Tembang macapat

Nayakawara, Pigeaud, 1953, #1391

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Nayakawara, Pigeaud, 1953, #1391

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 2
1 dari 4
1–10 dari 33
1. Pangkur
1.01 wuryanta dera manitra | dina Isnèn wayah jam sanga enjing | Madilawal ping sapuluh | nuju măngsa kalima | ing Prangbakat taun Dal sangkalanipun | atmaja Hyang Girinata |[1][2] mulang mring punggawa mantri ||
1.02 Mangkunagaran kaping pat | kang puwara nguni datan marsudi | mring gunêm rèh kang rahayu [3: 41] | masalahing suwita | mung ngugêmi ujar kuna kang tan jujur | kabanjur praptaning mangkya | piangkuhe angluwihi ||
1.03 mring kănca sakancuhira | barang karya tan gagah sami wigih | keguh labêt tanpa kawruh | kewran nalaring nala | yun tinilar kogêl bokmanawa masgul | mogol magêl yèn dèn dêlna | daluya anandho kardi ||
1.04 karya pitunaning praja | ngrêregoni parentah kang wus dadi | yèn sinêrêg asring rêngu | tampane sinrêngênan | lêlembatan nguring-uring kancanipun | kang mangkono marènana | rungunên pitutur mami ||
1.05 wruhanta purwane ana | kang punggawa wolulas dalah mangkin [3: 42] | iku ing nalikanipun | jêng gusti kang sapisan | miyos saking prajarsa ambangun tuwuh | minta gumanti kang rama | ingangkah sangkaning jurit ||
1.06 samana ngumpulkên wadya | pinilihan antuk wolulas iji | iku kinarya gul-agul | jinênêngkên pungga |[3] lan jinanji ing têmbe kalamun antuk | pitulungira Hyang Suksma | kadugèn ingkang kinapti ||
1.07 linilan milu sarasa | arja papa tumuntur datan kari | winangênan turun pitu | lamun tan dosèng praja | sarta ingkang bêcik kalakuanipun | myang tan nandhang cala ina | pasthi kalilan gêntèni ||
1.08 mêngko luwih satus warsa [3: 43] | kang taliti kèh samya nora dadi | wit tan ana labêtipun | nanging mau punggawa | ginanêpan saking turun liyanipun | para abdi kang katrima | ginanjar kinèn gêntèni ||
1.09 iku mungguh kukumira | pra punggawa lamun tèk ingkang waris | wajib kinukup kang lungguh | tan malih sinlundingan | jaman mêngko bumi tan kinarya ngugung | lan tan kalbu nganiaya | mung wuruk karsaning gusti ||
1.10 suprandene gustinira | maksih karsa ganêpi kadi nguni | nanging ingkang dudu turun | inganggêp kêmbang praja | lan ing batos iku kinarya têtulung | mring abdi ingkang sinihan | supaya milua mukti [3: 44] ||
1 dari 4

 


§ Taun Jawi 1791, taun Walandi 1862, wulan Dhesèmbêr [sic]. (kembali)
Tanggal: Isnèn (Sênèn) sapuluh (10) Madilawal (Jumadilawal) Dal: atmaja Hyang Girinata (AJ 1791). Tanggal Masehi: Minggu 2 November 1862. Perbedaan satu hari (Minggu versus Sênèn) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
Kurang satu suku kata: jinênêngkên punggawa. (kembali)