Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
96–97 dari 149
407 dari 650
4.061–4.070 dari 6.494
096.027 | sampun ta anggege măngsa | ngandika pangran dipati | inggih kadipundi eyang | dhatêng sampeyan turuti | ulun karya ling-aling | anjungjunga linggihipun | Panêmbahan Kajoran | langkung èmênge kang galih | yèn kang wayah asangêt panggubêlira || |
096.028 | ya ta Pangeran Kajoran | emut ing sajroning galih | yèn darbe mantu prawira | anênggih ingkang wêwangi | Trunajaya prajurit | punika ingkang sêsunu | sira Dêmang Mêlaya | ingkang apêjah rumiyin | pêrang lawan pangeran ing Danupaya || |
096.029 | sasedane ingkang rama | Trunajaya maksih alit | anuli wau kang paman | ing Madura kang gêntèni | jumênêng Adipati | Cakraningrat wêstanipun | nanging tiyang Madura | tan ana eca kang ati | kang ingarsa-arsa amung Trunajaya || |
096.030 | mapan angèngèr kang paman | Trunajaya maksih alit | lama-lama adiwasa | winastanan angalani | ing putrane Dipati | Cakraningrat ingkang sêpuh | mila Ki Trunajaya | akarsa dipun patèni | anging tiyang Madura kathah kang wêlas || |
096.031 | mila atêmahan gêsang | angungsi pangran dipati [[f. 356r]: di...pati] | wong kadipatèn sadaya | kang agêng dipu[1] sarogi[2] | mring Cakraningrat nênggih | ya ta pinrih aja katur | mila Ki Trunajaya | ngawula tan antuk margi | ambêlayang sarira kalunta-lunta || |
096.032 | ya ta ing alama-lama | pinundhut mantuk anênggih | marang Pangeran Kajoran | sakêlangkung dènnya asih | wantune wong atapi | Pangran Kajoran wus wêruh | lamun Ki Trunajaya | binatang dadi prajurit | ingkang yogya ngebahakên paksi nila || |
97. Dhandhanggula | |
097.001 | Pangran Kajoran ature aris | yèn mêkatên gusti ingkang karsa | pun kaki pituduh bae | kawula darbe mantu | Trunajaya ingkang wêwagi | anakipun Ki Dêmang | Mêlaya kang sampun | lan Pangeran Danupaya | papunika[3] nah anggèr langkung prayogi | kinarya kang wêrana || |
097.002 | angadêga ing Madura benjing | dene anggèr wirayat kawula | mèh tumêkèng ing jangjine | Mêtaram sampun sêpuh | mapan sampun karsaning Widi | nagari ing Mataram | risak babdhenipun[4] | sirna ingkang panjênêngan | datan gingsir sampun karsaning Yang Widi | nagri Mataram rêngka || |
097.003 | sawab dene anggèr sampun lami | jênêngipun nagari Mataram | turun ping gangsal kathahe | yogya ganti kadhatun | mapan kantun ingkang miwiti | ambêdhah ing Mataram | sarta jangjinipun | nanging ta anggèr kawula | kapiawon dhumatêng ing rama aji | amimitana karya [[f. 356v]] || |
097.004 | mila kawula akarya wakil | Trunajaya kados yèn ambangkat | jêng pangeran andikane | kawula ayun wêruh | eyang jêngandika timbali | kang aran Trunajaya | tinimbalan sampun | wus kering Ki Trunajaya | sigra prapta alênggah ngarsaning gusti | pangeran rêsêp mulat || |
407 dari 650
1 | dipun (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 7.33.4). Bandingkan: dèn (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 74.34.8). (kembali) |
2 | sorogi (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 7.33.4). (kembali) |
3 | pan punika (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 88.36.9; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 8.1.9; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 38.36.9; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 75.1.9). (kembali) |
4 | badhenipun. (kembali) |