Tembang macapat

Serenan, Pigeaud, 1953, #1385

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Serenan, Pigeaud, 1953, #1385

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 5
1 dari 9
1–10 dari 86
1. Dhandhanggula
1.01 sêkunging tyas dera mrih mêmanis | paripêksa mêsu ngapus gita | ingkang ginupita ing rèh | duk Kangjêng Pangran Prabu | Prangwadana arsa cangkrami | manumpu rumponira | Serenan kang kêdhung | nèng marga badhe misaya | dene wadya santana lan para ari | mung bêkta sawatara ||
1.02 tinamtokkên angkatira ari [1: 98] | Kêmis Êpon patlikur kang tanggal | wulan Rêjêb taun Ehe | katiga mangsanipun | toya asat wus wolung sasi |[1][2] yeka sangkalanira | ya ta kang winuwus | jêng pangran nararya putra | angkatira wanci pukul gangsal enjing | sawadya nitih rata ||
1.03 asri tinon ing samargi-margi | sinarêng kras lampahe kang rata | pangirid sru panandêre | tan dangu nulya rawuh | Panambangan Bacêm Sang Pêkik | Jêng Pangran Găndatmaja | wus dangu nèng ngriku | mranata rakiting palwa | sarawuhe kang rayi dèn palajêngi [1: 99] | nambrama anoraga ||
1.04 ingaturan kang rayi anitih | palwa naga arêgu rinêngga | pinulas mêlês warnane | sisik pinrada luru | cawi krêsna tumrap ing wilis | jamang pindha kancana | amrabawa barung | ing gigir sinung bandera | wingking ngarsa jinumbuh sutra warna tri | gêdhah seta myang rêkta ||
1.05 măngka panambramaning kang nitih | dadya ngatag glising lumaksana | mangkana ta sêsampune | pra wadya minggah prau | pangran raka tinuduh dening | sang maha winong praja | amranata wadu | myang ngrakit glaring wisaya | tanggap risang sinung agnya awigati [1: 100] | tandya amatah karya ||
1.06 kinarya glar prit anêba dadi | mangkat jaring-jaring sundhit jala | karakit-rakit wurine | têtindhihira sinung | satriya kang waskithèng warih | Dyanmas Sumawinata | dene kanthinipun | Radèn Mas Dewaasmara | kalihira wus tatal têtela nguni | atul wisayèng mina ||
1.07 sawurine wau kang nambungi | pradănggangklung ngungkung kumandhangnya | angguguk kêkêndhangane | măngka manggalanipun | santana kang wasis ing gêndhing | Dyanmas Sumawardaya | sambada gung luhur | ngarogok asmu sambrana | lêngkung-lêngkung kaduk calung ngrêspatèni [1: 101] | lêlewa karya suka ||
1.08 wuri wontên kang sumambung malih | palwa tembo tembak ing narmada | sami kèksi ampilane | yeka pacaranipun | jêng pangeran lan para ari | măngka manggalanira | satriya dibya nung | wignya mangulah warastra | Dyanmas Panji Prawiraningrat kang nami | lan ari Sang Partèngrat ||
1.09 kalih sami sutèng senapati | kang sumambung wau wurinira | pangran raka sawadyane | prak lawan palwa sangu | saniskara sampun rinukti | santana kang nèng kana | kalih naminipun | Radyan Mas Wiryakusuma | lawan Radèn Jayèngwiryana wêwangi [1: 102] | mandaya ngrukti buja ||
1.10 nulya Palwa Ki Naga Basuki | titihane sang nararya putra | kamot saupacarane | ingkang sapangkatipun | para wadya datan winarni | amung para wandawa | pinardawèng wuwus | juga Dyanmas Cakrajaya | kalih Dyanmas Panji Widaningrat nami | Sutarman katrinira ||
1 dari 9

 


§ Taun Jawi 1804, taun Walandi 1875, wulan Agustus. (kembali)
Tanggal: Kêmis Êpon (Pon) patlikur (24) Rêjêb Ehe: toya asat wus wolung sasi (AJ 1804). Tanggal Masehi: Kamis 26 Agustus 1875. (kembali)