Pusaka Jawi, Java Instituut, 1924-08/09, #331

Judul
Sambungan
1. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1924-08/09, #331. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Pusaka Jawi, Java Instituut, 1924-08/09, #331. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Pusaka Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 01-09-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka: 11, 12. Agustus - Sèptèmbêr 1924. Taun II.

Pusaka Jawi

Pahargyan jumênêngan asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII.

Wêdalipun sabên wulan. Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT). Parêpatan agêng, pasrasehan basa Jawi. Tanggal 7, 8 sarta 9 Oktobêr '24 ing Surakarta. Redhaksi: Radèn Arya Dhoktor Husèn Jayadiningrat, Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Y. Kat (J. Kats), Radèn Sastrawijana.

Sêrat-sêrat panjurung isinipun sêrat wulanan punika kakintuna dhatêng redhaksi: Salembah 28 Wèltêprèdhên.

--- [0] ---

Isinipun Pusaka Jawi ăngka 11, 12.

1. Minăngka pangèngêt-èngêt nalika wontên ing nagari Walandi, 2. Kangjêng Gusti Mangkunagara IV pujăngga tur ahli kabatosan, 3. Mangkunagaran, 4. Upacara lan kaprabon ing Mangkunagaran, 5. Kangjêng Gusti Prangwadana (Senapati), 6. Ringgit madya, 7. Bab asma Prangwadana tuwin Mangkunagara, 8. Bab Langêndriya.

Wara-wara

Kula nuwun, sawatawis dintên ingkang kapêngkêr punika, administrasi ngintunakên pos kwitangsi, tagihan arta lêngganan Pusaka Jawi. Punika wontên ingkang kêlintu, amargi wontên sawatawis lêngganan ingkang sampun bayar sah, ugi katut dipun kintuni tagihan. Ingkang punika mugi sampun dados panggalih, para ingkang sampun bayar wau, manawi tampi tagihan, lajêng kaparênga nulak kemawon.

ADMINISTRATIE

Kabar saking Rêdhaksi

Arta pituwasipun panjurung karangan ing Pusaka Jawi, dumuginipun ăngka 7 taun kaping II, sampun sami kakintunakên dhatêng ingkang sami anggadhahi wajib tampi.

Sawênèh wontên ingkang botên kasumêrêpan têrang ngalamatipun, amargi ingkang manjurung wau ngangge nama sêsinglon. Pramila sintên ingkang rumaos dèrèng tampi arta pituwas wau, mugi lajêng kaparênga apratela dhatêng rêdhaksi.

--- 161 ---

Ăngka: 11, 12. Agustus - Sèptèmbêr 1924. Taun II

Pusaka Jawi.

Ingkang ngêdalakên: Pakêmpalan Yapa Insêtitut (JAVA INSTITUUT). Redhaksi: Radèn Arya Dhoktor Husèn Jayadiningrat, Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Y. Kat (J. KATS), Radèn Sastrawijana. Sêrat-sêrat panjurung isinipun Pusaka Jawi punika kakintuna dhatêng redhaksi: Salembah 28 Wèltêprèdhên. Sêrat-sêrat panêmbung dados lêngganan, kakintuna dhatêng administrasi: Kêbonsirih 64 Wèltêprèdhên.

Rêginipun sêrat wulanan punika: f 3 sataun, sarta kêdah kabayar rumiyin. Sintên ingkang kaparêng lêngganan, apêsipun kêdah tumrap sataun. Manawi tumbas amung satunggal nomêr, rêginipun f 0.30. Waragad pariwara: sakaca f 20,- satêngah kaca f 12.50 saprapat kaca f 7.50 manawi lêngganan kamirahakên.

Minăngka Pangèngêt-èngêt Nalika Wontên ing Nagari Walandi

Kaanggit dening Radèn Mas Mr. Găndawinata.

Nalika kula taksih manggèn wontên ing Leiden nuju satunggiling dintên, kalêrês wontên ing awalipun taun 1913, kula dhatêng ing kitha den Haag ing wanci enjing mlampah-mlampah dhatêng Groenmarkt sumêrêp băngsa kula sawatawis sami lêlênggahan kalihan sadhèrèk-sadhèrèk kula wontên ing palataranipun Cafe rastaurant "Het Gouden Hoofd" nunggil kalihan têtamu pintên-pintên.

Sanadyan sang anyar katon punika kula dèrèng nate têpang, ewadene ing batos sampun namtokakên bilih punika băngsa kula. Pangintên makatên punika botên lêpat, sabab kula lajêng dipun uwuh dening salah satunggiling sadhèrèk kula wau, katêpangakên kalihan sang anyar katon, nyata băngsa kula, inggih punika ingkang satunggal: Kangjêng Pangeran Angabèi, putra dalêm pambajêng kakung Ingkang Sinuhun Surakarta, kadhèrèkakên abdi; lan Radèn Mas Arya Suryasuparta, juru basa Jawi ing Surakarta, kalêrês putra kaponakan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VI. Tindakipun prayagung kêkalih punika namung nuruti karsanipun ingkang sampun lami sinimpên wontên salêbêting panggalih, badhe nyatakakên kawontênanipun ing tanah Europa, gêsangipun têtiyang Europa langkung-langkung ing Nèdêrlan. Kajawi punika Radèn Mas Arya Suryasuparta [Surya...]

--- 162 ---

[...suparta] sumêdya anjêmbarakên pangawikan lan anggêgulang kawruh basa Indiya, langkung-langkung basa Jawi, sarana pratikêl ingkang prayogi sarta urut mindhak-mindhakipun, supados sagêda sampurna ing basa wau.

Radèn Mas Arya Suryasuparta punika satunggiling prayagung ingkang limpad panggalihipun, sanadyan namung wêdalan sêkolahan andhap kemawon, ananging kathah sêsêrêpanipun lan ngêrtos dhatêng cara gêsangipun têtiyang Indiya. Salêbêtipun măngsa Zomer wau, panjênênganipun taksih dêdalêm wontên ing den Haag, karsanipun benjing anyaking măngsa herfst badhe pindhah dalêm dhatêng Leiden supados sagêda mlêbêt sinau wontên pamulangan inggil (Universiteit) pamurihipun sagêda mêlêng sinau lan tumut nampèni pangajaranipun calon B.B. amtênar Indiya, nanging maligi tumraping basa Jawi lan Sanskrit, awit ingkang makatên punika mathuk sangêt kalihan pakaryaning juru basa Jawi. Nalika samantên ing Leiden dèrèng kathah Student băngsa Indiya. Kula kêrêp nuwèni panjênênganipun wontên ing Aschelpenkade, manggèn nunggil sakamar kalihan Radèn Mas Sumitra, putranipun pambajêng ingkang bupati ing Banjarnagara, ingkang samangke dados komisaris pulisi klas I ing Bandhung, lan Radèn Mas Natakuwara, ingkang samangke dados gêwèstêlêk art ing Banyuwangi. Saya lami pitêpangan kula kalihan Radèn Mas Arya Suryasuparta, saya têrang sumêrêp kula lan angalêmbana, botên namung bab sugihing sêsêrêpan, dhêdhasaring panggalihan, sarta limpading panggraita, ugi jalaran saening pambêkanipun sarta anganggêp sadaya punika sae, punapadene ing panggalih katingal botên nate sungkawa tansah katingal suka, inggih pinuju punapa kemawon. Manawi pinuju kula tuwèni wontên ing kamaripun, kêrêp kemawon panjênênganipun maosakên utawi nyariyosakên cêcriyosanipun Sêrat Cênthini, ingkang sakalangkung dipun kaluluti. Sêrat Cênthini punika: sêrat Jawi angrêmbag ngilmu kasampurnan, ingkang baku nyariyosakên lêlampahanipun Sèh Amongraga.

Sarêng pitêpangan kula sampun supêkêt sangêt, kula lajêng ngrêtos, punapa sabab-sababipun dene panjênênganipun rêmên sangêt dhatêng sêrat wau lan rêmên dhatêng cariyosipun Sèh Amongraga.

Sêrat wau dhasar mitranipun darma, wiwit nalika panjênênganipun kalara-lara, amargi botên kagungan dhahar pamêdal, lêlana anjajah nagari ing satanah Jawi, tarkadhang namung dipun dhèrèkakên abdi satunggal tindak dharat utawi nitih sêpur klas III, midêr ing rat pados padamêlan, sipêng wontên ing griyanipun tiyang alit. Kala samantên ingkang dipun telad namung lêlampahanipun Sèh Amongraga, jalaran punika prasasat angiyatakên panggalihipun Radèn Mas Arya Suryasuparta, murih kukuh bakuhing budi, sampun ngantos mundur ing pasangan sadèrèngipun kadumugèn ing karsa.

--- [0] ---

[Grafik]

G. Kandjeng Ratoe Timoer - R.A. Koesoemo Warthani - P.A.A.P. Prangwadono.

--- 163 ---

Dhasar nalika samantên panjênênganipun kalêrês sangêt-sangêtipun nandhang sangsara.

Punapa darunanipun makatên.

Radèn Mas Arya Suryasuparta punika putra dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara V, nalika taksih timur, panjênênganipun kapardi dening ingkang rama paman Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VI, inggih punika ingkang anggêntosi ingkang rama wau.

Timur mila Radèn Mas Arya Suryasuparta kêpengin sangêt priksa kawontênanipun nagari-nagari, kajawinipun nagari Sala, dhasar panjênênganipun kalêbêt rêmên angudi kawruh, milanipun botên tarimah namung mêmpên wontên ing Surakarta kemawon, kadosdene caraning para agung ing karaton Jawi nalika jaman samantên.

Sasampunipun mêdal saking pamulangan andhap, lajêng munjuk dhatêng ingkang rama paman, kaparênga kesah tilar nagarinipun, alêlana dhatêng nagari sanès, nyobi badhe ngupados pangupajiwa piyambak, supados sagêda mardika gêsangipun, botên kawêngku sangêt-sangêt dhatêng gêsanging para luhur Jawi, ingkang sapangkat kalihan Radèn Mas Arya wau, kadosdene kawontênanipun ing Surakarta kala jaman samantên, ngantos botên kenging katamtokakên kadospundi kadadosanipun.

Sampun tamtu kemawon sagêdipun anglaksanani karsanipun ingkang makatên punika kêdah kandêl ing panggalih lan botên ajrih, sanadyan taksih timur.

Radèn Mas Arya Suryasuparta samangke nilar margi ingkang sampun dipun babadi dening lêluhuripun, inggih punika margi ingkang kaambah ing para luhur karaton Jawi, langkung-langkung tumrap para raja-raja lan putra wayahipun wiwit miyos ngantos dumuginipun seda, inggih punika margi ingkang sampun sae lan waradin. Radèn Mas Arya Suryasuparta niyat pados margi piyambak, dèrèng kantênan margi punika dhatêng pundi purugipun, lan panjênênganipun inggih dèrèng priksa badhe dumugi ing pundi sarta badhe sapintên sangsaranipun.

Kacariyos panjênênganipun lajêng lumêbêt dados magangipun salah satunggiling bupati ing tanah Jawi pasisir lèr. Ing ngriku wiwit mangrêtos punapa ingkang dipun wastani: rêbatan panggêsangan. Lan malih sinau nyambut damêl kaêrèhakên ing lêlurah ingkang sakalangkung kêras, pintêr lan angkuh.

Dados Radèn Mas Arya Suryasuparta wau anilar margi waradin tanpa mêndhak mêndhukul, wusana manggih margi ingkang pating panjutu selanipun, tur kathah sangkrahipun wah andêdêr, malah salajêngipun saya kathah selanipun, saya kathah sangkrahipun lan saya sangêt ing pandêdêripun.

Sanadyan panjênênganipun punika putraning wong agung, ewadene panganggêping lurahipun: botên pisan kabedakakên kalihan [kali...]

--- 164 ---

[...han] punggawa utawi priyayi sanès-sanèsipun.

Ing satunggiling waktu angsal balănja namung sakêdhik, kathah padamêlanipun lan kêrêp dipun dukani. Ewadene panjênênganipun botên keguh, malah sagêd nirahakên bayaripun sakêdhik kangge sinau malih, murih indhaking sêsêrêpan, satêmah sagêd minggah pangkat dados mantri kabupatèn. Nanging sarèhning apasulayan kalihan lêlurahipun, lajêng kapêksa nyuwun kèndêl sarta ngupados padamêlan sanès.

Nalika samantên wiwit sangsaraning sangsara, Radèn Mas Arya Suryasuparta midêr ing rat angêlangut, sumêdya pados padamêlan ing saangsalipun, kêrêp kemawon pangagêmanipun namung kantun sapangadêg ingkang dipun agêm. Ewadene panggalihipun botên suda. Ingkang măngka panglêjaring panggalih, botên sanès inggih namung Sêrat Cênthini ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng, punika ingkang dipun êmatakên kangge nglipur panggalih. Măngsakala yèn pinuju sêkêl ing panggalih, lan niyat niru lêlampahanipun Sèh Amongraga, kados-kados lêlampahan wau amêmurun panggalihipun Radèn Mas Arya Suryasuparta, sampun ngantos mundur dening papa cintraka samantên. Satêmah rampung cintakanipun, ing mangke marginipun sampun waradin malih, lampahipun minggah dumugi ing pêpadhang, mangke dumuginipun ing pucak badhe manggih wahyu widayat.

Kalêrêsan kala samantên ing Surakarta wontên lowongan juru basa Jawi, ingkang sami nyuwun kajawi Radèn Mas Arya Suryasuparta, namung wontên sakêdhik. Kathah ingkang sami gumun, dene Radèn Mas Arya Suryasuparta purun nyuwun padamêlan punika, ing măngka panjênênganipun namung tilas mantri kabupatèn kemawon, prasasat tanpa angsal pangajaran babarpisan.

Inggih dhasar nyata, anggènipun purun nyuwun padamêlan punika namung katarik saking purun kemawon. Ewasamantên panjênênganipun ingkang katêtêpakên, awit kapilih dening residhèn ing Sala Kangjêng Tuwan Van Wijk, sasampuning ngandikan sawatawis, sarta malih kangjêng tuwan residhèn priksa kalangkunganipun Radèn Mas Arya Suryasuparta wau.

Sarêng sampun sawatawis lami anggènipun nindakakên padamêlan, sarta sadangunipun tansah angsal pangalêmbana saking lêlurahipun, Radèn Mas Arya Suryasuparta niyat anglaksanani ingkang dados idham-idhamaning panggalih, badhe mirsa kawontênanipun ing Eropah lan anglajêngakên pasinaonipun wontên ing Nèdêrlan, murih wêwahing kasantikan, awit panjênênganipun botên angsal pangajaran ingkang nyêkapi. Milanipun lajêng nyuwun pamit sarta kaparêngakên tindak dhatêng nagari Walandi, pêrlu nglaksanani karsanipun wau. Bidhalipun sêsarêngan kalihan Kangjêng Pangeran Angabèi, punika inggih badhe têdhak dhatêng Eropah, sabab kêpengin pirsa kawontênanipun ing buwana Eropah. Karsanipun badhe lênggah wontên ing Lèdhên. Wontên ing Lèdhên, Radèn [Ra...]

--- 165 ---

[...dèn] Mas Arya Suryasuparta sinau kasusastran tanah wetanan. Kala-kala manawi pinuju sêpên ing padamêlan, angarang sêrat cêcriyosan bab tindakipun saking tanah Jawi dhatêng nagari Walandi, kangge sumbangan dhatêng Volkslectuur (Bale Pustaka). Lan malih anjawèkakên kêkidunganipun Sang Rabindranath Tagore, guru agêng băngsa Indhu lan karanganipun Radèn Mas Natasurata. Sawêg ningali wasisipun kemawon kula sampun gumun, dene panjênênganipun punika namung wêdalan saking sêkolahan andhap kemawon, têka sagêd ngêrtos maos lan kraos ing panggalih kêkidungan ingkang makatên angèlipun. Saya gumun malih sarêng kula sumêrêp wêwatakanipun dhasar rêmên têtulung, ing pitêpangan prasasat tanpa subasita kanthi panggalih sênêng lan anganggêp sadaya punika sae tur botên kêmba. Yèn wontên salah satunggiling student băngsa kula botên sagêd katarimah èksamênipun, Radèn Mas Arya Suryasuparta sakalangkung anggènipun angêngimur murih enggaling berat sêdhihipun, satêmah sinau malih kangge benjing èksamên ngajêngipun. Panjênênganipun sagêd sangêt anglêlipur, dhasar prayagung tau tate, anjajah tur mursid.

Taun pasinaon ing Academie sampun pêjah, gantos măngsa bêntèr (Zomer) taun 1914.

Nalika samantên sawêg rame-ramenipun tiyang ngrêmbag "Inlandsche Militie" kangge anjagi tanah Indiya. Rêmbag wau wontên ingkang kalairakên sarana lesan (ijêman) wontên sarana sêrat-sêratan, kaandharakên dening para ahli utawi ingkang sanès ahli, wontên ngajênganing têtiyang ingkang katuju utawi ingkang botên katuju, lan sangajênging têtiyang ingkang nayogyani lan ingkang botên mupakati, ing Nèdêrlan lan ing Indiya. Wontên satunggal kalih băngsa kula ingkang sinau wontên ing nagari Walandi, kados ta: Radèn Mas Natasurata lan ugi Radèn Mas Arya Suryasuparta, punika karsa paring tuladha dhatêng bangsanipun angrumiyini lumêbêt ing reservekader (wadya andhungan) ngiras kangge ngatingalakên susêtyanipun karajan Jawi dhatêng pamarentah Nèdêrlan. Ingkang anggawokakên punika, prayagung kêkalih wau kados sampun sami rêmbag ing sadèrèngipun, măngka sayêktosipun botên, lan anggènipun lumêbêt ing reservekader ugi botên sêsarêngan.

Sanadyan tumrap ingkang makatên punika pêrlu angsal palilah saking ingkang wicaksana ministêr pan koloniên lan saking kangjêng sri maharaja putri, ewadene panuwunipun inggih lajêng kaparêngakên.

Kasusêtyan wau dipun tampi dening pamarentah Nèdêrlan, tandhanipun dene kangjêng pamarentah amisudha Radèn Mas Arya Suryasuparta dados upsir, sanadyan panjênênganipun botên kagungan dhiploma upsir. Dene anggènipun milih wontên ing reservekader punika wontên sababipun sanès.

--- 166 ---

Tumrap panjênênganipun, sarèhne botên angsal pangajaran rumiyin sacêkapipun lan botên kagungan dhiploma, samangke wontên ing reservekader botên nama sangsara kados rumiyin, nanging dèrèng kenging katamtokakên, punapa kasangsaran ingkang sampun dipun lampahi sadèrèngipun katêtêpakên dados juru basa Jawi, botên badhe wangsul. Bilih panjênênganipun sagêd dados upsir, dados wontên ingkang kajagèkakên. Lan malih benjing manawi sampun kondur angajawi, sagêd anyulang-nyulangakên bangsanipun, manawi ing nagari Walandi punika têtiyang Jawi sagêd angsal pangkat warni-warni botên susah gadhah dhiploma, utawi angsal piwulangan rumiyin. Ing nagari Walandi sarana ngindhakakên pasinaonipun sagêd angsal pangkat ingkang kajèn, sarta malih badhe ngatingalakên bilih salaminipun wontên ing nagari Walandi botên mêrlokakên nganggur utawi murih kasênêngan. Kalayan tekad makatên punika, Radèn Mas Arya Suryasuparta anggènipun lumêbêt ing reservekader kala samantên panjênênganipun ugi awrat padamêlanipun, nanging punika wiwitaning lêlampahan. Kala Radèn Mas Arya Suryasuparta taksih magang, sisah dening kêkirangan arta, susah ngraosakên warni-warni, sarêng samangkê wontên salêbêting măngsa milisi, wiwitaning panjênênganipun malêbêt militèr, awrat padamêlanipun.

Sumăngga kagaliha, sawêg ngagêm sêpatu kemawon ing sakawit sampun rêkaos, awit nalika wontên ing tanah Jawi botên kulina sêpaton, katitik saking lêlampahanipun ingkang nama botên sakeca, nalika mêntas rawuh ing nagari Walandi, kêpêksa ngagêm sêpatu, yèn nuju kalampahakên galadhi ngantos pintên-pintên jam dangunipun, măngka ingkang makatên punika sêpatu modhèl militèr, ingkang kadamêl wacucal atos kasar tur kandêl, pucukipun pasagi.

Sanadyan karaos sakit, nanging panggalihipun taksih mêmpêng lan katingal sênêng. Sarawuhipun ing dalêm ajêg lajêng rêngêng-rêngêng. Ingkang kadalêman punika kamar anggènipun nyewa kangge sadangunipun anglampahi milisi, dumunung sacêlaking Regiment Grenadiers ing kitha den Haag.

Yèn sampun rawuh ing dalêm, ingkang kapêrlokakên rumiyin piyambak sêpatunipun militèr (para militèr limrahipun mastani sêpatu wau "turftrappers" Jawinipun: pirantos ngidak turf) anjampèni gêsêng-gêsênging sampeyanipun lan anggodhi tatu-tatunipun.

Sontênipun wangsul dhatêng tangsi kalihan sênêng arêngêng-rêngêng.

Botên lêt dangu kalihan anggènipun lumêbêt milisi, nuntên pêrang agêng ing Eropah pêcah. Radèn Mas Arya Suryasuparta wau dipun mobiliseerd.

Botên watawis dangu panjênênganipun kadèkèkakên [kadèkè...]

--- 167 ---

[...kakên] wontên ing pamulangan kangge para upsir ingkang sami pêrlop ing Amsterdam sawêg sakêdhap wontên ing ngriku, panjênênganipun lajêng winisudha dados litnan ăngka II. Sasampunipun makatên, nuntên kaparingan pêrlop lami, lan bakda seba ing ngarsa dalêm kangjêng sri maharaja putri, Radèn Mas Arya Suryasuparta kondur dhatêng nagarinipun.

Sarawuhipun ing Sala, kaangkat dados ajung kontrolir voor agrarische Zaken ing Surakarta. Botên watawis lami jinunjung saking ngandhap sinêngkakakên ing aluhur jumênêng Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, pangagênging trah Mangkunagaran, anggêntosi kalênggahanipun ingkang rama paman Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VI, sarta kaparingan pangkat litnan kolonèl titulèr wadyabala Indiya Nèdêrlan.

Samangke sarèhne sampun têtêp yuswa kawandasa taun, kangjêng gusti wau mêsthi badhe angsal pangkat kolonèl titulèr lan jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII.

Lah makatên cublikan saking lêlampahanipun satunggiling prayagung ingkang sampun anjajah sangêt lan warni-warni ingkang sampun kasarira, wiwit saking asor ngantos dumugining kaluhuran ingkang sakalangkung luhur, lan malih têtêp prayagung ingkang ababad margi piyambak, murih dumugining kaluhuran.

Wara-wara

Ing dintên têtêpanipun Kangjêng Gusti P.A.A. Prabu Prangwadana, asma P.A.A. Mangkunagara VII punika, para lêngganan Pusaka Jawi sami dipun kintuni lêlahanan, buku anggitan dalêm Kangjêng Gusti P.A.A.M.N.VII wau nalika taksih asma R.M.A. Suryasuparta, inggih punika: Sêrat Cariyos Kêkesahan Saking Tanah Jawi Dhatêng Nagari Walandi.

Kangjêng Gusti Mangkunagara IV Pujăngga Tur Ahli Kawruh Kabatosan

Sumbanganipun Radèn Tumênggung Wedyadiningrat.

Swargi Kangjêng Gusti Mangkunagara IV punika kala sugêngipun nunggil jaman kalihan pujăngga agêng ingkang sampun misuwur Radèn Ngabèi Rănggawarsita. Kangjêng gusti kagungan têtilaran karangan warni-warni, sarta wontên ingkang mêntas kawêdalakên dening Ngabèi Padmasusastra sawarni piwulang.

--- 168 ---

Karangan wau ikêtaning sêkaran pèni sangêt saha piwulangipun mranani sarta nyênêngakên manah, pangrakiting piwulang ingkang sinawung ing sêkar sampun nelakakên bilih karanganipun Kangjêng Gusti Mangkunagara botên kantun kalihan yasanipun para pujăngga ing jaman kina. Pangarangipun kadamêl sêkar macapat (sêkar alit ingkang limrah ing jaman sapunika) agalênyèh pakêcapanipun sakeca tètèh, dene suraosipun cêtha, punapa malih ikêtanipun sêkaran inggih sampun anglênggahi lêrêsipun, saukara-ukaranipun kados sampun kinodrat botên wontên têtêmbunganipun ingkang garênjêl utawi kithal. Kala-kala ugi ngagêm têmbung Arab, ananging inggih têmbung Arab ingkang sampun sumrambah ing akathah. Punapa malih purwakanthinipun, kêrêp sangêt anênangi pangraos ingkang nglangut, tuladhanipun kados ta:

[Pangkur]

mingkar-mingkuring angkara | akarana karênan mardi siwi | sinawung rêsmining kidung | sinuba sinukarta | mrih krêtarta pakartining ngèlmu ukur[1] | kang tumrap nèng tanah Jawa | agama agêming aji ||

jinêjêr nèng Wedhatama | mrih tan kêmba kêmbênganing budi |[2] ...

Sampun maratah sadaya sami mastani bilih karanganipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV punika, sanadyan botên dipun sêkarakên pisan pamaosipun botên angicalakên èdining suraosipun, saha pangrakiting wangsalan inggih makatên, kados ingkang kawrat ing: Paliwara tuwin Palimarma, namung dipun waos gancaran (maca kăndha) inggih luwês.

[Dhandhanggula]

Jênu tawa (tungkul) pisang gănda wangi (garaita) | aja tungkul kulup dèn graita | Ragusuta:[3] mardi jêne (sêpuh) | ramanta pan wus sêpuh | wisma aglar ing păncaniti (paseban) | dèn kêrêp sebanana | prabatanging pantun (dami) | dimèn paring wulang sira | patri wastra (ular-ular) garinging mina jaladri (gêrèh) | nalar pangrèhing praja ||

Guru agêng băngsa Prasman, Gabatan, ngandika makatên: Ingkang dipun wastani: wangsalan, punika kathah èmpêripun kalihan Chardes ing tanah Prangkrik, Jawinipun cangkriman ingkang sinawung ing kidung, upaminipun Charades punika makatên: têmbung ingkang ngajêng (Chien) sagawon, têmbung wingkingipun utawi candhakipun (dent) untu, inggih punika pirantos kangge nêdha sadaya (punapa-punapa) dene sadaya (Chiendent) hond gras namaning têtanêman ingkang dados têdhanipun sagawon.

Ikêtaning sasêkaran punika anggêripun cêtha saha urut suraosipun, inggih sampun nama brêgas. Amila botên kaladuk bilih amastani Kangjêng Gusti Mangkunagara IV punika ahli basa saha kawruh kabatosan. Basa ing ngriki sampun kagalih sami kalihan têmbung Terminologie (ahli basa) cara Europa, jalaran kathah lèrègipun dhatêng babagan agami utawi langkung patitis malih yèn kawastanan: kabatosan.

Sayêktosipun ingkang dipun agêm dhêdhasaring [dhêdhasar...]

--- 169 ---

[...ing] karangan wau namung bab pangawasaning Pangeran (Gusti Allah) punika dipun agêm opvoeding (panggulawênthah utawi wulang wuruk) kaluhuraning tekad, kasucian, saha kawruh kabatosan. Amila anggitan dalêm Kangjêng Gusti Mangkunagara IV wau botên marlokakên brêgasing ukaranipun kemawon, sajatosipun taksih wontên kajêngipun ingkang langkung lêbêt, babagan kasucian utawi kabatosan. Ing ngriki pancèn sanès papanipun upami nglajêngna ngoncèki suraosing anggitan dalêm kangjêng gusti wau, ananging namung badhe mratelakakên bilih sêrat-sêrat karangan têtilaranipun swargi Kangjêng Gusti Mangkunagara IV punika botên kantun kalihan karanganipun para pujăngga, kados atur kula ing nginggil wau.

Paringipun piwulang dhatêng para putra-putri tuwin putra kakung, dhatêng para priyantun, para prajurit, para pangrèh praja saha ingkang badhe gumantos jumênêng nata, sadaya kawrat wontên ing sêrat: piwulang. Ing ngriku ingkang kadamêl tuladha: Wiryawiyata, kadospundi anggènipun anêtêpi wajibing prajurit, kêdah luhur, yèn nistha asor têmahanipun, wontên malih wulang ingkang mungêl: emuta, bilih pangabêkti dhatêng Pangeran punika botên ngamungakên sêmbahyang, ananging sadaya tiyang ingkang nyambut damêl kanthi anêtêpi kawajiban saha tumêmên, punika inggih sampun dados pangabêkti.

Ing buku: Sruti, mratelakakên, bilih tapanipun prajurit punika wontên ing pucuking dêdamêl, dene tapanipun para pandhita wontê[4] ing pucuking rêdi, punika sampun sami kemawon darajatipun.

Ngangkah kalangkungan punika botên kenging anjarag ngupados pêjah, jêr pêjah makatên botên kawisesa ing manungsa, ananging muhung gumantung dhatêng Pangeran piyambak. Yèn pêjah punika sampun badhe andhatêngi, tanpa milih margi. Amila aluwung pêjah wontên ing griya, sanajan ingatasipun para prajurit makatên wau kaanggêp awon, yèn katimbang pêjah ingkang dipun jarag, sanajan pêjahipun wontên ing paprangan, kados upaminipun Radèn Ăngkawijaya ingkang nglabuhi Pandhawa. (Wiwit Bratayuda).

Ing buku: Nayakawara, ingkang pancèn namung kagêm para priyantun, wontên ingkang nyêbutakên: sampeyan ingkang tinanggênah niti pariksa tiyang alit, nata têntrêm saha wilujêngipun, rumaosa bilih makatên wau têtêp dados têtanggêlan sampeyan. Wajib aparing wulang anggênahakên, punapa paedahipun nyambut damêl, kadospundi wajibipun tiyang gadhah rajakaya saha papan pemahan, sabab punika ingkang gêgandhengan kalihan kuwajiban anggènipun gadhah bale griya saha anggènipun mêngku tiyang sagriya.

Sae sangêt piwulangipun ingkang kawrat ing Sêrat Darma Laksita tumrap para somahan. Langkung malih tumrap para anak èstri, dene tumrap para anak jalêr saha ingkang dados prajurit, kawrat ing Sêrat: Tripama.

Nitik wulangipun Tripama, sampun cêtha bilih: [b...]

--- 170 ---

[...ilih:] kawruh kabatosan makatên pancèn dados dhêdhasaripun băngsa Jawi. Ingkang dipun angge tuladha wontên ing Sêrat Tripama inggih punika lêlabuhanipun Patih Suwănda, Karna, saha Kumbakarna, sami sêtya sarta nêtêpi dhatêng kawajibaning kasatriyan. Lêrês satriya têtiga wau sami beda-beda kawontênanipun, ananging makatên wau namung kalairanipun kemawon, sayêktosipun ing kajatèn sami. Inggih muhung kawruh kajatèn punika ingkang têtêp utawi langgêng pangaosipun, amila pêrlu kêdah ginayuh ing sadhengah manungsa.

Gêgayuhan ingkang makatên wau saya cêtha malih wontên ing anggitan dalêm Kangjêng Gusti Mangkunagara IV ing buku Wedhatama. Wontên ing ngriku Kangjêng Gusti IV anggêlarakên warni-warni ingkang tundonipun nênangi bab kasampurnan saha kamirahaning Pangeran. Wiwitanipun wontên ing sêkar Pucung amratelakakên bab ingkang pêrlu sangêt, inggih punika kawruh utawi ngèlmu makatên, kêdah dipun lampahi. Dene sagêdipun kalampahan namung manawi mantêp sarta tumêmên sinartan sagêd ngêrèh hawa nêpsu.

Ing wiwitanipun sêkar Gambuh mratelakakên panêmbah punika wontên kawan warni, inggih punika sêmbahipun raga, sêmbahipun cipta, sêmbahipun jiwa, saha sêmbahipun rasa. Sêmbah ingkang wiwitan punika taksih kenging kaanggêp pamêsu, kanthi kasantosaning tekad. Dene sêmbahing rasa punika botên wontên katranganipun, kajawi tiyang ingkang sampun angsal kamirahan sagêd katarbuka jiwanipun, sagêd ngraosakên.

Sêmbah ingkang kaping tiga kenging kaanggêp kadosdene pêpuntoning panggayuh, kêdah tansah awas saha emut, pamusthinipun kasipatakên ing kalanggêngan. Punapadene ing ngriku ugi sampun mawi sêsorah kadospundi panindakipun babagan kawruh kabatosan, kados ta: niyat ingkang sagêd anggêsangakên budi. (pangarêp uriping budi) makatên wau namung dumunung wontên ing satunggil-tunggilipun tiyang.

Para sagêd ing jaman sapunika awis-awis ingkang sagêd ngêrtos ikêtan têmbung kawi kadosdene Kangjêng Gusti Mangkunagara IV.

Prayogi sangêt upami para sarjana Jawi sapunika sami nyinau karanganipun Kangjêng Gusti IV wau kangge anggêgêsang kasagêdan bab nyêkar (têmbang) saha kawruh kamanusan utawi kajiwan.

Mangkunagaran

Kaanggit dening Dr. D.A. Rinkes

Sintên ingkang manggalih pêpêrangan ingkang ngantos têtaunan laminipun, sarta kawusananipun kala taun 1755 kawontênakên kontrak Giyanti, lajêng sagêd mangêrtos bilih sababing pêpêrangan wau botên namung melik badhe jumênêng raja kemawon.

--- 171 ---

Sayêktos bab badhe nyumêrêpi darunanipun lan lajêng sagêd nimbang lêrês lêpating tindak punika kalêbêt satunggaling panaliti ing sêrat-sêrat babad ingkang sagêd nêngsêmakên panggalih, mawi waton pratelan-pratelan ingkang wontên. Nanging wontên ing babad ingkang kantun lan dêdongenganipun karajan têtiga ingkang sami katanggêl wontên ing kontrak wau murih lastantunipun, bokmanawi inggih sagêd kêtingal sintên para agung Jawi ingkang sami mêmêngsahan.

Nitik anggêpipun lan dêdongenganipun karajan têtiga wau (Kadipatèn Pakualaman rèhne dumadosipun kantun, dados botên tumut kapetang, sanajan cariyosipun ing têmbe pantês kawigatosakên ugi) ngantos sapriki, tiyang sagêd mastani bilih karaton ing Sala punika sumêja badhe ngatingalakên pikajêngan saha ancasing gêsangipun băngsa Jawi ingkang kathah-kathah. Karaton wau botên kok mulang kêpara anarimah kados kawontênanipun samangke, ingkang tansah ewah-ewah manut kawontênan enggal, botên nyulayani, malah angrojongi, ngatos-atos botên kêsêsa, tur botên ngăngsa-ăngsa, têgêsipun botên langkah saking kawontênanipun ing karaton ngriku. Mênggahing kalimrahan karaton Surakarta punika kenging kawastanan majêng.

Anggêpipun para kaum têngahan andadosakên sênênging manahipun têtiyang kathah, awit limrah ing pundi-pundi kaum têngahan punika ingkang agêng piyambak, tur radi botên ambaukapine, namung mawon wontên cacadipun dene ancagipun botên katêrangakên rumiyin ingkang cêtha, satêmah sarêng samangke ngancik jaman kamajêngan radi kirang masah dhatêng dayaning kamajêngan.

Karaton ing Ngayoja taksih ngêkahi adat cara kina tumrap sariraning nata lan kawula alit, botên purun ngajêngakên manut sêsêrêpan ing jaman sapunika, dene manawi kêpêksa ngangge cara utawi mêndhêt pamardi enggal inggih tumindak, nanging kanthi aras-arasên, lan malih sanajan botên wande anglampahi, ing sakawit puguh botên purun, ngantos langkung tinimbang sanès-sanès panggenan. Nanging puguhipun punika botên saking ngăngsa-ăngsa.

Ingkang makatên punika inggih wontên lêrêsipun sakêdhik tumrap têtiyang ingkang botên rêmên dhatêng cara enggal, awit kakuwatosakên badhe ngêsuk cara Jawi lugu ingkang sampun kina-kumina, run-tumurun, satêmah ingkang kêsuk wau badhe ical tanpa lari. Para kaum mudha ingkang sami kêmajêngan,[5] kaèngêtakên sampun ngantos nir wêweka.

Dene Kadipatèn Mangkunagaran botên makatên, lampahipun radi sanès lan angèl anggènipun mastani. Sawênèh tiyang ngintên Mangkunagaran punika angrencangi rakyat (democratisch), awit Mangkunagaran ingkang miwiti ngicali dhodhok sêmbah, malah ing sadèrèngipun gupêrmèn kagungan karsa makatên.

--- 172 ---

Nanging sajatosipun Kadipatèn Mangkunagaran botên patos dhemukratis, namung kangge ambarèsakên manut jamanipun samangke.

Sawênèh tiyang ngintên bilih trah Mangkunagaran punika niyat murinani bangsanipun (nationalistisch), nanging punika ugi botên lêrês, awit yèn kamanah lêrês, karaton sanès-sanèsipun inggih murinani bangsanipun. Kajawi saking punika mênggahing samangke têmbung "nationalistisch" punika anggadhahi têgês ingkang kirang sae, botên sok tiyanga purun dipun wastani makatên.

Sayaktosipun Mangkunagaran punika Jawi dêlês, ancagipun niyat anjunjung sadaya ingkang sumimpên ing manah sanubarinipun tiyang Jawi, sarta niyat paring pitêdah supados sagêda matuh lan ajênging jaman, nanging botên sarana atilar dhêdhasaraning watakipun.

Dados ancaging karajan Mangkunagaran punika niyat majêng, sarwi ngrancang marginipun ingkang badhe kaambah, nanging botên sarana mlêbêt dhatêng salah satunggaling pakêmpalan utawi pasarekatan. Anganggêp sadaya ewah-ewahan ingkang sarujuk lan jamanipun, botên sarana rodapaksa murih santuning cara Jawi.

Wontên tuladanipun kina, kados ta: yasa kalangênan ringgit tiyang, ing ngriku sadaya ingkang nama wayang, kawujudaning tiyang tanpa ngewahi cariyos utawi sanès-sanèsipun. Dados tingalan ringgit tiyang punika angèmpêri tonil Walandi, mawi cariyos pêpêrangan, tur botên ewah saking lajêring Jawi.

Tuladha enggal kados ta: ngicali pranatan nyewakakên siti dalah tiyangipun lan ngicali tiyang jalêr ngingah rambut, tur icalipun punika botên andamêl kapitunan dhatêng têtiyang Jawi lan botên kandhih dening cara ngamănca ingkang botên sagêd matuh.

Kawruh Jawi dêlês saangsal-angsal dipun tuntun, têgêsipun botên kok badhe ngêkahi sarana pangrekadaya upaminipun panggaotan Jawi ingkang samangke sampun ical utawi sampun wiwit ical jalaran kêndhih dening ingkang langkung mirah, kados ta pandamêling pamor utawi bathikan.

Ingkang dipun kêkahi murih widadanipun punika Jawi lugu ingkang wontên salêbêting sanubari Jawi, kados ta basa Jawi.

Băngsa ingkang kêkah dhatêng basanipun, kiyat sangêt. Para putra wayah Mangkunagaran sadaya paramèng basa.

Malah wontên sarjana ingkang cêtha sêsêrêpanipun, langkung saking kula, bab kawontênanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV punika nyêrat karangan ing sêrat pawartos: Jawa, bilih kangjêng gusti wau sami-sami trah Mangkunagaran ingkang paramèng basa piyambak. Nanging sanajan makatêna samangke kula kêlaya-laya mêwahi cacriyosan mêdal saking manah kula piyambak bab karang-karanganipun Kangjêng Gusti ingkang kaping IV.

Sêrat-sêrat Ibêr, kintên-kintên tiga wêlas iji sêrat, kasêkarakên dhumatêng abdi dalêm patih [pa...]

--- 173 ---

[...tih] lan priyayi sanès-sanèsipun ing Mangkunagaran, bab paprentahan nagari lan sanès sasaminipun, ingkang sakalangkung pêrlu. Ngantos sapriki sêrat-sêrat wau kathah ingkang rêmên maos.

Salokantara, sêrat bab wêwatêkan, dipun rêmêni ing kathah jalaran saening basa lan ikêtanipun, sanajan isining sêrat wau pêthikan saking sêrat sanès.

Langkung dipun karênani malih sêrat: Tripama, inggih punika piwulang kangge têtuladanipun para prajurit. Ing ngriku lêlabêtan têtiga ingkang pantês tinelad dening para prajurit ing bab kaprawiran.

Namung wontên satunggal karanganipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV, ingkang botên mawi panêmbrama utawi piwulang, inggih punika Sêrat: Panji Wulung. Sêrat punika pandamêlipun awit saking panuwunipun Tuwan Wintêr, adhapur cariyos mawi sêkar, kangge dhasar mulang têmbang dhatêng murid-murid pamulangan Jawi ingkang dèrèng sagêd nêmbang.

Kala-kala kangjêng gusti wau karsa ngarang adat kawontênan padintênan, kados ta ngarang Sêrat: Rumpakan Bangsal Tosan, mawi mratelakakên rêroncèning bangsal wau (los kreta) sadaya sarwa tosan, apayon sèng, dumunung sacêlaking pandhapa dalêm Kamangkunagaran.

Sêrat wau nyêbutakên yèn bêbalunganipun bangsal punika damêlan ing Dhitslan, lan nêrangakên cagak-cagaking payon, rinêngga ing ukir-ukiran lan sapiturutipun. Ing jaman samantên payon sèng punika ing tanah Jawi taksih awis wontênipun.

Limrah tiyang mastani bilih ingkang yasa: Sêrat Wedhatama, punika namung Kangjêng Gusti IV piyambak, nanging sayaktosipun botên makatên, awit Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana IX ugi napaki asta, makatên ugi Rănggawarsita lan Wiryakusuma, inggih tumut andamêl, amila basa lan ikêtanipun ngrika-ngriki botên sami, lan ugi botên sami lan sêrat-sêrat tapak asta dalêm Kangjêng Gusti Mangkunagara IV sanèsipun.

Panjênêngan dalêm kangjêng gusti wau tansah angluhurakên darah Mataram, milanipun anganggit Sêrat: Wedhatama, minăngka wêwulang dhatêng para satriya trah Mataram, anêtêpana kasatriyanipun mirid lêlampahaning para ratu-ratu lan putra wayahing ratu ingkang misuwur sae.

Kangjêng Gusti Mangkunagara IV ayasa pamulangan kangge anak-anaking para priyantun. Ingkang kakarsakakên mulang tilas murid-murid pamulangan gupêrmèn, ingkang sampun lulus pasinaonipun. Tumrap murid-murid punika kangjêng gusti yasa Panêmbrama. Suraosing sêrat punika ingkang baku têmbang nyariyosakên satunggaling lêlampahan. Ing ngriku kêtingal bilih kangjêng gusti wau wasis sangêt ngarang.

Lan malih panjênêngan dalêm Kangjêng Gusti Mangkunagara IV yasa Panêmbrama, katêmbangakên dening murid-murid [muri...]

--- 174 ---

[...d-murid] wau wontên ing ngarsa dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur general nalika têdhak dhatêng pasanggrahan ing Karangpandhan. Panêmbrama wau mawi lagu "Wien Neerlandsch bloed", "Wilhelmus" lan sanès-sanèsipun.

Langkung misuwur malih yasan dalêm kangjêng gusti wau: Sêrat Rêrêpèn, anyăndra tiyang ayu minăngka pangèngêt-èngêt nalika sarira dalêm taksih ênèm.

Samangke Kangjêng Gusti Mangkunagara sampun swarga, nanging asma dalêm taksih sugêng sapriki tumrap ingkang sami rêmên dhatêng basa Jawi, langkung-langkung tumrap têtiyang Jawi.

Pangagênging trah Mangkunagaran ingkang sapunika têtêp miturut lêlabêtanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV ingkang kasêbut wau. Ing sadèrèngipun jumênêng dhasar sampun kêrêp kêtingal bilih panjênêngan dalêm wau nuladhani majêng dhatêng têtiyang Jawi, kados ta sakalangkung pangudinipun murih kamajênganipun pakêmpalan: Budi Utama.

Sasampuning jumênêng, lajêng kemawon kawontênakên pranatan-pranatan ingkang ngatur cara samangke ingkang baku bab panyêpênging paprentahan karajan Mangkunagaran, kados ta: andamêl supados kabudidayan-kabudidayan têtanèn katindakna manut pranatan enggal lan têtêpa makatên, ananging kêdah maligi sapirêmbag kalihan kawula alit piyambak.

Langkung awig malih tumraping gagasan adêging "Java Instituut" anggènipun badhe ngatingalakên dhêdhasar Jawi warni-warni, kados ta: bab sêrat-sêrat waosan, pandamêling griya, kagunan, pangangge, lan sanès-sanèsipun. Angaosi sadaya wau, lan niyat ngajêngakên, sadaya punika sarana lampah ingkang sakalangkung prayogi.

Nalika badhe ngadêgakên wau kathah ingkang nyulayani, ewadene sagêd kalêksanan jalaran saking pangudinipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, malah taksih karsa nyambut damêl tumrap Java-Instituut wau, lan taksih karsa migatosakên sangêt.

Bale Pustaka matur sakalangkung nuwun dhatêng panjênêngan dalêm kangjêng gusti anggènipun kêparêng aparing pitulungan ngantos Bale Pustaka wau sagêd ngêdalakên sêrat ingkang sakalangkung adi "Het Javaansche tooneel" damêlanipun Tuwan J. Kats sêrat wau nyariyosakên pintên-pintên lampahan ing padhalangan (pakêm), tur rinêngga ing gambar, ingkang pandamêlipun kalayan dipun uningani ing kangjêng gusti.

Makatên malih kathah sêrat-sêrat wêdalan Bale Pustaka ingkang pandamêlipun miturut dhawuh dalêm kangjêng gusti. Malah wontên satunggaling sêrat Serie No. 168 Kêkesahan Saking Tanah Jawi Dhatêng Nagari Walandi, punika tapak asta dalêm kangjêng gusti piyambak.

Ikêtaning ukara lan basanipun sae sarta sakeca sangêt ing pamirêngan, namung eman sanget dene samangke sarira dalêm botên kobêr nglajêngakên ngarang makatên, jalaran kêlindhih ing pakaryan praja. Pangajêng-ajêng kula [ku...]

--- 175 ---

[...la] sarta sagêda kasêmbadan, mugi-mugi benjing lami-lami kathaha para mudha ingkang angsal piwulang saèstu sagêda klêmpak-kalêmpak[6] sêrat ingkang sae, satêmah têtiyang Jawi sami rêmên nganggit-anggit malih kados ing kina. Kangjêng gusti mugi kaparênga maringi sêrat-sêrat sawatawis ingkang kathah aosipun, kenginga kangge anandhing-nandhing kalihan damêlan kina.

Upacara Lan Kaprabon ing Mangkunagaran

Anggitanipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya.

Sakêlangkung sangêt andadosakên suka sukuring manah kula, dene kula sagêd anglêksanani punapa ingkang dados pamintanipun pangrèhing "Java Instituut", inggih punika supados kula ngintunana karangan ingkang badhe kapacak ing sêrat kabar wulanan "Djawa" saking Mangkunagara nomêr ingkang badhe kawêdalakên dening pangrèh kalêrês dintên tingalanipun saudara kula Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana têtêp yuswa 40 taun. Kula rumaos bingah tanpa upami, dene kula kapasrahan dening pangrèh damêl karangan punika, amargi mugi-mugi sarana lampah makatên punika, kula sagêd suka yitna rakêting pasadherekan kula kalihan sêsêmbahanipun praja Mangkunagaran ingkang badhe winiwaha saha tampi sêsêbatan ingkang luhur piyambak. Karangan punika ngiras pamuji murih kasugênganipun kangjêng pangeran adipati.

Botên beda kalihan anggèn kula nyariyosakên kalayan cêkak bab rêrêngganing karaton Surakarta ing Sunan nomêr sêrat wulanan Sri Poestaka, samangke kula ugi badhe nyêrat kalayan cêkak bab upacara sarta kaprabon Mangkunagaran.

Dene anggèn kula milih nyariyosakên bab punika, miturut raos pangraos kula sadaya, ratu punika botên kenging pisah lan kaprabon, kadosdene sampun asalira tunggal lan kaprabonipun, mila nata ingkang botên kagungan kaprabon punika kenging kawastanan sanès nata. Punapa malih, sarèhne sêrat kabar wulanan "Djawa" wêdalan punika kapisungsungakên ing ngarsanipun sadhèrèk kula nglêrêsi pamiwahaning tingalanipun, saking pamanggih kula botên kirang tumrap manawi kula ing ngriki nyariyosakên bab punika.

Ing sadèrèngipun mugi sampun kauningana, bilih kaprabon wau kenging kapilah dados kalih golongan, inggih punika: ampilan, tuwin: upacara. Ingkang kanamakakên ampilan punika, sadayaning prabot ingkang pancèn kagêm saèstu, dene ingkang nama upacara punika ingkang sapêrlunipun, kados namung murih indhaking kaluhuran.

Ingkang kanamakakên ampilan punika: [p...]

--- 176 ---

[...unika:]

1. Pêthèn kancana rinêngga sêsotya salèngsèripun wadhah cap asma.
2. Pagantenan kancana salèngsèripun rinêngga ing sêsotya nama: lopak-lopak.
3. Pakêcohan kancana.
4. Pêthèn jêne wadhah srutu sabèrinipun.
5. Kyai Orong-orong, pêdhang mawi kêrang kancana.
6. Tamèng salaka ing têngah sarta pinggir rinêngga ing kancana, mimba baskara.
7. Jumênêngan mawi pênthol kancana, ing kraton kawastanan rotan.
8. Sanjata.
9. Limpung Kyai Sêgarawêdhang (waos cêlak panjangipun 1.62 M).
10. Ambarangin, Kyai Sêgaramuncar, inggih punika waos rinêngga gombyok sutra, panjangipun 2.20 M, ing kraton kawastanan: towok.
11. Tlêmpak, Kyai Cakra, inggih punika waos panjang (3.40 M), ing kraton nama: pegon.
12. Songsong gilap.

Ampilan punika sabên pasamuan agêng mêsthi kaampil cakêt. Manawi sanès pasamuan agêng, ingkang kaampil cêkap: pêthèn srutu, pakêcohan, sabêt, tamèng, limpung, tuwin songsong.

Ingkang nama upacara punika:

1. Bokor sarta bèri kancana.
2. Pakêcohan kancana.
3. Kêndhi siti kasêlut kancana, tuwin bokor kancana.
4. Kêndhi, woh: poh jênggi kasêlut kancana mawi bancik.[7]

5. Sumbul gêlas.

6. Sumbul kancana panjang wadhah sês jawi ing sanès panggenan kanamakakên trontong.

7. Lar badhak kalih.

8. Gêndhaga Palembang wadhah agêm-agêman, pambêktanipun wontên ing joli alit.[8]

9. Epok, inggih punika pagantenan kajêng rinêngga ing kancana.[9]

10. Kètèl sarta bokor salaka kangge wijik.
11. Bèri salaka wadhah canela.
12. Langkap (gandhewa) rinêngga kancana.
13. Endhong sajêmparingipun.
14. Kyai Rêmêng, pêdhang kancana.

15. Pasikon (wêdhung).[10]

16. Wadhah makutha.[11]

17. Lante utawi gêlaran.[12]

--- [0] ---

[Grafik]

Gambar I. Gambar hoepotjoro dan hampilannja Kangdjeng Goesti Pangeran Adipati Ario Praboe PRANGWADONO ka VII di Soerakarta.

Pratelannja ----------------------------------------------- Katrangan

1. Peti tempat wang dengan bakinja emas (bermata intan) ... Hampilan

2. Bokor boeat bertjoetji tangan dengan bakinja emas ... Hoepotjoro

3. Lopak-lopak (tempat sirih) dengan bakinja emas (bermata intan) ... Hampilan

4. Tempat rokok dengan bakinja emas (doos) ... Hampilan

5. Kendi, moeloetnja dengan bokornja emas ... Hoepotjoro

6. Tempat loedah dari emas (djegloggan = tatahan mendoekoel) ... Hoepotjoro

7. Soemboel emas tempat rokok (tatahan) ... Hoepotjoro

8. Soemboel emas tempat glas minoeman (tatahan) ... Hoepotjoro

9. Kendi dari Pohdjenggi, prabot emas[13] ... Hoepotjoro.

10. Dingklik diboewat menaroek kotak tempat makoeto (koeloek) terseboet No. 3 di gambar III tempat sirih (terseboet No. 4 di gambar II, tjantelan sapoetangan dan sebagainja ... Hoepotjoro

11. 2 bidji kipas boeloe merak ... Hoepotjoro

[Grafik]

Gambar II. Gambar hoepotjoro dan hampilannja Kangdjeng Goesti Pangeran Adipati Ario Praboe Prangwadono ka VII di Soerakarta sama dengan gambar I dengan tambahan barang roepa ampat, ja-itoe:

Pratelannja ----------------------------------------------- Katrangan

1. Gendaga berisi pakejan ... Hoepotjoro

2. Tjeret dengan bokor perak, boeat bertjoetji abis boeang aer ... Hoepotjoro

3. Baki perak berisi tjenela 1 pasang ... Hoepotjoro

4. Tempat sirih dari kajoe dengan di tjeplok emas, boeat bekal sirih kalau berpergian djaoeh, jang terseboet No. 1 di gambar I ganti peti berisi tjap asmo, dan jang terseboet No. 4 ganti peti tempat rokok dan kipas ... . Hoepotjoro

--- [0] ---

[Grafik]

Gambar III. Gambar hoepotjoro dan hampilannja Padoeka Kangdjeng Goesti Pangeran Adipati Ario Praboe Prangwadono jang ka VII, di Soerakarta.

Pratelannja ----------------------------------------------- Katrangan

1. Djolèn berisi gendogo (terseboet No.1 di gambar II) ... Hoepotjoro

2. Gandewa terpontang emas ... Hoepotjoro

3. Kotak makoeto (berisi makoeto = koeloek) ... Hoepotjoro

4. Pêdang kijahi Horong-horong brongsong emas terpontang soewasa ... Hampilan

5. Pêdang kijahi Rêmêng brongsong soewasa ... Hoepotjoro

6. Pasikon (wêdoeng) prabotnja emas ... Hoepotjoro

7. Tiker rotan pasowanan, terdoekoeng ... Hoepotjoro

8. Pajoeng bawat ... Hoepotjoro

9. Tjanang (bendé) kijahi Hangoen-hangoen, di doekoeng dengan kain tjinde ... Hoepotjoro

10. Panah di doekoeng dengan kain tjinde ... Hoepotjoro

Gandaga ini ada 2, jang 1 berisi brokoh, ja-itoe makanan dan obat jang di boewat bekal, kalau berpegian djaoeh.

[Grafik]

Gambar IV. Gambar koeda kendaraan hoepotjoro Padoeka Kangdjeng Goesti Pangeran Adipati Ario Praboe PRANGWADONO jang ka VII di Soerakarta.

Pratelannja ----------------------------------------------- Katrangan

1. Koeda kendaraan pandengan prabot keradjaan di pegang kanan kiri oleh 2 orang ... . Hoepotjoro

2. Panah dengan endongnja didoekoeng tjinde ... Hoepotjoro

3. Gendewa prabot emas ... Hoepotjoro

4. Kipas boeloe merak ... Hoepotjoro

5. Tjarak berisi air boet minoem koeda (tida kliatan di gambar ini) ... Hoepotjoro

6. 2 bidji toembak panoeroeng ... Hoepotjoro

7. Temboeng prabot emas ... Hoepotjoro

8. 1 bidji keboet koeda ... Hoepotjoro

9. Dampar pandjatan boeat menaik koeda ... Hoepotjoro

10. Songsong koening ... Hoepotjoro

11. 2 bidji toembak panoeroeng ... Hoepotjoro

--- [0] ---

[Grafik]

Gambar VII. Gambar hampilan dalem hoepotjoro Kangdjeng Goesti Pangeran Adipati Ario Praboe PRANGWADONO jang ka VII di Soerakarta.

Pratelannja ----------------------------------------------- Katrangan

1. Djoemenengan dari rotan, karah dan kepala sama emas ... . Hampilan

2. Limpoeng kijahi Segorowedang, pandjang 1.62 c.M ... . Hampilan

3. Toembak hambarangin, kijahi Segoromoentjar, pndj. 2,20 cM ... . Hampilan

4. Songsong gilap ... Hampilan

5. Toembak tlempak kijahi Tjokro, pandjang 3.40 c.M. ... Hampilan

6. Toembak blandaran, kijahi Birowo, pandjang 4.50 c.M ... . Hoepotjoro

7. Toembak panoeroeng 4 bidji, pandjang 4.50 c.M ... . Hoepotjoro

8. Tameng perak bingkai emas, tjeplok "mimbobaskoro" (seperti matahari) dari emas ... Hampilan

9. Senapan kijahi Kintjoko prabot emas ... Hoepotjoro

[Grafik]

Gambar VIII. Gambar hampilannja Padoeka Kangdjeng Ratoe TIMOER swami Padoeka Kangdjeng Goesti

Pratelannja ----------------------------------------------- Katrangan

1. Tempat loedah dari emas (loos) ... Hampilan

2. Tempat sirih ... Hampilan

3. Petèn tempat wang dari emas ... Hampilan

4. Bokor boeat bertjoetji tangan dengan bakinja pakei piso, garpoe, sendok dan tempat saboen, semoea dari emas ... . Hoepotjoro

5. Satoe stel boeat minoem thee dengan bokornja dari emas ... Hoepotjoro

6. Kendi prabot dari emas dengan bokornja dari emas ... Hoepotjoro

7. Kalau di Solo di namai tempat rokok (kalau di Djokja di namai tempat sapoe tangan) ... Hoepotjoro

8. Tempat loedah dari emas (djegloggan-tatahan mendoekoel) ... Hoepotjoro

9. Soemboel besar tempat makanan (bokornja dari emas) ... Hoepotjoro

10. Tempat batok ketjil boeat minoem obat dari emas ... Hoepotjoro

--- [0] ---

[Grafik]

Gambar V. Gambar koeda kendaraan hoepotjoro Padoeka Kangdjeng Goesti Pangeran Adipati Ario Praboe PRANGWADONO jang ka VII di Soerakarta.

Pratelannja ----------------------------------------------- Katrangan

1. Koeda kendaraan Padoeka Kangdjeng Goesti prabot Watangan di pegang kanan kiri olih 2 orang ... . Hoepotjoro

2. Kipas boeloe merak ... Hoepotjoro

3. 2 bidji toembak panoeroeng ... Hoepotjoro

4. 1 Temboeng prabot emas ... Hoepotjoro

5. Tjarak isi aer boet kasih minoem koeda ... Hoepotjoro

6. Toembak tlempak kijahi Maesolindoe ... Hoepotjoro

7. Keboet kuda ... Hoepotjoro

8. Dampar pandjatan boeat menaik doeka[14] ... Hoepotjoro

9. 2 bidji toembak panoeroeng ... Hoepotjoro

10. Songsong koening ... Hoepotjoro

[Grafik]

Gambar VI. Gambar koeda kendaraan hoepotjoro Padoeka Kangdjeng Goesti Pangeran Adipati Ario Praboe PRANGWADONO jang ka VII di Soerakarta.

Pratelannja ----------------------------------------------- Katrangan

1. Koeda kendaraan pandengan keradjaan, kakopo dengan pirantinja di boengkoes bloedroe item, tida pakei kaloeng dada, semoea prabot pakei emas, boeat kalau dahoeloe kala mengadep ka Kraton ... Hoepotjoro

2. Koeda kendaraan watangan, kakopo dengan pirantinja di boengkoes bloedroe idjo, pakei kaloeng dada, beroepa pananggalan emas, semoea prabot pakei emas, boeat kalau beladjar lawoeng (tournooi) ... Hoepotjoro

--- 117 ---

18. Bêndhe Kyai Angun-angun.
19. Songsong bawat.
20. Tamèng salaka ing têngah mawi wilahan waos 6 iji.
21. Sanjata gutuk api Kyai Kincaka.
22. Sanjata gutuk api Kyai Bramasara.
23. Sanjata gutuk api Kyai Adisara.
24. Krêga wadhah obat kalih iji.
25. Waos panurung.
26. Japitan usap asta.
27. Titihan pandêngan kalih prangkat.

Kala rumiyin manawi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara miyos pasamuan agêng, kados ta: manawi pinuju tingalan dalêm piyambak, tingalan dalêm sri maharaja putri, taun enggal, tuwin dhatêng kraton sapanunggilanipun, sadayaning kaprabon wau masthi kaampil kadhèrèkakên, ananging eman sangêt dene tatacara makatên punika kasuwak babarpisan ing Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang sampun lèrèh.

Sukur sangêt dene ingkang anggêntosi, inggih punika saudara kula ingkang sapunika ing sajumênêngipun enggal karsa mulyakakên tatacara wau. Ingkang makatên wau inggih sampun salêrêsipun, amargi ingkang jumênêng sapunika sangêt anggènipun anjurungi sadaya ingkang badhe ngluhurakên kagunan Jawi. Tatacara jaman rumiyin saha sapanunggilanipun, ingkang dèrèng dangu sapriki sampun mèh ical babarpisan, saking karsa dalêm kamulyakakên malih. Ing pawayangan kadosdene Prabu Krêsna sagêd mulyakakên sadaya ingkang sampun botên kadunungan gêsang, sarana sêkar Wijayakusuma. Makatên ugi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping VII karsa anggêgêsang tatacara Jawi ingkang badhe sirna babarpisan, sanajan sadaya wau botên sagêd kados ing jaman rumiyinipun.

Ingkang dados pangudènipun jaman wau ing samangke sampun bèntên. Mênggah upacara wau anggènipun ngêdalakên sataun namung sapisan, inggih punika manawi kalêrês tingalan dalêm. Upacara wau kaampil kadosdene barang ampilan, namung nomêr 13, 17 sarta 18, sami dipun êmban mawi slendhang cindhe. Ingkang sami ngampil punika sadaya abdi dalêm, sami angêntosi ing sawetanipun paringgitan, dados sawatawis têbih saking kangjêng pangeran ingkang nuju lênggah ing pandhapa kalayan para tamu.

Wadhah makutha (nomêr 16) pagantenan (nomêr 9) sarta japitan usap asta kasèlèh ing meja ingkang sampun kasadhiyakakên.

Kapal titihan kalih saupacaranipun sami kasadhiyakakên ing saantawisipun pandhapa kalihan paringgitan ing nginggil wau. Ingkang satunggal wontên sisih kilèn mawi prabot karajan, inggih punika prabotipun kapal titihan ing jaman rumiyin, kagêm manawi kangjêng gusti ngagêm kaprabon sowan dhatêng karaton. Titihan satunggalipun wontên ing sisih wetan marabot watangan, inggih punika prabotipun titihan, manawi kagêm ing

--- 178 ---

paprangan. Titihan kalih pisan wau kawastanan pandêngan.

Prabotipun titihan ingkang kaping sapisan:

1. Titihan kinarung dening abdi dalêm kêkalih.
2. Langkap.
3. Endhong.
4. Lar badhak.[15]

5. Gêlas pangunjukan salaka saking carak.
6. Panêmbung rinêngga ing kancana.
7. Kêbut.
8. Dhampar.
9. Songsong jêne kangge nongsongi kambil (lapak).[16]

10. 4 waos panurung.

Saprangkat malih:

1. Kapal titihan ingkang sampun kinambilan cinêpêngan dening punggawa kalih.
2. Lar badhak.
3. Panêmbung sinêplok[17] kancana.

4. Carak.
5. Waos Kyai Maesalindhu.
6. Kêbut.
7. Dhampar.
8. Songsong.
9. Waos pênarung.

Kaotipun prangkatan kapisan lan prangkatan kaping kalih inggih punika: prangkatan sapisan mawi jêmparing lan langkap, dene prangkatan ingkang kaping kalih mawi waos. Milanipun dipun wastani: watangan, sabab watang têgêsipun: tumbak. Waos panurung 4 punika kangge anjagèni kapal wau, ngiras kangge mêwahi asri tumrap kagunganing wong agung.

Dene èbègipun kaprabon ingkang kadamêl wacucal binuntêl ing baludru cêmêng sinarasah ing êmas. Watanganipun makatên ugi, nanging buntêlipun bludru ijêm. Kajawi punika ngangge kalung pananggalan êmas, pinasang ing andhêman.

Kapal kalih pisan mawi kêrga, wadhah pistul lan wadhah jêmparing wontên ing kiwa têngêning kêkopo.

Pêpandêngan makatên punika ing têmbe badhe kula cariyosakên malih.

Upacara tuwin ampilanipun garwa dalêm Gusti Kangjêng Ratu Timur kados ing ngandhap punika:

1. Lopak-lopak utawi pagantenan êmas tinarètès barleyan.
2. Lancang utawi pagantenan ingkang wangunipun kados baita.
3. Kêcohan êmas 2, ingkang satunggal mawi tinatah pèni.

--- 179 ---

4. Kêndhi bêling rinêngga ing êmas.
5. Sumbul.
6. Patehan.
7. Pêthèn arta.
8. Pawijikan sarta bèrinipun tuwin prabot dhahar.
9. Bathok pênjamon.
10. Sumbul agêng wadhah dhaharan.
11. Sumbul alit wadhah kacu.

Sadaya punika ingkang kadamêl êmas murni. Sadaya wau manawi kangjêng ratu kalêrês miyos pasamuan agêng kaampil.

Pangajêng-ajêng kula dhumatêng sêrat kabar wulanan, "Djawa" wujud karangan ing nginggil punika sagêda anyêkapi, sarta mugi andadosna lêganing manahipun pangrèh Java - Instituut. Ing pangangkah sagêda urun-urun sakêdhik tumrap Mangkunagara nomêr.

Kula inggih sampun rumaos, manawi anggèn kula nêrangakên taksih kathah kêkiranganipun, mila manawi wontên kirang cêthanipun, kula aturi mriksani kemawon karangan kula ing Sunan nomêr ing Sri Poestaka, ing ngriku kula ugi nyariyosakên bab rêrêngganing kaprabon kadhaton Surakarta.

Botên anjawi pamuji kula wong agung ingkang kadamêlakên karangan punika mugi angsala rahmating Allah.

Kangjêng Gusti Prangwadana (Senapati)

Kaanggit dening: A. MUHLENFELD

Sapunika masthi kathah cêcriyosan ingkang kaandharakên, bab kawontênaning pangagêng trah Mangkunagaran, tumrap tanah Jawi ingkang wiwit tangi malih. Samangke kula nuruti panêdhanipun rêdhaksi: Jawa, andamêla karangan ingkang mungguh kapacak nyarêngi jumênêngan Mangkunagara, kangge isèn-isèn ing nomêr ingkang badhe kawêdalakên ing dintên wau. Nanging kajêng kula punika botên kok badhe nyariyosakên ngantos jalèntrèh lêlampahan dalêm, namung badhe nyukil satunggal kalih, ingkang katingal cêtha awela-wela mênggah dhêdhasaring panggalih dalêm Kangjêng Gusti Prangwadana wau. Ing salajêngipun kula amborongakên dhatêng tiyang sanès anggènipun badhe mastani kangjêng gusti wau.

Mênggah lêlampahanipun ingkang kalara-lara, nanging angebat-ebati, ngantos jumênêng pamarentah mandhiri, punika sampun kula têrangakên wontên ing karangan kula ing taun 1915 lan 1916 kawrat ing "Eigen Haard" lan ing "Nederlandsch Indie Oud en Jong".

Kados sok tiyanga sampun sami sumêrêp, bilih panjênêngan dalêm wau, sasampuning jumênêng pangeran adipati, ingkang kapêrlokakên sangêt niyat angajêngakên kaalusaning

--- 180 ---

bêbudèn lan gunanipun bongsa Jawi salugu. Saking karsanipun bab makatên punika botên kenging botên kêdah dipun ajêngakên. Saupami botên angsal bantu saking Kangjêng Gusti Prangwadana, saèstu botên wontên konggrès voor Javaansche Cultuur-ontwikkeling, inggih punika ingkang kawontênakên kala taun 1918 lan ing taun 1919 ing Sala, botên wontên konggrès Taal-, Land-en Volkenkunde, Java Instituut sampun masthi botên badhe wontên. Kajawi punika kathah lêlabêtan utawi ingkang tuwuhipun saking pangudi dalêm.

Kula botên badhe ngrêmbag mênggah pangastanipun paprentahan Kangjêng Gusti Prangwadana, awit anggèn kula kesah saking bawah kadipatèn Mangkunagaran sampun kala taun 1914, lan sabakdanipun punika awis-awis kula dhatêng Sala, mila rumaos botên sumêrêp gênah kawontênanipun sapunika, namung kemawon kula sumêrêp, bilih awrat sangêt sêsanggènipun kangjêng gusti. Kenging katêmbungakên sarira dalêm punika ingupakara winêlêg ing piwulang dening Kangjêng Tuwan Residhèn van Wijk lan sakalangkung angaji-aji dhatêng swargi Tuwan Mr. C.Th. van Deventer, têpangipun kalihan Tuwan Mr. van Deventer nalika panjênêngan dalêm wontên ing nagari Walandi. Sakonduripun saking Eropah botên lêt dangu lajêng kapatah ngasta paprentahan praja, asarawungan kalihan residhèn lan para asistèn residhèn, ingkang dèrèng ngêrtos saèstu mênggah kawontênaning têtiyang băngsa Jawi ingkang sampun angsal pangajaran. Kawontênan wau ewah-ewah saking sakêdhik. Sawêg pintên taun sapriki dadosipun sae kawontênan wau.

Ing sakawit ngantos gangsal taun laminipun sampun tamtu awrat sêsanggènipun awit kangjêng gusti kêpêksa nêlukakên para santana tuwin punggawa ingkang ngêkahi adat kina, lan têtiyang ingkang rêmên praja Mangkunagaran taksih têtêp kawêngku ing wali, langkung saking ingkang sampun, măngka nalika samantên ing tanah gupêrmenan sampun wiwit angicali wêwalining praja. Kêrêp sangêt kangjêng gusti wontên ing polêksrad angandikakakên bab punika, lan angêdalakên têtêmbunganipun pêdhês-pêdhês têtiyang ingkang rêmên dhatêng walining praja wau, ingkang nyêrik-nyêrikakên.

Sampun sawatawis taun sapriki wiwit ewah dados sae. Dados têtela bilih pangastanipun paprentahan kangjêng gusti punika saking sakêdhik andamêl kabêgjaning praja.

Samangke ingkang badhe kula cariyosakên ing ngriki namung kadigbyanipun kangjêng gusti, sagêdipun angagêm panggalihan cara sapunika (cara enggal) atut runtut botên wontên grênjêl-grênjêlipun kangge nindakakên karsa dalêm anglêluri adat Jawi lugu ingkang sae-sae.

Kula èngêt, nalika krama dalêm wontên salah satunggaling têtamu wicantên dhatêng kula, bilih sangêt gumunipun dene kangjêng gusti taksih rêmên ngagêm wiwahan cara kina, ngagêm raja kaputrèn cara pangantèn, ngliga lan taksih ngabêkti dhatêng rama [ra...]

--- 181 ---

[...ma] dalêm marasêpuh, patrapipun sakeca kemawon, măngka kangjêng gusti wau sampun lami wontên ing nagari Walandi, wontên ing ngrika sêkolah lan lumêbêt saradhadhu sarta kulina momor kalihan têtiyang kathah băngsa kasar-kasar tuwin alus, lan masthinipun sampun kulina gêsang makatên.

Pamanggih makatên punika sayaktos anèh, lan botên ngrujuki panggalih dalêm Jawi lugu punika.

Têtela kathah ingkang rêmên kangjêng gusti wau ngagêm rok lan dhasi pêthak utawi pangagêman agêng (groot tenue) Luitenant-kolonel utawi apêsipun luitenant grenadiers, jêr sarira dalêm rumiyin jumênêng makatên.

Sêmunipun kangjêng gusti krama kalihan putri dalêm kangjêng sultan punika dipun anggêp asor.

Punika klintu sangêt.

Têtiyang jalêr ingkang sampun angsal pangajaran botên pêrlu angêmohi dhatêng ingkang sae-sae tumrap pamiwahaning pangantèn. Kangjêng gusti botên pisan-pisan karsa ethok-ethok dados Walandi, sanajan sangêt rêmênipun dhatêng kawruhipun sae tiyang Eropah, sok ugi botên makèwêdi katiru, lan sanajan panjênêngan dalêm punika sampun lanji sangêt kêmpalan kalihan băngsa Eropah ingkang sampun apangajaran.

Sanajan kangjêng gusti rêmên sangêt dhatêng adat Jawi ingkang sae-sae lan prayogi, ewadene botên wêgah lan kêncêng niyat ngicali utawi nolak ingkang botên pêrlu-pêrlu, ingkang limrahe tuwuhipun saking kamunduraning têtiyang Jawi salêbêtipun kalih utawi tigang atus taun sapriki andadosakên karisakan.

Kangjêng gusti botên rêna pisan-pisan tiyang kurmat langkung saking watês, kadosdene ingkang sampun kalimrah satanah Jawi ngantos sawatawis taun ingkang kapêngkêr. Saangsal-angsal kangjêng gusti murih prasajaning pakurmatan, dados nama nglajêngakên karsanipun ingkang rama paman Kangjêng Gusti Mangkunagara VI, ingkang sampun ambukani icaling dhodhok sêmbah sadèrèngipun wontên urmat sirkulèr saking Kangjêng Tuwan Bêsar van Heutz sadèrèngipun pranatan makatên punika tumindak ing tanah gupêrmenan, ing Mangkunagaran sampun tumindak lami.

Kangjêng Gusti Mangkunagara VI radi kaduk pranatanipun, inggih punika niyat ngicali mangangge cara Jawi, awit saking panggalih dalêm kirang cancingan lan botên sagêd mathuk lan sanès-sanès băngsa, nanging Kangjêng Gusti Prangwadana niyat mangsulakên pangangge wau langkung-langkung tumrap priyantun ing Mangkunagaran, sanajan karsa dalêm makatên punika botên kadhawuhakên ing sêrat. Ewadene kangjêng gusti botên makèwêdi tiyang mangangge cara Eropah (langkung-langkung tiyang jalêr) murih cancingan lan gampiling pasrawungan.

Kangjêng gusti punika pitêpanganipun botên namung kalihan para pangeran utawi para luhur Jawi kemawon. Kalihan para ingkang sampun [sampu...]

--- 182 ---

[...n] angsal pangajaran inggil, lan têtiyang ingkang rêmên ngajêngakên bangsanipun, tanpa mawang pangkat utawi kasugihanipun, punapadene para hartawan, kangjêng gusti karsa pitêpangan.

Manawi pinuju pakêmpalan ingkang ngrêmbag makatên punika, ingkang sami dhatêng warni-warni, malah wontên băngsa Eropah, priyantun Jawi apangkat alit, awawan sabda kalihan kangjêng gusti.

Ing tanah gupêrmenan sampun lami kaangkah badhe ngicali tiyang anjodhokakên lare taksih kênèmên. Cara makatên punika ing sawênèhipun panggenan sampun kalimrah. Ngantos sapriki tiyang dèrèng sagêd manggihakên sarana ingkang mitayani kangge ngicali cara wau.

Sarêng Kangjêng Gusti Prangwadana jumênêng enggal-enggalan lajêng kemawon andhawuhakên pranatan, ingkang sagêd ngalang-alangi adat botên sae wau, sarana paring wêwatêsaning umur dhatêng anaking para priyantun ing Mangkunagaran kengingipun kaemah-emahakên. Karsa dalêm makatên punika supados dadosa panuntun, botên wande tiniru ing kawula alit.

Sampun wiwit Kangjêng Gusti Mangkunagara VI sampun botên cara, priyantun ingkang santun pangkat kaêlih namanipun. Kangjêng Gusti Prangwadana sarujuk sangêt kalihan karsa dalêm ingkang rama paman wau, malah anglangkungi sawatawis, sarana paring rêmbag alon-alon dhatêng têtiyang Jawi ingkang sampun angsal pangajaran sawatawis inggil, anganggea namaning bapakipun, ngiras kangge anggampilakên benjing tumapakipun bêrgêrlêkênsêtan tiyang pribumi lan anggampilakên cacah jiwa, sabab badhenipun sadhengah tiyang kapêksa ngangge nama turunan.

Kangjêng Gusti Prangwadana misuwur anggènipun ngajêngakên kasusastran, gêndhing lan kagunan Jawi. Ing ngriki botên pêrlu kula cariyosakên malih, awit para maos tamtunipun sampun sami mangêrtos, jêr bab punika sampun kêrêp kacariyosakên.

Kangjêng gusti punika sajatosipun rêmên dhatêng pulitik, tandhanipun sakonduripun saking Eropah lajêng pinilih dados presidhèning up bêrstir Budiutama.

Nanging sarèhne lajêng tinêtêpakên dados pamarentah mandhiri, milanipun kêpêksa mundhut kèndêl saking pangkat presidhèn wau, malah wontên ing polêksrat inggih awis-awis ngandikakakên bab punika, sanajan katingal cêtha bilih panggalihipun botên ewah kados rumiyin taksih niyat majêng.

Kangjêng gusti mundhut kala taun 1917 supados rêgèntên bon ngawontênakên pêrgadêring taunan wontên ing pandhapa kadipatèn Mangkunagaran ing Sala. Karsa dalêm makatên punika dhasar utami sangêt, sabab samangke sagêd anarbuka korinipun karajan Jawi, têlênging kagunan lan kasagêdan Jawi, kenging kaambah ing pangagênging priyantun Jawi punika, sabab ingkang suwau, para bupati ing gupêrmenan, manawi botên [bo...]

--- 183 ---

[...tên] kalêrês santana Kasunanan, Mangkunagaran, Kasultanan utawi Pakualaman, aras-arasên lumêbêt ing Sala utawi Ngayoja, kuwatos manawi kêpêksa ngurmati cara Jawi bilih kêpanggih kalihan para agung wau utawi priyantun ingkang langkung inggil pangkatipun tinimbang bupati.

Bab pakurmatan wau Kangjêng Gusti Prangwadana botên maèlu, pitêpanganipun para bupati wau ngagêm tatakrama Walandi utawi jamboran (Walandi-Jawi) ewasamantên inggih dèrèng sagêd sakeca saèstu, nanging sampun kenging katêmbungakên, yèn samangke sampun ngancik ing santuning adat kina lan adat enggal.

Kajawi punika karsa dalêm kangjêng gusti niyat ngajêngakên pasarawunganipun kalihan para bupati lan para apangajaran inggil ing gupêrmenan. Sampun tamtu para bupati lan para apangajaran wau bingah sangêt. Lan malih karsa dalêm ingkang utami wau tumbas saking sakêdhik tinelad ing para agung sanèsipun, ingkang samangke taksih kêncêng pangastaning pranatan tatakrama cara kina.

Ing têmbe tamtu badhe katingal saenipun kêmpaling kagunan lan kapintêran Jawi ing tanah karajan Jawi kalihan ing sanès-sanès panggenan ing tanah Jawi.

Minăngka panutuping karangan punika kula muji sangêt lêkasipun kangjêng gusti wau anggènipun ngudi murih têpangipun malih tiyang Jawi lan tiyang Bali, ingkang salugunipun nunggil sêsêrêpan, nunggil kagunan lan nunggil kapintêran, nanging sampun lami pisahipun. Têpangipun malih punika mèh ingkang baku saking pangudinipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII, nanging asma punika kintên-kintên botên badhe karan sangêt, awit saking pamanggihipun tiyang kathah langkung mungguh Prangwadana (Senapati).

Dhasar nyata sarira dalêm punika prajurit, nanging pangagênging prajurit utawi senapati, ingkang murih rukunipun băngsa Jawi, lan murih gêsangipun malih sarta saenipun sêsêrêpan, kagunan, lan kasagêdan Jawi. Kados ingkang katitik ing sêrat-sêrat waosan, adat lan kagunanipun.

Mugi-mugi kangjêng gusti wau sasampunipun jumênêng Mangkunagara ngantosa lami anggènipun angrèh kawulanipun lan mugi-mugi jinurunga karsanipun satêmah sagêd anggayuh ingkang sae-sae lan ingkang agêng-agêng.

Lumajang, kaping 15 Agustus 1924.

Ringgit Madya

Anggitanipun Tuwan J. KATS

Ing wiwitanipun sêrab[18] Adiparwa, inggih punika jilidipun satunggal Sêrat Mahabarata, nyariyosakên bilih sedanipun Prabu Parikêsit, ingkang rama Prabu Janamejaya, punika jalaran kacakot ing sawêr, nama: Taksaka. [Taksa...]

--- 184 ---

[...ka.] Amila Prabu Janamejaya karsa malêsakên ukum ingkang rama, sarana amêjahi sadaya sawêr, kajawi ingkang kalêpatan. Tindak makatên wau andadosakên sêkêling panggalihipun sang prabu. Bagawan Wesampayana lajêng nglêlipur panggalihipun sang prabu sarana andongèngakên lêlampahan pêrangipun Korawa kalihan Pandhawa, inggih punika Sêrat Mahabarata.

Sêrat Mahabarata punika namung nyariyosakên dumugi lêlampahanipun Prabu Parikêsit, wayahipun Sang Arjuna, nyêngka-nyêngkanipun namung nyariyosakên sakêdhik babadipun Prabu Janamejaya putra Prabu Parikêsit. Mênggah lampahan-lampahan ingkang kangge wontên ing ringgit purwa inggih namung dumugi Prabu Parikêsit, inggih punika wiwit taun 1 dumugi 785 miturut pamanggihipun băngsa Jawi.

Jaman rumiyin, ringgit punika namung kangge nyariyosakên lêlampahaning para lêluhur. Lami-lami lajêng kangge nyariyosakên lêlampahanipun para ratu lan para prawira, pêndhêtan saking cariyos Mahabarata. Para Pandhawa punika kaanggêp ingkang nurunakên para ratu ing tanah Jawi, botên beda kalihan cariyos Panji ingkang kangge wontên ing lampahan ringgit gêdhog, lan cariyos Damarwulan ingkang kangge lampahan ringgit kalithik. Ingkang makatên wau lajêng sagêd ngawontênakên lampahan pintên-pintên ingkang nyariyosakên lêlampahanipun para lêluhur ngantos dumugi jaman Majapait, inggih punika ingkang nurunakên para ratu ing jaman sapunika.

Dene urut-urutaning taun botên kacariyosakên: Ing ngajêng sampun kasêbut bilih lampahan ringgit purwa punika pantog namung dumugi taun 785, dene ringgit gêdhog punika lampahan wiwit taun 1052 (manut pamanggihipun tiyang Jawi). Antawisipun taun punika botên wontên cariyos ringgit.

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV ingkang sampun misuwur amarsudi dhatêng kasusastran Jawi, karsa nganggit lampahan ringgit madya kangge nyêlani cariyos ringgit purwa kalihan gêdhog. Inggih makatên punika wontênipun ringgit purwa (wiwitan) ringgit madya (têngahan) ringgit gêdhog (antara) ringgit kalithik (wasana).[19]

Dados ringgit punika mitontonakên cariyos babad tanah Jawi wiwit jaman kina ngantos dumugi jaman Majapait.

Nalika taun 1894 Radèn Danuatmaja anganggit ringgit dipun namakakên ringgit dupara, dene lampahanipun mêndhêt saking Babad Tanah Jawi ngantos dumugi jaman Dipanagaran.

Lampahan-lampahan ringgit wau kapratelakakên kalayan cêkak kados ing ngandhap punika: [p...]

--- [0] ---

[...unika:]

[Grafik]

Wajang Poerwa

[Grafik]

Wajang Madya

[Grafik]

Wajang Gedog

--- 185 ---

Ringgit purwa: nyariyosakên saking wiwitan ngantos dumugi Prabu Parikêsit.

Ringgit madya: nyariyosakên wiwit saking Prabu Yudayana, putranipun Prabu Parikêsit, ngantos dumugi Prabu Jayalêngkara.

Ringgit gêdhog (ringgit antara) nyariyosakên wiwit Sri Gathayu inggih Radèn Subrata putra Prabu Jayalêngkara, ngantos dumugi Panji Kudalaleyan.

Ringgit kalithik utawi ringgit krucil (ringgit wasana): nyariyosakên Prabu Banjaransari, wayahipun Panji (Maesa Tandrêman inggih Panji Kudalaleyan) ngantos dumugi Prabu Brawijaya ingkang wêkasan ing Majapait.

Ringgit dupara: nyariyosakên wiwit saking Ratu Majapait ngantos dumugi prang Dipanagaran.

Lampahan ringgit madya, punika bakunipun mêndhêt saking Sêrat Pustakaraja anggitanipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita. Sêrat Pustaka punika nyariyosakên babad tanah Jawi, basanipun sae sangêt, namung kemawon kathah rêroncenipun. Wiwitaning urut-urutanipun lampahan, punika anggènipun mastani botên sadaya sami. Kados ta: Prabu Yudayana, punika limrahipun kagolong dhatêng purwa, nanging inggih wontên ingkang mastani wiwitanipun madya. (Prabu Janamejaya, ingkang kasêbut wontên ing sêrat Adiparwa, punika wontên ing lampahan ringgit botên kocap).

Mênggah lajêring lampahan-lampahan ringgit madya lan sanès-sanèsipun, punika sami kemawon kalihan lampahan ringgit purwa. Kados ta bab bêbukaning lampahan, anggènipun damêl dhadhakaning pêrang, campuhipun, lan kadadosanipun.

Bingah lan susahipun para satriya, punika dados bakuning lampahan. Wiwitanipun sangsara, nanging wusananipun tamtu sagêd mênang kalihan mêngsahipun. Lampahan-lampahan ingkang kacariyosakên ing ringgit purwa, punika ingkang kathah ngupados utawi rêbatan putri.

Kangjêng Gusti kaping sakawan karsa mêwahi cacahing ringgit awujud gandarwa, inggih punika tiyang satêngah dewa. Limrahipun gandarwa punika ngrencangi dhatêng para satriya. Sarèhning gandarwa punika kalêbêt bangsaning lêlêmbat, mila inggih gadhah kalangkungan ingkang elok-elok, ingkang sagêd angramèkakên lampahan wau. Wohing pangudinipun kangjêng gusti wau botên kok anggènipun nganggit lampahan, awit lampahan wau sami kemawon kalihan carangan lampahan ringgit purwa, nanging anggènipun mêwahi ringgit ingkang wujudipun saantawising satriya kalihan buta, inggih punika gandarwa.

Ringgit madya punika ingkang kadamêl wacucal, sami kemawon kalihan ringgit purwa, bab wêwanguning badan lan irah-irahanipun inggih mèh sami kalihan ringgit purwa. Wiwit saking ing dhadha mangandhap, [ma...]

--- 186 ---

[...ngandhap,] nulad ringgit gêdhog. Dene wanguning gêlungipun ringgit madya punika wontên ingkang mèmpêr ringgit purwa, inggih punika satêngah gêlung supit urang kalihan gêlung kêling. (Mriksanana gambar).

Tumrap ringgit jalêr sami ngangge kêris kados ringgit gêdhog. Ringgitipun èstri satunggal kalih wontên ingkang ngangge slendhang. Wanguning gandarwa radi mèmpêr buta, dene sirah lan paraeanipun punika ingkang wêwangunan enggal.

Kangge ambedak-bedakakên, awit saking karsa dalêm kangjêng gusti, ringgit madya punika dipun tabuhi gamêlan barang, ringgit purwa: slendro, dene ringgit gêdhog dipun tabuhi gamêlan pelog. Ringgit gêdhog punika inggih sok dipun tabuhi barang, pêrlu kangge nyêlani, inggih punika kintên-kintên jam tiga dalu. Bilih sawêg jêjêr ringgit madya punika dipun tabuhi barang, malah dipun wontênakên gêndhing piyambak dening kangjêng gusti. Namung eman sangêt, dene gêndhing yasan dalêm wau botên dipun pèngêti. Sasurutipun kangjêng gusti, para abdi dalêm niyaga kathah ingkang sampun kêsupèn dhatêng gêndhing wau.

Panganggitipun lampahan ringgit madya punika kintên-kintên kala taun 1880. Têtingalan punika botên sagêd sumêbar, dene namung dipun pitontonakên wontên ing praja Mangkunagaran kemawon, makatên wau saking karsa dalêm Kangjêng Gusti kaping IV Kangjêng Gusti Kaping VI ngaturi turunanipun pakêm ringgit madya dhatêng ing Sahandhap Sampeyan Dalêm Kangjêng Susuhunan. Nanging wontên ing kraton, ringgit madya punika inggih awis-awis sangêt kapitontonakên.

Ringgit madya punika pancèn botên kalimrah ing tiyang kathah, awit tiyang kathah wau sampun kêlajêng rêmên dhatêng ringgit purwa, gêdhog, tuwin kalithik, tur wontênipun têtingalan wau pancèn sampun wiwit jaman rumiyin. Dados botên ngintên yèn taksih wontên têtingalan ringgit madya, ingkang ugi nyariyosakên para ratu, para danawa lan gandarwa. Cacahing lampahanipun ringgit purwa, gêdhog tuwin kalithik, punika bakunipun botên kirang saking 90 lampahan.

Wontên ugi lampahan ringgit madya sawatawis, ingkang kalimrah wontên ing padhusunan kangge lampahanipun ringgit purwa, kados ta lampahan Gêndrayana, Sudarsana, Anglingdarma (manut pamanggihipun kangjêng gusti sapunika, Anglingdarma inggih Prabu Èrlangga, ratu ing tanah Jawi ing jaman kina) tuwin Jayabaya.

Punapa pangudinipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV bab ringgit madya wau badhe botên wontên gunanipun.

Ingkang ngasta pusaraning praja Mangkunagaran sapunika, inggih punika Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII, ingkang sampun misuwur anggènipun ngajêngakên sadaya kagunan Jawi, saha ingkang sampun karsa paring katrangan kangge karangan punika, kawêdhar pangajêng-ajêngipun kados ing ngandhap punika.

--- 187 ---

Bilih ing têmbe babad tanah Jawi punika kenging katêtêpakên miturut kawruh, ringgit madya punika bokmanawi kenging kangge nyariyosakên cacriyosan babad tanah Jawi jaman kina wau. Ing sarèhning bab punika anggitan enggal, lan botên badhe ngewahi cacriyosanipun, sagêd ugi kalampahan punapa ingkang dados karsanipun para sagêd, ingkang sampun kêrêp kalairakên, supados têtingalan ringgit punika kadamêl satêngah dalu kemawon.

Bilih makatên wontên pangajêng-ajêng yèn ringgit madya anggitan dalêm Kangjêng Gusti kaping IV wau sagêd gêsang malih sarta sagêd kalimrahakên. Awit kabangun kangge anyariyosakên cacriyosan ing tanah Jawi jaman rumiyin.

Bab Asma Prangwadana tuwin Mangkunagara

Karanganipun Dhoktor Radèn Arya Husèn Jayadiningrat.

(Santunan saking têmbang Walandi)

Organ (sêrat kabar) Java - Instituut punika ingkang mligi kawêdalakên anyarêngi èrêpursitêripun inggih punika panjênêngan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Prabu Prangwadana santun asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, organ wau papan ingkang mungguh sangêt kangge anggancarakên babatipun[20] asma-asma wau dalah sêsêbutanipun.

Asma kalih wau asalipun inggih saking ingkang bêbadra praja Mangkunagaran.

Mangkunagara 1, punika putranipun Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara. Mangkunagara punika putranipun pambajêng Ingkang Sinuhun: Sunan Mangkurat kaping IV, ing sêrat babat katêlah asma Sunan Prabu Mangkurat Jawi (ngasta kaprabon wiwit taun 1719 dumugi taun 1725), Mangkunagara 1 wau timuripun asma Radèn Mas Said. Băngsa Eropa ing jaman samantên katêlah nyêbut Mas Said, utawi ing babat-babat damêlanipun băngsa Eropa asma wau ugi katêlah Mas Said. Sarêng sampun diwasa kaparingan asma Radèn Mas Suryakusuma dening Ingkang Sinuhun Pakubuwana ingkang kaping II (1726–1749) putranipun Sinuhun Mangkurat kaping IV.

Ing têngah-têngahanipun abad 18 anyarêngi ing tanah Jawi Têngah kathah rêrêsah, Radèn Mas Suryakusuma nilar praja Kartasura, dalah punggawanipun, lajêng ngêmpal kalayan Sunan Kuning, inggih punika mêngsahipun Sinuhun Kartasura nalika ing jaman ingkang karan pêrang Cina (1740–1743). Sunan Kuning botên dangu jumênêng kêprabon ing Kartasura, sarêng kaungsir saking ngriku lajêng masanggrah wontên ing Randhulawang ing talatah Mataram. Radèn Mas Suryakusuma kajumênêngakên panganjuring wadyabala dening Sunan Kuning, sarta kaparingan asma tuwin sêsêbutan Pangeran Prangwadana (inggih punika: manggalaning pêrang), ananging lajêng pêpisahan kalayan Sunan Kuning, sarta lajêng masanggrah wontên [wontê...]

--- 188 ---

[...n] ing Sokawati, ing ngriku lajêng kajumênêngakên nata dening punggawanipun, saha lajêng jêjuluk Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Senapati Ing Ngalaga Sudibyaning Prang. Sarêng masanggrah wontên ing Majarata kenging kaungsir dening Pangeran Mangkubumi awit saking dhawuhipun Ingkang Sinuhun, lajêng masanggrah wontên ing dhusun Sêgawe (Matesih). Marambah-rambah pambucukipun[21] Ingkang Sinuhun mawi dipun sagahi warni-warni, ewadene Pangeran Prangwadana puguh pambangkangipun. Punggawanipun saha panguwasanipun saya agêng, pramila sarêng masanggrah wontên ing Panambangan (Nglaroh), lajêng tuwuh panggalihipun santun asma ingkang langkung luhur, inggih punika ajêjuluk: Sultan Adi Prakosa Senapati Ngayuda Lêlana Jayamisesa Prawira Adiningrat, ananging botên dangu lajêng santun ngagêm asma Pangeran Adipati Mangkunagara, asma tuwin sêsêbutan wau ugi pêparingipun saking Pangeran Adipati Mangkubumi kasêbut ing nginggil, sadhèrèk dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana ingkang kaping II (1726–1749) inggih punika nalika andhèrèkakên campuhing paprangan bab angrêbat warisan kaprabon ingkang kaping 3, ing taun 1746–1755, sarta Pangeran Adipati Mangkunagara ing wêkdal wau kajumênêngakên dados pêpatihipun. Ing têmbenipun Pangeran Adipati Mangkubumi jumênêng Amangkubuwana ingkang kaping I, ing Ngayugyakarta. Sarêng Pangeran Adipati Mangkunagara sampun têluk, inggih punika surya kaping 17 Marêt 1757, lajêng katêtêpakên ngagêm sêsêbutan tuwin asma naluri sêsêbutan tuwin asmanipun ingkang rama, saha sadaya prajanjian ingkang dados panuwunipun kalêstantunakên.

Punika kawontênanipun pratelan ingkang kasêbut ing Sêrat Babat Jawi, inggih punika sêrat babatipun Mangkunagaran piyambak.

Mirit sêrat kêkancinganipun paprentahan luhur katitimangsan surya kaping 5 Juni 1753, pancèn lêrês Sunan Kuning nalika masanggrah wontên ing Randhulawang amaringi santun asma tuwin sasêbutan dhatêng Radèn Mas Said, sanès Pangeran Prangwadana, nanging Pangeran Ariya Mangkunagara, naluri ingkang rama. Gèsèhing pratelan bab asma wau bokmanawi jalaran Radèn Mas Said wau anggènipun ngagêm asma Prangwadana namung sakêdhap, dados tumrap băngsa Eropa ing jaman samantên asma wau botên patos kasumêrêpan utawi pancèn botên kasumêrêpan babarpisan, langkung malih nalika sêrat kêkancingan kasêbut ing nginggil wau kadamêl, Radèn Mas Said sampun ngagêm asma Mangkunagara, sarta sampun kondhang asmanipun. Têmênipun nalika panjênênganipun kêmpal Sunan Kuning ngagêm asma Prangwadana punika wontên pasêksènipun, ing sêrat-sêrat babad ingkang mligi amung nyariyosakên bab gegeran Cina, ing ngriku panjênênganipun tansah sinêbut Prangwadana.

Wêwatoning titimăngsa nalika Radèn Mas Suryakusuma [Sur...]

--- 189 ---

[...yakusuma] kajumênêngakên Prangwadana kados ing ngandhap punika:

Surya kaping 1 Juli 1742, Sunan Kuning angêdhaton ing Kartasura, ananging ing wulan Dhesèmbêr nunggil ing taun wau sampun kapêksa uncat saking Kartasura malih, ing wulan April 1743, lajêng masanggrah ing Mataram. Pramila Sunan Kuning anggènipun anjumênêngakên Radèn Mas Suryakusuma dados manggalaning wadyabala, saha kapatêdhan asma tuwin sasêbutan Pangeran Prangwadana kenging katêtêpakên wontên ing wiwitaning taun 1743. Pangeran Prangwadana wiyosanipun ing dintên Akat Lêgi tanggal kaping 4 Ruwah Jimakir 1650 inggih punika Akat Lêgi surya kaping 7 April 1726, dados nalika jumênêng Pangeran Prangwadana dèrèng ngantos yuswa 17 taun, ewadene sampun mumpuni ing kridhaning prang.

Sarêng punggawanipun sampun têlas sadaya, ing wulan Oktobêr 1743, wontên ing Surabaya Sunan Kuning lajêng têluk dhatêng Kumpêni, awit saking punika pêrang Cina lan Jawi ugi lajêng sirêp.

Ing nalika nêdhênging gegeran Cina, Pangeran Mangkubumi ugi nilar kraton Kartasura, sarta lajêng angayom dhatêng Kumpêni. Sasirêping pêrang Cina panjênênganipun wangsul malih dhatêng Kartasura, lajêng kautus Ingkang Sinuhun supados angrêbat Sokawati ingkang sampun kawêngku dening Radèn Mas Said, ugi sampun kalêksanan.

Mirit Babat Panambangan kasêbut ing nginggil Pangeran Prangwadana anggènipun santun asma Mangkunagara sasampunipun pêpisahan kalayan Sunan Kuning sarta lajêng masanggrah ing Sokawati. Dados Radèn Mas Said anggènipun anjumênêngakên kados ingkang kasêbut ing nginggil wau angajêngakên panjênênganipun kaungsir saking Sokawati dening Pangeran Mangkubumi, inggih punika wontên ing taun 1743/1744, ing sêratipun Tuwan Phan Inhophla katitimangsan kaping 31 Dhesèmbêr 1744, têmên wontên kasêbut asma Mangkunagara.

Gancaripun bab asma Sultan Adiprakosa kados ingkang kapratelakakên ing Babat Panambangan, ing nginggil wau namung kacêkak kemawon, Kangjêng Pangeran Ariya Mangkunagara anggènipun ngagêm asma Sultan Adiprakosa wau angajêngakên Pangeran Mangkubumi anilar kraton Kartasura malih (ing taun 1746, wiwitan pêrang bab angrêbat warisan kraton ingkang kaping 3), sarta lajêng kêmpal Pangeran Adipati Mangkunagara. Bab punika wontên pasaksènipun, inggih punika kawrat ing sêrat babad pêpêrangan wau, ingkang pangarangipun mawi dipun uningani Sinuhun Sultan Amangkubuwana ingkang kaping I inggih Pangeran Mangkubumi piyambak, ing ngriku kacariyos, salolosipun Pangeran Mangkubumi saking Surakarta lajêng kintun sêrat dhatêng Pangeran Mangkunagara, ingkang wêkdal samantên masanggrahan ing Panambangan sarta [sar...]

--- 190 ---

[...ta] jêjuluk Sinuhun Adiprakosa (sanès: sultan).

Bab anggènipun Pangeran Mangkubumi amaringi asma Pangeran Adipati Mangkunagara, mirit gothak-gathuking cariyos, ingkang ing nginggil wau murih rancag botên kapratelakakên, sampun kenging kinintên-kintên, manawi lêlampahan wau dumadosipun sadèrèngipun Pangeran Mangkubumi jumênêng sinuhun, dados sangajêngipun surya kaping 11 Dhesèmbêr 1749.

Mirit cariyosipun Babat Panambangan, sarêng Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara sampun têluk, inggih punika nalika surya kaping: 17 Marêt 1757, awit saking kêncênging panuwunipun piyambak, panjênênganipun katêtêpakên lêstantun ngagêm asma Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara.

Mangkunagara ingkang kaping I kagêntosan dening ingkang wayah ingkang asma Prangwadana, putranipun Pangeran Arya Prabuwijaya utawi Amijaya, tuwin Ratu Alit (1749–1788). Pangeran Ariya Prabuwijaya wau putranipun Mangkunagara I, Ratu Alit putrinipun pambajêng Ingkang Sinuhun Pakubuwana ingkang kaping III.

Radèn Mas Slamêt, ing suwaunipun kaparingan asma Surya Mangkubumi dening ingkang eyang Mangkunagara I bab punika Sinuhun Amangkubumi I ing Ngayogyakarta, ingkang rumiyin ugi ngagêm asma Mangkubumi, botên rêna ing panggalih, awit saking punika asma wau lajêng kasantunan: Surya Prangwadana dening Ingkang Sinuhun Pakubuwana ingkang kaping III: inggih punika ingkang eyang saking ibu, naluri asmanipun Mangkunagara I.

Sadèrèngipun Prangwadana katêtêpakên dados calon gêgêntosipun Mangkunagara I taksih kathah bab ingkang prêlu-prêlu ingkang kêdah karêmbag sarta kamuphakatakên rumiyin, awit suwaunipun dèrèng katata. Nalika Mangkunagara I têluk ing taun 1757, ing wêkdal punika dèrèng katata, siti-siti ingkang kaparingakên dhatêng panjênênganipun, punapadene sêsêbutan pangeran adipati punika punapa sagêd tumurun dhatêng turunipun punapa botên. Bab punika nalika taun 1792, pangrêmbagipun sampun rampung, sarta andadosakên pamarêming ingkang sami angrêmbag, inggih punika siti-siti ingkang kasêbut ing nginggil têtêp dados siti warisanipun trah Mangkunagara, ananging Prangwadana namung mligi kenging ngangge sêsêbutan: pangeran, sanadyan ing wingkingipun kasambêtan asma Prangwadana, botên kenging ngangge sêsêbutan pangeran adipati.

Surya kaping 28 Dhesèmbêr 1795 Mangkunagara I seda.

Surya kaping 25 Januari 1796 Pangeran Prangwadana jumênêng gumantos ingka rangma[22] ajêjuluk Pangeran Ariya Prabu Prangwadana.

Kasêbut ing kêkancingan katitimangsan surya kaping 30 Oktobêr 1821 ăngka 17 Pangeran Arya Prabu Prangwadana kaparingan sêsêbutan tuwin asma Pangeran Adipati Mangkunagara. [Mangkunaga...]

--- 191 ---

[...ra.] Ing wêkdal samantên amaringi sêsêbutan kados ing nginggil wau kagalih botên wontên pakèwêdipun, awit ing jaman kinanipun sêsêbutan wau sampun kathah para pangeran ingkang sami ngagêm. Saha gèsèh sangêt kalihan sêsêbutan pangeran adipati anom, awit sêsêbutan: Anom wau namung kagêm para waris ingkang badhe gumantos kêpraboning susuhunan, utawi sultan. Ing sêrat kêkancingan kasêbut ing nginggil wau ugi sampun katêtêpakên, manawi sêsêbutan Mangkunagara wau botên sagêd tumurun dhatêng warisipun ingkang gumantos Prangwadana, manawi dèrèng andungkap yuswa sakêdhikipun kawandasa taun, sarta angatingalakên sae lêlabuhanipun, supados panjênênganipun sampun katingal mungguh kangge nampèni ganjaran wau.

Anjawi punika ing sêrat wara-waranipun tuwan residhèn ngangge têmbung Jawi amratelakakên, manawi asma tuwin sêsêbutan Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara paprentahan luhur botên badhe maringakên dhatêng sintên-sintêna kajawi amung dhatêng turunipun Pangeran Ariya Prabu Prangwadana.

Sêrat kêkancingan kasêbut ing nginggil wau wiwit jaman samantên têtêp dados pêpathokaning sêsêbutanipun para pangagênging praja Mangkunagaran, sêsêbutan tuwin asma Pangeran Ariya Prabu Prangwadana (botên mawi adipati) lajêng dados asma tuwin sasêbutanipun ingkang calon badhe gumantos. Asma tuwin sêsêbutan Pangeran Ariya Prabu Prangwadana punika ing ngajêng dados asma tuwin sêsêbutanipun pangagêng ingkang ngasta pusaraning praja, inggih punika Mangkunagara ingkang kaping II. Tumrap pangagêng ingkang ngasta pusaraning praja asma tuwin sêsêbutan wau kawêwahan sêsêbutan adipati, dados Pangeran Adipati Ariya Prabu Prangwadana, wondene manawi sampun yuswa kawandasa taun, kenging kaganjar asma tuwin sêsêbutan Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara. Pramila nalika taksih sugêngipun Mangkunagara kaping II, ingkang katêtêpakên dados calon gêgêntosipun, inggih punika ing taun 1830 kaparingan asma tuwin sasêbutan Pangeran Ariya Prabu Prangwadana ing têmbenipun jumênêng Mangkunagara ingkang kaping III. Ing taun 1835 panjênênganipun têtêp jumênêng anggêntosi, ngagêm asma Pangeran Adipati Ariya Prabu Prangwadana, ing taun 1842 sasampunipun yuswa 40 taun, panjênênganipun lajêng kajumênêngakên Mangkunagara. Pramila Mangkunagara kaping VI ingkang anggêntosi ingkang raka Mangkunagara kaping V ing taun 1896, botên mawi katêtêpakên dados Prangwadana rumiyin, nanging nalika jumênêngipun lajêng kaparingan asma Mangkunagara kemawon, dalah sasêbutanipun, makatên wau mirit saking yuswanipun.

Wasana sapunika kaparênga badhe mitêrangakên, punapa sababipun pangagênging praja Mangkunagaran manawi sampun yuswa 40 taun, sawêg kenging [ke...]

--- 192 ---

[...nging] ngagêm asma Mangkunagara. Bab punika kapiritakên saking wêwarah Islam, inggih punika miturut wêwarah wau Kangjêng Nabi kita punika sarêng yuswa 40 taun sawêg pinaringan wêwêngan kawruh gaib. Punapa salêrêsipun ingkang dados wêwatoning panimbang kangge matêsi yuswa wau, kula botên sagêd angupadosi. Ing sêratipun tuwan residhèn, ingkang anjalari tuwuhipun kêkancingan surya kaping 30 Oktobêr 1821 ăngka 17 ingkang kapratelakakên ing ngajêng, ing ngriku wontên paturan bab ingkang kasêbut ing nginggil punika katêdhak sungging ing kêkancingan wau, ananging botên katêrangakên ingkang salêsih. Ingkang kasêbut ing ngandhap punika bokmanawi kenging kangge ular-ular mitêrangakên bab punika:

Ing taun 1792 nalika mranata bab waris ingkang anggêntosi Mangkunagara I, kagalih wontên pakèwêdipun, upami maringi sêsêbutan pangeran adipati dhatêng ingkang anggêntosi wau, ananging botên wontên pakèwêdipun, upami maringana asma sanèsipun Prangwadana, dados inggih sanèsipun Mangkunagara. Wontênipun pakèwêd amaringi asma ingkang rumiyin-rumiyinipun kaagêm ingkang eyang tuwin eyang buyut punika, bokmanawi sabab saking pakèwêd wau kagalih angèl sagêdipun lêstantun kangge wêwaton, punapadene asma wau manawi kakêmpalakên kalayan sasêbutan pangeran adipati kagalih kirang prayogi. Pangeran Adipati Anom Amangkunagara punika asma saha sêsêbutanipun calon ingkang anggêntosi kapraboning Susuhunan, inggih punika ingkang taksih tumindak dumugi sapunika. Ing jaman samantên dèrèng wontên sêrat-sêrat utawi rêmbag ingkang anamtokakên bab beda-bedaning Amangkunagara (Pangeran Pati) tuwin Mangkunagara (pangagênging praja Mangkunagaran) utawi dèrèng katindakakên kanthi laras. Asma kalih wau ingkang jèblês nunggil suraosipun, inggih punika atêgês: nagari kapangku kaagêm pangeran pati tuwin pangagênging talatah Mangkunagaran, sanadyan kawontênanipun makatên, ananging kadospundi ing têmbe beda-bedanipun ingkang cêtha sampun sagêd katingal.

Wujuding beda wau namung sakêdhik sangêt, inggih punika ingkang satunggal ngagêm sêsêbutan anom, satunggalipun ariya. Ananging sêsêbutan wau ing pawicantênan limrahipun botên nate kaucapakên, kadosdene sêsêbutan ing wingkinging asmanipun pangeran pati: sudibya rajaputra narendra Mataram. Punapa malih ingkang rama Mangkunagara I inggih punika putranipun Mangkurat IV ugi asma Mangkunagara, miturut sêsêbutanipun ingkang kaagêm nalika ingkang rama taksih sugêng, nunggaksêmi asmanipun pangeran pati, sampun tamtu kemawon manawi ing taun 1792 kagalih wontên pakèwêdipun, upami sêsêbutanipun Mangkunagara I inggih punika ganjaran nalika têlukipun, [têluki...]

--- 193 ---

[...pun,] kaparingakên dhatêng ingkang wayah Prangwadana, kintên-kintên nalika taun 1821 wontên panggalihan, luhuring asma tuwin sêsêbutan Pangeran Ariya Adipati Mangkunagara wau ingkang dados sababipun, pramila asma wau namung kaparingakên dhatêng pangagênging praja Mangkunagaran ingkang sampun radi kathah yuswanipun.

Makatên ugi bab katêmtuan asma wau botên sagêd awêwaton saking cêcriyosan ing kina-makina. Mangkunagara I yuswa 31 taun (taun Jawi) nalika katêtêpakên ngagêm asma tuwin sêsêbutan ingkang sampun kaagêm sadèrèngipun jumênêng.

Awit saking sêrat paturanipun tuwan residhèn, ingkang anjalari wontênipun sêrat kêkancingan kasêbut ing nginggil, jumênêngipun Mangkunagara II ingkang wiyosanipun surya kaping 2 Januari 1868 yuswanipun sampun langkung saking 40 taun, bokmanawi mirit saking kawontênan ing nginggil punika, wontênipun kêkancingan wau amratelakakên yuswa kêdah sakêdhikipun 40 taun.

Wèltêprèdhên, ... Agustus 1924.

Bab Langêndriya

Gêgubahan cêkak saking ingkang sinandi.

Gêgubahan kula ing ngandhap punika botên sapintêna sarta sampun tamtu badhe ingèsêman para sarjana sujana. Ewadene kula mêksa sumêngka pangawak braja, nêmpuh byat anglêbêtakên pêthetan ingkang amung sapala wau ing udyana Pusaka Jawi punika, pangajêng-ajênging manah, kyai juru taman kêparênga nginguk pêthetan wau ing tamanipun, dening kumêdah-kêdah kula minangkani panêdhanipun pangrèh Yapha Insêtitut, supados damêl gêgubahan bab punapa-punapa, minăngka pangèngêt-èngêt jumênêngan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, pangarsa minulyanipun Yapha Insêtitut, jumênêng Mangkunagara ingkang kaping 7, sarta minăngka dados pracihnaning pamundhi kula lêlabêtanipun Kangjêng Gusti wau dhatêng Yapha Insêtitut, inggih punika satunggiling pakêmpalan ingkang ancasipun badhe anggêgêsang saha angajêngakên kagunan Jawi tuwin bab sanès-sanèsipun ingkang dados prabot adêging kabangsan kita, dados ingkang botên sakêdhik têgêsipun tumrap băngsa saha tanah wutah rah kita, ingkang sami kula trêsnani punika.

Mênggah pamilih kula bab Langêndriya punika botên saking punapa, amung sarèhning kêrêp dados rêmbag, Langêndriya punika yasanipun sintên. Sawênèh wontên ingkang nyriyosakên bilih ingkang miwiti yasa Langêndriya punika salah satunggilipun kangjêng pangeran ing Ngayogyakarta. Wontên malih ingkang cariyos manawi yasanipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping 4. Amila saking pangraos kula kados botên wontên awonipun katiti pariksa pundi ingkang lêrês.

Saking cariyosipun têpangan kula ing Surakarta, [Surakar...]

--- 194 ---

[...ta,] ingkang mêningi jaman jumênêngipun swargi Kangjêng Gusti Mangkunagara ingkang kaping 4 sarta kala samantên dados abdi dalêm siswa ing Mangkunagaran, ingkang miwiti yasa Langêndriya punika katingal ing akathah Tuwan G. Kilian abdi dalêm tukang wang saha pangagênging băndhalêsana ing Mangkunagaran. Ananging kala samantên wontên pawartos, bilih wragadipun kaparingan saking panjênêngan dalêm Kangjêng Gusti Mangkunagara IV. Dene wiwitipun gêladhi Langêndriya wau kintên-kintên wontên ing taun 1879, sakawit amung pêthilan pêrangipun Menakjingga kalihan Damarwulan, ingkang dados tiyang èstri. Ing taun 1880 sarêng pêthilan wau sampun dados, lajêng kagêbyagakên ing griyanipun Tuwan Kilian wau. Sarêng taun 1881 pêthilan wau lajêng dados kagungan dalêm Kangjêng Gusti Mangkunagara V,[23] sarta lajêng kabangun tuwin kawêwahan jêjêran ratu ayu ing Majapait sapanunggilanipun, dados jangkêp salampahan. Minăngka têtêngêr yasan dalêm lêlangên wau wontên sêngkalanipun, ingkang kaucapakên dening abdi dalêm dhalang kados ing ngandhap punika:

Sêkar Sinom:

Nênga căndra ngèsthi budha | binudi panduming gêndhing | ginadhang pinindha-pindha | kandhane Sri Urubêsmi | Menakjingga Narpati | tatkalanira prang pupuh | lena madyaning rana | karana cinidrèng jurit | dening duta narpa Dyan Damarsasăngka ||

Mugut gupitaning gita | mangkana Sri Urubêsmi | kondur saking ăndrawina | jujug marang taman sari | arsa lêrês sang aji | anèng balekambang ranu | manêkung puja măntra | Ki Lurah Dayun tan kari | angandika Adipati Menakjingga ||

Wondene ingkang yasa pakêm Langêndriya, inggih punika dhapukaning lampah-lampah punapadene pocapanipun satunggil-satunggiling ringgit, punika saking cariyosipun têpangan kula wau Radèn Mas Arya Tăndhakusuma, mantu dalêm Kangjêng Gusti Mangkunagara IV, pasêksènipun sandiasmanipun Radèn Mas Arya wau ingkang kaêtrapakên ing sêkar Dhandhanggula, pocapanipun abdi dalêm dhalang Langêndriya kados ing ngandhap punika:

Rating căndra amangèsthi budhi | dènnya mèt caritaning kuna |[24] masang lêlangên sêdyane | ardaning tyas kayungyun | ywa mangkana adrênging kapti | tontonên tandhanira | dhasaring para nung | kumaraning nungsa Jawa | sumawana lêlajêr kang anjêjêri | malating kata dibya ||

Mirid ingkang kawrat ing nginggil wau sadaya, saking pamanggih kula sampun cêtha bilih Langêndriya punika yasan Mangkunagaran. Wondene anggènipun wontên cacriyosan manawi Langêndriya punika yasan Ngayogyakarta, saking pratelanipun têpangan kula wau amargi kala samantên Radèn Mas Arya Tăndhakusuma kêrêp dhatêng Ngayogya, dipun pundhuti tulung Kangjêng Pangeran Arya Yudanagara, ingkang ugi ngadani yasa Langêndriya, ananging ingkang sami dados ringgit, tiyang jalêr sadaya.

Wasana lêrês lêpat kula nyumanggakakên dhatêng para nupiksa.

--- [0] ---

Parêpatan Agêng (congres) JAVA - INSTITUUT

Ing taun punika, pakêmpalan Java - Instituut badhe ngwontênakên parêpatan agêng wontên ing Ngayogyakarta, wiwit ing tanggal 24 ngantos dumugi 27 wulan Dhesèmbêr 1924, panggenanipun ing pandhapi Pakualaman sarta ing Kadanurêjan.

Ingkang jumênêng pangayoman: Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, pangarsa minulya: Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam, pangarsa: Dhoktor Radèn Arya Husèn Jayadiningrat, panitra: Tuwan S. Koperberg. Punapadene Kangjêng Pangeran Arya Adipati Danurêja jumênêng pangarsa minulya tumrap pamong tamu.

Mênggah pranataning lampah-lampahipun parêpatan agêng wau sampun katêtêpakên kados ing ngandhap punika:

Malêm Kêmis 24 Dhesèmbêr 1924 wiwit jam 9, pahargyan dhatêng para tamu, lêlênggahan wontên ing Kadanurêjan, lêlangênipun mariksani Langên Wanara.

Kêmis 25 Dhesèmbêr, wiwit jam 9 enjing, wontên ing Kadanurêjan malih, napukakên parêpatan, lajêng maos sêsorah bab: Kadospundi anggènipun mulangakên kagunan kina dhumatêng lare-lare Jawi.

Nunggil dintên Kêmis wau wanci jam 4 sontên, amitongtonakên barang ukir-ukiran sarta yêyasan griya ing jaman kina, panggenanipun ing Malyobara. Lajêng jamipun 6 dumugi jam 8, sêsorahipun Tuwan Dhoktor Bosch wadananipun kantor kawruh barang-barang kina, anggêlarakên: Bab candhi Prambanan, ingkang enjingipun badhe sami dipun dhatêngi. Sarampunge sêsorahipun Dr. Bosch, lajêng kasambêtan sêsorahipun Tuwan Insinyur Th. Karsten bab prakawis: Kawruh yêyasan griya Jawi.

Dintên Jumungah 26 Dhesèmbêr, wanci jam 6½ enjing, sêsarêngan pangkat dhatêng candhi Prambanan, dipun irid Tuwan Dr. Bosch, lajêng ningali yasan griya kina sarta griya jaman sapunika, ingkang badhe nêrangakên Tuwan Ir. Karsten.

Sontênipun wiwit jam 6, parêpatan ingkang kaping kalih, anggêlarakên bab: Kadospundi sarta punapa paedahipun barang-barang kina tumrapipun kalimpadan (cultuur) ripun băngsa Jawi ing jaman sapunika saha jaman benjing-benjingipun.

Jamipun 9 wiwit among suka wontên ing Kadanurêjan, awit saking kamirahanipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan.

Dintên Sabtu 27 Dhesèmbêr nglajêngakên parêpatan sarta sarasehan, wontên ing Pakualaman, mariksani ringgit wacucal.

--- [0] ---

Parêpatan Agêng (Congres) Pakêmpalan JAVA - INSTITUUT

Wontênipun parêpatan agêng Jav. Instituut ingkang badhe kalampahan wontên ing Ngayogyakarta benjing wulan Dhesèmbêr taun punika, têtiyang ingkang badhe dhatêng ing parêpatan agêng wau (mirêngakên anggènipun sarasehan, ningali tontonanipun, utawi andêdêgi anggènipun among sênêng) kêdah sami ambayar, namung para warganipun pakêmpalan Jav. Instituut ingkang botên usah mawi bayar.

Para lêngganan Pusaka Jawi, ingkang dèrèng dados warga Jav. Inst dipun sukani kamirahan, inggih punika namung bayar f 5,- (gangsal rupiyah), pambayaripun dhatêng panitranipun J.I. ing Laan Wichert Weltevreden, badhe tampi karcis, ingkang kenging kangge lumêbêt dhatêng pasrasehan, dhatêng tontonan sarta dhatêng bojananipun.

Para lêngganan Pusaka Jawi, ingkang pancèn badhe dhatêng parêpatan agêng wau, kaprayogèkakên tumbas karcis dhatêng panitra kasêbut ing nginggil wau kemawon, amargi manawi tumbas eceran benjing wontên ing Ngayogya, gunggung kêmpalipun dados langkung awis.

 


luhung. (kembali)
Kurang satu suku kata: mrih tan kêmba kêmbênganing pambudi. (kembali)
(Rama). (kembali)
wontên. (kembali)
kamajêngan. (kembali)
klêmpak-klêmpak. (kembali)
§ Kacariyos woh poh jênggi punika dados sarana panawaring wisa. (kembali)
§ Manawi kagunganipun kangjêng rama prabu mawi gandhèk, ananging wêwangunanipun inggih bèntên sangêt, miturut ing Sunan nomêr Sri Poestaka kaca 110 nomêr 38. (kembali)
§ Manawi kagunganipun kangjêng rama prabu namanipun: capuri. (kembali)
10 § Kangjêng rama prabu botên mawi. (kembali)
11 § Kangjêng rama prabu botên mawi. (kembali)
12 § Kangjêng rama prabu botên mawi. (kembali)
13 § Dari tjeritanja orang toewa-toewa, djika kendi Pohdjenggi itoe termasoekkan bisa, maka bisa tadi tida akan berbisa lagi. No. 1.3. 4. Itoe hampilan, akan tetapi koerang tempat loedah emas (loos atau blimbingan) tida toeroet tergambar. 2.5.6.7.8.9.10.11. Itoe hoepotjoro, akan tetapi koerang sangkoetan sapoetangan, tida toeroet tergambar. (kembali)
14 koeda. (kembali)
15 § Badhak punika têmbung Malayu têmbung Jawi warak = têmbung Walandi nishorên (neushoorn). Punapaa dene lar mêrak sinêbut lar badhak. (kembali)
16 § Awit kambil wau pusaka, ugi winastan: Kyai, dados wênang anggadhahi songsong. Sadaya Kyai băngsa luhur lan pintên-pintên băngsa asor wênang anggadhahi songsong. (kembali)
17 cinêplok. (kembali)
18 sêrat. (kembali)
19 § Ringgit gêdhog lan ringgit kalithik punika kalih pisan dipun wastani ringgit wasana. (kembali)
20 babadipun (dan di tempat lain). (kembali)
21 pambujukipun. (kembali)
22 ingkang rama. (kembali)
23 IV. (kembali)
24 Kurang satu suku kata: dènnya mamèt caritaning kuna. (kembali)