Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907

Judul
Sambungan
1. Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
2. Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Umum
Citra

Ăngka 4 taun III.

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

Dintên Ngahad Kaliwon tanggal kaping 15 wulan Rabingulakir, taun Je ăngka 1846.

Kabar wulanan
TIJDSCHRIFT

Waradarma

ing Surakarta.

Rêdhaktur gancaranRêdhaktur sêkaran
Mas Ngabèi Wirapustaka.Mas Ngabèi Rêksadipraja.

Rêginipun sêrat kabar punika sawulan 50 sèn sarta kêdah kabayar rumiyin ing dalêm 3 wulan.

Kaêcap ing kantor pangêcapan
N.V. Budi Utama
Surakarta
1916.

--- [0] ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

[Iklan]

--- 97 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

Palisastra

Sambêtipun Waradarma ăngka 3.

Gêmbung iku mèh padha bae karo panjingan, nanging drajade beda, kaya ta: kWli = kLs

Wêwênanging gêmbung ana ngarêp lan ana ing buri: beda, kaya ta:

a. ana ngarêm[1] sumambung ing wanda sigêg kêna kaulur, kaya ta: tznÑÈg = tznkuwg

b. ana ing buri dadi wêkasaning lingga, ora kêna kaulur, kaya ta:

satwa, ora satuwa, nanging kêna tinulis sato

kanwa ora kanuwa nanging kêna tinulis kano.

c. ora mung pasangan K T L bae kang bisa wutuh bali dadi aksara manèh yèn karakêtan gêmbung, sanadyan pasangan liya-liyane iya bisa bali wutuh dadi aksara manèh, kaya ta:

amB|kk [...][2]r

d. nanging panjingan ora bisa tumpuk têlu kayadene gêmbung, dadi kudu kaulur, kaya ta:

fipunTl[tosSi ora kêna tinulis fipunÒ[...][3]

--- 98 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

[tosSi amarga gêmbung sumambung ing aksara, panjingan: pisah.

Wancah

73. Wancah iku panugêling aksara, kaya ta: mn\ wancahaning: pmn\ simn\ enz. (zie lulu 83)

Wanda

74. Wanda mênga lan sigêg

a. wanda mênga iku aksara wêkasaning lingga lêgêna sarta karakêtan sandhangan swara liyane e tuwin ywanjana liyane } kaya ta: pr, pri, rru, p[r, p[ro, yt], kf-.

b. Wanda sigêg iku aksara wêkasaning lingga karakêtan sandhangan panyigêging swara, sarta sigêg aksara, kaya ta: mlh, ml/, ml=, mlk\

c. Wanda mênga rimbag i kriya nganggo panambang: nNi

ke kriya nganggo panambang: a[k kaya ta: z|ÓznNi, zÓzkH[k.

d. Nanging yèn wanda sigêg anglungguhi apa sêsigêge, kaya ta:

avJ|pukKi, avJ|pukK[k

--- 99 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

l

75. l aksara ilat (zie r 24)

76. l aksara anta sastra (zie a 2)

77. l dadi ăngka pitu (zie g 136)

l X

78. l X aksara luluh (zie r x 26)

Aksara l X yèn dadi purwaning lingga mungguh ing rimbag tanduk, tanduke nga, dadi adhapur panjingan, kaya ta:

azLpis\ ora a=lpis\

azLebu/ ora a=2bu/

79. Nanging yèn têmbung aran olèh atêr-atêr: ing, ora adhapur panjingan kaya ing dhuwur mau, tinulis wutuh bae, kaya ta:

ai=lwiyn\ ora ai=zLwiyn\

ai=2muru ora ai=zLemuru

L <

80. Pasangan L yèn dadi panambang lirune: ên, ora owah, kaya ta: cekelLen\ ora ceken<n\[4]

81. Nanging yèn lingga sumambung ing wanda sigêg ora owah, kaya [ka...]

--- 100 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

[...ya] ta: se[nNn<gi ora se[nNnLegi

Panjingan

82. Pangrimbage têmbung lingga panjingan L ana ngarêp lan ana ing buri: beda

a. panjingan ana ngarêp

1e. rimbag tanduk panulise kaulur, kaya ta: ambX=gu lirune: am\bL_gu

2e. yèn sumambung ing wanda sigêg, panulise iya kaulur kaya ta: fipunBX=kukken\ lirune fipun\bL_kukken\

b. panjingan ana ing buri

1e. kang kêna liniru anuswara = kaya ta: ju=bL_ lirune jum\bL_

2e. kang ora kêna liniru kaulur, kaya ta: jemBe[lok\ lirune jem\[bLok

c. panjingan kang mêtu saka ing têmbung wod

1e. yèn rimbag tanduk nganggo anuswara = kaya ta: a=[jog lirune an\[jLog

--- 101 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

a=bLes\ lirune am\bLes\

2e. yèn sumambung ing têmbung sigêg, olèh pitulungane atêr-atêr a kaya ta: fipunHebLesSken\ sxmHebL_

Luluh, wancah, garba, panjing

83. Luluh
a. luluh
1e. luluhing atêr-atêr sarta panambang, kaya ta: p[pon\ saka: papuan\

2e. luluhing têmbung camboran wutuh, kaya ta: r[fnNyu saka r[fnHyu
nemMtus\
sz=ztus\
gl/r[mBn\
ck/rym\

3e. luluhing têmbung camboran tugêl, kaya ta: k[kK=o saka tu=kkL[nBo[k=o

b. wancah

Wancah iku nugêl aksara ngarêp utawa ing buri,

--- 102 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

kaya ta:

pk\wancahaningbapak
jf]n"jayadirana
frm_gu="bandara tumênggung
[fnPti"radèn adipati

c. garba (= ringkês)

Garba iku ngringkês aksara wêkasaning lingga lan têmbung ing, kaya ta:

aa[n=panggarbane:ana ing}kang akèh kanggo ing kidung
j[y= "jaya ing
i kl-i=femk\[5]"kali ing Dêmak
u turWi=se[!Q=o"turu ing sênthong
e s[r-=km/ "sare ing kamar
o z[sW=b[zo"ngaso ing bango

d. panjing

Panjing iku aksara rong wanda diunèkake barêng, kaya ta:

pJh}kanggo ing kidung, padha karo aksara luluh
tikSW
sukSM

--- 103 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1
rt(}kanggo ing gancaran
lkLmPis\
wkWli

li=g

84. Lingga têlung wanda:

katela enz.}(zie no. 34 en 67)
sêgara enz.

p

85. p aksara lambe (zie w 69)

86. p aksara taya sastra (zie t 51)

87. p lingga têlung wanda (zie s 67)

88. p dadi atêr-atêre têmbung lingga, aran lingga andhahan = Substantief bisa luluh lan aksara purwaning lingga utawa ora, kaya ta:

padu luluhing paadu saka adu

paido Gramm. R. saka idu

p neuskl.

89. Pa, ana sangarêping têmbung tanduk aran kriya wacaka Substantief, kaya ta:

panjaluk = olèhe anjaluk hulpwoord

--- 104 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

90. Nanging yèn rimbage nyimpang saka ugêring tanduke, kaya ta:

panèwu panumping enz. iya isih aran rimbag kriya wacaka, nanging ora atêgês hulpwoord. atêgês Zelpstandigenwd utawa bijvoegelijknwd.

p - an\

91. Rimbag pa - an = atêr-atêr pa, ana sangarêping têmbung lingga olèh panambang an, aran daya wacaka, bisa luluh lan aksara purwaning lingga utawa ora, kaya ta:

petungan luluhing paitungan saka itung

pocapan luluhing paucapan saka ucap

paidon ora pedon saka idu

paukuman ora pokuman saka ukum.

p neuskl. an\

92. Rimbag pa neuskl. an = atêr-atêr pa, ana sangarêping rimbag tanduk, olèh panambang an, aran karanawaka, kaya ta:

pangaron saka ngaru

pangadilan saka ngadili

pangrêmêkan saka ngrêmêkake.

Taksih wontên sambêtipun.

--- 105 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

Ngupadosi namaning taun.

a. Anu saudara, mênawi tiyang badhe sumêrêp namaning taun ingkang sampun utawi ingkang dèrèng kalampahan, tuwin ingkang sawêg lumampah dening kasupèn, punika sagêdipun sumêrêp kadospundi, pathokanipun punapa.

b. Punapa wontên tiyang supe namaning taun ingkang sawêg lumampah.

a. Lêrês mênawi tiyang Jawi botên wontên, nanging para tuwan kathah kemawon ingkang supe, namung èngêt angkaning taun, kacundhukakên kalihan angkaning taun Walandi, dening awis kêsrambah.

b. Wontên pathokanipun, angkaning taun kabage wolu, kados ta:

1e. taun ingkang sawêg lumampah 1845 : 8 = 23 + 5. Kawiwitan saking taun Wawu, dhawah Jimawal.

a. Sabab punapa kawiwitan saking taun Wawu, botên saking taun Alip.

b. Amargi taun Wawu punika wiwitipun wontên taun sapisan, sinangkalan kunir wuk tanpa jalu = ăngka 0001. Inggih punika pangajawinipun Prabu Ajisaka, mila winastan taun Saka.

--- 106 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

2e. taun ingkang sampun kalampahan, naga muluk tinitihan janma = 1708 : 8 = 212 + 4. Kawiwitan saking taun Wawu dhawah Ehe, kados ingkang sampun mungêl ing Sêrat Hariwara [blz. 16 - 8 v.o.]

a. Ê lo, kados sanès pangetangipun saudara, ingkang sampun mawi kawêwahan 6. Sapunika botên.

b. Lêrês panggalihipun tuwan gèsèh, awit atur kula ingkang rumiyin, kawiwitan saking taun Alip, sapunika saking taun Wawu.

a. Kula rêmên pathokan ingkang kantun, botên mawi amêwahi ăngka, mêwahi punika mênawi èngêt, mênawi supe kadospundi.

b. Kula sumăngga, kaparêng pathokan ingkang kantun.

Ngupadosi angkaning taun ingkang sampun kalampahan.

a. Caupami[6] tiyang kasupèn angkaning taun kalairanipun, namung kengêtan umur sarta namaning taunipun, punapa inggih sagêd madosi.

b. Sagêd, makatên:

3e. umur kula sampun 75 taun lumampah, taunipun [taunipu...]

--- 107 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

[...n] Alip, angkaning taun, upami kula kasupèn, punika

kula padosi taun ingkang sawêg lumampah1845
kula cêngklong umur kula sami nglênggahi74
kantun1771

inggih punika angkaning taun kalairan kula, mênawi kabage wolu, kakantunanipun inggih dhawah taun Alip 1771 : 8 = 221 + 3 Wawu, Jimakir, Alip.

4e. Taun ingkang dèrèng kalampahan, pangetangipun sami kemawon kalihan taun ingkang sawêg lumampah, upami benjing taun 1899 : 8 = 237 + 3 Wawu, Jimakir, Alip.

Ngupadosi namaning windu ingkang sawêg lumampah.

a. Kados awis tiyang ingkang nitèni lampahing windu, dening lami longkangipun, ngantos wolung taun sawêg santun.

b. Kasinggihan pangandika sampeyan, dhasar awis tiyang èngêt namaning windu ingkang sawêg lumampah, sanadyan kula kadangu inggih botên èngêt.

a. Lah kadospundi sagêdipun sumêrêp sarta mênawi wontên petangipun.

b. Mênawi kaupadosan gampil kemawon, dening wontên [wo...]

--- 108 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

[...ntên] pathokanipun, sarta lajêng sumêrêp namaning windu ingkang lumampah.

a. Kula mugi kasêrêpakên pisan, kadospundi pangetangipun.

b. Prayogi, angkaning taun ingkang lumampah kabucal 2 lajêng kabage 32.

a. Saking punapa ing pathokan kabage 32 awit windu namung wontên sakawan.

b. Inggih saking kathahing windu sakawan wau, sawindu-windunipun amêngku taun 8 x 4 = 32. Sapunika taun ingkang lumampah 1845 - 2 = 1843 : 32 = 57 + 19. Petanganipun mênawi dhawah:

1 t/m 8Sancaya}manawi têlas dhawah Sêngara
9 t/m 16Adi
17 t/m 24Kunthara
26 t/m 31Sêngara

a. Sabab punapa mawi kacêngklong kalih rumiyin.

b. Amargi:

sapisan anglênggahi petang suda1
kaping kalih, mênawi kabage 32 têlas, kawiwitan}1
saking windu Sêngara, măngka mênawi dhawah 1 t/m 8 wiwit Sancaya suda
gunggung2

--- 109 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

a. Punapa kala taun satunggal, windunipun Sêngara.

b. Inggih, nuju windu Sêngara.

Rumaos kula piyambak, kula punika sampun kawical ragi mêngrêtos dhatêng petangan Jawi, nanging nocogakên kalihan petangan Walandi: cotho, botên sagêd manah babarpisan.

a. Kadospundi saudara pangandika sampeyan punika, kula dèrèng mangrêtos.

b. Makatên, saupami panjênêngan ngandika: besuk abis bulan tanggal ping 6 bae balia: tak bayar, măngka sapunika sawêg tanggal kaping 6 kados taksih kirang sawulan, punapa dhawah ing wulan Jawi sarta dintên pêkênanipun, sagêd kula madosi: kula urutakên ngantos kaping 30 inggih mênawi namung metang sawulan, kenging dipun talatosi, wangsul metang ngantos kalih tigang wulan, utawi langkung, lajêng wêgah kêdah ningali almênak.

a. E, makatên. Dados punika gampil kemawon saudara, dintên punika kaping 28 Marêt, dintên pêkênan sarta wulanipun Jawi punapa, tanggal kaping pintên.

b. Sapunika dintên Ngahad Lêgi tanggal kaping 11 wulan Jumadilawal.

--- 110 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

a. Pangetangipun makatên, saupami benjing kaping 26 Mèi sapunika kaping 28 Marêt, dados kantun:

MarêtAprilMèi}= 59. Timbanganipun,
31026
JumadilawalJumadilakirRêjêp}= 59
113018

59 : 7 = 56 + 3. madosi dintên

59 : 5 = 55 + 4. madosi pêkênan

Kawiwitan saking dintên ingkang badhe dipun idaki

Sênèn, Slasa, Rêbo}dados benjing kaping
Paing, Pon, Wage, Kliwon

26 Mèi dhawah wontên ing dintên Rêbo Kliwon tanggal kaping 18 wulan Rêjêp.

b. E, e, kok gampil bae panjênêngane tuwan, dados kula dhapur gêntos maguru.

a. Iyak, punika prakawis punapa, mênawi dipun sêrêpakên, inggih lajêng sagêd.

b. Kosokwangsulipun punapa kenging ngetang ingkang sampun kalampahan.

a. Sami kemawon, namung pangetangipun angidaki sarta kapetang [ka...]

--- 111 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

[...petang] mundur, kados ta:

JanuariPebruariMarêt}= 87.
312828
SaparMuludRabingulakirJumadilawal}= 87.
17302911

Punika ngupadosi dintên pasaran sarta tanggalipun wulan Jawi kala taun baru (= kaping sapisan) Januari kapêngkêr punika, kados ta:

87 : 7 = 84 + 3. madosi dintên

87 : 5 = 85 + 2. madosi pêkênan

Ngahad, Sêtu, Jumungah}= Jumungah Kliwon
Lêgi, Kliwon

inggih punika dintên dhawah ing dintên taun baru.

b. Kosokwangsulipun, saupami badhe sumêrêp tanggalipun wulan Walandi, saking tanggalipun wulan Jawi, punapa inggih kenging.

a. Sami kemawon, sanadyan tanggaling wulan Cina sarta ngumuring măngsa inggih ugi kenging, suwawi kula aturi anjèjèr tanggalipun wulan satunggal-tunggal.

b. Inggih, upami dintên punika dintên Sênèn Wage tanggal kaping 11 wulan Sura taun Jimakir ăngka 1842 kula badhe sumêrêp [su...]

--- 112 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

[...mêrêp] dhawahing garêbêg wulan Mulud, dados taksih kirang 3 wulan, punika dhawah dintên pêkênan punapa, tanggal Walandi tanggal Cina kaping pintên, pra nata măngsa ngumur pintên dintên, punika punapa makatên:

Sura kaping 11 kantun19 dintên
Sapar wêtah ngumur29 dintên
Mulud, garêbêgipun tanggal kaping12 dintên
Gunggung60 dintên
Januari kaping 1 kantun30 dintên
Pebruari wêtah ngumur29 dintên
Marêt, kidakan1 dintên
Gunggung60 dintên
Cap It Gwik kaping 13 kantun17 dintên
Cap Ji Gwik wêtah ngumur30 dintên
Cya Gwik kidakan13 dintên
Gunggung60 dintên
Măngsa kapitu ngumur 10 dintên kantun 33 dintên
Kawolu wêtah ngumur26 dintên
Kasanga kidakan1 dintên
Gunggung60 dintên

--- 113 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

= 60 : 7 = 56 + 4 madosi dintên, pangetangipun langkah Salasa, Rêbo, Kêmis, Jumungah

= 60 : 5 = 60. têlas, madosi pêkênan, pangetangipun anglênggahi Wage,

dados benjing garêbêg Mulud ngajêng punika dhawah dintên Jumungah Wage,

wulan Walandi Marêt kaping 1

wulan Cina Cya Gwik tanggal kaping 13

dhawah măngsa kasanga ngumur sadintên.

a. Dene punika lajêng baud kemawon, botên ngaping kalih damêl.

b. Tiyang panjênêngan jênêngi, manah botên gadhah sumêlang, mênawi lêpat amêsthi panjênêngan lêrêsakên.

a. Anu saudara, pangèngêt-èngêt ingkang sampun kasêkarakên, utawi ingkang dèrèng, kados prayogi dipun kalêmpakakên, èngêt kula namaning windu dèrèng kasêkarakên.

Inggih lakar dèrèng kasêkarakên, mênggah karsa sampeyan punika sanadyan ngaping kalih damêl, nanging wontên paidahipun tumrap ingkang sampun maos Sêrat Hariwara sagêd [sagê...]

--- 114 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

[...d] cêpak èngêtanipun, kula urut sapikantukipun.

1. Namaning windu sakawan.

mocung windu mung sakawan kathahipun | Adi myang Kunthara | Sêngara Sancaya tampi | sabên wolung warsa giliran gumantya ||

H.W. 3 - 6 v.o

2. Nama sarta nêptuning taun, kangge ngupadosi dintên.

Alip juga ngasmarani | Ehe gangsal nêptunira | Jimawal tri Je saptane | Dal catur ing nêptunira | Be kêkalih nêptunya | Wawu nênêm kathahipun | Jimakir tri ing nêptunya ||

H.W. 11. 6.

3. id

Kangge ngupadosi pêkênan.

wijiling Alip nêptu sawiji | Ehe lima manggon | warsa Jimawal lima nêptune | Je catur Dal nêptunipun katri | Be tri Wawu kalih | Jimakir juga mung ||

H.W. 11. 7. v. o.

4. Nama sarta nêptuning wulan, kangge ngupadosi dintên.

Sura sapta nêptuning artati | Sapar kalih Mulude têtiga | Rabingulakir limane | Madilawal nêmipun | Madilakir [Madila...]

--- 115 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

[...kir] amung sawiji | Rêjêp kalih nêptunya | Ruwah nêptu catur | Pasa gangsal ing nêptunya | Sawal sapta Dulkangidah mung sawiji | Bêsar tri ing nêptunya ||

H.W. 11 - 10.

5. id

Kangge ngupadosi pêkênan.

Sura Sapar nêptu lima | Mulud lan Rabingulakir | sami sakawan nêptunya | Madilawal Madilakir | têtiga nêptunèki | Rêjêp lan Ruwah tinêmu | kêkalih nêptunira | Pasa Sawal nêptu siki | Dulkangidah Bêsar nêptune lêlima ||

H. W. 11. 4. v. o.

6. Nama sarta nêptuning dintên pasaran utawi nama sapta (of pănca) wara, kangge petang pasatowan enz.

pan alima Akad nyarkarani | Sênèn papat Salasa têtiga | Rêbo pêpitu nêptune | Kêmis wolu puniku | apan nênêm Jumungahnèki | Saptu nêptune sanga ||

Kaliwon wêwolu | Lêgi gangsal ing nêptunya | Paing sanga Pon pitu ing nêptunèki | Wage catur nêptunya ||

H.W. 23 - 3.

7. Nama sarta ngumuring măngsa.

kasa saddha kawan dasa siki | karo dhêstha tri likur ngumurnya | katêlu kasapuluhe | sami ngumur patlikur | kapat lawan [la...]

--- 116 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

[...wan] kasanga mami | ngumur salawe dina | kalima kawolu | ngumur nêm tulikur dina | kanêm lawan kapitu ngumure sami | kawan dasa têtiga ||

H.W. 27 - 7. v. o.

8. Nama sarta watêking măngsa.

kasa wêlasan sêkar artati | karo carobo kumêt katiga | kapat rêsikan majuwèh | kanêm lantiping kalbu | kapitune tiba cêngkêling | kawolu tiba madya | kasanga swara sru (barabah) | laran atèn kasa dasa | dhêstha acalimut ing têgêsirèki | saddha sêdhêng artinya ||

H.W. 30 - 2.

9. Măngsa wuku.

măngsa wuku ngasmarani | eka sapta măndhasiya | dwi astha tiba tambire | tri nawa ing pêrangbakat | catur dasa dhukutnya | pănca dhêstha kurantil gung | sad saddha ing julungsêkar ||

H.W. 31. 6.

10. Namaning wuku tigang dasa.

sinta landêp wukir lan kurantil | tolu gumbrêg warigalit lawan | warigagung julungwange | sungsang galunganipun | kuuningan langkir măndhasih | julungpujud lan pahang | kruwlut mrakèh tambur | madhangkungan maktal wuwya | manail prangbakat bala [ba...]

--- 117 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

[...la] wugu ringgit || klawu dhukut selarga

H.W. 13. 10. v. o.

11. Tampi sèrèning wuku.

Ing ngandhap punika tampi sèrèning wuku tigang dasa, kasêkarakên dados satunggal.

wuku tigang dasa kumambang ing warih sabên ri Raditya tampi sèrèn lumastari wangsul yèn wus pitung căndraNgahad{Paing}wuku nêm ingkang darbèniSinta gumbrêg lawan, galungan pahang pituwin, maktal wugu kanêmira.
ÊponKrantil julungsêkar, măndhasiya lawan tambir, prangbakat sarta dhukutan.
WageLandêp lit wariga, kuningan kuruwêluti, wuye lawan wuku wayang.
KliwonTolu sungsang lawan julungpujud madhangkungi, jangkêpe bala selarga.
LêgiWukir gung wariga, langkir mrakèh myang manail, kulawu jangkêp tri dasa.

--- 118 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

12. Salêbêtipun wolung taun, wulan ingkang botên wontên (suwung) Gara Kasihipun.

andhandhang lèk Gara Kasih sêpi | Alip Jumadilakir lan Bêsar | Ehe Rêjêp Jimawale | Mukaram Sabanipun | Je Sapar lan Ruwah kang sasi | Dal Mulud lawan Pasa | taun Be Rabingu | Wawu Rabingulakir lan | Dulkangidah taun Jimakir mungkasi | wulan Jumadilawal

13. id

Wulan ingkang wontên Gara Kasihipun. ||

Alip

Sura Alip sapta Gara Kasih | Sapar nuju tanggal kaping rolas | Mulud wolulas tanggale | Rabingu têlu likur | Madilawal nyanga likuri | Rêjêpe kaping lima | Ruwah ping sapuluh | Pasa tanggal ping nêmbêlas | Sawal kaping nêmlikur Dulkangidah ping | pitu likur Anggara ||

Ehe

Sura Ehe ping tri Gara Kasih | Sapar ping wolu Mulud patbêlas | Rabingu ping sangalase | Madilawal malikur | Rêjêp pisan Anggara Kasih | Ruwah kaping nêm tanggal | Pasa rolas [ro...]

--- 119 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

[...las] nuju | Sawal tanggal ping pitulas | Dulkangidah têlu likur Gara Kasih | wolu likur lèk Bêsar ||

Jimawal

Sapar Jimawal tri Gara Kasih | Mulud ping sanga Rabingu wulan | patbêlas Gara Kasihe | Madilawal rongpuluh | ping salawe Jumadilakir | Ruwah tanggal sapisan | Pasa kaping pitu | Sawal tanggal kaping rolas | Dulkangidah wolulas Bêsar mungkasi | ping têlulikur tanggal ||

Je

Sura Je ngalikur Gara Kasih | Mulud ping lima Bingu sadasa | Madilawal nêmbêlas lèk | Madilakir salikur | Rêjêp pitu likur ri Kasih | Ramêlan kaping tiga | Sawal kaping wolu | Dulkangidah ping patbêlas | kantun juga lèk Bêsar Anggara Kasih | tanggal kaping sangalas ||

Dal

Sapar Dal salawe Gara Kasih | Mulud lèk pisan Rabingu wulan | ping nêm Anggara Kasihe | Jumadilawal nuju | kaping rolas Jumadilakir | tanggal kaping pitulas | Rêjêp têlu likur | Ruwah Gara dwi dasastha | Sawal catur Dulkangidah sadasa [sa...]

--- 120 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

[...dasa] ri | Bêsar kaping limalas ||

Be

Sura Be rongpuluh Gara Kasih | Sapar kaping salawe Anggara | Rabingulakir jugane | Madilawal ping pitu | kaping rolas Jumadilakir | kaping wolulas Rajab | Ruwah têlu likur | Ramêlan dwi dasa astha | Dulkangidah ping lima Bêsar mungkasi | tanggal kaping sadasa ||

Wawu

Sura Wawu ping nêmbêlas Kasih | Sapar salikur nuju Anggara | Mulud ping pitu likur lèk | Madilawal ping têlu | kaping wolu Jumadilakir | Rêjêp kaping pat bêlas | Ruwah dhawahipun | ing tanggal kaping sangalas | Pasanggara salawe Dulkangidah ji | kaping nêm wulan Bêsar ||

Jimakir

Sura Jimakir rowêlas Kasih | Sapar Anggara kaping pitulas | Mulud ping têlu likur lèk | Rabingu wolu likur | kaping catur Jumadilakir | Rêjêp kaping sadasa | Ruwah Kasih nuju | tanggal kaping lima wêlas | Pasa slikur Sawal nêm likur mungkasi | ping kalih wulan Bêsar ||

--- 121 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

14. Sêngkan turunan.

Sêtu}Lêgi sri Pon sapigumarang Kliwon kuthilapas Wage asu ajagPaing cèlèng têmbalung.
Ngahad
Sênèn
Slasa
Rêbo.
Kêmis
Jumungah

Kareka kasêkarakên kinanthi dados satunggal

Sêngkan turunan cinatur{Sêtu}
NgahadLêgi dhawahnya Sri
SênènPon Sapigumarang
SlasaKliwon kuthilèki
RêboPaing asu ajag
KêmisWage têmbalungi
Jumngah

15. Sri tumurun.

Ing ngandhap punika sêkar undur-undur kajongan, kangge apalan tumuruning sri, dhawah ing wuku pêpitu, kareka dados satunggal, makatên:

--- 122 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1
owi{tolu wukya}ari{Somanya}sarkara, sriyuwati tumurun ing{pawonbrama}mas- êmase durka jongan
julung sêkarAnggarapasareyan
langkir wukyaBudanyapadaringan
mrakèh wukyaRêspatipatamanan
wuye wukyaSukranyapakandhangan
wugu wukyaTumpaknyapalumbungan
sela argaRadityapalêsungan

Kinanthi

1. kanthinên duk sri tumurun | bêcik ing sabarang kalir | aparêk daulatira | cêpak bêgjane mênuhi | sajatinên unggyanira | prapta umi Sriyuwati ||

2. nèng pawon kandhang myang lumbung | padringan taman tanapi | nèng pasuptan palêsungan | dèn enggal gyanta cêcawis | gêlarana klasa băngka | sêbarana bungah ramping ||

3. ngobara mênyan myang ratus | ing wayah sirêping janmi | myang banyu kêmbang sataman | nèng pangaron anyar mawi | winuwuh sêkar cêpaka | kênanga gambir malathi ||

4. găndawida burat arum | karêmêne Sriyuwati | babo padha dèn èstokna | yêkti kang tinêmu bêcik | rinêksa maring Pangeran | ing saciptanira dadi ||

5. antuk sabdèng wali kutup | yèku Jêng Sunan ing Giri | kuncarèngrat nagri Dêmak | pawukon dadi inganggit | sasat wruh durung winarah | bêgja cilakaning janmi ||

--- 123 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

16. Lampahing padangon sanga.

danguwatu
jagurmacan
gigisbumi
kerangansrêngenge
nohanrêmbulan
woganulêr
tulusbanyu
wurunggêni
dadikayu

Kasêkarakên dados tigang pada.

Asmaradana

1. padangon pinurwèng kawi | dangu têgêsipun sela | jagur ari mong têgêse | gigis atêgês bantala | kerangan sang hyang arka | nohan têgêse sitangsu | wogan ulêr têgêsira ||

2. tulus têgêsipun warih | wurung atêgês pawaka | dadi kêkayon têgêse | lakune padangon sanga | sabên ari gumantya | wiwit padangon lumaku | Ngahad Paing wuku sinta ||

3. ambaladhêg kawan ari | dangune kaping sakawan | prapta Kêmis Lêgi sèrèn | padangon jagur gumantya | nuli gigis kerangan | nohan wogan [woga...]

--- 124 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

[...n] tulus wurung | dadi dangu bali Sinta ||

17. Kurup.

Dhandhanggula

1. ringkêsaning kurup wèh mêmanis | nyumurupi tanggale sapisan | taun Alip Rêbo Wage | Ehe Ngahad Pon kurup | Jimawal Jumungah Pon tampi | Je Salasa Paingnya | Dal ri Saptu madu | Be Kêmis Lêgi arinya | Wawu Sênèn Kaliwon taun Jimakir | Jumungah Wage tămpa ||

2. Sura siji Sapar têlu siji | Mulud patma Bingulakir nêmma | Madilawal pitu pate | Madilakir ro catur | sasi Rêjêp katri-katrini | Ruwahnya gangsal tiga | Pasa nêm ro nêptu | Sawal ji ro Dulkangidah | ro ji nêptu sasi Bêsar amungkasi | sakawan lan satunggal ||

H.W. 45. 6. v. o.

18. Naga taun, naga jatingarang sarta tumbuking naga.

Sinom

1. naga taun roning kamal | Bêsar Sura Sapar sasi | naga nèng êlor dunungnya | Mulud lan Rabingulakir | Jumadilawal sami | nèng wetan ing dunungipun | Jumadilakir Rajab | Ruwah nèng kidul nagaji | Pasa Sawal Dulkangidah kidul gyanya ||

2. jatingarange gumantya | Sura Sapar Mulud sami | nèng wetan dununging naga | Rabingulakir Jumadi- | lawal Jumadilakir [Juma...]

--- 125 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

[...dilakir] | sami manggyan anèng kidul | Rêjêp Ruwah myang Pasa | nèng kilèn anantapati | Sawal Dulkangidah Bêsar lor unggyannya ||

3. nagawarsa jatingarang | lakune gilir gumanti | sami mangiwa ubêngnya | tumbuke yèn têlung sasi | nèng lor Bêsar kang sasi | nèng wetan ing sasi Mulud | nèng kidul ponang naga | dhawahing Jumadilakir | liya iku lakune asêsowangan ||

H.W. 55 - 5.

Dongèng Siti Rokanah.

Sambêtipun Waradarma ăngka 3.

Sinom

1. maksih kathah kitab-kitab | kang nawung wasita jati | mamrih kotamèng narendra | darapon widada adil | dening darsana nguni | kèh natambêk angkara dur | myang kang ambêk sujana | karêm ring rèh darmastuti | ingkang nistha kang madya myang kang utama ||

2. sadaya sampun rinipta | ing kitab turut tarêtip | tanapi laksitèng patya | myang para nayaka mantri | kang sêtya kang nastiti | kang lirwa myang kang tan ayu | sampun winot ing kitab | muwah laksitaning èstri | kang utama miwah ingkang datan arja ||

3. myang pamardi mring atmaja | supadya limpad ing budi | sadaya sampun kacêtha | tan wontên kirang sawiji | kados ta kitab tabih | kitab [kita...]

--- 126 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

[...b] tarèh sirul muluk | myang sipatul ngukala | sipatul kukuma tuwin | kitab asralmafaittuh patulwijra ||

4. myang min ajusalatina | tanapi ilatul muksim | kitab wanatul makiya | myang kitab khayatul mulki | lan mikrajul muslimin | myang kitab ahbarul muluk | falail muluk lawan | kitab arabul ngumuri | sitrul muluk lan tuhfatul salatina ||

5. ajatul muluk kalawan | kitab maratul ngalimin | tarikul umum myang kitab | ikatul muksinun tuwin | jawairal mafati | lan kitab jannatul muluk | adabul salatina | lawan fayaiyul yatin | myang makrifatunasi ar atungadlad ||

6. sadaya punika yogya | para kang binadhe aji | wajib lamun uningaa | surasanya kongsi titi | yèn sampun nguningani | sarasèng kitab kacakup | yêkti wicaksèng driya | tan kewran mring rèh wigati | ing wusana tyas waskitha nawung kridha ||

7. wrin obah osiking praja | myang solah bawaning dasih | puwara kasub kaswara | kèndêl aturnya sang rêsi | pangran sêpuh nabda ris | mring putra sang narpasunu | hèh kulup Abuniyas | kabèh dhawuhe sang rêsi | piyarsakna cathêtên jroning wardaya ||

8. lan kitab-kitab samuha | kang wus winuwus sang yogi | upayanên dènna angsal | sukur yèn wus andarbèni | yèn durung darbe nuli | nyiliha [nyi...]

--- 127 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

[...liha] maring musium | mundhut karyarujitan | yèn musium durung isi | anjaluka mring gêdhong Radya Pustaka ||

9. yèn ing kono nora nana | mundhuta Medhan Muslimin | miwah mring Mukhamaddiyah | yêkti kono angrawati | manawa mêksa sêpi | nyiliha Mambangul Ngulum | mundhuta kakang Anwar | yèn wakne Anwar mangsuli | nora nana iya uwis narimaa ||

10. cukup sira amacaa | carita Jawa abêcik | layang Raja Kapakapa | gajêge uwus dèn pêthik | anèng Pustakawarti | dening mas bèi rêdhaktur | ing Waradarma ăngka | sapuluh duk taun kalih | lowung kanggo piridan rèh laksitarja ||

11. pêthikên ingkang utama | cundhuke lan jaman mangkin | karana salining jaman | sajatine iku kaki | iya salining budi | budining wong andhap luhur | dening dayaning kodrat | tan kêna dèn sulayani | yèn sulaya aran nora nawung kridha ||

12. têgêse anawung kridha | sumurup ing obah osik | wêruh rèh ing saniskara | lan wêruh ing sambang liring | kêdhap kilap udani | myang bisa angon panuju | wahyaning masa kala | ringkêse mangkene kaki | wong kabubuh ngasta pusaraning praja ||

13. kudu wruh sosiking cipta | ciptane kang dèn wêngkoni | lamun ana kawistara | kang darbe cipta tan yukti | nuli papasên kaki | ywa kongsi kalantur [kala...]

--- 128 ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

[...ntur]-lantur | dene kang cipta arja | ujanên lan dèn bantoni | kabulêna jurungana ragadana ||

14. kongsi têkan kang jinăngka | yèn uwus nyata udani | pedahe kanggo ing praja | nartani sanggyaning janmi | antarane kaèksi | dadi bêcik dadi maju | dadi sarwa prayoga | kang duwe moga ing nguni | glis unggahna pangkate lan sri nugraha ||

15. dimène sênêng ing driya | lan banjur wuwuh marsudi | widadaning sêdyatama | manawa mangkono kaki | sayêkti anênarik | maring sagung rowangipun | marsudyèng rèh raharja | balik yèn sira tan uning | saobahing cipta ingkang ayu ala ||

16. aran sira tan wêweka | wêkasane nora bêcik | pinudya dadya pangarsa | puwara malah kawuri | (Kalatidha) wong pinilih nèng ngarsi | yêkti nora gampang kulup | tan kêna ngenak-enak | kudu awas kudu eling | kudu asih lan wong kang cipta raharja ||

17. kudu nora amarêkna | lawan kang cipta tan yukti | lamun ana narapraja | kang piniji anèng ngarsi | ana kang darbe budi | yèn rowange katon maju | katon bêcik raharja | katon lantip katon mikir | tyase ewa sumêlang yèn kaungkulan ||

Taksih wontên sambêtipun.

Abdi dalêm mantri miji: Mangunwijaya.

--- [0] ---

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

[Iklan]

Waradarma, Wirapustaka dan Rêksadipraja, 1916-04, #907: Citra 1 dari 1

ngarêp (kembali)
ngarêp
Font untuk pasangan da utuh dengan pasangan wa tidak tersedia. (kembali)
Font untuk pasangan da utuh dengan pasangan wa tidak tersedia.
Pasangan la dibawah pasangan ta utuh tidak tersedia. (kembali)
Pasangan la dibawah pasangan ta utuh tidak tersedia.
cekel<n\ (kembali)
cekel<n\
§ Uitzondering wanèng pati orawanying pati (kembali)
§ Uitzondering wanèng pati orawanying pati
Saupami (kembali)
Saupami