Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909

Judul
Sambungan
1. Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Umum
Citra

[Ăngka 6 taun III.]

--- 161 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

Ingkang nama rukun punika aji ingajenan, nanging botên pukul gambang sama rata, kêdah mawi patrap saundhak sabilik-bilik, kados ta: priyantun panèwu mantri ajrih dhatêng prayagung wadana kaliwon, kosokwangsulipun wadana kaliwon asih trêsna dhatêng panèwu mantri. Kawula sumungkêm ing gusti, mawi pratăndha kaurmatan sêmbah dhodhok saprayoginipun, kosokwangsulipun gusti marma saha wêlas dhatêng kawula, anyirnakakên êdak êdir arda puwa-puwa. Tiyang têtanggan anêdha kêmbul (kondangan) pundi ingkang botên nama rukun, sampun rukun sayêktos.

Punapa jalaranioun tiyang alit purun digsura dhatêng tiyang agêng. Mugi tiyang agêng kêparêng nalusur sariranipun piyambak, dipun dhodhoki botên karsa aruh-aruh, dalah namung nudingi kemawon: botên, tiyang alit lajêng tuwuh purunipun: api botên sumêrêp, bok sampun makatên kadospundi? Pituturipun tiyang sêpuh ingkang sampun nate ngalami ngangge tatakrama sae: sae, pêrlunipun punapa dipun santuni pranatan awon: pukul gambang sama rata.

Dhodhok sêmbah ingkang ngangge dugi prayogi: sae.

a. Kawula karawuhan utawi kapêthuk gusti nuju amêng-amêng tindak [ti...]

--- 162 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

[...ndak] dharat, kurmat dhodhok ngapurancang, kadangu nyêmbah sedhok, punapa botên mêrak-ati, punapa sae nganjir kados kamitêtêp. Nanging mênawi kapêthuk nênitih wontên margi agêng, kathah tiyang langkung, prayogi kurmat ngadêg kemawon.

b. nyêmbah sedhokan, kalêbêt ing bêbasan pados pêndhok, botên sae, sae nyêmbah awis, ingkang nêtêpi subasitaning basa, têlasing pangandika: nyauri kalihan nyêmbah, punapa kirang mêrak-ati.

Pêrlunipun ngagêsang pados sae, botên pados awon, mênawi tiyang agêng kasami kalihan tiyang alit, malah nama botên rukun, botên anjunjung băngsa.

Dene prakawis linggih nginggil kalihan linggih ngandhap punika sampun kalêbêt pranataning agama, tiyang Walandi linggih kursi, tiyang Jawi linggih gêlaran, tăndha yêktinipun tiyang Walandi mênawi wontên ing griya nêdha wontên meja, tilêm wontên kathil, manawi gêbèt dhatêng greja ngadêg, wondene tiyang Jawi mênawi wontên griya botên makatên, nêdha wontên jrambah, tilêm wontên ngambèn, sêmbayang linggih timpuh.

Awit saking punika wontênipun linggih satata sami wontên kursi, katarik tatanipun tiyang Walandi, dados botên kalêbêt ugêring [u...]

--- 163 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

[...gêring] tatakrama Jawi, mawi êmpan papan, kangjêng radèn adipati lênggah sowan magêlaran, nuju pasamuwan garêbêg, tuwan-tuwan ingkang badhe sowan malêbêt ing karaton sami mampir ngaturi tabe, kangjêng radèn adipati sila wontên ing lante, Walandi ngadêg wontên ngarsanipun, bilih têdhak loji tingalan dalêm Kangjêng Sri Maharaja Walandi sarta nuju taun baru, kangjêng radèn adipati lênggah marmêr wontên ing ngarsa dalêm, tuwan-tuwan sami lênggah wontên ing kursi, punapa punika nama angasorakên darajat: botên, malah angluhurakên darajat, inggih punika angluhurakên panjênêngan ratu, sok luhura panjênêngan ratu inggih anjunjung darajating putra santana saha abdi dalêm sadaya, mêwahi kajèn kèringan, tiyang alit sagêd satata kalihan lurah bêkêl jajar, lurah bêkêl jajar sagêd satata kalihan panèwu mantri, prayantun panèwu mantri sagêd satata kalihan wadana kaliwon, prayagung wada[1] kaliwon sagêd satata kalihan para gusti, rumaos kula sampun turut têmên, beda kalihan tiyang alit satata kalihan tiyang agêng, malah kosèk, dene ingkang wênang satata, kados ta: nuju pakêmpalan, wontên tontonan, wontên sêtatsiun tuwin sanès-sanèsipun. Para panèwu mantri linggih kursi wontên abipraya

--- 164 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

nuju wontên pasamuwan, panjênêngan dalêm kangjêng radèn adipati rawuh inggih kalilan sami linggih satata. Wangsul karawuhan utawi sowan ing dalêmipun, punapa sagêd ngadêg anjêjêr, saru dinulu, kajawi mênawi sampun santun agama dalah panganggenipun, punika pêjah ginêm, mênawi namung sawêg gundhul ngangge topi panama, wicantênan cara Walandi dèrèng sagêd, sawêg nama bêbengesan kemawon.

Beda kalihan praja Mangkunagaran, Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara sampun asarira Walandi, ingkang para abdi kakarsakakên ngangge tatakrama Walandi sampun mungguh kemawon, dhasar panjênênganipun sarwa sambada abăndha bandhu, sanadyana ing ngajêng dados kêmbang lêmbenipun tiyang sanagari, dipun catur awon: cêthil, ananging sapunika kawalik grembyang tataning prajanipun angungkuli praja sanèsipun wêwêngkon Nedêrlan, sagêdipun tata dipun sangkani ngalêmpakakên arta rumiyin saking kagunganipun piyambak, sarana anyuda karsa ngirit tadhah botên jibar-jibur, sarêng sampun ngalêmpak ngantos lubèr, lubèranipun sumrambah ing putra wayah buyut sarta ingkang para abdi agêng alit sadaya, sadaya sami kaparingan têdha mindhak, botên ngalêm lêgining gêndhis, botên wontên damêlipun [da...]

--- 165 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

[...mêlipun] sarta botên angsal epah, jumênêngipun Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping VI ngantos dumugi kamulyaning kamardikanipun, pantês sinudarsana dhatêng para panjênêngan ratu ing bawah India Nedêrlan, lulus rahayu ingkang cinipta dados, ingkang sinêdya wontên ingkang kinarsakakên dhatêng, tur botên jibar-jibur. Para putra santana sarta ingkang para abdi sami muwah-muwuh dening têdhanipun kathah.

Băngsa kula Jawi mugi sampun amanah prakawis jalamprah kalihan gundhul, punika dede timbangipun, kula sampun ngalami sadaya, tiyang jlamprah nyunggi rêgêd ing dalêm satêngah wulan sawêg dipun rêsiki sarana lăndha mêrang, enggal-enggalipun wolung dintên sawêg kramas, sêdhih punapa ingkang dipun upadosi, nanging sampun sok mamèrakên kasarasaning badan saking gundhul, punika botên, tiyang jlamprah gadhah ngumur tigang lawe minggah botên kirang, tarkadhang wontên ingkang sagêd ngumur 100 taun, tiyang gundhul cecrekan pêjah, botên kirang, sarta ngèngêtana yèn têtiyang èstri Jawi sarta liyan băngsa taksih sami jlamprah, dalah nyonyah Walandi inggih taksih jlamprah, dening rema kinarawistha dados rêrêngganing sarira, mokal yèn botêna manah dhatêng kasarasan, dados bab kasarasan [kasa...]

--- 166 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

[...rasan] têtela botên dipun sangkani saking gundhul, anggèn kula sagêd mastani susah tiyang ngingah rambut, nyunggi rêgêd ngantos satêngah wulan, sayêktosipun namung kèndêl wontên ing lambe kemawon, batos kula: botên, botên kula manah babarpisan, sarta botên gadhah rumaos sêdhih, sami ugi manahipun bojo kula pun jalamprah, inggih botên gadhah rumaos sêdhih. Sarèhning tiyang Jawi sampun sumêrêp ing awon sae, rêgêd punika awon, rêsik: sae, măngka taksih dipun lampahi kados ingkang sampun, pancènipun sampun botên susah dipun isin-isin, sarta botên susah dipun rêmbag, ingkang pêrlu jlampraha, akêkesodana, mênawi pangajaran inggih pinilala. Gundhula, ajas-jasana, mênawi lapisan kadamêl punapa, liding dongèng sampun manah sêmbah dhodhok, sakajêngipun tiyang: kenging, botên susah dipun wulang, dene gundhul jas-jasan, topi panama, ingkang ngangge sae, ingkang botên purun ngangge botên awon, jêr ajining badan botên saking pangangge sarta botên saking santun warni, punika lapis, ingkang murni saking kasagêdan, warnia kados Walandi pisan, inggih sawêg: kaya, kaya punika dèrèng sayêktos, cêmênga punika [puni...]

--- 167 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

[...ka] yèn nyata pintêr, pun pêthak inggih angaosi.

Awit saking punika bab santun pangangge santun warni sae pinanggih ing wingking, kasagêdan ingkang kabujêng kêdah wontên ngajêng rumiyin.

Wontên ugi awisan dalêm ingkang adamêl sangsaraning badan, lumampah ing alun-alun sarta salêbêting balowarti kaawisan kêkudhung utawi apêpayung tuwin ngangge cripu, bilih ing măngsa katiga adamêl sangsara sayêktos, dening panasipun anggêgirisi, mlampah tanpa aub-aub, tlapakan kados malocot-malocota, punika pantês dipun suwak dipun kengingakên, nanging tiyang nênumpak dipun awisi punika lêrês, awit tiyang alit katingal digsura, saru dinulu, dening kiyating tatakrama Jawi taksih mawi unggah-ungguh.

Tiyang pitakèn, mênawi tiyang mêmikul sarta nyênyunggi barang langkung ing kori gapit (= brajanala) mawi kurmat dipun udhunakên, punika punapa inggih dipun awisi? Punika kula botên têrang prayogi pitakèn dhatêng kănca kêmit bumi kemawon, upami botên dipun awisi kadospundi? Gêla.

Red.

--- 168 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

Blinden Instituut

en

Werkinrichting voor Blinden Bandoeng (Java).

Bandhung tanggal kaping 10 Marêt 1916.

Dipun aturakên dhatêng rêdhaksi Waradarma, ingkang jumênêng wontên ing Surakarta.

Nuwun wiyosipun, sarêng-sarêng sêrat punika kula nyaosakên dhatêng sampeyan satunggil lêmbar brok urê ingkang dipun wêdalakên dening griya picak prakawis: katrangan ngadohake laraning mata.

Kula nyuwun supados brok urê punika, ingkang saèstu gunanipun agêng sangêt, dipun sêratakên wontên ing sêrat kabar sampeyan.

Kula kintun brok urê punika ingkang sampun dipun cithak wontên basa sakawan dhatêng sêrat kabar sadaya ingkang sampun kula wanuh, ing nagari Jawi supados kasuwur ing pundi-pundi panggenan.

Samantên ugi kula matur nuwun manawi sampeyan purun tulung makatên.

Saking kula ingkang kuwasa griya picak.

J.J. de Strigtri.

--- 169 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

Katrangan ngadohake laraning mata.

Akèh kang padha picak jalaran lara mata, kang bisa waras sok uga ditambani sarta dipulasara kalawan ngati-ati.

A.

Dene sawiji saka lêlara mata mau, yaiku: lêlarane mata bocah kang lagi lair.

Lêlara iku bangêt mutawatiri. Mungguh tandhane lêlara mau mangkene.

Ngadat sawatara dina sawuse bayi lair, tlapukane mata abuh anjêndhul. Sarta bayi mau ora bisa ngêlèkake matane, manawa tlapukane dijêmbèng, tatela putihe mata warnane abang ngatirah lan ing ngisore tlapukan akèh bangêt nanahe.

Manawa lêlara iku ora dipulasara kalawan pangati-ati bocah mau mêsthi dadi picak, awit matane rinusak dening nanah.

Nanahe mata kang lara mangkono iku bangêt anulari.

Manawa nanah mau sawatara bae kêna ing mata waras, iku iya dadi lara.

Mungguh jalaraning lêlara mau, ngadat amrga êmboke nandhang [na...]

--- 170 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

[...ndhang] lara, mili gêtih putih kang nulari, sarta bayi kalane lair matane kêna nanah iku.

Utawa sababe lara, amarga matane bocah kêna ing nanah saka matane babu kang nandhang lara mata panunggalane iku.

Dene lêlara jalarane iya uga kêrêp bae, amarga nanahe wong kang lara mili nanah (bêngang) katut kaucêg ing matane bocah. Lah kapriye, dene kowe duwe pangira, yèn anakmu nandhang lara kang mutawatiri iku ora dadi picak?

1. Gawanên anakmu priksakna marang tuwan dhoktêr iku kang prayoga dhewe, tuwan dhoktêr dhewe bakal anètèsi tămba ing mata kang lara mau, amasthi mata kang lara ora lawas bisa waras.

Aja kasuwèn ênggonmu ngêntèni, manawa kowe wêruh yèn anakmu nandhang lara mêngkono, nuli gawanên aturna tuwan dhoktêr.

Dene manawa omahmu adoh karo dununge tuwan dhoktêr lah tindakna ing ngisor iki.

2. Tlapukane mata kang lara mau jêmbèngên sarana jêmpol, lan driji panuduh, nuli matane siramên banyu rêsik kang akèh [a...]

--- 171 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

[...kèh] (sing prayoga dhewe banyu kang wus digodhog, sarta wus adhêm manèh), nanahe mêsthi katut mêtu.

Iki tindakna sabên jam, rina lan wêngi, yèn ora mangkono bocah mêsthi dadi picak.

Iya kêna mata kang lara disiram nganggo banyu saka kriyuk utawa kasiram ing banyu lawan sendhok gêlas. Ananging aja pisan nganggo usap tangan rêgêd, ginawe angusapi mata.

3. Dieling yèn nanah iku nulari bangêt, sarta nanah kang kumanthil ing tanganmu iya bisa gawe laraning matamu.

Sabên-sabên tanganmu anggêpok mata kang lara, nuli tanganmu wisuhana ing banyu kang akèh luwih bêcik nganggoa banyu panas lan sabun.

4. Rêksanên bocah liyane aja kongsi srawungan karo bocah kang lara.

5. Anakmu aja kojupukake babu kang lara mata lan aja dikon angêmong ing wong kang lara mili nanah (bêngang).

6. Dhukun kang mitulungi kalane kowe manak, aja awèh anggêpok wêwadimu, sadurunge tangane diwisuhi kang rêsik.

--- 172 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

B.

Wong tuwa lan uga bocah ana kang padha nandhang lara mata, lêlarane iku nulari bangêt, lan agawe picaking pira-pira kang nandhang lara mau.

Lêlara iku lawas, lan têtêngêre beda-beda.

Mungguh wiwitaning lara putihe mata warnane rada abang matane krana gatêl ing sawatara sangisore tlapukan akèh yiyide putih ngumpul.

Yèn larane wis rada suwe ing tlapukan kang sisih jêro katon ana bundêr-bundêre abang, gêdhene kongsi sagotri, matane gatêl sarta mêtu yiyide kuning. Kang lara mau ora tahan andêlêng pêpadhang lan êluhe tansah nêrocos.

Manawa mata iku ora ditambani lan dipulasara kalawan ngati-ati, larane saya bangêt, ing mata kêna anuli ambalêntong putih kang lara dadi satêngah picak.

Ing pamburine tlapukan mangkêlung marang jêro, kongsi idêpe nocog mata utawa tlapukan ngisor malik mêtu ngêndhêlong.

Kang lara mau karasa matane lara bangêt, ing wusana picak babarpisan.

Mungguh anane lêlara iki awit tular-tumular saka wong seje [se...]

--- 173 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

[...je] marang ing liyane, yiyid kang nênulari bangêt, iku awit kagawa ing driji utawa usap tangan bisa tumama ing mata waras. Utawa jalaran saka banyu kang mêntas ginawe raup (adus) dening wong kang nandhang lara.

1. Rêksanên aja kongsi yiyide mata kang lara kaya mangkono, tumama ing matamu. Wisuhana tanganmu dirêsik, manawa anggêpok uwong kang nandhang lara kaya mangkono iku.

2. Larangana anak-anakmu dêdolanan utawa turu nunggal sapaturon karo bocah kang lara mangkono sarta padha nganggo nunggal usap tangan lan raup nunggal banyu.

3. Manawa matamu lara, sabisa-bisa dienggal nyuwun tulung dhoktêr, iku kang prayoga dhewe.

4. Dikêrêp anggone ngrêsiki ngulapi yiyid saka ing mata, sadinane mata siramana kang akèh nganggoa banyu rêsik (kang prayoga dhewe banyu godhogan) sing wis adhêm manèh. Mata kang lara ora kêna diucêg lan usap tangan kang ginawe angusapi kudu didhèwèkake.

5. Aling-alingana mata kang lara aja kêna soroting srêngenge utawa angin, nganggoa godhong gêdhang ginawe aling-aling [aling-...]

--- 174 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

[...aling] mata utawa nganggoa têsmak biru.

6. Ana sajroning omahmu kudu rêsik, ing kono kêna ana pêga utawa lêbu. Sabisa-bisa olah-olaha ing jaban omah, pêga iku ora bêcik tumraping mata.

Panyapune joganing omah, yèn kang lara mata wus mêtu saka ngomah, kawruhana lêbu iku ora bêcik bangêt tumraping mata.

7. Dirêsik pangruktine awakmu dhewe, sabên dina adusa nganggo banyu rêsik lan yèn mêntas nyambut gawe ing lêmah tanganmu wisuhana.

8. Pakarangane omahmu rumatana kang rêsik amrih aja ana lalêr kang anggawa lêlara saka sawijining mata tumular marang mata liyan.

9. Wong kang nandhang lara mata ora kêna mangan sambêl utawa liya-liyane kang mawa bumbu pêdhês bangêt.

Panyuwunan.

Katur ing ngarsa panjênêngan Mas Ngabèi Wirapustaka, rêdhakturing sêrat wulanan Waradarma ing Surakarta.

Kula nuwun wiyosipun, bilih panjênêngan botên awrat [a...]

--- 175 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

[...wrat] minangkani panyuwunan kula, wontêna karsa panjênêngan angêwrat rêringkêsaning sêrat saloka akalihan paribasan (zie Jav. Samenspraken II) wontên ing W.D. mêndhêt papaning W.D. kalih utawi sêkawan kaca kemawon, utawi gampilipun: sabên sawêdalan ngêwrat sêlangkung saloka utawi paribasan, makatên salajêngipun ngantos têlas. Upaminipun:

Sêrat saloka kalihan paribasan.

1. Anirna patra, ngibarat tiyang mukiri sêratanipun. Patra = godhong.

2. Anirna dhustha, ngibarat tiyang angesahakên pandung utawi durjana. Dhustha = awon, pandung, durjana.

3. Ina saksi, ngibarat tiyang prakawisipun titis dening saksi, kados ta asaksi durjana, utawi tiyang lalawora, punapadene tiyang èstri namung satunggil, punika botên dados pasêksènipun. Lalawora = tanpa damêl.

4. Ina sabda, ngibarat tiyang kaical-icalan botên asaid. Sabda = ungêl, swara.

--- 176 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

5. Êncak-êncakên. Têgêsipun ginjal-ginjal utawi jola-jola, yèn tumrap ing budi, tiyang kêkathahên rêringa. Êncak = onjat, ginjal, jola.

Makatên salajêngipun. Têngêr = têgêsipun.

Inggih sadaya wau măngsa panjênêngan badhe kakilapana, amurih gamblanging suraosipun saloka utawi paribasan wau.

Ing sarèhning bab punika ugi pêrlu kasumêrêpan, punapa malih sêrat wau sapunikanipun botên wontên ingkang sade, sanadyan wontêna inggih namung Jav. Samenspraken I amila upami panjênêngan andhanganakên panyuwunan kula kasbat ing nginggil, atur kula: sèwu sêmbah nuwun.

Bahrawa 26 Rabingulawal 1846.

Pun Muhamad Said.

Karsa panjênêngan ing nginggil punika mugi sampun dados panggalih, kula botên nyondhongi, amargi ngambili sêrat ingkang sampun kacithak, sami ugi kalihan tiyang wicantên dipun wongsal-wangsuli, adamêl bosênipun ingkang mirêngakên, kalih dene malih sêrat saloka paribasan taksih angèl sangêt pados-padosanipun têmbung ingkang dipun kajêngakên, dening taksih [ta...]

--- 177 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

[...ksih] mawi papan ăngka 1, 2, tuwin 3 dados kêdah ngupadosi katrangan sarta kêdah nyumêrêpi lingganipun rumiyin, kados ta: anirna patra, punika kêdah ngupadosi lingga sirna kalihan patra rumiyin, lajêng ambiyaki katrangan, mênawi sampun pinanggih wangsul ambiyaki ing papan ăngka pintên saking pitêdahing katrangan, tiyang ingkang botên talatos: wêgah. Owêl sangêt sêrat saloka paribasan botên gampil pangupadosipun prakawis ingkang dipun kajêngakên.

Awit saking punika sadèrèngipun panjênêngan katuwuhan panggalih, manah kula sampun ebah badhe anggampilakên waosanipun sêrat saloka paribasan kados satatanipun bausastra sarta ingkang botên angewahakên suraos sakêdhik-kêdhika, sampun kalampahan rampung ngengrengipun kula garap ing dalêm 5 taun, sapunika kantun angrêsikakên kemawon, mênawi sampun rampung badhe lajêng kula unjukakên ing kangjêng guprêmèn, kauningana.

Red.

Dongèng Siti Rokanah.

Sambêtipun Waradarma ăngka 4.

Sinom

1. lah iku nora prayoga | piniji ana ing ngarsi | akarya cuwaning kănca | atêmahan kosokbali | sêjane ngajak [ngaja...]

--- 178 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

[...k] bêcik | ngajak arja ngajak maju | ngajak junjung darajad | ngajak rukun trêsna asih | ing wêkasan malah mundur tan sayogya ||

2. iku kaki ywa pêpeka | sira wajib angawruhi | sarupaning narapraja | jingglêngên sawiji-wiji | wus kulup dèn aeling | amung iku wêkas ingsun | pangran putra manêmbah | dhuh rama dhuh paman rêsi | kaluhuran sadaya sabda paduka ||

3. badhe amba èstokêna | agnyaning rama sakalir | nanging èsthining tyas amba | botên pisan darbe osik | badhe jumênêng aji | anggêntosi rama prabu | dene èsthining driya | muhung sumarah ing pasthi | lan mêmuji raharjaning praja nata ||

4. pangran wrêdha duk miyarsa | ature sang narpasiwi | gumujêng suka ing driya | lan ngandika arum aris | dhuh babo atma mami | kang dadi woding tyas ingsun | kabèh wangsulanira | tan ana sisip sawèni | aran sira wus mêngku ambêk sujana ||

5. dene pamardi manira | kabèh kang kawahyèng ngarsi | ingsun uga wus wêwarah | sapa kang wêruh ing takdir | mung iya bokmanawi | ibunta jêng narpawadu | tita datan pêputra | kakung kang binadhe aji | yêkti sira kang nguthut wahyuning nata ||

6. pangran putra dhêku nêmbah | sang dwijawara nambungi | dhuh gusti sang narpatmaja | dhawuhe ramanta yêkti | wus ginalih utami | paduka kêdah mituhu | mamrih wicaksanèng [wica...]

--- 179 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

[...ksanèng] tyas | uninga ing agal rêmit | dimèn sarwa widagda trus tyas pranawa ||

7. pangeran putra maluya | inggih paman maha rêsi | saklangkung kalingga murda | dhawuhe rama tanapi | warahe paman rêsi | ngong pundhi-pundhi ing êmbun | mugi Hyang Suksmanasa | amidada nambadani | sakarsaning rama kang mamrih utama ||

8. duk samana dènnya samya | rêrasan mamrih utami | sadalu tanna nanendra | kongsi praptèng gagad enjing | myarsa swaraning paksi | kang samya nèng kalpataru | rame munya wurahan | prit gantil muni prit prit thir | cingcinggoling colang-caling malangkring pang ||

9. thilang-thilung kang kuthilang | mencok ing carang pring gadhing | ngacarani kancanira | angocèh pating caruwit | sawênèh andon rêsmi | dupi hyang aruna sampun | ambabar sayêmpraba | sorote sumirat abrit | amarbangbang mrabangkara dumipèngrat ||

10. kukila bubar umêsat | maring ăntariksa sami | somahan arsa mèt mangsan | asrang-srangan rêbut ngarsi | yayah samya sung wangsit | mring sira kang imbal wuwus | pangran wrêdha ngandika | kulup nora nyana mami | yèn samangkya wus wayah gagad raina ||

11. dyan nabda mring sang pandhita | kakang ajar rèh wus enjing | kularsa madal pasilan | ngaso umantuk ing panti | tarlèn yèn kakang rêsi | wangsul ing asrama muhung | kula

--- 180 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

tur pudya arja | wilujêngirèng lumaris | liyan ari kewala dèn dugèkêna ||

12. bawa rarasing agêsang | mrih samya manggih basuki | andhêku sang dwijawara | asarya umatur ririh | dhuh inggih inggih gusti | amba dahat nuwun sèwu | mugi-mugi lulusa | samya mrih arjaning siwi | pangran wrêdha dyan nabda mring narpaputra ||

13. wus kulup sun mulyèng wisma | andhêku sang narpasiwi | nulya jêjawatan asta | lan sira sang maha rêsi | pangran sampun lumaris | narpatmaja lan sang wiku | kurmat ngatêring natar | mangkya kawuwusa malih | sapêngkêre pangran wrêdha sang pandhita ||

Taksih wontên sambêtipun.

Abdi dalêm mantri miji: Mangunwijaya.

Sinom

1. ing mangkya saya kawuryan | lamun sajroning nagari | ing Surakarta sanyata | akèh kang para winasis | têmbung têmbang myang gêndhing | gêgadhangan băngsa luhung | lêluwanging sujana | akèh kang isih nglêluri | tan katêmah ing batin ngrasa kelangan ||

2. krana yèn tan kabênêran | kêna paribasan ugi | buru ucêng dêlêg ilang | mangkono lamun pinikir | nadyan amung samrêki | darbèke dhewe dèn bakuh | nadyan gêng saprabata | kak ing

--- 181 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

lyan tan migunani | lah ta padha rinasakna kang sanyata ||

3. kene iki alam Jawa | jawata ingkang murwani | Jawa dilastari Jawa | dhasar puniku sayêkti | atas kodrating Widhi | nadyan maliha ping sèwu | bok kongsi ping salêksa | lah măngsa tinggala uwit | uwit Jawa puwarane têtêp Jawa ||

4. lah ya êmbuh besuk apa | nanging puniku wus mêsthi | mungguhing budi kang prama | pramèng karsaning Hyang Widhi | ika iku lan iki | mung lêlakon aranipun | kalamun wus raina | ilang papêtênging wêngi | yèn wus pêtêng ilang padhanging raina ||

5. aywa ta mamrih kuncara | mundhak saya ora bêcik | puniku dhasar sanyata | kalamun rumăngsa bêcik | akèh tiba kuwalik | êliding bêcik kang timbul | kalakon kang mangkana | marma aywa ngaku luwih | titah iki sayêktine padha-padha ||

6. ana kang bisa mangkana | tan bisa mangkene yêkti | ana kang mangkene bisa | kang mangkono boya bangkit | dhasar lumrahing urip | amung nglakoni sapandum | marmane dèn narima | marang pêpanduming dhiri | dimèn sarèh ing tyas tan angăngsa-ăngsa ||

7. aku iki bisa kăndha | nanging tan bisa nglakoni | mung alowung sok wêruha | bokmanawa têmbe wuri | ana parmaning Widhi | amêthik uwohing kawruh | bisa sabar santosa | narima pancèning dhiri | kang tak [ta...]

--- 182 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

[...k] èsthi rina wêngi mung mangkana ||

8. ora ngarah apa-apa | mundhak sok nglarakke ati | pira lawase tumitah | têka datansah prihatin | ngrasakke sugih singgih | lah mundhak tiwas sumêngguh | agahan ambêgagah | kageyan kakehan pikir | tiwas mukir tan wurung dadi jiyadan ||

9. kinon bali lan dadakan | tan kêna dèn sêmayani | yèku lakoning tumitah | marmane para linuwih | kang wus sinungan wêning | mung mênêng lawan nênungku | angon karsaning Suksma | sumarah derah mring takdir | adoh saka rumăngsa daya upaya ||

10. pêpoyane janma kuna | aywa ngêgungakên dhiri | yogya padha nggêgulanga | andhap asor wrining dhiri | akèh kang dadi bêcik | miwah kasinungan luhur | luhur budi lan badan | têtêp yèn badaling Widhi | widhayaka putusing rèh saniskara ||

S.

Apalan sêkar ing Hariwara, pangèngêt-èngêt namaning dintên pasaran sapanunggilanipun, kagalih kirang sakeca pakêcapanipun, dening satunggiling priyantun ingkang lêbda nyêkarakên, kaewahan kados ing ngandhap punika, kula inggih mangayubagya anyondhongi.

Red.

--- 183 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

Gurisa of Girisa.

1. ngalam puniki sanyata | mung padhang pêtêng wujudnya | kang padhang ingaran rina | kang pêtêng wêngi arannya | yaiku ingaran dina | kubênge amêngku măngsa | aran sawêngi sadina | patlikur jam wêwangênnya ||

2. pinerang catur prakara | wiwit jam pat praptèng sanga | enjang arane punika | sapuluh prapta jam tiga | awan arane kang măngsa | jam pat sore praptèng sanga | sapuluh prapta jam tiga | wêngi wayahe kang măngsa ||

3. nulya mbabar warna-warna | ana bêcik miwah ala | padha mawa naptu samya | kanggo parluning manungswa | gone tinitah nèng dunya | asor luhur datan beda | măngsa ginawe pusaka | kadi ing ngandhap punika ||

Pocung

1. Akad lima Isnèn papat Slasa têlu | ari Rêbo sapta | wolu nêptunipun Kêmis | Jumungah nêm sabtu nêptunipun sanga ||

2. Kliwon wolu Lêgi lima nêptunipun | Paing naptu sanga | Pon pitu nêptuning ari | Wage papat jangkêp pasaran lêlima ||

Asmarandana

1. Sinta Landêp wuku wukir | Kurantil tolu gumbrêgnya | Wrigalit Warigagunge | Julungwangi wuku Sungsang | Galungan myang Kuningan | Langkir [Lang...]

--- 184 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

[...kir] Măndhasiyanipun | Julungpujud lawan Pahang ||

2. Kuruwêlut Mrakèh Tambir | Madhangkungan lawan Maktal | Wuye miwah Manaile | Prangbakat lan wuku Bala | Wugu lan wuku Wayang | Klawu Dhukut Watugunung | jangkêp wuku tigang dasa ||

3. Alip nêptune sawiji | Ehe nêptune lêlima | Jimawal têlu nêptune | taun Je nêptune sapta | warsa Dal nêptu papat | Êbe loro nênêm wawu | Jimakir nêptune tiga ||

Sinom

1. Sura pitu nêptunira | Sapar loro Mulud katri | Rabingulakir lêlima | pitu Madilawal sasi | sajuga Madilakir | Rêjêb loro Ruwah catur | Pasa nêptune lima | Sawal pitu Kidah siji | sasi Bêsar puniku nêptune tiga ||

Pangkur

1. kasa miwah măngsa sadha | padha ngumur angawan dasa siki | karo dhêstha nêlulikur | kasapuluh katiga | padha ngapat likur dina umuripun | kapat kasanga umurnya | padha anyalawe ari ||

2. kalima kawolu padha | ngumuripun angênêm likur ari | kanêm kalawan kapitu | angawandasa tiga | jangkêp măngsa rolas sataun ginunggung | tri tuswidak ma nêm dina | ganti-gumantining warsi ||

--- 185 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

Durma

1. măngsa wuku eka sapta Măndhasiya | dwi astha wuku Tambir | tri nawa Prangbakat | Dhukut catur sadasa | pănca dhêsthaning Kurantil | Julungwanginya | sad sadha kang mêngkoni ||

S.

Sajarah

Sambêtipun Waradarma ăngka 3.

Sinom

1. lindhu têrusan prawata | antuk tri taun ngêmasi | putra kang gumanti raja | juluk Gendrayana Aji | sangkala dêgira ji | trusing gapura pêpitu |[2] antuk salawe warsa | jêngkar sing Ngastina nagri | akadhaton anèng nagari Mamênang ||

2. yèku Kadhiri nagara | ri nata Gendrayana ji | nama Bangbang Sudarsana | gêntosi raka narpati | nèng Ngastina nagari | nama Yudayaka Prabu | titi duk jênêngira | catur tumingaling èsthi |[3] nata muksa dupyantuk nêm bêlas warsa ||

3. putra Prabu Gêndrayana | kang anèng Mamênang nagri | gumanti rama sang nata | jêjuluk Jayabaya ji | sangkala duk mandhiri | têrusing guna wêwolu |[4] tuk kawan dasa sapta | muksa wau sri bupati | putranira Maha Prabu Yudayaka ||

4. ran Prabu Sariwahana | mandhirèng Ngastina nagri | nalika taun rêmbulan | tanpa caturing [ca...]

--- 186 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

[...turing] pangèsthi |[5] dupyantuk wolung warsi | mring Mlawapati Sang Prabu | putra ro madêg nata | kang sêpuh parabirèki | Prabu Ajidarma nèng Malawapatya ||

5. kang ênèm pêparabira | Maha Prabu Astradarmi | jêjuluk Purusangkara | mandhirèng Ngastina nagri | dwi prabu duk mandhiri | tanpa rasaning pakewuh |[6] Sang Prabu Ajidarma | antuk nêm warsa ngêmasi | Prabu Astradarma antuk wolung warsa ||

6. seda kêlêm nèng Ngastina | nuntên putranya sang aji | Jayabaya ing Mamênang | nama Jayamijaya ji | sumilih ing sudarmi | titi duk jumênêng prabu | ngrasa ngèsthi brêmana |[7] antuk nêm warsa ngêmasi | ginantyaning putra Sri Jayamisena ||

7. sarêng lan jumênêngira | Prabu Astradarma siwi | anama Sri Anglingdarma | jumênêng nèng Mlawapati | dwi prabu duk mandhiri | sirnaning gapura wolu |[8] Prabu Jayamisena | antuk pitu likur warsi | Prabu Anglingdarma antuk kawan dasa ||

8. kalih warsa sami seda | nuntên putranya sang aji | Anglingdarma ing Malawa | kêkalih madêg narpati | kang sêpuh awêwangi | Radèn Anglingkusumèku | anèng Bujanagara | kang ênèm namanirèki | Radèn Danurwenda nèng Kartanagara ||

9. dwi nata ing jênêngira | duk ing taun sitarêsmi | tumingaling wêlut sanga |[9] pan mung antuk wolung warsi | seda sarêng sang aji | putranging[10] kusuma prabu | Prabu Găndakusuma | mandhirèng Malawapati [Mala...]

--- 187 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

[...wapati] | jumênêngnya sarêng lawan ingkang rama ||

10. tumingaling wêlut sanga | dupi antuk wolung warsi | suhud marang ing Mamênang | nuntên atmajanirèki | Jayamisena Aji | Kusumawicitra Prabu | jumênêng nèng Mamênang | sangkala adêgira ji | maetala pinrapat trus kudhandhangan |[11]|

Dhandhanggula

1. dupi antuk sangang warsa mangkin | jêngkar saking Mamênang nagara | marang ing Pêngging kuthane | duk jêngkarnya sang prabu | katon lima êlènging gangsir | mung antuk kawan warsa | seda sang aprabu | putra kang gumanti raja | apêparab Citrasoma Sri Bupati | titi duk jênêngira ||

2. gunaning rêksasa sanga nênggih | nata seda antuk wolung warsa | nuntên ginantyan putrane | păncadriya sang prabu | sinêngkalan jênêngira ji | bumi obah ping sanga |[12] tuk salikur taun | muksa wau sri narendra | ginantyan ing putra ran Anglingdriya Ji | duk ing taun rêmbulan ||

3. sinêngkalan sikarastha trusthi |[13] nagri Pêngging nulya tinimbangan | ing Galuh madêg kuthane | juluk Sindhula Prabu | sinêngkalan jênêngira ji | gapura bolong sanga |[14] Karungkala Diyu | madêg nata nèng Prambanan | animbangi karaton nagari Pêngging | titi duk jênêngira ||

4. sirnèng gêgana nir sitarêsmi | nata sirnantuk limalas warsa | Prabu Baka gumantyane | nèng Prambanan kutha gung | sinêngkalan jênêngira ji |

--- 188 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

tata janma nir tama |[15] sirnantuk tri taun | nulya Prabu Anglingdriya | sèlèh marang putra mantu awêwangi | Sang Prabu Darmamaya ||

5. jumênêng anèng Pêngging nagari | sinêngkalan duk ing jênêngira | trusing ati nir sêdyane |[16] seda antuk sataun | rama nata jumênêng malih | Mahraja Anglingdriya | duk umadêg prabu | nir sêmbah nêngèng sujana | amung antuk dwi warsa nata ngêmasi | putra Prabu Sindhula ||

6. ajêjuluk Dewatacêngkar Ji | akêkutha nèng Mêndhangkamulan | titi duk madêg pamase | wêlut dwi sirnèng êndhut |[17] antuk pitung warsa ngêmasi | nuntên Sang Ajisaka | angêndhih kaprabun | anèng ing Mêndhangkamulan | ajêjuluk Widayaka Sri Bupati | titi duk jênêngira ||

7. tanpa kukus tumênga ing sasi | muksa antuk kawan wêlas warsa | nulya Nglingdriya putrane | karo umadêg prabu | ingkang sêpuh julukirèki | Prabu Suwelacala | jumênêng amêngku | nagara Mêndhangkamulan | ingkang ênèm nama Pandayanata Ji | nèng Pêngging madêg nata ||

8. titi duk jênêngira nata dwi | sucining toya tumêngèng warna |[18] Suwelacala pamase | sedèng prang tuk rong taun | Sri Pandayanata Narpati | sedantuk limang warsa | nuntên putranipun | Sang Prabu Dewatacêngkar | nama Radèn Danèswara umadêg ji | anèng Purwacarita ||

9. Sri Mapunggung jêjulukirèki [jêjulu...]

--- 189 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

[...kirèki] | titi duk jênêngira narendra | rasèng toya tanpa gawe |[19] antuk limalas taun | mekradira sri narapati | anuntên putranira | Swelacala Prabu | Jakakandhuyu pêparab | madêg anèng Purwacarita nagari | jêjuluk Maharaja ||

10. Sri Mapunggung ingkang kaping kalih | titi duk mandhirèng maèswara | janma ngrasa nir budine |[20] antuk tri likur taun | muksa wau sri narapati | putra gumanti raja | Kandhiyawa Prabu | jêjuluk Jayalêngkara | sinêngkalan nalika jênêngira ji | catur èsthi nir karsa |[21]|

11. muksa antuk tiga wêlas warsi | nuntên Sang Prabu Tejalêngkara | madêg nèng Majapurane | binathara ratyagung | sinêngkalan jênêngira ji | sabda trus tanpa karya |[22] muksantuk tri taun | putra kang gumanti raja | ajêjuluk Tejangkara Sri Bupati | duk ing taun rêmbulan ||

12. tumêngèng wiyat basănta siki |[23] muksa antuk kalih dasa warsa | Rêsi Gathayu putrane | lima pambajêng wadu | kadi rama sang maha muni | subrata mati raga | nèng pucanganipun | sela manglèng pacrabakan | apêparab Kilisuci pandhitèstri | sidik paningalira ||

13. kang panênggak madêg narapati | Prabu Lêmbumiluhur Jênggala | Băndhabandhu karatone | pamadya madêg ratu | Lêmbupêtêng Sri Narapati | nèng Kadhiri nagara | Sumêndhi Sang Prabu | Lêmbumangarang [Lêmbu...]

--- 190 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

[...mangarang] Ngurawan | kang wuragil Lêmbumijaya Narpati | Singasari kêkutha ||

14. titi duk catur nata mandhiri | trusing bumi kumondhang sajagad |[24] sri catur sarêng muksane | antuk salawe taun | ing nagara Jênggalamanik | ingkang umadêg raja | putranya Sang Prabu | Lêmbuamiluhur nama | kondhang ing rat Panji Inokartapati | kasub sudira ing prang ||

15. bisikanira wau sang aji | Maha Prabu Suryaamisesa | titi duk madêg pamase | we suci rupa wujud |[25] muksa antuk pitulas warsi | putra gumanti raja | pêparabirèku | Rahadèn Kudalaleyan | ajêjuluk Suryaamiluhur Aji | mandhiri nèng Jênggala ||

16. sinêngkalan duk jênêngira ji | bumi obah sajagad wiryawan |[26] antuk sawarsa mandhirèng | jêngkar wau sang prabu | nênggih saking Jênggalamanik | marang ing Pajajaran | asalin jêjuluk | Panji Maesatandrêman | amung antuk kalih warsa nata lalis | putra gumanti raja ||

17. ajêjuluk Sri Banjaransari | titi duk adêgirèng pamasa | tri murti lawas rupane |[27] dupi antuk tri taun | jêngkar marang Galuh nagari | antuk dwi dasa warsa | muksa sang aprabu | putra kang gumanti raja | ajêjuluk Purbasagala Narpati | duk ing taun rêmbulan ||

18. karasa nir anêmbah sudarmi |[28] dupyantuk wolulas warsa muksa |

--- 191 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

putra kang gumanti rajèng | Dewa Mantala Prabu | sinêngkalan jênêngira ji | sucyasta nêmbah bapa |[29] antuk limang taun | seda wau sri narendra | ginantyan ing paman ran Sri Mundhingsari | mandhirèng Pajajaran ||

19. sinêngkalan duk jênêngira ji | trusing tingal anêmbah narendra |[30] tuk rolas warsa muksane | putra gumanti prabu | ajêjuluk Sri Mundhingwangi | duk ing taun rêmbulan | rupa we dwi prabu |[31] muksa antuk sangang warsa | putranira ingkang gumanti narpati | Prabu Găndakusuma ||

20. kondhang ing rat pêparabira ji | Prabu Pamêkas duk jênêngira | tanpa siyung nêmbah rajèng |[32] jumênêngira antuk | tigang dasa tiga ngêmasi | putra mudha gumantya | pêparabirèku | Rahadèn Siyungwanara | ajêjuluk Sang Sri Maha Raja Sakti | duk ing taun rêmbulan ||

21. tri murti nêmbah ing sudarmi |[33] mung antuk sataun sedèng rana | raka ji gumanti rajèng | nama Radèn Sêsuruh | madêg nata nèng Majapait | nama Prabu Bratana | de sangkalanipun | catur ngèsthi nêmbah raja |[34] tuk limalas warsa muksa sri bupati | putra gumanti raja ||

22. Prabu Anom Bramakumara Ji | titi duk mandhirèng maèswara | bolong sanga nêmbah rajèng |[35] antuk tri taun surud | wit cinidra ing maling juti | putra gumanti raja | Radèn Adaningkung | nama [na...]

--- 192 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-06, #909: Citra 1 dari 1

[...ma] Prabu Brawijaya | kang kapisan titi duk nata mandhiri | wulan doh bramèng jagad |[36]|

23. muksa dupyantuk limalas warsi | putra pambayun wadu gumantya | Ratu Ayu pêparabe | titi duk jênêngipun | turon made tiga anunggil |[37] muksantuk catur warsa | ri gumanti prabu | Arya Hayamwuruk nama | ajêjuluk Sri Brawijaya ping kalih | titi duk jênêngira ||

24. sirnèng asta kumukusing bumi |[38] muksantuk tri dasa nênêm warsa | putra gumanti pamase | parabira ing dangu | Radèn Arya Lêmbumisani | juluk Sri Brawijaya | mandhiri ping têlu | titi duk ing jênêngira | karasa ing siyung puyikaning bumi |[39] muksa limalas warsa ||

25. putra ingkang gumantya narpati | Prabu Brawijaya kang kaping pat | sêngkala dêgira rajèng | lèk sabda guna purun|[40] antuk kawan warsa ngêmasi | putra gumanti raja | Brawijaya Prabu | mandhiri kang kaping lima | sinêngkalan buta sapta osik wani |[41] tuk wolu likur warsa ||

26. tinimbangan ing Dêmak nagari | Radèn Patah jumênêng dipatya | ran Dipati Bintarane | titi duk jênêngipun | osik sirna sucining nabi |[42] Adipati Bintara | gya jumênêng ratu | Jêng Sultan Sah Ngalam Akbar | kang kapisan titi duk jênêngira ji | nir suci catur janma |[43]|

Taksih wontên sambêtipun.


wadana (kembali)
wadana
Tanggal Jawa: trusing gapura pêpitu (S 799). Tahun Masehi: 877-8. (kembali)
Tanggal Jawa: trusing gapura pêpitu (S 799). Tahun Masehi: 877-8.
Tanggal Jawa: catur tumingaling èsthi (S 824). Tahun Masehi: 902-3. (kembali)
Tanggal Jawa: catur tumingaling èsthi (S 824). Tahun Masehi: 902-3.
Tanggal Jawa: têrusing guna wêwolu (S 839). Tahun Masehi: 917-8. (kembali)
Tanggal Jawa: têrusing guna wêwolu (S 839). Tahun Masehi: 917-8.
Tanggal Jawa: tanpa caturing pangèsthi (S 840). Tahun Masehi: 918-9. (kembali)
Tanggal Jawa: tanpa caturing pangèsthi (S 840). Tahun Masehi: 918-9.
Tanggal Jawa: tanpa rasaning pakewuh (S 860). Tahun Masehi: 938-9. (kembali)
Tanggal Jawa: tanpa rasaning pakewuh (S 860). Tahun Masehi: 938-9.
Tanggal Jawa: ngrasa ngèsthi brêmana (S 886). Tahun Masehi: 964-5. (kembali)
Tanggal Jawa: ngrasa ngèsthi brêmana (S 886). Tahun Masehi: 964-5.
Tanggal Jawa: sirnaning gapura wolu (S 890). Tahun Masehi: 968-9. (kembali)
Tanggal Jawa: sirnaning gapura wolu (S 890). Tahun Masehi: 968-9.
Tanggal Jawa: tumingaling wêlut sanga (S 982). Tahun Masehi: 1060-1. (kembali)
Tanggal Jawa: tumingaling wêlut sanga (S 982). Tahun Masehi: 1060-1.
10 putraning (kembali)
putraning
11 Tanggal Jawa: maetala pinrapat trus (S 941). Tahun Masehi: 1019-20. (kembali)
Tanggal Jawa: maetala pinrapat trus (S 941). Tahun Masehi: 1019-20.
12 Tanggal Jawa: bumi obah ping sanga (S 961). Tahun Masehi: 1039-40. (kembali)
Tanggal Jawa: bumi obah ping sanga (S 961). Tahun Masehi: 1039-40.
13 Tanggal Jawa: sikarastha trusthi (S 982). Tahun Masehi: 1060-1. (kembali)
Tanggal Jawa: sikarastha trusthi (S 982). Tahun Masehi: 1060-1.
14 Tanggal Jawa: gapura bolong sanga (S 999). Tahun Masehi: 1077-8. (kembali)
Tanggal Jawa: gapura bolong sanga (S 999). Tahun Masehi: 1077-8.
15 Tanggal Jawa: tata janma nir tama (S 1015). Tahun Masehi: 1093-4. (kembali)
Tanggal Jawa: tata janma nir tama (S 1015). Tahun Masehi: 1093-4.
16 Tanggal Jawa: trusing ati nir sêdyane (S 1019). Tahun Masehi: 1097-8. (kembali)
Tanggal Jawa: trusing ati nir sêdyane (S 1019). Tahun Masehi: 1097-8.
17 Tanggal Jawa: wêlut dwi sirnèng êndhut (S 1028). Tahun Masehi: 1106-7. (kembali)
Tanggal Jawa: wêlut dwi sirnèng êndhut (S 1028). Tahun Masehi: 1106-7.
18 Tanggal Jawa: sucining toya tumêngèng warna (S 1044). Tahun Masehi: 1122-3. Biasanya kata "warna" berwatak bilangan empat (4). (kembali)
Tanggal Jawa: sucining toya tumêngèng warna (S 1044). Tahun Masehi: 1122-3. Biasanya kata "warna" berwatak bilangan empat (4).
19 Tanggal Jawa: rasèng toya tanpa gawe (S 1046). Tahun Masehi: 1124-5. Biasanya kata "gawe" berwatak bilangan empat (4). (kembali)
Tanggal Jawa: rasèng toya tanpa gawe (S 1046). Tahun Masehi: 1124-5. Biasanya kata "gawe" berwatak bilangan empat (4).
20 Tanggal Jawa: janma ngrasa nir budine (S 1061). Tahun Masehi: 1139-40. (kembali)
Tanggal Jawa: janma ngrasa nir budine (S 1061). Tahun Masehi: 1139-40.
21 Tanggal Jawa: catur èsthi nir karsa (S 1084). Tahun Masehi: 1162-3. (kembali)
Tanggal Jawa: catur èsthi nir karsa (S 1084). Tahun Masehi: 1162-3.
22 Tanggal Jawa: sabda trus tanpa karya (S 1097). Tahun Masehi: 1175-6. Biasanya kata "karya" berwatak bilangan empat (4). (kembali)
Tanggal Jawa: sabda trus tanpa karya (S 1097). Tahun Masehi: 1175-6. Biasanya kata "karya" berwatak bilangan empat (4).
23 Tanggal Jawa: tumêngèng wiyat basănta siki (S 1100). Tahun Masehi: 1178-9. (kembali)
Tanggal Jawa: tumêngèng wiyat basănta siki (S 1100). Tahun Masehi: 1178-9.
24 Tanggal Jawa: trusing bumi kumondhang sajagad (S 1119). Tahun Masehi: 1197-8. (kembali)
Tanggal Jawa: trusing bumi kumondhang sajagad (S 1119). Tahun Masehi: 1197-8.
25 Tanggal Jawa: we suci rupa wujud (S 1144). Tahun Masehi: 1222-3. (kembali)
Tanggal Jawa: we suci rupa wujud (S 1144). Tahun Masehi: 1222-3.
26 Tanggal Jawa: bumi obah sajagad wiryawan (S 1161). Tahun Masehi: 1239-40. (kembali)
Tanggal Jawa: bumi obah sajagad wiryawan (S 1161). Tahun Masehi: 1239-40.
27 Tanggal Jawa: tri murti lawas rupane (S 1183). Tahun Masehi: 1261-2. (kembali)
Tanggal Jawa: tri murti lawas rupane (S 1183). Tahun Masehi: 1261-2.
28 Tanggal Jawa: karasa nir anêmbah sudarmi (S 1206). Tahun Masehi: 1284-5. (kembali)
Tanggal Jawa: karasa nir anêmbah sudarmi (S 1206). Tahun Masehi: 1284-5.
29 Tanggal Jawa: sucyasta nêmbah bapa (S 1224). Tahun Masehi: 1302-3. (kembali)
Tanggal Jawa: sucyasta nêmbah bapa (S 1224). Tahun Masehi: 1302-3.
30 Tanggal Jawa: trusing tingal anêmbah narendra (S 1229). Tahun Masehi: 1307-8. (kembali)
Tanggal Jawa: trusing tingal anêmbah narendra (S 1229). Tahun Masehi: 1307-8.
31 Tanggal Jawa: rupa we dwi prabu (S 1241). Tahun Masehi: 1319-20. (kembali)
Tanggal Jawa: rupa we dwi prabu (S 1241). Tahun Masehi: 1319-20.
32 Tanggal Jawa: tanpa siyung nêmbah rajèng (S 1250). Tahun Masehi: 1328-9. (kembali)
Tanggal Jawa: tanpa siyung nêmbah rajèng (S 1250). Tahun Masehi: 1328-9.
33 Tanggal Jawa: tri murti nêmbah ing sudarmi (S 1283). Tahun Masehi: 1361-2. (kembali)
Tanggal Jawa: tri murti nêmbah ing sudarmi (S 1283). Tahun Masehi: 1361-2.
34 Tanggal Jawa: catur ngèsthi nêmbah raja (S 1284). Tahun Masehi: 1362-3. (kembali)
Tanggal Jawa: catur ngèsthi nêmbah raja (S 1284). Tahun Masehi: 1362-3.
35 Tanggal Jawa: bolong sanga nêmbah rajèng (S 1299). Tahun Masehi: 1377-8. (kembali)
Tanggal Jawa: bolong sanga nêmbah rajèng (S 1299). Tahun Masehi: 1377-8.
36 Tanggal Jawa: wulan doh bramèng jagad (S 1301). Tahun Masehi: 1379-80. (kembali)
Tanggal Jawa: wulan doh bramèng jagad (S 1301). Tahun Masehi: 1379-80.
37 Tanggal Jawa: turon made tiga anunggil (S 1315). Tahun Masehi: 1393-4. (kembali)
Tanggal Jawa: turon made tiga anunggil (S 1315). Tahun Masehi: 1393-4.
38 Tanggal Jawa: sirnèng asta kumukusing bumi (S 1320). Tahun Masehi: 1398-9. (kembali)
Tanggal Jawa: sirnèng asta kumukusing bumi (S 1320). Tahun Masehi: 1398-9.
39 Tanggal Jawa: karasa ing siyung puyikaning bumi (S 1356). Tahun Masehi: 1434-5. (kembali)
Tanggal Jawa: karasa ing siyung puyikaning bumi (S 1356). Tahun Masehi: 1434-5.
40 Tanggal Jawa: lèk sabda guna purun (S 1371). Tahun Masehi: 1449-50. (kembali)
Tanggal Jawa: lèk sabda guna purun (S 1371). Tahun Masehi: 1449-50.
41 Tanggal Jawa: buta sapta osik wani (S 1375). Tahun Masehi: 1453-4. Biasanya kata "osik" berwatak bilangan enam (6). (kembali)
Tanggal Jawa: buta sapta osik wani (S 1375). Tahun Masehi: 1453-4. Biasanya kata "osik" berwatak bilangan enam (6).
42 Tanggal Jawa: osik sirna sucining nabi (S 1403). Tahun Masehi: 1481-2. Biasanya kata "osik" berwatak bilangan enam (6). (kembali)
Tanggal Jawa: osik sirna sucining nabi (S 1403). Tahun Masehi: 1481-2. Biasanya kata "osik" berwatak bilangan enam (6).
43 Tanggal Jawa: nir suci catur janma (S 1440). Tahun Masehi: 1518-9. (kembali)
Tanggal Jawa: nir suci catur janma (S 1440). Tahun Masehi: 1518-9.