Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
93–94 dari 149
397–398 dari 650
3.963–3.972 dari 6.494
093.010 | Wirarêja sigra aningali | mring sang rara tuhu lamun endah | mung kapalang kurang gêdhe | Ki Wirarêja muwus | payo nyai padha ingirid | katura mring sang nata | pawèstri kang rawuh | tan layak ana ing jaba | sigra mangkat Ki Wirarêja sarimbit | kandhêg wijil kapisan || |
093.011 | mapan [[f. 348r]: ma...pan] sampun katur ing sang aji | kang putusan ngulari wanodya | antuk nanging maksih rare | èstri sigra pinundhut | tiningalan ing sri bupati | sri narendra karênan | sawarnane pêthuk | cuwane sri naranata | kang wanodya kapalang dèrèng birai | sang prabu angandika || |
093.012 | maring Nyai Wirarêja aglis | lah bêktanin[1] mri Kawirarêjan | sira olaha awake | yèn besuk mangsanipun | èstri iki sêdhêng birai | anuli lêbokêna | kang kinon wotsantun | Wirarêja nulya mêdal | sang dyah rara pan sampun binêkta mulih | dhatêng Kawirarêjan || |
093.013 | kawarnaa kangjêng sri bupati | ingkang putra apan tinimbalan | sigra prapta ing ngarsane | cumundhuk awotsantun | angandika sri narapati | mring pangeran dipatya | kaki putraningsun | sira iku wis diwasa | akramaa pilihana wong Matawis | kang wijiling kusuma || |
093.014 | mapan ingsun olih tingal bêcik | putra ing Carêbon aprayoga | sun dulu endah warnane | lan maninge nak ingsun | sira amêngkua nagari | pan bèbètira nata | kang putra wotsantun | inggih kawula sêndika | rajaputra lèngsèr [[f. 348v]: lèng...sèr] sangking ngarsa aji | mijil sangking ing pura || |
94. Mijil | |
094.001 | ingkang putra sandika wotsari | lèngsèr nulya miyos | sampun rawuh Carêbon lampahe | sang dipati amêthuk ing kori | pangran dèn aturi | majua tumanduk || |
094.002 | sampun têdhak pangeran dipati | sangking kudanya lon | wus pinarêk atarap wadyane | upacara asri mugèng wingking | pangeran dipati | pinarêk ing babut || |
094.003 | pangeran ing Carêbon tan atêbih |[2] ing ngarsa sang anom | langkung ngrêpa pangeran lungguhe | sigra matur sarya mêlasasih | jêng paduka gusti | kadingarènipun || |
094.004 | amêng-amêng atindak mariki | ing pondhok Carêbon | dene botên wontên putusane | aparinga uninga rumiyin | kang manah kumitir | sangêt kagètipun || |
094.005 | jêng pangeran kapenan[3] jru galih | angandika alon | atarima paman pracayane | lampah kula ingutus rama ji | ya ta sang dipati | uninga ing sêmu || |
397–398 dari 650
1 | bêktanên. Bandingkan: gawanên (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 85.20.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 71.20.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 35.20.2). (kembali) |
2 | Lebih satu suku kata: Pangeran Carêbon tan atêbih. (kembali) |
3 | kapenak. (kembali) |