Tembang macapat
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), 1812, #1042
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
99 dari 149
415–416 dari 650
4.143–4.152 dari 6.494
099.026 | tan akathah wong Makasar alumpah |[1] wêtara kawan biting | sadaya prawira | sami babêcikira | Raja Galengsong nindhihi | pan sampun prapta | pasanggrahan Mêtawis || |
099.027 | wong Mataram sami eca ingkang manah | nora duwe kuwatir | nulya[2] ana mojar | iki syaraning apa | wong batur pating barêkik | lah bubarêna | syarane ting barêkik || |
099.028 | ingkang buru mara maring pamondhokan | ya ta nora agênti | nrajang pasanggrahan | wong ing Makasar surak | alah amuk wong Mêtawis | sarta angrunjang | pondhok dipun abongi || |
099.029 | apuyêngan gègère wadya Mêtaram | dene [[f. 363r]] angamuk wêngi | atunjang-tinunjang | tambuh mungsuh lan rowang | apati gagap-gagapi | amawur puyêngan |[3] akathah ingkang mati || |
099.030 | tinumbakan dening têtiyang Makasar | tan ana măngga pulih | kang sami sudira | apan tan olih papan | katunjang lawan kapipit | mila kèh pêjah | wadya măncanêgari || |
099.031 | palayune sami atilar gêgaman | darbene tan katolih | kèh lumayu wona | ingkang mêntas anendra | mapan ta arêbut urip | bingung srang-srangan | bubar padha sawêngi || |
099.032 | pra dipati prasamya miris lumajar | tan tolih anak rabi | têtilar ing bala | lir gabah ingintêran | tan wêruh kawula gusti | bangun raina | larut wadya Mêtawis || |
099.033 | sirna gêmpang sangking pamondhokanira | darbene ingkang kèri | wus têlas rinayah | dening wadya Mêkasar | Panji Karsula agiris | pan kagegeran | tinilar ing wadya lit || |
099.034 | pan kalulun lumayu angungsi wona | sêmona bangun enjing | sang yang surya mêtdal[4] | nora kêna tinata | wadya sampun sirna gusis | sowang-sowangan | awula[5] lawan gusti || |
099.035 | Ki Apanji Karsula lajêng mring Japan | lan sawadyanya wingwrin | wong măncanagara | datan măngga puliha | kawuse kapati-pati | wadya bang wetan | samya tilar nagari [[f. 363v][6]] || |
415–416 dari 650
1 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: tan akathah wong Makasar kang lumampah (Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 10.27.1); tan akathah wong Makasar kang umangsah (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.29.1); tan akathah wong Mukasar [Makasar] kang umangsah (Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 77.29.1); tan akathah wong Mêkasar kang umangsah (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 40.28.1). (kembali) |
2 | Terdapat dobel sandangan: nulya atau nelya. (kembali) |
3 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: mawur puyêngan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.32.6; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 77.32.6; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 10.30.6; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 40.31.6). (kembali) |
4 | mêdal (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.39.3; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 77.39.3; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 10.37.3). Bandingkan: mijil (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 40.38.3). (kembali) |
5 | kawula (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 90.39.7; Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), Pupuh 77.39.7; Babad Mataram, Dirjaatmaja, Pupuh 10.37.7; Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 40.38.7). (kembali) |
6 | Mulai dari halaman ini, terdapat perubahan dalam tulisan tangan. (kembali) |