Tembang macapat

Guprênur Jendral, Pigeaud, 1953, #1415

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Guprênur Jendral, Pigeaud, 1953, #1415

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 1
1 dari 1
1–7 dari 7
1. Kinanthi
1.1 sarjuning tyas saha atur | wilujêng rawuh ing ngriki | langkung ing sokur kawula | panduka tumêdhak malih | sèwu bêgja kamayangan | sasat tamuan dewadi ||
1.2 bingahipun manah ulun | kadi gring manggih usadi | kabanjiran ing sarkara | kajugrugkan[1] wukir sari | ratus gănda paripurna [4: 93] | sumrik sumrambah mring dhiri ||
1.3 marmanta paminta ulun | ing panduka ingkang mugi | rinêsêpna ing wardaya | kalilana ing samangkin | sumêngka atur sunggata | lêlangên tumraping gêndhing ||
1.4 dadya panêmbramèng rawuh | nadyan saru kapiyarsi | awit punika minăngka | paèsing kawiryan Jawi | sampun kirang pangagsama | amêngku kang nêdya asih ||
1.5 wiyahing jagad saèstu | wêwijanganing nagari | wontên carane priyăngga | kados botên sang dewaji | paduka kakilapana | lagsitanirèng[2] dumadi ||
1.6 tita têtelaning atur [4: 94] | tumuntur atur pamuji | mugi-mugi jêng panduka | kadugèna kang kinapti | pinanjangna yuswanira | dening Hyang Kang Maha Sukci ||
1.7 santi panêmbramèng kidung | cinitrèng Raditya ari | patlikur ingkang candrama | lèk Sapar ing taun Alip | satata trus pujinira | jêng gusti pangran dipati |[3][4]|

 


kajugrugan. (kembali)
laksitanirèng. (kembali)
§ Taun Jawi 1795. Masèi: X 1866 wulan Juli. (kembali)
Tanggal: Raditya (Ngahad) patlikur (24) Sapar Alip: satata trus pujinira jêng gusti pangran dipati (AJ 1795). Tanggal Masehi: Minggu 8 Juli 1866. (kembali)