Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
96 dari 149
406 dari 650
4.051–4.060 dari 6.494
096.017 | sinukmèng jroning wêrdaya | pèngêt bêbukaning tulis | kang sêrat Kangjêng Pangeran | Dipati Anom Mêtawis | kaatura pun kaki | Kajoran ingkang linuhung | sampuning sapunika | sampeyan kula aturi | datan wontên madhangakên tyas kawula || |
096.018 | sira Panêmbahan Rama | mênggah ingkang ngandika ris | kayaparan ingkang karya | jêng pangeran adipati | manira tan andugi | kang sêrat sasêmonipun | dening ngong katimbalan | panêmbahan sampun kering | marang duta wus prapta nagri Mataram || |
096.019 | anjujug ing kadipatyan | pangeran rèrèh ing jawi | kang duta atur uninga | sigra malêbêt rumiyin | cundhuk ngarsaning gusti | matur yèn kang eyang rawuh | kandhêg ing paregolan | pangeran ngandika aris | Pronataka aglis sira aturana || |
096.020 | sigra nulya ingaturan | Pangeran Kajoran prapti | wus acundhuk sêsalaman | lan kangjêng pangran dipati | sampun pinarak kalih | kang abdi samya tinundhung | kantun Ki Ăndhakara | kalayan Kiyai Sêndhi | katigane awêsta Ki Pronataka || |
096.021 | Pangran Dipati Mêtaram | pangandikanira aris | marang kang eyang Kajoran | milane kula aturi | arsa agunêm pikir | kalamun pun eyang rêmbug | nagari ing Mataram [[f. 355r]: Matara...m] | lamine tan kadi mangkin | samya rêsak manahe wong sanêgara || |
096.022 | tan wontên eca kang manah | para bupati Mêtawis | lawan sakèhing santana | beda lan kang dhingin-dhingin | mila kula aturi | eyang punapa arêmbug | karsane wong Mataram | santona lawan bupati | pan kawula jinungjung dadya narendra || |
096.023 | anggêntosi kangjêng rama | jumênêng anèng Mêtawis | nanging ta maksih kèwêdan | dene rama sri bupati | maksih jumênêng aji | mendahe pocapanipun | lamun kongsi sawala | kawula amungsuh jurit | dhatêng rama gih eyang kadi punapa || |
096.024 | dene ta bapa lan anak | padudon rêbut nêgari | punika merang kawula | mila eyang kula turi | sun karya ling-aling |[1] ing ayuda lamun rêmbug | angrêbuta Mataram | kawula ingkang beyani | kang gêgaman miwah kang rajabêrana || |
096.025 | punapa eyang kang karsa | sampun mawi walang galih | pangraosing manah ingwang | yèn eryang[2] èstu ambalik | para mantri Mêtawis | kadi ta balik sêdarum | kantuna botên kathah | kawula ingkang mangsiti | yêktinipun kinginga sun karya gêlar || |
096.026 | Pangran Kajoran turira | nah anggèr lamun suwawi | dipun samêne ing manah | pan nêgari ing Mêtawis | kagungan Sang Apêkik [[f. 355v]: Apêki...k] | lamun seda sang aprabu | sintên ingkang gumantya | liyan pangeran dipati | dipun sabar ing karsa măngsa wandeya || |
406 dari 650
1 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: sun karya aling-aling (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 74.27.5; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 7.26.5). (kembali) |
2 | eyang (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 74.28.4). (kembali) |