsi Drona, sarta nguwuh makatên: Iki brahmana apa, kok ora duwe wirang, tinggal pranataning brahmana, mangsah ing pêrang, agawe patine satriya pirang-pirang. Para satriya iku, sanajan kawruhe ora akèh kaya para brahmana, anggone pêrang iku rak anêtêpi pranataning kasatriyane, nêdya golèk kawêntaring jênênge sarta ngarah unggul jurite, supaya bisaa olèh bandhangan lan jarahan, kanggo ngupakara anak bojone. La kowe, kêpriye dununge olèhmu pêrang iku. Măngka anakmu sing kolabuhi, saiki wis kapupu ing pêrang. Apa kowe isih durung ngandêl marang kandhane kakang Yudhisthira.

Rêsi Drona mirêng panguwuhipun Sang Bima makatên punika gandhewanipun lajêng kadhawahakên, tumuntên wicantên dhatêng para wadyabalanipun, kapurih nglajêngakên pêrangipun, margi rumaos botên sagêd andumugèkakên pêrangipun. Lajêng linggih wontên ing ratanipun, mawas dhatêng Sang Hyang Wisnu. Lajêng ngêrêmakên netranipun sarwi tumungkul, anggolongakên ciptanipun dhatêng ngarsanipun sang maha bathara. Satêmah

--- 96 ---

sang mahayogi mêcat atmanipun, cumalorot dhatêng akasa kados andaru. Ing akasa lajêng katingal kados wontên surya kêmbar. Sang rêsi pranyata pandhita linangkung, gurunipun para Pandhawa sarta Kurawa. Pêsating atmanipun adamêl gêtêring tiyang ingkang sami sumêrêp. Ngungkuli ing sasamining pandhita. Malah para pandhita ingkang kapati atapabrata, awis-awis ingkang sagêd kados sang mahayogi.

Radèn Drêsthadyumna sampun pulih kakuwatanipun, lajêng anjlog saking ratanipun Sang Bima, enggal-enggal amurugi Sang Drona. Sang Drona sampun botên ebah margi sampun pêcat atmanipun. Lajêng kacandhak dhatêng Radèn Drêsthadyumna, katigas jangganipun. Botên angrèwès dhatêng pamêngingipun para satriya. Malah Arjuna inggih gadhah atur ngasih-asih makatên: Sang mahayogi mugi sampun kasedanan, margi sampun sêpuh. (Nalika kapupu wau yuswanipun Rêsi Drona sampun wolung dasa gangsal taun).

Êrahipun Rêsi Drona mancurat sumamburat, angêbaki palagan. Sirahipun cêmêng, rambutipun pêthak, gupak êrah, adamêl girisipun ingkang sami tumingal. Sirah wau kacandhak dhatêng Radèn Drêsthadyumna, kauncalakên dhatêng satêngah-têngahing pabarisanipun para Kurawa. Para wadyabala sami mlajêng asasaran, agundam-gundam, kados tiyang kagum.

Para Pandhawa sami suka-suka, margi sagêd ngasorakên mêngsahipun ingkang prawira makatên.

XXXIII. Karna kapupu ing yuda

Pêrang Baratayuda sampun angsal gangsal wêlas dintên. Senapatinipun Kurawa sampun kalih ingkang kapupu ing pêrang, pramila para Kurawa sakalangkung pangêndhonging manahipun. Sapêjahipun Rêsi Drona, ing wanci sontên sami apirêmbagan, sintên pantêsipun ingkang kadadosakên senapati. Prabu Duryodana ingkang kapilih, Sang Adipati Karna. Para Korawa sanèsipun inggih sami ngêbyung anggêgubêl dhatêng sang adipati. Makatên pangandikanipun Prabu Duryodana: Kakang Adipati Karna, wau-waunipun, ingkang kula pilih anyenapatèni wadyabala Kurawa pancèn pun kakang. Namung awit saking mituruti rêmbag sampeyan, eyang Rêsi Bisma sarta paman Rêsi Drona kula dadosakên senapati. Ananging kalih-kalihipun sami priyantun sêpuh, sampun sami kêndho ototipun, tur panggalihipun sami angglewang, asih dhatêng para Pandhawa. Sapunika sampun sami kajodhi ing ranangga. Ing bab kaprawiran sarta kakêndêlan, saking pamanggih kula, kalih-kalihipun botên nyundhul pun kakang. Pramila panêdha kula, pun kakang sapunika puruna anyenapatèni, sagêda angrampungi damêl, sampun ngantos ngaping kalih damêl. Mêngsah-mêngsah kasirnakna sadaya, kadosdene êbun ing wanci enjing kenging bêntèring surya. (Taksih wontên sambêtipun)

Sa

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


INSTITUUT. (kembali)
wicalanipun. (kembali)
§ Malawa tuwin gadyaka, ing Skr. botên wontên. (kembali)
kangge. (kembali)
§ Zie Encycl. v. N.I. 3e deel. (kembali)
§ Maleisch-Polynesie punika pulo-pulo sakidulipun tanah Asiah, mangetan, nglangkungi Hawaii, mangilènipun dumugi pulo Madagaskar. (kembali)
§ Kasêbut ing Encycl. v.N.I. 4e deel. (kembali)
§ Basa-basa ing Philipinah, Sèlèbês, Phlorès, sapangilèn dumugi Madhagaskar. (kembali)
Prabotipun. (kembali)
10 § Têngêr ingkang plêk, kalihan kupi, ing pangêcapan dèrèng wontên, pramila kapêndhêtakên têngêr ingkang ragi mèmpêr kemawon. (kembali)
11 § Pirantos kangge ngêcap ênut, ing pangêcapan, waktu punika dèrèng wontên. Ing têmbe manawi sampun kathah ênut ingkang prêlu kaêcap, inggih badhe dipun wontêni piyambak. Ing sapunika kadamêlakên namung ing sasagêd-sagêdipun kemawon, kangge nyêkapi kabêtahan dadakan. Nama: tambal bêtah. Tamtu kathah ingkang kirang trêp, mugi sami karsaa muwung. (kembali)
12 nganggo. (kembali)
13 Ingkang kasêbut ing Bagawatgita, sintên tiyangipun, ingkê[ingkêng] saklangkung sumungkêmipun dhatêng Sang Brahma, manawi pêjah, măngka surya anglêrêsi wontên ing sisih êlèr, lajêng blêng kemawon sagêd têmpal[kêmpal] kalihan Sang Brahma. Yèn pêjahipun anglêrêsi surya wontên ing sisih kidul, ing tangmbe[têmbe] badhe wangsul malih dhatêng ngarcapada. Wondene Sang Bisma anggènipun sagêd nêkêm pêjah gêsangipun piyambak punika margi angsal ganjaran saking anggènipun wadal sarira dhatêng ingkang rama Prabu Santanu. (kembali)
14 botên. (kembali)
15 Doryudana (dan di tempat lain). (kembali)
16 Ngastina. (kembali)
17 niyat. (kembali)
18 sêngak. (kembali)
19 kacêpêngipun. (kembali)
20 kabranang. (kembali)
21 kabranang. (kembali)
22 anama. (kembali)
23 Drêsthadyumna. (kembali)