Tembang macapat

Têgalgănda, Pigeaud, 1953, #1382

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Têgalgănda, Pigeaud, 1953, #1382

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 2
1 dari 6
1–10 dari 52
1. Dhandhanggula
1.01 ascaryambêk Jêng Pangran Dipati | Prangwadana myat ing pacangkraman | kamantyan têlêng rêsmine | marma kinuswèng kidung | minardawa sarkara wrêdi | mandarsanèng kawarja | rikala mangapus | Radite dwi dasanawa | lèk Rabingulawal ri sêdhêng Be warsi | sangkala kang winarna ||
1.02 waudadi astha sabdèng aji [1: 66] |[1][2] wuryaning kalangyan saking praja | kidul kilèn ing prênahe | kang yasa Jêng Sinuhun | Pakubwana Surakarta ping | sapta ran Têgalgănda | sakilèn marga gung | kang dhatêng Ngayogyakarta | pinurwendah sampat srining kang wadari | rakit pura pêpara ||
1.03 majêng mangetan amangku margi | mujur ngilèn capurining pura | nêmatus kaki panjange | mangalèr mung tri atus | pagêr banon kinăntha kêlir | saguthêk pinilaran | linepa ring pingul | rininggit amadung têmpak | puput papak praptèng gapura ing wingking | kang anjog mring narmada ||
1.04 sinung marga mubêng nut capuri [1: 67] | pirit lawan têpining têgalan | kinalang lèpèn kalihe | sakiwa têngênipun | lir jêjagang larèn ngidêri | pinggiring pasanggrahan | kinambêng ing ranu | longkanging jawi prasada | talun dadya pacangkraman sri bupati | terong timun watêsan ||
1.05 prênah ngarsa cakêt lan capuri | sakiduling marga sêsimpangan | ingkang saking lurung gêdhe | salèring marga sinung | wisma panjang lajuran tunggil | kêstalan yèku măngka | parèrènanipun | sagung rata myang rakitan | titihane sadaya kang para putri | cèthi miwah parêkan ||
1.06 pinrih pupul ing papan sapanti [1: 68] | dadya sapetak payon atêpan | cêpak puspaka prênahe | pagêr capuri ngayun | banon pandhak pinancaksuji | jinênêng pêpilaran | talajug tinunjung | banjêng pagut ing wiwara | tanpa wrana mrih bawera ing pangaksi | sagung kang kawistara ||
1.07 madyèng natar mawa langên adi | sakêmbaran kang candhi gupita | tinanêman saubênge | sari sawarninipun | sasêlane candhi kêkalih | kulah kilenan toya | mimba saking umbul | maju pat munggèng pojokan | madya sinung wot mangetan prapta maring | panjêraning bandera ||
1.08 kering kanan pagêring capuri [1: 69] | lêlajuran ginêdhong salirang | bêlah binilik palihe | kang lèr kilèn gyanipun | sagung koki dhaharan sami | kang olah sêsaosan | rinukti nèng ngriku | sagêdhong malih gyanira | pra rêdênas kang samya anglêladosi | wedang lawan minuman ||
1.09 nênggih wetan malih kang sapalih | panggenane titihan kareta | myang pangirid turanggane | agêm ingkang sinuhun | nunggil gène kênèk lan kusir | wontên malih wangunan | pagêr banon kidul | samya kinarya timbangan | lawan kang lèr ginêdhong salirang anging | kaot tan mawi kamar ||
1.10 unggyaning kang dasih ngampil-ampil [1: 70] | sakaprabon upacaranira | para pangeran sakèhe | longkang sawetanipun | gêdhong slirang sinungan malih | wisma panggonan găngsa | kalih nunggil dunung | saidêring palataran | tinanêman taru-taru sarwa saking | kang mêntas pinutêran ||
1 dari 6

 


§ Taun Jawi 1784, taun Walandi 1855, wulan Dhesèmbêr. (kembali)
Tanggal: Radite (Ngahad) dwi dasanawa (29) Rabingulawal (Mulud) Be: waudadi astha sabdèng aji (AJ 1784). Tanggal Masehi: Minggu 9 Desember 1855. (kembali)