Tembang macapat

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
97–98 dari 149
410–411 dari 650
4.097–4.106 dari 6.494
097.031 lawan wêdanane wong pasisir | Mangkunagara sira milua | mring Japara sagamane | dêdimone atugur | mring Japara dèn ngati-ati | ya ta sri naranata | jêngkar angêdhatun | wus rawuh ing dhatulaya | ingkang sohan luwaran para bupati | mantuk ungkur-ungkuran ||
98. Pangkur
098.001 orêg wadya ing Mataram | pan ing Taji gènnya amêpêk baris | wong măncanagara kumpul | gêgamane malatar | wong ing măncanêgara wêdananipun | Darmayuda Pasuruan | nênggih kang dadya têtindhih ||
098.002 para bupati bang wetan | sadayane seba [[f. 359v]] dhatêng Mêtawis | anèng i Taji akumpul | Warung lan Garobogan | ing Sêsela ing Balora sampun kumpul | ing Jipang lan Pranaraga | Kaduwang sampun anunggil ||
098.003 Madiun lan Pamagêtan | ing Kalangbrèt atanapi ing Rawi | Kadhiri bupatinipun | sagêgamane prapta | ambaranang warna-warna yèn dinulu | Adipati Pasuruan | kalawan Dipati Bangil ||
098.004 gêgaman wus amêlatar | yèn sinawang kadya prawata sari | lêlayu lan umbul-umbul | katub ing samirana | baderane[1] pêpari anom kumêlun | panganggene wadyabala | pating galêbyar ingaksi ||
098.005 gêbyaring sanjata lanang | kadya kilat lawan thathit ngajrihi | bêdhe tinêmbang angungkung | angrok syaraning bala | kadya grêrah kricike watang atarung | asrang gadêbêging lampah | kadya udan sinamèni ||
098.006 ya ta ingkang kawarnaa | Kyai Panji Karsula kang nindhihi | tiyang ing Japan akumpul | iku santananira | iya panji sangking Japan angsalipun | mila nagari ing Japan | pinaringkên ing sang aji ||
098.007 lan dadi wêdananira | abdi dalêm panumping ingkang sasisih |[2] ki panji sira asampun | sadandanane ayuda |[3] kapal agêm nulya kinapanan gupuh | kang bala umyang sauran | gêgaman saos ing jawi ||
098.008 lagya apamit kang garwa | para putra kabèh sami anangis | mapan samya kêdah tumut | ing rama mangun yuda | ingkang rama tan suka [[f. 360r]] tansah angimur | mring putra lan para garwa | Ki Panji Karsula angling ||
098.009 lah uwis padha karia | dipun bêcik iya sapungkur mami | kaya ingsun nora mantuk | yayi pangrasaningwang | lamun ingsun ing benjing tumêka lampus | ingsun titip putranira | dene iki maksih alit ||
410–411 dari 650

 


banderane. (kembali)
Lebih satu suku kata: abdi dalêm panumping kang sasisih. Bandingkan: wong panumping punika kang sapalih (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 89.8.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 39.8.2); wong panumping ingkang sapalih iki (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 9.6.2). (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: sadandananing yuda (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 89.8.4; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 39.8.4); sadandanan ngayuda (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 9.6.4). (kembali)