Pusaka Jawi, Java Instituut, 1935-04, #426

Judul

Ăngka 4, April 1935. Taun XIV

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên: pakêmpalan Yapha Insêtitut (JAVA-INSTITUUT) Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Yasawidagda, sarta Arjasumitra.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi sarta sêrat panêmbung dados lêngganan dipun ngalamatana dhatêng administrasi Pusaka Jawi Museum, Yapha Insêtitit, ing alun-alun êlèr, Ngayogyakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f. 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Wara-wara

Wiyosipun, sarèhne sapunika sampun wulan April, para lêngganan mugi wontêna karsanipun ngintuni naphakah kangge Pusaka Jawi tumrap ing taun 1935, ingkang salêrêsipun kêdah kaparingakên sadèrènging tumapakipun taun punika. Punapa malih ingkang karaos taksih nunggak tumrap taun 1934, mugi kaparênga tumuntên maringi kangge kalih taun. Sangêt-sangêt pangajêng-ajêngipun Pusaka Jawi.

Kajawi punika ngaturi priksa, bilih pèngêtanipun Radèn Kamil, sampun kadadosakên buku, alit, panjang, watawis 120 kaca. Manawi wontên ingkang karsa mundhut tumbas, kaparênga kintun sêrat dhatêng administrasi Pusaka Jawi ing Ngayogyakarta. Adrès: museum alun-alun lèr. Rêginipun f 0,30. Wragading pangintun 8 sèn.

Administrasi.

Wara-wara

Ing ngandhap punika pratelanipun cariyos ăngka XVII ing pèngêtanipun panjênênganipun Radèn Kamil, ingkang klangkungan, kula susulakên.

Kajawi punika kula wêwahi pratelan bab asal-usulipun, ingkang radi cêtha. Ing ngajêng namung kula grêba kemawon.

Rêdhaksi.

--- 50 ---

XVII. Nglangak, Klênggak

Keceran Pèngêtanipun Radèn Kamil

Sawijining dina aku ana ing Madiun nêmoni lêlakon sing ora kêpenak. Aku ambênêri nglakoni ayahan nagara arêp mriksa sêkolahan ing Paron. Ana ing sêtatsiun aku nêmbung tuku karcis mênyang tuwan sing adol karcis, olèhku nêmbung iya lumrah wae mêngkene: Een retourkaart, Paron.

Tuwane sing adol karcis kok jêbul nêpsu bangêt, muni-muni, surasane mêngkene: Kowe wong Jawa kathik wani-wani gunêman cara Lănda mênyang Lănda. Yèn arêp gunêman cara Lănda kudu anjaluk palilah dhisik, apa dililani apa ora.

Isih akèh manèh olèhe muni-muni. Barêng wis rada mandhêg olèhe gunêman, aku mangsuli: Êmpun tuwan, ênggèn sampeyan srêngên.

Tuwane mangsuli: Uwis, arêp apa kowe.

Kula ajêng takèn, nama sampeyan sintên.

Kathik kowe takon jênêngku. Morgen Brengen! Arêp apa.

Kula ajêng gugat.

Kowe wani gugat.

Ênggih wani.

Mênyang sapa olèhmu arêp gugat.

Ênggih têng sing nyêkêl kuwasa.

Sakarêpmu.

Aku ora sida lunga. Banjur kêtêmu tuwan sèp sêtatsiun, ngandhakake ênggonku disawiyah. Aku anjaluk adil. Tuwan sèp iya saguh arêp nyrêngêni tuwan sing adol karcis mau. Nanging sajake kaya mung ngenaki atiku wae. Larane atiku durung mari. Rasane kaya murub, dhadhaku kaya anjêblos-jêblosa. Aku ora ngrêti, kêpriye dene tuwane kuwi têka bisa ngêtokake srêngên marang aku kaya mêngkono. Aku rak dudu bature, dudu magêrsarine. Aku ora murang tata. Gunêman cara Lănda sing adate tak êtrapake marang lurahku, marang panggêdheku, ora tau disikokake, ora tau disrêngêni. Jêbul ana ing sêtatsiun, mung tuku karcis wae disrêngêni nganti êmoh-êmoh mêngkono. Aku ora bisa mikir apa-apa liyane, kêjaba mung mikir prakara lêlakonku kuwi mau. Aku banjur sowan mênyang karêsidhenan, ngaturake lêlakonku kuwi mau kabèh sarta nyuwun adil. Tuwan rêsidhèn bêcik bangêt ênggone nampani pasowanku mau, sarta dhawuh sagah arêp mranata prakara iku mau. Kajaba iku tuwan rêsidhèn mratelakake gêgêtune, dene lêlakon mau dumadine têka ana ing gêgêbêngane. Aku banjur mundur saka ing karêsidhenan. Atiku wis rada adhêm sathithik, nanging isih duwe kuwatir, bokmanawa tumibane pangadilan isih durung nglêgakake pikir. Mulane [Mu ...]

--- 51 ---

[... lane] aku ana ing pondhokan gawe ngengrengan layang, katur marang panggêdhe ing Batawi, bakal lumantar tuwan residhèn, utawa panggêdhe liyane.

Esuke aku mriksa pamulangan ing bètèng. Rasane atiku isih kêbak, durung bisa mêmikir sing urut. Ing jêro dhadha kaya ana bêdhiyange murêng. Tumrape marang wong sing cupêt nalare, rasaning ati sing mêngkana kae tak kira bisa marakake briwut, utawa mata gelap. Aku tansah kèlingan marang wulange guruku ngaji: Innalloha: ma'asobirin (têmên, Allah iku anartani kang padha sabar). Ana manèh unine mêngkene: Assabru miphtakhul jannah. (Sabar iku soroge suwarga).

Pancèn, sing uwis-uwis, samubarang prakara tumindake tak pikir kanthi sarèh, nanging ora banjur nglêndhèh. Tak pungsêng murih bisa bêcik kadadeane. Sing uwis-uwis iya kêrêp bisa lêga atiku. Wong kuwi yèn ganêp tatakramane, manis ujare, adate ora disêngiti uwong.

Saiki tak tutugne olèhku crita. Aku lagi ana ing sajrone pamulangan, mantri gurune awèh wêruh, yèn ana Walănda arêp kêtêmu aku. Aku banjur mêtu. Tibane Landane kuwi jêbul tuwan sing adol karcis wingi kae. Diêtêrake priyayi Walănda, pètcise nganggo pasmèn. Bokmanawa kuwi utusane tuwan residhèn, didhawuhi ngatêrake tuwan mau. Aku banjur ngaruh-aruhi tuwan tukang adol karcis mau: Ada apa toean? Tuwane mangsuli cara Lănda, surasane mangkene: Ah, bok sampeyan ngandika cara Walandi kemawon, ta, Tuwan Kamil.

Aku isih banjur cara Mlayu wae. Surasane mêngkene: Wah, wingi sampeyan botên suka, kula cara Lănda. Sampeyan gadhah prêlu punapa.

Kula rumaos kalêpatan dhatêng sampeyan, dene kula srêngên dhatêng sampeyan. Kula botên sumêrêp dhatêng kalênggahan sampeyan, sabab sampeyan botên mangangge ingkang mawi tăndha kapriyantunan sampeyan. Dados anggèn kula wicantên botên kula angkah-angkah. Sapunika kula nyuwun ngapuntên.

Êlo kula mênika rak inggih panunggilanipun tiyang-tiyang ingkang sami tumbas karcis. Kadospundi, sampeyan dhatêng tiyang tumbas karcis kok makatên têmbung sampeyan. Makatên mênika rak nyimpang saking pranatan.

Inggih, kula sampun ngakên manawi lêpat, pramila nyuwun ngapuntên.

Aku banjur wiwit gunêman cara Lănda, surasane mêngkene: Mangke rumiyin. Kula inggih purun suka pangapuntên dhatêng sampeyan, sok ugi sampeyan sagah mantuni tindak sampeyan, nyêpèlèkakên dhatêng tiyang-tiyang ingkang sami tumbas karcis.

Inggih, kula sagah.

--- 52 ---

Yèn makatên kula inggih suka pangapuntên.

Ênggonku padha gunêman mangkono mau ditunggoni priyayi Walănda utusane tuwan residhèn iku mau. Banjur bubaran.

Sawise ana lêlakon mangkono iku, aku yèn ambênêri ana ing sêtatsiun, mari disawiyah. Para tuwan-tuwan punggawa ing kono katone ngajèni mênyang aku, murwat karo pêpangkatan pêparinging nagara kang tumiba marang awakku. Dene priyayi Jawa padha bungah, marga rumăngsa kêsiram, katut mundhak kajèn. Saora-oranane iya suda olèhe disapèlèkake. Kang mangkono iku ora mung saka kiraku dhewe wae, akèh sing kăndha mêngkono iku mênyang aku. Malah ana sing awèh panarima barang. Aku iya mèlu bungah, dene bisa agawe kêpenake atine kănca-kancaku. Ananging satêmêne aku ora duwe sêja sing nganèh-anèhi. Sarèhne aku rumasa kabêntus ing tawang, dadi sabisa-bisa mung golèk tămba, sarta nêdya ambênêrake barang sing klèru, nglêncêngake barang bengkong, sing mêsthine kêncêng.

Pancèn aku ora duwe niyat arêp gawe cilakane utawa sangsarane tuwan mau. Sarèhne tuwan mau sajake isih nonoman, isih akèh pangarêp-arêpe, dadi iya tak purih dadine bêcik. Saupama arêp tak gawe cilaka, rak cukup tak tulis ana ing klahtên buk, wae. Bisa dilorod utawa dilèrèni olèhe dadi punggawa sêpur, sabab dianggêp ora bisa ngladèni wong akèh.

Sasuwene aku ana ing Madiun, aku mondhok ana ing omahe ipèku, aran Radèn Cakradibrata, dadi jêksa ana ing kono. Salêbare ana lêlakon kang kasêbut ing ngarêp, tuwan rêsidhèn ing Madiun katingale asih apa ngajèni marang aku. Dhawuh arêp tuwi mênyang pondhokanku, tak ampah, mêksa rawuh, tuwi karo nyonyah mênyang pondhokanku. Ênggonku matur ngampah mangkene: Kula rikuh tuwan, manawi panjênêngan tuwèni, margi pondhokan kula botên sae. Griyanipun priyantun alit, tur mlarat. Aku dirawuhi iku iya bungah, iya rikuh. Ênggonku mulyakake iya sakuwasaku, ing samurwate awakku ana ing paran. Tuwan residhèn karo nyonyah sing dipangandikakake iya rupa-rupa kang kasrambah ing sabên dina. Olèhku manggihi iya bisa kapenak.

Seje dina ambênêri ing karêsidhenan ana rame-rame cilik-cilikan, tanggapan mênyanyi nganggo tabuhan Walănda, aku iya katut ditimbali. Ênggone manggihi aku sarta pangandikane ngrêsêpake.

Ing ngandhap punika pratelanipun sarasilahipun Radèn Kamil:

1. Radèn Kamil

--- 53 ---

2. Bapa: Radèn Wirawijaya, lurah ing dhusun Gathakan, bawah Munthilan, Magêlang.

3. Kaki: Radèn Wirawijaya, asistèn wadana (namaning pangkat, miturut tatanan enggal. Manawi miturut tatanan jaman Kêjawèn, tiyang-tiyang mastani: dêmang). Ing Gulon, Prabalingga. Sapunika kalêbêt wêwêngkon Munthilan, Magêlang, Kêdhu. Tampi blănja saking guprêmèn f 25. Kajawi punika angsal gadhuhan dhusun pitu agêng-agêng.

4. Buyut: Kyai Wirawijaya, panèwu gunung bawah Surakarta. Punika ingkang manggih êncèh isi rajabrana, ingkang andadosakên sugihipun. Kalampahanipun wontên ing salêbêting gegeran Dipanagaran.

Asal-usul ingkang kasêbut ing nginggil, dumuginipun êmbah utawi kaki, sampun kasêksèn dhatêng ingkang Bupati Magêlang.

Wondene cariyosing putra wayah, botên kasêbut ing ngriki. Punika dados bêbahanipun para putra wayah ing têmbe wingking.

Pêpundhèn ing Rêdi Giri tuwin Kiwa Têngênipun

Dening cantrik ing Giri

Sambêtipun Pusaka Jawi, ăngka 3

6. Rêdi Gandhul. Rêdi Gandhul wau dumunung ing sawingkinging kampung Cina. Kaelokaning sêndhang Si Putri ing rêdi Gandhul, sampun dipun cariyosakên. Samangke nyariyosakên kaelokan ingkang ugi sêsambêtan kalihan rêdi Gandhul.

Miturut cariyosipun mitra kula ingkang kenging dipun pitados, anuju satunggal dintên, andongèngakên cariyosipun tiyang sêpuh ugi gêgriya ing dhusun Burêng. Namanipun botên kula gêlar ing ngriki. Cariyosipun makatên: wontên tiyang, taksih kalêbêt sanakipun, gêgriya ing Wanagiri, gadhah semah pêri. Kayanganipun wontên ing rêdi Gandhul. Tiyang wau sapunika taksih gêsang, nanging rumaos rikuh manawi dipun cêthakna namanipun, mila kula wastani kemawon pun Suta, pandamêlanipun dados mandhor. Sabab dipun kèndêli anggèning dados mandhor, gêsangipun saanak semah kasrakat. Anuju satunggal dintên, tiyang wau dhatêng griyanipun tiyang sêpuhipun ing dhusun Burêng kasêbut ing nginggil. Wontên ing ngriku nyariyosakên sakathahing panandhang, ingkang jalaran dipun kèndêli anggènipun dados mandhor. Pamrayoginipun tiyang sêpuh wau, botên wontên margi sanès, kajawi ambanting raganipun. Sadumugining griya nuntên ambundêrakên tekad, sumêja anglêksanani pitêdah wau. Ringkêsanipun kemawon, saking putêking manah, lajêng kirang nêdha kirang tilêm, kesah dhatêng rêdi Gandhul, mantukipun namung kala-kala. Dangu-dangu lajêng ngêblêng wontên ing ngriku. Tekadipun, suka sirnaa saking ngalam donya, manawi tansah nandhang kasusahan, botên jamak sasamining titah. Dene ingkang dipun têdha namung sakacêpêngipun. [sa ...]

--- 54 ---

[... kacêpêngipun.] Sabab saking kiyating sêdyanipun, sanadyan anggènipun kirang nêdha kirang tilêm ngantos wêwulanan dangunipun, ewadene badan botên kirang satunggal punapa, malah karaos ènthèng, manah sênêng, pikir pajar. Sarêng anggènipun tirakat sampun sawatawis dangunipun, anuju satunggal dintên dipun panggihi pêri. Botên dipun cariyosakên rêroncènipun. Enggaling cariyos, pêri wau lajêng dados semahipun, wêkasan patutan satunggal jalêr. Sadangunipun tilas mandhor wau gadhah semah pêri wontên ing rêdi Gandhul, asring tuwi dhatêng ing dhusun Burêng, sarta anyariyosakên lêlampahanipun dhatêng tiyang sêpuh kasêbut ing nginggil, ngantos anggènipun gadhah semah pêri, patutan satunggal jalêr.

Kacariyos anak saking pêri wau saklangkung andhugal, pamanggènipun namung dhatêng sadaya tindak ingkang ugal-ugalan sarta ambucal. Kocapa sarèhning tilas mandhor wau sampun langkung nêm taunan anggèning nilar anak semah, nuju satunggal dintên pamit dhatêng semahipun pêri, badhe tuwi dhatêng ing Wanagiri sarta anakipun dipun bêkta. Semahipun ugi mrayogèkakên, sarta ngulungakên sandhanganipun ingkang dipun rimati. Sarêng tiyang wau ngrasuk sandhanganipun lami, byar katingal wana, nuntên mantuk dhatêng griyanipun sarwi anganthi anak ingkang patutan saking pêri.

Sadumugining griya, ingkang èstri tuwin anakipun sakalangkung kagèt, dene botên nyana manawi taksih gêsang, dipun kintên manawi sampun tilar donya, utawi ngical kesah dhatêng tanah sabrang, dene sampun pintên-pintên taun, sêpên pawartos. Sasampunipun aso sarta sarèh manahipun, mas tilas mandhor lajêng andongèng sadaya lêlampahanipun, wiwit kesahipun saking griya, ngantos anggènipun gadhah semah pêri patutan satunggal jalêr. Anak semahipun anjomblong sarwi prêbêng-prêbêng, mirêngakên gancaring lêlampahanipun. Ingkang èstri nakèkakên anakipun kuwalon, samangke wontên ing pundi, ingkang jalêr mangsuli manawi dipun bêkta, sarwi tanganipun ngacung dhatêng panggenaning anakipun anggènipun linggih. Ingkang èstri thingak-thinguk ngupadosi, mêksa botên sumêrêp, sabab nyiluman. Kacariyos lare wau ngantos wanci jaka agêng taksih tumut bapakipun, nanging botên kasumêrêpan tiyang kathah, kajawi bapaktipun.[1]

Saantukipun saking tirakat, sêmpulur gêsangipun saanak semah, sarta pindhah gêgriya dhatêng ing Sala. Wontên ing ngriku nyambut damêl borongan damêl griya, krêtêg sapanunggilanipun, sarta dipun kuwawèni dening anakipun jalêr patutan saking pêri. Manawi wontên garapan ingkang angèl, sarta mutawatosi, kados ta andamêl sêkur sêtin pabrik gêndhis, punika anakipun ingkang angrampungi. Dèrèng dangu punika, mas tilas mandhor tuwi dhatêng ing dhusun Burêng, cariyos manawi badhe amborong

--- 55 ---

pandamêlan damêl sêkur sêtin pabrik sarta sampun sarêmbag kalihan anakipun jalêr.

7. Cariyosipun Kyai Sidik Pramana, kala angsal wahyu wontên ing Kayangan Dalêpih.

Miturut cariyosipun pènsiunan opas pulisi, kalêrês mantu putunipun Kyai Sidik Pramana, kala taksih jaka namanipun Kasan. Wiwit jaka alit, pasabanipun ing pondhok pasantrèn Panaraga, Trêmas tuwin sanès-sanèsipun, kalihan kancanipun ngaos nama Mad Rêja. Sarêng sampun tamat anggèning ngaos, tiyang kalih wau tumuntên mantuk ing griyanipun, Kasan dipun imah-imahakên dening tiyang sêpuhipun, angsal ing dhusun Kangèn, ugi rèh kapanewon Tirtamaya. Wiwit kala samantên, Kasan tumut marasêpuhipun, ngrencangi pandamêlan tani. Sasêlaning pandamêlanipun, Kasan botên kasupèn anggènipun ngudi piwulang agami Islam, maos kitab sarta sarasehan kalihan ingkang nunggil pamanggih.

Anuju satunggal dintên, marasêpuhipun ambikak wana, badhe dipun tanêmi palawija tuwin gaga. Kajêng sarta êpang-êpang ingkang botên kangge dipun bêsmèni, awunipun kangge rabuk. Kala samantên, Kasan ambêsmi tumpukan kajêng. Dilalah sawêg dumugi apêsing badan, mripatipun kaplêtikan latu. Sadumugining griya dipun jampèni, miturut kasagêdanipun malah saya ngrêbda, wêkasan cotho botên sagêd ningali. Ewadene Kasan botên mêndha anggènipun sêtiyar pados jampi, mangidul dumugi dhusun pantog sagantên kidul, mangetan dumugi laladan Madiun, mawi sarana aling-aling ambarang kêntrung. Sadangunipun wontên salêbêting panandhang, sinambi ambarang kêntrung, warni-warni usada saking dhukun-dhukun, nanging cabar botên amigunani. Sarêng sampun judhêg pantog ihtiyaripun, lajêng mantuk dhatêng ing dhusun Karakan, rèh kapanewon Tirtamaya (Wanagiri), tumut sadhèrèkipun sêpuh nama Kyai Koripan, griyanipun wontên ing sacêlaking lèpèn Kayangan Dalêpih.

Sadangunipun wontên ing ngriku, Kasan tansah ambanting raga, nyuwun kamirahanipun ingkang kuwaos, sinambi lampah ngibadah. Sanadyan sampun têtaunan anggènipun kapati brata ewadene dèrèng wontên wêwêngan punapa jampining mripatipun, sabab saking putêking manah, kacariyos lajêng amuntu tekad, sumêja anganyut tuwuh. Sarêng sampun kênthêl tekadipun, anuju satunggal dintên, Kasan kesah dhatêng lèpèn Kayangan, sacêlaking pondhokanipun. Sarêng sampun dumugi ing ngriku, lajêng sêdhakêp anjêjêr wontên sapinggiring lèpèn, mangsuli angrêrantam ingkang dados pêpuntoning tekad. Sarêng sampun gilig yêktos tekadipun, sumêja pêjah, badanipun lajêng dipun bandhuli sela, anggêbyur ing lèpèn Kayangan Dalêpih. Ing pangangkah kalêlêpa ing kêdhung. Nanging sabab saking kamirahaning Pangeran, ingkang sipat mirah tuwin asih, ingkang botên kasamaran dhatêng kabatosanipun tiyang ambêk rahayu, ing wêkdal punika

--- 56 ---

wontên kaelokan ingkang mrojol saking nalar, anggumunakên, makatên: sanadyan awakipun dipun baluhi sela, nanging wontên ing kêdhung botên kêlêm, malah kumambang.

Sarêng wontên kaelokan ingkang kados makatên, sanalika Kyai Kasan salêbêtipun kampul-kampul wontên ing kêdhung, katuwuhan osik ing dalêm batos, bilih Gusti Allah dèrèng marêngakên nugêl lêlampahanipun, taksih badhe dipun panjangakên, sarta kintên-kintên taksih wontên jampining mripatipun ingkang taksih ginaib. Awit saking punika Kyai Kasan lajêng mêntas. Sela lajêng dipun bucali. Wêwah santosaning tekadipun, sumêja anglajêngakên tirakat wontên ing Kayangan.

Wiwit kala samantên amuntu tekad, badhe anglêluri lêlabêtanipun para linangkung ing jaman kina. Manggèn ing Sela Payung sapinggiring lèpèn Dalêpih. Miturut cariyosipun kalêrês mantu putunipun kyai kasêbut ing ngajêng, anggènipun tirakat wontên ing Sela Payung ngantos sataun. Ingkang dipun têdha, sabên saminggu dipun kintun karag saconthong alit, sarta wedang sabên dintên sacangkir. Malah kalêrês mantu putu wau ingkang asring ngintun wedang tuwin karag. Kala-kala ugi mantuk, tuwi kandhangipun, nanging wontên ing griya botên nate nêdha punapa-punapa, kajawi namung sês. Botên watawis dangu lajêng wangsul dhatêng Kayangan. Makatên salajêngipun, ngantos watawis sataun laminipun. Taksih wontên sambêtipun.

Kèn Angrok

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 3

Janggan sarêng sumêrêp kathahing jambêt kalongan, sakalangkung muring-muring, pitakèn dhatêng salah satunggaling muridipun: Genea jambu iki rusak kaya mangkono. Wangsulanipun: Punika risak margi katêdha ing lawa. Janggan tumuntên mêndhêt êrining pênjalin kangge ambrongsong jambêt wau sarta dipun jagi sadalu natas. Dene Kèn Angrok inggih tilêm malih wontên ing ambèn kidul cêlak kalihan tumpukan alang-alang, papanipun janggan, yèn mêlit atêp. Lah ing ngriku êmbun-êmbunanipun Kèn Angrok lajêng mêdal lawanipun malih pating klêpêr sami nêdhani jambêt. Dipun gusahi dhatêng janggan wau botên ajrih. Pun janggan nêpsu sangêt. Kèn Angrok dipun srêngêni sarta dipun tundhung. Ing nalika punika nglêrêsi wanci têngah dalu. Kèn Angrok kagèt lajêng tangi apungun-pungun, dèrèng jangkêp pramananipun, mêdal dhatêng ing jawi, tilêm malih wontên ing tumpukan alang-alang. Janggan mêdal anuwèni, sumêrêp ing tumpukan alang-alang wontên rêrupèn kados latu murub, sangêt andadosakên kagètipun. Ngintên bilih kabêsmèn. Sarêng dipun cêlaking[2] sarta dipun pramanêmakên, têtela bilih ingkang katingal murub punika Kèn Angrok. Lajêng dipun gugah kapurih wangsul lumêbêt tilêm ing griya. Kèn Angrok miturut.

--- 57 ---

Enjingipun dipun lilani ngundhuhi jambêt ing sakajêngipun, sangêt andadosakên suka bingahing manahipun, ngantos kawêdal têmbungipun: ing besuk samăngsa aku wis dadi uwong, kabêcikane Êmpu Janggan bakal dak walês.

Kèn Angrok sangsaya dangu sangsaya mindhak diwasa. Pandamêlanipun angèn maesa kalihan Tuwan Tita. Wontên ing sawetaning dhusun Sagênggêng sami damêl dhukuh, prêlu kangge ngadhang tiyang ingkang sami langkung ing ngriku. Tiyang langkung jalêr èstri botên wontên ingkang sagêd oncat saking roda paripêksanipun Kèn Angrok kalihan Tuwan Tita. Rêrêsah saking pandamêlipun Kèn Angrok danguning dangu kawêntar dumugi ing nagari Daha. Pangagêng ing nagari Tumapêl, inggih Sang Adipati Tunggul Amêtung sumêdya ngentasakên durjana kêkalih wau, pramila Kèn Angrok lajêng oncat saking Sagênggêng anilari upata: Muga-muga sing padha nguya-uya aku padha kêbêbêng ing banyu. Banyu kang ujug-ujug têkane. Tumuli ana prahara. Nusa Jawa banjur ilang pakewuhe. Makatên wicantênipun Kèn Angrok, lajêng kesah dhatêng ing dhusun sanès, wontên ing ngriku ambegal tiyang mikat pêksi, lajêng singidan wontên ing kajêng agêng. Kesah malih dhatêng ing dhusun sanès. Wontên ing ngriku ngantos radi dangu, pandamêlanipun inggih namung ambêbegal sarta damêl rêsah.

Anuju satunggaling dintên, Kèn Angrok kesah mêmandung, nanging konangan, lajêng kabujêng tiyang kathah sarta kakêpang. Sarèhne botên sagêd oncat, Kèn Angrok enggal mènèk ing wit tal ing têpining lèpèn. Enjingipun kasumêrêpan ing tiyang ingkang sami ambujêng. Wit tal lajêng dipun tênggani kemawon, sarta sami ngungêlakên titir rame sangêt. Ing wasana wit tal wau badhe katêgor. Kèn Angrok nangis sêsambat nêdha tulung dhatêng ramanipun. Wasana Kèn Angrok lajêng mirêng swara dumêling saking ing awang-awang. Wigatosipun, Kèn Angrok kinèn ngêthok godhong tal kangge êlar kiwa têngên sarta kadhawuhan mabur dhatêng ing sabranging lèpèn têmbing wetan, jêr dèrèng dumugi mangsanipun ajal. Kèn Angrok lajêng ngêthok godhong tal kalih kanggo êlar, mabur dhatêng ing sabrang wetan. Sadumuginipun ing ngriku lajêng taksih kabujêng ing tiyang kathah. Plajêngipun dumugi ing têgil, kapanggih kalihan lurahing dhusun ngriku sawêg madamêl kalihan anakipun ênêm. Kalêrêsan anakipun ingkang satunggal sawêg dhatêng ing lèpèn. Kèn Angrok dipun alingi kaakên anak sarta kapurih nrambul kêmpal kalihan anak-anakipun. Ingkang sami ambujêng dumugi ing ngriku pitakèn dhatêng lurah wau: He, kang lurah, ontên tiyang damêl rêsah kula bujêng, tiyang wau napa lajêng mriki. Lurah mangsuli: Dika sami sumêrêp, yèn anakku nênêm, lah niku sing padha nanêm niku rak ênggih jangkêp nênêm, ta. Dika wilang piyambak. Nèk langkung sêtunggal, ênggih langkungane niku

--- 58 ---

tiyange. Tiyang ingkang sami ambujêng wicantên: Ênggih, anak dika ênêm, sing padha tanêm niku ênggih mung ênêm. Sasampunipun wicantên makatên tumuntên sami kesah. Ki lurah wicantên dhatêng Kèn Angrok: Le, kowe saiki bêcik lungaa wae, bokmanawa yèn sing padha amburu bali mrene manèh, ênggonmu ngungsi mênyang ênggonku rak tanpa gawe. Mulane ngungsia bali mlêbu ing alas bae. Kèn Angrok mituhu, lajêng lumêbêt ing wana.

Kacariyos wontên lurah dhusun dhatêng ing pagagan badhe mlujêng sarta nanam[3] kacang. Lurah wau ambêkta sangu sêkul kawadhahan ing bumbung kangge ingon lare pangènipun ingkang anggirèkakên maesa. Sadumuginipun ing pakacangan, bumbungipun kasèlèhakên wontên ing undhung-undhungan. Kyai lurah kêtungkul anggènipun mlujêng, botên sumêrêp bilih bumbungipun dipun rundhuk Kèn Angrok sarta kapêndhêt sêkulipun. Kyai lurah sakalangkung gumun, dene sêkul ingkang kangge ingon pangènipun sabên dintên ical botên kantênan ingkang mêndhêt. Anuju satunggaling dintên pangènipun kapurih mlujêng, wondene kyai lurah andhêdhêpi andingkik tiyang ingkang nyolong sêkulipun. Botên antawis dangu Kèn Angrok mêdal saking ing wana badhe nyolong sêkul, lajêng dipun sapa: E, e, thole, dadi kowe sing sabên dina anjupuki sêgane pangonku. Wangsulanipun Kèn Angrok: Inggih kyai lurah, sabên dintên sêkulipun pangèn sampeyan kula pêndhêt, amargi kula kêluwèn botên wontên ingkang kula têdha. Kyai lurah wicantên malih: Le, yèn kowe ngêlih, mênyanga ing pasramanku, anjaluka sêga sabên dina, awit aku sabên dina ngarêp-arêp têkaning dhayoh. Kèn Angrok lajêng kaajak mantuk, dipun sukani sêkul kalihan ulam. Kyai lurah wêling dhatêng ingkang èstri, yèn lare punika dhatêng, kapurih nyukani sêkul sacêkapipun. Kèn Angrok sabên dintên dhatêng pasraman sayêktos nyadhong sêkul. Sarêng sampun radi dangu lajêng andumugèkakên lampahipun.

Kacariyos lêlurah ing Turyantapada namanipun Êmpu Palot, wangsul saking dhucun[4] Kabalon badhe mantuk dhatêng ing dhusunipun. Êmpu Palot punika wêgig ing ngèlmu damêl êmas utawi kawruh kêmasan,[5] dene gurunipun Kyai Buyut ing Balon, sakalangkung mumpuni ing kawruh punika wau. Êmpu Palok[6] mantukipun saking Kabalon ambêkta guru bakal gangsal tail. Dumugining margi rangu-ngura[7] ajrih mantuk piyambak, amargi mirêng pawartos, bilih wontên begal pêng-pêngan namanipun Kèn Angrok, damêlipun ambêbegal wontên ing margi ngriku. Dumadakan wontên ing pakèndêlan ngriku kapanggih kalihan Kèn Angrok. Ananging dèrèng mangrêtos, yèn punika Kèn Angrok. Êmpu

--- 59 ---

Palot nyariyosakên jalaranipun anggènipun botên wani mantuk. Kèn Angrok mèsêm amangsuli: Kyai, măngga kula dhèrèkakên. Mangke manawi kêpanggih kalihan tiyang ingkang nama Kèn Angrok punika kula ayonanipun. Sampun kuwatos kyai, măngga kula dhèrèkakên. Êmpu Palot rumaos kapotangan kasaenan. Sadumugining griyanipun, Kèn Angrok dipun wêjang ngèlmu damêl êmas. Sakêdhap kemawon sampun mumpuni, ngungkuli gurunipun. Kèn Angrok dipun akên anak. Tangkêpipun Kèn Angrok dhatêng Êmpu Palot sakalangkung sae, kados dhatêng bapakipun piyambak.

Ing sarèhne Êmpu Palot rumaos bilih sêsêrêpanipun taksih wontên kuciwanipun, Kèn Angrok lajêng kapurih maguru dhatêng Kyai Buyut ing Kabalon. Ananging sadumuginipun ing ngriku, dipun sujanani ing têtiyang Kabalon, pramila nêpsu sangêt sarta ngêsotakên têtiyang ing ngriku, malah pangagêngipun badhe dipun pêjahi, namung sagêd oncat, tumuntên lumajêng dhatêng kabuyutan Kabalon. Para tapa sadaya sami dipun cariyosi awonipun Kèn Angrok. Lajêng sami mêdal. Sami ambêkta dêdamêl palu găngsa ambujêng Kèn Angrok. Sarêng kacêpêng, lajêng dipun gêbagi. Angkahipun badhe dipun pêjahi pisan. Ananging lajêng wontên swara dumêling saking ing awang-awang: Wong kuwi aja kopatèni, kuwi anakku, isih akèh lêlakone ana ing marcapada. Makatên ujaring swara. Kèn Angrok lajêng dipun upakara, botên kalajêng tiwas. Sarêng sampun èngêt, lajêng andhawahakên ujar, wicantênipun: Ing sawetaning gunung Kawi bakal ora ana wong tapa kang ora mumpuni ing ngèlmu gawe êmas. Kèn Angrok lajêng wangsul dhatêng Turyantapada. Êmpu Palot lajêng sampun amumpuni ing ngèlmu damêl êmas. Sakesahipun saking ing Turyantapada, Kèn Angrok damêl rêrêsah malih. Wêkasan wangsul malih dhatêng ing pasramanipun Êmpu Palot sarta aprasêtya: Yèn aku wis dadi uwong, aku arêp dana salaka marang êmpu ing pasraman kene iki.

Rêrêsah saking pandamêlipun Kèn Angrok wau kawartos dumugi ing Daha malih sarta ugi kasumêrêpan bilih Kèn Angrok samangke singidan wontên ing Turyantapada. Kèn Angrok tumuntên kaubêr-ubêr malih kesah saking ing Turyantapada. Wasananipun anênêpi, tampi wisik kapurih dhatêng ing rêdi Lêjar ing dintên Rêbo Wage wuku Warigadyan. Ing dintên punika para dewa kalêrês badhe sami rêrêmbagan wontên ing ngriku. Wicantênipun nini-nini ingkang wontên ing panêpèn: Thole, kowe bakal dak pitulungi sarta dak singidake. Ora-orane yèn nganti ana sing wêruh. Wong gaweku nyapu ana ing gunung Lêjar. Yèn para dewa parêpatan, iya ana kono.

Kèn Angrok lajêng dhatêng ing rêdi Lêjar. Sarêng [Sa ...]

--- 60 ---

[... rêng] dumugi ing dintên Rêbo Wage wuku Warigadyan, Kèn Angrok mara dhatêng ing pamusawaratan, andhêlik ing pawuhan. Badanipun dipun urugi rumput dening nini-nini wau. Wasana lajêng wontên swara pitung warni mungêl sêsarêngan: gêtêr, patêr, lindhu, blêdhèg, thathit, lesus, prahara, jawah salah măngsa. Ing langit katingal wontên teja wangkawa ngênguwung, suwara gumludhug gumlêgêr tanpa kêndhat. Wondene ingkang dadès[8] rêraosaning para dewa, sintên ingkang pantês jumênêng nata damêl kêkahipun nusa Jawi. Bathara Guru ngandika: Kawruhana para dewa kabèh. Aku duwe anak kang lair saka wong wadon ing desa Pungkur, kuwi sing bakal gawe kukuhe nusa Jawa. Ing nalika punika Kèn Angrok mancungul saking ing pawuhan. Para dewa sumêrêp Kèn Angrok sakalangkung bingah. Sadaya sami nayogyani sarta anêtêpakên, benjing samăngsa jumênêng nata, ajêjuluka Bathara Guru. Para dewa tumuntên sami surak mawurahan.

Saking karsaning dewa Kèn Angrok taksih kêdah nglampahi ambapa dhatêng Brahmana Lohgawe, ingkang mêntas dhatêng saking ing Jambudwipa, prêlu madosi Kèn Angrok. Inggih ing wêkdal punika wiwitanipun para brahmana dêdunung ing sawetaning rêdi Kawi. Sang brahmana wau nalikanipun ngajawi, botên numpak baita, namung numpak godhong kêkatang tigang lêmbar. Sadumuginipun ing nusa Jawi lajêng midêr-midêr madosi Kèn Angrok. Wicantênipun: Mêsthi ana bocah sing tangane dawa têkan ing dhêngkul, tangane têngên rajahe cakra, sing kiwa rajahe săngka, jênênge Kèn Angrok. Bocah kuwi katon ana ing sajrone aku mêmuja. Kuwi titise Bathara Wisnu. Nalikane aku ana ing Jambudwipa didhawuhi mangkene: Lohgawe, wus lawas angonmu mêmuja marang rêcaku, ananging sumurupa, aku wis ora ana ing kene. Aku manjanma ana ing nusa Jawa. Enggal mèlua aku mrana. Jênêngku saiki Kèn Angrok. Golèkana ana ing Patopan.

Sarêng dipun padosi dhatêng Patopan, saèstu sagêd kapanggih. Dipun waspadakakên, trêp nètèsi kados ingkang katingal ing dalêm pamujan. Kèn Angrok dipun pitakèni: He, anggèr, kowe kuwi rak Kèn Angrok, ta, ênggonku mangrêti marang kowe iku marga kowe katon ana ing sajrone aku mêmuja. Wangsulanipun Kèn Angrok: Nuwun inggih kula punika Kèn Angrok. Kèn Angrok lajêng karangkul, wicantênipun: Anggèr, kowe dak êpèk anak, bakal dak pitulungi ing sajroning kasusahan sarta dak êmong ing saparan-paranmu.

Kèn Angrok kalihan sang brahmana tumuntên sami dhatêng Tumapêl. Wontên ing ngriku sagêd anglêksanani kapengining manahipun, anggènipun badhe sowan ing ngarsanipun Sang Adipati Tunggul Amêtung. Pangandikanipun Tunggul [Tung ...]

--- 61 ---

[... gul] Amêtung: Wilujêng rawuh panjênêngan sang brahmana. Pundi ingkang pinăngka, dene nêmbe punika kula sumêrêp, wangsulanipun Brahmana Lohgawe: Anggèr, sang adipati, kula punika mêntas kemawon dhatêng saking sabrang. Sakalangkung kêpengining manah kula badhe suwita sarta ngêmpèk dêdunung ing ngriki. Makatên ugi badhe ngabdèkakên anak kula punika. Wangsulanipun Tunggul Amêtung: Sakalangkung bingahing manah kula, manawi sang brahmana kasdu dêdunung tunggil kalihan kula. Kèn Angrok ngantos watawis dangu anggènipun suwita wontên ing Kadipatèn Tumapêl.

Kacariyos ing Panawijèn wontên bujăngga Buda golongan Mahayana, namanipun Êmpu Purwa. Sadèrèngipun dados ajar, gadhah anak èstri satunggal sakalangkung endah ing warni, namanipun Kèn Dhêdhês. Punjuling warni kawêntar ing sawetaning rêdi Kawi, botên wontên ingkang tumimbang. Tunggul Amêtung, sarêng midhangêt pawartos wau, lajêng tindak dhatêng Panawijèn anjujug ing dhukuhipun Êmpu Purwa, ananging pinanggih sêpên. Ingkang wontên ing griya namung Kèn Dhêdhês piyambak. Sumêrêp endahing warninipun Kèn Dhêdhês, Tunggul Amêtung kagiwang manahipun. Botên taha-taha Kèn Dhêdhês lajêng kakiwat kaplajêngakên. Sarêng Êmpu Purwa mantuk, pinanggih sêpên, anakipun sampun kaplajêngakên. Saking kabrananging manah lajêng andhawahakên upata: Sing mlayokake anakku muga-muga aja bisa tutug anggone mukti, olèha wêwalês ilang bojone. Muga-muga matia disuduk ing kêris. Dene wong-wong ing Panawijèn muga-muga kasatan banyu pangangsone. Bèjine aja mêtu banyune, marga wong-wong kene ora gêlêm wêwarta, yèn anakku dikiwak ing uwong. Mungguh anakku, sarèhne uwis putus ing guna bisa awèh pêpadhang, pangarêp-arêpku muga-muga bisaa olèh kabêgjan gêdhe.

Sadumuginipun ing Tumapêl, Kèn Dhêdhês kapundhut garwa dhatêng Tunggul Amêtung, sangêt sinihan. Botên antawis dangu Kèn Dhêdhês ngidham, tumuntên dipun sênêng-sênêngakên kaajak ngenggar-enggar dhatêng ing patamanan, numpak kareta. Sadumuginipun ing patamanan, ing nalikanipun Kèn Dhêdhês mêdhak saking kreta, kengis wêntisipun sumilak, wêwadosipun katingal murub. Kèn Angrok sumêrêp, sami sakala manahipun baliwur kasmaran. Kèn Dhêdhês tuhu pinunjul ing warni, botên wontên ingkang nyamèni.

Tunggul Amêtung kalihan Kèn Dhêdhês wangsul saking patamanan. Kèn Angrok cariyos dhatêng Lohgawe: Rama, kula sumêrêp wontên tiyang èstri murub wêwadosipun. Pawèstri makatên punika asung kabêgjan punapa kasangsaran. Êmpu Lohgawe mangsuli: Yèn ana wong wadon kaya mangkono, anggèr, kuwi têtungguling wanita, adi-adining wanita. Yèn ana wong bisa ngêpèk wanita mangkono kuwi, sanadyan wong pidak padarakan, bisa dadi ratu anyakrawarti. Kèn Angrok kèndêl

--- 62 ---

wasana wicantên malih: Rama, ingkang murub wêwadosipun punika garwanipun Sang Adipati Tumapêl. Sang adipati badhe kula prajaya, têmtu botên sagêd oncat saking tangan kula, sok ugi rama nayogyani. Sang brahmana mangsuli: Anggèr, Tunggul Amêtung iya bisa kêlakon mati dening kowe, ananging ora patut, yèn ta aku nayogyanana karêpmu. Jêr kang kaya mangkono kuwi dudu lêkasing brahmana. Kabèh-kabèh kudu mung gumantung marang karêpmu dhe.[9]

Kèn Angrok wicantên: Manawi makatên, kula nyuwun pamit, rama. Brahmana apitakèn: Anggèr, kowe arêp mênyang ngêndi. Wangsulanipun Kèng Angrok: Kula badhe dhatêng Karuman panggenanipun botoh, anama Bango Samparan, rumiyin kula dipun pêndhêt anak. Bokmanawi nayogyani niyat kula. Êmpu Lohgawe wicantên malih: Iya, ta, ênggèr, sakarêpmu. Nanging aja lawas-lawas ana ing Karuman. Wangsulanipun Kèn Angrok: Dangu-dangu kangge punapa.

Kèn Angrok pangkat saking Tumapêl dhatêng ing Karuman kapanggih kalihan Bango Samparan. Dipun pitakèni makatên: Saka ing ngêndi kowe, anggèr, lawas têmên ora mrene-mrene. Anggonku kêtêmu karo kowe sasat kayadene ngimpi. Lawas têmên anggonmu lunga. Kèn Angrok mangsuli: Kula wontên ing Tumapêl andhèrèk sang adipati. Mênggah anggèn kula sowan mriki punika, wigatosipun, enggal mangke kula sumêrêp garwanipun sang adipati mêdhak saking kreta kengis wêntisipun têmah katingal sumunar baganipun. Kula pitakèn dhatêng Êmpu Lohgawe, bapa angkat kula ingkang mêntas kemawon ngajawi, kadospundi angsaripun pawèstri ingkang kados makatên punika. Sang brahmana ngandharakên, bilih punika têtungguling wanita. Sok sintêna sagêd anggadhahi, têmtu sagêd dados ratu anyakrawarti. Barèsipun kemawon kula kapengin dados ratu. Niyat kula, Tunggul Amêtung badhe kula pêjahi. Garwanipun badhe kula alap. Kula sampun nyuwun palilah rama brahmana, botên nayogyani niyat kula punika, ananging ugi botên mêmalangi, mila kula sowan mriki, badhe nyuwun idi palilahipun bapak. Bango Samparan mangsuli: Yèn mangkono prayoga bangêt. Anggonmu arêp nyidra Tunggul Amêtung dak idèni. Ananging Kèn Angrok, Tunggul Amêtung kuwi têguh bangêt, ora pasah yèn ta mung disuduka ing kêris sing tembre-tembre bae. Aku duwe mitra pandhe ing Lêlumbang arane Êmpu Gandring. Kêris yasane mitayani bangêt. Wong têguh dikayangapa ora bakal mindho gawèni. Kuwi êkonên anggawèkake kêris, ênggonên nyidra Tunggul Amêtung. Makatên wêwarahipun Bango Samparan. Kèn Angrok pamit lajêng dhatêng ing Lêlumbang.

Sadumuginipun ing Lêlumbang, pinanggih Êmpu Gandring sawêg nyambut damêl wonlên[10] ing bêsalèn. Kèn Angrok pitakèn: Manawi

--- 63 ---

kula botên klèntu, kados sampeyan ingkang nama Êmpu Gandring. Kula sampeyan damêlakên dhuwung, kadadosna ing salêbêtipun gangsal wulan. Êmpu Gandring mangsuli: Manawi ing salêbêtipun gangsal wulan botên sagêd. Yèn sampeyan ngarsakakên dhuwung ingkang sae têmênan, samăngsa sampun sataun, gêmblenganipun sampun tanak. Kèn Angrok mangsuli cêkak aos: Bab panggrendanipun, kula botên praduli, waton ing salêbêtipun gangsal wulan sagêd rampung.

Kèn Angrok lajêng wangsul dhatêng Tumapêl, kapanggih kalihan Êmpu Lohgawe, dipun pitakèni: Ênggonmu lunga kok nganti lawas têmên. Kèn Angrok mangsuli: Inggih kula mawi mampir-mampir dhatêng dhusun sanès.

Kèn Angrok ngêntosi wontên ing Tumapêl. Sarêng sampun gangsal wulan, kèngêtan samadosanipun kalihan Êmpu Gandring. Lajêng dhatêng ing Lêlumbang, kapanggih Êmpu Gandring sawêg anggrenda dhuwung wêlinganipun. Wicantênipun Kèn Angrok: Pundi dhuwung wêlingan kula. Wangsulanipun Êmpu Gandring: Inggih ingkang kula grenda punika. Dhuwung dipun têdha badhe dipun tingali, têmahan Kèng Angrok wicantên asêmu nêpsu: Tanpa damêl anggèn kula andandosakên dhuwung dhatêng sampeyan. Dhuwung punika dèrèng rampung panggrendanipun. Wilahipun taksih kasar. Punapa makatên punika wujuding garapan sampeyan ing dalêm gangsal wulan. Kèn Angrok grêgêtên sangêt. Êmpu Gandring lajêng kasuduk mawi dhuwung damêlanipun piyambak. Dhuwung tumuntên kapêrangakên ing lumpang sela tadhah bobokan grendan, sigar byak. Lajêng kapêrangakên dhatêng paron, inggih sigar byak sami sakala. Êmpu Gandring sadèrèngipun pêjah atilar upata, têmbungipun: Kèn Angrok bakal nêmahi tiwas karana kêris kuwi. Patine anak putune iya karana kêris kuwi. Ing têmbe kêris kuwi bakal olèh ratu pêpitu. Bakda wicantên makatên, Êmpu Gandring lajêng pêjah. Kèn Angrok sumêrêp pêjahipun Êmpu Gandring sakalangkung ing gêgêtunipun, wêkasan kawêdal prasêtyanipun: Yèn aku wis dadi uwong, anak putune Êmpu Gandring arêp tak muktèkake, minăngka pratandhane panarimaku sarta pangaji-ajiku marang kyai êmpu. Sasampunipun wicantên makatên, Kèn Angrok lajêng mantuk dhatêng Tumapêl.

Kacariyos, Tunggul Amêtung kagungan abdi kêkasih nama Kêbo Ijo. Anggènipun apawongmitra kalihan Kèn Angrok rakêt sangêt. Sarêng sumêrêp Kèn Angrok nyêngkêlit dhuwung babaran anyar, warangkanipun kajêng cangkring taksih katutan êrinipun, punapadene dèrèng dipun jabung, Kêbo Ijo sakalangkung rêmên, ngantos kawêdal panêmbungipun: He, kang, kêrismu kuwi dak pèke, ya. Dhuwung kasukakakên, lajêng dipun angge dhatêng pun Kêbo Ijo, margi saking sangêting sênêngipun, anggènipun ngangge dhuwungipun Kèn Angrok [A ...]

--- 64 ---

[... ngrok] punika ngantos dangu, ngantos têtiyang ing Tumapêl sami sumêrêp, bilih Kêbo Ijo ngangge dhuwung anyar. Dhuwung wau lajêng dipun colong Kèn Angrok, botên konangan. Anuju ing wanci dalu Kèn Angrok lumêbêt ing dalêm kadipatèn, lajêng lumêbêt ing pasarean. Saking karsaning dewa lampahipun Kèn Angrok wau botên wontên ingkang ngonangi. Tunggul Amêtung tumuntên kasuduk jajanipun anrus ing jantung, pêjah kapisanan. Dene dhuwung yasanipun Êmpu Gandring wau kajarag kakantunakên. Enjingipun kasumêrêpan bilih Tunggul Amêtung sampun pêjah kaprajaya ing tiyang. Dhuwungipun taksih tumancêb ing jajanipun. Têtiyang ing Tumapêl botên pangling yèn dhuwung punika gadhahanipun Kêbo Ijo ingkang dipun angge sabên dintên. Pramila Kêbo Ijo ingkang kêdhawahan awu angêt, wasananipun dipun cêpêng dening kadang warganipun Tunggul Amêtung sarta lajêng kasuduk ngangge dhuwung yasanipun Êmpu Gandring wau, pêjah sami sakala.

Kêbo Ijo wau gadhah anak satunggal anama Isarandhi, sangêt susahing manah dene tinilar ing bapakipun. Kèn Angrok wêlas aningali. Lare wau lajêng dipun opèni kadadosakên pêkathikipun.

Para dewa sami mutêr lêlampahanipun Kèn Angrok amurih sagêd kalampahan ngalap Kèn Dhêdhês. Sampun watawis dangu Kèn Angrok anggènipun ngêsiri Kèn Dhêdhês. Sasolah tingkahipun botên wontên ingkang wani nyêndhu. Dalasan kadang warganipun Tunggul Amêtung inggih sami kèndêl kemawon. Ing wasana kêlampahan Kèn Dhêdhês dipun alap Kèn Angrok.

Kawontênan ing sawetaning rêdi Kawi lajêng wiwit ewah. Têtiyang sadaya sami ajrih dhatêng Kèn Angrok. Ewasamantên Kèn Angrok taksih dèrèng kadugi madêg dados ratu. Măngka têtiyang sanagari Tumapêl sadaya sampun sami arug kêpenginipun dipun ratoni Kèn Angrok.

Kados sampun dados karsaning dewa, anggènipun adamêl lêlampahan wontên ing marcapada. Makatên: panjênênganing nata ing Daha Prabu Dhandhanggêndhis andhawahakên pangandika dhatêng para rêsi ing wêwêngkonipun, pangandikanipun: He, para rêsi kabèh, rêsi agama Siwah tuwin rêsi agama Buda, genea sira padha ora gêlêm nyêmbah marang jênêng ingsun. Ingsun iki rak Bathara Guru, ta. Atur wangsulanipun para rêsi sadaya: Gusti, wiwit ing kina mila, botên wontên rêsi nyêmbah dhatêng ratu. Dhandhanggêndhis ngandika malih: Lah yèn ing kuna-kunane ora ana, ya saiki iki sira padha wiwita nêmbah marang jênêng ingsun. Yèn sira durung wêruh marang kasêktèn ingsun, mara awasna iki. Sang Prabu Dhandhanggêndhis ngêdêgakên tumbak, landheyanipun katancêbakên ing siti, panjênênganipun lênggah wontên ing pucukipun kalihan ngandika: He, para rêsi, dêlêngên kasêktèn ingsun. Taksih wontên sambêtipun.

--- 65 ---


bapakipun. (kembali)
bapakipun.
cêlaki. (kembali)
cêlaki.
namêm. (kembali)
namêm.
dhusun. (kembali)
dhusun.
§ Babonipun: Dharmakancanasidhi (: măntra ingkang anjalari sagêd damêl utawi manggih mas). (kembali)
§ Babonipun: Dharmakancanasidhi (: măntra ingkang anjalari sagêd damêl utawi manggih mas).
Palot. (kembali)
Palot.
rangu-rangu. (kembali)
rangu-rangu.
dados. (kembali)
dados.
dhewe. (kembali)
dhewe.
10 wontên. (kembali)
wontên.