Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
96 dari 149
405 dari 650
4.041–4.050 dari 6.494
096.007 | Pangran Dipati Mêtaram | lagya amangun wiyadi | sasedane ingkang eyang | kang dadya rundahing galih | Pangeran Surawèsthi | mapan agêng dosanipun | dhatêng sri naranata | marmane dipun sedani | atanapi anak putune sadaya || |
096.008 | sakèhe para santana | satriya para bupati | tan ana eca kang manah | sajênênge sri bupati | anging pangran dipati | kang tansah ingayun-ayun | prayoga jumênênga | nalendra anèng Mêtawis | pra sêntona Mataram rêmbug sadaya || |
096.009 | nanging pangrang[1] adipatya | kèwêdan sajroning galih | dening maksih ingkang rama | jumênêng anèng Mêtawis | paran ta gone ngêndhih | marang rama sang aprabu | mendah ucaping jaman | nagri liyan angraosi | mêmungsuhan dening anak lawan bapa || |
096.010 | kangjêng pangeran dipatya | mapan tansah angucali | ingkang kinarya wêrana | ingkang prawira sinêkti | wêtara kang kuwawi | angrèh nagara Mêtarum | nanging ta dèrèng angsal | kang karaos dadi galih | mimitana ingkang anênêlukêna || |
096.011 | pangran èwêt ing wêrdaya | tan ana prayoga malih | amung sihe yang Kajoran | sun karyaa aling-aling | dening prakosa sêkti | lawan sangêt tapanipun | eyang Pangran Kajoran | ingsun wêtara kuwawi | abêdhaha pan nêgara [[f. 354r]: nê...gara] ing Mêtaram || |
096.012 | kangjêng pangeran ngandika | mapan kinèn animbali | lêlurahira katiga | ingkang aran Kyai Sêndhi | Pranatakang[2] sangwiji[3] | Ăndakara si sisihipun |[4] wus prapta ing ngayunan | ngandika pangran dipati | lah ta sira padha dèn kaparèng ngarsa || |
096.013 | dèn bisa sira ngong duta | aturêna surat iki | marang eyang ing Kajoran | lakunira dèn adhêmit | praptaa ing Mêtawis | matura sudarma rêmbug | keringa lakunira | Pranataka atur bêkti | Ăndakara sampun atampi nawala || |
096.014 | kalih sarêng atur sêmbah | lèngsèr sangking ngarsa gusti | lampahe agêgancangan | kalangkung dene adhêmit | tan kawarna ing margi | prapta ing Kajoran sampun | sira Ki Pranataka | kandhêg ing kori tur paksi | sampun katur marang Panêmbahan Rama || |
096.015 | lamun wontên ingkang duta | kangjêng pangeran dipati | saha amundhi nawala | Pangeran Kajoran aglis | têdhak dènira linggih | karsa manggihi têtamu | pan sampun tinimbalan | kang duta kalih wus prapti | ingacaran kang duta lajêng mring ngarsa || |
096.016 | sampuning lênggah atata | duta sigra matur aris | lampah kawula punika | kautus ing kangjêng gusti | pangeran adipati | sampêyan kinèn amêthuk | layan ngaturi surat | Pangran Kajoran [[f. 354v]: Ka...joran] nampani | punang surat saksana nulya binuka || |
405 dari 650
1 | pangran (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 7.11.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 74.11.1). (kembali) |
2 | Pranataka (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 7.14.5). Bandingkan: Pranantaka (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 74.14.5). (kembali) |
3 | sawiji (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 7.14.5; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 74.14.5). (kembali) |
4 | Lebih satu suku kata: Ăndakara sisihipun. Bandingkan: Andangkara sisihipun (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 74.14.6; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 7.14.6). (kembali) |