Pusaka Jawi, Java Instituut, 1935-07, #429

Judul

Ăngka 7, Juli 1935. Taun XIV

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên pakêmpalan: Yapha Insêtitut (JAVA-INSTITUUT) Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Yasawidagda, sarta Arjasumitra.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi sarta sêrat panêmbung dados lêngganan, dipun ngalamatana dhatêng: administrasi Pusaka Jawi, Museum, Yapha Insêtitit, ing alun-alun êlèr, Ngayogyakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Sêsorahipun Tuwan Dhoktor C. HOOYKAAS

Wontên ing gêdhong Radyapustaka ing Surakarta, nalika dintên Rêbo tanggal 10 April 1935 bab agami Buda.

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 6

Agami Buda punika wulangipun botên ngwontênakên nyawa. Prakawis punika pratelan dalah katranganipun kawrat ing sêrat ingkang nyariyosakên anggènipun imbal pangandika Prabu Milinda kalihan Bagawan Nagasena. Bagawan Nagasena wau matur, bilih inggih kenging mastani dhatêng piyambakipun: Nagasena, anamung sayêktosipun pangêrtos bab punika ingkang sajatos, botên kenging dipun pratelakakên cêkak-cêkakan makatên. Sang Prabu inggih lajêng nglêrêsakên pamanggih makatên punika, sabab inggih priksa bilih rambutipun, botên kenging dipun wastani Nagasena, untu, daging, kulit, sarta sanès-sanèsipun, inggih botên kenging dipun wastani Nagasena. Makatên ugi ingkang anama kreta punika inggih botên namung awujud lar-laran utawi rodha kemawon utawi sanès-sanèsipun. Ingkang anama kreta punika kêmpal sarta mathukipun ingkang prayogi: sadaya pêprincènipun ingkang prêlu-prêlu. Dados, ingkang gadhah nyawa punika dede manungsa. Kêmpal sarta mathukipun pêprincèn gangsal punika, ingkang mujudakên manungsa. Pêprincèn gangsal punika: raga, raos, angên-angên, panyana-nyana sarta wawasan.

Mênggah kawontênanipun manungsa punika botên ajêg, botên têtêp, tansah ewah-ewah kemawon. Punika kenging kaèmpêrakên kalihan urubing latu. Murubipun [Murubipu ...]

--- 98 ---

[... n] sagêd lajêng kemawon, kados-kados ajêg sami kemawon warninipun. Anamung sayêktosipun babarpisan botên nate ajêg. Nitik santun-santunipun ingkang kabêsmi kemawon, inggih sampun kenging dipun gagapi, bilih urubipun tamtu botên sami. Urub punika namung satunggal, sambêt-sumambêt, tanpa wangênan. Urub ingkang enggal nyambêti utawi anggêntosi urub ingkang rumiyin utawi ingkang lami. Dados têrangipun makatên: samukawis ingkang katingalipun kados wontên, punika tamtu tansah ewah gingsir. Wondene manungsa punika, nalikanipun gêsang, kenging kabasakakên ngurêngi samukawis ingkang dipun kêmpali, andadosakên murub utawi mubaling păncadriyanipun. Manungsa punika nandhingi utawi ngurêngi utawi ngêrêk dhatêng samukawis ingkang dipun alami, kadosdene urubing latu ngurêngi urub-urubipun. Manawi nyawa, sarèhne kalêbêt dhatêng băngsa ingkang maujud langgêng utawi ajêg, botên kenging, yèn dipun têmbungakên makatên punika. Ingkang sagêd kados makatên punika wau namung samukawis ingkang tansah ewah gingsir.

Katêntrêman ingkang langgêng punika namung dumunung wontên ing nirwana, punika kamulyaning wawasan ingkang sajati, kamulyaning pangruwatipun sangsara. Wulang makatên punika nukulakên angên-angên makatên: bisane ngrasakake kamulyan kêpriye, wong wis ilang pangrasane. Wangsulanipun tiyang Buda makatên: Iya olèhe wis ilang pangrasane kuwi, sing aran kamulyan sajati. Ginêm makatên punika tumrapipun kula panjênêngan lajêng namung ngêcupi makatên kemawon: La kok ya enak, olèhe mangsuli, bisa pêpincangan. Tiyang agami Buda, manawi sampun sumêngka dumugi sirnaning dosanipun babarpisan, lajêng rumaos sampun kadumugèn sêdyanipun, lajêng kalis ing susah utawi prihatos. Bab gênahipun nirwana punika, punapa ana langgêng, punapa langgêng ora anane, punika tumrapipun tiyang agami Buda botên dipun tumut-tumutakên dhatêng bab anggènipun anggayuh nirwana murih luwaripun saking sangsara punika. Dados botên kok badhe ngangsal-angsalakên badanipun piyambak kemawon, botên. Tiyang agami Indhu ing jaman kina, katawis marsudi sangêt anggènipun badhe ngoncati sangsara. Anggènipun ngulir budi murih sagêd manggihakên sarananipun, tanpa kèndêl, ngantos botên kobêr ngangên-angên kawontênanipun kaanan ingkang dipun tuju punika adhapur: ora ana apa-apa, punapa kamulyan ingkang kalangkung-langkung.

Ingkang kula aturakên punika wau cariyos bab lêlampahan sarta wêwulangipun Sang Buda, samangke kula badhe ngaturakên bab lampah-lampahipun para sogata utawi biksu Buda, punapa malih bab lampah-lampahipun têtiyang limrah ingkang sami ngakên tiyang Buda. Pêpacaking agami kathah awarni-warni, namung ingkang kaanggêp [kaanggê ...]

--- 99 ---

[... p] prêlu sangêt wontên gangsal prakawis. Sapisan: botên kenging mêmêjahi samukawis ingkang asipat gêsang. Kaping kalih: botên kenging ngêpèk darbèking liyan. Kaping tiga: botên kenging ngrêsahi semahipun tiyang. Kaping sakawan: botên kenging goroh. Kaping gangsal: botên kenging ngombe inuman kêras, kajawi punika para biksu kêdah suci saking ingkang nama kêmpal kalihan tiyang èstri. Wontên malih awisanipun warni-warni tur kathah, jalaran botên kenging ngalap suka sakêdhik-kêdhika, sarta botên kenging nyambut damêl awrat, sabab kuwatos, bokmanawi panyambut damêlipun punika lajêng dados pakarêman ingkang murugakên kêtagihan, utawi lajêng murugakên kêtungkul. Sampun saèstu kemawon ing agami Buda, sarèhne pêpacakipun kathah ingkang mungêl: ora kêna, ora kêna makatên, anggêr-anggêripun inggih kathah ingkang awujud awisan, tinimbang ingkang awujud pakèn. Anamung kodrat utawi dhasar punika tiyang mênang yèn kalihan wulang. Ingkang kadamêl pasêksènipun prakawis têmênipun ungêl-ungêlan punika, awarni cariyos ingkang badhe kula aturakên punika. Makatên:

Wontên ratu jêjuluk Prabu Asoka, punika kagungan putra kakung anama Kunala. Kunala punika sajatosipun namaning bangsanipun pêksi, mripatipun sae kinclong-kinclong. Dene sang pangeran wau tingalipun inggih sae kinclong-kinclong, pramila dipun namakakên Kunala. Kajawi bagus, sang pangeran wau inggih mituhu dhatêng wêwulanging agami. Sang pangeran pinuju muja sêmèdi wontên ing pratapan têbih saking kadhaton, wontên ibunipun kuwalon ingkang kasmaran dhatêng sariranipun, namung botên dipun langgati. Punika andadosakên runtikipun sang putri, lajêng malik angên-angênipun dados gêthing anjêring dhatêng sang pangeran. Punika sagêd mêndhêt cap kagunganipun sang prabu (dhêdhêmitan), kaangge ngêcapi sêrat dhawuh, nyuplak tingalipun sang pangeran kalih pisan. Dhawuh wau botên wontên ingkang kadugi nindakakên, margi sami trêsna dhatêng sang pangeran. Saking pangudinipun sang pangeran piyambak, murih dhawuh wau sagêd kalêksanan, lajêng wontên tiyang awon lêlêthêking nagari, ingkang purun nindakakên dhawuh wau, nyuplak socanipun sang pangeran. Sarêng sawêg sasisih, soca ingkang dipun cuplak, tiyang-tiyang ingkang sumêrêp dhatêng lêlampahan punika, sami pating grunêng, sarta sambat-sambat, wêlas dhatêng sang pangeran, sarta gêgêtun, dene bagus-bagus, kok lajêng ical tingalipun sasisih. Anamung sang pangeran katingalipun ayêm kemawon. Tingal ingkang sampun kacuplak wau dipun tumpangakên ing asta, lajêng dipun pangandikani makatên: E, daging, gawemu kok mung awèh gambar sing ora nyata wae. Wong-wong kang padha trêsna marang kowe iku pancèn wong gêmblung. Sarêng tingal satunggalipun [satungga ...]

--- 100 ---

[... lipun] inggih sampun kacuplak, sang pangeran ngandika: Saiki mripatku kang wujud daging wis diilangi, nanging aku banjur olèh mripat kawicaksanan sing ora bisa klèru. Ratu ing nagara kene wis ora gêlêm ngaku anak marang aku. Saiki aku dadi putrane ratuning kasunyatan. Aku kelangan karaton ing donya, nanging aku malah bathi, bisa ngêrèhake kasunyatan. Aku kang bisa ambengkas sangsara. Sarêng pawingkingipun sang pangeran mirêng, bilih ingkang kagungan pokal makatên punika sang putri ingkang dipun êmohi, punika malah dipun pujèkakên sae, jalaran sang putri wau ingkang dados jalaran anggènipun sagêd anggayuh kawilujêngan ingkang luhur piyambak. Sarêng sang prabu midhangêt, bilih lêlampahan wau tumindakipun jalaran kanthi asmanipun, sang prabu badhe andhawahakên timbalan mêsiasat sang putri ngantos sasedanipun, ananging sang putri dipun suwunakên pangapuntên dhatêng sang pangeran, aturipun ingkang pungkasan makatên: Rama, kawula wêlas sangêt dhatêng putri ingkang dhawuh nyuplak mripat kawula kalih pisan. Atur kawula punika têmên-têmên. Ingkang punika kawula ngaturakên prasêtya: Mugi-mugi mripat kawula kêkalih sagêda pulih, dadosa pasêksèn têmên sarta lêrêsing atur kawula. Wasana kalêksanan pulih tingalipun sang pangeran.

Cariyos punika wau, yèn pantês-pantêsipun, mijil saking mêmanahanipun tiyang agami Indhu, botên patos mèmpêr manawi saking tiyang Buda, ewasamantên mratandhani bilih mêmanahanipun tiyang kalih warni wau sae. Sugih pangapuntên sarta wêlasan punika, sagêd nuntuni dhatêng watak purun ngêtohakên jiwa raga. Tiga pisan kalêbêt dhatêng lampah sae ingkang pinunjul. Punika sok kadamêl dhêdhasaring damêl cariyos ingkang mratelakakên lêlampahanipun têtiyang mursid. Sanajan cariyos ingkang makatên wau mratelakakên lampah ingkang dhumawah dhatêng tiyang sanès, namung ingkang dipun prêlokakên tiyang agami Buda, bab lampahing kabatosan. Ing salêbêting cariyos punika wau suraosipun mratelakakên bab botên wontênipun nyawa, panjênêngan tamtunipun inggih sagêd anggagapi. Ewasamantên katingal ing lair. Bilih têtiyang Buda ingkang mursid, tansah mrasudi dhatêng kasampurnaning dhiri, dhatêng kawilujênganing nyawa. Para pujăngga Buda botên nate kraos bosên anggènipun tansah ngelikakên, sampun ngantos tiyang-tiyang sami gumampil. Lampah ingkang katingalipun sae, nanging sajatosipun namung prêlu nêtêpi pranatan thok-thok kemawon punika botên wontên damêlipun babarpisan, punika adamêl kêcelik, kêdah dipun singkiri.

Godha ingkang tumanduk dhatêng tiyang Buda punika, dipun namakakên: marah (Mara), têgêsipun: durjana. Punika dados têtimbanganipun [têtimbanganipu ...]

--- 101 ---

[... n] utawi tandhingipun utawi mêngsahipun Buda (= sae utawi pêpadhang). Marah punika gêrbanipun sadaya prakawis ingkang damêl angkaranipun păncadriya, sarta malih ingkang botên langgêng, utawi ingkang sagêd sirna. Nama wau inggih atêgês: maut (Arb.) utawi pêjah utawi ingkang sagêd pêjah. Pancèn marah wau inggih sok pêjah, lajêng dipun gêntosi marah enggal (= anyar). Marah punika dhatêng manungsa ngincih kemawon, kados pangincihipun kucing dhatêng pêksi, utawi luwak dhatêng ayam, wulung dhatêng kuthuk. Têtiyang salêbêting jaman nalika Sang Buda taksih sugêng, sami gadhah panganggêp, bilih marah punika ngêbaki sadaya papan, pramila sadaya kabilaèn ing sadintên-dintên punika, sanajan namung alit kemawon, inggih dipun anggêp saking pandamêlipun pun marah. Tumrapipun têtiyang Buda ingkang cupêt nalaripun, sagêd gadhah panganggêp, bilih ajêg tansah dipun kêpang ing marah kemawon. Namung sanajan tiyang Buda ingkang mursid, yèn anggènipun mrasudi dhatêng saening lampah miturut wêwulanging agaminipun, kêrêp cabar, punika rumaosipun inggih tansah kenging ing panggodhanipun marah kemawon.

Ingkang kaangge sarana tiyang Buda mêrangi marah wau, ingkang kaanggêp pêng-pêngan, kados ta: muja samadi utawi nyatunggalakên angên-angên, sabab sadaya pandamêl utawi lampah, sampun dipun anggêp tanpa damêl. Yèn sêsirik, tiyang Buda taksih kenging nglampahi, namung yèn misakit badan, botên kenging, klêbêt awisan. Tiyang Buda punika, yèn botên ngwontênakên pandamêl, punika botên nglirwakakên punapa-punapa, angsal-angsalanipun namung bathi. Ingkang dipun anggêp kabêtahan prêmati namung patitising wawasan. Dene wawasan punika dede ingkang tumanduk dhatêng lampah sae, dede wawasan ingkang adamêl patitising tekad, inggih punika kasunyatan langgêng. Dados biksu Buda utawi sogata punika sampun kok dipun anggêp bilih damêlipun namung ngêmis mrika-mriki kemawon, utawi namung nglampahi padamêlan ing wiyara utawi pasraman kemawon, botên. Inggih sok sidhakêp suku tunggal ngêningakên cipta, ngangkah angsal wêwêngan utawi wawasan ingkang lêrês, punapa malih tansah mrasudi sagêda uwal saking samukawis ingkang botên langgêng. Yèn băngsa Indhu sampun inggil sangêt anggènipun sagêd nindakakên lampah ingkang makatên wau. Tamtunipun panjênêngan botên kasamaran dhatêng prakawis punika.

Sang Buda Gotama sedanipun sampun yuswa wolung dasa taun, nalika ngajêngakên seda, inggih sampun kraos manawi badhe seda. Murid-muridipun sami dipun wêwani dhatêng pêjah. Anamung sanajan Sang Buda (upami) lajêng manjing dhatêng nirwana, mêksa botên lajêng cuthêl samantên kemawon. Tumrapipun angên-angêning băngsa Buda, botên sagêd cundhuk, saupami kasunyatan [ka ...]

--- 102 ---

[... sunyatan] ingkang agêngipun samantên, ngatingalipun namung sakêdhap, namung sadangunipun ewah-ewahan taksih lumampah ngêtutakên jaman kemawon. Jaman warni-warni ingkang badhe kêlampahan punika gadhah Buda piyambak-piyambak. Makatên ugi jaman ingkang sampun sami kapêngkêr, inggih anggadhahi Buda piyambak-piyambak. Pramila ing Candhi Barabudhur punika dipun sukani rêca Buda kathah warni-warni.

Para priyantun, ingkang kula andharakên punika wau pancèn kula pilihakên agami Buda ingkang sêpuh piyambak. Punika lajêng katawis, bilih agami wau taksih cêlak kalihan lairipun. Mênggaha manungsa, dèrèng brai, dèrèng diwasa. Manawi pêksi: dèrèng mêpêt êlaripun, măngka lêlampahan utawi orêg-orêganing angên-angên ingkang samantên agêng inggilipun, utawi samantên lêbêtipun punika, sagêdipun mêpêt utawi diwasa sayêktos, manawi sampun tumindak pintên-pintên atus taun, ewasamantên cariyos wau inggih mêksa wontên pikantukipun, dene lajêng sami sagêd anggalih-galih bab jênggêrênging wêwujudan ingkang samantên agêngipun. Angên-angêning manungsa ingkang kados Sang Buda punika, kok sagêd ngantos samantên agênging jênggêrêngipun. Angên-angên kula sadaya mèh botên sagêd andugi-dugi sapintên gênging karahayon ingkang dipun tampèni ing tiyang pintên-pintên yuta, ingkang mijil saking tindakipun Sang Buda wau. Pangraos kula, botên prêlu, manawi cariyos punika kula wêwahi panjangipun. Cêkak-cêkakan makatên kemawon, tamtunipun sampun cêkap.

Ewasamantên kula taksih badhe matur malih sakêdhik êngkas. Kula dalah panunggilan kula băngsa Kristên, punika kalihan panjênêngan sadaya băngsa Islam, pangraos kula kenging kabasakakên akrab, tunggil sêsêmbahan, anamung manawi Kristên, Islam kajèjèr kalihan Buda têka lajêng kêpanggih bilih botên wontên èmpêripun. Samantên wau manawi dipun rêmbag bab sêsêmbahanipun. Lajêng kados toya kalihan lisah. Têtiyang Islam, namanipun kemawon sampun kathah ingkang mratelakakên, bilih rêmên ngabdi dhatêng Gusti Allah, kados ta nama: Abdullah, Abdurahman, Abdurakhim, sapanunggilanipun, têgêsipun: abdining Allah, abdining (Gusti) ingkang Mahamirah. Sami sumarah dhatêng karsaning Allah, pramila agaminipun anama agami Islam, punika têgêsipun pancèn sumarah. Sami ngakêni, bilih gêsang wontên ing alam donya punika inggih sae, botên namung muspra kemawon. Punapa damêlipun. Damêlipun: nindakakên karsaning Pangeran. Ing têmbenipun sagêd angsal paukuman utawi ganjaran. Agami Buda botên ngwontênakên Allah utawi Pangeran. Têtiyang Buda nganggêp badanipun dados têlênging jagad utawi têlênging angên-angên. Jagad sarta gêsang punika, dipun sapèlèkakên sangêt,

--- 103 ---

malah dipun anggêp barang ingkang ngribêdi. Ingkang makatên wau têtela, bilih Islam kalihan Buda punika ngalèr ngidul. Ewasamantên kula gumun, dene wontên sadhèrèk Jawi ingkang ngandika bilih ingkang dipun lampahi utawi dipun angên-angên wau kalih pisan, namung tamtunipun inggih lajêng ngagêm karsanipun piyambak kemawon, botên ngêtutakên pêpacaking agami kêkalih wau. Tumrap tanah Jawi tuwin têtiyangipun, langkung-langkung ing tanah kêjawèn, kathah ingkang sami nêmbungakên badanipun piyambak makatên: Budanipun sampun ical, agami sanès dèrèng gadhah. Prakawis punika kula sumanggakakên dhatêng Mukhammadiyah.

Namung punika atur kula. Tamat.

Bab Pirantos Misaya Ulam Êloh ing Lèpèn Tanah Parêdèn, tuwin ing Tanah Ngare.

Dening cantrik ing Giri.

Kabêkta saking kawontênanipun lèpèn ing tanah parêdèn beda, kalihan lèpèn ing tanah ngare, botên amung jinising ulam kemawon ingkang beda, dalasan watak sarta pirantosipun pamisaya ugi wontên ingkang botên sami. Lèpèn ing tanah parêdèn, kathah bantaranipun. Ilining toya ingkang antêng namung ing kêdhung-kêdhung, dhasaripun sela, toyanipun bêning. Nanging ilining lèpèn ing tanah ngare mèh ajêgan antêng, dhasaripun ladhu utawi wêdhi, toyanipun ingkang kathah buthêk. Sabab saking bedaning kawontênan, kathah jinising ulam lèpèn, ingkang gêsangipun mathuk ing lèpèn ngare, botên jodho, gêsang ing lèpèn tanah parêdèn. Tumrapipun para ahli kawruh kewan, sampun mêsthi sagêd anêrangakên sabab-sababipun kanthi wêwaton, nanging tumrap kula namung băndha angyêktosi padatan ingkang sampun kalampahan. Kula sampun nate nyobi kutuk wêdalan ing Banarawa, kula bêkta dhatêng ing Wanasaba, parêdèn tur hawanipun asrêp. Kula ingah ing balumbang, botên dangu kutuk-kutuk wau sami pêjah. Ingkang makatên wau dèrèng sapintêna gumun kula. Nanging manawi angèngêti kawontênanipun ulam ing umbul Ngêbêl, Kabupatèn Panaraga, gumun kula saya wêwah, dene manawi mêdal saking sajawining umbul kalungipun ical. Awit badhèr ing umbul Ngêbêl punika mawi kalung cêmêng. Bab umbul ing Ngêbêl, ing wingking badhe dipun cariyosakên kawontênanipun. Samangke nglajêngakên namanipun pirantos misaya ulam ingkang mathuk ing lèpèn tanah ngare, tuwin lèpèn parêdèn, kados ta:

1. Wuwu agêng utawi wadhong. Pirantos wau sagêd mathuk ing kalih panggenan, ing lèpèn parêdèn, tuwin lèpèn ing ngare. Wuwu wau manawi dipun angge masang ulam ing wanci dalu, sasampunipun dipun isèni têtêdhan, sarta dipun buntêti buntutipun, lajêng [la ...]

--- 104 ---

[... jêng] dipun papakakên ing sanginggiling kêdhung, majêng mangandhap. Kiwa têngênipun dipun jèjèri sela malang ing lèpèn, supados ulam ing kêdhung ingkang saba ngupados têdha ing wanci dalu, sagêda ngalêmpak mêdal sangajênging wuwu, botên kêkathahên margi. Dene têdhanipun, tempe bosok, dipun dhêplok kalihan uwoh nampu ingkang matêng, nuntên dipun wadhahi ing kupat, lajêng dipun tangsuli ing salêbêting wuwu kapara têngah. Manawi wontên, langkung prayogi mawi têdhan usus ayam. Punika langkung dipun ajêngi ulam, katimbang tempe bosok lan uwoh nampu. Kula sampun nate nyatakakên, masang ulam ing lèpèn parêdèn mawi bêngkêng. Wujudipun kados kurungan pêksi prêkutut, kapering ngandhap dipun bolong sarta dipun sukani ijêp-ijêp, têdhanipun mawi usus ayam. Pamasangipun ngadêg. Ing nginggil dipun tindhihi sela sawatawis agêng, supados botên kèli. Ijêp-ijêpipun dipun ajêngakên ing kêdhung, tanpa dipun lawani sela kajèjèr malang ing lèpèn. Sabên enjing kula êntas, isinipun botên kirang saking tigang dasa iji, sadaya ulam èstri (ulam ingkang mawi sisik, mèmpêr badhèr), agêngipun mèh racak nigang nyari. Pamasang kula wontên ing ngriku dangunipun kawan dalu sabên enjing cacahing ulam ingkang malêbêt ing bêngkêng saya suda. Mirid sakawit anggrêgut, kintên-kintên sudanipun wau sabab ulam ing kêdhung wau têlas sami malêbêt ing bêngkêng, salêbêtipun kawan dalu. Samantên dayanipun usus, manawi dipun angge masang wuwu utawi bêngkêng. Upami masang wuwu ngantos kalih dalu botên dipun lêbêti ulam, mèh kenging dipun pêsthèkakên, manawi ing ngriku botên wontên ulamipun ingkang ajêng usus. Manawi masang wuwu utawi bêngkêng ing wanci dalu, kêdah angèngêti agêng aliting toya. Manawi alit sarta botên măngsa rêndhêng, bêngkêng utawi wuwu wau, cêkap dipun tindhihi sela. Nanging manawi toyanipun santêr utawi ing măngsa rêndhêng, kêdah dipun tangsuli, dipun angsalakên ing kêkajêngan utawi oyod ing sapinggiring lèpèn. Awit manawi banjir wuwu sagêd kèli. Dene sababipun ulam ingkang kalêbêt ing bêngkêng amung warni satunggal, namung ulam èstri, punika botên sabab ing salêbêting kêdhung botên wontên ulam sanèsipun, sabab ulam sanès-sanèsipun, botên purun têtunggilan kalihan ulam èstri wau, têmahan wilujêng botên kalêbêt ing bêngkêng. Tăndha yêktinipun, sarêng bêngkêng kula pasang ing sanès panggenan, sagêd dipun lêbêti ing kutuk, urang, nanging ulam èstri botên wontên satunggal-tunggala. Mênggah pamasangipun wuwu, ingkang prayogi wanci jam 5 sontên, awit ing wanci punika ulam wiwit ngupados têdha.

Wuwu utawi wadhong punika ingkang dipun damêl dêling. Dene ancêr-ancêr wujudipun kados ing ngandhap punika :

--- 105 ---

[Grafik]

Wuwu

2. Wuwu alit, limrahipun dipun wastani têlik. Ingkang mêsthi têlik wau dipun angge masang wêlut, wontên ing sabin, utawi kalèn sapinggiring sabin. Kala-kala ugi dipun lêbêti ulam sanès, kados ta: lele, kutuk, tuwin sanès-sanèsipun. Mênggah têdhanipun tempe bosok, dipun dhêplok kalihan nampu matêng kados kasêbut ing nginggil. Pohung mêntah dipun cacah ugi kenging dipun angge têtêdhan.

3. Têplèk. Têplèk punika, amung maligi kangge masang pêlus. Ingkang sampun kalampah, wontên ing lèpèn parêdèn. Têdhanipun gangsir utawi usus ayam. Dene pamasangipun ugi ing sanginggiling kêdhung, utawi sacêlaking êrong ingkang dipun ênggèni. Langkung rumiyin ingkang badhe masang têplèk, kêdah wuninga punapa ing papan ngriku, kintên-kintên wontên pêlusipun. Kanggenipun tiyang ingkang sampun kulina misaya ulam, ngintên-intên ingkang kados makatên wau botên pakèwêd, ningali kêdhung ingkang wontên pêlusipun utawi botên, sajak sampun karaos. Punapa malih manawi sampun nate ngatingal. Limrahipun manawi ing salah satunggaling kêdhung wontên pêlusipun, mêsthi lajêng tumuntên kasumêrêpan ing tiyang kathah. Miturut cariyosipun tiyang ingkang sampun kulina misaya pêlus, kacariyos watakipun pêlus punika botên anggranyah doyan nêdha kados ulam loh sanès-sanèsipun. Botên ajêg mêdal sabên dalu utawi siyang. Ngupados mêmangsan, sênêngipun mêmpên wontên ing êrong. Awit saking punika, mila manawi masang pêlus, kêdah băndha sabar. Manawi pasanganipun salêbêtipun tiga utawi kawan dalu dèrèng dipun lêbêti, dèrèng kenging kangge wêwaton, bilih ing papan ngriku botên wontên pêlusipun. Sagêd ugi kalêrêsan botên wancinipun mêdal ngupados têdha. Pêlus punika watakipun beda kalihan ulam sanès-sanèsipun, rêmên lêlumban, botên ajrih tiyang. Sanadyan manawi mêdal saking ing êrong badhe ngupados têdha, inggih milih wanci manawi sampun sirêp tiyang. Kajawi watakipun ajrihan, manawi mêdal saking êrongipun, botên lajêng nungsung toya, ngèli rumiyin. Manawi sampun sawatawis dangunipun, sawêg nungsung toya. Watak ingkang kados makatên wau, ambokmanawi ewoning kasujanan. Tumrapipun ingkang karêm, kacariyos ulamipun langkung miraos, katimbang ulam sanèsipun: raosipun [ra ...]

--- 106 ---

[... osipun] gurih, nglisah, prasasat tanpa êri. Êrinipun saêlêr wontên ing têngah. Dagingipun amung sakêdhik. Ingkang kathah gajih. Mênggah ancêr-ancêr wujuding têplèk, kados ing ngandhap punika:

[Grafik]

Têplèk

a. Walêsan mawi tangsul, dipun angsalakên ing tutup. | b. Tutup. | c. Bolongan tutup ingkang dipun lêbêti tangsul, dipun bundhêli ngajêng wingking. | d. Pantèk ingkang kangge cêpêngan tangsul walêsan. | e. Usus utawi gangsir ingkang dipun angge têdha.

4. Branjang utawi anco. Pirantos misaya ulam satunggal punika, kanggenipun amung ing măngsa banjir, sarta manggèn ing ulêkan, ing pungkasaning kêdhung, ingkang toyanipun sawatawis lêbêt. Ing măngsa banjir ulam alit-alit, sami mêdal saking pandhêlikanipun, mawijah-wijah ananggapi dhatênging toya, sarta sami ngupados mêmangsan, awit ing măngsa ingkang kados makatên wau, kathah têtêdhan warni-warni ingkang kèli. Lampahing ulam pating saliwêr anut lampahing toya. Mila ing măngsa ingkang kados makatên, juru nganco mapakakên anconipun ing toya ulêkan. Garaning anco dipun tumpangakên ing tunggak kajêng, utawi plangkringan damêlanipun piyambak, dipun tancêbakên ing siti, sapinggiring lèpèn. Sarèhning ingkang dipun pasangi punika ulam ingkang pating sliwêr anut ilining toya, mila anconipun kêdah asring dipun inggahakên, dipun tingali punapa isi ulam, punapa botên. Sabab garaning anco punika panjang, sarta dhawahing toya sawatawis têbih saking palinggihanipun, mila pamêndhêtipun ulam ingkang wontên ing anco kêdah mawi wadhuk (sèsèr alit, garanipun panjang). Ulam ingkang malêbêt ing anco ingkang mêsthi ulam alit-alit, kados ta: wadêr, kathing, urang sapanunggilanipun. Lele, kutuk, awis-awis malêbêt ing anco, awit sênêngipun wontên ing dhasar, botên purun lêlumban kados wadêr. Măngsa ingkang prayogi kangge masang anco, wiwit jam: 8 enjing. Ing măngsa punika wancinipun ulam luwe, lêlumban ngupados têdha. Limrahipun anco botên dipun pasang ing wanci dalu, awit pakèwêd anggènipun ningali ulam ingkang kalêbêt ing anco, langkung malih manawi grimis, ngrêkaos dipun saranani damar. Sarèhning pamasanging anco punika ing toya ulêkan ingkang botên lêbêt, mila kanggenipun lèpèn ing parêdèn botên mathuk, jodhonipun, wontên ing kalèn tanah ngare, ingkang cêlak pasabinan. Limrahipun juru nganco kêdah gadhah tudhung [tu ...]

--- 107 ---

[... dhung] agêng, ingkang kadamêl clumpring. Tudhung ingkang kados makatên punika, tumrap juru nganco migunani sangêt, manawi pinuju grimis. Tukang nganco kêdah botên ajrih ing grimis, awit măngsa banjir sinarêngan ing grimis, punika wanci ingkang amberagakên ulam. Mila ing măngsa ingkang kados makatên, padatan angsal-angsalanipun kathah. Mênggah wangunipun anco sarta wadhuk, kados ing ngandhap punika: Taksih wontên sambêtipun.

[Grafik]

Anco

[Grafik]

Wadhuk

Arjuna Wiwaha (Arjuna Binayangkare)

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka: 6.

XII. Dèrèng ngantos rampung anggènipun sêmbahyang, Sang Hyang Siwah ngandika: He, putraningsun, gêgayuhanira wus kêgayuh. Sira bakal ingsun paringi pêpathining kasêktèn awujud panah, arane pasupati, tampanana, anggèr. Ing nalika punika astanipun Sang Hyang Siwah mijil latu, kapuja dados jêmparing. Kaulungakên dhatêng Sang Arjuna. Sasampunipun tinampèn, Sang Dananjaya sumungkêm nyêmbah, tumuntên pinaringan gandhewa tuwin makutha, punapadene winarah ing sawarnining pangawikan ulah dêdamêl. Sang Hyang Siwah lajêng musna. Sang Arjuna ngraos kados lair malih, pênuhing kabêgjan, botên rumaos, yèn taksih dumung wontên ing donya.

Manawi tiyang gadhah panjăngka punapa-punapa, prayogi nulada Sang Arjuna, sampun pisan-pisan ngujêg-ujêg dhawahing kabêgjan, ingkang botên sinartanan ing santosaning manah.

Sarêng sampun kadumugèn punapa ingkang kaăngka-ăngka, Sang Arjuna lêga manahipun, anggènipun badhe mantuk kanthi bingahing manah. Ing sadèrèng-dèrèngipun sampun andugi, yèn sadumuginipun ing nagari, mêsthi badhe kapêthuk dhatêng ingkang sami kantun wontên ing dalêm akanthi bingah linangkung. Manahipun wiwit kumênyut malih dening kèbêkan ing raos, pêpenginan, sih tuwin katrêsnan kamanungsan.

Sawêg eca ngênam-ênam manah makatên, dumadakan wontên apsara kêkalih tumurun, rupinipun sakalangkung endah tuwin amrak ati, ngampil sêrat saking Sang Hyang Endra prêlu nimbali Sang Arjuna. Utusan wau inggih ngampil rasukan kambala[1] tuwin cripu ingkang pinatik ing sêsotya adi. Wondene ijêmaning [i ...]

--- 108 ---

[... jêmaning] sêrat makatên: He putraningsun, panahira dibya kêna sira anggo ngêntas panjênêngan ingsun saka bêbaya gêdhe. Kang iku enggal sira têkaa ing ngarsaningsun, sirnakna ratuning raksasa kang ambêk arda puwa-puwa.

Satêlasing pamaos, Sang Arjuna sami sakala biyas. Kêmbêng-kêmbêng netranipun, dangu botên sagêd ngandika, dening kèbêkan ing raos wêlas dhatêng para kadang-kadangipun ingkang tinilar. Apsara kêkalih sami ngrêrapu amiluta manahipun Sang Arjuna punapadene sangêt anggènipun ngasih-asih nêdha pitulung. Ing wasananipun Sang Parta tumungkul sujud sarta matur sagah nglampahi dhawuh timbalanipun Sang Hyang Endra. Rasukan kambala lajêng dipun angge, cripu ingkang anjalari sagêd napak ing gêgana dipun êtrap ing sukunipun. Apsara kêkalih sami ngampil dêdamêling prang.

XIII. Sang Arjuna pamit kalihan wana patapanipun, rêdi Endrakila ingkang dados lantaran pikantuk kabêgjan agêng, dipun sêmbah minăngka pratandhaning panarimahipun. Makatên limrahipun têtiyang utami, botên sagêd kasupèn dhatêng punapa kemawon ingkang sampun anyaèni.

Têtiganipun tumuntên sami mangkat napak ing gêgana. Ing salêbêtipun anglayang wau Sang Arjuna tumolih taksih owêl nilar patapanipun. Wit cêmara ing gigiring parêdèn sami mayug-mayug ngaturi sugêng tindakipun. Cangungonging mêrak kados swara tangising wana, sêdhih margi katilar Sang Arjuna, satêmah sami ngungkêb-ukêb[2] kêkêmul mega.

Lampahipun sakalangkung gancang mèh dumugi ing Suralaya, ngancik ing laladan wêwêngkoning lintang-lintang ingkang mubyar abyor. Inggih ing ngriku punika palataranipun Suralaya, padununganipun para sudira ing aprang ingkang botên tilar panêmbah dhatêng Hyang Mahawasesa.

Surya, rêmbulan tuwin lintang-lintang, yèn kasawang saking ing marcapada, katingal alit, nanging sarêng kasawang saking cêlakan, tuhu agêng-agêng sangêt.

Ing salêbêtipun sami lumampah, botên pêdhot-pêdhot anggènipun ngraosi asri tuwin endahing swarga. Pangraosipun Sang Arjuna kados nglayang wontên ing salêbêting supênan.

Kaendran katingal gumêbyar, kinubêng ing bètèng inggil mawi gapura majêng sakawan, sadaya pinatik ing sêsotya nawarêtna abyor kumênyar, cahyanipun nyurêmakên sunaring surya tuwin rêmbulan. Ing Suralaya dalunipun kadosdene siyang ing marcapada, margi kasorotan ing pêpadhang mawarni-warni. Namung mêkaring sêkar padma ingkang minăngka cihnaning dalu.

Sang Arjuna enggal-enggalan sowan lumêbêt ing kaendran. Sawêg kadhêkêsan badhe nyêmbah, sampun pinaringan sasmita kaawe mawi kêbut cêmara, ingandikakakên lajêng sowan ing ngarsanipun Hyang Endra.

--- 109 ---

XIV. Sukaning panggalihipun para jawata priksa pisowanipun Sang Parta, kados pêpindhaning tarulata alum kadhawahan ing jawah têmbean. Para widadari sami gumrudug mêthukakên, sami mèsêm-mèsêm ambêbalang liring. Sang Arjuna lajêng sumungkêm nyêmbah wontên ing ngarsanipun Sang Hyang Endra. Tumuntên pinaringan priksa mulabukanipun, dene ngantos katimbalan dhatêng ing Suralaya. Ing wasananipun dipun warah makatên: Sadurunge nêmpuh ing prang, upayanên dhisik sing dadi pati uripe. Jalaran Si Niwatakawaca kuwi têguh timbul sêkti măndraguna, ora têdhas ing gêgaman. Sanajan sira patèni ambal ping satus, bisa bali urip manèh, ana widadari siji, ayune angluwihi, prasasat dadi kêmbarane Dèwi Ratih. Iya widadari kuwi sing dijaluk. Wus ingsun paringi momongan widadari liyane, mêksa durung narima. Mulane widadari kuwi kanthinên, dianggo mulut atine Niwatakawaca, nganti gêlême malèhake sing dadi pati uripe. Karo manèh ngiras sira waspadakna, kapriye pasang rakiting bètènge. Klambi kambala karo cripu iki sira anggoa, sarta nganggoa cêlak panglimunan iki. Ora-orane yèn lakunira nganti kêna rêribêd. Saiki sira ngasoa dhisik, sarta ngrasakna sêgêr sumyahe ana ing kaswargan. Makatên pangandikanipun Hyang Wrêhaspati. Dene Sang Arjuna lajêng nyêmbah munjuk sandika.

XV. Sang Arjuna binojakrama ăndrawina, sinugata sawarnining dhaharan raos nêm. Namung wontên gothangipun satunggal, dene dèrèng kalilan ngraosakên nikmating andon sih ing sadèrèngipun sagêd nyirnakakên ratuning danawa.

Sarampungipun bojana Sang Arjuna kalihan musthikaning widadari, inggih Dèwi Supraba, sami nyuwun pamit dhatêng Sang Hyang Endra. Nalika sami jèjèr sumungkêm, rupinipun kados sampun dados pêngantèn. Anggènipun sami wawan ginêm namung sarana sasmitaning liring.

Sang Hyang Endra maringi pangèstu sarta mêmuji sagêda sami kalêksanan sêdyanipun. Sang Arjuna kalihan Dèwi Supraba lajêng mangkat ngambah ing gêgana. Samargi-margi tansah sêsêmbranan. Ing salêbêting manah sami kandhuhan brăngta. Lampahipun sami rêbat wingking, lajêng sami sawang-sinawang, têmahan Sang Arjuna ngandika: Yayi Supraba, kowe lumakua ana ing ngarêp, karêbèn aku bisa nyawang lurusing bangkèkanmu. Manawa aku ana ing ngarêp, anggonku nyawang kowe andadak nganggo nolèh. Yèn aku mlaku jèjèr, mundhak kaya wis kêna anggêpok lan ngrangkul sariramu. Dene yèn aku ana ing buri, rak banjur kayadene abdi sing andhèrèkake lakumu.

Dèwi Supraba tumambuh api-api botên mangrêtos, kasamur apitakèn kawontênaning nagari ingkang pinuju kaungkulan, punapadene pitakèn punapa Sang Arjuna botên manggalih [mangga ...]

--- 110 ---

[... lih] dhatêng sadhèrèk-sadhèrèkipun. Sang Arjuna nyawang Dèwi Supraba kalihan ngandika, bilih botên wontên sanès ingkang kalêbêt ing panggalih, kajawi namung sang dèwi.

Pasitèn ingkang linangkungan sakalangkung asri, ngrêsêpakên pandulu. Wontên rêdinipun agêng kinêmulan ing salju. Ing sukunipun wontên talaganipun wiyar tur wêning toyanipun. Têpinipun waradin, pasiripun katingal andalarèh kados tapaking cawi ing sêsunggingan. Sela tigan pêthak agilap, margi mawali-wali ginêbêg ing rob tuwin sobing[3] toya talaga. Ing sasêla-sêlaning parangcuri katuwuhan sêsêkaran mawarni-warni. Papan punika wau sêpi botên wontên tiyang ingkang dumugi ing ngriku yèn dede wiku ingkang nêdya nênêpi ambangun tapa. Katingal kathah liman wanan sami anjêrum, kungkum ing toya nêmbah ing surya, sarta nyêmprot-nyêmprotakên toya saking tlalenipun. Botên têbih saking ing ngriku wontên rase singidan ing sangandhaping sêkar gadhung karantan, mripatipun kriyip-kriyip tumênga mandêng surya kados nêdhêng mêmuja. Wontên candhi sampun risak, sawanganipun kados prêmbih-prêmbih nangis. Ing sacêlakipun wontên wit angsoka agêng, ing suwau kinurung ing pêpagêr mubêng, ananging sampun sami larut katut ilining toya lèpèn ingkang nêmpuh wit wau. Botên wontên pujăngga ingkang lêledhang wontên ing ngriku. Namung pêksi mêrak ingkang sami andhangak kamitênggêngên nyawang mêndhung ing awang-awang sarta kilat ingkang pating tleram, pindha coraking bathikan, ngantos botên rumaon[4] yèn dipun sandhing sarta dipun dhidhis ingkang èstri saking ing wingking.

XVI. Sarêng angsal salarapan malih, katingal wontên wihara kinubêng ing pagêr banon mawi gapura, minăngka regolipun. Isthanipun kados kayanganing para jawata. Ing ngriku rumiyin wontên widadarinipun ingkang sampun dados endhang, margi nalika sami anggodha pandhita, sami kaêsotakên. Para endhang wau wontên ingkang nêdhêng sêsaji sêkar wontên ing patirtan, wontên ugi ingkang sawêg cêthik latu pamujan. Sanajana sampun sami kaawisan botên kenging ginêman, ewa makatên manawi wontên tiyang langkung ing ngriku, para endhang wau sami ambalang ulat. Saya dangu sadaya wau katingal rumamyang wontên ing pandulu, margi kasaput ing ima ingkang mijil saking sumamburating toya grojogan ing pèrèng-pèrènging parêdèn.

Sang Dananjaya tuwin Dèwi Supraba sampun mèh ngancik nagarining mêngsah. Ing nalika punika nglêrêsi wanci sontên sarta jawah. Sunaring surya ingkang badhe sêrap taksih katingal rêmêng-rêmêng dhumawah ing pagêr tuwin gapura kancana. Ing satêngahing kitha kathah gêdhong-gêdhongipun agêng bêbanjêngan, sadaya sami katingal pêthak gumêbyar kados anyurêmakên prabanipun Suralaya.

Sasêraping surya ginantosan ing padhanging rêmbulan. [rê ...]

--- 111 ---

[... mbulan.] Sang Arjuna kalihan Dèwi Supraba ngambara kêkalangan ing sanginggiling kitha. Sang Arjuna apitakèn: Sing ngungkung rame iki, gamêlan apa, yayi. Para raksasa gênah lagi padha kasukan bojana ăndrawina. Sang Dèwi amangsuli: Kasinggihan pangandika panjênêngan. Punika tamtunipun swaraning para danawa sami gladhi pêrang badhe nêmpuh sang surapati. Kirang pitung dintên malih, para danawa sami badhe ngrabasa kadewatan. O, sang pangeran, manah kula sakalangkung gêtêr, yèn ngèngêti punapa ingkang badhe kalampahan. Kula milaur pêjah yèn ta ngantos kagêpok ing tanganipun mêngsah. Makatên aturipun Dèwi Supraba, lajêng muwun amingsêg-mingsêg. Sang Arjuna amangsuli: Yayi dèwi, aja isin lan aja wêdi, tindakna apa sadhawuhe Hyang Endra. Aku tansah tut buri ing salakumu sarta dadi saksining atimu. Iba bakal gêdhening lêlabuhanmu, yèn kêlakon bisa ngawruhi pati uripe satrumu. Anggêre kolêlewa kaya dhèk kowe anggodha ana ing gunung kae, mêsthi gimir atine, satêmah gêlêm malèhake gêgêmane. Anggènipun ngrêrapu makatên punika kalihan angêlus-êlus ambênakakên ukêlipun sang dèwi. Dèwi Supraba lajêng kèndêl, nanging botên runtik, kacihna saking lèjêming èsêmipun.

XVII-XVIII. Kêkalihipun lajêng sami manjing ing capurining kadhaton anjujug ing tamansari sacêlaking kaputrèn. Para putri nêdhêng sami majar wulan lêlangên angenggar-enggar manah. Makatên ugi para widadari ingkang rumiyin sami kaparingakên dhatêng Prabu Niwatakawaca, inggih sami lêlangên, nunggil wontên ing ngriku. Dèwi Supraba ngaso lênggah wontên ing bale Supasthika. Bale wau kumênyar-kênyar gontas-gantos cahyanipun, margi kasorotan ing wulan purnama. Para apsari sarêng sumêrêp sang dèwi tumuntên sami murugi badhe nêpangi. Sang Arjuna lênggah sandhing Dèwi Supraba, ananging botên wontên ingkang sami sumêrêp, jalaran sampun ngangge cêlak pêparingipun Sang Hyang Endra. Namung Dèwi Supraba ingkang sagêd sumêrêp. Katingal ngalêntri[5] asêdhih. Sang dèwi piyambak inggih prihatos, ewamakatên endahipun taksih anggiwangakên manah. Sasampunipun wawan ginêm kalihan para widadari, tumuntên wontên widadari ingkang marak ing ngarsanipun Prabu Niwatakawaca, matur yèn Dèwi Supraba sampun marêk pasrah jiwa raga. Sang Niwatakawaca sakalangkung suka gumujêng latah-latah sarwi ngandika: Bêgja kêmayangan, rêtna pêpujanku wis têka. Sang prabu enggal tindak dhatêng ing taman tanpa kadhèrèkakên ing abdi. Sadumuginipun ing bale Supasthika, sangsaya trustha ing panggalih sumêrêp warnanipun sang dèwi. Dèwi Supraba sumungkêm nyêmbah, lajêng kabopong kalênggahakên ing pangkon. Sang dèwi ngêsah asambat-sambat ririh. Sang prabu lajêng ngandika: O, yayi pêpujanku, aku wis ngira yèn kowe bakal têka, marga aku wis olèh

--- 112 ---

ngalamat bêcik. Alisku sing têngên kêdutên. Karo manèh mêntas bae aku ngimpi kêbanjiran ing madu. Mungguhing aku, yayi, kowe kuwi kêna dak pindhakake lunging gadhung rumambat ing kayu gapuk. Kaya udan nêruhi manuk cêkaklak sing ngantak-antak anjaluk banyu. Kaya rêmbulan tumurun.

Sang dèwi badhe kapêluk, ananging lênggana, aturipun mêmalat-sih.

XIX. Dhuh sang prabu, mugi sampun duka midhangêtakên atur bêbana kula. Manawi andadosakên dhanganing panggalih, ing sadèrèng-dèrèngipun, kula nyuwun tumbasan rumiyin. Mahaprabu kula aturi nyarèhakên rumiyin, gêndhis ingkang sampun kinêmbêng măngsa andadak icala raosipun. Mahaprabu punika nata agung sêkti măndraguna, dalasan para jawata ing Suralaya sami ering, botên wontên ingkang wani tumanggah. Mahaprabu pikantukipun kadibyan ingkang samantên punika kadospundi. Punapa sang prabu rumiyin anggêntur tapa lajêng tampi sihipun Hyang Mahadewa.

Dhuh yayi dèwi pêpujanku, yayi dak jatèni. Marga saka anggonku tapabrata mêmuja marang Sang Hyang Siwah, aku pinaringan nugraha, saciptaku dadi. Tuwin kawasa ngêrèh bawana kabèh. Dalah Hyang Wisnu pisan kalah karo aku. Mungguh dununging kasêktènku kuwi, yayi, ana ing pucuking ilatku. Ora ana wong siji-sijia sing wêruh, kêjaba mung yayi dhewe.

Ing nalika mahyakakên dununging kasêktènipun wau, Sang Niwatakawaca kraos angglong kumêdhap kadosdene kêkecalan. Sêkunging manah murih sinihan tuwin kêdayan ing têmbung manis manuhara punika ingkang anjalari weya sarta baliwuring manah, satêmah tambuh-tambuh ingkang linampahan. Kalimput ing hawa napsu sakêdhap netra kemawon, sagêd kêjongor-jongor dhumawah ing bilai agêng.

Sang Arjuna nilingakên punapa saujaripun raja danawa, sadaya cinathêt ing salêbêting panggalih. Sarampunging ginêm Sang Parta napak ing gêgana dhatêng gapura agêng. Gapura dipun jêjak ambrol nyuwara jumêbrèt. Sadaya isining kadhaton gègèr apuyêngan kados gabah dipun intêri. Sang Niwatakawaca kagèt duka yayah sinipi. Dèwi Supraba kasèlèhakên. Sang dèwi lajêng mumbul ing gêgana kados amun-amun, manggihi Sang Arjuna.

XX. Ing nalika gegeran wau wontên ingkang ngaturi priksa dhatêng Sang Niwatakawaca, yèn sang dèwi sampun musna tanpa lari. Sang Niwatakawaca anggêglêg, tikêl imbanipun. Botên manah dhatêng gêdêring nagari. Ingkang kacipta namung sang rêtna. Sampun kacêpêng wontên ing asta, têka sagêd oncat. Sang Prabu lajêng madosi dhatêng ing taman, ananging sampun botên wontên. Lajêng mangrêtos, yèn kalêbêtan ing têlik sandi upaya. Badhe kasambêt.

--- [0] ---

Tandhingan Kasusastran

Pangrèhipun pusêr pakêmpalan Yapha Insêtitut ngaturi priksa: saking karsa dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping 7, pakêmpalan Yapha Insêtitut badhe ngwontênakên tandhingan kasusastran tumrap nyara Walandèkakên sêrat.

Wedhatama.

Ingkang kaanggêp karangan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara 4. Nanging mirid pamanggihipun para ahli kasusastran ing Surakarta, salêrêsipun damêlanipun Radèn Mas Ngabèi Wiryakusuma. Dene ingkang kêdah kacarawalandèkakên punika ingkang kawrat ing sêrat-sêrat anggitan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara 4, kawêdalakên pakêmpalan Yapha Insêtitut, jilid III (1928) kaca 108 dumugi kaca 140 wontên nêm pupuh.

Cara Walandinipun Wedhatama wau ingkang badhe mancasi panitya, inggih punika:

Tuwan Prof. Dr.G.W.J. Drewes maha guru ing pamulangan luhur pangadilan ing Batawi Sèntrêm, Panarukan wèh 11.

Radèn Mas Adipati Arya Kusumautaya, warga rad kawula.

Radèn Ngabèi Dr. Purbacaraka, priyantun ahli ingkang tinanggênah rumêksa sêrat-sêrat sêratan tangan gadhahanipun pakêmpalan Koninklijk Bataviaasch Genootschap.

Dene anggèning nyarawalandèkakên wau kenging kadamêl gancaran utawi botên, miturut sakajêngipun ingkang nglêbêti tandhingan punika.

Bêbingahipun ingkang ăngka satunggal awarni arta f 200.- ingkang ăngka kalih f 100.- sarta ingkang ăngka tiga f 50.-

Panitya ingkang kawajiban mancasi wau kawênangakên botên nampèkakên salah satunggaling bêbingah utawi langkung.

Cara Walandinipun Sêrat Wedhatama wau kêdah sampun katampi pangarsanipun panitya kasêbut ing nginggil ing sadèrèngipun tanggal kaping 1 Januari 1936. Dlancangipun ingkang kangge nyêrat kêdah namung kasêratan sarai kemawon, dados botên molak-malik, sarta panyêratipun kêdah ingkang cêtha. Saya prayogi manawi kasêrat mawi mêsin sêratan.

Sêrat-sêrat wau kacirènana mawi nama sêsinglon utawi ucap-ucapan, sarta malih dipun kanthènana amplop ingkang katingkêm sarta isi nama sêsinglon utawi ucap-ucapan wau, tuwin malih nama sarta griyanipun ingkang nglêbêti tandhingan.

Amplop-amplop punika pambikakipun manawi panitya wau sampun mancasi.

Sêrat-sêrat wau lajêng têtêp dados gadhahanipun pakêmpalan Yapha Insêtitut ingkang wênang anggiyarakên sêrat-sêrat punika wontên ing kalawarti Jawa miturut pranatan ingkang tumindak samangke.

Administrasi Yapha Insêtitut.

--- 113 ---


§ Bangsaning sangkêlat. (kembali)
§ Bangsaning sangkêlat.
ngungkêb-ungkêb. (kembali)
ngungkêb-ungkêb.
robing. (kembali)
robing.
rumaos. (kembali)
rumaos.
ngalêntrih. (kembali)
ngalêntrih.