Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
8 dari 149
31–32 dari 650
307–316 dari 6.494
008.037 alêrêsi[1] dintên Kêmis | sadhatênge wong sêseban | kinèn amariksa age | kapriksa gandhèk wanodya | wus prata[2] tinakonan | kiyai apa kêrsamu | apepe waringin kêmbar ||
008.038 jêlalatan Ki Satomi | kang ngucap datan katingal | wali-wali atêtakon | angucap kadi manusa | Ki Satomi kewuhan | adangu ora umatur | kang takon ora katingal ||
008.039 sumaur Kaki Satomi | tambêt kawula ing dika | angucap pan ora katon | wruhanira awak iwang[3] | gandhèke sri nalendra | manira kinèn andangu | kaki apa kêrsanira ||
008.040 Ki Satomi sigra angling | mila apepe kawula | aturêna ing sang natèng | sumêdya kula ngawula | ing gusti sri nalendra | kang mariksa nulya wangsul | prapta umatur sang nata ||
008.041 sadaya katur nêrpati | sigra nalendra ngandika | sira timbalana age | sigra-sigra lampahira | wus prata pagêlaran | Kaki Satomi jinujug | cinandhak ing astanira ||
008.042 ponang gadhèk[4] muwus aris | Satomi sira ngandikan | marang ngarsane sang katong | sigra andhèrèk lumampah | kalawan rabinira [[f. 39r]: rabi...nira] | lampahira gruyah-gruyuh | ginujêng gandhèk wanodya ||
008.043 anasak-nasak ri bandhil | anujang-nunjang[5] ri tanjang | Satomi susah manahe | nyai sampun gancang-gancang | kawula sampun pincang | sing alon dika maku[6] |[7] kawula wong sampun tuwa ||
008.044 ponang gandhèk anauri | kaki dene iki jêmbar | arêsik alun-alune | padhang kadi palataran | wus dungkap pagêlaran | kinèn laju lampahipun | wus prata ngarsa nalendra ||
008.045 tumungkul kojêm[8] ing siti | sri nalendra angandika | sapa aranira kang wong | lan ing ngêndi umahira | lan apa kang sinêdya | amatura aja gugup | Ki Satomi nyalingukan ||
008.046 kawula nuwun ing gusti | yèn suwawi lawan karsa | ngatingala sajatine | kawula ayun uninga | sigra nulya katingal | Ki Satomi ebat dulu | nyata yèn bagus kang warna ||
31–32 dari 650

 


anglêrêsi. Bandingkan: ngalêrêsi (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 3.8.1). (kembali)
prapta (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 3.8.5). (kembali)
ingwang (dan di tempat lain). (kembali)
gandhèk. (kembali)
anunjang-nunjang (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
lumaku. (kembali)
Kurang satu suku kata: sing alon dika lumaku. (kembali)
konjêm (dan di tempat lain). (kembali)