Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584

Judul
Sambungan
1. Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Umum
Citra

[Ăngka 1 taun III.]

--- [1] ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1

Sambêtipun Waradarma ăngka 12 taun II.

Pasatowan II.

Punika pasatowan tumrap tiyang gadhah damêl mantu, tingkêban, têtakan sarta sunatan, punapadene pêrlu sanès-sanèsipun, petanganipun namung guru tanggal, wiwit tanggal sapisan dumugi tanggal kaping 30. Saking dintên pêpitu tumapaking dhawahipun tanggal sapisan, sampun kapathok botên kenging ewah, kados ta:

Jumungah1manggih arja
2dados satruning Allah
3nuju pati
4antuk bêgja
5angsal pawong mitra enggal
Sêtu1tuna lêpat
2dados satruning Allah
3kadadak nêpsu agêng
4manggih arja
5antuk bêgja
Ngahat1tuna lêpat
2manggih arja
3manggih pati binujêng ing tiyang agêng

--- 2 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1
4antuk bêgja lan manggih arja
5angsal dosa agêng
Sênèn1dados satruning Allah
2manggih arja
3kadadak kagèt
4antuk bêgja
5nandhang susah agêng
Salasa1tuna lêpat
2dados satruning Allah
3angsal dosa agêng
4manggih arja
5nandhang susah agêng
Rêbo1tuna lêpat
2manggih arja
3nuju pati
4suka rêna
5kadadak kagèt
Kêmis1tuna lêpat
2dados satruning Allah
3manggih arja

--- 3 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1
4dados ugungan
5angsal dosa agêng

Tanggal sapisan sami kalihan tanggal kaping 6. Tanggal kaping 2 sami kalihan tanggal kaping 7 makatên sapiturutipun (1 = 6 en 2 = 7 enz).

Pasatowan III.

Punika pasatowan salakirabi, botên mêndhêt petangan saking nama, mêndhêt saking wicalaning nêptu wêdalanipun lare jalêr èstri, nêptuning dintên pasaran sarta nêptuning wulan taun, punapadene winêwahan kathahing wicalane tanggalipun, kakêmpalakên dados satunggal, lajêng karingkês kabucal sanga-sanga, petanganipun têtiga, kados ta:

1. 4. 7. wali: awon.
2. 5. 8. pangulu: sêdhêngan.
3. 6. 9. pangantèn: sae.

Petanganipun makatên, saupami wêdalaning lare jalêr èstri sami (= lair sarêng sadintên)

ingkang kathah piyambak 9 9.30.7.6 = 61 x 2 = 112 - 117 = 5.

ingkang sakêdhik piyambak 3.4. 1.1.1 = 10 x 2 = 20 - 18 = 2.

utawi jalêr kapanggih 61 èstri 10 = 71 63= 3. Makatên [Makatê...]

--- 4 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1

[...n] sapiturute pangupadosipun, ngantos sagêd pikantuk dintên sae ingkang gadhah petangan 3. 6. 9.

Pasatowan IV.

Punika pasatowan ingkang kagampahakên[1] ing panjênêngan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Arya Buminata, putra dalêm P. B. III. Mêndhêt saking nêptuning dintên pasaran, tuwin nêptuning wulan taun, punapadene winêwahan kathahing tanggalipun kados ing nginggil wau (Pas. III) nanging namung kabucal tiga-tiga kemawon, mênawi kantun:

1 bêgja
2 lara
3 pati.

Pasatowan V. (= Endrakusuma)

Punika pasatowan ingkang katindakakên sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun P.B. VI. (Ambangun Tapa) wêdalanipun lare jalêr èstri kakêmpalakên dados satunggal, kabucal gangsal-gangsal, yèn kantun:

1 sri
2 dana
3 lara

--- 5 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1

4 pati
5 lungguh.

Pasatowan tarub VI.

Punika pasatowan kangge tarub mantu sapanunggilanipun, ngupadosi dintên sae wêwaton dhawahing tanggal sapisan dumugi tanggal kaping 30 sampun kapathok kadamêl ajêg, kados ta:

Tanggal 1 kagunganing ratu, adat kenging rêncananing lêlêmbat sêmara bumi, sandhunganipun botên dados.

Tanggal 2 nyeluman jalêr, adat kinêbat bêgjanipun, manggung nandhang kamlaratan sarta asring kecal-icalan.

Tanggal 3 nyeluman èstri, adat kinêbat bêgjanipun, manggung nandhang kamlaratan sarta asring kecal icalan, bedanipun namung ragi dangu.

Tanggal 4 sae, sêmpulur rêjêkinipun.

Tanggal 5 pati jalêr, pati èstri.

Tanggal sapisan sami kalihan tanggal kaping 6. Tanggal kaping 2 sami kalihan tanggal kaping 7 makatên sapiturutipun (1 = 6 en 2 = 7 enz).

--- 6 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1

Pasatowan Tarut[2] VII.

Punika pasatowan kangge tarub mantu sapanunggilanipun ingkang kasêbut ing Sêrat Cênthini purwaka, wêwatonipun ugi saking tanggal sapisan dumugi tanggal kaping 30. Nanging andhêgipun petang dumugi 7 botên dumugi 5 kados ing nginggil wau (pas. VI) kados ta:

18152229tarub panjênêngan ratu
29162330seluman lanang}awon
3101724seluman wadon
4111825rahayu wilujêng}sae
5121926rahayu tur raharja
6132027pati lanang}awon
7142128pati wadon

Ingkang kula sumêrêpi ingkang nama pasatowan sampun têlas tuwan.

a. Sangêt tarima kasih kula saudara, kula sampeyan sumêrêpakên lampahing pasatowan, punapa taksih wontên petangan sanèsipun malih.

b. Taksih, nanging namung kantun sakêdhik sasêrêpan kula.

a . Benjing enjing sontên malih kemawon mênawi kaparêng dipun [dipu...]

--- 7 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1

[...n] dugèkakên.

b. Inggih, sampun ragi dalu tuwan, kula nyuwun mundur.

a. Inggih saudara, kula andhèrèkakên wilujêng.

b. Inggih nuwun.

----------

a. Ngantos lami saudara, sampeyan botên pinarak-pinarak mriki, kula ajêng-ajêng sangêt, sumăngga lajêng dhatêng panyêratan kemawon.

b. Sumăngga, mila ngantos sawatawis dangu kula botên sowan mriki, sayêktosipun ragi manggih ribêd.

a. Ribêd punapa saudara.

b. Tiyang èstri tumbas sêsupe lintring pangantèn sarakit, badhe kula angge maningsêti anggèn kula badhe bêbesanan kalihan adhi Ngabèi Jaya Pakeringan, wusana kalêbêtan barang pêtêng, kaakên gadhahanipun Nyai Sugihwaras, ing dhusun Kêbandhan, ingkang ical kabêkta ing durjana pandung sampun satêngah taun laminipun.

a. Kadospundi lajêngipun saudara.

b. Tujunipun panumbas kula, kula prayitnani, mawi kula saksèkakên dhatêng mantri tăndha, nanging inggih taksih dados [da...]

--- 8 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1

[...dos] damêl dipun torak-tarik dhatêng mantri gunung.

a. Ingkang sade punapa botên têrang namanipun.

b. Inggih têrang tuwan, sampuna têrang, saha sampuna kula saksèkakên dhatêng mantri tăndha, nama kajêdhêgan barang pêtêng awrat sanggènipun.

a. Ingkang sampeyan tumbasi sêsupe wau sintên.

b. Para ing pêkên Kaliwon, nama Bok Mangun Onêng, dene Bok Mangun Onêng punika juru nyadèkakên barang bur-buran saking Cina tukang gantos ing Cayudan

a. Dados durjananipun botên kacêpêng.

b. Botên, prakawis ibra.

a. Saudara punapa tampi arta lintuning panumbas sêsupe.

b. Tampi saking Nyai Sugihwaras.

a. Pukur[3] bilih makatên, dados saudara botên kaicalan yatra.

b. Botên, namung ribêd dening nama kenging prakawis.

a. Punapa saudara petang ingkang dèrèng sampeyan wulangakên dhatêng kula.

b. Èngêt kula namung kantun sakêdhik, sapunika awon saening dintên miturut dhawahing tanggal.

--- 9 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1

a. Kula botên mangrêtos têgêsipun saudara, mugi sampeyan têrangakên.

b. Awon saening dintên.

Tanggal sapisan dumugi tanggal kaping 30 punika sampun kapathok botên kenging ewah, sabên tanggal sapisan, dintên punapa utawi wulan taun punapa, punika sampun dipun namakakên piyambak-piyambak sarta sampun dipun têgêsi awon saenipun, kados ta:

Tanggal

1kuda}sae
2kidang
3sima, awon
4kucing, sae
5lêmbu, awon
6maesa}sae
7tikus
8lêmbu
9sagawon, awon
10naga}sae
11sêkar

--- 10 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1
12mayang, sae
13gajah, awon
14singa}sae
15mina
16malam, awon
17wulung}sae
18lepa
19banthèng
20antu
21arêng, awon
22urang}sae
23sagantên
24pare}awon
25madu
26kala}sae
27sawêr
28pantun
29ulêr}awon
30sada

--- 11 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1

Rajamuka

Punika inggih petangan daya apêsing dintên miturut dhawahing tanggal sapisan dumugi kaping 30. Bokmanawi ing dalu wau katêmpuh ing durjana pandung, kècu sasaminipun, punika sagêda ngangkah ing kawilujênganipun, milih daya, nampik apês, kados ta:

Tanggal

1kawon lêbêt
2}kawon jawi
3
4kawon lêbêt
5sami wilujêng
6kawon lêbêt
7kawon jawi
8}kawon lêbêt
9
10
11}kawon jawi
12
13kawon lêbêt

--- 12 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1
14sami wilujêng
15kawon lêbêt
16kawon jawi
17}kawon lêbêt
18
19}kawon jawi
20
21kawon lêbêt
22sami wilujêng
23kawon lêbêt
24kawon jawi
25}kawon lêbêt
26
27}kawon jawi
28
29kawon lêbêt
30sami wilujêng

Manuk

Punika petanganipun tiyang pados pêksi nyanjata, anjaring masang kala sasaminipun, nêptuning dintên pasaran kakêmpalakên [kakêmpa...]

--- 13 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1

[...lakên] dados satunggal, kabucal tiga-tiga, yèn kantun:

1 gagal, awon
2 gigil, sêdhêng
3 gigol, sae

Iwak loh.

Punika petanganipun tiyang pados ulam loh, nêptuning dintên pasaran kakêmpalakên dados satunggal, kabucal sakawan, utawi sakawan-sakawan, mênawi kantun:

1otak,sêdhêng
2iwak,sae
3ubêng}awon
4jăntra

Omah

Punika petanganipun tiyang damêl griya sasaminipun, ingkang kadamêl baku petanganing usuk mêgêng gangsal gangsal, pungkasaning usuk mênawi dhawah:

sri}sae
kitri
ganasêdhêngan
liyu}awon
pokah

--- 14 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1

Kori

Punika petanganipun tiyang damêl korining pemahan, katêpus rumiyin lajêng katêkuk kabage sanga, bilih kori majêng mangidul, pangetangipun saking wetan. Majêng mangilèn, saking lèr. Majêng mangalèr, saking kilèn, sarta majêng mêngetan, saking kidul, manawi dhawah:

bumi}sae
karta
kala}awon
kali

Sumur

Punika petanganipun tiyang damêl sumur, kadhêpanana têbih cêlake saking trêping griyanipun têngah lêrês jogan, utawi jrambah, dene petanganipun mênawi dhawah:

srisêrêpan
dunyakêrêp kecalan
artaasatan
suwargasae
narakasok kêcêguran tiyang.

--- 15 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1

Ambèn.

Punika petanganipun tiyang damêl ambèn, kawicala saking kathah kêdhiking cacahipun dalika (= usuk ambèn) dene petanganipun mênawi dhawah:

dlikagêringan ing kadarbèn
wangkekêrêp kasripahan
wangkongsêrêpan

Ăndha.

Punika petanganipun tiyang damêl ăndha, kawicala saking kathah kêdhiking untunipun ăndha, mênawi dhawah:

ăndhasêrêpan
endheasring kadamêl mikul dhisin
undhugêringan ingkang gadhah.

Tamat.

--- 16 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1

Bêbuka

Botên namung tiyang ingkang sampun mèdêm, sanadyan ingkang sampun matêng dhatêng kasusastran, inggih taksih wontên ingkang dipun kasupèni, mila kula amanah pêrlu damêl ringkêsaning kasusastran, mawi kula urutakên dêntaywanjananipun, supados gampil pangupadosipun rimbag ingkang dipun kajêngakên, dados ringkêsan wau namung kangge dhatêng ingkang sampun sagêd, botên dhatêng ingkang dèrèng sagêd, nanging tumrapipun dhatêng ingkang dèrèng sagêd, sagêd ngasah manah dening pating balandhiting rimbagipun, tur gampil pangupadosipun, kenging kaurutakên saking: ha na ca ra ka, sarta mawi ăngka urut, punika malah dados kosokwangsul, langkung pêrlu dhatêng ingkang dèrèng sagêd kalihan ingkang sampun sagêd anggadhahi sêrat ringkêsan punika dening agêng paidahipun, sagêd mêngakakên manah botên kanthi rêkaos, ringkêsan wau sanadyan namung sakêdhik, mênawi kagilut sampun wontên raosipun anyêkapi kawêdhênganing manah, mila pantês kula namakakên Sêrat Palisastra.

Ki Padmasusastra.

--- 17 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1

a

1. a k g z : aksara gorokan.

2. a k r l y : aksara antasastra, tanduke nganggo anuswara: z sarta ambuwang atêr-atêring tanduk, kaya ta:

ngadhi saka: adhi
ngakang saka: kakang
ngrayah saka: rayah
nglari saka: lari
ngyayi saka: yayi

3. a, dadi atêr-atêring têmbung wod, mung andadèkake linggane bae, sarta kêna tinamtokake, yèn wode aksara:

y nganggo i yun dadi hiyun

w nganggo u woh dadi uwoh

- nganggo e pèk dadi êpèk

Nanging yèn wode atêgês kriya, atêr-atêre a malih dadi lêgêna, kaya ta:

jambu awoh uwohe andadi

apèk kayu kayune diêpèk ing uwong.

--- 18 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1

4. a dadi atêr-atêre têmbung lingga kang atêgês kriya, ingaran: bawa a kang mirungga mung aran: atêr-êtêr a bae kaya ta:

otot kawat, abalung wêsi

aklambi polèng, akathok gêmbyong

ananging, anamung, akalihan, anama, asarêng punika, awiyos, ayasa, mung kanggo lêlêmêsan.

5. a dadi atêr-atêre rimbag tanduk zie antasastra ( a2 ) dayasastra ( f45 ) lan tayasastra ( t51 ).

6. aneuskl.}tanduk kriya wantah i kriya lan ke kriya
aneuskl. ai
aneuskl. a[k

Iku atêr-atêr a ana sangarêping aksara irung, I kriya nganggo panambang ai [k kriya ngangge panambang a[k kaya ta:

anjupuk ( ai en a[k ).

H

7. H P pincang}ora kêna ana sangisoring aksara sêsigêging wanda, kudujèjèr karo aksara, kajaba
S kêmbang

--- 19 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1

yèn papaning panulis sêsak, kaya ta: yèn ajaa tak pancal sikil ora wutah.

a

8. Swaraning ha, yèn sinaroja ana ngarêp lêgêna mung ana siji: hawa, swarane katon, yèn sinaroja ana buri swarane katon, yèn ora sinaroja ora katon, kaya ta:

a saha

i pii, rai

u tuhu,[4] wau

e ehe, sae

o oho, cao

kahar, dhahar, lahar}kabèh iki kalêbu sinaroja, swarane katon.
muhung, cohung, pohung
bohong

A I E U O

9. Aksara swara mung kanggo jêjuluk, aran lan têmbunge băngsa sabrang bae, kang akèh têmbunge băngsa Ngarab, kaya [ka...]

--- 20 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1

[...ya] ta:

Abubakar, asma

Ibrahim, iladuni

edris{eja
ebra

upsir usali

oprup{oliya
ojat

Têmbung upa, kaya-kaya kalêbu ing atêr-atêr, kaya ta: uparêngga, upakara, upagawe, N. upadamêl, K. upaboga, upadrawa.

n

10. n s f t aksara untu.

11. n v m z aksara irung, (neuskl.) ora kêna tinandukake, awit wis pangawak anuswara dhewe, kaya ta:

ninis, nanas

nyunyuk, nyunyur, maar banyu dunya

mamah}macan, manggis
maling
magang

--- 21 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1
nganglang}nginging
ngêmis
ngujiwat

12. n v yèn dadi purwaning lingga olèh atêr-atêr, sarta karakêtan sandhangan ywanjana, tuwin gêmbung, apadene panjingan, ora kagondhèl, utawa sigêg, n

pasangan V kaya ta:

sngr ora:  snNgr
svt[nN"snVt[nN
an]j="anN]j=
an}vJ|hai"anN~vJ|hai
av]nF|"anV]nF|
av}zenNi"anV}zenNi
avWr"anVWr
avLmetTi"anV LmetTi

13. n sumêla ana antaraning têmbung lingga lan wod = in ingaran tanggap n = oudpassief kaya ta:

tinata saka tata}(zie tak 54)
sinok saka sok

--- 22 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1

nanging kang akèh kanggo ing măngsa lungse, kaya ta:

sinêlut, tinarètès enz.

14. n s dantya}dadi sêsigêging wanda kang ambukani aksara f t d q lan c j kaya ta:
! Ù murda
v $ talawya

sandi, panti, kêsdu, èstu
tăndha, kanthi, pusdhara, èsthi
kănca, panji, pancima, masjid

15. n dantya, dadi tanduke aksara: f t

! murda, dadi tanduke aksara: d q

v talawya, dadi tanduke aksara: c j s

kaya ta:

n andadah saka dadah, nangis saka tangis

! andhupak saka dhupak, nuthuk saka thuthuk (= anthuthuk)

v anjambak saka jambak, nyambat saka sambat of nyaruk saka caruk

15/a Yèn dadi purwaning lingga èlèh[5] atêr-atêr, ora kagondhèl, [kago...]

--- 23 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1

[...ndhèl,] kaya ta:

kanisthan, kaniyagan, kaninditan.

15/b Yèn dadi wêkasaning lingga lêgêna sigêg aksara, ora karangkêp, kaya ta:

kwfnn\ ora kwfnNn\

!

16. ! Ý @ # ± Ù $ 8 ² ^ & ´ * µ

Aksara sarta pasanganing aksara gêdhe, murda utawa mahaprana, kanggo ing tata prunggu, kaya ta:

!ry!, 8[zrnÝk]!i=Nz]t\ m=@u!&r, !#ku$um, $ul±n² j=,r[fn±|m_&u=yÙfi8ur, $$]*au, ^aiafi8#i, tuwn´|/!fu/[j!F`l\r[f[nµo!DnKjwn\

N

17. Pasangan N gondhèl, kanggo pangrangkêping aksara: n ing têmbung lingga wanda buri, yèn salah sawijine aksara mau karakêtan sandhanga swara = klinker kaya ta: tunN, wnNi enz. nanging yèn purwaning lingga karakêtan [ o ora kagondhèl kaya ta:

sona, wupona.

--- 24 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1

18. c j y v aksara cêthak.

19. c tayasastra (zie t 51 )

20. c s tanduke: v kaya ta:

nyatur saka: catur
nyapu saka: sapu

Nanging yèn sinaroja sarta: s ( c j) tanduke liru n kaya ta:

nucuk saka: cucuk
nasak saka: sasak
nêcang saka: sêcang
nêja saka: sêja

21. c j p b bisa dadi rimbag dwiwasana, iya iku rangkêping aksara wêkasaning lingga, kaya ta:

canunuk saka: canuk
jêkangkang saka: jêngkang
pêthènthèng saka: pênthèng
badhêdhêg saka: badhêg.

Nanging akèh kang ora kasumurupan linggane, kaya ta: cêkekal, jêbabah, pêkongkong, bêthuthut enz.

Taksih wontên sambêtipun

--- 25 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1

Cariyos taman Sriwêdari.

Sambêtipun Waradarma ăngka 12 taun II.

Dhandhanggula

1. kanan kiri kinubêng lêlungit | măngka tăndha gambaring karaman | kalawan nguni yêktine | ingkang sêdya ginêmpur | tan ngêmungkên Ngayogya nagri | nadyan ing Surakarta | rinabasèng pupuh | satanah Jawa gegeran | kèh pêpati larang sandhang miwah bukti | dening gunging paprangan ||

2. jroning kamar kulon têpi kori | bênèt kaca isine kancana | mustakaning masjid gêdhe | mèh sadandang gêngipun | dêdêgipun mèh patang kaki | pucuk panunggul krêstal | gêdhene saprangkul | bundêr cacahan durian | yèn sinawang sing mandrawa pating krêlip | tan pae lan barliyan ||

3. sakiwane mustaka sinandhing | pêdhang bengkok wrangkane salaka | sawit dalah kakêrange | pucuk krang amawa krun | pêdhang iku asline nguni | agêm dalêm sang nata | kangjêng kang Sinuhun | Amangkurat Kartasura | kasapisan pisungsung saking Kumpêni | Isabêl aranira ||

4. sacêdhaking pêdhang ana sêking | wêsi garing pamore nyalaka | kayu candhana wrangkane | lugas sagaranipun | pantês lamun agêming rêsi | martapa anèng arga | ingkang siluk-siluk | manêgês maring bathara | kang ingajap para pandhita myang rêsi | sampurnaning jiwangga ||

5. sakuloning [sa...]

--- 26 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1

[...kuloning] sêking ana kêris | winarangkan gayaman candhana | kamalon abang pêndhoke | mêndhak kancana wungu | lêlandhean bunton ingukir | kêris yasan nonoman | dhapure tumênggung | pamor ron dhuru trap-trapan | wêsi irêng angganclêng pamore putih | nganti lir ula wêlang ||

6. iring wetan uga ana kêris | nonoman luk dhapure sangkêlat | pamor wêngkon warangkane | candhana ladrang kuwung | ukirannya tinunggak sêmi | bunton mêndhak blitaran | êmas dinar wungu | pêndhoke suwasa mulya | sakarone saprabote kang ngyasani | risang mantri wisesa ||

7. garapane para êmpu sami | êmpuning kris êmpuning warăngka | lawan êmpu ukirane | mêndhak sapêndhokipun | uga êmpu ingkang nandangi | iya êmpuning êmas | ujêr padha êmpu | karsane jêng mantri mukya | nora tuwa bae kang tinuwi-tuwi | ênom mangkono uga ||

8. satêngêne bênèt dhêpok cilik | tutup kaca tumèmpèl ing bata | mung nawa rêtna isine | jamang badhong myang kalung | kêlatbau lan anting-anting | busana duk ing Buda | luwih sèwu taun | lan warna-warna kalpika | nawa rêtna ingêmbanan kancana di | myang lugasan kewala ||

9. nanging akèh ingkang mawa ciri | têtulisan tan pae lan rajah | myang jimat-jimat isthane [istha...]

--- 27 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1

[...ne] | katitik duk ing dangu | akèh ingkang nganggo li-ali | padha kinarya srana | kaslamêtanipun | têtimbul myang pangasihan | ana amung paribasan tămba lali | mangkono duk ing kuna ||

10. saking isih dhêmên anglêluri | mring lêluhure jaman samana | nora kaya ing samangke | tan praduli lêluhur | nora nana inganggêp yêkti | kalêbon kawruh anyar | nir piandêlipun | dening angukuhi nalar | lamun ora wêruh matane pribadi | nganggêp goroh kewala ||

11. bokor rukmi mawa tulisan sri | nguni mêsthi agêming narendra | nitik adine garape | miwah bokor mas iku | pirantining pudya sêmadi | yèku măngka padupan | marbuk arum-arum | garu ratus gula dupa | gănda wida jajêbadan wangi-wangi | sing sinoming puspita ||

Badhe kasambêtan.
R. Ng. Sindupraja.

Sajarah.

Urun wijining karaton.

Sambêtipun Waradarma ăngka 10, taun II.

1. Gurisa

1. sangsaya agêng tyasira | rumasa jayèng bawana | mèngêt sudira andadra | têmah nênangi angkara | kaitan Dipati Pajang |

--- 28 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1

sêdya ngrabasèng Mataram | Jêng Sultan tan kasamaran | dupi ing Pajang balela ||

2. Dipati Mandurarêja | kang kinèn anglurugana | kinanthenan pra santana | wadya keron manahira | bêdhahing Pajang sêmana | ki adipati sangsaya | katêtangi driyanira | dènnyarsa ngrurah Mataram ||

3. paran kang kinarya marga | jêng sultan waskithèng cipta | sêdya arsa pinidasa | ngupadi wahyaning măngsa | sêmana kapasang yoga | wontên praja kang marêngka | sang dipati kang dinuta | kalampahan jayèng rana ||

4. jêng sultan sampun anduta | mundhut pêjah gêsangira | anggandhèk gya lumaksana | kapêthuk wontên ing marga | dhinawuhkên sabda nata | ki dipati tan suwala | kalampahan pinêjahan | Kaliwungu pamêtaknya ||

5. kang waruju namanira | Rahadèn Banusasmita | ambêk susila noraga | sinihan mring jêng sri nata | pinacak dadya punggawa | namarya Wirakusuma | nulya malih winisudha | Pangran Manduranagara ||

6. punika nulya pêputra | Pangran Manduranagara | ingkang sumare ing Têgal | nunggak sêmi putranira | Arya Manduranagara | sinare mungup pracima | putra nunggak sêmi uga | Arya Manduranagara ||

7. ingkang sumare ing Têgal | lajêngira apêputra | malih nunggak sêmi uga | Radyan Manduranagara | sumare mungup kang wetan | pêputra

--- 29 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1

ya Pasingsingan | dêdalêm ing Cêngkalsasra | lajêngira apêputra ||

8. Dyan Tumênggung Cakrapura | pêputra panêngranira | ping kalih Cakradipura | darbe putra wanodyendah | pinundhut garwa ampeyan | jêng sri nata kaping gangsal | nama Dyan Sasrakusuma | pêputra kakung utama ||

9. wit timur Sudirabrata | anggung lêlanèng wanarga | angupadi puruhita | suruding rama narendra | gumanti kaprabonira | jêjuluk jêng susuhunan | kaping nêm Pakubuwana | misuwuring asma nata ||

10. Jêng Susunan Bangun Tapa | narendrambêk sarahita | anggung dènnya langlang pringga | mayêng ngubêngi nagara | anulad labuhanira | ingerak jêng sultan jiyad | dènnya mrih têntrêming wadya | dimèn anjuru dêmungan ||

2. Jurudêmung

1. nahan gantya kang winarna | Kyai Singaprana alus | trah Pajang kamulanipun | saking Pangeran Banawa | pêputra panêngranipun | kangjêng pangeran kaputran | punika lajêng sêsunu ||

2. nama Pangran Danupaya | pêputra jalu jêjuluk | Singaprana gya sêsunu | nunggak sêmi Singaprana | yèku Singaprana alus | pêputra Ki Singawăngsa | laju sêsuta ranipun ||

3. Ki Singaprana ping tiga | darbe suta wanudya yu | pinundhut mring narpasunu | Jêng Gusti Pangeran Arya | Amangkubumi linuhung | putra dalêm Jêng Sri Nata | Pakubuwana

--- 30 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1

ping têlu ||

4. sang dyah dahat kinasihan | dènnya susila kalangkung | [...][6] | mring Madura lir sudara | tanna subasitanipun | ing nguni pinaring nama | Radèn Tasikwulan patut ||

5. patutan putri utama | mawa ujwala sumunu | kagarwa maring sang prabu | kaping nêm Pakubuwana | sang dyah pinaring jêjuluk | nênggih Jêng Ratu Kancana | mahambêk ngumala mêrdyu ||

6. sinihan mring raka nata | nanging sinamun ing sêmu | tan ana graitèng kalbu | dening jêng ratu sagêdnya | nampèni karsaning kakung | kanthi lêgawa narima | marmantuk wahyu linuhung ||

7. amung patutan sajuga | kakung ing warna pinunjul | yayah hyang asmara nurun | trusing tyas ngumala rêtna | tansah wèh martèng tumuwuh | lir rama karêm nastapa | nimpuna salwiring kawruh ||

8. jumênêng nata sudibya | ping nawa jêng sang aprabu | putus pangrèhing praja gung | dhêdhasar ambêk sudira | santosa tatag atangguh | dènnya mrih têntrêming praja | manising praja rahayu ||

2. Dhandhanggula

1. nahan gantya kang winarna malih | Jêng Pangeran Aryadiwijaya | kang ambêk susila sarèh | punika putranipun | Sunan Prabu Mangkurat nguni | nata di Kartasura | caritaning dangu | duk tumutur murwèng yuda | ingkang rayi Jêng Pangeran Mangkubumi | Susunan Kabanaran ||

2. pinundhi măngka jimating jurit | wêkasane seda kasangkala | dening sinilib [sini...]

--- 31 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1

[...lib] yudane | nuju nèng Kaliabu | siram lawan garwa paminggir | Bok Găndasari nama | galihe katungkul | tan wrin wus pinarantenan | kang prajurit Kumpêni ngrundhuk sing wuri | sakapraboning aprang ||

3. jêng pangeran tan kiwul ing jurit | kawilêt ing sih maring ampeyan | dadya seda têmahane | sahit nèng Kaliabu | praptèng mangkya karan wêwangi | Pangran Adiwijaya | Seda Kaliabu | putra catur kang pangarsa | Dyan Mas Arya Adikusuma gya putri | nama Raja Sasmita ||

4. nulya ari kakung awêwangi | Dyan Mas Arya Kusumadiningrat | wadananing mantri gêdhe | anulya arinipun | Dyan Mas Wiryadiningrat nami | Bupati Panaraga | mangkana winuwus | Arya Kusumadiningrat | duk maksihe timur dahat kawlasasih | dening datan kopama ||

5. sasedaning rama kang nukup mring | Pangran Dipati Mangkunagara | raka nak-sanak prênahe | puwara ura-uru | andagannya pangran dipati | rêbut rok lan kang rama | Kabanaran Prabu | nging anggung kasor ing yuda | tanpa kiwul milalu lèrès ing jurit | ngungsi saparan-paran ||

6. sang kaswasih saka datan kari | tumutur ing raka jêng pangeran | anggung kasangsaya bae | saya nalikanipun | tundhukira narendra kalih | pêpalihan nagara | kang sinêbut mungsuh | mung Pangran Mangkunagara | saparane satata

--- 32 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-01, #584: Citra 1 dari 1

pinrêp ing jurit | mèh kacakup ing yuda ||

7. saking dènnya kawêkèn ing galih | yèn lumawan ngrasa tan kabangkat | mungsuh dudu timbangane | nêmah ing tyas anungkul | mring kang rayi Surakarta ji | pinacak senapatya | sang kaswasih wau | sakadangira têtiga | pinundhut ing nata rèhning timur misih | winor ing panakawan ||

8. diwasanya misih sru kaswasih | labêt arda dauruning jaman | nata tan kobêr galihe | pijêr dènnya mêmayu | yuning praja mrih mulya jati | dadya sang kawlasarsa | tyasira milalu | lumêbu mring pamagangan | ing antara warsa pinacak prajurit | panamburing tamtama ||

9. pinèt mantu maring Ki Ngabèi | Yasadipura sang kawiswara | winong lir sutane dhewe | wantuning pujăngga gung | wus waskitha sidaning dadi | jangkaning lêlampahan | mangkana winuwus | Jêng Sri Nata Surakarta | ping sakawan panjênêngannya antawis | lagyantuk catur warsa ||

10. mangun tikbra ring driya matistis | jêng-ajêngan lawan ingkang eyang | ing Ngèksigănda pamase | kuthanira kinêpung | dening wadyabala Matawis | janma tan wignya mêdal | prawitaning dangu | duk jumênêngira nata | kaping tiga narendra dibya di murti | prawira măndraguna ||

Taksih wontên sambêtipun.
Radèn Ngabèi: Karyarujita.

Ariwara mêdal sarêng kalihan Waradarma ăngka II.


kalampahakên (kembali)
kalampahakên
Tarub (kembali)
Tarub
Sukur (kembali)
Sukur
§ manuk tu u swarane ora katon (kembali)
§ manuk tu u swarane ora katon
olèh (kembali)
olèh
Kurang satu baris. (kembali)
Kurang satu baris.