Tembang macapat

Paliwara, Pigeaud, 1953, #1406

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Paliwara, Pigeaud, 1953, #1406

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1–2 dari 2
1 dari 2
1–10 dari 13
1. Dhandhanggula
1.1 jênu tawa pisang gănda wangi | aja tungkul kulup dèn graita | ragu suta mardi jêne | ramanta pan wus sêpuh | wisma aglar ing păncaniti | dèn kêrêp sebanana | prabatanging pantun | dimèn paring pulang[1] sira | patri wastra garinging mina jêladri | nalar pangrèhing praja ||
1.2 carang wrêksa ingkang jamang tambir [4: 16] | wit tan gampang wong mêngku nagara | baligo ămba godhonge | kudu santosèng kalbu | têngarèng prang andhêging riris | dèn têtêg tranging cipta | sêndhang niring ranu | sasat ana ing palagan | kasang toya mênyan seta mungging ardi | yèn apês kawirangan ||
1.3 kampuh nendra ron lêsah binukti | mula kulup bangêt wêkas ingwang | sarpalit ponthang warnane | saking sumêlangipun | brama arda kang mrica putih | mulat mring solahira | bêngkik gêng ing kêdhung | igèh bocah manahira | bèbèk rawa wastra pêthak ciri èsthi | wis sêdhêng marènana ||
1.4 burat pada raning sato bukti [4: 17] | bokmanawa katrucuting măngsa | banthèng bang jarwa sonyane | sapira kaduwungmu | kandhêlalit kang sabèng tali | lir kinjêng tanpa soca | pangiriding satu | nora nana kang nuntuna | perak krêsna wastra laranganing gusti | têmah rusak kang tata ||
1.5 gancar wayang kang mulwijo sisik | yèn kalakon kang kaya mangkana | kara kang rêmit godhonge | kapriye solah ingsun | sobrah wrêksa tumamèng siti | myang sadulurmu padha | lêmbing sabèng ranu | nora bisa dulu sira | paku wrêksa bêbantu sipating pati | sun têdha mring Hyang Suksma ||
1.6 astra dibya Risang Ragusiwi [4: 18] | muga-muga kulup ramanira | piring gêng beda tulise | panjanga yuswanipun | sudarmane Sang Hyang Pramèsthi | mênangana rabinta | tangkil gêng ing dhusun | sukur nganti mênangana | cawang wrêksa widara kang pindha warni | ing canggah warèngira ||
2. Sinom
2.1 parangmuka asrah jiwa | aruna alpa sapalih | aja tungkul dèn graita | atmaja Sri Dasarati | pulas pambabar rukmi | ramanta gèr pan nus[2] sêpuh | pita bênting turăngga | bangsal gêng angapit kori | sabên dina kulup bêcik sebanana [4: 19] ||
2.2 Êmpu Astra Wilatikta | baskara lumèngsèr wukir | supaya sira surupa | lata krêsna ing jaladri | jêbat sinandi lami | karsane wong atuwamu | wipradi Saptarêngga | wuku Dewa Hyang Pramoni | dènnya yasa pranatan tumraping bala ||
2.3 majasta ruwit kang patra | watês caritaning ringgit | ing mêngko pus[3] kalampahan | kukila sabawèng ratri | toya mambêg kinardi | tumraping dasih sawêgung | suluh tejaning warna | jawata kang sirah èsthi | wus pracaya mring prentah datan lênggana ||
2.4 wastra rimonging subêkta | taru linih saking siti [4: 20] | mulane gèr putraningwang | walang gêng lir patra wilis | brêmara talèng siti | aja tambuh ing pitutur | kukilarda rinaja | ron buntal sasanèng ardi | dèn takêwi[4] ngadhêp marang ramakira ||
1 dari 2

 


wulang. (kembali)
wus. (kembali)
wus. (kembali)
tabêri. (kembali)
memuat ...