Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
92 dari 149
394–395 dari 650
3.935–3.944 dari 6.494
092.021 sampun katur ing sang aji | yèn Pangeran Surabaya | arsa umarêk sang katong | sigra nulya ingandikan | Pangeran Surabaya | cundhuk ing ngarsa sang prabu | pinarak ayun-ayunan ||
092.022 pangeran ing Surawèsthi | matur dhatêng sri narendra | kawula inggih sang katong | angaturakên bakisar | mila katur sang nata | dening sae warnanipun | punika purwaning kina ||
092.023 bakisar punika èstri | malah ngêdhog anak-anak | têka mêdal lêlancure | akaluruk dadya lanang | warnanipun aendah | punika ing mangke katur | botên layak kajawia ||
092.024 sri narendra anampani | bakisar sarwi ngandika | anêdha ing pracayane | paman ing sih jêngandika | kang dhatêng ing manira | sarya suka sang aprabu | nanging galih ngêmu waspa ||
092.025 tan wontên ratu rumiyin | kadya sang nata susunan | wong agung olah sasêmon | Jêng Pangeran Surabaya | sampun kinèn mantuka | pangeran pan sampun mantuk | kang kocapa sri narendra ||
092.026 enjing sang nata tinangkil | pinarêk ing kamandhungan | tansah kagugu galihe | Jêng Pangeran Surabaya | angaturi bakisar | pan èstri ing purwanipun | lami-lami dadya lanang ||
092.027 sang nata [[f. 346r]: na...ta] emut ing galih | pinarak ing kamandhungan | tansah kagugu ing tyase | tan ana yogya gumantya | mung atmaja kang tuwa | patutan Surabayèku | sri narendra angandika ||
092.028 mring sakèh kang para mantri | miwah wong dalêm sadaya | sakathahing mantriningong | si paman ing Surabaya | wingi awèh bakisar | wadon dhingin mulanipun | mêngko têka dadi lanang ||
092.029 ing pangrasaningsun iki | pangeran ing Surabaya | tuhu yèn awèh pasêmon | idhêp karêpe si paman | anake pan wanodya | ing mêngko adarbe sunu | putune pan dadi lanang ||
092.030 anak ingsun ki dipati | apan wus sêdhêng diwasa | pantês jumênênga katong | iku sêmune si paman | ingsun kinèn sèrèna | bakisar katur maringsun | pantês ana jruning pura ||
394–395 dari 650