Tembang macapat

Kridhaatmaka, Mangunwijaya, 1909, #1262

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Kridhaatmaka, Mangunwijaya, 1909, #1262

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 11
1 dari 45
1–10 dari 448
1. Dhandhanggula
01.001 kumawiku mêmalat mêmanis | angla-êla kumalaning nala | kalingan ngalela dhewe | mrih pamberating giyuh | angruruhi wadining bumi | manggyan madyaning jagad | ngungun rungsitipun | pilih kang wikan kêkêran | tarlèn puja sêmadi ênêng lan êning | ascarya pamoring Hyang ||
01.002 pan mangkana karkating tyas nanging | andupara paran kalakonnya | lir pra wipra kang pratamèng | parasja budyama nung | witing tuman kataman tistis | ri ratri sru rinoban | coba gung matimbun | dyan kajiyat jrit jroning tyas | kaprawasa prandene paksa anganggit | sumêla tanpa ngrasa ||
01.003 marma dahad ing driya wiyadi | kadung kaduk kadaring budaya | tanwun cineda dadine | dening sru mudha punggung | yun mêmindha sang dwija kadi | kêkonang arsa madha | padhanging sitèngsu | yêkti dahat tan tumimbang | puwaramba mung mêminta pangaksami | samuning pasang cipta ||
01.004 de kang dadya kadarpaning kapti | tarlèn saking kacaryan yun wikan | purwaning dumadi kabèh | têmah lalu mangruruh | sarasaning sastra marungsit | yasèng sang kawiswara | kang wus kasarawung | ring sêrat sung pralampita | piniluta linuting sêkar mrih dadi | darsanèng tyas mardawa ||
01.005 kang minăngka purwakaning ruwi | mamèt saking sarasèng supatra | kang marna purwèng [2: pur...wèng] kadadèn | dhingin wasitanipun | pustakadi Hidayat Jati | mèt saking wêwêjangan | kaping dwi sinêbut | wêdharan wahananing dad | nukit saking kitab Dakaikhal Kaik | mangkana kang winahya ||
01.006 sajatine ingsun dad kang sukci | kang amurba amisesèng jagad | kang kawasa nitahake | sawiji-wiji wujud | dadi padha sakala sami | sampurna saking kodrat | lan iradat ingsun | ing kono wus kanyataan | pratandhane apngal ingsun ingkang dadi | bêbukaning iradat ||
01.007 ingkang dhihin ingsun wus akardi | kayu aran Sajratul Yakina | tumuwuh anèng sajrone | ing alam Adam Makdum | ya Ajali Abadi nuli | cahya ran nur Mukhamad | gya kaca sinêbut | Miratul Khayai nul |[1] nyawa iya ingaranan Roh Ilapi | gya damar winastanan ||
01.008 kandil nuli sotya dèn wastani | darah nulya ingkang dhindhing jalal | aran kijab iku kabèh | wrananing klarat ingsun | de artinya ingkang sayêkti | Khayu Sajaratula | yakin kang tumuwuh | jroning Adam Makdum ika | lan Ajali Abadi urip sajati | tuwuh nèng têlênging rat ||
01.009 Sunyaruri maksih suwung sêpi | salaminya ing kaanan kita | iya iku kakekate | dad muntlak ingkang agung | ya ananing asma sajati | dadi wahananira [3] | ngalam Khadiyatu | kadwi aran nur Mukhamad | wardinira iya cahya kang pinuji | kacrita jroning kitab ||
01.010 warna kadi pêhsi[2] mêrak munggwing | jro sêsotya kang acahya seta | manggon nèng ngarah-arahe | kang Kayu Sajaratul | kakekate cahya kang wêning | iya ta jalining dad | kang Wajibul Wujud | nèng Nungkat Gaib minăngka | sipating kang atma dadya wahananing | ing alam Akhadiyat ||
1 dari 45

 


Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: Miratul Khayai nulya. (kembali)
pêksi. (kembali)