Pusaka Jawi, Java Instituut, 1935-10, #443

Judul
Terakhir diubah: 01-09-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 10, Oktobêr 1935. Taun XIV

Pusaka Jawi

Ingkang ngêdalakên pakêmpalan: Yapha Insêtitut (JAVA-INSTITUUT) Redhaksi: Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Yasawidagda, sarta Arjasumitra.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi sarta sêrat panêmbung dados lêngganan, dipun ngalamatana dhatêng: administrasi Pusaka Jawi, Museum, Yapha Insêtitit, ing alun-alun êlèr, Ngayogyakarta.

Rêginipun sêrat wulanan punika: sataun f 3.- kêdah kabayar rumiyin. Dados lêngganan apêsipun kêdah sataun. Manawi mêthil tumbas saăngka rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 15.- sapalih kaca f 8.- saprapat kaca f 5.- Ingkang lajêng kaparêng lêngganan, angsal sudan. Ingkang abonêmèn kenging karêmbag.

Museum Yapha Insêtitut Ngayogyakarta. Sanabudaya.

Katranganipun Rancangan Griya Museum

Dhêdhasaranipun

Rancangan cak-cakanipun kados ingkang kinajêngakên kasêbut ing sêrat notanipun kumisi museum, punika sagêd kalêstantunakên, sanadyan ukuran-ukuranipun pasitèn, rancangan pandamêling griya tuwin panggarapipun punika sami anjalari kêdah nindakakên barang-barang ingkang mirunggan sarta awit saking punika pangyasanipun lajêng mindhak rowa sarta tumănja tuwin mindhak awis tinimbang ingkang kinajêngakên sakawit, punapa malih awit ingkang makatên wau lajêng kêdah tumbas pasitèn. Nanging ing sarèhning pangrèh padintênan sampun mupakati janggêlan indhaking wragad-wragad (katêrangakên ing ngandhap punika), amila panindakipun inggih lêstantun awêwaton indhaking rowa wau.

Sanadyan kenging kaajêng-ajêng, griya museum wau miturut cak-cakanipun sarta nalaripun wujudipun badhe pantês, nanging kadadosanipun mêsthi badhe tansah gumantung dhatêng sangêt comprang-camprènging băndha, aliting pasitèn tuwin nalar,

--- 146 ---

bilih pangyasanipun griya museum punika namung awujud angewahi griya ingkang sampun wontên, dados botên yasa enggal. Amila grêngipun wêwangunanipun, tatanan tuwin panggarapipun sarta kiwa têngên tuwin sawanganipun botên badhe sagêd pikantuk dhatêng katêmtuan-katêmtuan tumrap griya museum ingkang têtêp sarta sae sayêktos. Ing sarèhning rêrigên ingkang samangke punika miturut nota ingkang kapratelakakên ing nginggil wau têtela namung tumrap sawatawis wêkdal rumiyin, tumrap sadasa utawi kalih dasa taun rumiyin. Amila kawontênan sadaya wau prayogi katampi kemawon. Ing ngriki prêlu kaambalan malih tumrap angênggènakên museum ingkang têtêp punika kêdah kapadosakên griya cara Jawi kina ingkang prayogi, inggih punika salah satunggaling griya-griya pangeran ing Ngayogyakarta, ingkang ing têmbe kalih dasa taunan malih kintên-kintên mêsthi badhe wontên.

Badhe sagêdipun ngêlar pasitèn ingkang samangke punika têtela badhe sagêd mêwahi wiyaripun pasitèn ingkang namung alit wau, nanging pangêlar wau mêksa botên badhe sagêd nyirnakakên pakèwêd-pakèwêd sanèsipun tumrap pangyasanipun griya museum.

Kuciwa sangêt, dene griyanipun ingkang samangke sampun wontên punika, wêwangunanipun tuwin kiwa têngênipun botên anjawèni lugu. Inggih lêrês dunungipun, wontên ing pinggir alun-alun ing Jawi capuri ingkang sampun kadandosan. Punika prayogi sangêt sarta tumrapipun yêyasan museum wau kaangkah sagêdipun anjawèni wau sarana bageanipun ingkang ngajêng kadamêl wêwangunan Jawi, ananging kabagusan sarta kabudayaning griya Jawi lugu mêksa lêstantun botên wontên.

Kajawi punika ing sarèhning wêwangunaning yêyasan-yêyasan Jawi punika dèrèng pêjah, têksih gêsang, liripun têksih sagêd ewah gingsir larasipun kalihan jaman, amila manawi yasa yêyasan enggal punika botên wontên pakèwêdipun botên ngugêmi pêpathokaning wêwangunan sarta anglarasakên kalihan katêmtuan-katêmtuan mirunggan utawi katêmtuan-katêmtuan ing jaman samangke. Ananging anggèning botên ngugêmi sarta anglarasakên wau namung badhe sawatawis kemawon.

Tuwin malih dhêdhasaraning griya wau têtela kadayan dhatêng katêmtuan ingkang kapratelakakên ing sêrat nota kasêbut ing nginggil, inggih punika katêmtuan ingkang kenging kawastanan kalayan cêkak tumrap panindaking museum tumraping akathah sarta ingkang tandang, awit saking ingkang makatên punika inggih lajêng kêdah amilah barang-barang klêmpakan tumrap dipun taliti sarta ingkang karimat sarana katata miturut jinis-jinisipun saking museum ingkang katata prayogi sarta sêlang-sêling tumrap kapitongtonakên dhatêng ing akathah tuwin kêdah yasa pandhapi kangge sarasehan-sarasehan, têtingalan bangsaning bêksan, ringgit tiyang sapanunggilanipun, pamulangan-pamulangan, [pamulangan-pa ...]

--- 147 ---

[... mulangan,] pitongtonan-pitongtonan tumrap tuladha-tuladha sarta sanès-sanèsipun. Malah awit saking punika kenging kapratelakakên wêwahipun griya tumrap dipun ênggèni tiyang, sabab museum punika sagêdipun tumindak tandang sarta mikantuki tumrap ngakathah sayêktos, ingkang limrahipun kêdah mawi babad-babad, sabên-sabên kêdah dipun bantu sarta dipun tênggani piyambak rumiyin dhatêng para pangajêngipun.

Rancangan badhe pangyasanipun ingkang baku sarta pambage-bagenipun

Sadaya griya-griyanipun punika kaperang-perang kados ing ngandhap punika:

1. Pandhapi tuwin sapanunggilanipun tumrap têtingalan bangsaning bêksan, ringgit tiyang sarta sanès-sanèsipun, pamulangan-pamulangan, sarasehan-sarasehan, sarta sapanunggilanipun, tarkadhang panganggenipun kalihan saperanganipun. | 2. Museum tumraping akathah | 3.Museum tumrap panalitining barang-barang. | 4. Kantor museum. | 5. Taman pustaka saperangan katunggilakên kalihan | 6. Kantor Yapa Insêtitut | 7. Griya ingkang dipun ênggèni.

Kantoran tumrap babagan-babagan barang kina, kadosdene rancanganipun rumiyin, ingkang nêtêpi katêmtuan-katêmtuanipun kantor makatên wau punika botên sagêd dipun sadhiyani.

Sampun kapratelakakên ing nginggil pemahanipun griya-griya wau ing sisih ngajêng katutupan temboking alun-alun, ingkang kadadosan sarana kaewahan perangan-peranganipun sawatawis, nanging wêwangunanipun lêstantun kados lami. Lêrês lomponganipun ingkang baku ing tembok wau dipun yasani regol, wontên pinggir margi yasan enggal, manawi kalêrês jawah lumêbêtipun dhatêng museum saking ing regol botên kêjawahan.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan sampun amarêngagên[1] kalayan lêgawaning panggalih dalêm salah satunggalipun pakapalan ing alun-alun sajawining tembok ingkang sampun kadandosan dhatêng museum parlu dipun angge, pakapalan wau kenging kangge ngawontênakên uyon-uyon sarta têtingalan ringgit wacucal tumraping akathah.

Sarta malih kaangkah badhe dipun dêgi tugu minăngka pèngêt (mariksanana gambar kar: 1:500) wêwangunanipun cara Jawi kina, mawi mratelakakên adêgipun museum.

Wontên ing pasitèn wau dunungipun pandhapi wontên ing wingking regol lêrês, pandhapi punika gandhèng kalihan pringgitan aut, wiyaripun kintên-kintên 250 mètêr pasagi. Wiyaripun godhagan têngah ingkang sêla kintên-kintên wontên 6 kaping 17 mètêr. Murih sagêdipun angsal godhagan samantên wau wangunipun kadamêl limasan cagak wolu. Ing sarèhning [sarèh ...]

--- 148 ---

[... ning] pandhapi punika limrahipun ingkang tigang iring namung blak-blakan kemawon, amila têtingalan-têtingalan punika manawi botên jawah kenging katingalan têtiyang kathah saking jawi. Kajawi punika ing griya museum punika wontên papanipun ingkang kaanggêp kadosdene dalêm mawi lompongan-lompongan dhatêng pandhapi, awit saking punika têtiyang ningali wau sabagean sagêd mapan wontên ing dalêm. Manawi wontên sarasehan-sarasehan tuwin sasaminipun ing pandhapi sagêd isi kiwa têngênipun tiyang satus kalayan gampil, manawi wontên têtingalan jogèd ing pandhapi sarta dalêm sagêd isi tiyang 100 dumuginipun 200 sarta ing jawi tiyang 300 dumuginipun 400.

Tumrap mitongtonakên barang-barang museum punika pandhapinipun ingkang kangge namung saperangan sakêdhik sangêt. Ing latar ngajêng urut pinggir sagêd kangge ngrakit rêca-rêca sarta barang-barang sanès ingkang agêng tuwin ingkang racakipun mawi kapayonan. Anjagi balêdug, lataripun ngajêng ingkang ngubêngi pandhapi punika rancanganipun badhe kakrakal. Ing ngriku inggih badhe katanêman wit-witan alit ing sapantêsipun ingkang sagêd ngayomi.

Marginipun lumêbêt ing museum tumraping akathah punika prênah kiwanipun pandhapi kapara wingking. Manawi prêlu tumrap aningali museum punika inggih badhe kapupu bayaran.

Wiwit ing sawingkingipun margi lumêbêt dhatêng museum, dados wiwit saking ing pèstibulê manêngên punika marginipun mubêng ing museum.

Bakda griya museum cakêt punika dalêmipun. Dalêm sarta pandhapinipun lagonipun kadamêl cara Jawi, kangge nirokakên perangan-perangan griya Jawi tulèn ingkang agêng gadhahanipun golongan têngahan, dalêmipun lajêng sagêd kaisenan barang-barang kathah ingkang prêlu-prêlu (kados ta pêtanèn utawi pasarean têngah sapanunggilanipun dalah gêbyog sarêrêngganipun tuwin sanès-sanèsipun sarta sawangan ingkang salaras) runtutipun padhang ingkang lumêbêt ing dalêm saking pandhapi punika botên patosa (nanging inggih sampun anyêkapi).

Papan-papan sanèsipun ingkang kangge museum punika wontên ing èmpèr, kamar-kamar sawatawis sarta gladri wingking ingkang sawatawis agêng. Papan-papan wau sadaya namung kadamêl barès kemawon sarta ingkang prêlu rumiyin waton kenging kangge museum ing sapêrlunipun kemawon, padhangipun botên ambalêrêngi. Prayogi, wradin, wontên papanipun kangge mitongtonakên barang-barangipun sarta botên wontên sawangan ingkang amakèwêdi.

Manawi siyang padhangipun saking kiwa têngên ing nginggil. Manawi dalu botên dipun wontêni dilah.

Tembok-tembokipun punika ingkang botên dipun dèkèki lêmantunan gêdhah kangge mitongtonakên barang-barang kêdah kaangkah botên sagêd [sa ...]

--- 149 ---

[... gêd] risak manawi kapaku utawi manawi paku tuwin sasaminipun kacopot. Ingkang makatên punika kangge anggontas-gantos ingkang kapitongtonakên, parlu sangêt.

Ing èmpèr punika kadekekan lêmantun gêdhah panjang, kangge mitongtonakên ringgit-ringgit wayang.

Gladri ingkang wingking piyambak ingkang wontênipun dening angewahi griyanipun punika wiyaripun kintên-kintên 110 mètêr pasagi sarta wêwangunanipun anyênêngakên. Ing gandhok kalih-kalihipun ingkang andhap punika dipun rancang badhe dipun dèkèki lêmantun gêdhah.

Ing sasagêd-sagêd sampun angèngêti barang-barangipun ingkang sampun kaklêmpakakên sarta badhe katata kapitongtonakên. Nanging sarèhning barang-barang wau ingkang kathah-kathah têksih kêdah kawontênakên sarta angkahipun ingkang badhe kapitongtonakên punika kadamêl sêlang-sêling, amila botên badhe sagêd andamêl ingkang cocog sangêt.

Ing antawisipun kamar-kamar wontên papanipun parimatan prasaja kemawon ingkang botên sagêd kabêsêm (brandvrije kluis) dalah lêmantunipun gêdhah, manawi dalu katutup mawi tutup leregan ingkang botên sagêd kabêsêm.

Ing nglêbêt museum tumraping akathah wontên papanipun tutupan namung alit-alitan kemawon kangge mitongtonakên rêca-rêca sarta sapanunggilanipun tuwin sêngkêran-sêngkêran sawatawis isi pêksi-pêksi Jawi ingkang pèni-pèni sarta sagêd manggung.

Museum ingkang kangge naliti barang-barang punika kapapanakên wontên ing bijgebouw ingkang sisih kilèn. Kamaripun ingkang ngajêng piyambak punika ing têmbe kangge ingkang rumêksa (konservator). Saking ing papan punika sagêd anyumêrêpi ingkang sami lumêbêt sarta kantor museum. Papan punika ngiras papaning nyambut damêl para ingkang ngangge museum tumrap naliti barang-barang. Papan-papan ing sawingkinging papan wau namung kenging kaambah bêbauning museum, prêlu mêndhêt barang-barang ingkang kabêtahakên. Barang-barang ingkang kaklêmpakakên punika pangrimatipun wontên ing rak sarta lêmantun sarana kakunci. Rak-rak sarta lêmantun-lêmantun wau karakit wontên kamaran-kamaran pangrimatan ing sawingkinging kamar tumrap naliti (nyinau) sarta pangrakitipun wau ing sasagêd-sagêd kaangkah sampun ngantos wontên papan ingkang muspra.

Kantor museum punika manggèn ing saperanganipun agêng bijgebouw lami satunggalipun, ingkang prasasat botên kaewahan. Ing ngriku punika papanipun anyambut damêl sarta ambikak-ambikaki. Papan tutupan (kangge andandosi ingkang namung alit-alitan kemawon, ambênakakên angsal-angsalan enggal sapanunggilanipun) gudhang, kamar pêtêng sarta papan kangge anggirah gambar-gambar portrèt, punapadene gudhang tumrap kantor Yapa Insêtitut.

--- 150 ---

Sadaya wau botên kenging kaambah ing têtiyang kathah, nanging sacêlakipun ngriku wontên papan-papanipun tumrap ngakathah kangge dandos manawi badhe prêlu sapanunggilanipun punapa malih kamar-kamar kangge dandos (tumrap têtingalan jogèd).

Awit saking panêdhanipun pangrèh padintênan papanipun taman pustaka katunggilakên kalihan kantor Yapa Insêtitut, prêlunipun buku-buku ingkang kasambut punika sagêd katata bêbau kantor. Taman pustaka sarta kantor wau papanipun kaprênah ngajêng jèjèr museum sarta wontên ing kamar ingkang sawatawis agêng (5 kaping 14 mètêr). Peranganipun ing ngajêng piyambak kaangkah kangge papan maos sarta ing wingking kangge pangrimatan buku-buku saha kantor. Ing jèjèripun punika kantoranipun sèkrêtaris.

Griyanipun sèkrêtaris Yapa Insêtitut ngiras pangajêng museum, ingkang kêdah katut kagolong griya-griya museum punika dunungipun kêdah kaangkah sagêdipun anjog ing alun-alun botên susah mêdal museum, sagêd anyumêrêpi museum prêlu ngulat-ulatakên sarta gandhèng kalihan kantor Yapa Insêtitut.

Sarta malih ing sarèhning saking kamar-kamaring griya punika kêdah sagêd nyumêrêpi ing jawi, amila manawi griya wau namung kadamêl ing salimrahipun, inggil rêrencang namung salimrahipun, sarta wontên ing wingking tembok alun-alun punika botên prayogi, badhenipun kadamêl panggung, dados wontên ing lotèng. Lotèngipun botên badhe kadamêl inggil-inggil, prêlunipun botên kontit kalihan pandhapinipun. Prênahipun griya panggung wau saking pandhapi (kapering nanging radi moncol majêng) sagêd runtut sangêt kalihan wêwangunan-wêwangunanipun.

Griya wau ing nginggil wontên kamar-kamaripun tutupan kalih, blak-blakan kalih, agêng alitipun cêkapan sarta ing ngandhap papan ingkang prêlu tumrap bale griya ing sacêkapipun, ngiras têksih wontên papan-papanipun tumrap museum sarta Yapa Insêtitut kados ta gudhang (ambokmanawi kangge ngrimat kursi-kursi sarta griya rencang).

Lar-laran

Ing sarèhning papanipun aut sangêt, amila, samantên punika manawi museum wau botên kaanggêp sampun pantog, prêlu sagêdipun ngêlar. Kintên-kintên kenging katamtokakên bilih bêtahipun ngêlar punika ingkang rumiyin piyambak tumrapipun museum kangge naliti barang-barang ingkang pancèn radi aut papanipun, sarta malih ambokmanawi tumrap museum tumrap ngakathah tuwin tumrap papan taman pustaka, kantor Yapa Insêtitut.

Botên susah tumbas pasitèn, manawi prêlu lajêng tumuntên, sampun lajêng sagêd yasa griya-griya tumrap museum kangge naliti barang-barang, urut watês wingking (ing gambar plattêgron dipun [di ...]

--- 151 ---

[... pun] têngêri garis cêcêg-cêcêg. Manawi wragadipun yasa griya-griya wau botên kathah, punika malah ambokmanawi lajêng tumuntên badhe sagêd katindakakên ingkang barès sangêt kemawon.

Pangêlaripun museum tumraping akathah punika botên sagêd manawi tumbas pasitèn, dene tumrap punika ingkang prayogi piyambak ing sisih lèr wetan. Yèn prêlu ing sisih lèr utawi wetan. Ingkang kathah sagêdipun punika ingkang katêrangakên mawi garis cêcêg-cêcêg wontên ing gambar kar: 1:500. Miturut tata lairipun rêginipun siti ing sisih ngriku punika ingkang mirah piyambak. Kajawi punika sarana anglêstantunakên peranganipun ngajêng griya-griya museum sarta manawi prêlu papan-papanipun ingkang prêlu tumrap bale griya, sadaya wujudipun badhe salaras tuwin mencok, sarta peranganipun wingking museum tumraping akathah sarta taman pustaka (kalih-kalihipun badhe kaêlar) kalihan museum kangge naliti barang-barang (ingkang badhe kabibrah babarpisan sarta lajêng kasantunan enggal) lajêng badhe ngubêngi papan wiyar wontên ing têngah.

Ing wasana manawi miturut ewah gingsiring kawontênan, pangajêngipun lajêng botên prêlu utawi botên sagêd griya wontên pakarangan museum, punika kamar-kamar ing lotèng ing griya panggung ingkang dipun ênggèni, kenging kaangge kantor Yapha Insêtitut. Manawi makatên papanipun taman pustaka lajêng mindhak. Papan-papan ing ngandhap punika tansah kenging kangge gudhang. Papan manawi sawêg prêlu, kamar-kamar kangge dandos, griya rencang sapanunggilanipun, kangge museum utawi Yapha Insêtitut.

Inggih awit saking nalar warni kalih ingkang pungkasan punika pangrancangipun kamar taman pustaka kaangkah sagêd gandhèng kalihan pèstibulê museum sarta manawi papanipun taman pustaka kapindhah, kenging dipun angge kamar museum.

--- 152 ---

Ngayogyakarta: 3 Sèptèmbêr 1935

Wiyosipun, sarêng sêrat punika kula ngaturakên lampiran kêkalih, ingkang gêgayutan kalihan bikakipun museum Sanabudaya ing Ngayogyakarta benjing tanggal 6 sarta 7 Nopèmbêr punika.

1. Rancanganing urut-urutanipun

2. Sêrat klowongan, ingkang prêlu dipun isèni.

Atas namaning pangrèhipun agêng Yapha Insêtitut

S. KOPERBERG sèkrêtaris

Ngaturi priksa dhatêng para warga: bikakipun museumipun Yapha Insêtitutut[2] Sanabudaya ing dintên Rêbo tanggal 6 Nopèmbêr sarta Kêmisipun tanggal 7 (9 Wage, 10 Kliwon 1866).

Rancanganing urut-urutan. Rêbo 6 Nopèmbêr 1935, jam 9 enjing.

I. Pangarsa Yapha Insêtitut, panjênênganipun Pr.Dr.R.A. Hoesin Djajadiningrat ambikak pahargyan. II. Sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, amêdhar pangandika.

III. Panjênênganipun tuwan Dr.F.D.K. Bosch mêdhar sêsorah bab kawontênan utawi jumangkahipun museum ing Indhiya Nèdêrlan. IV. Panjênênganipun Tuwan Ir. Karsten mêdhar sabda bab yêyasanipun griya museum. V. Mriksan-mriksani museum sêsarêngan.

VI. Têtingalan, pêthilan Srikandhi-Pustakawèni, paring dalêm pasupbang[3] Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam VII.

Jam 9 sontên, dumugi jam 12.30 dalu.

Pasamuwan ringgit tiyang paring dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayugyakarta.

Ha. Bêksan golèk.

Na. Pêrangipun Rêsi Mintaraga, mêngsah Prabu Kilatawarna.

Ca. Pêrangipun Radèn Triăngga, mêngsah Prabu Pratala Maryam.

Kêmis 7 Nopèmbêr 1935.

Jam 8½ enjing kaparêngakên sami nêningali ing salêbêting kraton kagungan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan. Para ingkang badhe lumêbêt ing kraton, jujug sarta nglêmpakipun wontên ing kagungan dalêm Siti Inggil lèr.

--- 152a ---

Jam 9½ enjing dumugi jam 12 siyang, nêningali ing salêbêting museum grubyugan.

Jam 9 sontên. Têtingalan jogèd saking Bali: pêparingipun Idhê Anak Agung Bagus Jêlantik, sêtèdhê owêr Karangasêm.

Ha: Jogèd gong gêbyar. | Na: Jogèd legong. | Ca: Jogèd baris. | Ra: Jogèd arja. | Ka: Jogèd topèng.

Para warganing Yapha Insêtitut kenging anjênêngi bikakipun museum sarta mriksani têtingalan ing ngriku lêlahanan (tanpa ambayar) sok ugi karsa paring priksa dhatêng sèkrêtaris Yapha Insêtitut ing sadèrèng-dèrèngipun. Adrès: alun-alun êlèr ing Ngayogyakarta.

Agêm-agêman: pêthak utawi sasaminipun.

Para lid sarta ingkang tampi ulêman dipun ajêng-ajêng rawuh enjing sarta dalunipun wanci jam 8¾.

Dintên Jumuwah malêm Sabtu surya kaping 8/9 Nopèmbêr 1935, badhe ngawontênakên têtingalan jogèd lenggong malih ing pandhapi museum, kangge umum, mawi beya f. 0,25 (sêtangsul) wiwitipun jam sêtêngah pitu dumugi jam sadasa dalu.

--- 153 ---

Katur sèkrêtaris Yapha Insêtitut Museum ing alun-alun lèr Ngayogkarta

Ingkang sami karsa mriksani utawi anjênêngi pahargyan, kasuwun kaparênga ngintunakên wangsul sêrat punika dhatêng adrès ingkang kasêbut nginggil, sadèrèngipun tanggal 20 Oktobêr.

Ingkang năndhatangani ngandhap punika ...(asma)

gêgriya ing ...(têrang, jangkêp)

Ingkang botên kagêm kacorèkana :1. warganing Yapha Insêtitut. 2. Dede Yapha Insêtitut

(botên) kêpengin anjênêngi utawi ningali:

Ingkang botên kagêm punika kacorèka : 1. bikakipun museum, tanggal 6-7 Nopèmbêr ngajêng. 2. têtingalaning pahargyan

Manawi punika botên kagêm, : gadhah panêdha dhatêng sèkrêtaris, karsa angihtiyarakên pondhokan kangge tanggal ... dumugi ... Nopèmbêr ing ...(namaning pondhokan, hotèl utawi pènsion) sadintênipun f. ...

botên prêlu dipun isèni jangkêpipun

1) Warganing Yapha Insêtitut, ingkang sampun lunas pambayaripun kontribusi taun 1935, mlêbêtipun dhatêng papan pahargyan utawi museum, kenging lêlahanan. Garwanipun, manawi karsa mlêbêt, bayaranipun namung f 5, kagêm priyantun satunggal. Tumbasipun karcis dhatêng kantor Yapha Insêtitut ing Ngayogyakarta. Yatra kakintunêna ing sadèrèng-dèrèngipun sarana pos wisêl.

2) Ingkang dede warga, panumbasipun karcis f 12.50, kenging anjênêngi sadaya pahargyan ing ngriku.

Ingkang dèrèng dados warga, măngka karsa dados warga, sok ugi anggènipun pratela dhatêng sèkrêtaris insêtitut ing alun-alun êlèr, sadèrèngipun tanggal 20 Oktobêr ngajêng punika, inggih lajêng kenging mlêbêt anjênêngi sadaya pahargyan lêlahanan.

--- 154 ---

Bab Pirantosipun Misaya Ulam Êloh ing Lèpèn Tanah Parêdèn, tuwin ing Tanah Ngare

Dening cantrik ing Giri

Sambêtipun Pusaka Jawi ăngka 9

13: Bara. Bara punika inggih pirantos misaya ulam, rupinipun nyamlêng ambèn, namung kaot dipun aling-alingi kiwa têngên. Bara wau ingkang dipun damêl dêling, cebolipun (sukunipun) ngajêng kalih pisan andhap, ingkang wingking inggil, galaripun dêling dipun ongoti ngalih têngah driji agêngipun, dipun jèjèr sawiyaring ambèn-ambenan, sarta dipun paku utawi dipun tangsuli angsal palang ngandhap. Pamasangipun bara: ngajêngakên kêdhung wontên ing bantaran. Cebolipun ingkang andhap wontên ing ngajêng, ingkang inggil wontên ing wingking. Kiwa têngênipun dipun bêndung mawi sela, supados ilining toya ngalêmpak, mili nrajang ing bara. Dene manawi sampun botên kenging dipun bêndung, sabab sampun ngancik ing kêdhung, nuntên dipun sambêti trucuk sigaran dêling utawi kajêng, dipun jèjèr kêrêp, dumugi ing pinggiran. Kajêngipun dipun angge ngalang-alangi ulam ing salêbêting kêdhung. Manawi mangandhap sampun ngantos mêdal margi sanès, sagêda nglêmpak dados satunggal, langkung ing toya ingkang mili dhatêng ing bara. Trucuk wau sawênèh wontên ingkang yasan: dêling sigaran ngalih nyari wiyaripun, dipun jèjèr-jèjèr kados kêre, tangsulipun êduk. Kaotipun, manawi kêre salêranipun gilik, wangsul trucuking bara gèpèng ngalih têngah nyari wiyaripun. Manawi pinuju kangge, kantun ngêdêgakên, nyambêti bêndungan. Manawi botên kangge, dipun gulung.

Ing ngajêng sampun dipun cariyosakên, bilih pamasanging bara wau wontên ing bantaran, ngajêngakên kêdhung, ingkang andhap wontên ing ngajêng, ingkang inggil wontên ing wingking. Awit saking punika, toya ingkang mili dhatêng ing bara namung dumugi sapalihipun, awit sarêng ilining toya ingkang dhatêng ing bara dumugi perangan ingkang inggil, lajêng mili mangandhap urut sêla-sêlaning galar. Ingkang makatên wau lakar dipun angkah, supados manawi ulam dumugi ing ngriku bingung. Awit saking punika, sarêng lampahing ulam dumugi ing ngriku, ingkang mêsthi lajêng mancolot majêng, dhawah ing galaraning bara ingkang botên kaambah ing toya. Wontên ugi ingkang tulak wangsul ing kêdhung, nanging awis sangêt, ingkang mêsthi dumugi sacêlaking êntasan lajêng milar, utawi kèli dhawah ing bara ingkang botên wontên toyanipun. Sabab dumugi ing ngriku toyanipun santêr, ulam awis-awis ingkang kuwawi wangsul manginggil. Sadangunipun bara dipun pasang, ingkang gadhah kêdah nênggani wontên ing ngriku, botên kenging mantuk. Nêdha tilêm wontên ing ngriku, manggèn ing bara ingkang botên kaclapan toya. Sabên wontên ulam ingkang minggah ing galar, enggal dipun cêpêng, dipun lêbêtakên [lê ...]

--- 155 ---

[... bêtakên] ing kêpis. Manawi kadangon, ulam sêlak mancolot wangsul ing toya. Sarèhning ingkang gadhah bara gêntosan anênggani, mila sanginggiling bara dipun sukani iyub-iyub. Ing wanci dalu pêtêngan, botên mawi dilah. Ingkang makatên wau punapa sabab saking ngirid, utawi sabab ingkang magêpokan kalihan wataking ulam, kula dèrèng mratitisakên.

Kala kula tumut nênggani bara ing wanci dalu pêtêngan, dangunipun ngantos kalih jam, sanadyan tanpa damar, sabên wontên ulam minggah ing bara, sagêd kacêpêng mawi tangan utawi sedhok tanpa sangsaya, awit katingal malolok pêthak. Nanging manawi ulam lele utawi kutuk, radi katingal rêmêng-rêmêng.

Pamasanging bara punika kêdah ing măngsa katiga, manawi lèpèn sampun alit ilinipun. Ingkang mathuk wontên ing lèpèn tanah parêdèn, awit ing ngriku mèh sabên bakda kêdhung lajêng bantaran. Wangsul lèpèn ing tanah ngare, mèh botên wontên bantaranipun. Mila tumindakipun bara kirang pikantuk. Mênggah wangunipun bara, badhe kapacak ing têmbe.

Bara wau botên amung dipun angge misaya ulam kados kasêbut ing nginggil, ing măngsa anjênu inggih agêng damêlipun, amung kemawon bara ingkang dipun angge ing măngsa anjênu, radi beda warninipun. Makatên: manawi dipun angge misaya ulam nalika lèpèn ilinipun sampun alit, ambèn-ambenan ngajêng wingking sami agêngipun, kados wêwangunan kasêbut ing nginggil, nanging manawi bara ingkang kangge ing wanci anjênu, ing wingking alit, namung sami saclangaping wuwu, awit manawi makatên punika, bara botên dipun tênggani tiyang. Ulam namung dipun tampèni ing wuwu, dipun gantung ing pungkasaning bara. Ingkang gadhah namung angendhangi. Dene panggenan sarta ajênging bara sami, kados kasêbut ing nginggil, namung kaot tanpa trucuk.

Wiwit kala-kala kula nênggani tiyang masang bara, piandêl kula dhatêng dayaning donga ingkang dipun kanthèni tuwajuhing manah saya wêwah. Kala samantên kirang langkung jam sawêlas dalu, linggihan wontên ing bara satêngahing lèpèn kalihan juru ambara sampun sêpuh, kintên-kintên umur sèkêtan sanga langkung. Hawanipun asrêp kasêmbuh ing asrêping toya. Mila sanadyan mawi mantol, asrêpipun ngantos karaos ing balung. Upami botên dados sênênging manah, kados botên wontên tiyang ingkang purun anglampahi. Sakawit omong-omong bab angsal-angsalanipun tiyang misaya ulam mawi bara, dangu-dangu kaki juru ambara nyariyosakên gêgêbênganipun: tiyang misaya ulam makatên, botên cêkap namung băndha gada gitik kemawon, kêdah dipun tandangi tiyang sêpuh. Têgêsipun, tiyang ingkang sampun suda ardaning naphsunipun, langkung-langkung tiyang amasang bara, manawi ingkang nênggani kirang tuwakupipun dhatêng Pangeran, namung kasambi ura-ura, tuwas asrêp măngsa angsala [ang ...]

--- 156 ---

[... sala] ulam. Kala samantên kula pitakèn: kajawi manahipun kêdah prihatos, gumolong anggènipun nyuwun rêjêki, punapa wontên donganipun. Wangsulanipun kaki sêpuh: tumrap piyambakipun, sadanguning thênguk-thênguk, angapalakên atining Surat An-Ngam.

Sarèhning kaki sêpuh wau tansah gumrêmêng ngapalakên atining Surat An-Ngam, kèndêl-kèndêl manawi andêkêp ulam, satêmah manah kula katut tistis. Dene kawontênanipun ulam ingkang ambyuk ing bara, kala samantên kados dipun sokakên. Kula ngantos angrencangi andêkêp, satêmah botên karaos asrêp.

14: Rumpon. Rumpon punika wontên warni kalih, wontên ingkang pamêndhêtipun ulam mawi widhe, wontên ingkang botên. Ingkang makatên wau amung gumantung ing wujuding kêdhung. Manawi kêdhungipun wiyar, mèh angêbaki lèpèn, pamêndhêtipun ulam mawi widhe. Nanging manawi kêdhungipun nyenggong sarta anjulêg, wah wontên ing pinggir, widhe kirang migunani. Sadèrèngipun măngsa katiga, kêdhung ingkang agêngipun mèh sawiyaring lèpèn, sarta toyanipun antêng, dipun dèkèki rumpon êpanging kêkajêngan, utawi pucukaning dêling ori ingkang rêmbyah-rêmbyah. Supados rumpon wau botên katut ilining toya, dipun tangsuli mawi tangsul iratan dêling, sarta dipun angsalakên ing pathok ingkang wontên ing têngah lèpèn sanginggiling kêdhung, utawi ing pinggiran. Supados ulam saya jênak manggèn ing ngriku. Limrahipun mawi dipun sukani têtêdhan, kados ta: dhêdhak, pohung dipun cacah tuwin sanès-sanèsipun. Sabên pintên wulan sapisan pamêndhêtipun ulam ing kêdhung ingkang dipun rumponi wau, botên kenging dipun têmtokakên, amung gumantung ing kawontênan. Manawi sakintên sampun kathah ulamipun, kenging dipun pêndhêt sabên wulan. Ingkang limrah ngiras kangge sênêng-sênêng, pamêndhêtipun sabên măngsa katiga.

Manawi kêdhungipun wiyar ngêbaki lèpèn, wah dhasaripun wradin, kirang sadintên saking pamêndhêtipun ulam, widhe dipun pasang ngubêngi kêdhung, kapara radi têbih sawatawis. Sangkrah-sangkrah dipun bucali, ingkang ngantos rêsik. Bakda punika, widhe dipun ingkupakên (dipun alitakên) dening tiyang wolu utawi sadasa. Alon-alon, sampun ngantos ulam sagêd marojol, awit kêdhung taksih lêbêt, namung suda margi măngsa katiga, ilining toya alit. Garapan ingkang prêlu dipun atos-atos anggènipun ngingkupakên widhe, punika ing sisih ngandhap. Sampun ngantos ulam ingkang wontên salêbêting widhe, mrojol, awit ulam sampun sami karaos, bilih badhe wontên bêbaya. Mila suku kêdah trampil [trampi ...]

--- 157 ---

[... l] pandêdêlipun. Manawi kubênging widhe wiyaripun kantun kalih têngah dhêpa, wiwit kenging dipun pêndhêt ulamipun. Pirantos mêndhêt ulam ingkang kangge ing măngsa makatên punika: jala, tuwin sèsèr. Jala sampun botên kenging dipun sêblakakên, sabab papan sampun ciyut. Manawi widhe sampun ciyut kubêngipun, kêdah dipun pathoki ingkang kuwawi, sabab manawi wontên ulamipun agêng, panglumbanipun sagêd angrêbahakên widhe.

Manawi kêdhungipun anggampèng sarta anjulêg, ing măngsa ingkang kados makatên, widhe kirang migunani, cêkap ilining toya dipun enggokakên, sarana dipun bêndung sanginggiling kêdhung, toya sagêd mili mêdal ing iringanipun, wasana kêdhung angok, ngantos katingal pinggiranipun. Sadèrèngipun toya dipun ilèkakên mêdal ing sisih, sangandhaping kêdhung kêdah dipun pasangi bara sarta wuwu, kangge anjagèni ulam ingkang mlajêng mangandhap. Awit ulam wiwit ambingungi, sumêja kesah saking kêdhung. Malah manawi rumpon sampun dipun bucali rêsik, ulam sami nglumba. Wontên ingkang ngantos satêngah mètêr inggilipun saking toya.

Ing măngsa ngundhuh rumpon, jêjêripun ingkang kathah minăngka lêlangên. Mila ing sapinggiring kêdhung mawi dipun adêgi tarub, sampat sapalênggahanipun, unjuk-unjukan, sêkul salawuhipun. Kala-kala mawi klênengan pêthilan, utawi sitêr. Ing wanci dhahar sami milih ulam anyaran ingkang dipun sênêngi, dipun gorèng sakala punika. Lêlangên ingkang kados makatên wau, ingkang kathah para luhur ingkang angadani, mawi nyêdhahi para mitra sarta andhahanipun. Manawi ingkang angadani para pinisêpuhing pakampungan utawi padhusunan, cêkap namung sêkul tumpêng mêgana, ngiras wilujêngan asung dhahar dhatêng ingkang ambaurêksa kêdhung. Dipun suwuni brêkah wilujêng, sapangandhap sapanginggilipun.

Wontên malih ewoning rumpon, namanipun suwakan, têtiyang ing padhusunan, ingkang pinggiring pemahanipun dipun langkungi kalèn, racak sami andamêl suwakan, ing sacêlaking kalèn, wontên salêbêting pakawisanipun. Suwakan wau wontên ingkang dhapuripun kados balumbang, wontên ingkang bundêr kados sumur, punika amung gumantung ing papanipun. Ilining toya kalèn dipun simpangakên dhatêng suwakanipun, nanging ing ngandhap dipun kalèni, toya sagêd mili dhawah ing kalèn malih. Suwakan wau mawi dipun isèni anggrah-anggrah êpanging kêkajêngan sarta pucukaning dêling ori, botên beda kados rumpon ing kêdhung. Tiyang ingkang gumantos dhatêng suwakanipun, botên kasupèn sabên dintên ngisèni têtêdhan ulam ing suwakanipun. Sirikan agêng: suwakan, toyanipun sampun ngantos dipun pêndhêt paedahipun. Upami kangge umbah-umbah utawi sanès-sanèsipun, awit sagêd adamêl kirang jênak utawi girasing ulam, sabên kalih utawi [uta ...]

--- 158 ---

[... wi] tigang wulan sapisan, suwakan dipun tawu, dipun pêndhêti ulamipun, sarèhning papanipun ciyut, sarta botên lêbêt, cêkap ngangge sèsèr kemawon. Dene ulam ingkang manggèn ing suwakan, ingkang mêsthi ulam lele, kathing, kutuk, wadêr lan sanès-sanèsipun, bangsaning ulam alit-alit. Wêlut awis-awis sangêt manggèn ing suwakan, awit sênênganipun manggèn ing êdhut-êndhutan salêbêting sabin.

15: Mêlut. Wêlut punika botên namung kenging dipun pasangi mawi têlik. Malah manawi badhe sagêd angsal kathah, kêdah dipun padosi êlèngipun. Ingkang mêsthi wontên ing sabin. Êlèng wêlut punika wontên ing êndhut ingkang toyanipun kalês-kalês, wujudipun mèh bundêr, namanipun cop sarta dipun tutupi ing êndhut enggal, katingal muwêr. Ingkang kathah êlèng wêlut punika mawi têmbusan, nanging wontên ingkang tanpa têmbusan, namanipun anggathok. Sanadyan êlèng satunggal namung isi wêlut satunggal, nanging sarèhning watakipun rêmên têtunggilan kalihan kancanipun kathah, mila ugêr ing salah satunggaling panggenan wontên copipun wêlut, mêsthi kiwa têngênipun kathah tunggilipun.

Manawi sampun kêpanggih êlèngipun, pamisaya ingkang mayar piyambak, punika dipun pancing, kados sacaranipun mancing ulam alit-alit. Têdhanipun ingkang prayogi: cacing. Utawi manawi driji panuduh dipun balêbêd ing usus ayam, lajêng dipun lêlêpakên ing copipun, padatan botên dangu lajêng dipun saut. Manawi panuduh wau dipun cakot ing wêlut, kuku jêmpolan kêdah enggal dipun kuwêkakên. Sabab saking lunyunipun, wêlut botên kenging dipun cêpêng, kajawi dipun kuku sirah utawi badanipun. Sawênèhing lare angèn, manawi mêlut, êndhut ing sakubêngipun êlèng dipun idak-idak, supados wêlut mêdal saking êlèngipun. Reka ingkang kados makatên punika, kirang prayogi tur angsal-angsalanipun botên kathah. Ingkang prayogi piyambak, dipun pancing mawi pancing, utawi dipun dulêk lèngipun mawi panuduh kados ingkang kasêbut ing ngajêng. Wêlut punika ing wanci dalu sami mêdal saking êlèngipun, saba ing lèr-leran, ngupados têtêdhan sêsarêngan kalihan kănca-kancanipun, inggih wontên ing ngriku, papan anggèning nangkarakên wiji.

16: Nuba. Sabên măngsa katiga, têtiyang ing tanah parêdèn, ingkang gêgriya sacêlaking lèpèn, mèh ajêgan sami guyuban, misaya ulam mawi jênu. Sêpênipun jênu, mawi babakan kajêng sengon, dipun campuri oyod pênggung. Kalih pratigan babakan sengon, oyod pênggung sapratigan. Babakan sengon kalihan oyod pênggung tanpa tumbas, sagêd mêndhêt ing wana, nanging jênu kêdah tumbas, [tumba ...]

--- 159 ---

[... s,] awit punika limrahipun dipun tanêm ing pakêbonan utawi patêgilan.

Sadèrèngipun acak nuba, sampun sami madik kêdhung-kêdhung ingkang sakintên kathah ulamipun. Enjing kintên-kintên jam nêm, para ingkang ada-ada sampun sami dhatêng ing sanginggiling kêdhung ingkang badhe dipun tuba, kalihan tiyang kathah sami ambêkta pirantos misaya ulam: jala, sèsèr sapanunggilanipun. Juru silêm ing wanci nuba botên kenging kantun, awit badhe agêng damêlipun. Sakawit tiyang-tiyang wau sami damêl papan kangge wadhah toya dhêplokan jênu wontên ing pinggiran. Sela alit-alit dipun tata mubêng, mawi dipun dalid ing êndhut, supados toya dhêplokan jênu wau botên katut ilining toya. Pintên cacahipun wadhah jênu. Punika amung gumantung ing agêng aliting kêdhung ingkang badhe dipun tuba, racakipun, wolu dumugi sadasa.

Manawi sampun sarwa mirantos, sadaya wadhah dhêplokan toya jênu, sêsarêngan dipun bêdhah. Sadèrèngipun toya dhêplokan jênu wau dipun bêdhah, dipun ilèkakên ing lèpèn, juru anjala, juru nèsèr, juru silêm, sarta sanès-sanèsipun ingkang badhe mêndhêt ulam, sampun sami cumêpak ing kêdhung ingkang dumunung ing sangandhaping wadhah toya jênu ingkang dipun ilèkakên ing lèpèn, sarta ing kêdhung ăngka kalih. Awit sasampunipun toya jênu mili ing kêdhung kirang langkung gangsal mênit, ulam ing salêbêting kêdhung ingkang ăngka satunggal, wiwit mêndêm. Mila para ingkang mêndhêt ulam, enggal-enggal sami namakakên pirantosipun. Makatên ugi juru silêm, enggal slulup ing kêdhung, ngoprak-oprak ulam ingkang andhêlik, sarwi nyêpêngi ulam ingkang sampun mêndêm, utawi dèrèng mêndêm, ingkang mlajêng sabab kagèt. Têtiyang ingkang sami mêndhêt ulam, anggènipun namakakên pirantosipun, kêdah rikat, awit toya ingkang sampun campur kalihan toya jênu, sêlak mili mangandhap dhatêng ing kêdhung ăngka kalih. Dene tandangipun têtiyang ingkang anjagèni ing kêdhung ăngka kalih, botên beda kalihan ing kêdhung ăngka satunggal. Manawi ing kêdhung ăngka satunggal ulamipun sakintên sampun têlas, ingkang sami anjagèni kêdhung ăngka satunggal, sami rikatan pindhah dhatêng ing kêdhung ăngka tiga. Makatên salajêngipun. Sabên kêdhung, sapangandhap dipun jalani, dipun sèsèri sarta dipun slulupi dening juru silêm. Sangandhaping kêdhung, dipun pasangi bara nyatunggal. Pungkasaning bara dipun pasangi wuwu, kangge anjagèni ulam ingkang mêndêm, ingkang mlajêng mangandhap.

Ingkang anggumunakên punika kasagêdanipun juru silêm, anggènipun sagêd nyêpêng ulam wontên salêbêting kêdhung, sarta sagêd nyumêrêpi dhatêng pundi plajênging ulam ing salêbêting toya. Nalika kula pitakèni, wangsulanipun, ugêr ulam ingkang milar wontên sacêlaking lêngênipun, lajêng sagêd sumêrêp dhatêng pundi purugipun, sabab saking ebahing toya, ingkang dipun têrak dening ulam wau sarta anggêpok [anggê ...]

--- 160 ---

[... pok] lêngên. Sarèhning sampun mangêrtos, bilih wataking ulam punika, manawi mlajêng lajêng kèndêl, botên lajêng tumuntên menggok, mila tanganipun enggal dipun adhangakên ing sangajênging pakèndêlanipun. Tanganipun têrkadhang nyenggol ulam ingklang majêng,[4] utawi dhawah ing ngajêngipun. Sabab kasenggol utawi sumêrêp rêgêmênging tangan, ulam milar malih. Sarèhning juru silêm mangêrtos dhatêng pundi purugipun, tanganipun dipun adhangakên malih. Manawi pamlêtêripun jangkêp kaping sakawan utawi gangsal rambahan, ulam sampun sayah, wasana gampil dipun dêkêp, dhasar tanganipun juru silêm, racak prasasat wontên pulutipun. Ugêr nyenggol ulam, awis sangêt ingkang mrucut.

Ingkang dipun cariyosakên ing nginggil punika, nuba mawi jênu. Dene nuba mawi babakan kajêng sengon, dipun jampur[5] kalihan oyod pênggung, punika kêdah tikêl kathahipun. Manawi toya dhêplokan babakan sengon tuwin pênggung, kathahipun namung sami kalihan toyaning jênu, dèrèng sagêd andamêl êndêming ulam ingkang sawatawis agêng.

Sarêng sampun ngancik jaman kamajêngan, sanadyan botên asring kalampahan, ewadene kala-kala kula sok anrênjuhi, tiyang mêndhêt ulam loh ngangge kêkiyataning dhinamit, dipun lêbêtakên ing kêdhung. Sampun mêsthi kemawon. Bakda dhinamit amblêdhos, ulamipun pating krambang.

Manawi dipun manah panjang, misaya ulam mawi jênu utawi dhinamit punika, radi nyulayani kalihan êtuking panggêsangan, awit ingkang pêjah botên amung ulam ingkang agêng-agêng kemawon, dalah ulam ingkang alit-alit, ingkang dèrèng wancinipun kenging dipun têdha, têtumpêsan, wasana adamêl sudaning ulam, ingkang lêrêsipun salêbêtipun sataun malih, sampun kenging dipun pêndhêt asilipun.

Mangsuli bab umbul ing Ngêbêl. Umbul Ngêbêl wau dumunung ing salèr wetanipun kitha Panaraga, dipun apit-apit rêdi. Hawanipun asrêp, têbihipun saking kitha kirang langkung nêmbêlas kilomètêr. Dene kubêngipun watawis tigang pal satêngah. Dhasaripun botên radin. Ingkang lêbêt piyambak, kawan wêlas mètêr. Umbul wau ulamipun warni-warni. Ingkang kawical kathah, ulam badhèr, mawi kalung cêmêng. Nanging manawi sampun mêdal saking ngriku, ical kalungipun. Sababipun tiyang sagêd mastani bilih kalungipun cêmêng ical, awit toyanipun mili mangandhap dhatêng ing lèpèn, măngka ulam-ulam badhèr ing lèpèn sangandhaping umbul, botên wontên ingkang mawi kalung cêmêng. Tamat.

--- 161 ---

 


amarêngakên. (kembali)
Insêtitut. (kembali)
pasumbang. (kembali)
ingkang mlajêng. (kembali)
campur. (kembali)