Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
99 dari 149
413–414 dari 650
4.128–4.137 dari 6.494
099.011 | wong Makasar sampun arakit sadaya | anèng sajroning biting | risaksana mêdal | wadyabala Makasar | Raja Galengsong nindhihi | anulya prapta | ing sajawine biting || |
099.012 | kadya gêrah surarake wadya Mataram |[1] miwah măncanêgari | binendrang[2] sanjata | wong Makasar tan obah | wadya ing măncanêgari | sarêng umangsah | ing kanan lawan kèri || |
099.013 | prit anêba gêlare wadya Mêkasar | sampun têmpuh ajurit | nanging wong Makasar | pan kêkathahên lawan | bingung tangkêping ajurit | pinaju tiga | sasat krubuhan langit || |
099.014 | kadar pira kathahe wadya Makasar | mungsuh măncanêgari | pan karoban lawan | datan măngga puliha | bala Makasar kalindhih | mundur sadaya | sêdya asor rumiyin || |
099.015 | dènnya pêrang apan dèrèng angsal papan | milanipun kalindhih | ing palayunira | sami ngungsi ing wona | ngalumpuk dadi sawiji | wadya Mataram | surake wanti-wanti [[f. 362r]: wa...nti-wanti] || |
099.016 | dening mungsuhira surake bubar sadaya |[3] wong ing Makasar gusis | samya ngungsi wona | sarowange sadaya | wus kawus tan ana bali | panyananira | sakèhe wong Mêtawis || |
099.017 | bitingira arsa nulya binêdhahan | sêdyane dèn warahi[4] | kang sami têtilar | darbene wong Mêkasar | nanging kasaput ing wêngi | Panji Karsula | ngandika angundhangi || |
099.018 | lah ta mêngko aja na wong kang angrayah | dene kasaput wêngi | padha antèkêna | iya ing benjang enjang | sira ambêdhaha biting | najan jêjarah | abêcik ingkang enjing || |
099.019 | sampun mundur wadyabala ing Maktaram[5] | miwah măncanêgari | samya masanggrahan | anèng ing ara-ara | dene kasaput ing wêngi | awor atêpang | wadya gêng ing Mêtawis || |
099.020 | sadayane manahira sami eca | datan darbe kuwatir | dene mungsuhira | sirna sami malajar | punggawa eca kang galih | cucul busana | myang kuda dèn uculi || |
413–414 dari 650
1 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: kadya gêrah surake wadya Mataram (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.14.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 77.14.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 10.12.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 40.13.1). (kembali) |
2 | binendrong (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.14.3; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 77.14.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 10.12.3; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 40.13.31). (kembali) |
3 | Lebih dua suku kata. Bandingkan: dening musuhira wus musna lumajar (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 77.18.1); dene mungsuhira wus musna malajar (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 10.16.1). (kembali) |
4 | jarahi (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.19.2; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 77.19.2; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 10.17.2; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 40.18.2). (kembali) |
5 | Mataram (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.21.1; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 77.21.1; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 10.19.1; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 40.20.1). (kembali) |