Pusaka Jawi, Java Instituut, 1935-03, #423

Judul
Terakhir diubah: 01-09-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka: 3, Marêt 1935. Taun XIV

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên: pakêmpalan Yapha Insêtitut (JAVA-INSTITUUT) Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Yasawidagda, sarta Arjasumitra.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi sarta sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng: administrasi Pusaka Jawi Museum, Yapha Insêtitit, ing alun-alun êlèr, Ngayogyakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f. 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Pêpundhèn ing Rêdi Giri tuwin kiwa Têngênipun

Dening cantrik ing Giri

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 2

Sarêng kula mantuk, dumugi ing griya, kèngêtan, manawi gadhah buku Babad Pulo Jawi têmbung Wlandi, anggitanipun Nyonyah W. Fruinmees gajêg-gajêg anyariyosakên kawontênanipun pulo Jawi, kala taun sangang atusan. Sarêng kula nyatakakên, jêbul yêktos, ing ngriku nyariyosakên, bilih ing taun 900 ingkang jumênêng nata Prabu Balitung, kratonipun wontên ing Jawi Wetan, kintên-kintên wontên ing Blitar. Lajêng dipun gêntosi Sang Prabu Mahasyambu. Panjênênganipun dipun gêntosi dening Prabu Daksa, angêdhaton wontên ing Mêdhangkamulan (Mataram), wiwit taun: 910 dumugi taun 919. Dados dangunipun anggènipun jumênêng nata Prabu Daksa: 9 taun. Miturut Sêrat Babad Pulo Jawi kasêbut ing nginggil, sadèrèngipun Prabu Daksa jumênêng nata wontên ing Mêdhangkamulan, dados patihipun Sang Prabu Balitung tuwin Sang Prabu Mahasyambu. Sambêtipun kalihan tăndha astanipun sang nindya mantri Daksa ing bleblekan têmbagi ingkang kapanggih wontên ing Majarata taunipun 900, têtela kala samantên Sang Prabu Daksa taksih dados patihipun kraton kalih. Awit saking punika, pandamêlipun sêrat kêkancingan ing blebekan têmbagi wau nalika jumênêngipun Prabu Mahasyambu, utawi Prabu Balitung.

Sarèhning miturut ungêlipun sêratan ing blebekan têmbagi, nêrangakên wontên tunggilipun, mila pakêbonan ing Majarata lajêng

--- 34 ---

dipun ubrês, wusana satunggalipun kapanggih, katindhihan sela. Salajêngipun nuntên konjuk nagari, dipun simpên ing papan pasimpênanipun barang-barang kina. Tiyangipun ingkang manggih sampun mêsthi kemawon tampi ganjaran arta samurwatipun.

Kajawi saking punika, ing Majarata kala samantên wontên anèh-anehan malih. Antuping tawon gêndhis, dipun angge sarana anjampèni sakit ngêrês linu, encok lan sapanunggilanipun. Kala samantên para sadhèrèk băngsa Tyonghwa tuwin Jawi kalêrêsan sami dhatêng ing Majarata, badhe nyerumakên mawi antup tawon. Mulabukanipun makatên: wontên salah satunggalipun băngsa Tyonghwa mitranipun sadhèrèk Pwa Cong Kwan sakit tosan (sakit balung) kalêbêt ngrêkaos, ngantos ngadêg kemawon ngrêkaos. Sarèhning sakitipun sampun dangu, măngka prasasat botên wontên ingkang ngrimat, wusana dipun prayogèkakên supados dipun antupakên tawon gêndhis, awit piyambakipun dipun cariyosi tiyang, bilih antuping tawon gêndhis punika kenging dipun angge anjampèni sakit bangsaning ngêrês linu. Pamrayogi wau dipun turut, malah kalêrêsan ing Majarata, wontên glodhoganipun tawon gêndhis, wêkasan panggenan ingkang kraos sakit, dipun antupakên tawon, kirang langkung kaping gangsal wêlas. Sakala inggih karaos sakit, sarta abuh, nanging sarêng sampun antawis kalih dintên badan karaos ènthèng, ngêrês linu suda. Sarèhning kawontênanipun têtela suda, nuntên dipun antupakên malih, jangkêp kalih rambahan, sêsakitipun ical. Sapunika sampun sagêd mlampah kados padatan. Wiwit kala samantên, pawartos lajêng sumêbar, wêkasan tiyang ingkang sami sakit ngêrês linu sami ngantupakên tawon dhatêng ing Majarata, ngantos kêkirangan tawon. Satêlasipun tawon ing Majarata, para ingkang dèrèng rampung anggènipun nyerumakên, sarta tiyang enggal sami nyobi antuping tawon sajawining Majarata. Angsal-angsalanipun ugi sami kemawon, gadhah daya nyarasakên sakit ngêrês linu. Awit saking punika, lajêng sami angsal wêwahing sêsêrêpan, bilih antuping tawon gêndhis kenging kangge jampi sakit ngêrês linu. Amung kemawon, ngêrês linu ingkang jalaran saking punapa, sami botên sagêd anêrangakên. Mêsthinipun kêdah dhoktêr ingkang sagêd anêrangakên. Kula sampun nate mirêng têmbungipun tiyang Jawi dhusun Wahkina. Cariyos dhatêng anak putunipun makatên: Manawa wong kêrêp diantup tawon, malah wuwuh karosane. Têmbungipun tiyang dhusun cêkakan sarta nyamar wau, manawi dipun raosakên dayaning antup tawon, sajak sampun kasumêrêpan dening têtiyang Jawi kala ing kina.

5. Kyai ing Burêng, rêdi Gandhul tuwin Sêndhang Putri.

--- 35 ---

Gandhèngipun kalihan oreanipun guwa Sigrangga kasêbut ing ngajêng, miturut cariyosipun tiyang cikal bakal ing Wanagiri, guwa Sigrangga wau patilasanipun Kyai ing Burêng, ingkang makamanipun wontên ing dhusun Burêng, sakilèn kapanewon Nguntaradadi[1] (Wanagiri). Mirid cariyosipun tiyang sêpuh wau, têtelanipun guwa Sigrangga punika sasampunipun dados panêpènipun Kyai ing Wanagiri, nuntên dipun gêntosi dening Kyai ing Burêng, wêkasan lajêng dipun mulyakakên dening para warganing pakêmpalan Teyosopi kasêbut ing ngajêng, sapunika sampun botên kopèn. Wiwit wontên jawah agêng, guwa wau radi risak katrajang ilining toya saking rêdi.

Mangsuli bab Kyai ing Burêng. Kacariyos kala Kyai ing Burêng masuh raga wontên ing guwa ngriku, nuju satunggal dintên anjajah wana sakiwa têngênipun. Sarêng dumugi kapering nginggil, sakilèning guwa, wontên sacêlaking rêdi Gandhul, manggih bêlik toyanipun sakalangkung wêning. Kala samantên kapinujon wontên tiyang èstri sawêg adus, sarêng dipun cêlaki, badhe dipun pitakèni ing pundi griyanipun, dene anggènipun adus wontên satêngahing wana gêrotan, tiyang èstri wau ical, botên kantênan purugipun. Namung nilar swara: Sintên ingkang adus ing ngriku, cêpak rêjêkinipun. Dene tiyang èstri wau kacariyos pêri ingkang ambaurêksa rêdi Gandhul. Salajêngipun pêri wau dados mitranipun Kyai ing Burêng, ngantos dumugi tilar donya. Sabab kapanggihipun bêlik wau pinuju dipun angge adus tiyang èstri, mila sapriki katêlah nama sêndhang Si Putri. Ngantos titimăngsa punika, sêndhang wau dados panadaranipun têtiyang ing kiwa têngênipun Wanagiri. Nanging sarèhning papanipun wontên sapucaking rêdi, mila ingkang sami jiyarah mriku, ingkang kathah tiyang jalêr, wah ingkang taksih kuwawi, awit kajawi marginipun minggah andêdêr, rêrambatan sela, papanipun wontên satêngahing wana agêng.

Miturut piandêlipun tiyang kathah, sêndhang Putri wau kenging dipun angge năndha mujur kojuring badan, manawi tiyang jiyarah mriku, badanipun pinuju apês sêndhangipun pinanggih asat, nanging manawi badanipun sawêg mujur, sêndhangipun kêbak isi toya tur wêning. Sawênèhing tiyang wontên ingkang criyos, manawi badhe jiyarah mriku, sadèrèng-dèrèngipun kêdah tirakat rumiyin, supados sêndhangipun kapanggih isi toya.

Sanadyan manawi miturut ukur, kêkiyatan kula botên salaras, manawi kangge minggah ing rêdi Gandhul, ewadene sarèhning kadêrêng kapengin wuninga, nuju satunggaling dintên kula kanthi sadhèrèk tiga, sami minggah ing rêdi Gandhul, sumêja nyatakakên, wujudipun sêndhang Si Putri tanpa tirakat. Sanadyan petanging pal-palanipun saking ngandhap manginggil, botên sapintêna têbihipun, nanging sarèhning marginipun andêdêr, sarta mèh ajêgan rambatan [ramba ...]

--- 36 ---

[... tan] rêdi sela, mila dangunipun saking ngandhap dumugi ing panggenan ingkang kula sêdya: saêjam. Wontên ing nginggil, para neneman katingal sênêng, sami midêr-midêr mêndhêt sêsêkaran tuwuhan wana, sarwi nyawang prênahing kitha Surakarta, Bayalali, Klathèn tuwin sanès-sanèsipun. Griya-griya ondêrnèmêng rosan tuwin krustin pabrik ing wêwêngkon Surakarta, Klathèn, Bayalali, Salatiga katingal pating prêlok, pindha jamur tuwuh ing patêgilan. Nanging tumrap kula ingkang sampun kaduk umur, botên jodho, awit manawi ningali ngiwa nêngên lajêng singunên, mila trimah thênguk-thênguk, mirêngakên anggunging pêksi prêkutut, sarta ungêling pêksi sanès-sanèsipun ingkang sami rêbatan wowohan. Sarêng sampun sawatawis anggènipun sami ngaso, kula sakănca ngupadosi sêndhang Si Putri, nanging pinanggih asat anggêrèng. Punika dados pratăndha, manawi botên katarimah lampah kula. Bakda punika lajêng sami ambikaki sangu: wedang, limun tuwin sanès-sanèsipun. Bakda ngrêncak sangu lajêng mandhap, dumugi ing griya wilujêng.

Mangsuli bab sêndhang Putri. Miturut cariyosipun tiyang kalih ing Wanagiri, ingkang sampun nate jiyarah ing sêndhang Putri, mawi tirakat sadèrèngipun, ingkang satunggal cariyos, manawi sagêd manggihakên sêndhang wau, toyanipun wêning tur kêbak. Ing sacêlaking sêndhang wontên canthelanipun sandhangan, malah piyambakipun adus. Dene dongenganipun ingkang satunggal makatên: sadumugining sêndhang, toyanipun pinanggih asat, lajêng sipêng ing satêpinipun, sarêng pêrak enjing, rumaos dipun dhatêngi tiyang èstri, sarwi nyukani ron waringin pêthak. Sarêng tangi nolèh sêndhang, toyanipun mêncêp-mêncêp.

Mangsuli bab Kyai ing Burêng kasêbut nginggil. Sadèrèngipun têtèki ing guwa Sigrangga, griyanipun wontên ing dhusun Burêng sakidul Wanagiri. Sarêng tilar donya dipun pêtak ing pakuburan sakilèn dhusun Burêng. Makaman wau sapriki taksih wingit. Dene ingkang dipun pêtak wontên ing ngriku: 1. Kyai Serang, 2. Kyai ing Burêng, 3. Kyai Madaris. Tiyang tiga wau kagolong tiyang ahli lampah.

Dongenganipun Kyai ing Burêng, kajawi sagêd mêmitran kalihan pêri ingkang ambaurêksa rêdi Gandhul, atilar patilasan guwa Sigrangga. Kala taksih wontên ing dhusun Burêng inggih nanggor lêlampahan, ingkang sapriki taksih dipun naluri sarta dipun èstokakên dhatêng anak putunipun. Makatên jerenganipun: sabab saking mathuking pasitèn, têtiyang ing sakiwa têngênipun dhusun Burêng, ngantos dumugi dintên sadèrènging wontên prasapa, sami anêngênakên tanêman kadhêle. Manawi kadhêle wau sampun dados wose, limrahipun lajêng dipun simpên ing bodhag.

Nuju satunggal dintên, wontên lare kirang langkung umur gangsal taun, taksih akrabipun kyai, dolan ing sacêlaking bodhag, isi kadhêle. [kadhê ...]

--- 37 ---

[... le.] Lare wau botên kasumêrêpan, mènèk ing bodhag ingkang isi kadhêle, nanging botên kêbak. Wusana kajlungup, dhawah ing salêbêting bodhag, kalêlêp kaurugan kadhêle.

Limrahipun têtiyang ing dhusun, manawi siyang sami nyambut damêl ing sabin, tuwin patêgilan. Sarêng sontên mantuk, anakipun botên katingal, bapa biyungipun sami madosi, dipun ubrês ing kiwa têngên, tuwin ing lèpèn, nanging tita botên kapanggih, wusana gadhah pangintên manawi dipun bêkta ing culik. Tiyang sêpuhipun lajêng lapur ing kapala dhusun, pratela manawi anakipun ical tanpa lari. Wiwit kala samantên kulawarganipun dipun sêbar dhatêng sanès dhusun, nanging sêpên pawartos. Sarêng andungkap kawan dintên, têtiyang ing griya ngriku, sami mambêt gandaning bathang. Dipun satitèkakên sangkanipun saking ing bodhag kadhêle. Wusana bodhag ingkang isi kadhêle dipun suntak, lare kapanggih wontên ing ngriku, sampun bosok. Botên dipun cariyosakên, kadospundi solahing bapa biyung tuwin kulawarganipun, ingkang nandhang kasusahan. Cêkakipun lare wau lajêng dipun kubur. Saking kagètipun, Kyai ing Burêng kala samantên kawêdal prasapanipun: anak putuku, aja padha nandur kadhêle, ora bêcik wêkasane, lan aja nganggo sandhangan kang irêng mulus, apadene aja nunggang jaran irêng.

Prasapanipun Kyai ing Burêng ngantos titimăngsa punika taksih dipun lêluri ing anak putunipun, malah ingkang sanès warisipun, anut grubyug sami angèstokakên wêwalêr wau. Mila ngantos samangke, têtiyang ing dhusun ngriku, kathah ingkang botên purun ngangge udhêng wulung, ngingah kapal cêmêng, punapadene nanêm kadhêle. Manawi kapêksa kêdah ngangge udhêng wulung, têngahipun mawi dipun sukani plênik pêthak sakadhêle. Manawi wontên tiyang numpak kapal cêmêng, langkung sacêlaking makamanipun Kyai ing Burêng, botên mandhap, kacariyos wontên sambekalanipun.

Sawatawis sampun kula nyatakakên, sabab saking dayaning piandêl, manawi wontên ingkang nêrak awisan wau, dilalah wontên-wontên kemawon ingkang anjalari karibêdan. Awit saking punika, kanggenipun sadhèrèk ing dhusun ingkang taksih andhap drajating kamanungsanipun, awisan wau saya kalêbêt ing balung sungsum. Manawi wontên ingkang reka-reka kumêndêl nêrak awisan, kajawi manahipun piyambak sampun sênag-sênig, inggih dipun ulatakên dhatêng kănca-kancanipun, satêmah mêwahi kandêling sênag-sênig. Sarèhning piandêl punika agêng dayanipun, sampun mêsthi kemawon sabab uwas lajêng kapara ing tiwas. Taksih wontên sambêtipun.

--- 38 ---

Cariyos Kunjarakarna

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka: 2.

Sang Bagawan Werocana mangsuli: Anggèr Kunjarakarna, prayoga bangêt anggonmu anjaluk wêwarah dharma marang aku. Kowe takon mula-mulane dadi janma. Mulabukane kowe kuwi rak dumunung ana ing sunya (suwung) ta. Marga saka pamoring bapa karo biyungmu, kowe dumadi ana ing guwa garbane biyungmu. Sawise têlung sasi kowe maujud êndhog gêmburan, lawase nganti pitung dina, tumuli kasusuban ing dhasaring jasad lêlima: lêmah, banyu, teja, angin lan akasa (ètêr). Akasa dadi êndhas, lêmah dadi awak, banyu dadi gêtih, angin dadi napas, teja dadi panon. Kabèh iku padha sabiyantu nganakake urip. Lêmah nyumbang cetana (eling), kang mahanani dadi kapengin urip. Banyu nyumbang niratma (tanpa nyawa). Pasumbange teja: paratma (nyawa luhur). Pasumbange angin: antaratma (nyawa batin), dene akasa nyumbang nyawa kang sajati. Sawuse umur sapuluh sasi kowe kasinungan tangan karo sikil, banjur lair. Sarta binarkahan. Kowe disusoni lan digulawênthah ing biyungmu. Wong tuwamu padha tapabrata murih kaslamêtanmu. Kang iku utangmu marang wong tuwa dadi têlung prakara. Ing têmbene kowe kêna didulang lan bisa mangrêti marang bapakmu. Kowe tumuli ditetah kasunaran ing srêngenge lan rêmbulan, sarta diliwati ing raina lan wêngi. Tumuli kadunungan ing pangrasa sênêng lan ora sênêng, ora barès, suminggun, drêngki, mèri, umuk, pambêkan, nêpsu, sawiyah marang wong tuwa. Barêng wis diwasa kowe dirabèkake. Anak bojomu agawe kasusahanmu, têmahan kowe wani nyahak darbèking liyan sarta agawe piala marang liyan. Wong-wong duraka kang kodêlêng ana ing yamani kae, iya padha nindakake piala kaya ngono kuwi. Marga saka dosane, banjur padha tumimbal lair awujud rêrupan kang anggêgilani. Mulane diprayitna aja nêrak dosa kuwi, lan sing rumakêt sumanak marang pêpadhamu manungsa. Iya iku sing bisa nyêngkakake mênyang swarga. Iya kuwi kêkêraning dharma, dak warahake marang kowe. Muga-muga birata sakèhing klesaning badanmu.

Makatên pangandikanipun Sang Bagawan Werocana, anggènipun mêmêjang dharma dhatêng Sang Kunjarakarna. Dene Sang Kunjarakarna tumungkul marikêlu, nyêmbah sarta matur, nyuwun sih kawêlasan, kajarwanana kadospundi sarananipun ngrêsikakên, klesaning badan babarpisan. Sang Bagawan Werocana nglajêngakên pangandikanipun: Bangêt wêlasku marang kowe, anggèr. Mêmalaning badan kudu dibirat sing nganti tapis, kang nganti kayadene dibuwang, diidak-idak, lan ditumpês. Dene sajatining kawruh mau ora liya kêjaba mung ati suci. Iku kang ginawe nglunturake dosa kayadene wong

--- 39 ---

adus ana ing sajroning banyu kang bêning sarta rêsik. Kang aran banyu bêning iku dudu banyu kêndhi. Ora liya iya mung ati suci. Iku iya padha karo kang disêbut Hyang Widhi, jalaran iku kang ngêrèh badanmu. Mulane sok ditêmbungake: Sira iya ingsun, ingsun iya sira. Namo Bathara, namah Siwaya. (= Pinuji Hyang Bathara, pinuji Hyang Siwah). Saiki klesaning badanmu wis sirna, awit kowe sumungkêm marang Bathara. Bathara kang dadi wêdhak, dadi borèh, dadi banyu adus, lan minăngka lênga. Kapriye anggone ora birat, klesamu. Nyêdhaka, anggèr, tak gandhèng, aku iki kang Mahawisesa.

Sang Kunjarakarna enggal marêk sarta nyêmbah, tumuntên kaasta sarta karakêtakên dhatêng sang yogiswara, tuwin winarah wiraosing sahadat Buda. Ingkang makatên punika Sang Kunjarakarna tampi wêjangan. Nalika tinumpangan asta, Sang Kunjarakarna sangêt anggènipun tumanggap nilingakên wêwarahipun sang bagawan. Ing nalika punika ugi dosa bêktan nalika lair sirna. Makatên ugi warninipun yaksa inggih sirna. Badanipun Sang Kunjarakarna kasilêmakên ing toya suci. Sami sakala badanipun sumorot murub, lap, ical sipatipun yaksa, malih dados dewata. Sang Kunjarakarna sangêt bingahipun, lajêng sumujud ngraup sarta andilat padanipun sang bagawan, măngka tandhaning atur panuwun saha sungkêm. Sasampunipun mangastuti lajêng pamit mundur, badhe nglajêngakên anggènipun mangun tapa sarta badhe ngêcakakên sadaya wêwarahipun sang bagawan. Sasampunipun linilanan, lajêng bidhal.

Sang Kunjarakarna gêgancangan manggihi Sang Purnawijaya, nyariyosakên anggènipun sampun rinuwat sarta sinucèkakên. Sang Purnawijaya lajêng gêntos sowan dhatêng ing ngarsanipun sang panêmbahan, nyêmbah sarta matur: Kula nuwun sang adi panêmbahan. Cakra punika dêdamêlipun Sang Hyang Wisnu. Sumăngga kula aturi ngasta sarta namakakên ing jăngga kula, supados sirah kula pêgat saking ing badan kula. Kula botên badhe kraos sakit. Wontênipun namung bingah, dene sagêd pêjah karana astaningun[2] sang adi panêmbahan, jalaran kula isin sangêt upamia wilujêng gêsang. Anggènipun wicantên makatên punika kalihan nangis kêlara-lara sarta ngraup padanipun sang bagawan.

Bagawan Werocana ngandika: Anggèr Purnawijaya, aku ora bakal milara apadene sêngit marang wong sing wus masrahake awake marang aku. Klesaning badanmu mêsthi bakal sirna, dadi wohing undhake pangrêtimu. Patrap-patrapmu sing andhap-asor, sabar sarèh, lan ênggonmu anggatèkake sing têmênan. Atimu sing rêsik, tindak tandukmu sing pasaja, mangrêtia anggèr, yèn samubarang kuwi bakal sirna, mulane aja kêlulut ing barang kadonyan. Sangkaning klesa kuwi ora saka ing kadohan utawa saka ing cêdhakan,

--- 40 ---

ora liya ngêmungake saka ing awak. Mungguh kang ingaranan: ati suci iku sajatining kawruh luhur. Lah iku upayanên lan rêgêmên, anggêpên kayadene lênga usada. Aja kêndhak-kêndhat[3] anggonmu adus nyilêm ing lênga mau. Iku kang bisa nyirnakake sakèhing klesaning badanmu.

Kathah wêwarahipun Bagawan Werocana dhatêng Sang Purnawijaya, lan inggih punika sarananipun nucèkakên Sang Purnawijaya. Kangrêtosakên wiraosing dharma. Klesaning badan satêmah sirna, sarta mantun nandhang siksaning donya gangsal prakawis. Sang Purnawijaya nyêmbah sarta matur malih: Dhuh sang adi panêmbahan, klesaning badan kula sapunikanipun sampun sirna, nanging samangke angên-angên kula sumpêg, tansah èngêt dhatêng pêjah. Dhuh sang adi panêmbahan, mugi karsa paring wêwarah pisan, kadospundi sagêd kula oncat saking pêjah. Mugi wontêna sih kawêlasanipun sang adi panêmbahan dhatêng kula, jêr kula ajrih pêjah.

Sang Bagawan Werocana mangsuli: O, anakku, Purnawijaya, pati iku ora ana tambane, jalaran pati iku pungkasaning ngaurip. Kabèh padha nandhang pati. Jêr urip mono kawisesa ing pati. Eling kaingsar-ingsêr ing lali. Kaprayitnan kawasesa ing bingunging ati. Sêmbrana iku misesa sakabèhe, mulane akèh wong kang kasasar marga saka si sêmbrana. Dene wohe anggonmu nampani dharma, sanajana kowe mati, nanging ora bakal lêstari mati bae. Marang wong kang durung tămpa wêjangan, ora kêna tutur: Mati iku padha bae karo turu. Kowe bisa kèlingan marang anggonmu turu, anggonmu nglilir lan anggonmu layap-layap arêp tangi. Waspadakna oncating jiwa, nalika suksma pisah karo badan. Ing nalika iku kowe tumiba ing sêmadi kang rêsik, murni, suci tanpa cacad, bakal wêruh kanyataan kang satuhu. Lah ing kono kowe wis bisa anggayuh kawruh kang luhur. Mulane saiki muliha, lawase pitung dina. Sapuluh dina sapuluh wêngi olèhmu bakal digodhog ana ing kawah ing naraka, ananging tutug ing sawêlas dinane, sakèhing siksa siyasate Hyang Yama mêsthi ora ana kang nêdhasi, yaiku wohe anggonmu mangrêti marang sarining dharma. Dieling marang wêwêkasku.

Sang Purnawijaya tumuntên nyuwun pamit badhe mantuk. Sarêng sampun dipun lilani lajêng pangkat. Lêpas lampahipun. Sadumuginipun ing griya, sadaya kemawon ingkang sumêrêp, sami gumun, dene Sang Purnawijaya rêsik murni ical, klesaning badanipun. Sang Purnawijaya wicantên dhatêng ingkang èstri: Aku arêp turu, tunggunên anggonku turu nganti sapuluh wêngi. Kowe ora susah wêlas marang aku. Tunggunên bae sing têmênan. Simahipun mituhu ing saujaripun ingkang jalêr.

Sang Purnawijaya sasampunipun tilêm, suksmanipun mêdal saking badan, sakalangkung lêmbat pindha [pi ...]

--- 41 ---

[... ndha] amun-amun. Piawonipun ingkang linampahan kala rumiyin katut tumut dhatêng kawahing naraka. Piawon miwah kasaenanipun katingal kados wêwayangan, tansah tut wingking ing sapurugipun suksma. Pun piawon lumèngkèt ing suksma sarta tumut dhatêng kahyanganipun Hyang Yama, wondene pun kasaenan lumèngkèt tumut dhatêng ing swarga. Sadhatêngipun ing Petrabawana, suksmanipun Sang Purnawijaya kasumêrêpan dhatêng abdinipun Hyang Yama, lajêng ngundangi rencangipun kaajak nandangi. Abdinipun Hyang Yama sami gita tumandang rêbat dhucung. Tanganipun Sang Purnawijaya kacêpêng lajêng pinupuh ing gada tosan, dipun sujèni ing slumbat tosan. Dipun pisakit anggêgirisi kablênggu, kacêmplungakên ing kawah sarta kagodhog. Ilatipun mèlèd-mèlèd, mripatipun mêndolo, botên pêjah botên gêsang. Sang Purnawijaya gêrêng-gêrêng asêsambat, tumuntên dipun uman-uman: E, wong duraka, kowe kathik asêsambat ngaruara kaya ngono, he. Iki jalukamu, wong kowe biyèn pijêr nglakoni piala wae. Sing kosandhang ana ing naraka iki iya wohe piala sing kolakoni biyèn kae. Kowe miala wong tanpa dosa, ambêbedhang wong wadon, ora ngajèni wong tuwa, nrajang ila-ila suci, ora ambangun turut marang pandhita. Kalakuanmu ora patut bangêt. Apa-apa sing ora kosênêngi tumibane ing awakmu, aja kotibakake wong liya.

Sarêng anggènipun kagodhog wontên ing kawah sampun sadasa dintên, lajêng matak samadi sarta tansah èngêt dhatêng wêwarah bab botên langgênging barang kadonyan. Sang Purnawijaya adus ing toya suci ingkang mijil saking manah suci kados wêwarahipun Sang Bagawan Werocana. Ing salêbêtipun ngêningakên cipta matak puja sêmadi, Sang Purnawijaya tampi nugraha sihing bathara. Ing nalika punika kawahipun pêcah rêmêk ajur mumur, lajêng sirna. Latunipun pêjah sirêp urubipun. Badanipun Sang Purnawijaya katingal ênèm. Sarêng para abdinipun Hyang Yama sumêrêp ingkang makatên punika, sakalangkung gumun, anjêngêr sangêt ing ngungunipun. Lajêng sami tumandang malih anggêbagi mawi gada tosan, pêdhang tumbakipun kaancarakên, ananging kalis kemawon, botên anggogrogakên rambut salămba. Abdinipun Hyang Yama gêgancangan sowan ing ngarsanipun Bathara Yama, ngaturakên, bilih kawah ing naraka malih dados wit ingkang ngêdalakên woh mawarni-warni, miturut ing sapanêdhanipun tiyang. Wit waringin ngrêmbaka. Ing sangandhapipun wontên balumbangipun bêning tinêpi ing sêsêkaran sarwa endah. Bathara Yama nglênggêr, sangêt èmêng ing salêbêting manah. Mila lajêng tindak angyakinakên. Ing ngriku sakalangkung ngungunipun, dene wit pêdhang sagêd malih dados wit ingkang sagêd andhatêngi sakathahing panêdha, agodhong kêncana, awoh rêtna, atlutuh jêbat kasturi, tinadhahan ing kêndhi rêtna. Punapadene [Punapa ...]

--- 42 ---

[... dene] sakalangkung ngungun, dene Sang Purnawijaya ingkang pancènipun kagodhog satus taun, sawêg sadasa dintên têka sampun lair wontên ing swarga. Sang Purnawijaya matur dhatêng Hyang Yama, bilih sadaya punika wau margi sihipun Sang Bagawan Werocana. Sasampunipun wawan ginên[4] lajêng pamit mantuk.

Yitmanipun Sang Purnawijaya lajêng wangsul dhatêng ing jisimipun, têmahan anglilir pulih kados wingi uni. Ingkang èstri sakalangkung kagètipun. Lajêng jinatosan, bilih ing sapunikanipun badanipun sampun ruwat, margi sihipun Sang Bagawan Werocana, alantaran pitulunganing mitranipun, inggih Sang Kunjarakarna.

Sang Purnawijaya kalihan Sang Kunjarakarna kêkalihipun sami sowan dhatêng ing ngarsanipun Sang Bagawan Werocana, prêlu ngaturakên bêkti sungkêmipun, sarta atur panuwun. Ing nalika punika ugi kathah para jawata, ingkang kêpengin badhe nyumêrêpi jalaraning kaelokan ingkang mêntas kêlampahan punika. Makatên ugi Bathara Yama. Sang Bagawan Werocana botên lênggana, lajêng ambabadakên lêlampahanipun Sang Kunjarakarna tuwin Sang Purnawijaya punapadene mêmarah bab wiraosing dharma. Sadaya ingkang sami mirêngakên sami marêm, lajêng sami wangsul sowang-sowang.

Sang Purnawijaya badhe mangun tapabrata minăngka panyauring sambutanipun dhatêng Bagawan Werocana saha Sang Hyang Yama. Ingkang èstri pancènipun badhe tumut, ananging ingkang jalêr botên suka, têmahan mantuk atawan-tawan tangis. Anggènipun tapabrata ngantos kalih wêlas taun, dene ingkang dados kanthinipun inggih namung Sang Kunjarakarna. Pratapanipun dumunung ing lambunging rêdi Mahamèru iring lèr wetan. Sarampungipun tapabrata, tampi sihing Pangeran: sami wangsul dhatêng swarga kahyanganipun.

Kèn Angrok

Cariyos lêlampahanipun Kèn Angrok ing mulabukanipun, nalika dumados manungsa punika makatên. Ing Jiput wontên warăndha gadhah anak jalêr, kalakuanipun sakalangkung awon, kêrêp lampah bandrèk. Anggènipun ngabêkti ing Hyang Suksma namung kangge ulas-ulas sarananing ngapus-apusi. Lare wau kesah saking ing Jiput nêdya ngungsi dhatêng ing dhusun Bulalak. Lêlurahing dhusun wau nama Tapawangkêng. Kalêrêsan ing nalika punika sawêg badhe ngêdêgakên gapuraning pasramanipun, dipun têdhani sajèn menda abrit dhatêng dhanyang ingkang ambaurêksa kori gapura wau. Tapawangkêng manahipun molak-malik, lajêng ngunandika: Mangkono kuwi pancène ora kêna. Lan manèh yèn nganti ana wong sing dipatèni, mêsthi anjalari anggonku kacêmplung ing naraka. Măngka pêpanggil anjaluk wêdhus abang kuwi ora kêna ora kudu ditêkani. Tiyang amblunthah ingkang kasêbut ing nginggil wau wicantên [wicantê ...]

--- 43 ---

[... n] sagah dados sajèning lawangipun Êmpu Tapawangkêng. Anggènipun nyagahi makatên wau sêdyanipun, supados sagêd wangsul dhatêng ing ariloka malih, lajêng sagêd manjalma malih dados manungsa ingkang inggil drajatipun. Makatên panêdhanipun. Êmpu Tapawangkêng nayogyani. Tiyang wau lajêng ngicipi ngraosakên pêjah sarta ngalami pitung wêwêngkon ing alam pêjah. Tiyang wau inggih kalampahan anglabêti Êmpu Tapawangkêng dados tawur. Yitmanipun mabur dhatêng ariloka. Wasananipun nyuwun nitis dhatêng ing sawetaning rêdi Kawi.

Kacariyos, Bathara Brahma pinuju miling-miling ngulari wanodya ingkang prayogi kaagêm lantaran anurunakên wiji. Kalêrêsan ing nalika punika wontên tiyang tani nêdhêng dados pangantèn anyar. Ingkang jalêr nama Gajahpara, ingkang èstri nama Kèn Êndhog. Anuju satunggaling dintên Kèn Êndhog ngintun têdha dhatêng lakinipun, sawêg madamêl wontên ing sabin. Bathara Brahma tumuntên tumurun ing marcapada mundhut pawèskri[5] wau. Sarampungipun damêl, pawèstri wau dipun pangandikani makatên: Kowe aja têtunggalan karo bojomu manèh, mundhak bojomu mati. Dene anakku kang bakal mijil saka kowe, jênêngna Kèn Angrok. Ing têmbe bakal mangrèh nusa Jawa. Bathara Brahma lajêng musna.

Kèn Êndhog anglajêngakên lampahipun dhatêng ing sabin. Sarêng kapanggih kalihan ingkang jalêr lajêng nyariyosakên punapa ingkang mêntas kêlampahan. Samantukipun dumugi ing griya, Gajahpara taksih badhe nindakakên wêwênanging tiyang jalêr sêsemahan, ananging ingkang èstri sangêt lênggana. Tundonipun lajêng sami pêgatan. Wicantênipun Gajahpara: Wong wedok, saikine kêpriye manèh. Saka panêmuku luwih bêcik kowe pisah karo aku. Dene băndha gêgawanmu iya balia dadi duwèkmu manèh. Sing duwèkku bali marang aku. Sasampunipun makatên Gajahpara wangsul dhatêng dhusunipun dumunung ing sabrang kidul. Dene Kèn Êndhog wangsul dhatêng sabrang lèr. Dèrèng jangkêp sapêkên Gajahpara tilar donya, andadosakên cingaking akathah. Sami wicantên makatên: Panas bangêt bocah sing ana ing wêtêngan kae. Wong-wong tuwane lagi bae pêgatan, bapakne têka banjur mati.

Sarêng sampun dumugi ing lèkipun, jabang bayi lair jalêr, kabucal dening biyungipun dhatêng ing kuburan. Tumbuking lêlampahan, ing nalika punika wontên pandung namanipun Lembong. Dhatêng ing kuburan wau sumêrêp cahya gumilang. Sarêng dipun purugi, pinanggih wontên jabang bayi nangis. Inggih jabang bayi punika ingkang sumorot. Lare wau lajêng dipun bopong kabêkta mantuk, sarta dipun pupu kapêndhêt anak. Biyungipun mirêng wartos saking krabatipun pun Lembong, bilih Lembong manggih lare sumorot wontên ing kuburan, sarta lajêng kapupu kapêndhêt anak. Kèn Êndhog gêgancangan nanjihakên dhatêng griyanipun Lembong,

--- 44 ---

nyata jabang bayi punika anakipun. Tumuntên wêling makatên: Kaki Lembong, bokmanawi sampeyan botên mangrêtos, yèn lare ingkang sampeyan pupu punika sajatosipun anak kula. Manawi sampeyan badhe sumêrêp sintên bapakipun, kula criyosi. Lare punika sajatosipun putranipun Bathara Brahma. Milanipun kula aturi ngopèni ingkang sae.

Kyai Lembong kalihan simahipun saya sakalangkung asihipun dhatêng jabang bayi, dinama-dama kaputhun-puthun. Ing wasana enggal agêng kalawun-lawun, kenging kaajak mêmandung. Kèn Angrok anggènipun tumut pun Lembong ngantos dumugi umur sapangèn. Sakathahing barang darbèkipun Kèn Êndhog tuwin barang darbèkipun Kyai Lembong katêlas-têlasakên dhatêng Kèn Angrok kangge ngabotohan. Kèn Angrok anggadhuh maesa sarakit gadhahanipun lurah ing Lêbak. Punika inggih dipun têlasakên, kaangge ngabotohan. Maesa wau dipun pangaosi rêgi 8000 kèpèng dhatêng ingkang gadhah. Kèn Angrok dipun uman-uman dhatêng tiyang sêpuhipun: Le, sanajana kowe ora minggat, saikine aku karo kowe sing kudu dadi mujangan ana ing kalurahan Lêbak. Kèn Angrok botên purun, manawi kadadosakên mujangan, pramila lajêng kesah. Nanging wontên ing pundi-pundi botên wontên tiyang ingkang purun dipun ngèngèri.

Kacariyos wontên botoh namanipun Bango Samparan. Anggènipun ngabotohan kawon kathah sangêt, ngantos botên sagêd ambayari kawonipun. Bango Samparan lajêng kesah anjujug ing panêpèn. Wontên ing ngriku nêpi ngêningakên cipta. Ing wanci dalu panuju tilêm, mirêng swara dumêling saking ing akasa. Bango Samparan kapurih wangsul. Makatên ujaring swara: Aku duwe anak lanang sing bisa ngêsahake utangmu, jênênge Kèn Angrok. Ing nalika punika ugi pun Bango Samparan gumregah mangkat. Anggènipun lumampah sadalu muput. Wasana kapanggih kalihan lare kados ingkang kasêbut ing wisiking Jawata ing nalika dalu wau. Lare wau lajêng kabêkta mantuk sarta kaakên anak, kaajak tumut ngabotohan dhatêng ing Patopan. Wontên ing ngriku pinanggih malih kalihan mêngsahipun, tumuntên tarung malih, ananging sapunika mêngsahipun gêntos katitih. Kawonipun Bango Samparan sagêd wangsul sadaya. Ingkang makatên wau têtela saking pitulunging dewa linuwih. Kèn Angrok lajêng kabêkta mantuk malih dhatêng ing griyanipun. Wontên ing ngriku botên patos dangu, lajêng kesah malih, amargi botên cocog kalihan anak-anakipun Bango Samparan.

Sakesahipun saking ing ngriku Kèn Angrok sagêd mêmitran kalihan pangèn namanipun Tuwan Tita, anakipun Sahaja, buyut ing Sagênggêng. [Sa ...]

--- 45 ---

[... gênggêng.] Anggènipun mêmitran sami sih-sinihan, kados sèdhèrèk[6] tunggil bapa biyung. Kêkalihipun sami kapengin badhe sinau maos. Tumuntên sami ngèngèr dhatêng ing griyanipun jêjanggan ing Sagênggêng (guru). Wontên ing ngriku sami dipun wulang aksara, sarta bab panganggening aksara swara tuwin ewah-ewahaning wyanjana, punapa malih căndrasangkala, petangan măngsa: dintên, wulan, taun tuwin wara warni-warni (sadwara, păncawara tuwin sapanunggilanipun) punapadene bab petangan wau. Kêkalihipun sami sagêd nyakup sadaya wêwulanging gurunipun.

Janggan wau gadhah wit jambu wontên ing lataripun kangge pasrèn, wohipun ambiyêt nêdhêng sami badhe matêng. Wit jambêt wau dipun pingit. Sintên kemawon botên kenging ngundhuh. Samăngsa sampun matêng sayêktos, sawêg kenging dipun undhuhi. Kèn Angrok sumêrêp warnining jambêt wau sakalangkung kêpengin, kumêcêr badhe nêdha. Anuju ing wanci dalu, mangsanipun tiyang tilêm, Kèn Angrok inggih tilêm, wasana wontên lawa kathah sangêt mêdal saking ing êmbun-êmbunanipun, pating klêpêr tanpa kêndhat nêdhani jambêtipun janggan. Enjingipun ing plataran kêbak jambêt kalongan. Sami dipun pêndhêti ing lare-lare. Taksih wontên sambêtipun.

Wangsulan Mranani

Bab panggalihanipun Kangjêng Tuwan Bêsar Dhandhêlês, para sadhèrèk sampun kathah ingkang sagêd ngintên-intên kadospundi kêrasipun. Anggènipun nitik saking lêlampahan, nalika panjênênganipun ngasta paprentahan ing tanah Indhiya ngriki. Têtiyang Malayu inggih damêl pèngêtan sawatawis, bab wiwitipun jumênêng, bab pangastaning nagari, sarta bab jêngkaripun saking Bêtawi. Tindakipun saking nagari Walandi, mampir sowan Sri Maharaja Napoleyon ing Paris, margi dipun timbali, punika botên kasêbutakên wontên ing pèngêtan wau. Nanging anggènipun nyamur wontên ing baita, sakêdhik-sakêdhik dipun cariyosakên. Ingkang badhe kula cariyosakên ing ngriki, pèngêtan pangastanipun nagari, bab anggènipun dhawuh damêl waradinan agêng saking Anyêr dumugi ing Banyuwangi. Ungêling pèngêtan wau suraosipun makatên:

Anuju satunggaling dintên panjênênganipun Tuwan Bêsar Guprênur Jendral Marsêkalêk Herman Willêm Dhandhêlês jumênêng wontên ing sukuning rêdi Megamêndhung, malangkêrik astanipun kalih pisan, dhawuh dhatêng para priyantun, para mantri, suraosipun makatên: Kowe apa padha ngêrti têmênan, yèn aku têmên-têmên arêp gawe bêcike tanah Jawa kene sarta ambangun pagêring [pa ...]

--- 46 ---

[... gêring] pakampungan, sarta andandani kaananing bale pomahane wong ing kene. Kasênênganaku yèn andêlêng kang sarwa apik. Karo manèh arêp gawe dalan gêdhe saka ing pungkas wetan têkan ing pungkas kulon. Kêjaba iku arêp gawe ramene pasar-pasar lan arêp akon nandur pari sarta kopi sing akèh sarta liya-liyane manèh. Sarupane desa lan nagara-nagara arêp dak gawe sing rame sarta sing rêja. Kowe apa iya padha ngrêti yèn prakara iku mau kabèh bakal tak tindakake kalawan têmên-têmên. (Anggènipun ngandika wau kasêbutipun wontên ing pèngêtan, katirokakên mawi basa Malayu Bêtawi makatên: Adhakah lu sêkalihan, ambil mêngêrti, yang guwah bêrsungguh-sungguh hati mêmbaiki tanah Jawa - dhan pêrgi kampung rumah sêgala orang guwah mau lihat dhêngan rupa baik... salajêngipun.

Para priyantun sarta para mantri sami amangsuli atur: Sakalangkung kaluhuran dhawuh dalêm punika. Kawula sadaya botên wontên ingkang gadhah pangrêtosan makatên.

Kangjêng tuwan bêsar dhawuh malih: Mungguh saka panêmuku, nagara kuwi yèn rêja, katone apik. Omahe-omahe wong-wong sarta dalan-dalane iya kudu apik. Bisaa murah sandhang murah pangan. Wong-wong mănca banjur padha têka sarta sênêng manggon ing nagara kene. Nagara yèn ora ditêkani wong mănca utawa wong sabrang kang laku gêgramèn, ora bisa rêja, ora bisa rame. Mangkono uga yèn nagara ora ditêkani prau kapal kang amot dagangan, iya ora bisa kêprungu ing kana-kana. Ora bisa mundhak gêdhe. Dene sing tak prêlokake bangêt, bab tanduran pari, kopi, krambil, jambe, kacang lan liya-liyane kang aran rêjêki. Yèn wong-wong padha kacukupan, iku mung katone ing lair bae, wong bumi sing sugih-sugih, nanging satêmêne ing batin, iya aku sing anduwèni iku kabèh.

Mungguh satêmêne para ratu ing tanah wetanan kene iki ora bisa apèk kasugihan saka sajroning bumi, bisane mung anjupuk bandhane wong tuwane utawa lêluhure. Băndha kang wus sumimpên ana ing sajroning grobog.

Karo manèh aku iya wêruh: wong cilik, yèn bale pomahane ora apik, kang marga ora kopèn, sarta manèh yèn wonge mlarat, ora duwe apa-apa, banjur ènthèng junjunge, gampang ngolah ngalihe mênyang nagara liya, marga ora krasa eman-emanên ninggal papane. Balik yèn bale pomahane bêcik, sarta duwe băndha sêthithik-thithik, awujud rajakaya utawa palêmahan, mêsthi bot-botên, yèn arêp ngalih mrana-mrana. Sanajan ana ing panggonane dhewe kene tak wènèhi pagawean abot sawatara utawa sok nandhang kapitunan, sarta nyăngga kangelan, mêsthi disabarake wae, sabab bêbasane: sikile

--- 47 ---

wis kêcêncang, gulune wis kêdhadhung, ing băndha sarta donyane iku mau. Prakara iku mau kabèh dadi jalarane ênggonku mrasudi, murih wong-wong bumi bisaa sugih-sugih. Sabab, manawa wong-wong mau padha sugih-sugih, satêmêne, iku sing sugih têmênan iya aku.

Makatên suraosing pangandikanipun kangjêng tuwan bêsar guprênur jendral wau. Kajawi punika wontên malih dhawuh pangandikanipun paring wangsulan dhatêng têtiyang ingkang sami sambat awrating padamêlan. Makatên cariyosipun miturut pèngêtan.

Anuju satunggaling dintên para santri sarta para kyai guru santri sami sowan ing ngarsanipun kangjêng tuwan bêsar, gadhah atur makatên: Adhuh kangjêng tuwan bêsar, mugi kaparêngakên kawula matur. Manawi wontên kalêpatan kawula, mugi kangjêng tuwan bêsar karsa paring pangapuntên. Makatên atur kawula: Kawula sadaya para guru santri dalah murid-murid kawula ing pondhok, sami dipun prentahi lêlurah kawula, kapurih tumut dhudhuk-dhudhuk siti, nugêl lêngkèhing rêdi Megamêndhung badhe kadamêl margi agêng, sêsarêngan kalihan tiyang kathah. Măngka kawula sadaya para guru santri, dalah para murid kawula santri-santri ing pondhok, padamêlanipun sêmbahyang sarta siyam, tuwin malih ngaos. Nalika panjênênganipun para tuwan bêsar guprênur jendral ingkang rumiyin-rumiyin, para guru santri dalah santrinipun, punika dipun mardikakakên saking padamêlan nagari angkat junjung ingkang makatên punika. Ingkang punika manawi andadosakên dhanganing panggalihipun kangjêng tuwan bêsar, kawula sadaya para guru santri tuwin santri ingkang damêlipun sêmbahyang sarta siyam, punapa malih ngaos punika, mugi kaparêngna lêpat ing padamêlan nagari bangsanipun angkat junjung punika wau.

Kangjêng Tuwan Bêsar Marsêkalêk Herman Willêm Dhandhêlês, midhangêt aturipun para kyai makatên punika mèsêm ragi mènjêp sawatawis. Lajêng paring dhawuh wangsulan makatên: He, para kyai, kowe wong Jawa kabèh iki agamamu Islam. Agama Islam iku agama, kang diampil Nabi Muhammad putrane Sayid Abdullah. Agama Islam iku majibake marang sarupaning wong kang ngrasuk agama mau: kudu padha sêmbahyang sarta puwasa. Yèn wong kang padha sêmbahyang tak mardikakake, luput ing pagawean nagara, lah rak ora ana sing tak kon nyangkul pagawean nagara, sabab sarupaning wong Islam kabèh padha wajib sêmbahyang lan puwasa. Karo manèh kowe aja padha klèru tămpa. Olèhku akon gawe dalan gêdhe iku ora arêp ngapenakake awakku dhewe. Dalan iku bakal agawe kapenake para wong bumi, padha mlaku dharat. yèn aku dhewe rak nunggang kreta. Iya apa ora. Mulane saiki kowe padha balia mênyang pagawean manèh, lakonana prentahe lêlurahmu. Kowe para kyai, para santri, nyambut gawe anggarap ratan, rak iya bisa nyambi sêmbahyang, tahlil,

--- 48 ---

ngaji, pasa, ana ing sikile gunung Megamêndhung. Malah kabênêran, prasasat angguraki setan-setan, dhanyang pakayangan, jim pêri prayangan sing padha angganggu wong kang padha nyambut gawe ana ing kono, akèh sing lara sarta sing mati. Yèn koênggo papan sêmbahyang, tahlil, ngaji, para lêlêmbut sing padha ganggu gawe ana ing kono iku muga-muga padha minggat marga giras.

Para kyai guru santri botên sagêd mangsuli, lajêng sami wangsul dhatêng padamêlan...

Makatên cêkakaning suraosipun pangandika saking panjênênganipun Kangjêng Tuwan Bêsar Dhandhêlês dhatêng tiyang bumi.

Sêrat Babaran Enggal

Rêdhaksi tampi sêrat kalawarti enggal anama: Suluh Pêndhidhikan, cara Mlayu, wêdalan wulan Agustus 1934, ăngka 1. Mêdalipun tigang wulan sapisan. Ingkang ngasta para linangkung:

1. Mr.Dr.T.S.G. Moelia. | 2. H.C. Croes. | 3. P. Koeze. | 4. Drs.A. Sigit.

Kalawarti punika ingkang ngêdalakên pirmah Woltêrês ing Bêtawi.

Isinipun kalawarti punika kawruh panggulawênthah dhatêng lare, wiwit taksih bayi dumugi akil balig, miturut pamanggih enggal. Maedahi dhatêng para guru sarta para tiyang sêpuhipun lare, kados ta:

1. Ilmoe mendidik. | 2. Masa kala balig dan pendidikan anak dewasa. | 3. Raden Adjeng Kartini (djadi pendidik ra'iat Indonesia). | 4. Kawoela Gusti. | 5. Pendapatan baroe tentang pengadjaran membaca permoelaan.

Kêjawi punika ngêmot pêthikan saking sêrat kabar sawatawis, sarta kalawarti sanèsipun, kados ta:

I. Onderwijzersorganisatie.

II. "Opvoeding"

III. Among

Sarta wontên malih sanèsipun.

Cara Mlayunipun kaprasudi miturut basa ingkang kaanggêp sae sarta lêrês. Anamung inggih wontên ingkang katrocoban gagrag enggal sawatawis, katutan lagu kilenan. Kados ta:

1. sebagian besar= een groot gedeelte.

2. boekan sadja tentang pendidikan... tetapi djoega didalam karangan... = niet alleen... maar ook.

3. ..., hal mana boeahnja akan bergoena sekali...= waarvan de vrucht....

Jaman rumiyin cara Mlayu katrocoban lagu Arab. Samangke katrocoban lagu Walandi. Punika sampun turut kalihan lampahing jaman. Cocog kangge busananipun sêrat wulangan panggulawênthah miturut pamanggih enggal. Cara Mlayunipun botên angèl, botên nganèh-anèhi. Prayogi dados waosanipun para sadhèrèk ingkang gadhah têtanggêlan anggulawênthah lare ing jaman enggal punika.

Rêdhaksi.

--- 49 ---

 


Nguntaranadi. (kembali)
astanipun. (kembali)
kêndhat-kêndhat. (kembali)
ginêm. (kembali)
pawèstri. (kembali)
sadhèrèk. (kembali)