Warta Wandawa, Putri Narwa Wandawa, 1955, #483

JudulCitra
Terakhir diubah: 10-07-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

WARTA WANDAWA

[Grafik]

Sêrat wulanan kawêdalakên pakêmpalan Putri Narpa Wandawa.

Tahun: I No. 2. 17 Sèptèmbêr 1955.

--- [0] ---

WARTA WANDAWA

Ingkang tanggêl jawab R.Aj. Soekirso Prodjosoeparto.

Pêmbantu:
1. K.R.M.T.H. Djojodiningrat Narpawandawa.
2. R.M.T. Soemonagoro Narpawandawa.
3. R.M.T. Soerodirdjo Narpawandawa.
4. R.Ay. Tondonagoro Pusat Putri Narpawandawa.
5. R.Ay. Hadisoeharto Pusat Putri Narpawandawa.
6. G.R.Ay. Padmonagoro Cabang Putri Narpawandawa.
7. R.Ay. Soetosoepono Cabang Putri Narpawandawa.

Alamat Administrasi

"Kantor Putri Narpawandawa". Blok. I No. 16. Baluwarti Surakarta.

__________

Isi:
1. Eka Paksa Karya Sakti.
2. Babadipun Pusat P.N.W. + gambar pêngurus pusat.
3. Sêsorah bab vitaminen.
4. Jampi Jawi.
5. Rampadan dhahar (mênu).
6. Nata sêkar.
7. Sambêtipun "Pancasila".
8. Cupu manik astagina.
9. Sambêtipun "Srikuncara".
10. Sambêtipun "Nate mirêng dongèng".
Lêngganan sakêdhikipun 3 wulan ... Rp. 5,50
Lêngganan sakêdhikipun sêtêngah taun ... Rp. 10,-
Lêngganan sakêdhikipun sêtaun ... Rp. 19,-

--- 1 ---

WARTA WANDAWA

Sêrat Wulanan Kawêdalakên Pakêmpalan Putri Narpa Wandawa.

Taun I No. II 17 Sèptèmbêr 1955.

EKA PAKSA KARYA SAKTI.

Kintên kula sabên tiyang têmtu mangêrtos saha ngakêni mênggah sae saha faedahipun EKA PAKSA KARYA SAKTI (RUKUN AGAWE SANTOSA). Bokmanawi botên namung mangêrtos saha ngakêni saening faedahipun kemawon, nanging malah kêpengin saha ngajêng-ajêng sagêdipun tumindak. Emanipun wontên pundi-pundi panggenan, golongan-golongan, punika sawêk dados idham-idhaman utawi sawêk wujud cita-cita utawi gêgayuhan. Kosokwangsulipun, sabên tiyang sampun sami mêngêrtos, bilih "Congkrah dadi bubrah", punika samangke malah wradin, wontên pundi-pundi panggenan. Ical utawi ngêrdanipun kawontênan kalih ingkang pasulayan punika gumantung wontên tiyang utawi golongan piyambak. Manawi tiyang utawi golongan punika sampun insaf saèstu saha prasêtya tumindak ingkang tumuju dhatêng karukunan, botên badhe wontên pasulayan ingkang sagêd mêcahakên karukunan ing golongan wau, ingkang tundhonipun damêl ringkihipun golongan wau. Kados kawontênan sapunika, sabên tiyang, sabên golongan sami nganjurakên: "Bêrsatulah untuk kepentingan Nusa dan Bangsa." Marilah kita bêrsatu padu. Bêrsatu padu berarti memperkuat benteng supaya Indonesia tidak dapat dijajah bangsa lain". Nanging ingkang kathah tindakipun botên kados anjuranipun, malah kosokwangsulipun, inggih punika nuwuhakên pêpêcahan, ingkang tundhonipun damêl ringkih. Punapa sababipun, amargi tumindakipun punika kasurung dening angkara murka saha hawa napsu, botên saking prêntuling manah suci, saening watak saha luhuring budi. Awit saking punika sampun mungguh sangêt, sarana kangge anggayuh kadumugèning sêdya ingkang dipun sêrat wontên simbulipun WARTA WANDAWA ''EKA PAKSA KARYA SAKTI'' ugi kacêtha wontên anggaran baku Putri Narpawandawa bab: II, adêg-adêg: 2, pungkasan: "dhêdhasar luhuring budi", ingkang dipun gêlarakên dening Pangarsa Pusat Putri Narpawandawa G.R.Ay. Judonagara wontên ing pangayubagya kawrat Warta Wandawa angka: I: inggih punika dhêdhasar sucining manah sarta rahayuning budi. Tiyang ingkang suci manahipun, luhur saha rahayu

--- 2 ---

budinipun, cipta, tindak saha tandukipun namung katujokakên dhatêng karahayon saha kawilujênganipun bêbrayan, rumaos dosa manawi nyipta saha tumindak ingkang damêl kapitunan saha kasangsaraning sasaminipun titah. Tiyang ingkang suci manahipun, luhur saha rahayu budinipun, botên badhe kêjêm utawi mêntala tumindak ingkang nyulayani anggêr-anggêring Pangeran saha sulaya kalihan pêri kamanusiaan. Tiyang ingkang suci manahipun, luhur saha rahayu budinipun, tinarbuka raosipun saha mangêrtos anggêr-anggêring Pangeran: "Pandamêl saha kadadosanipun, sapa nandur, ngundhuh". Tiyang ingkang cipta, tindak tuwin tandukipun dhêdhasar sucining manah, luhur saha rahayuning budi, sanadyan botên gadhah sêdya supados badanipun katut wilujêng, supados badan saha golonganipun katingal sae saha misuwur, nanging têmtu badhe wilujêng saha misuwur. Tumindak dhêdhasar sucining manah saha luhuring budi tumuju dhatêng karahayon, atêgês tumindak ingkang runtut kalihan anggêr-anggêring Pangeran, ngèstokakên dhawuhing Pangeran, sampun samêsthinipun angsal pangayomanipun Pangeran.

Awit saking punika, para darahing nata, ingkang tumindak dhêdhasar sucining manah, luhuring budi tumuju dhumatêng karahayon, punika botên namung tumindak ingkang tumuju dhumatêng gêgayuhan ingkang wigatos: ''EKA PAKSA KARYA SAKTI'', nanging atêgês:
a. Suka pasumbang agêng dhatêng santosaning adêgipun Republik Indonesia.
b. Murakabi dhumatêng golonganipun.
c. Junjung namaning lêluhur kita.
d. Nêtêpi dharmaning darahing nata.
e. Bangun namaning darahing nata.

Mugi-mugi para darahing nata tansah angsal pangayomanipun Ingkang Kuwaos, tinarbuka, emut dhumatêng kuwajibanipun ingkang wigatos, sagêd nêtêpi dharmanipun, dhêdhasar sucining manah saha luhuring budi, tumindak kangge mêmayu hayuning bawana, sinartan Eka Paksa Karya Sakti.

__________

Pikir, rasa lan karsa, digladhia dimèn laras tunggal jangka, aja tansah bêbencengan.

--- 3 ---

BABADIPUN PUTRI NARPO WANDOWO PUSAT.

Sakdèrèngipun pêrang sampun kathah warga-warga Putri Narpawandawa ingkang manggèn wontên ing kitha-kitha sajawining kitha Surakarta, kados ta: Klathèn, Sragèn, Boyolali, Sêmarang, Surabaya, Jakarta sapanunggilanipun.

Kala samantên sampun wontên rancangan badhe ngadêgakên cabang-cabang wontên ing kitha-kitha kasêbut ing nginggil. Kanthi cuwaning manah kapêksa dèrèng sagêd kalêksanan, kabêkta lajêng wontênipun pêrang.

Jaman Jêpang Putri Narpawandawa kêdah manunggil kalihan Pakêmpalan Wanita sanèsipun. Sawêk jaman Kêmêrdikaan Putri Narpawandawa tumandang ing damêl malih sarta gandhèng kalihan nglarasakên kawontênan sintên kemawon ingkang turun panjênêngan dalêm nata ing Surakarta sagêd mlêbêt dados Warga Putri Narpawandawa. Mila ing ngriki lajêng saya kathah para putri-putri mlêbêt dados warga Putri Narpawandawa. Warga-warga Putri Narpawandawa ngantos blèbèr dhatêng kitha-kitha sajawining kitha Surakarta.

Awit saking punika Putri Narpawandawa lajêng ngadêgakên cabang-cabang kados ta: Klatèn, Sukaharja, Boyolali sapanunggalanipun.

Têmtunipun saksampunipun wontên cabang-cabang mêsthi kêdah wontên pusatipun. Mila wontên wulan Juli tahun 1951 Putri Narpawandawa Pusat dipun adêgakên saklajêngipun kakêpyakakên.

Dene pêngurusipun kados ing ngandhap punika:
1. Pangarsa ... G.R.A. Joedonagoro.
2. Mudha pangarsa I ... G.R.A. Surjodipuro.
3. Mudha pangarsa II ... G.R.A. Tjokrokusumo.
4. Pênulis I ... R.A. Tondonagoro.
5. Pênulis II ... R.Ay. Suharjo.
6. Hartaka I ... R.A. Imam Tabêri.
7. Hartaka II ... Ny. Mangkusukarto.
8. Pêmbantu ... R.A. Sudarni.
9. Pêmbantu ... R.Ay. Hadisuharto.
10. Pêmbantu ... R.Ay. Martosiswoyo.
11. Pêmbantu ... Ny. Sujatno alias Salimah.

--- 4 ---

[Grafik]

Pêngurus P.N.W. Pusat.
1. Pangarsa: G.R.Ay. Judonagoro.
2. Mudha pangarsa I: G.R.Ay. Surjodipuro.
3. Mudha pangarsa: G.R.A. Tjokrokusumo.
4. Panitra I: R.Ay. Tondonagoro.
5. Hartaka: R.Ay. Imam Tabri.
6. Panitya: R.Ay. Hadisuharto.
7. Panitya: R.A. Soedarni.

Yèn sira nyêkêl kawasa, poma sira kang prayitna, aja kêdaya-daya, poma aja cocah-cocah, sawiyah kakehan aba.

--- 5 ---

SÊSORAH WONTÊN PÊPANGGIHAN P.N.W.

Bab. Vitaminên.

Vitaminên saha zat-zat têtêdhan punika dipun bêtahakên sangêt tumraping badan kita. Manawi kita nêdha têtêdhan ingkang kirang sangêt vitaminênipun, dangu-dangu badan kita lêmês, kirang dayanipun. Pramila pêrlu sangêt kita mangêrtos bab dhaharan-dhaharan ingkang kathah vitaminipun. Vitamin punika wontên warni-warni. Ingkang pêrlu kita sumêrêpi, inggih punika:

1. Vitamine A, gunanipun ngajêngakên gêsanging anggauta badan. Dene ingkang kathah vitaminipun A inggih punika sadaya dhaharan ingkang angêdalakên lisah, kados ta: sadaya kacang, susu, mêntega, kèju, lisah lan sapiturutipun.

Vitamine A ugi gadhah daya anambah napsu nêdha saha gadhah daya angêt.

2. Vitamine B: Gunanipun:
a. Anambah napsu nêdha.
b. Ambantu campuripun têtêdhan.
c. Angajêkakên tuwuhing badan.
d. Njagi badan kita tumraping pênyakit urat saraf.
e. Nyêgah sakit bèri-bèri.

Dados sampun têrang, manawi kita mbêtahakên sangêt vitamine B wau. Dene ingkang ngandhung vitamine kathah inggih punika:

1. Bêras, jagung, sadaya kacang-kacang, K. ijo, kêdhêle, buah-buahan ingkang kulitipun atos, kados ta: klapa. Ragi ingkang kangge anape pohung, kêtan, uwos.

3. Vitamine C.

Gunanipun: Njagi sarasing untu. Angajêngakên sarasing badan. Anyêgah pênyakit scheurbuik, inggih punika ngêdalakên rah ingkang botên sakmêsthinipun, kados ta gusi abuh, sakit mêdal rahipun, sakit gommen lan sapiturutipun.

Ingkang angandhung vitamin C inggih punika:

Sadaya buah-buahan, sadaya sayur-sayuran, kados ta: kêmlaka, jambu kluthuk, sadaya jêram; jêram kêprok, jêram manis, katès, pisang, tomaat, kobis, bayêm lan sanès-sanèsipun.

4. Vitamine D. inggih punika soroting surya. Kajawi soroting suryo ingkang angandhung vitamine D: taoge, kuning tigan, labu, mêntega, kobis.

--- 6 ---

Gunanipun: Anyêgah pênyakit rachitis. Ingkang kathah kêtaman sakit wau lare-lare. Andamêl kiyating balung-balung. Andamêl saening saha kiyating untu. Ambantu nyêroting zat-zat logam, ingkang saking têtêdhan.

Miturut sêsorahipun bapak Harsono saking Jawatan pêrtanian nalika dipun wontênakên sêsorah manggèn ing gêdung D.P.R. Surakarta, dening Jawatan pêrtaninan bab angawètakên têtêdhan saking bahan Indonesia, ingkang suwau mbotên katêdha, gandhèng raosipun mbotên eca, tur vitaminipun mbotên ical.

Ing Pasar-Minggu Bogor sampun dipun wontênakên pasinaon pêmriksaan-pêmriksaan têtêdhan-têtêdhan ingkang kathah vitaminipun, kados ta vitamine B ingkang kita bêtahakên sabên dintên. Pêrlu dipun sumêrêpi, manawi wos ingkang kita têdha sadintên-dintên punika vitaminipun kirang sangêt. Wos ingkang vitaminipun taksih kathah sangêt, punika caranipun ngupakara kados ing ngandhap punika:

Gabah, dipun godhog gabah 5 Kg. toyanipun 5 L. ngantos sat; lajêng dipun pepe ing soroting surya dangunipun 20 dintên, lajêng dipun tutu, dipun upakara kados padatan, dados uwos dipun dang. Wos ingkang pangupakaranipun makatên punika vitamine B nipun tasih wontên 80%, amăngka wos limrah namung 4%, dados tikêl kaping 20. Ing sarèhning panggulawênthahing wos punika katindakakên dening para bapak tani, pramila ingkang badhe nampi anjuran-anjuran | kêtêrangan-kêtêrangan, inggih sadhèrèk kaum tani rumiyin. Sanèsipun wos, ingkang kathah vitaminipun B, tape; inggih punika saking raginipun; saha trasi. Pramila sampun sae, dene para wanita racak karêm dhatêng trasi.

Vitamine C: No. 1. inggih punika woh kêmlaka, ingkang mbotên dipun dhahar umum, awit raosipun pait, gêtir, kêcut, lêgi sakêdhik. Manawi woh kêmlaka punika dipun damêl manisan, dados eca dipun têdha tur vitaminipun mbotên suda, inggih punika taksih têtêp 700%. Dene pangolahipun kados ing ngandhap punika: kêmlaka dipun godhog ngantos abrit toyanipun, lajêng dipun tus, dipun rêndhêm toya sarêm, ngantos sadintên sadalu, lajêng kagodhog ing toya gêndhis, kadamêl manisan. Kajawi manisan kêmlaka, ingkang kathah vitaminipun C inggih punika: buah jambu mete angandhung vitamine 600%.

2. Lombok angandhung vitamine C 100%.

3. Jambu kluthuk angandhung vitamine C 100%.

4. Katès (Tela-gantung) angandhung vitamine C 90%.

5. Jêruk angandhung vitamine C 50%.

6. Tomat angandhung vitamine C 30%.

Dados sasampunipun wontên papriksaan-papriksaan nyata manawi tomat punika vitaminipun C sakêdhik piyambak. Kula ambali malih, dados prayogi sangêt, dene para wanita rêmên dhahar lotis, gandhèng

--- 7 ---

ing ngriku angandhung vitamin-vitamin. Ing lombok saha jambu mete, jambu kluthuk kathah vitaminipun C ing trasi wontên vitaminipun B.

Gadho-gadho ugi paedah sangêt, awit ing ngriku kathah vitaminipun B, C, A, D. Dene manawi kita kêkirangan salah satunggaling vitamine, kita dados sakit.

Kêkirangan vitamine A anyêbabakên sakit xerophthalmie, ingkang kathah anak-anak, tandha-tandhanipun: mripat garing, mbotên nglisah, manawi mbotên enggal-enggal kajampenan dangu-dangu lare sagêd wuta.

Kêkirangan vitamine B anyêbabakên sakit bèri-bèri. Tandha-tandhanipun: ewah-ewahan urat saraf, upaminipun badan dados lêmês enggal sayah, suku abuh (Udeem), manawi suku dipun pijêt dhêkok, mbotên wangsul radin.

Kêkirangan vitamine C anyêbabakên sakit Scheurbuik utawi Scorbuut. Tandha-tandhanipun ngêdalakên rah ingkang mbotên samêsthinipun, ing ngandhap kulit dados biru, ing tutuk ugi ngêdalakên rah, waja, gusi.

Kêkirangan vitamine D anyêbabakên sakit rachitis, ingkang kathah anak-anak. Balungipun kirang kiyat, sirahipun agêng, lare dangu mbotên sagêd mlampah. Dene jampinipun: levertraan, kalk, saha dhedhe utawi dipun sorot: Hoogtezon.

Ny. HADISOEHARTO.

__________

JAMPI JAWI

Ing jaman kina sabên griya gadhah bothekan, inggih punika wadhah kangge nyimpên jantu-tanju jampi. Sabên ibu ngêrtos dhatêng pangraciking jampi warni-warni, dados dhoktêr lan apothekeres tumrap tiyang sakukupanipun. Sinaunipun saking tiyang sêpuh, run-maturun, botên beda kalihan sinaunipun olah-olah nalika samantên.

Sapunika sampun kathah dhoktêr, ingkang pasinaonipun bab njampèni sêsakit langkung sampurna. Kawruh kadhoktêran inggil sangêt, yèn ta katandhing kalihan kawruh bab jêjampi jaman kina beda sangêt. Jêjampi dhoktêr mawi pêpriksan ingkang dhêdhasar kawruh, jêjampi cara kina kathah namung naluri, nulat ingkang sampun-sampun.

Mila jaman samangke para ibu, para wanita sampun sami botên semêrêp jantu-jantuning jampi Jawi. Punapa malih para pêmudhi ing sapunika, botên amêrlokakên nyumêrêpi nama lan wujuding jantu-jantu jampi Jawi, awit sampun botên migunakakên.

--- 8 ---

Nanging sanajan sampun kalimrah sami ngangge jampi saking dhoktêr, kados botên wontên awonipun mênawi kula angêwrat ing ngriki racikan jampi Jawi sawêtawis ingkang sampun kanyataan ing saenipun, ambokbilih wontên ingkang mbêtahakên.

I. Cabe lêmpuyang, loloh angêt kakung:

Cabe 9 iji, puyang 4 iji, botor 5 iji, dhawung 5 iji, adas pulosari sasendhok tèh, kêmukus 10 iji, kapulaga 3 iji (tumbar musi, sasendhok tèh jintên irêng), kayu lêgi 1 iris, kêncur 1 iris, jae 1 iris.

II. Bêras kêncur:

Bêras 1 sendhok dhahar, kêncur 5 iji, manis jangan 1 cuwil, kapulaga 3 iji, asêm 5 mata; gula klapa 1/2 lirang.

III. Galihan:

Têmugiring 1 iji, kunir 1 iji, kêncur 1 iji, jae 1 iji (tumbar, musi, polo, kayu lêgi, mrica, jintên irêng, kapulaga, cêngkèh, sêkar pala, jintên 1 sendhok dhahar) (ganti misoyi, manis jangan, 1 cuwil sêprantu rasuk angin).

IV. Jamu jêruk purut putri:

Kêmukus, jintên irêng, kapulaga, jêmitri,kaisèkakên jêram purut.

V. Kagêm kakung:

Mrica 1½ sendhok tèh, kaisèkakên jêram purut.

VI. Jamu parêm adhêm:

Têmulawak, têmugiring, têmuirêng, cabe puyang, kunir, kunci, kêncur a 1 iji (jintên irêng, kapulaga, kêmukus, jongrahap gilam 1 sendhok tèh).

VII. Sawanan:

Kados galihan no III, wêwah inggu, ragi 1 cuwil, jongrahap gêlam, lirang 1 cuwil.

VIII. Bêndho laos kakung:

Kados cabe puyang, wêwah bêndho 1, laos 2 iris.

IX. Gadhung crobo, kakung:

Kados jamu parêm no VI, wêwah babakan pule 1 iris agêng, mrutu 1 iji, ron sambiloto satêkêm, jangkang 1, kagodhog, kagêm ngunjuk 3 dintên.

X. Ron tela gantung:

Ron tela gantung 3 lêmbar, tempe bosok 1, têmu irêng 1 iji.

Jampi kasbut nginggil wau dipun pipis, kajawi no. IX.

SRI RAHAYU.

--- 9 ---

RAMPADAN DHAHAR (MÊNU).

Mênu dhahar sêkul sakrangkenipun:
1. Jangan loncom:
Gudhangan, tempe gorengan, ayam gorengan, mênawi botên gudhang inggih sambêl jenggot.
2. Jangan bobor:
Sambêl kêmiri, dhèndhèng ungkêp, dadar tigan.
3. Jangan lodhèh:
Sambêl trasi mawi brambang, balur gorengan, tigan kamal.
4. Jangan asêm-asêm kecap:
Ulam têrik, tahu gorengan, cêplok tigan.
5. Jangan brambang kunci:
Iwak êmpal, sambêl lethok, tempe têrik.
6. Jangan gudhêg gori:
Sambêl gorèng, gêrèh gorengan, iwak abon.
7. Jangan mênir:
Sambêl santên, lalap cambah kêmangi, ulam gorengan jêrowan, tempe kêring.
7. Jangan lumbu:
Pêcêl, cênggèrèng, iwak panggang.
9. Jangan lodhoh pindhang:
Bubuk dhêle, abon, dadar tipis, rambak, acar.
10. Sêkul liwêt:
Ayam lêmbaran, sambêl goreng, tigan dipun kukus, acar bêning, krupuk.

(Djogorasa).

__________

NATA SÊKAR.

Kadospundi caranipun nyimpên utawi nata sêkar murih awèt sêgêr?

1. Sêkar-sêkar ingkang badhe katata wontên ing vaas utawi badhe kadamêl bokêt pamêthikipun prayogi wontên ing wanci enjing, sêbab uwabing toya saking tanêman-tanêman, kalêbêt sêsêkaran ugi, wontên ing wanci dalu.

--- 10 ---

2. Sadèrèngipun sêkar-sêkar dipun tata, prayogi dipun simpên wontên ing panggenan ingkang asrêp, sêbab sasampunipun sêkar-sêkar kapêthik lajêng pisah kalihan uwitipun wau mênawi kenging hawa bêntèr lajêng tuwuh pênguwaban toya ingkang ndadosakên enggal alum.

3. Mênawi nyimpên sêkar utawi bokêt ingkang sampun dados prayogi wontên panggenan ingkang mbotên kathah anginipun, sêbab hawa ingkang tansah ebah (angin) sagêd ngenggalakên aluming sêkar.

4. Mênawi mêthik sêkar utawi ngêthok gagang sêkar kêdah mawi lading ingkang landhêp, dados pangêthokipun sagêd sae, mbotên ngrisakakên gagangipun sêkar, sêbab gagang sêkar ingkang risak, mbotên sagêd nyêrot toya kathah.

5. Prayogi sangêt wadhah kangge nata sêkar, kados ta vaas utawi jêmbangan alit-alit dipun sukani sarêm utawi arêng sakêdhik, sêbab dayanipun sarêm lan arêng wau sagêd ngawètakên sêgêr.

6. Sasagêd-sagêd kajagi sampun ngantos wontên ron ingkang kacêlup ing toya ingkang wontên vaas utawi jêmbangan, sêbab ujungan ingkang kacêlup ing toya, nuwuhakên toya ngandhung jazat kimiah ingkang sagêd nginggalakên bêsêming sêkar-sêkar.

7. Sabên enjing gagang sêkar-sêkar wau prayogi dipun kêthok sakêdhik sêbab gagang sêkar ingkang pangêthokipun sampun kêdangon, mbotên sagêd nyêrot toya kathah wasana enggal bêsêm.

8. Toya ing vaas utawi ing jêmbangan wadhah sêkar mbotên pêrlu dipun gantos sabên dintên, ugêr sampun dipun sukani sarêm sarta arêng sampun cêkap.

E. Larasati.

__________

SAMBÊTIPUN ''PANCASILA''.

II. PRI – KEMANUSIAAN.

Sampun cêtha manawi kita mangrêtos bilih wujud kita punika dipun wastani manungsa, tuwin manawi kita sampun iklas wani ngakêni dados manungsa ingkang yêktos-yêktos sampun samêsthinipun lan sampun panggenanipun manawi kita botên mangu-mangu malih lajêng nglaksanakakên watak tuwin budi pakêrtining manungsa, dados botên namung ètiqètipun kemawon ingkang manungsa. Pêputra, bingah-bingah, dhahar tuwin nuruti hawa nafsu ingkang tanpa dugi-dugi punika darbèkipun sadaya umat ingkang

--- 11 ---

dipun wastani wujud kewan. Manawi sangêt drêngki, srèi jail, muthakil, gumêdhe lan sanès-sanèsipun punika darbèkipun sadaya umat ingkang dipun wastani sipating setan.

Patut sangêt manawi dipun prihatosakên manawi kita sampun iklas wani ngakên dados manungsa, têtêp taksih purun rêmên lêlumban ing wawangkon watak-wataking sato kewan tuwin setan ingkang tanpa dugi-dugi. Ingkang punika sampun samêsthinipun manawi kita lajêng enggal-enggal nyaèkakên tuwin mbangun kalayan pribadinipun supados kita têtêp gadhah pêngakênan kanthi dhasar manungsa tuwin watak manungsa ingkang anggayuh ing kautamèn, ngantos gadhah pêngraos indhaking drajat kita saking sakêdhik dhumatêng kasucèn ingkang abadhi.

III. KÊBANGSAAN.

Bilih pangrêtos punika manawi dipun galih ingkang saèstu sampun cêtha manawi manungsa punika dados isinipun donya. Dados sagêd dipun criyosakên sanadyan wontênipun punika wontên ing pundi kemawon, têtêp manungsa ingkang satunggal wujudipun, namung beda panggenanipun. Upami: ingkang manggèn ing nêgari Inggris; Afrika; Amerika; Indhia; Tanah Arab tuwin ing Indhonesia.

Bilih bangsa Indhonesia sampun tambah majêng sami kalihan bangsa sanès-sanèsipun ingkang wontên ing donya, tuwin sawêk mêkar-mêkaring kêkajênganipun supados sagêd kadumugèn panggayuhipun kêbangsan wau. Sangunipun botên sanès niru kawontênanipun sanès-sanès bangsa ingkang pancèn sangêt kita utamèkakên, têgêsipun kita botên nilar utawi lajêng kêdah mêntingakên kabudayan warisan saking lêuhur kita. Botên susah kita ngoyak kalayan kêmajêngan ingkang materialistis sêbab punika namung ilmu lair kemawon kita sagêd ngawuningani sarana mawi cara ngajêngakên ilmu kêbatinan ingkang kasêbut wau.

Manawi yêktos-yêktos kita badhe nggayuh ilmu kêbatinan ingkang adhêdhasar pêngakuan kita piyambak, inggih punika manungsa, kêkajênganipun punika, sampun kita êndhe-êndhe malahan patut inggal-inggal dipun lampahi. Pokok-pokokipun ingkang kêdah dipun sinau inggih punika prêkawis ingkang nuju dhumatêng arah kêmajêngan kajiwan murih sagêd ênêng, êning awas tuwis eling. Punika supados dipun sinau kalayan tumuntên bab dhasar-dhasar ing nginggil wau sarana iklas.

Manawi kalêksanan sagêd gadhah raos ayêm têntrêm lila lêgawa, sanadyan namung sakêdhik, badhe dados bathining bangsa tuwin nagari. Minggahipun malih sagêd muwujudakên tata têntrêm sarta raharja sêsami-sami.

--- 12 ---

Manawi bangsa kita sampun pintêr nglaksanakakên bab punika, saking sêkêdhik sajakipun sagêd sêmingkir dhumatêng sadaya pandamêlan ingkang asor tuwin botên badhe anggêthingi dhumatêng bangsa-bangsa sanèsipun.

__________

CUPU MANIK ASTHA GINA.

(Saking R.M.T. Soerodirdjo).

Para maos ingkang rêmên mariksani wayang purwa utawi rêmên maos sêrat cariyos wayang purwa, têmtu sampun nate mirêng têmbung: cupu manik astha gina wau. Manawi kapirid saking têgêsing têmbung, cupu punika wadhah, manik punika sêsotya adi, astha punika wolu, gina punika kramanipun guna, têgêsipun paedah utawi daya (kasiyat). Dados wêtahipun atêgês wadhah sêsotya adi ingkang anggadhahi daya utawi kasiyat wolung prakawis. Cariyos wayang lampahan Sugriwa-Subali, nyarisosakên cupu manik astha gina wau wasiyat gadhahanipun Dèwi Windradi garwanipun Rêsi Gutama pandhita linangkung. Cupu wau manawi kabikak katingal sawarga saisèn-isènipun ingkang sakalangkung endah, saha sagêd aningali kawontênan punapa kemawon ingkang dipun kajêngakên dening ingkang ningali. Cupu punika dening Dèwi Windradi kaparingakên dhatêng putranipun èstri nama: Dèwi Anjani, wasana kasumêrêpan adhi-adhinipun jalêr: R. Subali saha R. Sugriwa ingkang lajêng sami mèri saha nyuwun bageyan wasiyat dhatêng ingkang rama kados ingkang kaparingakên dhatêng Dèwi Anjani. Kacêkak kemawon bab wau andadosakên dukanipun Rêsi Gutama, cupu kapundhut lajêng kabucal dhawah têbih dados tlaga nama: talaga Madirda. Putra tiga Dèwi Anjani, R. Subali saha R. Sugriwa kadhawuhan nututi, sintên ingkang manggih inggih ingkang wajib andarbani. Dèwi Windradi dinangu ing garwa aslinipun cupu wau, tansah kèndêl botên mangsuli, lajêng kasabdakakên malih warni: tugu.

Lampahipun Dèwi Anjani sakadang dalah ingkang ngêtutakên, dumugi talaga, ngintên bilih cupu dhawah salêbêting talaga, mila Subali tuwin Sugriwa sami nyêmplung talaga, têmah salah warni dados wanara. Pamomongipun ingkang sami tut wuri nututi nyêmplung talaga ugi salah warni dados wanara. Dene Dèwi Anjani ingkang ngêntosi wontên têpining talaga, dupi karaos bêntèr lajêng nyawuk toyaning talaga kangge raup, sanalika pasuryanipun malih awarni rai wanara, sarta astanipun ingkang kangge nyawuk toya mêdal wulunipun kados tangan wanara.

Makatên pêthikan cariyos padhalangan bab cupu manik astha gina, ing ngriki botên kapanjangakên, awit bakuning karangan

--- 13 ---

namung badhe nêrangakên isi tuwin maksudipun wasiyat ingkang nama cupu manik astha gina wau. Miturut andharanipun Pak Muljadi Djojomartono Kêtua D.P.R.D. Propinsi Jawa Têngah ingkang nate kula mirêngakên saha tansah kula cathêt ing sanubari, nyariyosakên: manawi paprentahan punika nindakakên kasiyatipun: cupu manik astha gina, tamtu badhe mahanani tata raharja, gêmah ripahing praja, ayêm têntrêm eca manahing kawula, murah sandhang miwah têdha, tulus kang sarwa tinandur dadi. Mênggah ingkang kawastanan: cupu manik astha gina wau dhasar dhapukaning paprentahan nagari ing tanah Jawi jaman rumiyin, inggih punika paprentahanipun kaperang dados wolung kanayakan. Sampun tamtu ingkang dipun kajêngakên sanès paprentahan eenhoofdig bestuur utawi cacahing kanayakan, nanging sari maksuding kanayakan wolu ingkang dipun gambarakên sarana namanipun para narapraja ing satunggal-tunggaling kanayakan. Katranganipun kados ing ngandhap punika.

Kanayakan wolu wau namanipun: 1. Kaparak kiwa, 2. Kaparak têngên, 3. Gêdhong kiwa, 4. Gêdhong têngên, 5. Panumping, 6. Bumi gêdhe, 7. Bumija saha 8. Sèwu. Dene kawajibanipun kanayakan wau:

Kaparak kiwa tuwin kaparak têngên punika prajurit ingkang kacêlak ing ratu, anjagi tata têntrêming praja.

Gêdhong kiwa saha gêdhong têngên punika ingkang majibi nindakakên urusan kahartakan tuwin bandhaning nagari.

Panumping punika ingkang majibi anjagi têpis wiringing nagari.

Bumi gêdhe ingkang majibi urusan siti salêbêting nagari (Agraria).

Bumija ingkang kawajiban ngurusi panggêsanganing rakyat (kêmakmuran utawi pêrekonomian).

Sèwu punika ingkang majibi sêsambêtan kalihan mancanagari.

Para narapraja ing satunggal-tunggalipun kanayakan wiwitaning namanipun kasami miturut golonganing kanayakan, inggih punika:

1. Kaparak kiwa: Sura, têgêsipun wani, pikajêngipun: wani ing bênêr, santosa ing tekad, botên miyar-miyur, botên keguh ing rêruba.

2. Kaparak têngên: Jaya, têgêsipun: mênang, pikajêngipun sagêd nguwaosi kawontênan, kang rawe-rawe rantas, kang malang-malang putung, ingkang ambangkang dados miturut.

3. Gêdong kiwa karta, têgêsipun tata raharja utawi tata têntrêm.

4. Gêdhong têngên wirya têgêsipun mukti, pikajêngipun botên kêkirangan sandhang têdha ayêm têntrêm sakeca manahipun.

--- 14 ---

5. Panumping: Mangun, têgêsipun ambangun, pikajêngipun adamêl ingkang dèrèng wontên, ambangun ingkang pêrlu dipun saèkakên.

6. Bumi gêdhe, suta, têgêsipun anak, pikajêngipun batin.

7. Bumija, rêksa, têgêsipun anjagi, rêksa-rumêksa, jagi-jinagi, têpa-têpa botên namung ambujêng sakecanipun piyambak.

8. Sèwu, wangsa, têgêsipun kulawarga, pikajêngipun: masyarakat utawi bangsa.

Dados wêtahing maksudipun nama-nama wau: ingkang sami nindakakên paprentahan punika kêdah dhêdhasar wani ing bênêr, santosa ing tekad, têmahan sagêd nguwaosi kawontênan ruwêd rêntênging praja, anjalari tata raharjaning nagari, rakyatipun ayêm têntrêm botên kêkirangan sandhang têdha, mungkul ing pakaryan sagêd ambangun praja saha anak kulawarganipun, salajêngipun kêdah rêksa-rumêksa kawilujênganing bangsa sayuk rukun botên wontên dêrêdah utawi mêmêngsahan.

Katrangan bab daya prabawanipun cupu manik astha gina kasêbut nginggil punika cocog kalihan pasêmon ingkang kawrat ing cariyos wayang lampahan Sugriwa Subali wau, inggih punka: nalika cupu manik taksih dipun pêpêtri, agêng kasiyatipun, manawi kabikak katingal sawarga saisèn-isènipun ingkang sarwa endah, saha sagêd katingal punapa sapikajêngipun ingkang ningali. Nanging sarêng kangge rêbatan nuwuhakên bêncana agêng, Dèwi Windradi satunggiling widadari dados tugu. Dèwi Anjani putri ayu malih arai sarta atangan wanara, R. Subali tuwin R. Sugriwa dalah pamongipun satiyra trahing utami sami malih warni wanara, ingkang tansah mêmêngsahan, ngantos wasananipun R. Sugirwa minta saraya Prabu Ramawijaya, nyirnakakên kadangipun nunggil yayah rena, saha sarêng kalampahan sagêd sirna, R. Sugriwa dados ratu nanging nyuwita Prabu Ramawijaya.

_________

SAMBÊTIPUN: "SÊRAT SRIKUNCARA".

Ing dhusun Mayang wontên sudagar namanipun Kaskaya. Anakipun amung satunggal jalêr, namanipun Sadana. Ananging biyungipun Sadana wau sampun tilar. Kyai juragan lajêng rabi malih. Semahipun kyai juragan ingkang ênèm sajatosipun botên rêmên dhatêng kyai juragan. Ingkang dipun rêmêni amung kasugihanipun, mila piyambakipun lajêng tumindak ingkang botên lêrês. Mila kyai juragan sasampunipun rabi enggal panggêsanganipun inggih lajêng siyal. Ananging kyai juragan botên mangêrtos ingkang dados sababipun anggènipun siyal.

--- 15 ---

Satunggiling dintên Kyai Kaskaya sêsadeyan dhatêng pêkên, Sadana ugi tumut. Saklêbêtipun nêngga daganganipun manahipun kraos botên sakeca. Mila kyai sudagar kalihan anakipun lajêng sami mantuk. Sadumuginipun ing griya kagèt sangêt dene ing ngriku wontên tiyang jalêr mêdal saking ing griya. Kyai juragan sangêt nêpsunipun. Ngantos dados păncakara. Wusana pêjah sampyuh. Sadana sarêng sumêrêp bapakipun dumugi ing tiwas sangêt nêpsunipun. Ananging lajêng dipun papagakên dening biyungipun kuwalon. Nyai Kaskaya wau sagêt nênung, mila Sadana inggih lajêng katênung. Kadadosakên kêthèk pêthak. Sasampunipun katênung lajêng dipun gêbagi katundhung saking nggriya.

Lampahipun wanara kalunta-lunta. Saking wêlas kawula, inggih lajêng kula opèni sakkadaripun.

Saktilaripun Kyai Kaskaya, nyai juragan dipun dhatêngi durjana, rajadarbèkipun dipun pêndhêti. Dene nyai sudagar lajêng dipun pinidana ngantos dumugi pêjah.

Sang prabu sadangunipun mirêngakên aturipun sang wiku sakalangkung ngungun, dene wontên lêlampahan ingkang kados makatên.

Sang bagawan Sampurna nglajêngakên aturipun. "Sinuhun, mila kyai juragan anggènipun dagang inggih lajêng siyal kawontênanipun ing ngriya inggih lajêng risak, mênika inggih botên lăngka, awit tiyang jêjodhoan punika èstri ingkang minăngka padaringanipun. Mila manawi tumindak ingkang kirang lêrês inggih tamtu lajêng risak kawontênanipun, sampun dados paribasan: botol padaringane dipun isènana ingkang kados punapa inggih botên sagêd isi, tamtu inggih lajêng têlas kemawon, amargi sampun botol.

Sang bêgawan lajêng ngandika dhatêng wanara seta, dhinawuhan ngabêkti dhatêng sang prabu.

Wanara lajêng ngabêkti kadi satatane jalma.

Sang nata paring pangandika. He wanara muga dewa kang linuwih nuli ngaksamaa ing sira. Sira linuwarna saka ing papa cintraka, ruwata dadi jatining manungsa.

Aturipun wanara seta: Dhuh sang nata dhawuh pangandika paduka sakalangkung ing pamundhi kawula. Mugi sinêbadana ing dewa.

Sang Prabu Surata sakalangkung ngungun dene wanara sagêd micara kadi satataning jalma.

Sang nata sarêng sampun sawatawis dangu lajêng kasugata saha lajêng kaaturan lêrêm sawadyabalanipun wontên ing pêrtapan.

Sarêng wanci bangun enjing sang pandhita lajêng matur dhatêng sang prabu. Aturipun sang wiku: "Sinuhun, mênggah ingkang dados karsa paduka kapengin pêputra kakung sampun rinilan dening bathara, ananging wontên sarananipun. Mênggah

--- 16 ---

ingkang dados sarananipun paduka ngupadosa sêkar soka. Mênggah panggenanipun wit suka wau wontên satêngahing pulo tanah sabrang. Ananging soka wau botên wontên sêkaripun, mila lajêng kenging kaangge tandha. Sintên ingkang kapengin ambabarakên wiji nêpia wontên ing ngriku. Manawi kaparêng panyuwunipun, wit soka wau inggih lajêng mêdal sêkaripun. Ananging manawi ngantos sawatawis dintên botên mêdal sêkaripun inggih punika botên kaparêng panyuwunipun.

Sinuhun, manawi paduka sampun sagêd angsal sêkar soka lajêng kadhahara kalihan garwa paduka. Pandhaharipun kêdah wanci têngah dalu.

Paduka kula aturi kondur rumiyin. Andhawuhana rayi paduka sang pramèswari, supados anglampahi tarak brata ngantos dumugi sarawuh paduka saking sabrang. Sinuhun paduka sampun sandeya ing panggalih. Mbokbilih botên kalampahan ingkang dados karsa paduka. Ing saèstunipun sagêd kalampahan, manawi paduka têmên inggih badhe tinêmênan. Dewa botên badhe anyidrani dhatêng katêmênaning manungsa.

Badhe kasambêt.

__________

NATE MIRÊNG DONGÈNG.

(Sambêtipun W.W.I. kaca II).

Gêntos kacariyos, saking tumêmênipun kyai patih, anggènipun rekadaya murih tumuntênipun sagêd kalêksanan karsanipun sang prabu, masjid ingkang dipun wiyarakên kasbut ing nginggil botên antawis dangu sampun dados tur botên nguciwani samukawisipun. Sang patih lajêng munjuk ing sang prabu, bilih masjid ingkang kados karsanipun sang prabu sampun dados, andadosakên suka pirênanipun sang prabu, lajêng dhawuh dhumatêng kyai patih: "Bapa patih, kaparêng ingsun beduk dina Jumuah ngarêp iki, ingsun karsa salat Jêmuah marang masjid kang lagi dadi anyar nyênyuwun marang Hyang maha luwih, bisane tumuli têntrêm nagaraningsun dalah padesan-padesan kang dadi wêwêngkon ingsun. Dhawuhna marang abdi sarta kawulaningsun kabèh, aja nganti ana kang kaliwatan, padha dhawuhana salat Jêmuah ana ing masjid mau, kajaba bocah kang durung akil balèg lan wong kang wis jompo sapa-sapa kang ora ngèstokake, bakal ingsun pidana kang abot".

Kyai patih matur sandika sarta samunduripun saking ngarsanipun sang prabu lajêng nimbali para nayaka sarta punggawa ingkang pinitados, kadhawuhan maradinakên dhawuhipun sang prabu wau dumugi ing plosok-plosok padhusunan sampun ngantos wontên ingkang kècèr.

Badhe kasambêt.

--- [0]---

PEMILIHAN UMUM.

Petruk: Kang Garèng, bubar tanggal 29 Sèptèmbêr ulatmu ora tau bingar tansah njêkutrut ana apa?

Garèng: Aja ngece Truk, aja gawe kêmropoking wong, ora susah dikandhakake rak ya wis ngêrti dhewe, aja dumèh Truk, durung karuan, kowe ya durung wêruh dhewe, lagi saka layang kabar, gêlar yêkti besuk yèn wis diumumake dening parintah.

Petruk: Aja salah kêdadèn Kang Garèng, aku takon kowe, bubar tanggal 29 Sèptèmbêr kok njêkutrut ana apa, olèhe mangsuli rupa-rupa ngandhar-andhar angandhukur, kowe ki rada sênèwên apa lagi mêndêm.

Garèng: Ayah, padune ngece we kaya lali adate, titènana yèn aku mênang, kowe tak cing, ora bakal kowe dakwènèhi kursi, cêdhak bae dak idoni, kowe arêp dak sèntimèni têrus.

Petruk: E, ngêrti aku saiki, dadi olèhme njêkutrut kuwi amarga jagomu asor ta, banjur ngancam aku arêp kok sèntimèni. Lha kuwi rak klèru Kang Garèng, pancène yèn kalah ya wis nrima, ngrumasani yèn kurang pintêr anggone golèk pêngaruh, idhêp-idhêp sinau, wiwit saiki bêrjoang kanggo besuk yèn pilihan umum manèh, utawa besuk kanggo tanggal 15 December 1955. Sing mênang pancèn sing dikarêpake, amung kari mêmuji, muga-muga besuk wakile padha kadunungan ati kang jujur, sungguh-sungguh memperhatikan kepentingan rakyat dan negara.

Gorèng : Truk, kuwi rak kandhamu, batinmu ya ora ngono.

Petruk: Ora Kang Garèng, sajakmu kok kêlara-lara, rumangsa kalah, kowe dhèk tg. 29-9-'55 nyoblos apa?

Garèng: Saksirku ta, nyoblosa oraa, kowe arêp apa.

Petruk: Aja kok banjur-banjurake nêsu Kang Garèng, aku ki takon tênan, ana pêrlune, ya kaya apa bae, aku iki rak sadulurmu, tega larane mangsa tega patine.

Garèng: Kowe ki anèh Truk, barang wis kalakon kok takokake, kajaba aku êmoh kandha mundhak ndadèkake sèntimèn amarga ora padha anggone nyoblos, ora ana gunane, kanggo apa, lha wong kumpulan kita ya ora njagokake.

Petruk: Ya bênêr Kang Garèng, kanggo D.P.R. wis kabanjur, lan kumpulan kita ora njagokake, nanging aku lan kowe pêrlu golèk sêsurupan, party utawa golongan apa kang pêrlu kita bantu, amarga kita cocok karo tujuan lan werkprogramme, pêrlu kanggo mikir, besuk tg. 15-12-'55 gambar apa kang bakal kita coblos.

Garèng: Dak gagas-gagas kok bênêr Truk kandhamu, ayo wiwit saiki padha golèk wawasan kanggo besuk tg. 15-12-55, wis samêsthine yèn nyoblos gambare party golongan kang cocog karo golongan kita.

Petruk: Wis Kang Garèng padha slamêt, aku arêp golèk wawasan kanggo besuk tg. 15 Dhesèmbêr 1955.

Kabul.

--- [0] ---

[Iklan]