Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908

Judul
Sambungan
1. Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Umum
Citra
Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

Ăngka 5 taun III.

Dintên Sênèn Wage tanggal kaping 15 wulan Jumadilawal taun Je ăngka 1846.

Kabar wulanan
TIJDSCHRIFT

Waradarma

ing
Surakarta.

Rêdhaktur gancaran Rêdhaktur sêkaran
Mas Ngabèi Wirapustaka. Mas Ngabèi Rêksadipraja.

Rêginipun sêrat kabar punika sawulan 50 sèn sarta kêdah kabayar rumiyin ing dalêm 3 wulan.
Kaêcap ing kantor pangêcapan
N.V. Budi Utama
Surakarta
1916.

--- [0] ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

[Iklan]

--- 129 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

Palisastra

Sambêtipun Waradarma ăngka 4.

%

93. % palya dadi tata prunggu (zie ! 16) sarta dadi ăngka wolu.

P

94. P pincang (zie H 7)

²

95. ² pasangan pa palya kanggo tata prunggu (zie ! 16)

pi

96. Atêr-atêr pi aran lingga andhahan Substantief tumrap ana sangarêping têmbung lingga bisa luluh lan aksara purwaning lingga utawa ora, kaya ta:
pidak
piala
pirêna
pilara
pitênah enz.

pineuskl.

97. Nanging ana kang bisa tumrap sangarêping rimbag tanduk, kaya ta:

--- 130 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

pinuju, bênêre panuju saka nuju saka tuju
pinăngka ora saka năngka saka săngka
panèkêt ora saka nèkêt saka sèkêt.

pi-an\

98. pi kang olèh panambang an iya ana, kaya ta:
pirêmbugan.

pineuskl.an\

99. pi ana sangarêping rimbag tanduk kang wis tinêmu mung ana siji pinuju, kasêbut ing dhuwur (97) iku kêna winuwuhan atêr-atêr ka lan panambang an dadi:
kapinujon bênêre kapanujon.

p]

100. Atêr-atêr p] aran lingga andhahan = Substantief tumrap ana sangarêping têmbung lingga, kaya ta:

prakara.

p]neuskl.

101. Atêr-atêr p] ana kang bisa tumrap sangarêping têmbung tanduk, nanging kang wis tinêmu mung ana siji, iya iku:
pranata saka nata saka tata.

--- 131 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

p]-an\

102. Atêr-atêr p] bisa olèh panambang an = pra -an sarta bisa luluh lan aksara purwaning lingga, kaya ta:
prapèn luluh ing praapian saka api
prakaran enz.

p]neuskl.an\

103. Atêr-atêr p] ana sangarêping rimbag tanduk olèh panambang an, kang wis tinêmu mung ana siji, iya iku:
pranatan saka pranata (zie 101)

plofpr

104. Atêr-atêr plofpr mung bisa tumrap ana sangarêping têmbung lingga, têgêse duwe, kaya ta:
para (of pala) marta, duwe marta enz.

priofpli

105. Atêr-atêr priofpli iya mung bisa tumrap ana sangarêping têmbung lingga, têgêse iya duwe, kaya ta:
pari (of pali) marma, duwe marma.

pi=

106. Têmbung pating, lugune atêr-atêring têmbung kang mêtu saka

--- 132 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

ing sêsêlan ra, la, sarta kang wis anduwèni têgês rambah, ginawe luwih rambah manèh, kaya ta:
krêmbyah dadi pating krêmbyah
klawèr dadi pating klawèr.
Panambang

107. Panambang tumrap ing wanda mênga lan sigêg
a. tumrap ing wanda sigêg anglungguhi sêsigêge

a{nataha
nyakara
madhanga
nulisa
ainatahi
[atatahe
an\tatahan
aen\tatahên
a[knatahake
n[1]tatahna
[n[2]tak tatahne

--- 133 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

b. tumrap ing wanda mênga

an\a=nalêngana
an\ai=ninglêngani
an\[a=nelêngane
an\an\=nanlênganan
an\aen\=nênlênganên=jaranên of laranên
an\an\esadawanane
an\an\easadawananea

pvJi=

Rimbag aksara panjing zie 83 Lett. d.

d

108. d aksara ilat (zie r 24)

109. d aksara dayasastra (zie f 45)

110. d (zie n 14)

111. d (zie n 15)

D

112. Pasangan D ana sangisoring aksara ! murda kang dadi sêsigêging wanda, kaya ta: [to!D

--- 134 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

j

113. Ja aksara cêthak (zie c 18)

114. Ja aksara dayasastra (zief 45)

115. Ja (zie c 21)

j+

116. j+ (zie k+ 35)

J

117. Pasangan J ana sangisoring aksara talawya kang dadi sêsigêging wanda, kaya ta: pvJi

y

118. y aksara cêthak (zie c 18)

119. y aksara antasastra (zie a 2)

120. y w aksara măndaswara dadi rimbage sutraye lan sutrawam dadi lirune panambang: a ing wanda mênga, kaya ta:
tziy lirune tzia
turuw lirune turua

Nanging yèn wêkasaning lingga aksara y w ora bisa kèli marang sutra, kaya ta:
p]iyyia ora p]iyyiy

--- 135 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

p[nwua ora p[nwuw

Sarta yèn wêkasaning lingga lêgêna, iya ora bisa kèli marang sutra, kaya ta:
luza ora luzw
Nanging ing pakêcapan swaraning z kaya karakêtan taling tarung (lu[zow) nanging ing panulis ora kêna mangkono.

Y

121. Pasangan Y dumunung ana sangisoring aksara sêsigêging wanda, kaya ta: mulY

Nanging kang lumrah liniru dadi pengkal dening satêmêne pengkal iku pasangan ya, kaya ta:
mul- lirune mulY mau.

122. v aksara cêthak (zie c 18)

123. v aksara irung (zie n 11)

124. v (zie n 12)

V

125. Pasangan V dadi lêliruning - kaya ta:
kenV lirune kn- kw.

--- 136 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

funV lêlirune funY Arb.

^

126. ^ mahaprana kanggo ing tata prunggu, nanging mung kanggo ing Ngayogyakarta bae, kaya ta:

^aiafi8#i (zie ! 16)

m

127. m aksara lambe (zie w 69)

128. m aksara irung (zie n 11)

129. m dadi ewoning têmbung kriya, kaya ta:

mamah, maling, magang.

moem.

130. Bawa ma sumêla ana antaraning têmbung lingga, kaya ta:
sumêngka, dayaraswa têgêse padha lan têmbung tanduk kang tanpa lesan (nangis)
sumendhe, nirdaya, atêgês, kaanan.

M

131. Pasangan M dumunung ana sangisoring aksara sêsigêging wanda, kaya ta: rukmi.

--- 137 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

Sarta bisa dadi pasangane pasangan sakêmbang, nanging mung tumrap ing têmbung sawatara, ora bisa lèrèg marang têmbung liyane, kaya ta:

sukSM

Nanging fipunSem[fosSi ora kêna tinulis fipunSM[fosSi

4 5

132.4 ingaran mamiring}dadi ăngka 4. 5. (zie 1 136)
133.5 ingaran makurung

g

134. 1 aksara gorokan (zie a 1)

135. 1 aksara antasastra (zie a 2)

136. Ăngka Jawa kang ginawe wiwitan ăngka siji aksara ga, kaya ta:
1234567890

&

137. & mahaprana kanggo ing tata prunggu (zie ! 16)

G

138. Pasangan G dumunung ana sangisoring aksara sêsigêging wanda, kaya ta:

--- 138 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

1zG (kanggo ing basa Kawi).

´

139. Pasangan ´ mahaprana kanggo ing tata prunggu (zie ! 16) kaya ta :
tuwn´|pÍnu/[j!F]l\

g/b

140. Garba iku pangringkêsing aksara (zie 83)

141. b aksara lambe (zie w 69)

142. b aksara dayasastra (zie f 45)

*

143. * mahaprana kanggo ing tata prunggu (zie ! 16) kaya ta:
*]#[Ù!

B

144. Pasangan B dumunung ana sangisoring aksara sêsigêging wanda, kaya ta:
semBf

µ

145. Pasangan µ mahaprana kanggo ing tata prunggu (zie ! 16) kaya ta:
r[f[nµo!DnKjwn\

--- 139 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

q

146. q aksara ilat (zie r 24)

147. q aksara tayasastra (zie t 51)

Q

148. Pasangan Q dumunung ana sangisoring aksara ! murda kang dadi sêsigêging wanda, kaya ta:
k!Qi

z

149. z aksara gorokan (zie a1)

150. z aksara irung (zie n11)

X

151. z lêlêt = l dipêpêt, le=X zie l X sarta dadi ăngka loro (zie g 136)

3

152. Panglingan z = 3 (nga dipengkal) dadi ăngka têlu (zie g 136)

¥

153. r dadi têngahaning pada, kaya ta ¥ pada iku atêgês mangajapa.

Z

Pasangan Z kang tunggal lingga durung nêmu.

--- 140 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

= maha n!v

=

154. Olèh aksara k g kaya ta:
kangkung, ganggu enz.
Uitzondering kangjêng, jangji, tungtung, tongton.

m

155. Olèh aksara p b kaya ta:
sumpah, sambat enz.
Uirzondering tamtu, tamtatama, lamjakunil.

n ! v

156. Olèh aksara f t w q en c j

snFi, pnTi, [to!D, k!Qi, pvCi, pvJi Uitzondering tanpa, manpangat.

Surakarta kaping 1 Mèi 1908.
Wirapustaka.
Tamat.

--- 141 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

Bab sêrat-sêrat waosaning ngakathah.

(VOLKSLECTUUR)

Sampun wiwit taun 1908 kangjêng gupêrmèn karsa angadani adêgipun gêdhong panyimpênaning sêrat-sêrat wêwaosaning ngakathah, ing têmbung Walandi kawastanan Volksbibliotheek, sarana angêdalakên sêrat-sêrat ing basa Jawi, Sundha, Madura, Malayu. Sêrat-sêrat ingkang badhe kawêdalakên ing Volksbibliotheek kêdah sampun katimbang dening satunggiling komisi ingkang kawastanan Commissie voor de Volkslectuur saha pinanggih amigunani:

a. Kangge wêwaosanipun para lare

b. Kangge wêwaosanipun para diwasa minăngka panglêjaring manah sarta minăngka panuntuning manah dhatêng sasêrêpan.

c. Kangge wêwaosanipun para ingkang sampun sami gadhah kapintêran minăngka panglêjaring manah utawi kangge angindhakakên sasêrêpan.

Tumapakipun ing damêl komisi wau kala taun 1909, nanging nalika samantên namung nampèni karang-karangan saking jawi (jaba) kemawon. Sarêng taun 1911 ing kantor Commissie voor de Volkslectuur kawontênakên rêdhaktur Sundha, Jawi,

--- 142 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

Madura lan Malayu sarta wiwit samantên komisi botên angêmungakên nampèni karang-karangan saking ing jawi kemawon, ananging inggih angarang piyambak utawi anjarwakakên sêrat-sêrat saking basa Walandi ing basa India.

Samangke kula namung angrêmbag karang-karangan sêrat Jawi, jêr punika ingkang dados bêbahan kula. Dumuginipun ing titimăngsa punika sêrat-sêrat Jawi ingkang sampun kawêdalakên dening kangjêng gupêrnêmèn sarana pangudinipun Commissie voor de Volkslectuur kirang langkung wontên 200 warni. Ing samangke karangan ingkang dèrèng rampung pamariksanipun saha têksih sumimpên ing kantor Volkslectuur botên namung dasan kemawon, nanging atusan, ingkang makatên punika sababipun botên sanès namung saking kiranging bau. Komisi ingkang tinanggênah amariksa sarta nimbang satunggal-tunggaling karangan punika kêdah katindakakên dening tuwan-tuwan Walandi apêsipun kêkalih. Ingkang kathah-kathah tuwan-tuwan komisi punika sami gadhah padamêlan saha têtanggêlan piyambak ingkang masthi, dados bab amariksa sarta nimbang karang-karangan punika nama padamêlan sambèn. Langkung malih dene komisi punika kêrêp gothangipun, jalaran tuwan-tuwan ingkang katêdah anindakakên ngalih saking Bêtawi

--- 143 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

utawi pamit dhatêng Eropah.

Amangsuli karang-karangan ingkang samangke dèrèng rampung pamriksanipun, puniksa wontên ingkang angginêm bab têmbung, wontên bab kawruh, bab dêdongengan, babad, lan sanès-sanèsipun, malah wontên ingkang bab agami utawi cacriyosan ingkang agêgayutan kalihan agami.

Samange mugi sami kauningana bilih Commissie voor de Volkslectuur botên badhe tumut-tumut angrêmbag bab agami liripun: komisi botên badhe ambaukapine ingatase agaminipun satunggal-satunggaling tiyang utawi băngsa, amila sawarnining karangan ingkang ngêwrat bab makatên punika ingkang sampun kaaturakên dhatêng komisi wau, botên badhe kawêdalakên kangge Volkslectuur nanging badhe kawangsulakên dhatêng ingkang ngaturakên.

Aliya saking punika karang-karangan wau kathah ingkang sami ngangge tatêmbungan ingkang saru-saru tumraping tatacara, kados ta tatêmbungan ingkang anggêpok wêwadosing jalêr utawi èstri, utawi angrêmbag bab cacrêmêdan, punapa dene angucapakên tatêmbungan ingkang angênêk-ênêki. Kula purun anamtokakên, para prastawèng budi ing jaman samangke (limrahipun [(limrahi...]

--- 144 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

[...pun] kawastanan jaman kamajêngan) manawi maos sêrat-sêrat ingkang mawi têmbung cacrêmêdan utawi têmbung ingkang angênêk-ênêki, punapadene sêrat-sêrat ingkang anyariyosakên bab cacrêmêdan, tamtu sami mèsêm angewani. Langkung-langkung têtiyang sanès băngsa ingkang maos sêrat-sêrat Jawi makatên wau amasthi mungêl: patut têmên Si Jawa, bisane mung angrêmbug bab makothok. Kajawi ta sêrat-sêrat ingkang botên kenging botên kêdah anyêbutakên utawi anyariyosakên bab saru-saru utawi angênêk-ênêki, kados ta: sêrat ingkang prêlu kaudanèn dening para diwasa, sêrat panulakipun bêbaya wuta, sêrat lalêmbut kolerah lan sanès-sanèsipun, punika sampun botên kenging siningkiran malih. Wangsul samangke sêrat-sêrat dadongengan ingkang sae-sae utawi piwulang dhatêng para lare sarta dhatêng para mudha ingkang kaajêng-ajêng murih wilujêng saha saenipun ing têmbe, têka mêksa kasêlanan ing têmbung ingkang andamêl ewa dhatêng ingkang maos utawi mirêngakên.

Sêrat-sêrat ingkang sampun kawêdalakên dening kangjêng gupêrnêmèn sarana pangudinipun Commissie voor de Volkslectuur satunggal kalih wontên ingkang kalêbêtan tatêmbungan saru, ananging [ana...]

--- 145 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

[...nging] punika nama sampun kalajêng, awit pamriksanipun kala samantên kasêsa sangêt, daya-daya sagêda tumuntên angsal sêrat Jawi kathah, sabab sêlak badhe angadêgakên Volksbibliotheek Jawi, dados pamariksanipun botên patos kajalimêt kados sapunika. Ingkang makatên punika mila sampun dados anggêr wêwatoning alam (ing têmbung Walandi de wetten van de natuur) sadaya ingkang sawêg wiwit tamtu taksih kathah kuciwanipun, sagêdipun sae manawi sampun tumindak sawatawis lami.

Awit dhawuhipun Commissie voor de Volkslectuur samangke kula amrêlokakên atur uninga dhatêng para ingkang sampun angaturakên karang-karangan dhatêng komisi wau, sadaya karang-karangan ingkang ngangge tatêmbungan cacrêmêdan utawi têmbung ingkang angênêk-ênêki, kajawi manawi sampun kapêksa, bilih tatêmbungan wau namung satunggal kalih, badhe kacurêk, manawi ngantos kathah, karangan wau badhe kawangsulakên dhatêng ingkang ngintunakên. Karang-karangan ingkang jêjêr anyariyosakên bab cacrêmêdan sampun pisan kaajêng-ajêng sagêdipun katampèn dening kangjêng gupêrnêmèn.

Kajawi saking punika pamundhutipun komisi wau, sadaya

--- 146 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

karangan sasagêd-sagêd kasêrata ngangge aksara Walandi (aksara latin), mênggah karsanipun komisi ingkang makatên punika awaton kawontênanipun ing jaman sapunika, sadaya băngsa sangalam donga ingkang sampun nama inggil kawruhipun tatacara (beschaafd) sami ngangge sastra latin, namung kantun sawênèhipun băngsa satunggal kalih, kados ta băngsa Jawi lan sanès-sanèsipun malih, ingkang taksih angêkahi sastranipun, samangke murih sagêdipun sami darajatipun kalihan băngsa ingkang sampun inggil kawruhipun tatacara, tiyang Jawi angulinakna kangge padintênan sastra latin. Komisi botên pisan-pisan sumêdya anyirnakakên sastra Jawi, jêr punika mila pusakanipun băngsa Jawi.

Têtiyang Jawi anganggea tuladha băngsa Dhit (Duitschers) punika inggih gadhah sastra piyambak, ananging samangke sêrat-sêrat Dhit ingkang prêlu kawaos ing kathah langkung-langkung sêrat bab kawruh kagunan, sadaya kasêrat mawi sastra latin. Ingkang makatên punika têtela andadosakên kontap kotamaning băngsa Dhit, jalaran têtiyang sanès-sanèsipun băngsa, sok ugi mangrêtos dhatêng basa Dhit, sagêd maos sêrat-sêrat wau sarta lajêng sagêd sumêrêp inggiling kawruhipun bab [ba...]

--- 147 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

[...b] kagunan. Ing saèstunipun sêrat-sêrat Jawi punika kathah ingkang ngêwrat kawruh ingkang inggil-inggil, amratandhani yèn têtiyang Jawi mila sampun inggil kawruhipun bab tatacara, aananging[3] sarèhning sêrat-sêrat wau têksih kasêrat ngangge sastra Jawi, dados sanès băngsa awis ingkang sagêd maos, kawruhipun ingkang inggil-inggil botên kasumêrêpan, satêmah tiyang Jawi kaanggêp băngsa ingkang andhap.

Minăngka panutuping karangan kula punika, samangke kula ngaturi èngêt dhatêng băngsa kula Jawi sadaya, mugi sampun pisan kagungan panggalih kuwatos ambokbilih sastra Jawi badhe sirna tanpa lari, punika botên badhe sagêd kalampahan, jêr sastra wau kaangge dening băngsa Jawi sampun langkung saking sèwu taun laminipun, sarta ewon cacahing sêrat-sêrat ingkang kasêrat ngangge sastra Jawi. Namung kemawon murih cundhuke kalihan jamanipun, prayogi sami nganggea padintênan sastra latin, awit kajawi sabab-sabab ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, têtiyang Jawi samangke tumrap ing basanipun botên kenging botên kêrêp ngangge têmbung mănca, ingkang botên kenging kasêrat ngangge sastra Jawi, kados ta Volkslectuur măngsa Herfst sapanunggilanipun.

--- 148 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

Wasana manawi wontên kaduking têmbung, kithaling ukara, kula nyuwun samodra pangaksama.

Wèltêprèdhên kaping 7 Februari 1916.

Uprêdhaktur Jawi ing Commissie voor de Volkslectuur.

Cakradibrata.

__________

Ebahing jaman botên kenging dipun sayuti, băngsa, basa sarta sastra Jawi sampun wontên titikipun amêsthi ing têmbe badhe sirna.

a. Băngsa, solahbawa sarta pangangge sampun wiwit ewah, niru solahbawaning liyan, pangangge sarta sêsipatanipun sampun malih ngemba panganggening băngsa Eropah sawênèh angèl winastan cara punapa.

b. Basa Jawi risak tanpa lari, tiyang agêng karsa misesa dhatêng basa, satriya, dipun cuwil-cuwil, sa, dados, sat, atêgês, nêm, tur mêjahi: ta, tri, atêgês mantri, ya, atêgês gêmpol plèrèt, kalêmpaking têgês mantri nênêm sami nêdha gêmpol plèrèt, anyêl, sabab punapa brahmana, wasiya, sudra. Purija botên dipun cuwil-cuwil pisan, ora enjuh.

c. Sastra Jawi sampun tanpa aji sapunika malah badhe dipun sirnakakên: lêrês, botên wontên damêlipun tiyang sagêd pramasastra, awit sami kemawon kalihan tiyang ingkang botên sagêd, beda kalihan pranatanipun tiyang Eropah, sagêd lan botên sagêd pramasastra wontên titikipun, tiyang Eropah mênawi botên sagêd nyêrat lêrês: isin, nanging tiyang Jawi: botên, dening botên sumêrêp ing lêrês lêpatipun, dados botên gadhah pêndhêman isin, sapunika gumantung wontên ingkang trêsna ing basa.

--- 149 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

Sasumêrêp kula ing Surakarta ingkang trêsna ing basa Jawi, botên karsa ngrisak namung panjênêngan dalêm bandara kangjêng radèn adipati, ingkang dados êmbanan amadhahi tètèsing pangandika: Mas Ngabèi Rêksadipraja, dene ingkang trêsna basa Kawi namung satunggal: Radèn Ngabèi Purbacaraka.

Pamuji saha pangajêng-ajêng kula dhatêng băngsa kula Jawi ingkang trêsna ing basa Jawi mugi angêkahana gêsangipun basa wau wontên ing wadhahipun lami aksara Jawi, samăngsa kecalan lacak, amêsthi ical talêsing basa, botên sanès kados anggèn kula anggondhèli na, gondhèl, ngantos andêrpati inggih tanpa damêl, tur mawi pasêksèn yèn panambang: ne, nên, botên wontên, ingkang wontên, an, e kalihan, an, ên, punika dadosipun têmbung: ratane, ratanên, kêdah mawi gondhèl, ewadene inggih botên piniarsa, pun kuwasa malah yasa: sarupane wanda mênga olèh panambang: ne, nên, sintên ingkang purun maoni: botên wontên, sapunika badhe kasantunan ratane ratanên saya mathuk yèn panambang: ne, nên nyata wontên, saya botên dipun waoni. Wangsul têmbung: duwèke dipun sigêg, botên dipun wontênakên panambang: ke, măngka punika inggih malihanipun panambang: an, e: ratane = duwèke, inggih botên kagalih, namung aku kuwasa, aku luwih mangêrti saka kowe, mila pêjah ginêm.

Asoripun tiyang Jawi botên namung sampun asrah jiwa raga, dalah basa sarta aksaranipun ingandikakakên tumut suwita pisan.

Red.

--- 150 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

Kawontênaning pantiroga utawi griya pambarakan pès.

Dhandhanggula

1. tur manise tan ngrêsêpkên ati | suprandene kudu ura-ura | rakiting panti barak pès | kang ngripta kapiluyu | ayun wikan jro wawêngkoning | barakan pantiroga | parmaning Hyang Agung | duk ing ari Soma pita | surya kaping dwi dasa Dhesèmbêr wanci | tabuh sadasa siyang ||

2. wênèh wontên rata motor prapti | angandhêgi unggyaning pangripta | gumaludhug sabawane | gêrêng lir gurnita nrus | manampêki kêndhangan kuping | karya guguping driya- | nira kang mangapus | satêmah agita-gita | marêpêki gyaning swara nêmbe prapti | wusing parêk tarwaca ||

3. dyan katingal ingkang anitihi | băngsa luhur asma Jêng Pangeran | Suryakusuma gatine | marma kasrêdhan rawuh | kaparênging karsa ngampiri | dhumatêng kang mangripta | supadya tumuntur | andhèrèk murah wuninga | kaananing panti pambarakan sakit | wotsêkar tur sandika ||

4. gya brêdandan ngrasuk cara Wlandi | jas calana saking lenha pêthak | topi panhamha ban karèt | sêpatu krêsna mulus | wusing purna gya dhèrèk nitih | sopir tanggap sasmita | mutêr obèngipun | samantara nulya obah | gumarênggêng swara mêsin gêgirisi | rim binuka gya mlampah ||

5. rikat [rika...]

--- 151 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

[...t] anglêr tuhu mêmengini | tan kawarna lampahe nèng marga | inggale wus praptèng mangke | laladan èrêpipun | pambarakan panti usadi | anênggih dunungira | sapinggir marga gung | pêrak lan ratan pêrtigan | kapering lor Margayudan kang nêrusi | njok wuri Kapatihan ||

6. rata kèndêl ingêrim mring supir | gya tumêdhak wau jêng pangeran | tut wuri kang samya ndhèrèk | sigêg mangkya winuwus | dhingin marna wiyaring panti | èrêping pambarakan | kintên tigang bau | adhapur masagi panjang | mujur ngetan mèpèt sapinggiring margi | têrusan mring Balapan ||

7. satêpining èrêp dèn pagêri | kongsi têpung kawat ri santosa | ing jro ginuthêkan manèh | minăngka èrêpipun | bageyaning sabilik-bilik | bageyan kang pracima | măngka èrêpipun | janma kang tan nandhang roga | sinungkên nèng pamondhokan wisma cèkli | pêpanthan mujur ngetan ||

8. wolu-wolu sap-sapan kaping tri | winatara gênging wisma juga | catur mètêr masagine | tri mètêr inggilipun | payon gêndhèng balungan jati | sawênèh payon kajang | pagêr gêdhèk bakuh | nam rapêt tanpa kinepang | dhapur kampung tutup keyong dèn lobangi | kadi pêthak candhela ||

9. iring ngarsa dinekekkan kori | saking kepang ginapit santosa | ing jro sinung bale-bale | lincak naracak ukur |

--- 152 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

yèku măngka patilêmaning | pra janma kang binarak | dene joganipun | kuciwa datan plêsteran | amung siti wênèh ingurugan pasi[4] | lowung lamun tinimbang ||

10. sabên wisma ingkang sampun isi | sinung lètêr satêpining lawang | nomêr ăngka urutane | wisma sajuru-juru | ngandhap nomêr sinungan tulis | namaning para tiyang | ingkang manggèn riku | atanapi titimăngsa | duk nalika pamanggoning anèng panti | wontên malih winarna ||

11. iring êlèr maksih nunggil puri | wontên wisma gêng apayon kajang | tinutupan rapêt gêdhèk | ing riku unggyanipun | panglêrêpaning para mayit | ingkang arsa ginuyang | yèn arsa kinubur | iring wetan wênèh wisma | dhapur pisang salirang jro mèsi jèdhi | wadhah toya padusan ||

12. têngah malih wontên wisma mrêgil | unggyanira koki juru masak | tatêdhan măngka ingone | kang samya anandhang truh | mangke gantya malih winarni | èrêp kang sisih têngah | tinugêl ing lurung | mujur ngalor anjog gudhang | gyaning băndha miwah kang anambutkardi | graji wrêksa balokan ||

13. pering gudhang kapara ing ngarsi | wontên wisma lit èmplèk-emplekan | apan ing kono unggyane | mèstêr gudhang kang sinung | ing wawênang băngsa Walandi | nglela ngadhêp kantoran | kawistara mungkul | nyathêti sakwèhning barang | ingkang mlêbêt [mlêbê...]

--- 153 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

[...t] ing gudhang sarta kang mijil | pinèngêtan kliwatan ||

14. saking riku ulun gya umiring | marêpêki gyaning pantiroga | kang samya nandhang bèlên pès | sing riku prênahipun | ngidul ngetan tantara têbih | wontên wisma lajuran | gêndhèng dhapur kampung | jinarambah palêsteran | jajar kalih lajuran sinambêt dening | dhurlup mrih tan kodanan ||

15. sabên wisma korine mung kalih | kanan kering kori têtêrusan | nèng sor pangêrêt prênahe | winatara gêngipun | ponang wisma sawiji-wiji | sakawan mètêr wiyar | dene panjangipun | kintên wontên kalih wêlas | tutup gêdhe kline pêpasir lan gamping | lir tembok katon mêmplak ||

16. jroning wisma ing riku kaèksi | jajar-jajar sap kalih lajuran | pasup tan măngka unggyane | kang samya anandhang truh | saking tosan têlèmèk jarit | mătha pindha bandulan | mêmbat mêndul-mêndul | wênèh mawi karobongan | saking waringgase tara myang ngalingi | sumamar ngima-ima

17. kawarnaa gyaning para sakit | jalu èstri wus pininta-pinta | pra jalêr nèng êlos kilèn | wetan pawèstrènipun | kang pracima winarna dhingin | unggyaning para priya | kang samya nandhang truh | cacah wolu kang sajuga | kawistara wontên rare kuru aking | pratăndha sangêt roga ||

18. kinrobongan pan tansah jinagi | jongos [jo...]

--- 154 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

[...ngos] miwah pêrplèstêr wanodya | dene ta sanès-sanèse | winatara mèh sêmbuh | ingkang gangsal tabêde sami | binêdhèl planjêrira | tuwan dhoktêr bikut | dèniranggung sung pitêdah | maring ulun kanthi dhangan mrih mangêrti | jro tyas amba kalêgan ||

19. wus mangkana tuwan dhoktêr nuli | ngambil lodhong kang mèsi cêm-cêman | isining panjêr bèlên pès | mawarna wujudipun | wênèh kadi cacahan daging | sawênèh kadi sobrah | malih kadi wujud | lir misowha pêpulêtan | duk ing wau kintên wontên gangsal warni | winatara wus tamat ||

20. tuwan dhoktêr gya ngatak umiring | maring ulun marpêki mangetan | ring los wanodya unggyane | kang sami anandhang truh | prapta riku ulun ningali | wanodya kawan wêlas | siji katon lungguh | watara satêngah tuwa | kawistara wus madhèng dènira sakit | duk wau ulun tanya ||

21. kadipundi bibi ing salami | wontên riku punapa sayogya | mênggah dhoktêr pamyarane | kang tinanya lon muwus | pangèstunta inggih prayogi | saking pangraos kula | salami ngong idhup | dèrèng nate kadi mangkya | mukti ulun rinumat kalane sakit | rumasantuk nugraha ||

22. nyah pêrplèstêr anambungi aris | ini orang têlah tiga bulan | mar bukan sakit bèlên pès | sêkarang ampêr sêmbuh | tinggal iya kuwatkên dhiri | makan dhaging dhan [dha...]

--- 155 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

[...n] pohan | dhèngên bubur alus | coba dhènmas suka timbang | kapan iyha sakit dhi rumah sêndhiri | masa tah bisa makan ||

23. saharusnya sabagi dhi sini | olih itu kita sangêt heran | comelan dhalêm Inlan pèrs | atawha Kabar Mlayu | banyak bilang itu dhan ini | pèndhèk bikin kleruan | itu orang kampung | dhia bilang kapan orang | masuk barak iya mênamtukên mati | dhiracun apha adha ||

24. noh sêkarang twan tau sêndhiri | bagimana dhoktêr rawat tanya | turut praturan gupêrmèn | makan ongkos bêrèbu | buwat tulak itu pênyakit | têtapi orang-orang | suka banyak klèru | dhikira bangsha Olandha | tidhak sayang padha jiwa anak bumi | kang ngripta mèsêm jawab ||

25. yha yha nyonyah jangan kêcil ati | nyonyah misti èngêt kêsabaran | dhèngên shwarha dhi dhalêm pèrs | kabar Jhawha Mêlayu | tradhang lain mênurut dhari | shwarha piblik têrcitak | dhalêm koran itu | maskipun rêdhaksi bilang | kabênêran sabagi mana nyang misti | têtapi bêratusan ||

26. kêluh kêsah slalu dhidhêngêri | pêrlu sêkali dhimuat koran | biyarlah kangjêng gupêrmèn | mêmikir sunggu-sunggu | toh sêkarang têrjadhi baik | dhiatur saharusnya | tra sêbagi dhulu | banyak orang nyang kêpiran | suru pindhah sêbagi burung mêrpati | kalangan tra kêruwan ||

27. cobha jangan [ja...]

--- 156 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

[...ngan] slalu dhicomèli | apa jadhi sabagi sêkarang | pêraturan pêrbètrêng pès | entoh lalu gupêrnur | yha sêndhiri sukak mênylidhik | dari kêadhaannya | noh sêkarang bagus | apa lagi dhibarakan | pamyaraan orang sakit slalu baik | nambung sabda jêng pangran ||

28. olih krana itu ri kêmarin | kita têlah adha pêrmuhunan | kêpadha kangjêng residhèn | sêmuwha nyhang rêdhaktur | koran Jawha Mlayu dhisini | supayha yha dhimintak | dhatêng buwat tulung | pêriksha kêadhaannya | rumah barak dhan priksha nyang lain-lain | bagitu biyar têrang ||

29. kang mangripta umatur wotsari | klu nun inggih sangêt karuhuran | kadi kathah paedahe | sawastu pra rêdhaktur | myang yurnalis dhangankên sami | pami sidhêkahana | amangsuli catur | jroning riku kang aroga | katon sangêt wontên pawèstri kêkalih | kang juga kinrobongan ||

30. kang sajuga datan mawa waring | yèku kadi nonah-nonah tyonghwa | mawa kinêling rambute | wus mangkana gya laju | kang mangripta tandya umiring | mêdal saking ing itsal | anjok dunungipun | dhoktêr ingkang amariksa | kwèhning dharahira para kang ngêmasi | sêkar pocung gumantya ||

Pocung

1. praptèng riku kawuryan ulun andulu | pranti kadhoktêran | mawarna nèng jro lêmari | botol gêbyas lodhong tharikan nèng êrak [ê...]

--- 157 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

[...rak]

2. mèsi jantung sakridhanirèng jêjamu | duk ing wau tuwan | dhoktêr tandya ngancarani | maring ulun mrih lênggah kursi sakêdhap ||

3. dhoktêr laju angrakit kèkêr pandulu | piranti pamriksa | dharahe para kang lalis | anèng kaca warnaning rah biru tuwa ||

4. wit ing dangu wus binrastha dening latu | mrih wisaning pinjal | nir daya tan mutawatir | kaca ingkang tabêt rah tandya pinasang ||

5. anèng soring kèkêr ginapit ing sêkrup | wusira samapta | ulun pinurih ningali | langkung dhingin ulun mrih andulu gambar ||

6. anèng krêtas măngka ancêr-ancêripun | kang badhe tiningal | baksil wisaning panyakit | asal saking wêwutahaning pra pinjal ||

7. garit-garit mung satugi agêngipun | ama wor nèng êrah | dene wujude sajati | para ewon lan wujud kang tiningalan ||

8. saking kèkêr kang wignya nikêl ping sèwu | gya ulun tumingal | srana anginjên sêmpronging | ponang kèkêr ing riku wontên katingal ||

9. pintên-pintên bêbundêran warna biru | saklênthêng gêngira | kanan kering wontên garit | wênèh têngah wontên garit ngrajang pandhan ||

10. mirit gambar lir puniku wujutipun | dhapuring pra wisa | ingkang amêmarah sakit | wusing purna ulun gya mêdal sing kana ||

11. tandya laju pindhah marpêki gyanipun | dhoktêr tukang mriksa | pinjaling tikus kang lalis | praptèng [pra...]

--- 158 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

[...ptèng] kono anuli ulun kapanggya ||

12. dhoktêr lawan juga tuwan wawan rêmbug | kang nguni wus têpang | yèku tuwan komisaris | ub opsinêring pulisi Surakarta ||

13. tandya wau tuwan ing sakalihipun | sami sung pambagya | urmat ngadêg saking kursi | dhoktêr purstèl mring ulun ajawat asta ||

14. wusing purna pramana sinambatipun | tuwan dhoktêr nulya | sung tuduh sawiji-wiji | wijanganing tikus kang nandhang kasmala ||

15. kang sinêbut dhingin gyaning kamar tikus | sinêngkêran kaca | rapêt munggwing kanan kering | amaju pat mung nginggil winaring kawat ||

16. pan ing riku gyaning pinjale pra tikus | kang amawa wisa | yèku wisaning panyakit | kang winastan pès ing kono karya nyoba ||

17. para tikus waras wiris tan nandhang truh | wusing malbèng kana | yèku gyan pinjal panyakit | tan antara rong dina tikus palastra ||

18. wit kinrubut dening pinjal kang mawa truh | samya ngisêp dharah | tandya wisa pès mratani | mring angganing tikus kang kinarya coba ||

19. wusing lampus gya ingambil ponang tikus | linêbokkên marang | lodhong ingkang mawa jampi | sênggruk măngka mrih klêngêring para tuma ||

20. samantara ponang tikus gya jinupuk | ingêlih nèng wadhah | lir prauban saking anci | pan ing ngriku nulya tikus sinêritan ||

21. pating krutuk sakwèh pinjal samya runtuh | singganing [sing...]

--- 159 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

[...ganing] jinada | tandya pinjal dèn jumputi | maksih klêngêr ingêlih mring sêdhu kaca ||

22. dhapur mbumbung saking krêstal mawa sêkrup | katon tiningalan | sing jaba tan mutawatir | samantara pinjal nuli paripurna ||

23. pungun-pungun dayaning angga wus rapuh | pungun sing kantaka | gya dhansah pating palêtik | arsa milar kapalang nèng pakunjaran ||

24. ulun guguk kacaryan saking andulu | solahing pra pinjal | jroning tyas ngungun kapati | wruh dikbyaning dhoktêr pananggulang pinjal ||

25. dhoktêr muwus ini pinjal kitha taruh | kumbali dhi têmpat | buat pêrcobakan lagi | dhalêm kandhang sêbagi sudhah têrliyat ||

26. buwat tandha kalu lagi taruh tikus | dhalêm itu kandhang | maka samêntara ari | tra mêninggal tandha pênyakit tlah linyap ||

27. ulun manggut sarwi ngudarasèng kalbu | dhuh têka samana | jêng gupêrmèn dera jagi | parandene maksih kwèh kang sêling sêrap ||

28. tăndha lamun saking kaduk tunanipun | dhatêng kawruh nalar | pijêr anggujêngi takdir | tan wruh lamun têmbung takdir mung pupusan ||

29. angapêskên kodrating jiwangganipun | măngka mungguh Allah | aparing akal myang budi | mrih ihtiyar măngka kanthi jroning gêsang ||

30. sigêg wau gantya malih kang winuwus | sampating pamriksa | ulun gya mêdal sing panti | pamariksan gyaning tikus tuwin pinjal ||

31. sigra [si...]

--- 160 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

[...gra] laju mubêng-mubêng andêdulu | jroning pakarangan | sisih wetan akaèksi | kwèh bêkakas wêsi pipa barumbungan ||

32. măngka calon pirantining kang sumur bur | wênèh wontên gudhang | mujur ngalor yèku pranti | panglêrêban rata motoring parentah ||

33. saking riku ulun gya rinilan mantuk | muhung jêng pangeran | maksih kantun nambutkardi | mring kantoran nunggil tuwan para garap ||

34. titi amung samantên sêsrêpan ulun | tar lyan pamintamba | ring sanggyaning kang umèksi | anglubèrna ing samodra pangaksama ||

35. tinêngêran purnaning pangriptanipun | surya salawe prah | (24) Dhesèmbêr anunggil sasi | ăngka sèwu sangang atus gangsal wêlas ||

R. M. Darmakumara.

--- [0] ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

[Iklan]

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-05, #908: Citra 1 dari 1

§ na van ên, a, taha yèn tanngestokêna (kembali)
§ na van ên, a, taha yèn tanngestokêna
§ ne van ên, e, tak estokêna (kembali)
§ ne van ên, e, tak estokêna
ananging (kembali)
ananging
pasir (kembali)
pasir