Tembang macapat

Wulang Putri, Padmasusastra, 1898, #216

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Wulang Putri, Padmasusastra, 1898, #216

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 3
1 dari 7
1–10 dari 64
1. Kinanthi
1.01 dhuh gèr putri putraningsun | nadyan wus kanthi pinasthi | marang Hyang Kang Murbèng Titah | graitaning para putri | sapra asthaning pra putra | tarantananing pamikir ||
1.02 marmanggèr aywa sirèku | pasang sumèh jroning ati | katitik tyas tan sambada | marang apngaling Hyang Widhi | kang widagda tuhu wignya | anyolahkên bawa maring ||
1.03 iya ing manungsa sagung | luwih maning dera kardi | solahbawaning narendra | kang datan sêpi pambudi | gyanya angampil agama | kasuciyaning dumadi ||
1.04 tinindakkên lawan patut | pinantês-pantês tiniti | tinimbang lan isinira | nagara Surakartadi | tan kênage kinukuhan | angkuh ing tyas anglakoni ||
1.05 nini putri putraningsun | marmanira sira sami | krêjêting duga watara | rasakna dipun satiti | tata titinên kang têrang | pangroncènirèng pamikir ||
1.06 kêkêrên aywa kasusu [100] | sukuring ati sinêpi | piritanira kang kurang | mring lêlakoning dumadi | dumadine kadi sarah | anut ombaking jaladri ||
1.07 yèn dinadak tanpa usul | asaling nalar naluri | nalurining kang lêlakyan | yèn linalar datan luwih | winahya purbaning Suksma | suksmanên dipun katitik ||
1.08 yèn kasusu tan kêtêmu | mung nêmu tyas datan titi | makêtêr katiban kata | tataning sakang[1] tumitih | o ya talah awak ingwang | dadi gandrung awèh wangsit ||
1.09 wasita mring putraningsun | gandrunga sira ningali | lêlakon kang molah saka | kakikinira Hyang Widhi | muga putrining narendra | drawaya nalongsèng Widhi ||
1.10 supaya was sipta ayu | yuwanèng manungku manis | ywa ngênês dulu kaanan | lêlakon dunya puniki | mung kudu sumanggèng karsa | karsa-karsaning Hyang Widhi ||
1 dari 7

 


saka. (kembali)