Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Van Dorp, c. 1917–25, #1083

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 258
1 dari 810
1–10 dari 8.099
1. Dhandhanggula[1]
001.01 jam sangenjing Buda Kliwon nênggih | sasi Rabingulakir tanggalnya | ping sanga likur taune | Jimawal wuku Wugu | măngsa surya kawolu nênggih | sêngkala tanah Jawa | mangke kang dèn etung | siking ratu naganing rat |[2] undêrsêtan wêdana Rahadèn Panji | Jayasubrata lagya ||
001.02 nandhang papa nèng nêgri Sêmawis | kinèn nurun kang carita Buda | dhumatêng ing tuwan toko | van Dhorêp en Ko mêngku | pêngêcapaning Sastra Jawi | wiwitipun carita | nênggih kang winuwus | Sri Pêjajaran pamungkas | pan ing mangke miwiti caritanèki | tinrap sêkar macapat ||
001.03 kang jinêjêr carita kinawi | Sang Prabu Pêjajaran wêkasan | langkung luhur kêratone | angrèh samaning ratu | tanah Jawa sabrang sumiwi | ngaturkên upêktinya | sabên-sabên taun | kunjuk Natèng Pêjajaran | duk sêmana marêngi sawiji ari | nimbali kyana patya ||
001.04 sampun prapta ngarsane sang aji | kyana patih manêmbah pra nata | sang nata lon ngandikane | hèh patih sira ngrungu | ngêndi ana jalma linuwih | luwih samaning jalma | kang sakiranipun | ngregoni jênêng ngong nata | ya ta nêmbah umatur rêkyana patih | pukulun sri narendra ||
001.05 inggih ulun amiyarsa warti [1: 4] | ardi Wanakrama dhepokira | Sidikwêcana wastane | pandhita langkung luhung | tinarima sasêdyanèki | barang ingkang cinipta | saèstu maujud | wuninga dèrèng winarah | kinasihan ing dewa sasolahnèki | arewa-rewa raja ||
001.06 sri narendra sarêng amiyarsi | angartika sajroning wardaya | miyarsa patih ature | yèn ora ingsun suwuk | angregoni sapungkur mami | sun têdha ing juwata | ing sapungkur ingsun | sabanjure tanah Jawa | aja liya turun sun kang madêg aji | sang nata lon ngandika ||
001.07 hèh ta patih karsaningsun iki | sira dhewe ingkang lumakua | mring gunung Wanakrama ge | katêmu lan sang wiku | Sidik angling sang maharêsi | anggawa sêlir ingwang | sandinên puniku | yaiku sêlir manira | sun kandhuti bokor kêncana kang rêmpid | tumuli sinabukan ||
001.08 kang supaya ywa nganti kaèksi | akatona yèn mêtêng têmênan | pitung wulan ing wayahe | konên badhe puniku | hèh ta patih kang jabang bayi | pa wadon apa lanang | badhene yèn luput | ya măngsa bodhoa sira | kyana patih sandika aturirèki | tămpa sêmu narendra ||
001.09 sêlirira kangjêng sri bupati | winêdalkên saking jroning pura | sampun kinandhutan bokor | sinabukan barukut | rangkêp sapta ingkang jêjarit | kamyat lir mêtêng sapta | kyana patih sampun | atampi sêlir narendra | tinitihkên ing joli pinikul aglis [1: 5: a...glis] | lan kalih êmbanira ||
001.10 nêmbah lèngsèr kya patih lumaris | sri narendra kundur angêdhatyan | sigêgên wau sang katong | kya patih kang winuwus | alêstari dènnya lumaris | minggah maring aldaka | Wanakrama wau | mantri sêkawan tut wuntat | ya ta sigêg wau kang lagya lumaris | kocapa sang pandhita ||
1 dari 810

 


Teks asli: Pupuh Dhandhanggula. (kembali)
Tanggal: Buda (Rêbo) Kliwon sanga likur (19) Rabingulakir Jimawal: siking ratu naganing rat (AJ 1813). Tanggal Masehi: Rabu 27 Februari 1884. (kembali)