Tembang macapat

Darmagandhul, H. Buning, 1917, #437

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Darmagandhul, H. Buning, 1917, #437

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 18
1 dari 92
1–10 dari 917
1. Dhandhanggula
01.001 wuryaning kang sêkar dhandhanggêndhis | amèngêti dènnya nêdhak sêrat | lugu mung manut babone | aran srat Darmagandhul | nyaritakkên bêdhahe nguni | nagari Majalêngka | kang satuhunipun | lan gêlar kawruh sanyata | lan purwanya gama Buda santun Ngarbi | tinuturkên sadaya ||
01.002 duk manitra ing ari Rêspati | Paing kaping sapisan Ramêlan | Paningron paringkêlane | taun Dal ing Kulawu | măngsa Sadha pan sampun akir | nuju wuku Prangbakat | Kunthara kang windu | etanging căndrasangkala | rêsi suci bujangganirèng narpati |[1] wanci jam astha enjang ||
01.003 kang minăngka bêbukaning rawi | wontên pandhita kang alul tapa | Kalamwadi jêjuluke | dene ta garwanipun | arum-arum Dyah Pêrjiwati | asramèng Sunyapringga | ing juga ri nuju | sang wiku nèng pacrabakan | ingadhêp ing siswa sawiji kang mursit | putus sakèhing guna [4] ||
01.004 Darmagandhul pêparabirèki | nala mingis limpat graitanya | lan sang tapa mèh tan pae | marma kasok sihipun | wus prasasat yoga pribadi | rintên ratri datansah | nèng ngarsa sang wiku | samana sang siswa tama | lagya ana kang dadya ribênging ati | lon matur mring sang tapa ||
01.005 dhuh sang dwija kang yanjana murti | mugi pukulun ywa pisan duka | kawula nyuwun pitakèn | kang dados purwanipun | tiyang Jawi santun agami | nilar agami Buda | ngrasuk sarak Rasul | punika sabab punapa | kadospundi bêbukane nguni-uni | sang wiku rum ngandika ||
01.006 lamun sira atakon bab iki | sun tan wêruh ing sawiji apa | mung yèn miturut tuture | Radyan Budi guruku | ya buh bênêr iya buh sisip | nanging panduganingwang | bênêr nora luput | krana cocog wujudira | tilasane isih kêna dèn tingali | mula sun kira nyata ||
01.007 nanging ingsun wêdi macak tulis [5] | luput-luput tambêl umur ingwang | awit wong Jawa lumrahe | lamun ana kang purun | purun buka wadining aji | amêsthi pinêjahan | marma sun tan ayun | nutur critane kang nyata | purwanira wong Jawa salin agami | buka wadining nata ||
01.008 Darmagandhul aturira aris | inggih lêrês duk jaman ing kina | prayagung Jawi limrahe | kang dados dhaharipun | woh wit budi kalawan kuldi | ing mangke karsa dhahar | woh wit kajêng kawruh | kagungan panggalih panjang | yêkti ngowêl mring umurira wadyalit | kang lêpat sawatara ||
01.009 malah dadya pèngêt kang prayogi | dadya wikan kang lêrês kang lêpat | wikan misil kupiyane | sang pandhita lon muwus | yèn mangkono bêcik sun anggit | nanging ingsun sadarma | nganggit nulis muwus | Dyan Budi kang darbe karsa | êmbuh bênêr lupute punika yêkti | yèn nora sun tulisa ||
01.010 nora wurung ingsun dèn dukani | sabab bangkang prentahing kèlingan [6] | tur iku akèh asile | supaya wong kang cubluk | kaya ingsun bisa mangarti | carita kang sanyata | mula-mulanipun | wong Jawa salin agama | padha ninggal agamane Buda Budi | ganti agama Islam ||
1 dari 92

 


Tanggal: Rêspati (Kêmis) Paing sapisan (1) Ramêlan (Pasa) Dal: rêsi suci bujangganirèng narpati (AJ 1847). Tanggal Masehi: Kamis 21 Juni 1917. (kembali)