Pusaka Jawi, Java Instituut, 1935-02, #421

Judul

Ăngka 2, Pèbruari 1935. Taun XIV

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên pakêmpalan: Yapha Insêtitut (JAVA-INSTITUUT) Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Yasawidagda, sarta Arjasumitra.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi sarta sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi Pusaka Jawi, Museum, Yapha Insêtitit, ing alun-alun êlèr, Ngayogyakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f. 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Pêpundhèn ing Rêdi Giri tuwin Kiwa Têngênipun

Dening cantrik ing Giri

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 1

Mirid dongengan ingkang kajarwa ing ngajêng, kathah èmpêripun, bilih pun Kasan, santrinipun Sunan ing Giri, punika inggih putranipun Kyai Agêng Gribig ingkang ênèm, ingkang dipun cariyosakên têtèki ing Wanagiri. Sarta makamanipun wontên ing Sraya, cêlak pasareanipun putri ing Giri.

4. Ing Majarata. Sampun kula pratelakakên ing ngajêng, bilih kala jumênêngipun sampeyan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara ingkang kaping IV, saking wana Kêthu (Wanagiri) badhe dipun yasani krêtêg dhatêng ing Majarata, awit ing Majarata punika, kinanipun pêkên. Dene ing wana Kêthu wontên pasanggrahan dalêm, nama pasanggrahan Sênêng. Wana Kêthu punika ngantos dintên punika, taksih wontên ingah-ingahanipun kidang tuwin sangsam.

Dene ing Majarata sampun dados patêgilan. Kintên-kintên sapriki, sampun wontên kiwa têngênipun pitung taunan, papan wau dipun suwun dening sadhèrèk Pwa Cong Kwan, pabrik Jamu Jago ing Wanagiri, badhe dipun adêgi asrama. Babah Pwa Cong Kwan wau inggih tumut nyaèni sêndhang Siwani tuwin guwa Sigrangga. Kalampahan papan kasêbut ing nginggil, sapunika sampun dipun adêgi asrama, sarta dipun tanêmi karangkitri warni-warni, kados ta: pêlêm, klapa, nanas, tuwin sanès-sanèsipun, bangsaning kapala gumantung. Mênggah asrama wau dipun sadhiyakakên kangge sadhengah [sa ...]

--- 18 ---

[... dhengah] tiyang ingkang sumêja ngrêsikakên kabatosanipun, sarta anglêrêmakên ubaling manah. Ing têngah dipun dêgi griya gêbyog, jrambah mêstèr. Tumrap ing Wanagiri sampun kagolong griya sae sarta agêng. Ing kiwa têngênipun dipun sukani griya panggung papan pasêmadèn, cêkap dipun angge linggih tiyang kawan dasa. Sisih kilèn kapering ngandhap, dipun yasani sumur, toyanipun sae. Kapering salèr kilènipun griya gêbyog, wontên griyanipun koki sakancanipun, tuwin pawon, awit padintênanipun, botên kirang tiyang kiwa têngênipun gangsal wêlasan ingkang dipun sukani têdha, sarta dipun sukani papan patilêman, sarana lêlahanan, dening sadhèrèk Pwa Cong Kwan. Awit kajawi têtiyang ing sakiwa têngênipun Wanagiri, inggih wontên băngsa Tyonghwa saking sanès nagari, ingkang sami anggayuh dhatêng katêntrêmaning manah. Malah sapunika sampun nglêmpakakên pirantos. Sawetaning griya gêbyog badhe dipun yasani gêdhong, wangunipun kados hotèl, mawi kamar kathah. Rantamanipun inggih badhe dipun sidêkahakên dhatêng para ingkang anggayuh katêntrêman.

Manawi kula botên kasupèn, ing antawising taun 1930 kalihan 1934, sadhèrèk Pwa Cong Kwan, nyandhangi dhukun nama Gus Kadim, gadhah kawruh padhukunan. Kagolong langkung kasagêdanipun anjampèni tiyang sakit. Awit saking punika, kala samantên sabên dintên Minggu, kajawi kados padatan, mawi dipun wontêni sêsorah bab kawruh kasuksman, inggih dipun wontênakên wanci, kangge anjampèni sawarnining sêsakit. Tur lêlahanan. Mila manawi dintên Minggu, untaping tiyang ingkang badhe jêjampi saking kiwa têngên, sarta badhe mirêngakên sêsorah, langkung kathah, tinimbang dintên sanèsipun. Tiyang ingkang jêjampi têbih griyanipun, utawi ingkang ngrêkaos gêsangipun, dipun sukani têdha, sarta panggenan.

Kawartos dhukun wau sapunika sampun kesah saking Majarata, bokmanawi mantuk dhatêng ing griyanipun. Awit saking punika, wiwit kala samantên, têtiyang ingkang dhatêng ing dintên Minggu, namung ingkang sami mirêngakên sêsorah kemawon. Dene tiyang ingkang badhe jêjampi botên wontên.

Mangsuli Gus Kadim, dhukun ingkang manggèn ing Majarata. Kala kula dolan dhatêng ing Majarata, kula pitakèni sabab-sababipun, anggènipun angsal kawruh padhukunan. Miturut cariyosipun dhatêng kula, aslinipun saking dhusun Slagahima, sawetanipun Wanagiri. Nuju satunggal dintên sabab kapêtêngan manah, kesah dhatêng pucaking rêdi Lawu kanthi kancanipun satunggal, ingkang ugi nunggil pamanggih. Wontên ing ngriku, tekadipun tiyang kalih wau amung badhe tirakat. Dene ingkang dipun têdha namung sakêcandhakipun. Dangunipun wontên ing ngriku ngantos satus dintên, siyang dalu tanpa rencang, [re ...]

--- 19 ---

[... ncang,] namung tiyang kalih, anjajah pèrèng-pèrèng ingkang sungil sarta rungkud, ngantos minggah pucakipun ingkang dipun wastani ing Rêtna Dumilah. Wontên ing ngriku kacariyos papanipun gasik tur wradin, pawêdhèn. Dene asrêpipun tanpa pêpindhan, cêkakipun amung tiyang ingkang nekad pêjah, ingkang rêmên dêdunung ing ngriku. Sarêng aggènipun wontên ing ngriku sampun andungkap satus dintên, nuju sami thênguk-thênguk ing sangandhaping kajêng agêng, lajêng wontên angin agêng. Sasirêping angin, wontên tiyang sêpuh ngatingal nyandhang sarwa wulung, paring idi sagêd dados dhukun, sarta dipun paringi sêdhah salêmbar, mawi dipun têrangakên pigunanipun.

Sasumêrêp kula, manawi Gus Kadim anjampèni tiyang sakit, sakawit mawi maos (maca) sêratipun sêdhah sarta tăndha-tăndha ingkang wontên ing ngriku. Bakda punika lajêng ngandharakên sêsakit, sarta kawontênanipun tiyang ingkang badhe dipun jampèni. Mênggah jampinipun, sakit punapa kemawon, sasumêrêp kula namung roning sêdhah, sarta mawi dipun wêdalakên êrahipun, sarana dipun sêrot mawi pupus pisang. Sanadyan anggènipun anjampèni amung kados makatên kemawon, ewadene kathah ingkang saras. Untaping tiyang ingkang jêjampi, botên sagêd ngaturakên pintên cacahipun. Wontên ingkang saking Sala, Bayalali, Sragèn, tuwin sanès-sanèsipun. Kala-kala Gus Kadim ugi dipun undang tiyang sakit, dhatêng ing sanès-sanès nagari, tanpa bayaran sarta sajèn, namung tumpakanipun, ingkang ngundang, ingkang angwontênakên.

Emanipun pitulungan wau botên sagêd lêstantun. Gus Kadim kesah saking ing Majarata. Mila sajakipun sadhèrèk Pwa Cong Kwan, ngantos titimăngsa punika, ngajêng-ajêng tiyang ingkang gadhah kawruh padhukunan, ingkang purun sidêkah, ngorbanakên kasagêdanipun.

Mangsuli ing Majarata. Sasampunipun patêgilan ing Majarata dipun êdêgi asrama, dèrèng watawis dangu, nuju satunggal dintên, wontên tiyang dhusun, mluku patêgilanipun. Sadèrèngipun, supêna katamuan tiyang kalih, sajak tiyang saking măncanagari, nanging dèrèng têpang. Sarêng mluku kanthi anakipun sampun mèh jaka, tanpa sabab, lêmbunipun mak grêg botên purun majêng, dipun pêcuti nekad mogok, namung tansah gebas-gèbès. Dangu-dangu tiyang dhusun wau anggraita, bokmanawi wontên sabab ingkang wigatos, wasana siti paggenaning wluku tumancêp, dipun iling-ilingi. Sitinipun dipun pêndhêti dipun bucal ngiwa nêngên. Wusana tanganipun karaos anggêpok barang atos. Wluku enggal dipun sisihakên. Ingkang atos wau lajêng dipun dudut, têtela manawi blebekan têmbagi, wontên sêratanipun, wiyaripun kirang langkung 2 dm, panjanganipun watawis 3 dm. Sarèhning tumrap piyambakipun, blebekan wau botên migunani, mila namung dipun uncalakên dhatêng ing pinggiran, nuntên anglajêngakên anggènipun mluku. Sarêng dumugi

--- 20 ---

wancinipun ngaso, awon nganggur blebekan têmbagi dipun bêkta mantuk. Sadumuginipun ing griya, blebekan dipun glethakakên ing pojoking jogan, ngantos sawatawis wulan dangunipun. Sarêng tiyang wau tilar donya, dumadakan anakipun gadhah panggraita, sumêja nyêmantakakên dhatêng tiyang sanès, bokmanawi wontên damêlipun. Blebekan têmbagi nuntên dipun bêkta dhatêng tangganipun, ingkang radi kathah pangêrtosanipun. Tangganipun gadhah pamanggih bokmanawi wontên damêlipun, dene wujudipun anèh, mawi sêratan, nanging sanès aksara Jawi, Latin, Arab utawi Cina. Cêkakipun, blebekan têmbagi lajêng katur ing kabupatèn. Botên watawis dangu, angsal katêrangan saking nagari, bilih punika piagêmipun juru tambangan, ingkang nguwaosi tambangan lèpèn Banawi Sala, ngantos dumugi ing Ngawi. Sintên ingkang nyipêng piagêm wau, gadhah wêwênang tambangan-tambangan saking ing Ngawi manginggil, dumugi laladan Wanagiri. Kacariyos blebekan têmbagi wau, amot pêpacak bab kuwajibanipun juru tambangan, kados ta: baitanipun kêdah wangun makatên, cacahipun kêdah samantên, sarta mawi dipun têrangakên, bilih sadaya utusan nagari, ingkang langkung ambaita ing ngriku utawi sanès panggenan, botên kenging dipun pupu bayaran. Miturut cariyosipun sadhèrèk ingkang criyos dhatêng kula, taunipun blebekan têmbagi wau taun Isaka 900, sarta dipun tăndha astani dening Sang Dyah Balika, sarta Patih Daksa. Dene sêratanipun Sangskrit. Taksih wontên sambêtipun.

Panjênênganipun Radèn Kamil

Ajung insêpèktur pamulangan Jawi pènsiun

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka: 1.

Tuwan kontrolir iya banjur têka. Wêruh yèn mantri guru ana ing kono, sêmune krasa yèn arêp tămpa duka. Polatane gèsèh karo nalika nibakake srêngên marang mantri guru.

Têmênan, tuwan residhèn katon duka bangêt, banjur ngandika sêrêng marang tuwan kontrolir. Diwasuh nganti rêsik. Tuwan kontrolir ora bisa mangsuli, rumăngsa ora ana kang dianggo ngrêsikake awake. Barêng wis rampung, banjur bubaran.

Lêt watara têlung sasi tuwan kontrolir mau tămpa bêslit ngalih. Iya banjur ngalih mênyang nagara seje.

Saupama kancaku Jawa padha bisa tumindak kaya mantri guru kuwi mau, tak kira ing kene ora klakon ana prakara sing gêdhe-gêdhe. Ora ana sing ngandhut pangontog-ontog, nêdya nibakake wêwalês kang luwih saka ing watês. Sing akèh-akèh, yèn atine krasa ora lêga utawa ora marêm, kok diêndhêm bae, ora dilairake kanthi patrap sing alus sarta taklim. [ta ...]

--- 21 ---

[... klim.] Kuwi sing banjur murêng ana ing jêron ati, kaya mawa bathok sing ana ing sajroning mrambut. Yèn ora gawe rusake awake dhewe, iya gawe rusake wong liya, utawa gawe rusak marang sakaro-karone.

XVIII. Ing sawijining măngsa aku arêp papriksa mênyang nagara kalêbu laladane tanah Jawa Têngah. Sadurunge aku mangkat, panggêdhene nagara mau tămpa pawarta opisiyil, bab bakal têkaku mau. Mangkono iku wis dadi pranatan.

Kurang sawatara dina karo angkatku, aku tămpa layang saka priyayi Jawa panggêdhene nagara mau. Unine layang sumanak, surasane: sasuwene papriksa, aku dikarsakake mondhok ana ing dalême. Aku rada gumun sawatara, dene priyagung mau kadingarèn, karsa paring layang kang mêngkono. Adat sabêne tangkêpe mênyang aku mung lumrah, mung sak nglungguhi praja. Atiku ora pati sumèlèh. Layange tak aturi wangsulan, surasane: durung bisa gumathok nyandikani.

Barêng aku wis têkan ing nagara kang kasêbut ing ngarêp mau, aku mondhok ana ing hotèl, ora ana ing dalême priyayi mau. Sajrone aku manggon ana ing kono iku ana priyayi têpunganaku sing tilik aku ana ing pondhokan. Sasuwene omong-omongan rupa-rupa aku iya nyandhak bab ênggonku tămpa layang saka priyagung mau. Aku iya mratelakake gumunku, dene tămpa layang kang mangkono sumanake. Aku takon marang priyayi mau, panggalihane apa pancèn iya sumrambah mangkono, apa kira-kira ana karsane liyane. Priyayi mau mèsêm, banjur mangsuli, sêmune rada pakewuh. Surasane mangkene: Priyagung mau kagungan kalerehan mantri guru, sing dianggêp klilip. Larah-larahe mangkene: Mantri guru iku disihi kêng ramane priyagung mau, marga bisa ngladèni apa kang dadi klangênane. Yèn pancèn-pancène, priyagung mau iya pantês mèlu asih, sabab mantri guru mau prasasat mèlu ngêmong priyayi sêpuh. Ewasamono malah jêbul ora. Bokmanawa mantri guru iku, saka panggalihe priyagung iku, katone banjur sumantana, apa kêpriye, aku ora pati nakokake sing tlêsih marang priyayi têpungaku mau. Cêkake, priyagung mau panggalihe ora rêna marang mantri guru iku. Sarèhne panyambutgawene mantri guru iku ora klêbu marang gêgêbênganing panguwasane priyagung mau, dadi mantri guru iku sanajan kêbawah, aran ora kêprentah. Priyagung mau ora kagungan pangawasa kang nyukupi kanggo ngentasake mantri guru iku. Mulane banjur golèk saraya, kang kira-kira bisa agawe lêganing panggalihe. Dadi gêdhe cilik aku iki arêp diasta, diagêm gandhèn.

--- 22 ---

Ditibakake marang mantri guru mau. Utawa didadèkake sapu, diagêm ngrêsiki rês-rêsing panggalihe. Utawa didamêl cuthik, diagêm nyuthat klilipe. Saupama priyagung mau dhasaring panggalihe pancèn bèrbudi, sarta momot miwah mêngku, mêsthine ora kagungan panggalih anjêlu marang mantri guru mau.

Ambalèni gunêmku ing ngarêp. Barêng aku krungu saka priyayi mau, bab goyat-gayute mantri guru karo priyagung iku, batinku mêngkene: Lah, apa ta. Atiku wis krasa ora kêpenak. Saupama aku klakon manggon ana ing dalême priyayi mau, aku rak rada nêmu pêkewuh. Yèn aku nganti digrêmêti, arêp didadèkake gandhèn, olèhku anjingkat rak bakal agawe ora dhangane panggalihe. Aku papriksa pamulangan, krasa dadi bau sukune nagara. Dadi kuping sarta mripate nagara. Cêkake: dadi pitayane nagara ing bab pagaweaku. Bab lungguhe atiku utawa sumèlèhing angên-angênku, aku wis ora malang tumulih sarta ora andadèkake bingungku. Mung ênggonku milih têmbung sing kanggo ngaturi wangsulan priyagung mau, sing murih aja nganti gawe pinggêting panggalihe, kuwi sing agawe judhêging pikirku, yèn aku wis kêbanjur manggon ana ing dalême. Tujune aku ngati-ati.

Bab tumindake ênggonku papriksa, kaya sing uwis-uwis. Mantri guru kang dadi rêmbug ing ngarêp iku tak priksa, pagaweane kêtêmu bêcik, kaya adat sabêne. Dadi lastari ênggone nyambut gawe, ora nêmu pêkewuh. Saiki kabare wis pènsiun, isih têtêp ana ing panggonane lawas, kumpul karo priyagung mau.

Mungguh priyagung kang kasêbut iku, panggalihane iya bêcik, kaya salumrahe para băngsa luhur. Aku sukur ing Allah, dene sarirane ora klakon anglêksanani karsane kang kaya pandakwane priyayi têpungaku mau. Dadi olèhku mapakake awakku ora pakewuh. Priyagung mau têpange marang aku ora owah, malah mundhak rakêt.

Wis rada akèh olèhku nyritakake lêlakonku, bab ênggonku kêtanggor-tanggor, nalikane aku cêkêl gawe. Samêngko aku arêp nyritakake ênggonku bêbrayan urip karo bojo.

Mungguh panêmuku, wong lakirabi, sing bisa jodho têmênan kuwi, sajatine mung dat siji, katone wae awujud awak loro, yèn sing lanang utawa sing wadon ambênêri lêlungan, iku sing ana ngomah utawa sing lêlungan krasa ora ganêp. Rasane kaya awak mung sêparo. Sasuwene jêjodhoan, ênggone awujud awak loro mau, kaya disambung nganggo karèt sing bisa mulur tanpa wangênan dawane, tur bangêt kuwate. Yèn sing siji kêsandhung ing pakewuh, kaya ta:

--- 23 ---

lara utawa nêmu kasusahan liyane, sing sijine kaya ngêndhêgi, ora ambanjurake olèhe lêlaku. Ngêntèni nganti sabisane pulih kancuhane kaya mau-maune. Yèn sing siji lali, sijine ngelingake, murih sing lali aja nganti nêmu pituna utawa kaluputan, kawirangan, sapêpadhane. Yèn sing lanang dianggêp klèru tindake, utawa kosokbaline, sing sijine banjur ngelikake. Yèn panêmune wong loro mau gèsèh, barang sing nukulake gèsèh ing panêmu mau banjur dibicara nganti tlêsih, kaya ta bab panganggone anak, utawa panyêkêle marang bocah-bocah, kuwi kabèh dirêmbug. Tarkadhang nganti dawa tarkadhang sadhela wae rampung.

Nalikane aku isih rada ênom, isih dadi guru ana ing pamulangan calon priyayi ing Magêlang, bayarku ing samurwat iya wis rada akèh, ananging sabên-sabên nandhang kacingkrangan, sababe rupa-rupa. Bojoku sing dhisik sok mituturi, aku dikon ngudi, murih bisa mundhak pangkatku sarta pamêtuku. Jarene: aku isih durung tuwa, isih patut bangêt ngudi undhaking kamulyan, undhaking kadrajatan. Bojoku kuwi anak wadana, dadi panêmune, tak kira, sathithik-thithik, pangkatku kuwi dianggêp kaya pangkate wadana utawa asistèn wadana, bisa mundhak-mundhak dhuwure mung marga saka mêmpênge nyambut gawe wae. Aku iya cocog bangêt, bab ngarah undhaking kadrajatan, nanging yèn băngsa guru, ora cukup, yèn mung băndha katabêrèn wae, kudu nyêkêl dhiplomah sing mundhak dhuwure, kang panggayuhe sarana sinau abot. Măngka atiku isih krasa awang-awangên. Sapisan: jalaran wis lawas olèhku ora sinau mêmpêng kaya dhèk isih bocah. Ping pindhone: Jalaran isih ngêtutake hawa napsu, amburu kasênêngan sing satêmêne dudu kasênêngan sing sajati.

Nalika samana, sanajan aku kêna diarani: wis mêntas, ewasamono bapak iya isih ajêg ngaruhake marang kaanane awakku. Awakku ditakokake marang dhukun: Bêcike kêpriye. Apa ambanjurake sinau manèh, murih mundhake pamêtu lan kadrajatan, apa ora. Dhukun, sawise nakokake kaanane awakku, sarta wis dikandhani jlèntrèhe lêlakonku kabèh, banjur ngaturi rêmbug marang bapak: Bêcik aja dibanjur-banjurake ênggonku sinau, sabab kaananku, jarene, wis ngungkuli bapa, adoh sungsate. Wah, olèh wangsulan mêngkono iku wae, bapak nganggo cucul limang rupiyah.

Dilalah lurahku nalika samana iya ngajokake aku, diarih-arih sarta diunggar-unggar, dikon sinau manèh, anggayuh hoofdacte, sabab jarene, cara Landaku mèmpêr. Dene kawruh liya-liya iya dianggêp nyukupi. Kêbarêngan karo mêngane pikirku, sabab pamrayogane bojoku [bo ...]

--- 24 ---

[... joku] cocog karo rêmbuge lurahku mau, tur aku wis krasa kaduga: ninggal kasênêngan iku mau, sarta krasa pinaringan kêkuwatan ing Gusti Allah, banjur rumăngsa saguh sinau manèh. Karo manèh bangêt pangarêp-arêpku, bisane rada mari kêcingkrangan. Wis tak sêbutake ing ngarêp, aku ngaturake panuwunan mênyang nagara, nyuwun dadi guru ana ing pamulangan calon dhoktêr ing Bêtawi, dilanting lurahku, tuwan dhirèktur pamulangan calon priyayi ing Magêlang. Bisa klakon.

Sajrone aku mêmpêng sinau, bojoku bangêt pangêmonge marang aku. Kuwi tak anggêp pitulung gêdhe. Prasasat ngrewangi nyăngga abote olèhku sinau. Dadi gênahe, bojo kuwi, yèn cocog, bisa anggulawênthah marang bojo. Têgêse: wong wadon bisa ngamping-ampingi lan bisa dadi cagak tuwak tumrap marang sing lanang. Bisa anggèndèng marang laku bêcik. Bisa dadi panglipur, dadi panyandhêt marang laku kang nasar. Kosokbaline, wong lanang tumrape marang sing wadon iya mangkono. Malah dadi lanjaran. Sing wadon pêpindhane wit-witan kang rumambat, anggubêd marang lanjaran mau. Bojo sing cocog, wis mêsthi ora ngrasani (ala) marang bojone. Prakara iku bêcike malah ngungkuli sanak sadulur. Wong lanang yèn ambênêri lara, bojone ênggone mulasara bisa rahab bangêt, ngungkuli sanak sadulur utawa bapa biyung. Kosokbaline, wong wadon, yèn ngèngèr, têntrême ora kaya ngèngèr marang bojo sing cocog. Kuwi pratandhane yèn wong jêjodhon sing cocog iku satêmêne pancèn siji.

Barêng aku watara umur sèkêt taun, bojoku iku mau ditimbali marak marang pangayunane Gusti Allah. Rasane atiku growahe luwih saparo. Rupa-rupa sing tak rasakake. Tumrape aku, isih cêkêl gawe, ora direwangi ing bojo, rasane cêmomang-cêmaming kaya tanpa bobot. Yèn arêp mangkat lunga mênyang pagawean utawa lêlungan rada adoh, ora ana sing nguntapake. Yèn mulih saka ing pagawean, ora ana sing mapagake utawa sing anggape, rasane ora kêpenak bangêt. Yèn arêp nibakake prentah utawa wêlingan, rasane kaya ora ana totogane, kaya mung gunêman karo angin bae. Karo manèh aku wêruh, yèn wong ora duwe bojo iku, yèn durung pikun têmênan, isih disănggarunggèni ing wong. Cêkake aku banjur rabi manèh, olèh anake kyai guru ngaji. Ngibadah cilik mula. Iku dadi panglipur gêdhe. Bisa dadi gêgêntine bojoku sing murud ing kalanggêngan. Kêna tak ajak bêbrayan ngopèni anak-anakku kang isih cilik. Bisa nyurung aku marang laku bêcik, sarta nyandhêt laku sing nyimpang saka wulange wong tuwa-tuwa. Kang mangkono iku marakake

--- 25 ---

kopène kawarasaning awak lan angên-angênku. Bisa awèt nganti tumêkane tuwa iki. Sanajan wis ngarêpake jêmpo, istingarah awak isih katon wutuh. Rumangsaku iya ora anggigoni. Mangkono uga bab tumindake laku kang marakake duraka, ora kêbacut-bacut pandarunge. Mangkono mau mêsthine iya saka pitulunge Gusti Allah. Bojo, kang dadi lantaran. Mulane ing batin bangêt panarimaku marang bojo, luwih-luwih bangêt sukurku marang Gusti Allah. Aku nênuwun, muga-muga Gusti Allah paring wuwuh marang kandêle imanku sarta imane bojoku iku.

Sarèhne bojoku sing anyar iku umure kacèk akèh karo umurku, prasasat kaya anak pambarêp, dadi ing lair, iya bojoku iku kang bakal lastari ngopèni awakku nganti tumêkane aku kapundhut ing Pangeran.

Ênggonku jêjodhoan sing kari iki iya duwe anak manèh, saikine isih cilik-cilik, isih tangèh bisane mêntas. Dadi iya bojoku iku kang dak ajak ngopèni lan anggêdhèkake bocah-bocah mau. Sarèhne kêkuwatanaku wis akèh sudane, dadi biyunge bocah-bocah iku sing rada kêpokoh ngêtokake kêkuwatan akèh, murih bisane nyukupi.

Aku kèlingan lêlakone tilas kancaku, Radèn Sasrakusuma. Saking kulinaku, sanajan kana banjur dadi bawahku, nanging sok guyon, kaya nalikane isih dadi kănca.

Nalikane bojoku sing dhisik isih urip, aku ambênêri papriksa mênyang sakolahane Mas Sasrakusuma mau. Kana mêntas kêpatèn bojo, banjur rabi manèh sarta banjur duwe anak manèh. Nalika samana umure watara sèkêt lima taun. Barêng aku tilik mênyang omahe, kana tak cêngès, wong wis tuwa, kok dadak golèk gawe. Rada tak gêguyu. Sabab anak iku mêsthine rak iya anjaluk opèn-openan. Kana iya mangsuli karo angguyu lakak-lakak.

Barêng aku iya kêpatèn bojo, sarta iya banjur rabi manèh, tur iya duwe anak manèh, aku iya tilik mênyang omahe Radèn Sasrakusuma, nanging wis rada lali marang gunêmku dhèk biyèn kae. Jêbul aku dielingake. Wah, wong loro mung angguyu wae barêng, gêr-gêran.

Ambalèni critane lêlakonku, ênggonku cêkêl gawe. Aku wis tau olèh ganjaran bintang Ridder in de Orde van Oranje Nassau kasêbut ing layang kêkancinganing kraton nagara Walănda tanggal 28 Agustus 1911 ăngka 55. Nuli tămpa ganjaran manèh adhapur unggah-unggahan dadi Officier ing ordhê iku mau, kasêbut ing layang kêkancingan kraton ing nagara [na ...]

--- 26 ---

[... gara] Walănda tanggal 31 Januari 1921 ăngka 50.

Kêjaba iku aku dadi lid Volksraad taun 1918-1921 sarta taun 1921-1924.

Wasana aku pènsiun awit saka panyuwunku, kasêbut ing layang kêkancinganing Kangjêng Guprêmèn tanggal 24 Mèi 1921 ăngka 43, dikanthèni layang kang mratelakake trimakasih bab ênggonku suwita marang nagara nganti lawas. Mungguhing sawêruhku, lagi aku iki, priyayi wong bumi sing ora gêdhe pangkate, olèh layang pratăndha trimakasih kang mêngkono iku.

Dumugi samantên cariyos pêparingipun Radèn Kamil dhatêng putra-putranipun. Tamtunipun kathah sadhèrèk ingkang rumiyin nate dados muridipun utawi rèh-rèhanipun, sampun sami nusul sêpuh sarta nusul pènsiun. Dalah muriding muridipun, inggih sampun kathah ingkang sami ngancik sêpuh sarta pènsiun. Samangke panjênênganipun Radèn Kamil dêdalêm wontên ing kitha Ngayoja, dados pêpundhènipun para tilas muridipun ing pamulangan calon guru, calon priyantun, sarta calon dhoktêr ing jaman rumiyin.

Awit saking sangêting panyuwunipun tilas murid sawatawis, cariyos ing nginggil punika kaparêng dipun pêthik. Saupami sagêd sapalih kemawon ingkang kaêmot ing ngriki, sampun saèstu langkung anggalur. Lajêng botên pêdhot-pêdhot, kados cariyos Sèwu Satunggal Dalu utawi Tantri. Kula sakănca matur sakalangkung nuwun, dhatêng panjênênganipun Radèn Kamil, dene dipun kaparêngakên nyuplik sawatawis saking cariyosing sariranipun. Pangajêng-ajêng kula sadaya mugi-mugi panjênênganipun Radèn Kamil lastantun pinanjangakên ing yuswa, tinêngga ing kawiryawan, sarta katêtêpna sumungkêmipun dhatêng Pangeran ingkang Maha-adil sarta Mahamirah.

Pun Sasraatmaja

[Iklan]

Cariyos Kunjarakarna

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka: 1.

Wontên ing ngriku punika para duraka sami nandhang siksaning badan gangsal prakawis, kinuya-kuya tuwin winasesa ing abdinipun Sang Hyang Yama.

--- 27 ---

Wontên ingkang winadung sirahipun bêlah kapisanan, wênèh wontên ingkang kabêndhèng duburipun. Para duraka wau lajêng pinupuh ing gada sukunipun rinêmêk-rêmêk, tumuntên dipun sunduki mawi tumbak rêrentengan kados walang. Para duraka botên kêndhat anggènipun sami ngadhuh ngêtuwun sêsambat bapa biyung tuwin anak semahipun. Lajêng wontên pêksi agêng-agêng dhatêng, êlaripun pêdhang, jalunipun mingid-mingid landhêp kados dhuwung, kêkablak sarwi ngabruki têtiyang duraka wau. Sanalika punika ugi wontên sagawon agêng-agêng dhatêng, sirahipun anggêgirisi, gumrudug nyandêr têtiyang ingkang sawêg sami nandhang siksa wau. Wontên ingkang dipun udhèt-udhèt wêtêngipun ngantos ususipun madhul-madhul, wênèh wontên ingkang kacokot cêngêlipun pêgat sami sakala. Sanès-sanèsipun, ingkang taksih sami gêsang sami mlajêng kaubêr-ubêr ing sagawon arai yaksa, kawulanipun Bathara Yama. Malah inggih sami kaplêtêr ing bala yaksa acangkêm dahana, tangan sarta sukunipun murub mulad-mulad. Badanipun para duraka sami gêsêng, satêmah sami pating pringis sarta pating pandêlo. Sadaya kemawon sami mêgap-mêgap, pating glêrêng ngaruara botên pêjah botên gêsang. Ingkang taksih radi kiyat sami lumajêng, ngêtog karosan sumêdya gendholan pundhaking pangajêngipun, nanging botên sagêd, satêmah sami nglumpruk ngringkêl, tumuntên sami dipun sujèni ing tumbak, têmbus saking ing dubur dumugi ing êmbun-êmbunanipun. Ingkang taksih gêsang sami lumajêng malih ngaub ing sangandhaping wit pêdhang. Anamung wit wau kaêrog-êrog ing pêksi yaksa, dados kajawahan ing lêlandhêp, jalaran wit wau godhongipun: pêdhang, kudhupipun suduk, tuwin kêbak êri mingid-mingid. Sarêng mirêng swaraning larèn kumricik, para duraka agahan rêbat dhucung murugi, ananging sarêng ngancik ing rumput pinggiring larèn, sukunipun kêcublês têmbus, rahipun muncrat, ing wasana sami dhawah gulangsaran. Makatên punika taksih dipun imbêti pinisakit mawarni-warni dhatêng isèn-isèning naraka.

Sang Kunjarakarna sumêrêp paniksa ingkang kados makatên punika sami sakala anglês, raosing manah sakalangkung giris, kados dipun iris-iris. Ngadêg anjêngêr mulat mangidul katingal wontên rêdi tosan kêkalih, sakêdhap-sakêdhap tumangkêb. Têtiyang duraka sami kagiring mriku, sadaya sami sêsarêngan ambêngok, nglairakên sangêting kêduwungipun sarta sagah nglêrêsakên gêsangipun. Nanging tanpa damêl, jêr dosanipun sampun sami awujud tumbak, gada, suduk tuwin ganthol. Ing wasana têtiyang wau lajêng sami kagantung ing sanginggiling latu mulad-mulad anggêgirisi, sampun botên sagêd băngga.

Sang Kunjarakarna nyipati lêlampahan ingkang makatên punika, sakalangkung ngêrês manahipun, anglês pindha rinêmêk bau sukunipun. Tanganipun grayah-grayah rumanggèh badhe ngaturakên [ngatura ...]

--- 28 ---

[... kên] gênging panuwunipun dhumatêng Sang Bagawan Werocana, dene sampun karsa paring pêpèngêt wêwarah: ing sadèrèngipun. Taksih kèbêkan ing raos miwah gagasan ingkang makatên wau, Sang Kunjarakarna nglajêngakên lampahipun dhatêng ing kayanganipun Bathara Yama.

Sadumuginipun ing ngriku sinambrama sinungan pambage wilujêng. Manahipun lajêng têtêg, têmahan wani malèhakên ingkang dados adrênging manahipun, nêmbung badhe ngangsu sêsêrêpan, anggènipun nglaksanani pakening gurunipun anyumêrêpi isèn-isèning naraka, punapadene nyuwun priksa punapa sababipun, depe nara[1] duraka sami kasiksa kados makatên punika. Wangsulanipun Hyang Yama: Iya prayoga, Kunjarakarna, kowe bakal dak jatani.[2] Tindak ala lan bêcik padha tămpa wêwalêsing rasa, kang timbang karo lara kapenak, sing rinasa ing jasade. Yaiku kang ingaran karma. Anggone padha kêcêmplung ing naraka kuwi, marga saka tindake ala. Apa ora akèh bangêt cacahe. Maèwu-èwu tanpa wilangan ngêbaki papan mau. Dalan kang mêntas koambah mau apa ora kaliwat-liwat jêmbare. Ewasamono mêksa kêbak wong duraka. Dalan sing ciyut kae, sing katuwuhan ing sukêt sarta bêbondhotan kae, dalan kang dicawisake marang wong-wong utama, nanging sathithik bangêt kang padha ngambah. Kabèh manungsa ing marcapada padha nglakoni dosa, mulane kowe, Kunjarakarna, aja nganti weya nglirwakake tapabrata.

Sang Kunjarakarna nyuwun priksa, punapa sababipun, dene têtiyang duraka ing naraka punika taksih badhe nitis malih dhatêng donya ngrasuk wêwarnèn anyar. Pitakèn punika kaparingan wangsulan makatên: E, e, adhi Kunjarakarna, bangêt têmên punggungmu. Kawruhana, badan kuwi anduwèni atma (nyawa) lêlima, atma (nyawa), paratma (nyawa luhur), niratma (tanpa nyawa), antaratma (nyawa batin), cetanatma (nyawa eling). Nyawa lêlima mau padha dumunung ing badan. Iya nyawa eling (cetanatma) kuwi sing nênangi kapengin urip, sarta kang mupulake nyawa papat liyane dadi sawiji. Iku mau kabèh maujud sawutuh sarta angrasuk maujud balêgêring badan. Tindak ala sing dilakoni ing nalika uripe kang biyèn, banjur dadi juru tuduhe, lan dadi jalarane lumêbu ing yamani. Ananging mung Hyang Mahakawasa piyambak sing nyuburake badan sarta akarya nyawa lêlima mau. Atma: lire: pandêlêng, niratma: iku pangrungu, antaratma: iku napas, paratma: iku swara, cetanatma: iku eling. Kalimane pupul madêg dadi wong urip. Badan mau banjur kasinungan angên-angên tuwin pêpenginan, manungsa mau banjur tumiyung kandhih dening pambujuking kanikmatan kadonyan, tanpa olèh usada kang ginawe anduwa. Dadi têtêp wus koncatan ing ihtiyar, têmah gêlêm mangan, ngombe, [ngo ...]

--- 29 ---

[... mbe,] sugih, kang karana agawe sangsara marang liyan, mêmêrês, nêluh, ngracun, malah wani mrajaya wong tanpa dosa. Barêng mati dosane tansah tut buri sarta dadi piranti paniksa. Tumibane paniksa utawa ganjaran mau mawa-mawa dosa utawa kabêcikane. Urip mono winasesa ing pati, eling iku dadi têlukane si lali. Kaprayitnan kawasesa ing bingunging ati. Mulane, Kunjarakarna, gunêm lan atimu kudu tansah koprayitnani. Diwantêr mêsu tapabrata. Angên-angênmu aja nganti ambalasar. Yèn pikirmu wis tumata, atimu alusna. Rajah tamah sirêpên sarana kasantosan. Suminggun sarta ambêk mutatuli: sirêpên sarana kasusilaning ati. Adhi Kunjarakarna, kaya wus tutug anggonku awèh wêwarah, udinên sing têmênan, lan ngaturna sêmbah sungkêm marang Bagawan Werocana. Nyuwuna, kang supaya panjênêngane karsa ngruwat rêrêgêd kang dumunung ana ing awakmu. Măngka wohe ênggonmu mangrêti marang darma, sakèhing klesaning badanmu bakal sirna.

Sang Kunjarakarna matur: Dhuh Hyang Yamadipati, sakathahing wêwarah ingkang kula tampi sampun rumasuk ing balung sungsum. Kula sampun mangrêtos têmênan. Manawi kaparêng kula taksih badhe nyuwun priksa malih saprakawis. Cariyosipun, panjênêngan punika sabên dintên taksih dhawuh anggodhog manungsa. Rak botên ajêgan wontên tiyang duraka agêng ta. Lah punika kula jêbul inggih sumêrêp wontên kawah agêng dipun êngkrêngakên, dipun rêsiki sarta sampun dipun sadhiyakakên. Punika kadospundi kajêngipun.

Adhi Kunjarakarna, mula pancèn nyata. Saiki pancèn mangsane anggodhog wong duraka. Samăngsa para duraka kae wus lumêbu ing kawah, gêni sing wis mati kae banjur diurubake manèh. Anggone padha lumêbu ing kawah gêntèn-gêntèn, jalaran nalika uripe padha ora mrêduli marang wêwarahe wong atuwane, padha nêluh sartu[3] ambêk niaya marang pêpadhaning manungsa. Dene kawah kae, mulane diêngkrêngake, dirêsiki lan disadhiyakake, jalaran bakal ana wong duraka gêdhe sing arêp dicêmplungake sarta bakal digodhog ana ing kono nganti satus taun lawase, marga saka kèhe dosane. Sarampunge iku wong mau banjur digirèkake mênyang ing wit pêdhang dening manuk yaksa. Ana ing kana bakal diwêsiasat nganti sèwu taun lawase.

Sang Kunjarakarna nyuwun priksa, sintên ingkang duraka agêng punika. Hyang Yamadipati mangsuli, bilih namanipun Purnawijaya, têdhakipun Sang Hyang Endra. Nalika gêsangipun brancah sangêt sarta nglampahi dosa agêng mawarni-warni. Sang Kunjarakarna anjêngêr, jalaran ingkang badhe siniksa wau mitranipun lami. Tumuntên mitêrang malih, punapa tiyang punika manawi kaudi taksih sagêd tumimbal lair malih. Wangsulanipun Hyang Yama: Dhuh adhiku Kunjarakarna, iya bisa. Sawise nandhang sangsara lêlima, bisa nitis lair

--- 30 ---

manèh. Kulit, daging, gêtih lan balunge dak jur sarta dak rajang-rajang, banjur dak campur karo kêmbang, dak sêbar-sêbar ana ing marcapada. Têmahan mêtu kewane sing anggêgilani, kaya ta: sèt, cacing, lintah, ulêr, rêrêspoh, utawa gêgrêmêt kang anggigoni. Anggone urip kaya mangkono iku lawase sèwu taun. Sawise iku banjur lair manèh dadi: sêmut, kutis, ampal, tawon, ulan-ulan, gambrêng, lawase satus taun. Banjur tumimbal lair manèh: dadi walang, orong-orong, yuyu, bêkicot, keyong lan liya-liyane, bangsane iku sing kêna dipangan, lawase sèwu taun. Banjur nitis manèh dadi: manuk, pitik, banyak, bèbèk, sarta kewan asikil loro liyane, lawase satus taun. Tumimbal lair manèh dadi kewan asikil papat, kaya ta: rase, trênggiling, bajing, jlarang, tikus, kuwuk, garangan, kancil, kidang, cèlèng, sênggung, sarta kewan asikil papat liyane, lawase sataun. Sawise iku bisa tumitah dadi manungsa, nanging manungsa ina cacad: bucu, picak, bisu, budhêg, edan, busung, cebol, dawir, suwing, bejog. Iku dadi cihna yèn pinangkane saka yamani sarta tansah nêmahi kasusahan. Banjure iya bisa lair manèh dadi manungsa ganêp, nanging dadi wong asor, kaya ta: tukang ambuwangi uwuh, tukang gawe arêng, panjaga mayit, kere, utawa wong cacad: celad, bindhêng, kêdhi, ayan. Iku uga dadi cihna yèn pinangkane saka yamani. Samêngko wus tutug anggonku wêwarah marang kowe, saiki balia sarta sumungkêma marang Bagawan Werocana, nyuwuna wêwarah bab dharma, supaya sakèhing klesaning awakmu bisa abirat kabèh. Ditêtêg, ihtiyarmu murih bisa nitis dadi manungsa. Dipanggah, srêgêp sarta tlatèn. Udinên têmênan, supaya bisa dumunung ing pêpangkataning tumitah kang luwih bêcik.

Sang Kunjarakarna ngaturakên bêkti sungkêmipun, punapadene sangêt matur nuwun, tumuntên pamit badhe nglajêngakên lampah. Lampahipun gêgancangan, sêdyanipun badhe manggihi mitranipun Sang Purnawijaya. Dumuginipun ing griyanipun Sang Purnawijaya nglêrêsi wanci têngah dalu, thothok-thothok nêdha kawênganad[4] kori. Sang Purnawijaya nêdhêng tilêm kêpatos. Ingkang ngêngakakên kori ingkang èstri. Sang Kunjarakarna lajêng lumêbêt. Sang Purnawijaya sakalangkung kagèt kaworan bingah. Botên nyana botên andipèyèn badhe kadhatêngan mitranipun lami. Sang Kunjarakarna nyariyosakên sadaya ingkang sinipatan wontên ing naraka, sangêt andadosakên girisipun Sang Purnawijaya. Sang Kunjara mênyat ngadêg badhe nglajêngakên lampahipun, ananging sukunipun karangkul dening Sang Purnawijaya sarwi nangis-nangis nêdha pitulung murih sagêda oncat saking sangsara ingkang badhe dipun sandhang wontên ing yamani, punapadene angakêni agênging duraka ingkang sampun dipun lampahi. Sang Kunjarakarna [Kunja ...]

--- 31 ---

[... rakarna] botên sagêd punapa-punapa, kajawi namung suka rêmbag kaajak sowan dhatêng ngarsanipun Sang Bagawan Werocana sarta kapurih nyuwun sih sagêda ambirat sakathahing klesaning badan. Sang Purnawijaya lajêng pamitan kalihan ingkang èstri, tumuntên gêgancangan bidhal. Lêpas lampahipun Sang Purnawijaya kalihan Sang Kunjarakarna. Botên dangu dumugi ing Bodhicita, kayanganipun Sang Bagawan Werocana. Pinanggih sawêg lênggah ing padmasana manikmaya, papanipun anggiyarakên wêwarah dharma. Sang Purnawijaya kapurih kantun rumiyin, ingkang supados botên kêsiku ing lampahipun.

Sang Kunjarakarna nglajêngakên lampahipun, tumuntên sowan angabêkti sumungkêm ing padanipun sang bagawan sarwi matur: Nuwun sang adi panêmbahan, kula sumungkêm ing ngarsa panjênêngan. Kula sampun wangsul saking yamani. Sarêng sampun anyipati sakathahing siksa ingkang sinandhang para duraka, kula lajêng botên kapengin tumimbal lair malih, sanajan ta sagêda dados manungsa pisan. Mugi wontêna sihipun sang adi panêmbahan dhatêng ingkang putra, karsaa paring pitêdah: kadospundi caranipun, murih klesaning badan kula sagêd birat sadaya. Ngrasuk badan punika wontên pakèwêdipun, pratandhanipun ingkang têrang, pun Purnawijaya. Sasampunipun gêsang mukti wibawa, ing akiripun badhe kêcêmplung ing kawahing naraka. Miturut pangandikanipun Hyang Yama, anggènipun badhe kagodhog wontên ing kawah, dangunipun satus taun. Milanipun kula sowan ing ngarsanipun sang adi panêmbahan, wigatosipun nêdya nyuwun pitêdah, kadospundi sagêdipun mitulungi ingkang makatên wau, punapadene kadospundi sagêdipun nyirnakakên dosa saking badan kula. Taksih wontên sambêtipun.

[Grafik]

I. Nalika Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhun[5] rawuh ing pabrik bir Arsipèl Braowêrèi. Sisih kiwa dhirèktur pabrik, Tuwan Morsing (Morsing).

--- 32 ---

[Grafik]

II. Sampeyan dalêm wiwit mriksani pabrik Arsipèl Braowêrèi.

[Grafik]

III. Ingkang sinuhun mriksani salêbêting pabrik, dipun dhèrèkakên Tuwan Residhèn Bêtawi lan Tuwan H. van der Vaart sèpipun pirmah Geo Wehry & Co.

[Grafik]

IV. Ingkang sinuhun rêna sangêt mriksani tiyang nyambut damêl ing salêbêtipun pabrik wau.

--- 33 ---


dene para. (kembali)
dene para.
jatèni. (kembali)
jatèni.
sarta. (kembali)
sarta.
kawênganan. (kembali)
kawênganan.
Susuhunan. (kembali)
Susuhunan.