Sasadara, Radya Pustaka, 1901-06, #1806

Judul
Sambungan
1. Sasadara, Radya Pustaka, 1901-03, #1806. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Sasadara.
2. Sasadara, Radya Pustaka, 1901-04, #1806. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Sasadara.
3. Sasadara, Radya Pustaka, 1901-06, #1806. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Sasadara.
Citra
Terakhir diubah: 23-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

[Kaping 15 Jumadilakir Dal 1831][1]

Minăngka Pananggalanipun Sasadara

Pawarsakan

Wulan Rêjêp taun Dal ăngka 1831, taun Hijrah 1319.

[Grafik]

--- 242 ---

Dintên Sae

Salêbêtipun wulan Rêjêp taun Dal punika wontên têtiga.

1. Dintên Jumungah Paing tanggal kaping 5 wuku Pahang Dewa Lodra wurungkung dadi tunggaksêmi turuning sagawon ajag, lampahing surya, rakamipun dhawah mantri sinaroja: saenipun kangge yêyasan sabarang. Sangatipun wiwit jam 10.49 mênut, dumugi jam 1.12 mênut, Jabarail wilujêng.

2. Dintên Ngahad Lêgi tanggal kaping 14 wuku Mrakèh Dewa Brama, mawulu dadi, sumursinaba, sri tumurun taman, aras pêpêt, rakamipun dhawah macan katawang, saenipun kangge yêyasan pandhapa, regol sarta pawon, sangatipun wiwit jam 10.49 mênut, dumugi jam 1.12 mênut, Amad rijêki.

3. Dintên Ngahad Pon tanggal kaping 21 wuku Tambir Dewa Lodra, tungle tulus, bumi kapêtak, aras kêmbang, rakamipun dhawah nuju padu, saenipun kangge damêl pawon, nalêsi griya (pondhêmèn) sangatipun wiwit jam 1.13 mênut, dumugi jam 3.36 mênut, Yusup wilujêng.

Wêwaton sêrat pawukon, wulan Rêjêp wau mênawi [mêna...]

--- 243 ---

[...wi] kangge ngêdêgakên griya awon, watakipun kêras, kangge alih-alihan ugi awon.

Wêwaton ungêlipun kadis marpuk, mênawi kangge salakirabi: sae, watakipun sugih anak, sugih mas slaka, luhur drajatipun.

Wêwaton ungêlipun kitab Mujarabat, ing tanggal kaping: 5 kawastanan: nakhas, salêbêtipun sadintên sadalu botên kenging sade tinumbas, kêkesahan, ngangge-angge, pêpaès, ningkahan, nanêm wit-witan, damêl sumur sarta ngadêgakên griya.

Bab Uwit Utawi Pokok

Sambêtipun ăngka V kaca 217.

Ingkang dipun wastani uwit utawi pokok punika, peranganing thêthukulan, ingkang tuwuhipun manginggil, saha mêdal ronipun, sêkar, punapa malih woh, thêthukulan ingkang botên mawi wit ugi wontên, inggih punika jamur, lumut, tuwin sasaminipun. Asaling wit utawi kim kiem punika wontên ing salêbêtipun wiji utawi isi, bilih badhe sumêrêp ingkang kalayan têrang, kêdah aningali wiji kacang sasaminipun, sarana suryakăntha utawi mikroskup microskoop awit wiji kacang sasaminipun [sa...]

--- 244 ---

[...saminipun] wau, asalipun wit kiem katingalipun langkung cêtha, tinimbang asaling wit ing wiji sanès-sanèsipun.

Wit-witan utawi thêthukulan punika, wontên ingkang pang, wontên ingkang botên pang, saha wontên ingkang ros-rosan. Bilih rosipun satunggaling wit wau cêlak, saha witipun ugi cêlak, kados ta: têmu, kunir sasaminipun, punika ronipun mêdal saking salêbêtipun siti, amila sawênèhing tiyang amastani, bilih kunir, alang-alang, garut, sasaminipun wau botên gadhah wit, dene kuniripun, punika dipun kintên oyod kemawon, ananging pangintên wau lêpat, sabab têmênipun têmu, kunir, garut, sasaminipun punika wit, awit ing ros-rosanipun thukul ronipun, ingkang anyarupèni kadosdene sisik ulam.

Pang-pangipun wit-witan ingkang wontên ing salêbêting siti, punika wontên ingkang panjang saha lêbêt, ngantos angèl murih sirnanipun, amila siti wau pamaculipun kêdah lêbêt, pêrlunipun kajawi angêlèr siti ingkang sampun madhêt, mamrih sagêd angsal hawa ingkang sae, ugi sagêd rêsik pambucalipun wit-witan utawi pangipun, ingkang wontên ing salêbêtipun siti, awit alang-alang upaminipun, bilih kantun saêros kemawon, botên antawis [a...]

--- 245 ---

[...ntawis] dangu tamtu thukul malih, ananging bilih ingkang kantun wau namung oyodipun kemawon, botên dados punapa, sabab botên badhe sagêd thukul.

Thêthukulan ingkang witipun wontên ing salêbêtipun siti punika kathah sangêt, kados ta: kunir, têmu, jae, kêncur, lêmpuyang, garut, alang-alang, sêre tuwin sapanunggilanipun. Saking pangintênipun tiyang kathah, kunir, jae sasaminipun punika oyod, ananging têmênipun wit utawi pang, sabab wontên tilasipun ron ingkang sampun wal saking witipun, punapa malih mawi soca utawi maripat, ingkang kenging kapêncarakên. Ingkang kathah wit-witan ing salêbêtipun siti punika pang-pangipun nalosor, ananging wontên ugi ingkang nunjêm ing siti, saha bilih pang wau anjêbol saking siti, ugi lajêng dados wit, dene witipun ingkang sakawit lajêng pêjah.

Mênggah pêncaring wit-witan wau gampil sangêt, inggih punika pang-pangipun dipun kêthok-kêthok lajêng katanêm, botên antawis lami ugi lajêng thukul mêdal ronipun.

Witing sarupinipun rumput utawi holêm holm punika ros-rosanipun kathah, saha katingal têrang, dene wit kalapa, arèn, jambe sasaminipun, punika botên pang, saha wêdaling ron wontên ing pucuking wit, punapa [puna...]

--- 246 ---

[...pa] malih ingkang kalimrahan, wit-witan bangsaning wit kalapa sasaminipun wau ngadêg lêrês, ananging wontên ugi ingkang nalosor ing siti, wontên ingkang sakawit nalosor, lajêng ngadêg lêrês. Kajawi saking punika, wontên malih wit-witan ingkang marambat, kados ta: sêdhah, papasan sasaminipun, wontên ingkang anggubêd ing lanjaran utawi ing wit sanèsipun, kadosdene wit kacang usus tuwin sasaminipun. Wit-witan ingkang nalosor ing siti wau, wontên ingkang ros-rosanipun thukul oyodipun, sabab punika satunggal-tunggalipun bagean, ingkang mêdal oyodipun wau, kenging kapêthalakên, saha sagêd gêsang. Wit-witan ingkang anggubêd punika, lampahing panggubêd rupi kalih, wontên ingkang ngiwa, wontên ingkang nêngên.

Wit utawi pokok punika, ingkang kathah wangunipun gilig, ananging wontên ugi ingkang pasagi 3-4-5 utawi langkung. Thêthukulan ingkang witipun nyêbal saking ingkang sampun kasêbut ing nginggil punika, inggih wontên, kados ta wit kaktus cactus, inggih punika wit ilat baya, êri enthong, saha sapanunggilanipun, punika wanguning pokok saha pang-pangipun rupi-rupi, wontên ingkang gilig, saha kadosdene enthong utawi kadosdene [kadosde...]

--- 247 ---

[...ne] ron. Amila bilih tiyang ingkang dèrèng mangrêtos, bedaning ron kalihan pang ingkang anyarupèni ron, pang-pangipun wit kaktus wau dipun kintên ronipun, dene ronipun ingkang saèstu, wontên ing bongkoting pang-pang, saha alit-alit sangêt, trapipun nyarupèni sisiking ulam. Pang-pangipun ingkang nalosor ing siti, sagêd thukul saha dados wit malih.

Wit utawi pokok punika, wontên ingkang namung pêrlu kangge klika utawi kulitipun, kajêngipun, toya utawi talutuhipun, saha wontên ugi ingkang kangge sadaya, inggih punika kajêng, klika, tuwin talutuh utawi toyanipun.

Ing tanah Eropah wontên kajêng jati, ingkang kulitipun kangge anggodhog wacucal, saha ing tanah punika ingkang sisih kidul, inggih punika ing tanah Sêpanyol tuwin ing Algirês Algiers wontên wit jati ingkang kulitipun kangge tutup gêndul, inggih punika prop utawi gabus.

Manis jangan, soga, tingi, punika ugi sami kulit utawi klika, dene manis jangan ingkang sae piyambak, punika wêdalan ing pulo Selon. Manis jangan ingkang katanêm wontên ing pulo Jawi, asaling wijinipun ugi saking pulo Selon. Ing pulo Sumatra ugi wontên [wontê...]

--- 248 ---

[...n] wit manis jangan, ananging botên dipun opèni, namung thukul ing saênggèn-ênggèn kemawon, amila wêdaling kulitipun ugi kirang kathah tinimbang manis jangan wêdalan ing pulo Selon, saha ing tanah Jawi.

Sami-sami klika utawi kulit, ingkang migunani sangêt, inggih punika kuliting wit kinah, awit kadamêl jampi, ingkang raosipun sakalangkung pait, ananging prayogi sangêt tumrapipun tiyang sakit kasrêpên. Wit kinah punika asalipun saking tanah Pèru Peru ing Amerikah sisih kidul, saha gêsangipun namung wontên ing wana kemawon, botên dipun tanêm ing tiyang. Ing sarèhning wit wau klikanipun agêng pigunanipun, amila nalika ing salêbêtipun taun Walandi 1854 kangjêng gubêrnêmèn andhawahakên, anyoba nanêm wit kinah wau wontên ing tanah Jawi, bokmênawi sagêd gêsang sae, saha botên ewah ing gunaning klikanipun, dene pananêmipun sakawit, wontên ing Bogor tuwin ing Priyangan.

Mênggah kayêktosanipun wit wau gêsangipun sagêd sae sangêt, amila ngantos sapriki kathah para tuwan-tuwan, băngsa kulit pêthak ing tanah Jawi, ingkang angwontênakên prêsil tanêman wit kinah. Ing pulo Sumatra cakêt kalihan kitha Bukittinggi, ugi wontên prêsil [prêsi...]

--- 249 ---

[...l] tanêmanipun wit kinah kalih panggenan. Wit kinah wau sasampunipun cêkap umuripun, klikanipun lajêng dipun kalothoki, sarêng sampun kaêpe garing, lajêng kakintunakên dhatêng nagari Walandi, kadamêl jampi ingkang warninipun pêthak, kadosdene bubukan gêndhis pasir, awit ing tanah Jawi dèrèng wontên pabrikipun pandamêling jampi kinah wau.

Rami punika ugi dados dagangan agêng, sabab sanèsipun kangge tangsul sasaminipun, ugi kakintunakên dhatêng nagari Walandi, kadamêl badhe rasukan sasaminipun, ingkang namanipun ugi kain rami.

Taksih wontên sambêtipun, Prawirawiyata. Abdi dalêm juru sêrat II kabupatèn pulisi Surakarta.

Lintang Bomasêkti,[2] Andaru tuwin Pulung

Miturut pamanggihipun para nujum băngsa Eropah lintang Bomasêkti ingkang dipun wastani layanganipun Radèn Wêrkudara punika sayêktosipun langit kaapit-apit ing cawanganipun krompolaning lintang alit-alit, băngsa Walandi amastani: melkweg mila katingal anggamêng cêmêng, sabab kaapit-apit ing pêpadhang, yèn sayêktosipun warninipun sami kemawon kalihan langit ing sakiwa-têngênipun, [sakiwa-têngêni...]

--- 250 ---

[...pun,] wêwarnèn biru yèn kaapit ing wêwarnèn pêthak malêtuk, katingalipun sampun mêsthi gèsèh kalihan ingkang botên, sadaya punika botên sanès namung saking unyaning paningal (gezichtsbedrog) wondene lintang melkweg punika kadadosan saking lintang alit-alit pintên-pintên yuta, satunggal-tunggalipun awujud srêngenge (zonnen).

Andaru (vuurbol) punika bangsaning lintang ngalih ingkang dhumawah ing bumi sarta cêlak panggenanipun kalihan manungsa, mila katingal padhang gumêbyar, awit saking bantêring lampahipun anrajang hawa, andadosakên bêntèr sarta katingal murub, dhumawahipun ing bumi mawi nyuwara gumlêgêr, jasadipun andaru kadadosan saking sela tuwin tosan, têrkadhang namung saking sarining arêng (koolstof).

Ingkang dipun wastani pulung (vallende ster) punika sami kalihan andaru, ugi dhumawah ing bumi, kaotipun botên patos gumêbyar kados andaru, sabab panggenanipun langkungi[3] têbih tinimbang andaru, asalipun saking lintang kumukus, awit saking bantêring lampah, sarta saking sangêting gêgosokan kalihan hawa, têrkadhang sagêd luluh utawi sirna wujudipun dados kukus, lampahipun sampun kaetang sarana pirantos ing dalêm sasêkondhê [sasêko...]

--- 251 ---

[...ndhê] pinanggih 40 kilomètêr.

R.L. Mangkudimêja

Ing Ngayogyakarta.

Kawontênanipun Balêdhèk

Miturut ing kawruhipun para sagêd băngsa Eropah ingkang dipun wastani balêdhèg punika têmpukipun mêndhung warni kêkalih, mênawi wontên mêndhung kadunungan hawa èlèktrisitit positiph (elektriciteit pozitief) mêndhung sanèsipun kadunungan hawa èlèktrisitit neghatiph (elektriciteit negatief) têmpuking mêndhung warni kêkalih wau angwontênakên brama tuwin suwara jumêbrèt utawi gumludhug, gêbyaring brama kawastanan calèrèt utawi kilat, dene suwaranipun ingkang jumêbrèt winastan balêdhèg, ingkang gumludhug winastan galudhug, samubarang ingkang katrajang têmpuking hawa warni kêkalih wau tamtu risak, yèn barang atos amêsthi pêcahipun (paju) barang ingkang garing sampun mêsthi kabêsmi, brama ingkang makatên punika tiyang Jawi amastani balêdhèg paju utawi balêdhèg brama, mênawi barang ingkang katarajang wau têlês, tamtu botên sagêd murub, kajawi namung gêsêng kados siniram wedang, mila winastan balêdhèg wedang. Ing buku-buku ingkang nyariyosakên [nyariyosa...]

--- 252 ---

[...kên] bab kawontênaning kawruh alam (Natuurverschijnselen) namaning hawa elektriciteit pozitief akalihan hawa elektriciteit negatief asring kasêrat plus en minuselektriciteit utawi kawancah sinêrat + E en - E = .

R.L. Mangkudimêja, Ing Ngayogyakarta.

Têmbung Cina

Sambêtipun ăngka V kaca 235.

Cao

Satunggaling ombèn-ombèn ing nagari Cina, winastan: janjao.

Jan, têgêsipun: sabin, jao: rumput. Têrangipun, rumput ing sabin, inggih punika ing têmbung Jawi winastan: janggelan, ingkang dipun godhog kapêndhêt sarinipun, kacamboran pathi onggok, tuwin lăndha mêrang, sasampuning kajênang kêndhêl[4] lajêng dipun iris-iris, mênawi badhe kaombe kacamboran gêndhis tètès, kalihan toya tuwin dipun kêcêri toyaning jêram pêcêl.

Ing tanah Jawi têtiyang Cina ingkang ngawiti sade janjao wau, lajêng dipun tiru dening têtiyang Jawi, kêlanturing [kêla...]

--- 253 ---

[...nturing] têmbung Jawi dados: cao.

Dumugi sapunika ing praja dalêm Surakarta, sabên dintên kathah tiyang Jawi ingkang sade cao wau, kados ta:

1. Cao janggelan.

2. Cao agêr-agêr.[5]

3. Cao kolang-kaling.

4. Cao sêninjong.

Ing Samarang wontên tiyang sade cao siwalan.

Tiyang ing Batawi amastani: Tjintjao.

Gambar-gambar aken peladjaran dan kasoekaan anak-anak dan iboe bapanja (Nederlandsch Indisch prenten) ingkang kawêdalakên dening Tuwan Kolff ing Batawi, lêmbaran ăngka 11 wontên gambaripun tiyang sade cao, sinêbut Toekang Tjintjao (tukang cincao) = Inlandsche Limonade verkooper)

Ing samangke cao wau, kathah ingkang mawi kacamboran sêtrup (stroop) tuwin is (ijs).

Sêrat Wangsalan ingkang kawêdalakên dening Ki Padmasusastra ing Surakarta, taun 1897 ing kaca 10 wontên wangsalan, [wangsa...]

--- 254 ---

[...lan,] janjao: wau, ungêl-ungêlanipun makatên, cimplung pathi, pathi rumput jêjanggelan.

Dhawêt, cao (janjao).

Kaliwêtan nora kaopèn ing karsa.

Cihoing

Sampun kala jaman kina, băngsa kula tiyang Cina ambêkta dagangan tèh dhatêng ing tanah Jawi.

Kala samantên ingkang onjo piyambak, tèh ingkang dlancangipun mawi sastra: Hoing, ho: têgêsipun rujuk, anglêr, ing: arum.

Saha sampun dados caranipun băngsa Cina, mênawi sade barang, mawi têmbung: cya, têgêsipun tulèn.

Mila tèh hoing wau, winastan cyahoing, têgêsipun: tèh hoing ingkang tulèn.

Tiyang Jawi tumut tumbas tèh wau, ananging kêlantur dados: cihoing.

Awit saking eca raosing tèh cihoing wau, ki dhalang ringgit wacucal ing praja dalêm Surakarta, mênawi banyolan, wicantên makatên:

Teko bingsing, êtèh cihoing, banyu Pêngging, cangkir gungging, pacitane ting-ting tai kucing.

Punika nyariyosakên, ecaning wedang êtèh,

--- 255 ---

bilih tekonipun ingkang cinirèn sastra bingsin, tèhipun wêdalan saking ingkang mawi tăndha sastra oing, toyanipun saking Pêngging, cangkiripun ingkang cinirèn sastra kongging, nyamikanipun ênting-ênting, tuwin kacang pêndhêm (kacang Cina) ingkang kaulêd gêndhis, ing têmbung Cina winastan: singjin, awit wujudipun glindhingan, sarta pating krewal, tiyang Jawi botên sumêrêp namanipun ing têmbung Cina, lajêng dipun namakakên tai kucing.

TJOA TJOE KWAN

Ngèlmi Wangun (vormleer)

zie Sasadara II taun II.

Ing ngandhap punika kula badhe amratelakakên kawruh ngèlmi wangun sawatawis, ingkang maedahi tumrapipun angupadosi panjanging dhiagonalipun lumah (raèn) ingkang barès, inggih punika saking kumêdah kula atur panjurung sarta anglêksanani pangajêng-ajêngipun sumitra Mas Martadiharja, mantri guru pamulangan ăngka I Rêmbang, sarta sampun kacondhongan rama juru pangripta, ing bab pangupadosing kakuwatan resultantê, anamung tangèh yèn ta andhamangna panggalihipun para nupiksa, [nupi...]

--- 256 ---

[...ksa,]

amargi kula cugag[6] kula pêndhêt pêrlunipun kemawon, kula nrimah ambabadi rêrungkut, dadosa marginipun para amarsudi budi anggènipun badhe anggêlarakên kawruh wau ing têmbe.

Miturut katranganipun sumitra Mas Martadiharja ingkang kasêbut ing Sasadara ăngka II taun II resultantê punika awujud dhiagonal, sagêd dados dhiagonaling pasagi lêrês (kwadraat [Grafik]) pasagi ambanon sarimbag ([Grafik]) wajikan (pasagi lêrês mèncèng = ruit = [Grafik]) pasagi ambanon sarimbag mèncèng (paralellogram [Grafik]) mawi-mawi agênging pojok têtrajangan, tuwin rosaning kêkuwatan.

a. Dados pasagi lêrês: mênawi trajanganipun pojok jêjêg, sarta kêkuwatanipun sami.

b. Dados pasagi ambanon sarimbag: mênawi trajanganipun pojok jêjêg, kêkuwatanipun sami.

c. Dados ruit, mênawi trajanganipun pojok lancip utawi têmpak, sarta kêkuwatanipun sami.

d. Dados paralellogram: mênawi trajanganipun pojok lancip utawi têmpak, kêkuwatanipun botên sami.

--- 257 ---

Mênggah ingkang gampil dipun upadosi dhiagonalipun inggih punika a lan b pangupadosipun sarana waton ngèlmi wangun ingkang kawastanan: Teorema phitakhoras Theorema fitacoraas dhiagonaling c lan d ugi wontên ingkang kenging kaupadosan panjangipun, inggih punika mawi katranganing kêkuwatan dados pojok 300 450 utawi 600.

Ingkang kawastanan teorema phitakhoras punika makatên:

[Grafik]

Mênawi wontên lumah majêng 3 jêjêg (gambar I), pasaginipun garis ingkang miring, inggih punika garis ingkang ajêng-ajêngan kalihan pojok jêjêg, mêsthi sami kalihan gunggunging pasaginipun garis ingkang matêsi pojok jêjêg, cêkakipun:

a2 = b2 + c2

b2 = a2 - c2

c2 = a2 - b2

a = (b2 + c2)

b = (a2 - c2)

c = (a2 - b2)

Mênggah katêranganipun bab wau warni-warni, namung kula pêndhêt satunggal kemawon ingkang cêtha (gambar II) mêkatên: [m...]

--- 258 ---

[...êkatên:]

[Grafik]

ABC majêng 3 jêjêg badhe nêrangakên BC2 AC2 + AB2

BDEC sisihipun BC

ACFG sisihipun AC

ABHJ sisihipun AB

AK, BD (têgêsipun sami lampahipun)

ACF = BEC têgêsipun pojok

ACB = BCA

BCF = ACE

BC = CE

AC = CF

BCF ACE ( têgêsipun majêng 3, sami agêngipun tuwin wangunipun)

BCF = ACF amargi sami dhasaripun (CF) sarta sami inggilipun (AC)

--- 259 ---

ACF = ½ ACFG

ECA = ECL amargi sami dhasaripun (CE) tuwin sami inggilipun (CL).

ECL = ½ CEKL dados

½ ACFG = ½ CEKL dados

ACFG = CEKC dados ... I.

JBC ABD katêrangan sami kalihan nginggil.

AHJ = JBC = ½ ABJH katêrangan sami kalihan nginggil.

BDL = ABD = ½ BDKL katêrangan sami kalihan nginggil dados

½ ABJH = ½ BDKL

ABJH = BDKL ... II

Dados ACGF = CEKL ... I.

ABJH = BDKL ... II.

ACGF + ABJH = CEKL + BDKL = BDCE

ACGF = AC2

ABJH = AB2

BDCE = BC2

Dados têtela AC2 + AB2 = BC2 utawi BC2 = AC2 + AB2

Taksih wontên sambêtipun.

Warujuning guru bêbantu ing pamulangan ăngka I Banjarnagara, Rêksawiyata.

--- 260 ---

Cabang Jiwa

Tarekah Anyambêt Tanêman

Ing tanah Jawi mèh dèrèng wontên tiyang ingkang marsudi nyambêt panging wit-witan, wondene ing tanah Eropah sampun limrah, sadaya tiyang ahli nanêm palakirna utawi tiyang among tani: sami matrapakên tarekah wau.

Mila pêrlu kula giyarakên ing pustaka adi Sasadara, pamuji kula mugi-mugi para prayantun, abdi dalêm ingkang kawogan bab punika karsa wêwarah dhatêng karerehanipun, supados para among tani utawi tiyang ingkang ahli nanêm palakirna sapanunggilanipun, angèstokakên sarta marsudi mênggah pratikêl ingkang maedahi punika, murih sagêd tangkar-tumangkar ing akathah.

Pikantukipun nyambêt tanêman wau makatên:

I, bilih mêncarakên wit-witan wohipun adi, sampun ngantos malih.

II, sagêd amurih pamêdalipun woh langkung adi.

III, sagêd mêncarakên tanêman, botên angrisak babonipun (botên kados mênawi kacangkok).

IV, nyuburakên tanêman ingkang botên enggal agêng, mênggah tarekahipun: tanêman wau dipun sambêt kalayan uwit dhasar ingkang subur.

--- 261 ---

Mênawi pangipun wit-witan kasambêt: sagêd gêsang, woh godhong tuwin sanès-sanèsipun, sadaya sami ugi kalihan baboning uwit, beda yèn nanêm wiji botên mêsthi sagêd prayogi sadaya.

Mila ing tanah Eropah mênawi nyêbar utawi andhêdhêr wiji, namung pêrlu kangge wit dhasar sambêtan kemawon, yèn sampun thukul watawis 2-3 utawi 4 kaki inggilipun, tumuntên kasambêt. Dadosipun uwit sambêtan, kajêng warni kalih, 1. oyod lan uwit ngandhap (dhasar), 2. uwit ing nginggil, inggih punika asal sambêtan. Bilih panyambêtipun prayogi, panggenan sambêtan pulih mèh botên kêtawis.

Sapunika kula pratelakakên, mênggah têmbung-têmbung ingkang dèrèng kaprah ing akathah, para nupiksa sagêda dhamang, sampun ngantos kasupèn, kados ta:

Mênawi badhe nyambêt, kêdah ngiris pangipun uwit, saha maripat panggenan ros (soca), pang tuwin soca punika dipun wastani: kalam sambêtan, cêkakipun kalam kemawon, lajêng kasambêt kalayan uwit, dipun wastani: uwit dhasar sambêtan, cêkakipun wit dhasar utawi dhasar kemawon, amargi dados pokipun uwit.

Mênggah pratikêlipun nyambêt punika warni-warni, ing têmbung

--- 262 ---

Walandi wontên sêratipun piyambak, sarta amratelakakên sarana gambar, wah malih wijang-wijanging bêkakas utawi pirantos nyambêt, ugi dipun gambar sadaya.

Ing tanah Jawi punika kathah tuwan-tuwan tanah (kabudidayan) anyambêt tanêman kinah (China) ing toko-toko wontên ingkang sade lading tuwin pirantos kangge nyambêt wau. Mila sintên ingkang karsa badhe nyambêt tanêman, prayogi tumbas dhatêng toko lading pirantos panyambêt, amargi botên kenging sabarang lading kemawon, kêdah ingkang landhêp, amurih labêting iris-irisan sagêd alus, gathuk trêp, kulitipun botên nyêtrèb.

Kajêng agêng ingkang alit-alit pangipun, ugi kenging dipun sambêti kalam ingkang adi, amurih wohipun ing pucuk (wit kalam nginggil) sagêd prayogi tinimbang kalayan wohipun uwit ing ngandhap (wit dhasar).

Sadaya sambêtan kêdah mèmpêr kalayan uwiting dhasar, kados ta: uwit jêram lêgi, jêram kêprok, jêram pêcêl, kenging dipun sambêtakên dhatêng uwiting jêram gulung sasaminipun jêram agêng, minăngka uwit dhasar. Ananging botên kenging jêram wau kasambêt kalayan uwit pêlêm utawi manggis. Srikaya, mlowa[7] năngka ugi

--- 263 ---

kenging dipun sambêt, amargi mèh nunggil warga. Sarta uwit pêlêm dipun sambêt uwit kuwèni.

Wit-witan agêng lan rosa, sampun kasambêtakên dhatêng wit-witan dhasar alit ingkang kirang rosa. Jalaran kajêng tuwin oyodipun uwit dhasar, botên nyêkapi kalamipun (sambêtan uwit nginggil), têmahan kadosdene lare alit, anggendhong tiyang sêpuh. Ingkang makatên wau bokbilih raosipun woh sagêd ewah, amargi kalam uwit nginggil punika angsal têdha saking uwit dhasar, dados yèn pamilihipun uwit dhasar: prayogi, wohing kalam, bokbilih sangsaya miraos, punika kayaktèn tanêman kinah ingkang kasambêt, sanadyan warnining kalam botên ewah, ananging talutuhipun têmah kacamboran talutuhing wit dhasar, makatên ugi bilih nyambêt kalihan uwit dhasar kirang sae, bokmênawi wohing kalam suda raosipun.

Yèn nyêbar utawi andhêdhêr wiji kangge nyambêt, sampun mawang raosipun kemawon, inggih ugi kêdah milih ingkang maedahi raosing woh tumrap uwit kalih-kalihipun, dhasar tuwin kalam. Ewadene dèrèng tamtu, amung kintên-kintên kemawon.

Sapunika kula mratelakakên sawatawis, mênggah tarekahipun [ta...]

--- 264 ---

[...rekahipun] anyambêt, ingkang gampil tur mayar.

Panging uwit, ingkang sampun dados kajêng sarta wontên maripat utawi socanipun, kairis ing ngandhap, kadosdene pangot lêncêng, kadamêl lingir tiga, èmpêripun gigir papak, prênahing wêtêng: landhêp, minăngka kalam sambêtan.

Nuntên milih uwit asal wiji (thêthukulan saking wiji) minăngka dhasar sambêtan, landhêping kalam kalêbêtakên dhatêng antawisipun kulit lan kajêngipun uwit dhasar, ngantos dumugi wiwitaning iris-irisan. Amurih gampil patrapipun: kuliting dhasar panggenan ingkang badhe dipun lêbêti kalam, prayogi kapisah rumiyin kajêngipun, sarana pirantos singat landhêp utawi wêlad, mênggah panjangipun kalam, botên kenging langkung 2 utawi 3 dim rinlan. Anggèning nglêbêtakên kêdah ngatos-atos, murih kulitipun dhasar botên suwèk. Mênawi wontên godhongipun, prayogi kaprithilan.

Sasampuning makatên, panggenan gathuking kalam lan dhasar, kabalêbêd lulup waru utawi lulup malinjo, 3-4 ubêdan, ananging sampun ngantos kêncêng-kêncêng (singsêt) supados botên aminggêtakên kulitipun uwit dhasar, lajêng katutupan rapêt, sarana lilin sambêtan.

--- 265 ---

Mênggah ingkang winastan lilin panyambêt wau, inggih punika: camboran: mur[?] sadasa bagean, kêndhal utawi gajih maesa sabagean, dipun garang ngantos lèdèr[8] tumuntên kaulêd ing paso sarana toya, ngantos kados gulali, sasampunipun lajêng kaêntas, sarta dipun atosakên malih. Mênawi badhe kangge, nyuwil sacêkapipun, lajêng kagarang sarana cowèk ngantos lèdèr, nanging yèn matrapakên sampun ngantos kabêntèrên, têmahan ngrisakakên uwit dhasar lan kalam sambêtan.

Lilin tembokan ingkang sampun kangge nyêrat, ugi kenging kadamêl dhêmpul, namung kêdah kacamboran lisah jarak sawatawis, murih botên kapara atos, bilih botên makatên têmahan malêthèk.

Pratikêl nyambêt pang alit, kulitipun tipis:

Pang: badhe kangge dhasar, dipun kêthok ingkang papak, lajêng sinigar sarana lading panyambêtan ingkang landhêp, panyigaripun kêdah ngangkah-angkah sarta talatos.

Kalamipun linincipan, kadosdene kasêbut ing nginggil wau, pucuking dhasar panggenan sigaran dipun sundêp lading, lajêng kaingêr sakêdhik, murih sigaranipun sagêd mênga, [mê...]

--- 266 ---

[...nga,] anuntên dipun lêbêti linciping kalam, ngantos iris-irisanipun sagêd trêp lumêbêt ing sigaran. Kuliting kalam kagathukakên rapêt kalayan kulit dhasar. Sasampuning makatên, lajêng kabalêbêd lulup, ing jawi dipun tutupi dhêmpul lilin panyambêt, kados ingkang kasêbut ing nginggil wau.

Karangan ing nginggil punika, kula jugag samantên kemawon rumiyin, mênawi panjênênganipun rama juru ngarang taksih karsa macak, sumawana[9] sêpên sambekala, ing têmbe kula badhe ngaturakên malih sambêtipun karangan punika.[10]

Sakathahing kalêpatan kula, para nupiksa mugi sampun kirang ing pamêngku, sarta angêgungna pangaksama.

Taksih wontên sambêtipun, Sru paparda kawêlas arsa: Tan Sing Cwan, ing Pacitan.

Soologi Zologie

Perangan badaning manungsa punika kathah, satunggil-tunggiling perangan dados praboting ngagêsang.

--- 267 ---

Dumadosing perangan wau saking barang ingkang alit sangêt, inggih punika mêndhang (cel) perangan wau kawontênanipun beda-beda, wontên ingkang atos utawi êmpuk. Ingkang atos kados ta: balung, balung nèm, otot, rambut tuwin daging. Dene ingkang êmpuk inggih punika sungsum tuwin rah. Barang ingkang atos wau dayanipun botên sami.

Perangan ingkang atos piyambak punika balung, balunging manungsa sanèsipun untu wontên 213 balung wau andadosakên kiyating badan, kawontênanipun gêgandhengan, pucuking sambêtanipun balung wontên balungipun nèm, ingkang kabuntêl ing kulit tipis mawi gajih. Gajih wau anêlêsi pucuking balung supados sampun ngantos gêsang. Balung wau warninipun pêthak, ing nglêbêt wontên sungsumipun. Balung wau kaperang dados tiga, kados ta: balung panjang, wiyar tuwin cêlak, bongkot pucuking balung panjang punika sami ambêndhol, ingkang têngah gilig, ing nglêbêt bolong isi sungsum. Ingkang tumut dados peranganing balung panjang inggih punika: balung pupu, garês sapanunggilanipun. Balung wiyar punika balunging sirah enthong-enthong, balung dhadha enz. sadaya wau sami tipis-tipis, dene balung cêndhak punika ugi

--- 268 ---

tipis sarta alit, wangunipun bundêr, tuwin wontên ingkang pating cringih, kalêmpaking balung-balung wau dados raganganing manungsa.

Sambêtanipun balung-balung wau wontên ingkang sagêd ebah wontên ingkang botên, ingkang sagêd ebah punika balung ingkang mawi ros-rosan, ros-rosan punika wontên tigang warni, inggih punika, 1. Ingkang balungipun kenging dipun têkuk tuwin dipun salonjorakên, kados ta: balung lêngên ngandhap nginggil, balung pupu, balung garês enz, 2. Ingkang balungipun kenging dipun ubêngakên, lumah kurêb, inggih punika ugêl-ugêl, 3. Ingkang balungipun kenging dipun ubêngakên ngantos bundêr, inggih punika gathuking lêngên nginggil kalihan enthong-enthong.

Têngkêlanipun balung ula-ula ugi mawi ros-rosan, ananging sagêdipun ebah namung sawatawis.

Mênawi wontên balung kalih gathuk, limrahipun ingkang satunggil dhêkok, satunggilipun mêncu, kadosdene gathukipun pok pupu kalihan balung bokong.

Ros-rosan wau kabuntêl dening kulit (Kapsoel) tuwin wujud panjang minăngka têtangsul (Legamenta) wontên ingkang nutupi kapsoel wontên ingkang dumunung ing salêbêting kapsoel wau, dene kapsoel punika kabuntêl dening

--- 269 ---

kêndhangan ingkang sagêd angêdalakên barang cuwèr (sinovia) paedahipun anglunyokakên balung nèm ing ros-rosan wau. Sambêtanipun balung ing sirah botên makatên, wangun anguntu walang.

Tiyang ingkang sampun diwasa balunging bathukipun wontên 2, gathuk dados satunggal.

Raganganing manungsa kaperang dados tigang perangan: 1. Balung sirah, gêmbung, 3. balunging tangan tuwin suku. Dene balunging sirah kaperang dados kalih, inggih punika cumplung tuwin rai. Camplung[11] punika balung wiyar sambêtanipun untu walang, waunipun kados cumplunging klapa ing nglêbêt wontên polonipun. Ing ngandhap mawi bolongan alit-alit, minăngka margining otot, rah tuwin sungsum. Saha wontên bolonganipun agêng satunggil, punika margining sungsum ing ula-ula.

Peranganing cumplung kados ta: 1. balung bathuk, 2. balung dhindhing kalih: kiwa têngên, 3. cumplung, 4. pilingan kiwa têngên, 5. balung ingkang kados paju, 6. balung saringan, balung bathuk, pilingan sarta cumplung punika ingkang ngandhap sami nêkuk malêbêt, balung paju punika dumunung ing saantawising têkukan têtiga wau, balung saringan dumunung ing satêngahing balung bathuk ingkang nêkuk malêbêt.

--- 270 ---

Rai punika peranganing sirah dumunung ing ngajêng sangandhaping bathuk, peranganing rai ingkang sagêd ebah namung satunggil, inggih punika uwang ngandhap. Peranganing balung rai, kados ta: a. uwang nginggil kalih, b. uwang ngandhap, c. balung pipi kalih, d. balung irung 2, e. balung mèmpêr kêjèn, f. balung cêthak, g. balung luh, h. untu wontên 32 =

5+1+4+1+5
5+1+4+1+5.

Uwang punika dados panggenaning untu, uwang ingkang ngandhap gathuk kalihan balung pilingan.

Ingkang dados bolonganing mripat makatên: bathuk, balung pipi, uwang nginggil, balung paju, balung saringan tuwin balung luh.

Ingkang dados bolonganing irung punika, balung uwang nginggil kalih pisan, sanginggiling bolongan irung wontên balungipun irung 2, bolongan irung kaperang dados kalih perangan balung nèm, ingkang wangunipun kados gêdhèg, sangandhaping irung wontên cangkêmipun, dene cêthak dumunung ing sangandhaping irung, balung luh dumunung ing bolonganing mripat cêlak kalayan lêkokaning irung (suluhan).

Gêmbunging manungsa kaperang dados kalih, inggih punika ula-ula tuwin glodhogan. Balung ula-ula kathahipun 33 satunggil-tunggilipun kaperang dados 2 perangan, [pe...]

--- 271 ---

[...rangan,] ingkang satunggil ing ngajêng wangun giligan, satunggilipun ing wingking wangun alèn-alèn.

Têngah lêrêsing giligan wau: bolong, mila mênawi ula-ula wau dipun tumpuk, andadosakên urung-urung, isinipun sungsum.

Satunggil-tunggiling balung ula-ula wau wontên pakahipun 3 ingkang 2 ngiwa nêngên, ingkang satunggil mêwingking[12] dumunung ing saantawising pakah 2 wau.

Balung ula-ula kaperang dados gangsal perangan, 1. gulu, 2. gêgêr, 3. bangkekan, 4. balung suci, 5. balung buntut, balung ula-ula ingkang wontên ing gulu wontên 7 ingkang nginggil piyambak wangun ali-ali atlas gathuk kalihan balung sirah mawi gêlitan, mila sirah punika sagêd andhingkluk tuwin andhêngak, balung ingkang kaping kalihipun (evistrenroes) mawi unton-unton lumêbêt ing atlas wau, mila sirah sagêd menga-mengo.

Taksih wontên sambêtipun, Suryadipura.

--- 272 ---

Ngèlmi Padhukunan Bayi

Sambêtipun ăngka V kaca 214.

Mênggah indhaking agêngipun bayi wau kenging kagalih angeram-eramakên, punapa malih kanthongan bayi inggih mindhak agêngipun, agêngipun ingkang wiwitan namung sajambêt kaluthuk dipun pênèt, wusana ngantos cêkap angêmot bayi, kawah sarta ari-ari sapanunggilanipun.

Wondene wiji ingkang sampun isi, lêbêtipun dhatêng kanthongan bayi nalika tiyang èstri badhe anggarapsari, awit saking punika kanthongan bayi dados mêdhok, raosipun tansah gatêl, lami-lami wiji wau kabuntêl wangun kados kanthongan, lajêng sagêd isi kawah, sarta wiji kumambang wontên ing panggenanipun lami, inggih punika ingkang kawastanan: ari-ari, ari-ari kêmpal kalihan ototipun êrah, ingkang dipun wastani usus, usus ganthèt kalihan pusêripun bayi, sarta bayi ganthèt kalihan êmbokipun, mila bayi sagêd gêsang, angsal têtêdhan sarta mindhak agêng, makatên malih kanthongan bayi kanut[13] mindhak agêng, anjalari sêsêgipun padharan, sarta ing ngandhap lajêng minggah.

Mênawi sampun wawrat sêpuh kanthongan bayi dados agêng, wacucalipun wêtêng kêncêng, isinipun wêtêng ambèr dhatêng

--- 273 ---

kiwa têngên, minggah sarta dhatêng wingking, badanipun ingkang wawrat ewah wangunipun, ingkang makatên punika sampun tamtu andadosakên ewahipun lêlagean, awit kêkiyatanipun kathah ingkang kangge gêsang dhatêng bayi, sadaya wau sampun kanyataan ing badanipun têtiyang èstri ingkang anglêrêsi wawrat.

Mênggah titikanipun angandhêg warni-warni, wontên kasumêrêpan dening ingkang anglampahi piyambak, wontên ingkang saking kanthongan bayi, utawi wontên ingkang saking solah-bawanipun bayi.

Mênawi wontên tiyang èstri wawrat lajêng ical, punika mèh botên kenging dipun anggêp, awit ingkang kadamêl têtêngêr botên tamtu, kayêktosanipun bilih sampun wawrat sok lajêng sanès pamanggih, kados ta: ingkang bêbukanipun abingah-bingah, sarêng sampun wawrat lajêng susah, kêrêp badhe nangis ingkang kalayan tanpa sabab, kosokwangsulipun ingkang wiwitanipun sêdhih lajêng dados bingah.

Kathah kemawon têtiyang èstri ingkang wawrat angraos badanipun kirang sakeca, tilêm dangu botên nyêgêri, mênawi ing wanci sontên limrahipun angraosakên sakeca miwah sênêng, măngka punika botên. Suda utawi icalipun raos wau bilih sampun wawrat sêpuh, sawênèh [sa...]

--- 274 ---

[...wênèh] sirnanipun sakit wau mênawi bayi sampun lair.

Tiyang èstri ingkang sawêg wawrat sapisan, ingkang sampun kalampahan kêrêp sakit untunipun, mênggah raos warni-warni wau botên kenging kagêlar ingkang têtela, namung saking kintên-kintên kadadosanipun otot lêmbat.

Wontên malih kadadosan warni-warni, ananging kenging kapratelakakên, inggih punika saking gilir gumantosing lampahipun êrah, ingkang mawi êrahipun tiyang èstri ingkang wawrat punika, kajawi lumampah ing badanipun piyambak, inggih mawi lumampah dhatêng kulitipun kanthongan bayi sarta dhatêng ari-ari, dados kêdah langkung kathah katimbang kalihan kala sadèrèngipun wawrat. Mênawi sirah karaos mumêt utawi êrah minggah, sagêd andadosakên kalêngêr, mimisên utawi anungkêp manah, sarta sanès-sanèsipun. Ingkang makatên wau jalaran lampahipun êrah bèntên kalihan nalika dèrèng wawrat, utawi saking mêdhokipun kanthongan bayi.

Mênggah ajuripun têtêdhan inggih botên kados sabên, mila lajêng karaos munêk-munêk kêdah nuntak, utawi botên doyan nêdha sarta ngombe, kosokwangsulipun kapengin nênêdha sarta ngombe ingkang anèh-anèh, malah asring botên sagêd têtoyan, awit kanthongan [kanthonga...]

--- 275 ---

[...n] bayi amêtêl wadhah toya, dene mênawi sampun wawrat sêpuh sakêdhap-sakêdhap kêdah têtoyan.

Ingkang kenging kayêktosan malih, kados ta: santunipun wacucaling irung, kêrêp watuk, saubênging pênthil susu pancèn awarni jêne lajêng dados abrit sêpuh, ing têngah wêtêng wontên katingal anggalêr, wiwit saking pusêr mangandhap, warninipun ugi abrit sêpuh, wêtêng katingal abrit ambranang, jalaran saking mêlaripun wacucal, kantos sami apinggêt-pinggêt, mênawi sawêg nêmbe wawrat sapisan, pinggêt-pinggêtipun wau awarni abrit, bilih sampun kaping kalih utawi rambah-rambah awarni pêthak.

Sanajan ngandhêg botên anggarap sari, nanging botên kenging katamtokakên bilih wawrat, bokmênawi wontên ingkang dados sabab sanèsipun, kosokwangsulipun, ingkang taksih anggarap sari ngantos kaping tiga dados wawrat inggih wontên. Kula sampun nate têtulung dhatêng tiyang gadhah anak, kala wawratipun taksih ajêg anggènipun anggarap sari, malah nalika lairipun bayi sawêg anggarap sari kados sabênipun. Taksi[14] wontên sambêtipun.

--- 276 ---

Sêrat Cakrawarti

Sambêtipun ăngka V kaca 200.

Wondèntên lampahing dintên gangsal dhawahipun ing tanggal sapisan, punika sabên măngsa ingkang kapêngkêr nuju umur 29 dintên, dhawahing tanggal măngsa ingkang sawêg tumapak wêwah sakawan, têgêsipun majêng kawan dintên, dados tumapak gangsal dintên, upami măngsa ingkang kapêngkêr wau tanggalipun ing dintên Pon, tanggalipun măngsa ingkang sawêg tumapak dados dhawah Paing. Yèn măngsa ingkang kapêngkêr nuju umur 30 dintên, dhawahing tanggal măngsa ingkang sawêg tumapak, botên wêwah, têgêsipun sami kalihan tanggaling măngsa ingkang kapêngkêr, upami măngsa ingkang kapêngkêr wau tanggalipun ing dintên Paing, tanggalipun măngsa ingkang sawêg tumapak inggih dhawah Paing, kados makatên ing salajêngipun, sanadyan măngsa ingkang amawi dirgya inggih makatên lampahipun.

Mênggah sasêrêpanipun lampahing dintên pêpitu, kalihan dintên gangsal dhawahing tanggal măngsa wau, pratelanipun satunggal-tunggal sami katata ing pratăngka, têgêsipun ăngka pikêkah, inggih punika pêpathokaning dintên ingkang dados paugêranipun angetang kapisaning măngsa

--- 277 ---

ingkang dipun wastani pratăngka punika yèn têmbung Ngarab wastanipun: naktu, dèntên pratăngka wau pathokaning dintên pitu kawastanan saptawara, pêpathokaning dintên gangsal kawastanan: păncawara, kalih pisan sami dados paugêranipun angetang wiwiting tanggal, pangetangipun makatên, pratangkaning taun kakumpulakên kalihan pratangkaning măngsa ingkang kinarsan, saptawara: sami saptawara, păncawara sami păncawara, kumpuling saptawara yèn langkung saking pitu kabucal pitu, kumpuling păncawara yèn langkung saking gangsal kabucal gangsal, lajêng kaetang saking bêbukanipun purwaning taun kados ing ngandhap punika:

Awit ing taun 1 dumugi 60 taun, saptawaranipun kaetang saking Rêbo, păncawaranipun kaetang saking Pon.

Yèn awit ing taun 61 dumugi 120 taun, saptawaranipun kaetang saking Sênèn, păncawaranipun inggih saking Pon.

Yèn awit ing taun 121 dumugi 180 taun, saptawaranipun kaetang saking Saptu, păncawaranipun inggih saking Pon.

Yèn awit ing taun 181 dumugi 284 taun, saptawaranipun kaetang saking Kêmis, păncawaranipun [păncawa...]

--- 278 ---

[...ranipun] inggih saking Pon.

Yèn awit ing taun 241 dumugi 300 taun, saptawaranipun kaetang saking Salasa, păncawaranipun inggih saking Pon.

Yèn awit ing taun 301 dumugi 360 taun, saptawaranipun kaetang saking Ngahad, păncawaranipun inggih saking Pon.

Yèn awit ing taun 361 dumugi 420 taun, saptawaranipun kaetang saking Jumungah, păncawaranipun inggih saking Pon.

Sarêng awit ing taun 421 dumugi 480 taun, pangetangipun sami kalihan kala awit ing taun 1 dumugi 60 taun ingkang sampun kasêbut ing ngajêng wau, saptawaranipun wangsul kaetang saking Rêbo, păncawaranipun kaetang saking Pon, kados makatên ing salajêngipun,ing sabên 420 taun, bêbukanipun purwaning taun ingkang badhe tumapak wangsul malih pangetanging saptawara saking Rêbo, pangetanging păncawara saking Pon, kaetang dumuginipun ing taun subakarki[15] angkaning warsa punika 1730, ingkang dados bêbuka purwaning taun, saptawaranipun angetang saking Rêbo, păncawaranipun angetang saking Pon.

--- 279 ---

Wondèntên sêrêping pangetangipun makatên, ing taun subakarti ăngka 1730 punika kabucal kawan atus kalih dasa kaping sakawan, dados 1680 mênggah ing taun 1730 wau kabucal 1680 dados kantun 50 anuju ing taun subakarti, dhawahing bêbuka purwaning taun, saptawaranipun angetang saking Rêbo, păncawaranipun angetang saking Pon, ing salajêngipun ngantos dumugi ing taun rudraksa, ăngka 1740 kumpulipun ing pratăngka taksih kaetang saking Rêbo Pon, ing ngandhap punika pratelanipun panataning pratăngka sadaya.

Ringkêsaning Cariyos Ringgit Purwa

Sambêtipun Sasadara ăngka V kaca 221.

Ontaboga, inggih Anantaboga

Punika putranipun Sang Hyang Anantanaga patutan saking Dèwi Basu, garwanipun kêkalih ingkang sêpuh Dèwi Suparti, ingkang anèm Dèwi Kèndriya, putranipun sadaya pêpitu, 1. Sang Hyang Anantabasu, 2. Sang Hyang Basuki, 3. Dèwi Basundari, apêparab Dèwi Sinta, 4. Dèwi Basuwati, apêparab Dèwi Landêp, 5. Sang Hyang Nagatatmala, 6. Dèwi Wiratma, apêparab Dèwi [Dè...]

--- 280 ---

[...wi] Rukmawati, 7. Dèwi Nagagini. Kahyanganipun wontên ing Saptapratala, angratoni sakathahing naga bumi sadaya, kasêktènipun anglangkungi para dewa, yèn Kakarsana sèsining jagad têtiga wontên sariranipun sadaya. Walungsunganipun kangge nyampingi para widhadara-widhadari awit saking endahing warninipun. Kacariyos Sang Hyang Ontaboga wau sajatosipun awarni dewa, anggènipun awarni naga namung yèn sowan ing Sang Hyang Guru sarta yèn nuju siniwi ing sakathahing naga kemawon.

Irawan

Punika putranipun Radèn Janaka patutan saking Dèwi Ulupi, garwanipun nama Dèwi Sitisari putrinipun Prabu Krêsna ing Dwarawati, lairipun wontên ing wukir Yasarata, padhepokanipun ingkang eyang Bagawan Kanwa, diwasanipun wanuh kalihan Dèwi Laksmanawati putrinipun Prabu Duryuddhana ing Ngastina, dados ing sabên-sabên malêbêt dhatêng kadhaton ing Ngastina, kanthi Radèn Sarwaga, Radèn Sarwaga punika putranipun Radèn Arya Wêrkudhara patutan saking putri Kasi, ingkang eyang sarta ingkang ibu sangêt sungkawa angraosakên tingkahipun Radèn Bangbang Irawan dene anilar lêlabêtaning [lêlabêta...]

--- 281 ---

[...ning]

Pandhawa, sarta asmu sandeya mênawi aminihi suwalaning Pandhawa kalihan Korawa, mila tansah pinaripih sampun ngantos kalajêng-lajêngakên tingkahipun ingkang makatên wau, ingkang eyang ngantos kawêdal dêdukanipun ingkang asmu angupatani yèn badhe botên amêningi prang Bratayuda, ananging Radèn Bangbang Irawan botên pisan-pisan kandhèh ing karsa malah sangsaya kêrêp dènira malêbêt ing kadhaton Ngastina wau, para Korawa sami kewran ing pambudi amrih kacêpêngipun saking dibya saktining radèn sakalihan, sarta angintên yèn ingkang asaba pura wau Radèn Abimanyu kanthi Radèn Gathutkaca, lajêng amratelakakên dhatêng ing Ngamarta, Prabu Yudhisthira sakadang asmu lingsêm, Radèn Gathutkaca sarta Radèn Abimanyu badhe kapidana, ananging pinambêngan dening Sri Bathara Krêsna, kaprayogèkakên lêhêng kadhawuhan nyêpêng ingkang saba pura ing Ngastina wau, yèn botên sagêd kapidana kangge lintuning durjana, radèn sakalihan lajêng kabêktakakên dhatêng Ngastina, kalampahan prang kalihan dhustha sami prawiranipun, sarêng sumbar-sinumbaran anggraita yèn sami sadhèrèk piyambak lajêng takèn-tinakèn sami sajarwa, wêkasan sami dhatêng Ngamarta matur saliring lêlampahan, ing ngriku Radèn Bangbang Irawan [Irawa...]

--- 282 ---

[...n] sarta Radèn Sarwaga sami botên kaanggêp putra dhatêng ingkang rama, awit lingsêm dene anindaki pratingkah nistha wau, radèn sakalihan sami mantuk dhatêng dalêmipun piyambak-piyambak. Radèn Bangbang Irawan tansah tinêtah dhatêng ingkang eyang sarta ingkang ibu, sangêt ing panalangsanipun, ing antawis taun angsal pangapuntên saking katarimahing damêl prang kalihan Sang Hyang Yamadipati, kala para Pandhawa sarta nagarinipun dipun bêsmi dening Sang Hyang Brama awit saking panggubêlipun Bathari Durga, sagêd waluya dening pitulungan Sang Hyang Naradha saking dhawuhipun Sang Hyang Guru. Sedanipun Radèn Bangbang Irawan mucuki prang Bratayuda sarêng kalihan ingkang ibu sinaut dening ditya sakti nama Kalasrênggi.

Ingkang kasêbut ing padhalangan: kala Radèn Bangbang Irawan malêbêt ing kadhaton Ngastina wau ingkang dados kanthinipun Radèn Ontasena inggih Anantasena.

Erawati

Punika putrinipun Prabu Salya ing Mandraka: utawi Madraka, patutan saking Dèwi Satyawati, dados pramèswarinipun Prabu Baladewa ing Mandura, utawi: Madura, patutan kêkalih sami kakung, ingkang sêpuh Radèn Wisatha, ingkang anèm Radèn Ulmuka. Kala kênya

--- 283 ---

badhe kagarwa ing Prabu Duryudhana, wêkasan ical kadhustha ing duratmaka: Radèn Kartawiyoga, kêpanggihipun saking Prabu Baladewa kala taksih tapa wontên ing Argasunya nama Wasi Jaladara.

R. ms. Suwita.

Widyapradhana

Sambêtipun ăngka V kaca 205.

Nuntên nalika taun Alip angkaning warsa 1627 santun kurup kamsiyah pêkênan Kaliwon, têgêsipun kurup Kêmis, pêkênan Kaliwon, inggih punika tumapakipun ing tanggal sapisaning wulan Mukaram salajêngipun, nêptu dintên kaetang saking Kêmis, nêptu pêkênan kaetang saking Kaliwon, kala samantên awit jaman Kartasura, ngantos dumugi jaman awalipun Surakarta, taksih nglampahakên kurup kamsiyah punika.

Nuntên nalika taun Alip angkaning warsa 1747 santun kurup arbangiyah, pêkênan Wage, têgêsipun kurup Rêbo, pêkênan Wage, inggih punika tumapakipun ing tanggal sapisaning wulan Mukaram ing salajêngipun, nêptu dintên kaetang saking Rêbo, nêptu pêkênan kaetang saking Wage, lajêng kalimrahakên kanggenipun awit jumênêng dalêm Ingkang

--- 284 ---

Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana V ing Surakarta, amarêngi taun Ehe angkaning warsa 1748 dumugi sapriki punika.

Minggah nêptuning taun ingkang sampun kasêbut ing nginggil wau mênawi badhe ngetang dhawahing tanggal sapisan wulan sanèsipun Mukaram, punika nêptuning taun kakêmpalakên kalihan nêptuning wulan ingkang badhe kaetang, nêptu dintên sami nêptu dintên, nêptu pêkênan sami nêptu pêkênan, lajêng kaetang awit saking tumapaking kurup ingkang taksih lumampah, upami kurup ingkang taksih lumampah punika nuju arbangiyah, pêkênan Wage, nêptu dintên wau kaetang saking Rêbo, nêptu pêkênan kaetang saking Wage, ing ngandhap punika pratelanipun.

1. Mukharam, Sura ... 7-5
2. Sapar ... 2-5
3. Rabingulawal, Mulud ... 3-4
4. Rabingulakir ... 5-4
5. Jumadilawal ... 6-3
6. Jumadilakir ... 1-3
7. Rajab, Rêjêp ... 2-2
8. Sakban, Ruwah ... 4-2
9. Ramlan, Pasa ... 5-1

--- 285 ---

10. Sawal ... 7-1
11. Dulkangidah, Sêla ... 1-5
12. Dulkijah, Bêsar ... 3-5

Ing mangke wangsul amratelakakên lampahing khurup ingkang sampun kasêbut ing ngajêng wau, saking pangetang grêban, ing sabên angsal 120 taun, mundur sadintên, mênawi makatên lampahipun cakraning căndra kaetang ing sabên wulan mingsêd saorean, têgêsipun mundur samênut, dados etang unduripun ing dalêm:

Sataun + 12 mênut.
5 taun + 1 jam
10 taun + 2 jam
15 taun + 3 jam
20 taun + 4 jam
25 taun + 5 jam
30 taun + 6 jam
40 taun + 8 jam
50 taun + 10 jam
60 taun + 12 jam
70 taun + 14 jam
80 taun + 16 jam
90 taun + 18 jam

--- 286 ---

100 taun + 20 jam
110 taun + 22 jam
120 taun + 24 jam.

Dados manjing ing dalêm sadintên sadalu, punika ingkang dados sababipun unduring kurup.

Dene patitisipun lampahing kurup punika ing dalêm 120 taun, amung mundur 22 jam 48 orean, jangkêpipun sadintên sadalu dados kirang 1 iam 12 orean.

Etangipun ing sabên 100 taun kirang 1 jam.
sabên 1000 taun kirang 10 jam.
sabên 1200 taun kirang 12 jam.
Dados ing sabên 2400 taun kirang 24 jam.

Manjing sadintên sadalu, milanipun mênawi sampun angsal 2400 taun, botên kaundurakên lampahing kurup wau.

Mênggah ingkang dipun wastani orean punika mênawi têmbung Walandi: mênut, uran-uran: sêkondhên.

Tamat

Karanganipun suwargi Radèn Ngabèi Rănggawarsita. Pujăngga agêng ing nagari Surakarta.

--- 287 ---

Kawruh Padhalangan

Sambêtipun ăngka V kaca 202.

Ing sajusênêng[16] dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Mangkurat Kapisan ing Kartasura, amangun kagungan dalêm ringgit gêdhog, wandanipun Panji sêpuh amirit Arjuna kanyut, Klana wandanipun mirit Dasamuka dipun langakakên, saha mangun lampahanipun, sabên-sabên lampahan mawi pondhongan, punapadene mawi ringgit awon-awonan ingkang banyolan ajêg, kados ta: Dhoyok, Bancak, Sêbul, Palèt sarta Jangkung punika sami kulawarganipun Radèn Panji Kasatriyan, mênggah wontênipun pondhongan saha banyolan ajêg wau sawatawis andadosakên bedanipun lampahan kalihan gancaring sêrat Panji, ingkang makatên punika amung supados sagêda rame damêl lampahan ringgit sadalu, ing nalika punika kaparingan sangkala warni Bathari Durga murgan, mripat satunggal, tangan ing wingking nyêpêng lêlayu pindha katiyup ing angin, pikajênganing sangkala makatên, widadari ngasta banderaning dewa, têgêsipun ing taun 1621. Taksih wontên sambêtipun.

--- 288 ---

Katranganing têmbung ingkang dipun pitakèkakên dhatêng juru pangripta kasêbut ing Sasadara ăngka III kaca 114, 115, 117.

1. Kawistara, punika têgêsipun watawis, utawi antawis.

2. Plênthing awon punika botên sagêd nulak dhatêng plênthing sae ingkang sampun dados alam,[17] têgêsipun: lare ingkang kacacar dadosipun plênthing awon, punika botên sagêd nulak plênthinging sêsakit cacar.

3. Lajêng kaorêkakên kalayan tamban, têgêsipun: lajêng kaebahakên, andhrêdhêt, kadosdene ebahipun daging ingkang kêdutên.

Mantri cacar ing Dêmak. Munandar.

 


Tanggal: 15 Jumadilakir Dal AJ 1831. Tanggal Masehi: 29 September 1901. (kembali)
Bimasêkti (dan di tempat lain). (kembali)
nglangkungi. (kembali)
kênthêl. (kembali)
§ Punika ingkang kadamêl saking: cyuk hwa, tiyang Jawi amastani: cuk wah. (kembali)
§ = jugag. (kembali)
§ ing Surakarta: mulwa. (kembali)
§ Surakarta: lèdèng. (kembali)
§ Sumawana (Kawi) kangge ing pasisir têgêsipun: punapadene. (kembali)
10 § Mugi lajêng kakintuna malih sambêtipun. Red. (kembali)
11 Cumplung. (kembali)
12 § Têmbung: mêwingking kula nêmbe angsal, ing Surakarta ngangge: dhatêng wingking, nanging mangiwa, manêngên, rimbag tanduk saking pangiwa, panêngên, dene turuting rimbag, mamingking saking pamingking, saminipun mangajêng saking pangajêng. Red. (kembali)
13 katut. (kembali)
14 Taksih. (kembali)
15 subakarti. (kembali)
16 sajumênêng. (kembali)
17 § Ingkang kula pitakèkakên têmbung: alam, punika têgêsipun punapa? Red. (kembali)