Tembang macapat

Wrêdining Bangsal Tosan, Pigeaud, 1953, #1386

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Wrêdining Bangsal Tosan, Pigeaud, 1953, #1386

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 1
1 dari 2
1–10 dari 16
1. Dhandhanggula
1.01 palataran sakidul pandhapi | winêwahan warni bangsal tosan | pirantos pakèndêlane | sagunging para tamu | ingkang nitih rata myang bèndi | ing ngriku mandhapira | kala adêgipun | Sukra tri wêlas candrama | ing lèk Sawal Ehe sangkalaning warsi | karya tan ngèsthi warna [1: 131] |[1][2]|
1.02 cinarita ingkang bangsal wêsi | wêwêlingan saking tanah Dhitlan | ing kitha Bêrlèn pabrike | Wilêmkam kang ingutus | Tuwan Borsig ingkang akardi | tinutur panjangira | sawêlas ingukur | panyêlak nênêm saprapat | inggilipun sakawan kawan dasa dim | ukur elo Nèdêrlan ||
1.03 wawratira kalih atus dhacin | langkungipun kawan dasa tiga | nyatus kati sadhacine | ngajêng pangaosipun | kalih lêksa wontên ing pabrik | sanès ingkang prabeya | praptanirèng dunung | punika tan winursita | mung kinăndha wangun rêrêngganing panti | tumrap ing tanah Jawa [1: 132] ||
1.04 dara gêpak pinapak lir candhi | blandar wiyar tan miyur santosa | tosan balabagan dèn ge | sinambung adu ujung | kêkahira kinêlam kêling | ingumpak mamêr[3] seta | pilare piningul | lingire pinara astha | praptèng madya binubut bundêr dinalir | ginêgêl gêlang kana ||
1.05 têtirahe ginănja pasagi | amaju pat pinartima muka | kadya nguni caritane | duk para surawadu | arsa godha marang Pamadi | cinoba kinèn taya | mubêng ngarsanipun | Brama lan Bathara Endra | kalihira sangêt kacuwan ing galih | puwara sami nyipta [1: 133] ||
1.06 catur muka mrih bawera ngaksi | lawan pandam turunaning wulan | kang anèng pilar isthane | dene ta kang dumunung | sêsambêtan dhauping êlis | sami pratima muka | èstri lawan jalu | amubêng kadi rumêksa | lan nambrama dhatêng kang lumêbèng panti | sumèh sêmuning netya ||
1.07 pinardawa rêrênggan ing nginggil | pucak sinung makuthasmaraja | tumumpang tamèng isthane | punika wrêdinipun | Kangjêng Raja Wilêm pinundhi | tamèng nayakanira | kang nangkis pakewuh | pinarcayèng rèh jajahan | kang dèn andêl ing wadya kang dèn ratoni | dene aksara asma [1: 134] ||
1.08 Mangkunagara ingkang umunggwing | tamèng raja iku wrêdinira | tan liya amung sumendhe | mring para andêlipun | Kangjêng Raja Nèdêrlan sami | kang anèng tanah Jawa | dene ron kang mlêngkung | kalih pang tinalèn pita | yeka tăndha kang asma wus pinarcadi | antuk bintang ing jaja ||
1.09 widadari ingkang ngapit-apit | kang satunggal obor kang ginawa | kalam kar kang satunggale | yeka sasmitanipun | kang tinêdha ing siyang ratri | mugi mitulungana | dhatêng prajanipun | yèn pêtêng dèn padhangêna | lamun supe sumêlang ruwêding kapti | mugi dèn èngêtêna [1: 135] ||
1.10 ngandhap tamèng mukaning maharsi | sumping anggur lan mikul puspita | malèngèh katon guyune | sakiwa têngênipun | widadari kêkalih sisih | sami bêkta tabuhan | sumangsang nèng êlung | kilayu Sang Rêsi Wrêda | ngayubagya manadukara sêsanti | dhatêng sang ambêk darma ||
1 dari 2

 


§ Taun Jawi 1804, taun Walandi 1875, wulan Dhesèmbêr [sic]. (kembali)
Tanggal: Sukra (Jumungah) tri wêlas (13) Sawal Ehe sangkalaning: karya tan ngèsthi warna (AJ 1804). Tanggal Masehi: Jumat 12 November 1875. (kembali)
marmêr. (kembali)