Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
75 dari 149
323–324 dari 650
3.224–3.233 dari 6.494
075.011 | wus angungang ing Madura | prapta pinggiring kêkisik | kawarnaa wong Madura | pêpêk anèng ing pasisir | prasamya anjagani | wong Mêtaram inggahipun | sampun ayun-ayunan | arame bêdhil-binêdhil | syarane kang surak lir pindah ampuhan || |
075.012 | wong Mataram karepotan | tan antuk papaning jurit | singa mara mara pêjah | ingkang mundur tawan kanin | nanging wadya Mêtawis | amêksa angukih purun | amêksa katadhahan | dènnya pêrang sampun lami | kawarnaa wong Madura parêmbagan || |
075.013 | wêsta Dipati Kasindran [[f. 292v]: Kasi...ndran] | Sumênêp lan Arisbanggi | ing Balega Pakacangan | sami agunêm ing wêngi | Dipati Sampang angling | kadipundi karsanipun | sakèh para dipatya | ing yudane wong Mêtawis | sampun tita botên năngga wong Mandura || |
075.014 | yèn sêmbada ingkang karsa | dimèn munggah wong Mêtawis | yèn sampun minggah ing dharat | nêdha sami ngantêp jurit | lamun tiwas saiki | pêsthi tumpês dening banyu | puniku babarpisan | kapok nora mangsah malih | wong Mêtaram prinrih[1] tumpês babarpisan || |
075.015 | kang para dipati rêmbag | wis ingundhangakên sami | adipati ing Kasindran | karêmêne dèn rasani | munggahe wong Matawis | inganti pijêr cêcatur | dèn wani têlasira | ya ta Bupati Matawis | sampun rêmbag anêdya munggah ing dharat || |
075.016 | samya minggirakên palya | prajurit arêbut dhingin | tan ana sabawanira | polahe wadya aririh | prajurit ngati-ati | prapta ing dharatan sampun | gêgamane tinata | wus pêpêk kang wadya alit | sami prapta aglar anèng ing dharatan || |
075.017 | sêmana bangun raina | antuk papan wong Matawis | ing pasisir kaèbêkan | dening kang wadya Mêtawis | bêdhil sampun miranti | kalataka anèng ngayun | lela lawan anakan | nêngêna kang nata baris | kawarnaa wong Kasendran lan Madura [[f. 293r][2]] || |
075.018 | sarêng wayah bangun rina | kajinêman tur udani | yèn mêsah minggah sadaya | Dipati Mandura angling | iya dimune ênting | sun tutugêne acatur | sokur kabèh mêntasa | yèn wong Mataram wus ênting | nora wurung wong Mataram akèh răndha || |
075.019 | matur malih kajinêman | ingkang mêngsah adhatêngi | kang wadya dèrèng atata | pijêr anganti ing gusti | nora nyana ing mangkin | wong Mataram minggah dalu | dadya gugup kang wadya | pati-pati cêcandhaki | wong Mataram bupatine anèng ngarsa || |
075.020 | mangkana malih Madura | bupati samya ngawaki | anidhihi wadyanira | dipati sakawan kait | sadya ngantêp ing jurit | prajangji sarêng angamuk | nanging wong Pamêkasan | datan rêmbak ngantêp jurit | sadyanira lêbura anèng jro kitha || |
323–324 dari 650
1 | pinrih. (kembali) |
2 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |