Pusaka Jawi, Java Instituut, 1935-08, #431

Judul

Ăngka 8, Agustus 1935. Taun XIV

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên pakêmpalan: Yapha Insêtitut (JAVA-INSTITUUT) Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Yasawidagda, sarta Arjasumitra.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi sarta sêrat panêmbung dados lêngganan, dipun ngalamatana dhatêng: administrasi Pusaka Jawi, Museum, Yapha Insêtitit, ing alun-alun êlèr, Ngayogyakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- sapalih kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50. Ingkang lajêng kaparêng lêngganan angsal sudan.

Bab Pirantos Misaya Ulam Êloh ing Lèpèn Tanah Parêdèn, tuwin ing Tanah Ngare.

Dening cantrik ing Giri.

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 7.

5. Sèsèr. Pirantos misaya ulam loh ingkang wujudipun kados sèsèr punika warni-warni: wontên ingkang garanipun panjang, wontên ingkang tanpa garan, namung mawi wêngku. Ingkang makatên wau namung manut panganggenipun. Sèsèr ingkang garanipun panjang kados ing ngandhap punika, mathukipun kangge nèsèr ulam ingkang têbih saking pinggiran, utawi ingkang têbihipun kalih têngah panggayuh, sarta dipun angge nèsèr urang ingkang manggèn ing sangandhaping oyod kêkajêngan sapinggiring kêdhung. Ing wêkdal nuba, sèsèr, wuwu tuwin jambêt, agêng damêlipun, awit ing wêkdal punika ulam sami mêndêm jênu, sami ngatingal ing kêdhung, utawi papan ingkang radi lêbêt. Ulam ingkang mêndêm jênu punika cat èngêt, cat botên, mila botên gampil dipun dêkêp. Kengingipun manawi dipun sèsèr utawi dipun jambêt. Ing wêkdal nuba kêdah wontên jurunipun silêm, prêlu sêlulup ngoprak-oprak ulam ingkang andhêlik ing êrong, supados mêdal saking êrong, wasana ngombe toya lèpèn ingkang sampun kawoworan toyaning jênu.

6. Ayab. Ayab punika ugi sèsèr, kaotipun, sadayanipun sarwa agêng, dalasan anam-anamanipun kaot awis-awis, awit maligi namung kangge misaya ulam ingkang agêng-agêng, kados ta: jambal, badhèr, sênggaringan. Tagèh tuwin sanès-sa-

--- 114 ---

[Grafik]

Sèsèr nèsipun. Panganggenipun ayab wau namung wontên ing lèpèn agêng, ing măngsa banjir, dipun lampahakên wongsal-wangsul, mandhap minggah anut ilining toya, mêthukakên ulam ingkang nungsung toya, awit ing măngsa banjir, ulam lèpèn agêng alit sami suka-suka. Juru ngayab wontên ingkang manggèn ing pinggiring kêdhung, wontên ingkang numpak baita alit. Manawi mawi baita, apêsipun kêdah wontên tiyang kalih: ingkang satunggal mêlahi, ingkang satunggal anglampahakên ayab. Dene angsal-angsalanipun juru ngayab botên kenging dipun têmtokakên. Tarkadhang sagêd angsal ulam agêng kalih utawi tiga, nanging manawi pinuju kojur, botên angsal-angsalan babarpisan. Sanadyan upami namung angsal satunggal, manawi kalêrêsan angsal jambal, apêsipun pajêng sarupiyah. Sabab ingkang dipun angkah ulam agêng, ingkang cacahipun botên kathah, tur botên mawi têtêdhan kados mancing utawi masang wuwu, mila kangge piandêl anêtêpakên rêjêkinipun, juru ngayab mêsthi nêngênakên bincilan sarta donga mêndhêt ulam, beda kalihan juru mancing sarta nganco, tanpa bincilan, ugêr wancinipun prayogi, inggih purun tumindak, awit kathah utawi sakêdhik, mêsthi angsal ulam, jêr ingkang dipun angkah ulam alit-alit, ingkang kathah cacahipun. Langkung malih juru mancing, anggènipun ngupados ulam mawi têtêdhan. Sanadyan juru ngayab punika manawi misaya ulam namung asêsendhayan[1] kabêgjan, ewadene awis sangêt mantuk ngalênthung, awit kêdhung-kêdhung ingkang wontên ulamipun agêng, sampun kalêbêt ing cathêtanipun, sarta manawi ningali toya, sajak sampun karaos bilih ing ngriku, badhe dipun langkungi ulam utawi botên. Dene ancêr-ancêr warninipun ayab kados ing ngandhap punika:

[Grafik]

Ayab

--- 115 ---

7. Sondhit. Sondhit punika rupinipun mèh sami kalihan ayab, mawi wêngku, nanging alit sarta tanpa garan. Mila trapipun namung dipun cêpêngi kiwa têngên kapering ngandhap, lajêng dipun sodhokakên. Anamanipun sondhit alit-alit, beda kalihan ayab, awit ingkang dipun angkah ulam alit ingkang manggèn ing kalèn-kalèn. Dene panganggenipun sondhit wontên ing papan rupak sarta toyanipun cêthèk, wontên ing măngsa banjir utawi botên. Dene ingkang kenging, ulam alit warni-warni, kados ta: ucêng, wadêr, kathing, urang, lele, sapanunggilanipun. Sondhit wau botên mathuk wontên ing lèpèn parêdèn, jodhonipun wontên ing kalèn-kalèn sarta ing sabin tanah ngare. Kanggenipun tiyang ing dhusun, misaya ulam mawi pirantos alit-alit, kados ta: sondhit, pêcak (anco alit), pancing, punika botên kalêbêt panggaotan, namung golonganing kasênêngan, trimah ngangkah kangge lawuh nêdha. Beda kalihan tukang misaya ulam ingkang ngangge pirantos bara, jaring sarta ayab, punika lakar ngangkah angsal-angsalanipun dipun sade. Awit saking punika angsal-angsalanipun juru nyondhit, mancing, kajawi ing măngsa banjir, ajêganipun kirang urup, namung cêkap kangge lawuh nêdha. Ewadene dipun lampahi, sabab manjing kasênêngan punika wau. Juru mancing ulam utawi nyondhit, manawi kêdangon botên mancing, karaos kêtagihan, tansah kalithihan badhe saba lèpèn.

8. Pêcak. Pêcak punika anco alit, tanpa mawi garan, panganggenipun wontên ing kalèn-kalèn ingkang èthèk, utawi ing sabin, manawi pinuju banjir. Pungkasanipun ingkang sisih ing nginggil, dipun cêpêng ing tangan têngên, sarta dipun adhangakên ing sedhongan, ingkang kintên-kintên wontên ulamipun. Trapipun radi dipun iringakên mangajêng (dipun jongkètakên mangajêng) sakêdhik, supados manawi dipun lêbêti ulam, botên bablas mêdal. Tangan kiwa nyêpêng kajêng utawi dêling, panjangipun kintên-kintên kalih têngah mètêr, dipun angge ngoprak-oprak sedhongan sarta êrong. Suku kiwa nglawèhi, dipun ebah-ebahakên ing sakiwaning pêcak, pêrlunipun supados ulam spun[2] ngantos mlajêng ngiwa utawi nêngên, ngêmungna nglêrês dhatêng ing pêcak, ingkang sampun dipun adhangakên ing sangajênging sedhongan. Tiyang mêcak punika kêdah ngêntosi manawi toyanipun pinuju buthêk. Awit manawi toyanipun bêning, ulam ingkang manggèn ing sedhongan, mlajêng ngiwa utawi nêngên, sabab sumêrêp bilih ing ngajêng wontên pêcak, ingkang dipun adhangakên. Awit saking punika, mila manawi mêcak botên pinuju banjir, sadèrèngipun toyanipun kalèn buthêk, kêdah dipun ubak mawi suku, supados buthêk. Dene wujuding pêcak kados pêpêthan ing ngandhap punika:

--- 116 ---

[Grafik]

Pêcak

Mangsuli bab bêngkêng, ingkang sampun kula cariyosakên. Bêngkêng wau kula angge masang ulam, dipun papakakên ing sanginggiling kêdhung, angsal-angsalanipun urup sangêt. Bêngkêng punika nama sarta wangunipun warni-warni, manut pamanggihipun têtiyang ing satunggal-tunggaling dhusun utawi nagari. Sanadyan nama tuwin wangunipun beda, nanging jêjêripun sami, inggih punika wuwu ngadêg, bolonganipun wontên ing ngandhap mapanipun, dipun angge masang ulam ing wanci dalu, wontên ing kêdhung (botên sanginggiling kêdhung) radi kapering pinggir.

Kêdhunging lèpèn ing tanah parêdèn punika, kathah ingkang botên sami kawontênanipun kalihan kêdhung ing tanah ngare. Lèpèn ing tanah ngare ilining toyanipun wradin, wangsul ilining toya lèpèn ing tanah parêdèn, kathah ingkang anjlog, dados grojogan. Wontên ing ngriku lajêng dados kêdhung. Awit saking punika, ulam ing salêbêting kêdhung ingkang kados makatên wangunipun, botên sagêd nungsung toya, saba manginggil, mila ulamipun botên kenging dipun pasangi sarana wuwu utawi bêngkêng, ingkang dipun pasang sanginggiling kêdhung, ngajêngakên ilining toya. Sagêdipun amung dipun pasang ing salêbêting kêdhung, radi kapering ing pinggir, kados kasêbut ing ngajêng. Dene ingkang sagêd cocog kalihan kawontênanipun: namung bêngkêng.

9. Susug, utawi sosog. Susug utawi sosog punika ingkang dipun damêl dêling iratan, dipun anam, wangunipun kados kurungan ayam nanging alit, sarta lonjong, ngandhap agêng, nginggil alit. Wiyaring anam-anamanipun, namung cêkap jênthik. Ngandhap nginggil botên dipun buntu. Perangan nginggil dipun sukani kajêng gilig, malang ing bolongan, kangge cêpêngan. Panganggenipun susug wau kêdah sapasang, dipun cêpêng tangan kiwa têngên, malampah majêng utawi ngiwa nêngên, saèmpêr kangge têkên, wontên ing sabin ingkang kêbanjiran, utawi wontên ing kalèn. Ing măngsa banjir, sabin ingkang cêlak lèpèn asring kainggahan toya, ulam ing lèpèn kathah ingkang kèli utawi ngèli, anjog ing sabin. Mila ing măngsa ingkang kados makatên, juru nyusug ngalap paedahipun susug utawi sosog, milih toya ing sabin ingkang kabanjiran toya saking lèpèn agêng, sarta ingkang lêbêtipun namung sanginggiling dhêngkul. Wontên ing ngriku malampah majêng, utawi ngiwa nêngên, ambungkuk têkênan susugipun. Lampahipun botên kenging rikat-rikat. Sabên susug dipun blêdhêsakên ing toya, kèndêl sawatawis, ngraosakên,

--- 117 ---

punapa ing salêbêting susug wontên ulamipun. Awit manawi wontên, mêsthi karaos nyêndhul. Manawi sosog utawi susugipun karaos dipun sêndhul ing ulam, lajêng kèndêl anggogohi, mêdal sosog ing sisih nginggil. Manawi ulam sampun dipun lêbêtakên ing kêpis, sawêg malampah majêng malih. Manawi pinuju kabêgjan, juru nyosog urup angsal-angsalanipun, awit ingkang kenging mèh ajêg ulam agêng-agêng. Dene wangunipun sosog kados ing ngandhap punika:

[Grafik]

Susug utawi sosog

10. Jaring. Jaring punika maligi kangge misaya ulam wontên ing kêdhung ing wanci dalu, jam sanga minggah, awit ing wêkdal punika ulam sami mêdal saking ing êrong pados têdha. Pamasangipun ingkang prayogi, manawi pinuju botên banjir. Sanadyan ing wanci banjir ugi kenging, ugêr botên agêng. Awit manawi agêng, ilining toya santêr, jaring katut ilining toya. Panjangipun jaring punika mèh racak nigang dhêpa. Wontên ugi ingkang langkung. Dene wiyaripun kalih têngah dhêpa. Kiwa têngên dipun sukani uwat-uwat kajêng radi agêng gilig, kangge anggulung sarta nancêbakên, manawi pinuju dipun pasang. Manawi pinuju dipun pasang, upami kêdhungipun kirang saking tigang dhêpa wiyaripun, jaring dipun gulung sawatawis, dipun kantunakên sacêkapipun. Dene wiyaring rajut anam-anaman, botên mêsthi, botên beda kados anamaning jala tuwin sèsèr, wontên ingkang wiyar, wontên ingkang ciyut, wontên ingkang cêkap jêmpolan tangan, wontên ingkang kirang. Gumantung ing agêng aliting ulam ingkang dipun angkah. Awit saking punika, juru anjaring kêdah gadhah jaring apêsipun warni kalih utawi tiga. Manawi botên makatên asring kacuwan, awit upami ing salêbêting kêdhung ulamipun agêng-agêng, ing măngka bolonganing rajut alit, sanadyan ulam narajang jaring, tamtu botên sagêd kenging, margi sirahipun botên sagêd malêbêt ing bolongan. Kajêng gulungan kiwa têngên sisih ngandhap dipun [dipu ...]

--- 118 ---

[... n] lancipi, supados gampil dipun tancêbakên, manawi jaring pinuju dipun pasang. Jaring ing sisih ngandhap, sabên sakilan dipun sukani timbêl giligan panjang, utawi siti ingkang dipun cithak mawi bumbung alit, prêlunipun kangge ambandhuli, supados adêging jaring ing salêbêting toya sagêd jêjêg, malang ing sawiyaring kêdhung, sarta botên katut ilining toya. Manawi jaring pinuju dipun pasang, sakêdhikipun kêdah wontên tiyang tiga: manawi kajêng uwat-uwat kiwa têngên kenging dipun tancêbakên ing kêdhung, tiyang tiga wau sami nyêmplung ing salêbêting kêdhung, manggèn ing sangajêng tuwin sawingkinging jaring, sarwi angoprak-oprak, sarta ambalangi ulam ingkang sawêg pados têdha, punapadene ingkang taksih wontên ing êrong. Sabab saking pangoprak-oprak wau, ulam kagèt, mlajêng nêmpuh jaring, satêmah sirahipun malêbêt ing rajut bolonganing jaring. Majêng mundur botên sagêd uwal. Manawi sakintên sampun cêkap anggènipun ngoprak-oprak, jaring nuntên dipun êntas, ulamipun pating grandhul, sirah dumugi sawingkinging angsang sami sumangsang ing bolonganing rajut. Upami kajêng uwat-uwat kiwa têngên botên sagêd tumancêb ing siti dhasaring kêdhung, amargi dhasaripun sela utawi padhas, tiyang ingkang kalih nyêpêngi jaring kiwa têngên, sanèsipun angoprak-oprak. Angsal-angsalanipun ulam sarana jaring, ingkang sampun kalampahan urup sangêt. Sakêdhung ingkang dipun jaring rambah kaping kalih utawi kaping tiga, ugêr pramana panjaringipun, mèh kenging dipun pêsthèkakên, ulam ingkang manggèn ing ngriku, kenging kalih pratiganipun. Ingkang kenging ing jaring, ingkang kathah bangsanipun ulam ingkang gadhah sisik, kados ta: badhèr, tămbra, mangut sapanunggilanipun. Sarèhning kêdhung ingkang cêkapan agêngipun, punika botên isi ulam kathah, mila tukang anjaring kêdah asring pindhah panggenan. Manawi jaringipun sampun sêpuh, asring bêdhah katrajang ing plajênging ulam. Mila tukang anjaring kêdah botên lena, tansah aniti pariksa jaringipun. Manawi jaringipun wontên ingkang pêdhot sakêdhik kemawon, kêdah tumuntên dipun sulami. Manawi botên, asring adamêl pituna, jêr kêkiyataning ulam ingkang nrajang jaring punika, beda kalihan kêkiyataning ulam ingkang kalêbêt ing anco tuwin sèsèr. Ulam ingkang kalêbêt ing anco utawi sèsèr, botên sagêd ngangge kêkiyatanipun sawêtah. Nanging ulam ingkang kenging ing jaring, malah kosokwangsulipun, awit taksih nglêrêsi dumunung wontên salêbêting toya. Mênggah wangunipun jaring kados ing ngandhap punika:

--- 119 ---

[Grafik]

Jaring

11. Pancing. Pancing punika kathah jinisipun, margi miturut kawontênanipun ilining toya, sarta agêng aliting ulam ingkang dipun angkah. Sasumêrêp kula cacahipun: 1 pancing ingkang bandhulipun mawi timah, kangge mancing ulam ingkang pamanggènipun andhasar, kados ta: ulam lele, kutuk, sapanunggilanipun. Dene têdhanipun, cacing, tawon dipun ratêngi, juwadah dipun dhêplok kalihan bungkil inggih kenging kangge têdhan. Pancing kangge lele sapanunggilanipun, ingkang dipun damêl kawat alit, walêsanipun dêling, dipun ongoti. Bongkotipun agêng, pucukipun alit. Kênuripun ingkang prayogi, oyod arèn ingkang sêpuh sarta panjang, dipun ongoti kapêndhêt galihipun. Ingkang kathah sami ngangge bubat buntut kapal. Sayêktosipun, punika kirang kuwawi kangge mancing ulam ingkang sawatawis agêng. Bandhulipun timah dipun tangsulakên utawi dipun gubêdakên wontên ing kênur, sacêlaking pancing. Sawênèh timahipun dipun bolongi, kênuripun dipun surupakên ing timah wau, nuntên dipun bundhêli kiwa têngên. Lêbêting pancing bandhul dhatêng ing toya kêdah dipun kintên-kintên, sagêda pancing wau namung kalih têngah kilan têbihipun saking ing dhasar. Awit manawi katêbihakên saking ing dhasaring toya, botên sagêd nênangi manahipun ulam, ingkang rêmênipun andhasar. Ulam-ulam wau, manawi mambêt gandaning têtêdhan ingkang wontên ing pancing, lajêng nyarab. Mila manawi karaos pancingipun dipun sarab ing ulam, enggal-enggal dipun sêndhala. Panyêndhalipun botên kenging sarosanipun, kêdah namung saukur. Têmbungipun wontên: sêndhal pancing. Manawi kasêron panyêndhalipun, kala-kala sagêd anguwalakên pancing saking cangkêming ulam, nanging manawi namung saukur, malah sagêd anancêbakên pancing ing cangkêming ulam. Kosokwangsulipun, manawi pancing botên [bo ...]

--- 120 ---

[... tên] tumuntên dipun sêndhal, sagêd ugi anjalari uwalipun saking cangkêm. Awit nalika ulam karaos sakit margi katancêban pancing, taksih gadhah wanci sumêdya anglêpèhakên. Kala-kala sagêd kalampahan, margi pancing dèrèng lêbêt tumancêbipun. Nanging manawi tumuntên dipun sêndhal, landhêping pancing prasasat dipun tênêtakên ing cangkêming ulam. Nyêndhal pancing kasêron, botên namung kala-kala sagêd anjalari nguwalakên pancing saking cangkêming ulam, ugi ulam ingkang kenging ing pancing, sabab kasêron anggèning nyêndhal, inggih sagêd anggubêd ing êpanging kêkajêngan ingkang wontên sanginggiling juru mancing. Mênggah wanci ingkang prayogi kangge mancing punika, manawi enjing wiwit jam 8, manawi sontên wiwit jam 5 wontên ing ulêkan, utawi wontên ing kêdhung kapering pinggiran. Awit ing wanci kasêbut ing nginggil, wancinipun ulam sami pados mêmangsan, asring katingal nyabêk.

2. Pancing kambang. Pancing kambang punika ugi pirantos kangge mancing ulam alit-alit, kados ta: wadêr, kathing tuwin sanès-sanèsipun ingkang rêmên angambang. Mênggah ingkang dipun damêl pancing kambang, sarta perangan sanès-sanèsipun, sami kalihan pancing gandhul kangge ulam alit, namung kaotipun bab pamasanging kambang. Pancing gandhul anggèning masang timah bandhul wontên sacêlaking pancing, wangsul pancing kambang ingkang kangge bandhul sanès timah, kajêng garing utawi gabus, panjangipun watawis tigang sènti mètêr. Gabus wau dipun angsalakên kênur pancing, sarta anggèning nangsuli botên dipun pêjahi, prêlunipun gampil dipun êlah-êlih. Dene têbihipun saking pancing mèh samètêr. Manawi pancing wau dipun cêmplungakên ing toya, gabusipun kumambang. Punika kangge titikan. Bilih pancing dipun têdha ing ulam, kambangipun ingkang sasisih kalêlêp ing toya. Mila manawi wontên titikan ingkang kados makatên, pancing enggal-enggal dipun sêndhal. Pancing kambang botên kenging dipun papakakên ing bantaran, kêdah wontên ing toya antêng tuwin olêkan. Awit manawi wontên ing bantaran, kèli katut ilining toya. Taksih wontên sambêtipun.

Bab Dhusun ing Jêblog ing Sukunipun Rêdi Lawu

Karanganipun Radèn Mas Suradisastra

Nuwun awiyosipun, saking pamanggih kula, kados-kados prayogi babadipun dhusun Jêblog kula aturakên wontên ing ngriki, supados kawuningan ing para maos.

Dhusun Jêblog punika kalurahanipun tumut ing dhusun Gênilangit, asistèn wêdanan ing Poncol, dhistrik Parang, kitha Magêtan. Wondene ingkang badhe kula aturakên punika, inggih namung kawontênan-kawontênan ingkang [ing ...]

--- 121 ---

[... kang] kula anggêp prêlu utawi anèh, tur inggih namung sasumêrêp kula ing sadangu kula wontên ing ngriku, ing taun 1915. Mênggah ingkang prêlu dipun sumêrêpi, inggih punika: asalipun nama dhusun Jêblog, pakulinanipun tatacaranipun tuwin kawujudanipun dhusun ing ngriku.

Mênggah prênahipun dhusun Jeblog punika têbih kalihan tăngga padhusunan ing kiwa têngênipun. Tăngga dhusun ing sisih kidul ingkang cêlak piyambak kirang langkung 4 pal têbihipun, anama dhusun Gênilangit, ing ngriku punika krajanipun lurah ingkang ambawahakên dhusun Jêblog wau. Pasitèn talatahipun minggah mandhap parêdèn alit. Saking dhusun Jêblog mangilènipun kintên-kintên inggih 4 palan têbihipun, dumugi ing dhusun Kêmpul ingkang iring lèr, punika dunungipun wontên ing èrèng-èrèngipun rêdi Lawu, sisih kidul, bawahing Mangkunagaran. Tăngga dhusun ingkang sisih lèr radi têbih malih, watawis gangsal palan, anama dhusun Plaosan, Sarangan, Singalangu sapiturutipun. Punika inggih minggah mandhap rêdi alit-alit. Dene ing sisih wetan botên wontên tangganipun dhusun, awit sampun pantog dumugi ing wana tutupan, ing rêdi Kêndhil, ingkang tanêmanipun namung wit Sengon Laut ingkang sakalangkung rungkudipun. Sawetanipun wana wontên dhusunipun malih, anama dhusun Candhirêja (Candhiagung). Ing dhusun ngriku wontên pêkênipun agêng. Ing salêbêtipun pêkên wau wontên witipun waringin agêng. Ing sangandhapipun waringin wau wontên rêcanipun awangun kodhok, majêng mangidul. Manawi pinuju dintên Jumuwah Lêgi utawi Anggara Kasih. Kathah tiyang-tiyang saking măncanagari utawi mănca dhusun ingkang sami dhatêng ningali rêca wau. Sawênèh sami ngobong mênyan kalihan nyèlèhi sêkar borèh. Dangu-dangu sabên malêm Jumuwah kathah tiyang-tiyang ingkang sami mrêlokakên mriku. Inggih untapipun tiyang-tiyang punika wau ingkang anjalari pêkên wau nama pêkên Candhirêja, Candhiagung, Candhigêdhe, utawi pêkên Candhikodhok.

Bab kawujudanipun padhusunan

Ing salêbêtipun dhusun Jêblog botên wontên tanêman: klapa, năngka, sukun tuwin kluwih. Ingkang wontên namung tanêman alit-alit, kados ta: pisang, jêram kêprok sawatawis, tuwin dêling apus.

Ing satêngahipun dhusun wau tinarajang margi mujur mangalèr, ingkang wiyaripun kirang langkung 3 mètêr. Margi wau mangidulipun dumugi ing pêkên tuwin pasarean ing salêbêtipun dhusun, lajêng menggok mangilèn dumugi ing talatah Mangkunagaran, nglangkungi dhusun Kêmpul sapiturutipun. Griyanipun têtiyang ngriku sadaya sami ngajêngakên margi ingkang mujur mangilèn punika, dados sami ajêng-ajêngan kaêlêt-êlêtan ing margi agêng. Margi ingkang mangilèn wau dumuginipun pêkên katanggul ing sela pêthak inggilipun watawis samètêr, punapa malih ing kiwa têngênipun [têngênipu ...]

--- 122 ---

[... n] margi wau dipun kalèni, kangge pambucalan toya saking sêndhang tuwin rêrêmbêsan. Wujuding toyanipun bêning tur asrêp sangêt.

Sawetanipun dhusun wontên radinanipun mangidul urut gigiring pêpunthuk. Sarta ing kiwa têngênipun dipun tanêmi cêmara agêng-agêng. Margi wau ingkang satêngah pal têbihipun wiyaripun ngantos 4 mètêr, ananging sarêng mêdhak urut pèrèng, lajêng dados margi alit. Margi punika têrusipun mangidul dumugi ing dhusun Gênilangit (Krajan kalurahan).

Margi wetan thusun[3] wau mangalèripun anjog ing margi ingkang dhatêng ing Plaosan, Sarangan, Singalangu sapiturutipun ingkang kasêbut ing nginggil.

Bab pangupakaranipun ingah-ingahan sarta kamajênganipun anggènipun têtanèn

Nalika kula ngambah ing padhusunan ngriku, cacahipun pemahan wontên 72 iji. Satunggal-tunggaling pemahan prasasat namung sacêkapipun griya satunggal, dados botên nama wiyar. Wontên satunggal kalih ingkang radi wiyar, inggih punika ingkang griyanipun kalih ngajêng wingking. Griya-griya wau sami tanpa pawon.

Rajakaya ingah-ingahanipun tiyang ing ngriku dede lêmbu utawi maesa, sabab punika kaanggêp botên têtulung dhatêng kêkiyatanipun têtanèn ing dhusun Jêblog. Dene ingkang kaanggêp sagêd maedahi sangêt tumrap têtanèn ing ngriku punika kapal, milanipun têtiyang ing ngriku sami ngingah kapal. Tiyang ingkang baku rosa, ingah-ingahanipun kapal ngantos 4 utawa 5. Dene pangrimatipun makatên: upami wontên tiyang gadhah griya namung satunggal, wangun kampung (srotongan), tiyang wau gadhah ingah-ingahan kapal satunggal utawi kalih, griyanipun wau lajêng kabage dados tiga, ingkang sabagean kangge papaning kapal minăngka gêdhoganipun, ingkang sabagean ing têngah kasinggêt-singgêt dados kalih sênthong. Ingkang sasênthong kangge nyimpêni barang-barang gêgadhahanipun, kados ta: sandhangan, cangkir, piring, têdha, yatra sapanunggilanipun. Ingkang sasênthong, inggih punika ingkang dipun ênggèni, milanipun ing ngriku wontên ambènipun ingkang minăngka patilêmanipun, sarta ugi kangge manggihi tamu. Anak-anakipun kapapakakên ing ambèn sanès, inggih nunggil ing sênthong ngriku. Dene manawi ocal-ocal inggih wontên ing jogan ngriku kemawon, awit ing jogan wau latunipun botên nate dipun pêjahi, saking asrêpipun. Yèn anggènipun ocal-ocal pinuju wontên ing jawi, inggih lajêng dipun damêlakên eyub-eyub gêdhèg utawi kepang. Ingkang sabagean malih kangge pasimpênan talethong, kaêwor kalihan rapèn, ing têmbenipun kangge ngrabuk sabinipun. Yèn ingah-ingahanipun [ingah-ingahani ...]

--- 123 ---

[... pun] kapal ngantos 4 utawi 5, pasimpênanipun rabuk wau ngantos sundhul pangêrêt. Sampun tamtu kemawon gandanipun sangêt anggènipun botên eca. Mila manawi wontên tamu ingkang dèrèng kulina, tamtu botên tahan mambêt gănda wau.

Ingah-ingahanipun kapal punika botên dipun angge kados caranipun tiyang-tiyang sanès panggenan ingkang sami ngingah kapal. Inggih punika dipun tumpaki, dipun momoti, utawi kangge rakitan. Manawi kapal ing dhusun Jêblog namung kaalap talethongipun. Babarpisan botên kaalap bau sukunipun. Yèn pinuju wontên ing gêdhogan, inggih namung dipun têdhani thok thok, dipun cêncang botên nate. Ing dhusun ngriku sanajan kathah kapal, botên wontên ingkang gadhah lapak utawi kêndhangsul.

Kapal-kapal wau inggih sok dipun êngèn kados maesa utawi lêmbu, dhatêng sabin parêdèn, botên kadhadhung. Pangènipun ambêkta: pêcut, tomblok, utawi kranjang, tuwin pacul. Pêcutipun punika kangge anggirèkakên. Tomblok utawi kranjangipun kangge madhahi talethongipun kapal-kapal wau ing sadangunipun kaêngèn. Paculipun kangge nimpali tlethong utawi rumput ingkang mêntas dipun uyuhi, kawadhahan ing kranjang wau lajêng kabêkta mantuk. Têtiyang ing Jêblog punika saking rêmênipun dhatêng rabuk talethong kapal, ngantos anggumunakên tumrap tiyang sanès. Makatên: yèn sampun dumugi wancinipun angrabuk tanêmanipun, ing măngka rabukipun kirang, punika katawis sangêt prihatosipun, milanipun kalampahan tumbas awis dhatêng tangganipun.

Latu ingkang wontên ing jogan punika kajawi kangge ocal-ocal, ugi kangge narang wiji brambang, bawang, kênthang sabrang, kapri, boncis, kara kace, kara gogok, sapanunggilanipun, supados botên sami katêdha bubuk.

Sarèhne wontênipun latu wau tanpa pêjah, inggih botên anggumunakên manawi ing sênthong ngriku sawangipun kathah, sami pating klawèr ngantos satêngah mètêr panjangipun. Ewasamantên sawang wau inggih dipun kèndêlakên kemawon, labêt saking botên ngrêtos manawi wujud makatên punika nama rêrêgêd.

Mênggah patrapipun anggènipun narang punika, wiji-wiji wau kadèkèk ing paga, ing sangandhapipun paga dipun sukani badhiyang. Taksih wontên sambêtipun.

Gotèking Tiyang bab Lèpèn: Winanga, ing Salêbêting Kitha Ngayogyakarta

Lèpèn Winanga punika prênahipun wontên iring kilèning kitha Ngayogyakarta.

Lèpèn Winanga wau ugi nama lèpèn: Lanang, awit wiwit ing nginggil dumugi sapangandhap dumugining [du ...]

--- 124 ---

[... mugining] sagantên kidul, prasasat botên wontên lèpèn sanèsipun ingkang nêmpuri. Namung lèpèn satunggal ingkang nêmpuri, inggih punika lèpèn: Buntung.

Mênggah lèpèn Buntung punika tukipun botên wontên, asaling toya namung saking uruh-uruhing pasabinan lan saking pemahan. Mila lèpèn Buntung punika, manawi măngsa katiga: asat. Dene anggènipun nêmpur dhatêng lèpèn Winanga, wontên ing dhusun Karangwaru ingkang sisih kidul.

Lèpèn Winanga punika tukipun saking rêdi Mêrapi, kalêbêt kathah ulamipun, kados ta: ulam lele, kutuk, wadêr, soca, pêlus, lan sapanunggilanipun. Malah ugi asring wontên bulusipun.

Lèpèn Winanga punika kala ing taun: 1670, ilinipun anrajang ing dhusun Bêringan. Dene dhusun Bêringan punika samangke dados kitha Ngayogyakarta. Nalika alamipun ingkang Sinuwun Kangjêng Sultan Mangkubumi (sinuwun sapisan ing Ngayogyakarta), kakarsakakên kadamêl kraton. Ilining lèpèn Winanga wau kapindhah, kadhawahakên ing iring kilèning kitha.

Mênggah wiwitipun mindhah ilining toya wau, wontên sakilèning dhusun Pingit. Tilas ilining lèpèn Winanga wau, ugi taksih mili, nanging alit, ilinipun lajêng kalêbêtakên ing kraton Ngayogyakarta. Saking karsa dalêm ingkang sinuwun sapisan, lèpèn wau kaparingan nama: Kali Larangan. Mila makatên, awit ing kinanipun, lèpèn wau kaawisan kangge ambêbucal rêrêgêd, utawi kangge anggêgirah lan sapanunggilanipun. Lèpèn wau lajêng kaparingan juru rumêksa, apangkat mantri panajungan, mawi kaparingan rèh sawatawis. Sadaya wau ugi sami kaparingan lênggah sabin nyakikil. Dene mantri wau kaparingan nama: Ngêbèi Bintang Lêsana.

Ngêbèi Bintang Lêsana wau, saturunipun dumugi sapriki, taksih dados juru lèpèn, kapatah rumêksa ing bêndungan Pingit, nama lastantun: Ngêbèi Bintang Lêsana, nanging lênggahipun sabin lajêng kalintu bayar arta sadasa rupiyah, ing dalêm sawulan.

Mila lèpèn Winanga wau kathah ulamipun, kabêkta ing ngriku kathah rong-ronganipun. Rong wau kathah ingkang lêbêtipun ngantos sadasa mètêr langkung. Ulam ingkang sami manggèn ing rong wau, ingkang limrah: ulam lele, kutuk lan pêlus. Ulam pêlus wêdalan lèpèn Wianga wau, kathah ingkang agêngipun ngantos salêngên utawi langkung.

Lèpèn Winanga punika saking cariyosipun tiyang-tiyang, kalêbêt lèpèn ingkang wingit. Mila tiyang ingkang sami misaya ulam wontên ing ngriku, punika sami anêmbung dhatêng ingkang rumêksa utawi ingkang ambaurêksa ing ngriku, langkung-langkung manawi mêndhêt ulam ingkang wontên ing

--- 125 ---

êrong, kumêdah-kêdah mawi kutug lan anjawab dhatêng ingkang ambaurêksa.

Ingkang sampun kalampahan, tiyang misaya ulam dhatêng ing ngriku punika, manawi botên mawi kutug lan anjawab dhatêng ingkang ambaurêksa, adhakanipun sok botên sagêd angsal ulam. Utawi sok nêmahi sambekala, kados ta: ngrogoh ulam wontên ing êrong, lajêng tanganipun botên kenging kadudut mêdal. Wontên ingkang pamisayanipun ulam inggih angsal, ananging sadumugining griya, piyambakipun utawi anak semahipun lajêng kasurupan, ngomyang. Nyuwantên dede suwantênipun piyambak, dipun anggêp suwantênipun ingkang ambaurêksa ing lèpèn ngriku wau. Sambekala ingkang makatên wau, manawi botên sagêd angsal pitulunganing para sagêd, utawi tiyang ingkang sampun wanuh (têpang) kalihan dhanyang ingkang rumêksa ing lèpèn ngriku, sok kalajêng dados lan tiwasipun. Makatên pamanggihipun tiyang-tiyang.

Ingkang kalimrah, tiyang ingkang kenging sambekala makatên wau, manawi sampun angsal pangrêtosan saking tiyang ingkang sagêd, lajêng ngulih-ulihi dhatêng pundi papan ingkang mêntas kaupadosan ulamipun. Dene ulih-ulih wau ingkang limrah awujud jênang warni-warni, kados ta: jênang abrit, pêthak, jênang palang, jênang abrit pêthak, jênang baro-baro, jênang sănggalangit. Jênang-jênang wau kêdah pêpak, utawi mawi tumpêng alit-alit, awarni abrit, cêmêng, jêne, pêthak, lan mawi maesan jantung pisang, asingat bathok, sêkar konyoh, mawi kutug. Jawabipun nyuwun pangapuntên dhatêng ingkang ambaurêksa ing ngriku, lan nyaosi lêlintuning ulam ingkang sampun kapêndhêt. Limrahipun manawi sampun dipun ulih-ulihi kados makatên wau, ngadat lajêng luwar saking sambekala. Ingkang upami tangan ingkang kaangge angrogoh êrong, botên kenging kadudut, manawi sampun katêbusan, lajêng kenging kadudut. Utawi, manawi ingkang suwau ngomyang, utawi kasurupan, lajêng sagêd waluya.

Limrahipun tiyang kasurupan utawi kaslupan punika, badanipun bêntèr, mripatipun pancilakan. Pangomyangipun: nêdha wangsuling ulam ingkang mêntas kapêndhêt.

Rêkaosing rêkaos, manawi tiyang mêndhêt ulam wau, sambekalanipun tumuju dhatêng anak ingkang dèrèng sagêd wicantên (ginêman) awit wontênipun: lajêng badan bêntèr, mripat pancilakan, dèrèng kenging dipun pitakèni, dados angèl anggènipun ngupadosi sababipun. Mila manawi ingkang kasurupan wau lare alit, kathah ingkang lajêng gampil dados lan tiwasipun. Dene manawi sampun kapanggih, manawi jalaranipun: kabêkta saking tiyang sêpuhipun mêntas mêndhêt ulam, inggih lajêng anêbusi, kados ingkang kasêbut ing nginggil wau.

Ingkang sampun kalimrah, tujuning sambekala wau [wa ...]

--- 126 ---

[... u] dhatêng anaking para tiyang ingkang mêndhêt ulam wau. Dene manawi ingkang pados ulam wau taksih lare, tujuning sambekala, inggih dhatêng lare wau piyambak.

Pamêndhêting ulam dhatêng lèpèn wau, ingkang kalimrah mawi pirantos: pancing limrah, pancing sogok, jala, pêcak, sèsèr, icir, wuwu, lan sanès-sanèsipun.

Wondene pamêndhêting ulam ingkang wontên salêbêting êrong ingkang lêbêt, mawi pancing dudul, utawi kasogok mawi wilah ingkang panjang. Dene yèn êrong wau wiyar, anggènipun ngogrok-ogrok mawi dêling wêtahan. Sangajêng utawi cangkêming êrong wau dipun pasangi jala, utawi icir. Dados samăngsa ulam wau mêdal saking ing êrong, lajêng katampèn ing jala utawi icir wau.

Manawi mêndhêt ulam ingkang wontên ing kêdhung, punika kêdah sarana dipun jênu, utawi dipun gamping rumiyin, supados mripating ulam sami lamur, malah wontên ingkang lajêng pêjah. Sasampunipun pêjah, lajêng sami kumambang pating krampul. Ing ngriku kantun lajêng mêndhêti. Wontên malih ingkang mawi pirantos jala, lan wontên ingkang namung dipun pancingi kemawon.

Lèpèn Winanga punika kacriyos dados margi agêng (margining para lêlêmbat), mila manawi wontên utusan saking sagantên kidul dhatêng rêdi Mêrapi, utawi pisowanan saking rêdi Mêrapi dhatêng sagantên kidul, punika marginipun mêdal ing lèpèn Winanga. Ingkang limrah, punika dipun wastani: lampor.

Lampor punika swantênipun pating krincing, saengga ungêling kêndhalining kapal.

Manawi nuju wontên lampor, para sadhèrèk ing sakiwa têngêning lèpèn Winanga wau lajêng sami titir (nabuh kênthongan). Saking gugon-tuhonipun para sadhèrèk ing sakiwa têngêning lèpèn wau, manawi botên purun titir, sok andadosakên alangan: katut para lêlêmbat. Anama kenging aradan.

Lèpèn Winanga punika saking gotèkipun para sadhèrèk ing sakiwa têngêning lèpèn wau, kacriyos ingkang rumêksa sapangandhap sapanginggil: Kyai Jayuda.

Kyai Jayuda punika ingkang suwau, inggih tiyang limrah. Rumiyin kala jamanipun Ingkang Sinuwun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta sapisan, dados abdi dalêm: prajurit wirabraja, nama: Brajayuda.

Brajayuda punika ahli lampah, nanging tanpa ngèlmi, mila lajêng salah kadadosan, dados dhanyang.

Mulabukanipun anggènipun dados dhanyang punika makatên:

Kala taksih wujud tiyang limrah, nênêpi dhatêng sapinggiring kêdhung Săngka, prênahipun sawetaning kuburan pandung pêjah, ingkang ing sapunika karembak lajêng kangge pabrik: Anim, inggih ing kampung Wirabrajan.

--- 127 ---

Sarêng Brajayuda anggènipun nênêpi, sampun angsal pitung dintên pitung dalu, lajêng ical botên kantênan. Lêt sawatawis dintên lajêng rame kabaripun, manawi Ngabèi Brajayuda dados dhanyang, ingkang ambaurêksa ing lèpèn Winanga. Pratandhanipun: sok ngêtingali dhatêng pawongmitranipun, utawi sintên ingkang dipun kajêngakên, lajêng dipun cariyosi, yèn sapunika sampun katrimah dhatêng Kangjêng Ratu Kidul, kadadosakên lurahing para dhanyang ingkang ambaurêksa ing lèpèn Winanga.

Kyai Jayuda punika krêsananipun nalika taksih wujud tiyang rumiyin: sês candu, wedang bubuk gêndhis Jawi. Pacitanipun jadah bakaran, lan roti randhon. Malah dumugi sapriki, pakarêman ingkang makatên punika dipun anggêp tiyang-tiyang: taksih. Mila para sadhèrèk ing sakiwa têngêning lèpèn ngriku, manawi ing dintên malêm Jumuwah utawi Anggara Kasih, taksih kathah ingkang sêsaji krêsananipun Kyai Jayuda wau, ingkang supados sami amanggih wilujêng ing sadayanipun.

Sajèn-sajèn wau, manawi ngantos kasupèn, sok angwontênakên sambekala.

Kala ing taun Jawi: 1845, Kyai Jayuda wau minggah pangkat agêng: pangkat bupati, asma: Kyai Tumênggung Arjanagara. Misuwur dumugi sapriki asmanipun: Kyai Tumênggung Arjanagara wau.

Dados pokokipun: ingkang rumêksa ing lèpèn Winanga punika inggih Kyai Tumênggung Arjanagara. Para dhanyang sanèsipun, dados karerehanipun Kyai Tumênggung Arjanagara.

Ing salêbêtipun taun Jawi 1786 sampun nate lèpèn Winanga punika kadhatêngan tiyang saking pundi-pundi nagari. Tiyang ing Ngayogya saya saklangkung kathah. Wontên ing ngriku prêlu: adus, ngombe. Wontên ingkang namung raup, wontên ingkang mêndhêt toya ing lèpèn wau, prêlu kangge tumbal (tulak) utawi kasukakakên para sadhèrèkipun ingkang botên sagêd dhatêng ing ngriku piyambak.

Saking gotèking para sêpuh, punika saking dhawuh dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 5, awit badhe kathah sêsakit utawi pagêblug agêng.

Kalêksanan, sarêng dumugining titimăngsa, lajêng pagêbluk agêng. Dilalah para tiyang ingkang sami angèstokakên dhawuh dalêm wau, sanajan katrajang ing pagêblug, inggih wilujêng. Ingkang maibên kawontênan wau, sarêng măngsa pagêblug, kathah ingkang katut.

Ing nalika taun Jawi 1859, lèpèn Winanga inggih dados pangungsèning tiyang ngupados sarana, utawi têtulak, prasasat sadaya tiyang ing Ngayogyakarta, utawi saking mănca, kathah ingkang dhatêng, prêlu: adus, ngombe. Wontên ingkang mêndhêt toya kabêkta mantuk. Kawontênan kados makatên wau, awit saking dhawuhipun suwargi Bandara Purba.

--- 128 ---

Mênggah bedanipun kramating lèpèn Winanga ing taun 1859, kalihan kala ing taun 1786, makatên: manawi kala ing taun 1786 punika sauruting lèpèn Winanga sangandhap sapanginggil. Dene nalika taun 1859, lèpèn Winanga, ingkang dados pangungsèn namung: ing sakilèning kampung Sitigunan, kaprênah salèring Jagalan enggal.

Ing nalika taun Jawi 1863: badhe sedanipun suwargi Bandara Purba, prasasat sadaya tiyang ing kitha Ngayogyakarta, sami anglabuh sêsajèn, awujud: apêm alit-alit sangang tangkêp, yatra benggol dipun ênjêti, ri kêmarung, godhong dhadhapsrêp, kêmbang têlon, mênyan, gadhung, candu, wedang bubuk, krikil sangang iji. Punika minăngka têtulakipun sêsakit ingkang badhe dhumawah. Sadaya ingkang kasêbut ing nginggil wau, saking dhawuhipun suwargi Bandara Purba.

Ing wusana sarêng dumugi ing titimăngsa dhumawahing sêsakit, saking piandêlipun tiyang-tiyang sadaya ingkang sami mituhu dhawuhipun Bandara Purba wau, sami manggih wilujêng, utawi prasasat sêsakit wau, botên tumama.

Ing sarèhning sampun misuwur, bilih lèpèn Winanga punika, angkêr utawi wingit, ngantos parentah nagari, manawi badhe yasa krêtêg ing lèpèn Winanga wau, mawi angwontênakên wilujêngan, anjawab dhatêng ingkang ambaurêksa: sampun ngantos wontên sambekala.

Malah sampun kalampahan, nalika nagari yasa krêtêg ing kampung Suryabrantan, lan ing sakilèning Jagalan enggal, ugi ing lèpèn Winanga, kajawi nalika wiwit panggarap mawi wilujêngan, sarampunging panggarapipun krêtêg wau, ugi mawi wilujêngan agêng-agêngan, limrahipun dipun wastani: Cembengan. Tamat[4]

S. Pandawa

[Iklan]

--- 129 ---


asêsendhehan. (kembali)
asêsendhehan.
sampun. (kembali)
sampun.
dhusun. (kembali)
dhusun.
§ Pèngêt: tumrapipun para lêngganan, cariyos ing nginggil punika botên andadosakên punapa-punapa. Tumrapipun lare alit, sagêd kalèntu pamahamipun, lajêng ngindhakakên gugon-tuhonipun, pramila prêlu dipun kêrêpi ungêl-ungêlan: saking cariyosipun tiyang-tiyang. (kembali)
§ Pèngêt: tumrapipun para lêngganan, cariyos ing nginggil punika botên andadosakên punapa-punapa. Tumrapipun lare alit, sagêd kalèntu pamahamipun, lajêng ngindhakakên gugon-tuhonipun, pramila prêlu dipun kêrêpi ungêl-ungêlan: saking cariyosipun tiyang-tiyang.