Tembang macapat
Pabrik Tasikmadu, Pigeaud, 1953, #1383
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Pabrik Tasikmadu, Pigeaud, 1953, #1383
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
1 dari 1
1 dari 2
1–10 dari 14
1. Dhandhanggula | |
1.01 | purwaning rèh makirtyaning rawi | Dite Manis rolikur kang tanggal | Rabingulawal taun Be | tan sêpi ngèsthi wadu |[1][2] Kangjêng Gusti Pangran Dipati | Arya Mangkunagara | ingkang kaping catur | mayasa pabrik sarkara | karsanira dadya pangungsèning dasih | kang sêdya ngupajiwa [1: 87] || |
1.02 | dinunungkên nèng wetan banawi | laladaning desa Karangmaja | sakidul Nglano prênahe | ingaran Tasikmadu | wolung êpal saking nagari | siti kidêran toya | nalasih marusuh | padesan gêng bêbanjaran | saubênge karangkitri katon wilis | kèh wisma kawistara || |
1.03 | kono ingkang arsa dèn purwani | patrap banon talêsing suyasa | rinakit uparênggane | ujung capurinipun | amaju pat sinungan anjir | bul-umbul kang kinarya | gêdhah rêkta pingul | jumbuh lan bandera Wlănda | saubênge pinalang palêngkung alit | rinêngga ron puspita [1: 88] || |
1.04 | pêpulêtan lir buntal malilit | lêt nyadhêpa congkog cagakira | mung kalih asta inggile | tandhês praptèng palêngkung | agêng ingkang pungkas capuri | mangalèr ajêngira | sakiduling lurung | ingkang anjog Karangmaja | jinajaran rêrontèk uruting margi | tumănja nuting saka || |
1.05 | pojok marga kang mangidul manjing | mring capuri wetan sinung wisma | alit mangulon ajênge | tinaratag ing tarub | goning găngsa ingkang ngurmati | saliring pamiwaha | ing sakilènipun | marga gêng sinungan wisma | kampung panjang mujur mangilèn kinardi | sasana nambut karya [1: 89] || |
1.06 | madya sinung marga ngidul maring | panggonaning talêsing suyasa | kanan kering sama dene | pinagêran palêngkung | alit kadi kang wus jinarwi | têngah sawetan marga | dinêgan ing tarub | kono panggonaning găngsa | Kodhok Ngorèk kang kinarya angurmati | traping banon purwaka || |
1.07 | cakêt talês rinukti ing panti | papan pancèn pamacaning thika | ingkang tinanêm badhene | rinêngga ing pamangun | ginêbêran wastra warna tri | gêdhah seta myang rêkta | tan pae ingkang wus | kidul mangandhap sinungan | pêpataran derarsa trap-trêping kori | sinadhiyan pandaya [1: 90] || |
1.08 | papan ingkang sakidul capuri | sinung marga ngidul paranira | tri dasa kaki wiyare | anjog mring marga agung | kang mangetan saking nagari | marang ing Karangpandhan | duk panggarapipun | tinutur mung pitung dina | têbihira satêngah pal winatawis | saking marga mring praja || |
1.09 | nahên ingkang samaptaning panti | dintên Saptu jam sakawan siyang | nunggil wulan myang taune | tanggal kaping salikur | Kangjêng Gusti Pangran Dipati | Arya Mangkunagara | mangkat têdhakipun | sing praja mring Karangmaja | nitih rata cinatur ingkang umiring | kang nunggil sapuspaka [1: 91] || |
1.10 | para putra kang dhèrèk kêkalih | Jêng Pangeran Prabu Prangwadana | Găndasuputra kalihe | katiga putranipun | kangjêng gusti kang kaping kalih | Nararya Brajanata | ing saangkatipun | Tumênggung Jayasarosa | lawan sagung punggawa myang para mantri | dhèrèk wahana kuda || |
1 dari 2
1 | § Taun Jawi 1800, taun Walandi 1871, wulan Juni. (kembali) |
2 | Tanggal: Dite Manis (Ngahad Lêgi) rolikur (22) Rabingulawal (Mulud) Be: tan sêpi ngèsthi wadu (AJ 1800). Tanggal Masehi: Minggu 11 Juni 1871. (kembali) |