Tembang macapat

Salokantara, Pigeaud, 1953, #1401

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Salokantara, Pigeaud, 1953, #1401

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 3
1 dari 7
1–10 dari 63
1. Dhandhanggula
1.01 panitraning sasmita marêngi | Buda Manis tanggal kaping astha | Sura kapat ing mangsane | anuju wuku Dhukut | taun Alip dèn sangkalani | trus sabda pandhitèngrat |[1][2] kang pinurwèng têmbung | nagari ing Lokantara | kang umadêg nama Prabu Darmapati | ratwambêk pinandhita ||
1.02 cinarita darbe putri kalih | maksih kênya samyayu utama [3: 214] | miyos saking padêmine | putra ampeyan agung | pambajênge sira Sang Dèwi | Susilawati nama | nênggih arinipun | Darmawati panêngrannya | sori nata ri wusing pêputra kalih | tan lulus lajêng seda ||
1.03 sri narendra tan akrama malih | saking dene kacangkol ing putra | ngêmungkên garwa pangrêmbe | nanging sira sang prabu | sakalangkung asih mring siwi | ingêmong sakarsanya | sasolah dèn ugung | wit tan darbe putra priya | kang sayogya gumanti madêg narpati | dadya Rêtna Susila ||
1.04 kang ginadhang-gadhang dadi wiji | putri adi kasub pramudita [3: 215] | Slokantara tanpa ondhe | cinăndra warninipun | dêdêg srêntêg amilangoni | rema kêtêl tur panjang | ngăndra wela lurus | larapan lètèr warata | grana rungih thi-athi turut apirit | pêparadan ing karna ||
1.05 netra lindri tajêm masopati | idêp dêkung alis roning imba | sumambung otot wilise | atêpung adu ujung | karna madya kêngkêng atipis | pipi pêpêk ngalela | asengoh marusuh | wang janggut kadya jinăngka | tutuk dhamis kang lathi gula sathêmplik | mêngês masêmu rêkta ||
1.06 kang wêdana lêkêr mindha sasi | kalanira sêdhênging purnama [3: 216] | sumêblak sêmu lawêne | jăngga kêkêr aturut | lan midhangan wêlar rêspati | bongoh kang payudara | wonga-wonga nguwung | wêwêngkon wêwêg warata | sauruting kulit anyapaka gadhing | pada kadya ginrinda ||
1.07 pamulune manis asmu wingit | tur jatmika akaduk pasaja | limpat pasang graitane | busana sarwa mungguh | yèn ngandika amêrak ati | lampah glenoh sêmbada | rêsêp kang andulu | pambêkan mêngku balaba | mring santana asih mring dasih kaswasih | tuhu putri utama ||
1.08 kathah para putraning narpati | myang satriya ingkang măncapraja [3: 217] | samya ngêbun-êbun sore | mangkana ta sang ayu | sabên-sabên tinari krami | mring rama sru lênggana | wit dèrèng panuju | sangadi momong sarira | maksih mudha dèrèng sagêd anglampahi | awêrit karsanira ||
1.09 sawadine kang tinêdhèng batin | nadyan krama mugi ta angsala | ingkang kadya pangèsthine | tan amrih warna bagus | sugih brana wibawa mukti | mung milih sinatriya | trahing băngsa luhur | kang mahambêk sadu dibya | măndraguna wirotama ing ajurit | krêtarta dadya sraya ||
1.10 marma tansah wagugên ing galih | sri narendra wruh sêmuning putra [3: 218] | lumuh misesa karsane | saking gênging sihipun | lan tan samar watêking siwi | amung sandeyèng nala | sira sang aprabu | sadaya para narendra | myang satriya kang samya minta sang putri | èwêd gèn mangsulana ||
1 dari 7

 


§ Taun Jawi 1779, taun Walandi 1850, wulan Nopèmbêr. (kembali)
Tanggal: Buda Manis (Rêbo Lêgi) astha (8) Sura Alip: trus sabda pandhitèngrat (AJ 1779). Tanggal Masehi: Rabu 13 November 1850. (kembali)