Tembang macapat

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Cênthini, Soeradipoera, 1912–5, #998

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 280
1 dari 1.147
1–10 dari 11.470
1. Dhandhanggula[1]
001.001 purwaning rèh manising palupi | Rêspatyènjang nujwa gathitastha | Ruah[2] ping tiga likure | ing Dal mangsa kasèku | sinêngkalan atata rêsi | apan amulang jalma |[3] nênggih kang dhinapur | amarna rikang carita | duk prang Giri awusana soring jurit | têmah kithane bêdhah ||
001.002 sarusake wau kithèng Giri | Jêng Pangeran Pêkik kang ambêdhah | garwa putra sêdayane | binoyong mring Matarum | tapis rajabrana ing Giri | tuwin kang rajakaya | binêktèng Matarum | wadya lit rusak jinarah | kunêng wontên putra sing ampean katri | apan atunggil rena ||
001.003 ingkang sêpuh wasta Jayèngrêsmi | wontên malih arinipun pria[4] | Jayèngsari panêngrane | kalih samya abagus | apan sami jatmika kalih | pan samya ahli tekad | ing ngèlmi takabul | warujunipun wanodya | apaparab wau Nikèn Rancangkapti | warna ayu utama ||
001.004 cinatur duk bêdhahirèng Giri | putra titiga wau punika | sami nis tilar prajane | wong Mataram datan wruh | mring putra tri dènya[5] lumaris | sami arêbat gêsang | ing purug tan ngumpul | kalangkung kawêlas arsa | pan mangilèn parane Dyan Jayèngrêsmi | kêkalih rencangira ||
001.005 de kang rayi Radèn Jayèngsari | apan mangetan ing lampahira | tan pisah lawan arine | Kèn Rancangkapti wau | dahat dening kawêlas asih | panakawane juga | Buras wastanipun | panakawane kang rama | datan pisah sapurug dènya lumaris | sajuga ingkang milya ||
001.006 kikinthil tan kêna sah lan gusti | pan pun Buras kang abdi wastanya | kacatur wau lampahe | langkung kawêlas ayun | Rancangkapti anggung anangis | ingkang raka sangsaya | pucaking tyas pupus | tumingal ing arinira | kinèn gendhong mring pun Buras ingkang abdi | yèn sayah ginêntosan ||
001.007 pan wus ilang wanguning priayi[6] | ya ta radèn ngangin-angin warta | yèn jêng sultan ing karsane | têntrêm tan karsa anglud | mring sêntana putra ing Giri | kang sampun tan kêcandhak | kang anis rumuhun | radyan eca ing tyasira | ya ta mulat sêmana ningali wukir | langkung asri kawuryan ||
001.008 de wit-witan anganggrang nèng nginggil | taru gênggêng kang apuyuh dênta | amêpêki sawarnine | ingkang pala gumantung | tuwin sêkar-sêkar mawarni | ran wukir Sokayasa | dene kang pilungguh [1: 2] | Sang Pandhita Anggungbrangta | ingkang tumut wisma rong desa watawis | sami sêntananira ||
001.009 kasub lamun pandhita linuwih | nênggih Kyai Gêdhe Anggungbrangta | bantas ngiwa panêngêne | kathah wong agung-agung | ingkang samya angalap ngèlmi | darbe putra satunggal | jalu tur binagus | nanging dèrèng mawi krama | duk timure kang rama sinung kakasih | Mas Ngali nging tan karan ||
001.010 sarêng diwasa dipun parabi | mring kang rama kae Mas Cêbolang | katêrah[7] diwasa rane | nanging pugal kêlangkung | nora kêna bathuk kêlimis | langkung dening bêlasar | mring panggawe dudu | kathah prawan lan somahan | wong ing ngare tan gethang[8] ing siang ratri | minggah marang aldaka ||
1 dari 1.147

 


Titik awal: Sêrat Tjenthini Jilid I-II, Kalêrêsakên dening R. Ng. Soeradipoera, kabyantu ing R. Poerwa soewignja kalian R. Wirawangsa, mawi dipun-bubukani dening R. M. A. Soerja Soeparta juru basa ing nêgari Surakarta. Kawêdalakên kalian wragadipun Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschappen. Bêtawi: Ruygrok & Co., 1912, viii + 275 hlm. Nama pupuh dalam buku ini selalu diawali dengan: "Zang; dichtmaat: ...". (kembali)
Ruwah (dan di tempat lain). (kembali)
Tanggal: Rêspati (Kêmis) enjang tiga likur (23) Ruah (Ruwah) Dal: atata rêsi apan amulang jalma (AJ 1775). Tanggal Masehi: Kamis 5 Agustus 1847. (kembali)
priya (dan di tempat lain). (kembali)
dènnya (dan di tempat lain). (kembali)
priyayi (dan di tempat lain). (kembali)
§ prayoginipun: katêlah. (kembali)
§ prayoginipun: gothang. (kembali)