Tembang macapat

Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 134
1 dari 461
1–10 dari 4.605
1. Dhandhanggula
001.001 mêmanise kang pinurwèng kawi | naranata ambêg martotama | asih marang ing dasihe | dananira lumintu | mring santana punggawa mantri | gêng alit tan abeda | kawaratan sinung | busana baksana samya | kinawulawisudha sabilik-bilik | kaduman kawiryawan ||
001.002 marma sanggyaning kang para dasih | tansah musthi pangèsthining driya | mêmuji ing Pangerane | pajampu Hyang Kang Agung | mêwahana rahmating Gusti | Sri Nata Surakarta | Adiningrat tulus | raharja salaminira | dadya pangayomaning dasih sanagri | têtêp mukti wibawa ||
001.003 winantua kamulyan linuwih | sumrambah mring para kawulendra | ayêm arsaya driyane | miyat kangjêng sang prabu | kinarilan dening Hyang Widhi | samangke ingkang eyang | jêng tuwan guprênur | general ing Batawiyah | amangayubagya ing karsa narpati | pêpara mring lyan praja ||
001.004 tanah măncanagara pasisir | rawuh Surabaya Pasuruan | Madiun Samarang ing lèr | Salatiga Têmanggung | Ambahrawa Magêlang tuwin | Maos Tlacab Banyumas | candhi Barabudhur | Purwakarta Purbalingga | Kutharêja iku wus dèn uningani | dening jêng narèswara ||
001.005 winursita kangjêng sri bupati | têdhak marang nagari Ngayogya | nalika ri Sênèn Wage | tanggal sapisan nuju | wulan Bêsar wasa[1] Jimakir | ăngka ingkang [1: 2: ing...kang] lumampah | 18[2] | 42 lawan | sinung căndra sangkala ingkang lumaris | myat warna slira tunggal |[3]|
001.006 kaping 11 Nopèmbêr warsi | 1912 | Mêsèhi titimangsane | malih sangkalanipun | kalih sêmi trusthaning galih |[4] wau ta kang winarna | Ngahate winuwus | sore jam 1/2 5 | Kangjêng Pangran Kusumayuda sarimbit | kalawan ingkang garwa ||
001.007 Gusti Kangjêng Ratu Anggèr tuwin | Gusti Dyan Ayu Yudanagara | myang Gusti Radyan Ayune | Jayanagara sampun | abusana samapta sami | sarimbit lan kang garwa | parabdi tut pungkur | nitih sêpur kang pungkasan | dhawuh dalêm iku kinon ngrumiyini | marang nagri Ngayogya ||
001.008 tigang rimbit anjujuga sami | sipêng ana ing Pakualaman | sadaya angèstokake | enggaling crita rawuh | sêtatsiun ing Tugu nuli | sadaya sami mandhap | kangjêng gusti mêthuk | Pangeran Dipati Arya | Prabu Suryadilaga tansah anganthi | nèng kering ingkang garwa ||
001.009 ingkang paman ugi atut wuri | Kangjêng Pangeran Natadiraja | mring Tugu amêthukake | tamu kang lagya rawuh | sawusira warti-winarti | karaharjaning lampah | ingancaran sampun | sami anitih kareta | otomobil laju dènira lumaris | datan kawarnèng marga ||
001.010 sadayane sampun sami prapti | ing Pakualaman wus sudhiya | kamar badhe [1: 3] pondhokane | pêpak pirantinipun | tan kuciwa dipun tingali | para tamu punika | sami sukèng kalbu | sawusira tata lênggah | sawatara sang prapta binoja krami | kakung putri sarêngan ||
1 dari 461

 


warsa. (kembali)
Baca: sèwu wolung atus. (kembali)
Tanggal: Sênèn Wage sapisan (1) Bêsar Jimakir: myat warna slira tunggal (AJ 1842). Tanggal Masehi: Senin 11 November 1912. (kembali)
Tanggal: 11 Nopèmbêr: kalih sêmi trusthaning galih (1912 M). (kembali)