Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
77–78 dari 149
330–331 dari 650
3.293–3.302 dari 6.494
077.021 | asêseban sakèhing dipati | Mangunonêng lawan Katawêngan | Yudaprana sakancane | andhèr gêgaman agung | kang dèn anti karsa nêrpati | ya ta kang kawarnaa | putusan kang rawuh | mundhi timbalan nalendra | gandhèk dalêm Ki Mangunonêng wus panggih | pangeran ingaturan || |
077.022 | sampun prapta Pangran Surawèsthi | gandhèk dalêm kang sangking Mêtaram | dhawuhakên andikane | timbalane sang prabu | pakanira kinèn abali | lan putra pakanira | tumuta awangsul | mung Dipati Tambakbaya | kang pinundhut ing kangjêng sri narapati | binêkta ing Mataram || |
077.023 | lan sakèhe ingkang para mantri | Surabaya pinundhut sadaya | kinèn lajênga samangke | timbalane sang prabu | mapan karsa amariksani | mring mantri Surabaya | pangeran tumungkul | datan kawasa lênggana | ing karsane sri naranata Mêtawis | Surabaya sumăngga || |
077.024 | nadyan ingkang pati lawan urip | pan sumăngga ing karsa sang nata | kawula tan ngrasa duwe | wong Panaragan sampun | winangsitan benjing ing wuri | kinèn ngrêksa pangeran | lawan putranipun | wong Mataram sampun bubar | Tambakbaya binêkta mangalèr aglis | maring nagara Jipang || |
077.025 | tan kawarna wadya ing Matawis | sampun prapta nagara [[f. 304v]: na...gara] Mêtaram | sampun katur ing sang katong | siniwaka sang prabu | pêpêk kang punggawa Mêtawis | Mangunonêng manêmbah | lampahe wus katur | duk ambêdhah Surabaya | miwah ingkang sakathahing para mantri | Surabaya sêdaya || |
077.026 | sampun katur sami dèn bandani | sri nalendra aris angandika | padha uculana kabèh | sakèhe rabinipun | ulihêna maring kang laki | sampun sami nguculan | marêk ing sang prabu | sri nalendra angandika | Si Tumênggung Sapanjang dadia tindhih | nagara Surabaya || |
077.027 | padha sira muliha dèn aglis | lan si paman anèng Panaragan | ampirana ing ênggone | iku ajakên mantuk | mring nagara lawan si adhi | umaha jaba kutha | aja wèhi batur | ingkang kinon nulya bubar | sampun prapta nagri Panaragan nênggih | pangeran wus binêkta || |
077.028 | tan kawarna ing marga glis prapti | Surabaya Tumênggung Sapanjang | angênggèni ing kuthane | pangeran ênggènipun | anèng Ngropoh saanak rabi | kocapa sri narendra | Mataram winuwus | têlas nagara bang wetan | sami seba dhatêng nêgara Mêtawis | dêrmane ingkang nglawan || |
78. Durma | |
078.001 | kawarnaa Sri Nalendra ing Mêtaram | enjing miyos tinangkil | pêpêk kang punggawa | miwah para santana | kawula agêng panumping | lan numbakanyar | sèwu kalawan bumi || |
078.002 | tuwaburu mrêga samya pamajêgan | kapêdhêk gêdhong nangkil | natkala sêmana | sri nata ing Mêtaram | tamuan kawula khaji | dhatuk ing Arab | ambêkta tunggul asri || |
330–331 dari 650